Biwaddha Raja, Mangunlêksana, 1939, #292


Luhuring swara ngèsthi ratu

1870

PERAYAAN BIWADDA RADJA

1939.

--- [1] ---

Paguyuban dhapukan panitra.

[Grafik]

Biwadha Raja

Juru pangripta, Mangunlêksana, kabiyantu Radèn Ngabèi: Surapralêbda, saha Radèn Lurah Darmaprawira.

Purwakanipun sêsêpuhing juru pangripta.

Kula nuwun, sakalangkung agêng saha bingah raosing manah kula, dene dhapukan panitya (komite) sampun kaparêng [ka...]

--- 2 ---

[...parêng] miji dhumatêng ing kula, tinanggênah dados sêsêpuhing juru pangriptanipun buku pèngêtan saha lampah-lampahing pahargyan dhapukan panitya Biwadha Raja kalayan cêkakan, kanthi isi gubahan piwulang warni-warni tumrap sayoginipun suwita ing panjênêngan ratu. Mênggah kawontênan makatên punika, sanadyan tumrap para nawung kridha saèstunipun babagan ingkang sapele saha rèmèh sangêt, ananging tumrap ing kula, gêgayutan kalihan têbaning sêsêrêpan kula anggènipun sakalangkung ciyut saha rupêg, saèstunipun lajêng kula anggêp sanès pandamêlan ingkang ènthèng utawi gampil. Langkung malih manawi lajêng angrakit basa ngroncèn sastra, ingkang tujunipun isi piwulang utamanipun suwita nata, punika saya lajêng rumaos anyamut-nyamut sangêt, wondene anggèn kula lajêng agahan anyanggêmi punika, mugi sampun ngantos ginalih wontên êndêl-êndêlipun sêsêrêpan kula ingkang kula manah kenging kangge madhahi kawruh bab wau, punika botên pisan-pisan, lugu namung saking kapêksa ing kuwajiban, saha kapiji ing sadhèrèk kathah. Awit saking punika, amila saking atur kula, kajawi kula angaturakên gênging panuwun katur para pangrèhing dhapukan panitya anggènipun sampun kaparêng miji dhumatêng kula, kadadosakên sêsêpuhing juru pangripta, tumrapipun para maos sadaya kemawon, ambokmanawi wontên ingkang botên kapadhan ing karsa, anacad utawi sanès-sanèsipun [sanès-sanèsi...]

--- 3 ---

[...pun] dhumatêng isinipun baku punika, mugi botên katujokakên bêbadaning dhapukan panitya, ananging kacêkap lajêng katandukakên dhumatêng ing kula kemawon, amargi tumrapipun kula, manawi panacat saha sanès-sanèsipun wau kula manah lêrês, kula botên awrat angakêni ingkang salajêngipun nyuwun pangapuntên.

Nuwun, sasampunipun atur kula ing nginggil sadaya punika, ing mangke kula gêntos badhe angaturakên saraosing manah ingkang dhêdhasar sukci anrus ing lair batos, inggih punika mênggah anggèn kula anyanggêmi piniji dados sêsêpuhing juru pangripta, punapadene dados warga panitya Biwadha Raja punika, ing sayêktosipun botên namung saking kalulun pakèwêt utawi sanès-sanèsipun, èsthining manah lugu namung kados ing ngandhap punika:

Kula nuwun, pancèn kasinggihan, ing sayêktosipun manawi angèngêti mêlas-asihipun ing jagad pasuwitan gêlêngan lêbêt: kados ingkang sami kasumêrêpan ing wêgdal punika, kula sadaya para ingkang sami amangun suka-parisuka punika, saupami wontên ingkang anganggêp botên tumindak nêtêpi paugêranipun tiyang wontên ing dunya, inggih punika ingkang sinêbut: bêbrayan gêsang sêsarêngan, kula akêni, dening ingkang sami suwita sumêrêp kancanipun nunggil pasuwitan. Ingkang botên suwita sumêrêp bangsanipun, kathah ingkang sami nandhang udrasa [u...]

--- 4 ---

[...drasa] sotaning wardaya, labêt saking kasudan utawi kecalan tuking sandhang têdha sakukuban sadaya, kasudan anggènipun anggadhuh gêmpalaning kawibawan saking panjênêngan ratu gustinipun, kaping tiga, kapugutan sih sutrêsnaning manah. Ing môngka bêbadaning Biwadha Raja badhe sami mangun karamean ngumbar suka-parisuka, kados makatên wau dados saupami wontên ingkang mastani lêpat utawi tumindak kalintu, kula botên selak suminggah. Ananging mugi andadosakên kauningan, manawi anggènipun anggalih punika namung saklebatan, botên kaulur kalayan panjang dumugi pêntoging panggalihan ingkang kalayan sukci, pandalih utawi pandakwa kados makatên punika, cêtha lajêng kalintu utawi lêpat, jalaran makatên:

Ing sayêktosipun kawontênan ing dunya ingkang gumêlar sadaya punika, manawi kaparêng anggalih utawi angraosakên kalayan tandhês, lêrêsipun sampun dados pitêdahan ingkang prêmati tumrap para ingkang rêmên ulah lêlungidanipun raos, upaminipun ingkang gampil-gampilan kemawon kados ta, padhang kalihan pêtênging jagad, sintên ingkang sagêd angihtiyari murih icalipun kawontênan makatên wau, tamtunipun botên wontên ingkang sagêd, dene sagêdipun angewahi dhumatêng kodrat ingkang makatên punika, pêtêng kadamêl padhang, utawi kosokwangsulipun, saèstunipun [saèstu...]

--- 5 ---

[...nipun] namung dumunung wontên pangulahipun piyambak-piyambak. Têgêsipun manawi môngsa pêtêng, manawi ngupados padhang, inggih kêdah rekadaya nyumêt dilah utawi sanès-sanèsipun ingkang anggadhahi daya sagêd damêl pêpadhang, makatên ugi kosokwangsulipun malih. Awit saking punika, dados manawi anggènipun anggothak-gathukakên panggalihan makatên wau kaulur ingkang ngantos panjang, saèstunipun lajêng botên wontên raos panacad utawi botên narimah, amargi sadaya-sadaya sampun dados pêpêsthèning Pangeran, kula sadaya para titah namung kantun ihtiyar. Dene pêpêtêng tumrap jagad pasuwitan ing môngsa punika, mênggah ingkang minôngka pêpandamipun, botên sanès inggih namung dumunung wontên urubing panggalihipun piyambak-piyambak, urup wontên ing ngriki punika pikajêngipun botên liya inggih namung wontên panarimahing manah, botên parlu anggarantês utawi botên narimah sasaminipun, agêngipun mêmancahi sarta nênacad ing liyan, amargi wohipun tamtu namung saya ngagêngakên kalêpatan utawi duka cipta kemawon, punika botên prayogi. Langkung malih manawi angèngêti wêwaton piwulang kawruh kaalusanipun budi, kados ingkang sampun pinathok wontên ing kawruh piwulang warni-warni, malah ugi sampun kalêbêt piwulangipun kawruh agama Eslam, dipun têmbungakên, botên wontên kadadosan ingkang tanpa sabab,

--- 6 ---

ing ngriku punika saya têrang sangêt bilih ngagêsang punika ingkang parlu, langkung utama, kêdah namung ulah budi pakrêtinipun piyambak, botên parlu ngraosakên nênacad utawi mêmancahi tumraping liyan kados atur kula ing nginggil.

Nuwun para maos, anggèn kula sadaya para bêbadaning Biwadha Raja badhe amangun karamean suka-parisuka mahargya jumênêng dalêm nata gusti ratunipun, punika mugi sampun ngantos ginalih namung sumêdya ngumbar suka-sukaning manah kemawon, saha botên angèngêti mêlas-asihipun jagad pasuwitan ing wêkdal punika, botên pisan-pisan, sayêktosipun kawontênan ingkang makatên wau, kula sadaya para bêbadaning Biwadha Raja, ugi sakalangkung sami prihatos saha rudatos, nanging kauningana, sarèhning inggih kados atur kula ing nginggil, botên wontên kadadosan ingkang tanpa sabab, ing môngka kula sadaya punika ambengkas sababipun wau botên sagêd, dhasar kapasang yogi dening wontên têtungguling kabangsan kula ingkang nampèni nurbuwating Pangeran jumênêng nata, inggih punika gusti ratu kula Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping XI punika, ing sarèhning punika ing mangke têtêp dados susuhunan kula sadaya, dados kula amanah parlu sarta wajib mahargya sakadaripun, minôngka tandhaning wênganipun manah amarwata suta saking paringipun Pangeran, dening kula sadaya pinaringan [pinaringa...]

--- 7 ---

[...n] têtungguling kabangsan, inggih ingkang minôngka dados pandam pangayoman kula sadaya. Makatên wau pamanahipun para bêbadaning Biwadha Raja, sampun salêrêsipun adamêl pangèngêt-èngêt sarana damêl pahargyan sakadaripun kados atur kula ing nginggil, wondene bab mêlas-asihipun jagad pasuwitan, sarèhning ugi sampun pinathok wontên ing kawruh piwulang kaalusan, kasêbutakên sadaya kawontênan punika lampahipun tamtu namung: anyakra panggilingan: têgêsipun gilir gumantos, dados jumênêng dalêm gusti ratu pêpundhèn kula ingkang sinuhun kaping XI punika, lajêng sami kapêpuji kemawon, mugi sagêda dados sarananing ingêripun lampahing cakra panggilingan, ingkang dhumawah botên sae, lajêng tumuntên malik dumados sae, amargi ugi mugi angèngêtêna piwulang kaalusan malih, Pangeraning jagad punika manawi kagungan karsa badhe ngingêrakên kawontênan, ingkang awon dados sae, utawi kosokwangsulipun, punika saèstu botên milih margi, wontên ingkang sarana lampah sae malah dumados awon, kosokwangsulipun sarana lampah awon, wêkasan malah lajêng dumados sae, sarèhning antêpipun èsthining sêdya punika tamtu badhe dipun udanèni ing Pangeran, dados kula sadaya para kawulaning praja Surakarta, parlu sarta wajib nyênyuwun saha mêmuji, wilujêng jumênêng dalêm nata saha garwa putra, luhur saha gêmah ripah karta raharja [rah...]

--- 8 ---

[...arja] nagari dalêm Surakarta, punapadene, mulya bôngsa kula para têtiyang siti sadaya, amin, amin, amin, ya rabul ngalamin.

Sêsêpuh juru pangripta pun:

Mangunlêksana.

Wêwahan pratelan saking dhapukan panitya.

Kula nuwun, sanadyan kadospundi èsthining manahipun bêbadan dhapukan panitya anggènipun angadani damêl Biwadha Raja sampun katêrangakên dhatêng sêsêpuhipun juru pangripta kasêbut ing nginggil sakalangkung gambêlang, ewadene bêbadan dhapukan panitya taksih amanah parlu mêwahi pratelan sakêdhik kados ing ngandhap punika.

Nuwun mênggah anggèn kula sadaya para bêbadaning dhapukan panitya lajêng katuwuhan raos sumêdya adamêl pangèngêt-èngêt minôngka mahargya jumênêng dalêm saandhap ing Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping XI punika, kajawi namung nêtêpi wajibing kawula anggadhahi ratu enggal punika ing sasagêd-sagêd kêdah adamêl pahargyan minôngka tandhaning suka ascaryaning manah, ingkang langkung parlu malih punika, dening angèngêti kawontênan nalika sakêdhap punika pêtêng andhêdhêtipun [andhêdhê...]

--- 9 ---

[...tipun] nagari dalêm Surakarta kados makatên, wusana lajêng angsal lêlintu padhang tarawangan pindha sunaring wulan purnama ingkang têrangipun makatên.

Nuwun, kados punapa rontag-rontogipun panggalih utawi manahipun para putra santana kawula abdi, wiwit gêrah langkung malih sarêng dumugi surud dalêm saandhap ing Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang minulya saha ingkang wicaksana ingkang sampun sawarga, nagari dalêm ing Surakarta kenging kula upamèkakên pêtêng andhêdhêt lêlimêngan botên wontên walang alisik, jalaran saking kapugutan katrêsnan katilar gusti ratunipun ingkang têtêp dados pêpandaming praja saèstu, mila wayang-wuyunganipun panggalih utawi manahipun para agêng alit sadaya kemawon manawi kacôndra saèstu sêpên pêpindhan, dening ingkang cêtha kemawon kenging kula upamèkakên kecalan mêmaniking praja ingkang ugi dados pêpundhèn kula sadaya. Langkung malih sarêng sampun sawatawis dintên dèrèng wontên kabaripun ingkang gumathok sintên ingkang badhe sumilih kapraboning nata, ing ngriku saya andadosakên tambah mangu-manguning manah ingkang nawung raos: baya badhe kadospundi dumadosipun ing têmbe. Ragi lipuripun sawatawis punika nadyan dèrèng gumathok, sarêng sampun wontên pawartos ingkang badhe jumênêng nata sumilih kapraboning rama putra dalêm kakung ingkang sêpuh piyambak, [pi...]

--- 10 ---

[...yambak,] inggih punika panjênêngan dalêm Gusti Kangjêng Pangeran Angabèi. Kadospundi sababipun dene pakabaran kados makatên anjalari dados lipuring manah sawatawis, amargi inggih awit saking ingkang badhe jumênêng wau putra dalêm ingkang kagungan wajib, miturut lêluri tamtu badhe wilujêng ing salami-laminipun, dados mugi sampun ngantos kalintu tampi lajêng amastani utawi anggalih, manawi putra dalêm sanèsipun têmtu botên nyêkapi, punika botên, manawi bab kacêkapipun wau, sarèhning putra dalêm punika racak-racakipun inggih sampun sami pasinaon sadaya, utawi jêmbar-jêmbar panggalihipun, dados ingatasipun dhumatêng pangasta pangêmbat praja, tamtu sami nyêkapi, namung manawi ingkang jumênêng punika sanès ingkang kagungan wajib, sawêg ta: tata lairipun ingkang adhakan kemawon cêtha manawi botên prayogi, dening ing ngriku lajêng wontên putra dalêm ingkang ing raos nama cacad, kados makatên punika kula sadaya para kawulaning praja tumut sakalangkung lingsêm, jalaran têgêsipun lêluhur kula para sinatriya wontên ingkang cacad, amargi cacadipun lêluhur kula wau, gandhèngipun kalihan raos kabangsan, saèstunipun inggih lajêng nama kabangsan kula cacad.

Awit saking punika, amila sarêng sampun kayêktèn bilih ingkang jumênêng nata sumilih kapraboning rama punika saèstu panjênêngan dalêm Gusti Kangjêng Pangeran Angabèi, sadaya para [pa...]

--- 11 ---

[...ra] kawulaning praja prasasat sami lajêng mêngakakên korining suka-parisuka, jalaran kajawi sampun wontên gêgêntosipun ingkang jumênêng nata dados pandam pangaubanipun, kaping kalihipun dening lajêng atêgês bilih lêluhuripun botên wontên ingkang manggih cacadan, makatên aluranipun anggèning bêbadan dhapukan panitya lajêng damêl pahargyan kanamakakên Biwadha Raja wau, dados botên katarik saking sumêdya anuju prana utawi ngupados lumunturing sihipun ingkang jumênêng nata, lugu namung nêtêpi wajib. Wasana tutuping aturipun bêbadan dhapukan panitya, ing ngriki namung mêmuji kasugêngan dalêm ingkang sinuhun sakalihan pramèswari dalêm, mugi dinirgakakên ing yuswa, winantu ing suka wirya, awèt dados pandam pangaubanipun para santana kawula abdi sadaya, amin.

Dhapukan panitya Biwadha Raja:

Panitya I ... Pangarsa,

Rêksawiyata. ... Amongsukanta.

Kawontênan karaton dalêm ing Surakarta.

I

Wiyosan jumênêng dalêm nata, Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana, [Pakubuwa...]

--- 12 ---

[...na,] Senapati ing Ngalaga, Ngabdurrahman Sayidin Panatagama, ingkang kaping XI, amarêngi tanggal kaping 7, Rabingulawal, wondene wiyosan jumênêngan pramèswari dalêm, Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana, ugi wontên ing tanggal, sarta wulan wau.

Wiyosan dalêm, ingkang sinuhun, taunan, tanggal kaping 25, Rabingulakir.

Wiyosan taun, pramèswari dalêm, tanggal kaping 5, wulan Dulkangidah.

Wiyosan dalêm, ingkang sinuhun, tumrap padintênan, Sênèn Kaliwon.

Wiyosan, pramèswari dalêm, tumrap padintênan, Sênèn Pon.

Sabên malêmipun wiyosan dalêm sadaya wau, para abdi dalêm panèwu mantri, sami kalilan sowan saos bêkti, malêbêt ing karaton.§ Punapa botên kalintu, èngêt kula ingkang kadhawuhakên sawêg tumrap para santana dalêm, juru pangripta.

II. Putra putri dalêm urut sêpuh.

1. Bandara Radèn Mas Arya Murdaningrat, miyos saking swargi Bandara Radèn Ayu Angabèi.
2. Bandara Radèn Ayu Kartadipura.
3. Bandara Radèn Ayu Suradiningrat.

--- 13 ---

4. Bandara Radèn Ayu Prajasutirta. Sadaya sami nunggil ibu ôngka 1.
5. Bandara Radèn Mas Arya Danurwenda. Ingkang bibi nama, Radèn Ayu Andayasari.
6. Bandara Radèn Ayu Suryasutikna, ingkang bibi nama Radèn Ayu Andayaningsih.
7. Bandara Radèn Mas Suryalêlana, tunggil bibi ôngka 6.
8. Bandara Radèn Mas Arya Suryadarmaja, ingkang bibi nama Radèn Ayu Andaya Asmara.
9. Bandara Radèn Mas Suryasuksara, tunggil bibi ôngka 8.
10. Gusti Bandara Radèn Mas Suryaguridna, miyos saking pramèswari dalêm, Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana.
11. Gusti Bandara Radèn Ajêng Sapariyam, tunggil ibu ôngka 10.

III. Tekadipun pangrèh Biwadha Raja.

[Sinom]

Racaking para taruna | dènnya mardiguna amrih | luhuring darajatira | rah-tumrah darahing wuri | darbe pangaji kadi | manungsa ingkang sawastu | prajanya bangkit mulya | widada suka basuki | rasa têntrem ayêm kayoman Hyang Suksma ||

Punapa malih panitya | Biwadha Raja mangkyèki | sabagean pan wus wrêdha | miwah dadya brêtyapati | myang turuning wadya ji | prasamya golong gumulung | gumêlênging wicara | nêdya sabadan sabudi [sa...]

--- 14 ---

[...budi] | ngluhurakên asma dalêm sri narendra ||

Nadyan silih diwangkara | katawêng mêndhung nglimputi | sèsining jagad têtiga | parandene lumastari | dera manunggil kapti | mrih kontap kotamanipun | jumênêng dalêm nata | tanapi mulyaning nagri | linabuhan têkên janggut suku jaja ||

Tan jinja marang janjinya | jajal-jajal yun makarti | mawèh sêsambêtanira | kawula kalawan gusti | sinidhikara amrih | lir madu lan lêginipun | yêkti tan kêni pisah | makatên èsthining galih | kang ginala-gala jro Biwadha Raja ||

Tamat.

Panêmbrama prasaja.

[Kinanthi]

I. Rasaning tyas wayang-wuyung | wiwit gêrah dalêm Sang Sri | Kang Minulya Wicaksana | ping sadasa kang mandhiri | Surakarta Adiningrat | praptèng surut dalêm nênggih ||

II. Malah tambah tambuh-tambuh | jagad kêtêr tistis atis | saya praja Surakarta | wrata samya sêdhih kingkin | angkên kaoncatan jiwa | lêlajêring kraton Jawi ||

III. Sakêdhap antuk pitulung | parmaning Hyang Maha Sukci | putra dalêm kang wus swarga | Gusti Jêng Pangran Ngabèi | sumilih jumênêng nata | Pakubuwana kang kaping ||

IV. Sawêlas pranyata mungguh | anglêstari kang lêluri | adat [a...]

--- 15 ---

[...dat] waton kraton Jawa | saking Jêng Guprêmèn Landi | kang wilasa wicaksana | karya marêming tyas yêkti ||

V. Mangkya wus mulya sadarum | ngrasa samyantuk usadi | mêdhar suka sekapraya | ngunjukkên puji sêsanti | panitya Biwadha Raja | sêmbah sumungkêm mastuti ||

VI. Mangèsthi ingkang sinuhun | ingkang jumênêng samangkin | sugêng sênggang dirga yuswa | kasêmbadan kang ginalih | dadya pandam pangayoman | sumrambah sèsining nagri ||

VII. Titi tatasing pangapus | malêm Dite tanggal kaping | nêmbêlas Jumadilawal | Êje sangkalaning warsi | luhurirèng ing pamujwa | angèsthi jêng sri bupati ||

Da.

Donya.

Jarwa dhosok saking kawruh pangothak-athik mathuk, donya punika êndon kang onya, utawi panggenan ingkang botên têtêp (botêng langgêng) mêntas padhang lajêng pêtêng, mêntas bêgja lajêng cilaka, mêntas suka lajêng sungkawa, sapiturutipun tansah dhumawah kosokwangsulipun. Amila pêpèngêt ing dalêm Kuran, sintên ingkang mêntas nampèni kanikmatan kêdah sukur ing Pangeran, lan sintên ingkang sawêg nampèni kasusahan kêdah sabar, sintên ingkang têmên-têmên anglampahi makatên, insa

--- 16 ---

Allah wilujêng ingkang pinanggih. Kosokwangsulipun ingkang botên purun tumindak makatên, barang-barang namung dipun dhaku, dhumawahipun kalêrêsan dipun dhaku saking lêrêsing tindakipun piyambak, anggènipun sugih arta saking sêngkuting panyambutdamêlipun, sapanunggilanipun. Malah mandar sinartan tindak êdir, gumêdhe, kumlungkung, sapa sira sapa ingsun, sapiturutipun. Kasupèn babarpisan manawi sadaya punika sami titahing Pangeran, ingkang sayêktosipun botên sagêd punapa-punapa manawi botên pinaringan pitulung ing Pangeran, sarêng dumuginipun gilir nampèni serenan dhumawah kosokwangsulipun, anggènipun tobat (taobat) sampun kasèp, amila lajêng dipun walik garembyang gêntos godhong kayu sami dados satru. Dene wontên titah tumindak kumlungkung jinurung, dalajad sarta bandhanipun tansah mumbul-mumbul, punika ingkang anjurungi sanès Pangeran, nanging setan, sarta tamtu wontên watêsipun.

Wiwit gêrah dumugi surut dalêm sawarga Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya Saha Wicaksana, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping X, Surakarta saisinipun, malah sanuswantara, sami susah marlupa cape, dening koncatan sêsotyaning bumi ingkang pranyata ambêg darmawan sapiturutipun, kados cêkap kula cêkak samantên kemawon, dening ngambaring asma dalêm ingkang sampun sawarga, cêtha wela-wela angêbêki [a...]

--- 17 ---

[...ngêbêki] bawana. Dilalah tiyang manawi badhe bêgja ing salêbêtipun nampèni kasusahan, kula sadaya tansah pinaringan èngêt dhatêng dhawuhing Pangeran: disabar. Uwohing kasabaran, dèrèng dangu saking surut dalêm, kasusahan kula sami sampun binirat ing Pangeran Ingkang Murbèng Alam alêlantaran kangjêng guprêmèn. Inggih punika anggènipun kala ing dintên Jumungah ... tanggal kaping ... wulan Sura ing taun Je 1870, gusti kula Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi, ingkang sampun lêrêsipun pinudya dados pangarsa, kaparingan pikêkah dipun jumênêngakên nata anggêntosi tilasipun rama dalêm ingkang sampun sawarga. Langkung malih sarêng kala ing dintên Rêbo ... tanggal kaping 7 ing wulan Rabingulawal, warsa Je, ôngka 1870, utawi kaping 26 April 1939, sampun kalampahan dipun jumênêngakên nata, kula sadaya wajib angunjukakên sukur dhatêng ingkang Maha Kawasa, amin.

Supra.

Panêmbrama jumênêng dalêm.

Gêndhing Sriwidada, pelog pathêt barang.

[Kinanthi]

1. Kanthining pangemut-emut | marêngi ri Budha Manis | tanggal ping sapta candrama | Rabingulawal Je warsi | ingkang wuku pêrangbakat | dewa Hyang Guru mandhiri ||

--- 18 ---

2. Pandangonnya dadi nuju | ringkêl wrungkung sêngkaning sri | pôncasuda ingaranan | sumur sinaba lan malih | rakam Dêmang Kandhuruhan | windu Adi lambang langkir ||

3. Môngsa sawêlas ing taun | sangkalanira malêtik | munya ngèsthi sri narendra | utawi ing tanggal kaping | nêmlikur April ing wulan | ôngka sangkalaning warsi ||

4. Gatra tri trusthaning ratu | jumênêng dalêm narpati | Sinuhun Jêng Susuhunan | Pakubuwana kang kaping | sawêlas jumênêng nata | ngrênggani karaton aji ||

5. Nagari Surakarta gung | Adiningrat tanah Jawi | tuhu yèn nagari mulya | karta arja nir ing wèsthi | lamine ing Surakarta | sampun kalih taun warsi ||

6. Môngka ing babêktènipun | Biwadha Raja ngurmati | jumênêng dalêm narendra | ngunjukakên pujastuti | mugi Hyang Maha Kuwasa | ngidèni èsthining kapti ||

7. Ulun ngunjukkên rahayu | sampeyan dalêm kang mugi | lulus jumênêng narendra | mêngkoni isining puri | ing praja saisinira | kawêngku jêng sri bupati ||

8. Môngka pandaming pangaub- | aning wadu wandawa ji | dirgaa yuswa narendra | tinêbihna tulah sarik | widada nir ing sangsaya | waluya nirmala jati ||

9. Panjurung katitèn katur | ri Rêspati môncawarni | kaping kalih wêlas wulan | Jumadilawal Je warsi [war...]

--- 19 ---

[...si] | sangkalanira barakan | muji sariraning gusti ||

10. Rangkêp titimangsanipun | kaping sangalikur Juni | ôngka sangkala sêsotya | mulat trusthaning narpati | warganing Biwadha Raja | atma pustaka nandhani ||

Pèngêtan jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun kaping XI saha sajarah dalêm cêkakan, minôngka unjuk kasugêngan dalêm saking panitya Biwadha Raja, kados ing ngandhap punika.

Kapêthik saha kagubah dhatêng para juru pangripta.

Ing dintên Rêbo Lêgi tanggal kaping 7 wulan Mulud Je 1870 utawi kaping 26 April 1939 panjênêngan dalêm Gusti Kangjêng Pangeran Angabèi, jumênêng nata sumilih kapraboning rama, angrênggani karaton dalêm Surakarta Adiningrat, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana, Senapati ing Ngalaga, Ngabdurrahman Sayidin Panatagama, ingkang kaping XI minôngka unjuk kasugêngan dalêm kados purwaka ing nginggil, têrangipun kados ing ngandhap punika.

--- 20 ---

Wiyosan dalêm ingkang sinuhun, ing dintên Sêsèn Kaliwon tanggal kaping 25 wulan Rabingulakir taun Dal 1815 utawi kaping 1 Pèbruari 1886 asma dalêm timur, saking paring dalêm ingkang eyang sawarga Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun kaping IX Gusti Bandara Radèn Mas Anantasena saha Gusti Bandara Radèn Mas Subêna, paring dalêm asma saking ingkang rama sawarga Ingkang Sinuhun kaping X Gusti Bandara Radèn Mas Kusniya, miyos saking ingkang bibi Radèn Ayu Mandayarêtna, prayantun dalêm sawarga Ingkang Sinuhun kaping X wondene Radèn Ayu Mandayarêtna wau, santana dalêm grat IV saking sawarga Ingkang Sinuhun kaping III urut-urutanipun kados ing ngandhap punika:

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun kaping III pêputra, Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi, pêputra Bandara Radèn Mas Arya Kusuma Winata, pêputra, Radèn Mas Panji Sumataruna, pêputra Radèn Ayu Mandayarêtna, asma timur Radèn Ajêng Siti Supiyah, pêputra Ingkang Sinuhun kaping XI dados Ingkang Sinuhun kaping XI punika manawi saking ingkang bibi, grat V utawi warèng dalêm Ingkang Sinuhun kaping III manawi saking ingkang rama, têturutan saking ingkang Sinuhun Kaping III wau, sampun grat VII têrangipun makatên:

Ingkang Sinuhun kaping III pêputra Ingkang Sinuhun kaping IV pêputra Ingkang Sinuhun kaping V pêputra Ingkang Sinuhun kaping VI pêputra [pê...]

--- 21 ---

[...putra] Ingkang Sinuhun kaping IX pêputra Ingkang Sinuhun kaping X pêputra Ingkang Sinuhun kaping XI Ingkang Sinuhun kaping XI punika nalika timuripun tamat saking pawiyatan Openbare Europeesche Lagere School ing Lojiwetan, ingkang pawiyatan wau taksih lastantun dumugi sapunika. Pasinaon dalêm wontên ing Lagêr Sêkol punika wau kajawi srêgêp, dhêdhasaripun panggalih dalêm pancèn lantip, mila inggih kalampahan sagêd tamat botên mawi kèndêl. Kajawi punika, anggènipun sinuyudan saha dipun trêsnani kalihan para kônca-kancanipun ing pawiyatan, punika kabêgta dhêdhasaripun panggalih dalêm pancèn mênêp, saha sagêd sangêt angêmpali, amung manawi wontên ingkang maha anjarag nyulayani, môngka ing sayêktosipun ingkang katindakakên punika sampun ginalih lêrês, sarira dalêm lumawan punapa kemawon kaparêng botên pisan-pisan ajrih, miturut punika, dados wiwit timuripun panggalih dalêm punika amung tansah anglênggahi ambêging satriya utama, mila dumugi diwasanipun lajêng jumênêng nata punika, kajawi sampun cocog kalihan kodrating Pangeran ingkang sipat adil, manawi karaosakên kalayan tandhêsing raos, inggih kalêbêt bêgjanipun para santana kawula abdi, dening anggadhahi ratu ingkang dhêdhasaring panggalih dalêm namung sarwa utama.

Anglajêngakên sêsambêtanipun kalihan para kônca-kancanipun [kônca-kancani...]

--- 22 ---

[...pun] sinau, sarira dalêm wau sarêng sampun diwasa sabibaripun supit, sadaya kemawon para kônca-kancanipun lajêng sami nyêbut Pangeran Adipati Anom, wontênipun sami nyêbut kados makatên, amargi saking putra dalêm kakung ingkang sêpuh piyambak. Nanging nalika samantên punika, sanadyan dipun sêbut kados makatên, saha kônca-kancanipun kathah ingkang saya katingal ajrih, ewadene panggalih dalêm botên pisan-pisan katingal mongkog, malah saya katingal anggènipun rumakêt saha sumanak, mila para kônca-kancanipun inggih saya anggènipun ajrih asih.

Supit saha jumênêng dalêm pangeran.

Angajêngakên yuswa 15 taun, kaparêngipun ing karsa dalêm ingkang sawarga Ingkang Sinuhun kaping X, putra dalêm Gusti Bandara Radèn Mas Anantasena, kasupitakên, saha dumuginipun ing dintên Kêmis tanggal kaping 20 wulan Rabingulakir taun Je 1830 utawi kaping 8 Juni 1901 kaparêng dalêm ingkang rama sawarga Ingkang Sinuhun kaping X, putra dalêm Gusti Bandara Radèn Mas Anantasena, kajumênêngakên kaparingan asma pangeran, kapatêdhan asma Bandara Kangjêng Pangeran Angabèhi, saha awit saking kaparêngipun Guprêmèn Walandi, lajêng kaparingan pangkat militèr kaptin.

--- 23 ---

Krama dalêm Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi.

Ing taun Walandi 1908, Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi krama angsal Radèn Ajêng Kusmaryati, putrinipun pêpatih dalêm Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat kaping IV (Kangjêng Endraprastha) ingkang saking garwa. Wondene garwanipun Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat wau, sadhèrèk dalêm sêpuh Ingkang Sinuhun kaping X, dados kramanipun Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi punika, dhaub angsal nak-dhèrèk, kalêrês sêpuh ingkang putri. Krama dalêm punika wau kagungan putra kakung, Kangjêng Bandara Radèn Mas Arya Murdaningrat, ing dintên Kêmis kaping 3 Jumadilakir Je 1870 utawi kaping 20 Juli 1939 kapatêdhan asma: Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi. Putri, Bandara Radèn Ayu Kartadipura, kapatêdhan asma Gusti Kangjêng Ratu Ayu. Putri, Bandara Radèn Ayu Suradiningrat, kapatêdhan asma Gusti Kangjêng Ratu Bandara. Putri Bandara Radèn Ayu Tirtadiningrat, kapatêdhan asma Gusti Kangjêng Ratu Côndrakirana. Gunggung sakawan, dumuginipun ing taun Walandi 1912, Bandara Radèn Ayu Angabèi wau seda kapatêdhan asma Gusti Kangjêng Ratu Kancana.

Krama dalêm ingkang kaping kalih, amarêngi tanggal kaping 14

--- 24 ---

ing wulan Bêsar taun Je 1854 utawi kaping 17 Juli 1924 krama angsal Radèn Ajêng Kus Sapariyah, inggih Kangjêng Ratu Pakubuwana kaping XI punika, putranipun Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Arya Puspadiningrat, pêputra kalih, kakung: Gusti Bandara Radèn Mas Surya Guritna kapatêdhan asma: Radèn Mas Gusti Surya Guritna. Putri, Bandara Radèn Ajêng Kus Sapardinah, kapatêdhan asma: Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton Kuspariyah. Kêkalih pisan punika sami taksih sinau wontên ing pawiyatan Eropis Lagêr Sêkul.

Nalika têdhak dalêm ing nagari Walandi kapisan.

Ing salêbêtipun wulan Dhesèmbêr 1912 panjênêngan dalêm Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi lêlana têdhak ing Eropah, kadhèrèkakên abdi, Radèn Mas Ngabèi Cakrapangarsa, ingkang sapunika sampun tilar wontên ing lêbêt karaton (panti arta) mênggah kaparêng dalêm lêlana dhumatêng ing Eropah wau, pancènipun kaangkah sawatawis dangu, amargi kaparêng dalêm kagungan karsa namung parlu amiyarakên sêsêrêpan, nanging kaparêng dalêm wau botên sagêd kasêmbadan, jalaran kapambêng wontên pêrang agêng taun 1914-1918, mila inggih lajêng kapêksa kondur. Ewadene indhaking sêsêrêpan dalêm inggih sampun botên sakêdhik, mênggah katrangan-katrangan ingkang

--- 25 ---

sampun sami dipun rawuhi, dalah kawontênanipun, kala samantên sampun kababar wontên ing sêrat kabar Jawikandha, dhumatêng Radèn Mas Ngabèi Cakrapangarsa.

Têdhak dalêm ing nagari Walandi kaping kalih.

Amarêngi ing wulan Juli 1938 wontên kaparêngipun ing karsa dalêm Ingkang Sinuhun sawarga kaping X, panjênêngan dalêm Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi sakalihan ingkang garwa, dalah putra dalêm kalih pisan, ingandikakakên dados wêwakil dalêm têdhak dhumatêng nagari Walandi, parlu anjênêngi pahargyan jumênêng dalêm Kangjêng Sri Maharaja Putri ing Nèdêrlan, anggènipun angasta pusaraning praja jangkêp 40 taun, wilujêng botên kirang satunggal punapa. Têdhak dalêm dados wêwakil wau wontên ing wulan Dhesèmbêr ugi taun 1938 dumugi kondur kanthi wilujêng.

Kawontênanipun para putra dalêm saking ampeyan.

Kakung, Kangjêng Bandara Radèn Mas Arya Danurwenda kapatêdhan asma: Kangjêng Gusti Pangeran Arya Angabèi. 2. Kakung, Kangjêng Bandara Radèn Mas Arya Suryalêlana kapatêdhan asma: Bandara Kangjêng Pangeran Arya Prabu Wijaya. 3. Putri, Bandara Radèn Ayu Suryasutikna. 4. Kakung, Kangjêng

--- 26 ---

Bandara Radèn Mas Arya Suryadarmaja. 5. Bandara Radèn Mas Suryasuksara.

Jumênêng dalêm Gusti Kangjêng Pangeran Angabèi, dados pangarsa rad nagari.

Salêbêtipun taun Walandi 1917 kaparêngipun ing karsa dalêm ingkang sinuhun sawarga kaping X angiyasani rad nagari, inggih punika rad juru angunjuki pamrayogi konjuk ing sarira dalêm, ingatasipun sadaya panggalihan parlu-parlunipun praja ingkang sêsambêtan kalihan para kawula. Wondene ingkang kakarsakakên dados pangarsaning rad wau, panjênêgan dalêm Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi, dumugi taun1935 lajêng kèndêl, jalaran saking rad nagari kasuwak lajêng kadadosakên rad bale agung. Mênggah rad bale agung katimbang rad nagari wau, wêwênangipun sami kemawon, namung dipun santuni sipat, rad nagari tutupan, rad bale agung bêlak-bêlakan, saha adêging para warga kawiyarakên têbanipun (cacahipun kaindhakan).

Kajawi punika, panjênêngan dalêm Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi wau, angasta wadananing putra santana dalêm gêlêngan têngên, madanani para abdi dalêm pambêlah juru silêm, kêbon dharat, madanani pasanggrahan dalêm ing Langênarja, punapadene mangagêngi komisi pasamuan ing karaton, sadaya [sa...]

--- 27 ---

[...daya] ingkang katindakakên, sami sae botên anguciwani. Manahipun para ingkang sami kawêngku, katingal sami têntrêm ayêm, makatên wau tamtu botên marojol saking kaluhuranipun panggalih dalêm.

Panggalih dalêm tumrap ing umum (ngakathah).

Panjênêngan dalêm Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi, tumrap umum, sadaya-sadaya namung sarwa prasaja, saha tangkêpipun namung sarwa sumanak sarta dhêdhasaripun panggalih dalêm sumêpuh, pangrêngkuhipun tumrap para abdi dalêm saha para kawula, sakalangkung rumakêt sumanak saha ngêmong, tandukipun garapyak sagêd anênarik katrêsnan saha kasêtyan.

Manawi sarira dalêm andhatêngi parêpatanipun pakêmpalan.

Jaman adêgipun Pakêmpalan Budi Utama taksih ragi enggal, utawi parêpatan pakêmpalan sanèsipun, kêrêp sangêt angrawuhi, nanging lênggah dalêm wau botên nate anyêngoh wontên ing ngajêng, namung lajêng nunggil kalihan palinggihanipun para têtiyang limrah. Anggènipun kagungan karsa makatên wau, jalaran saking botên rêmên dipun katingal-katingalakên kasumêrêpan ing ngakathah, utawi kawrat ing sêrat-sêrat kabar, mila inggih prasasat botên nate kocap, langkung malih [ma...]

--- 28 ---

[...lih] gambar dalêm kawrat ing sêrat kabar, jalaran saking awis-awis ingkang gadhah.

Kawontênan dalêm wontên ing jagad ebah-ebahan.

Jaman Pakêmpalan Sarekat Islam, lajêng dados Pakêmpalan Sarekat Dagang Islam, sarira dalêm punika sampun nate jumênêng pangarsa, sarta sarêng sampun lèrèh lajêng kajumênêngakên pangayoman, mila nalika têdhak dalêm ing Eropah ingkang kapisan, wiwit ing sêtatsiyun Balapan dumugi ing Batawi, ingkang anguntapakên ngantos maèwu-èwu, sabên sêtatsiyun ingkang dipun kèndêli, kathah sangêt ingkang sami angunjukakên kasugêngan dalêm, punapadene ngunjukakên pisêgah pangunjukan, limun toya Wlandi ès ngantos pintên-pintên kothak, satêmah ngantos kathah ingkang mubadir. Wondene nalikanipun kapal ingkang dipun titihi wau labuh wontên ing Bêlawan, untapipun para têtiyang ngriku ingkang sami ningali utawi ngunjukakên kasugêngan dalêm, ngantos angedap-edapakên, makatên ugi ingkang angunjukakên kasugêngan wêkdal kondur dalêm.

Kajawi wontên ing Pakêmpalan Sarekat Islam wau, sarira dalêm punika lajêng ngasta jumênêng pangarsa Pakêmpalan Budi Utama pang Surakarta ngantos sawatawis dangu, saha ugi lajêng jumênêng pangarsanipun Pakêmpalan Narpawandawa, inggih punika pakêmpalanipun [pa...]

--- 29 ---

[...kêmpalanipun] para darah dalêm ing Surakarta, punapadene jumênêng pangarsanipun Pakêmpalan Garap Bon ing Surakarta, inggih punika pakêmpalanipun tunggil damêl para abdi dalêm garap, sadaya wau kanthi tumindak ingkang botên anguciwani.

Jumênêng pangarsa komisi Sriwêdari.

Nalika ing Sriwêdari taksih kaasta ing karaton, dèrèng kaparingakên ing nagari kados sapunika, sarira dalêm kakarsakakên dados pangarsaning komisi ngantos sawatawis dangu. Wondene dhapukanipun bêbadan wau, kados ing ngandhap punika.

1. Pangarsa, Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi.

2. Panitra, Tuwan J.G.B. Radhêmakêr (nanging botên gadhah suwara).

3. Warga, Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Arya Purwadiningrat.

4. Warga, suwargi Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Wôngsanagara. (Prajamartanan).

Inggih wiwit punika mindhak-mindhakipun sae saha majêngipun ing Sriwêdari, ngantos tuwuhipun ada-ada malêman sabên Siyam ingkang ngantos dumugi sapunika. Wondene wontênipun pangarsa komisi panjênêngan dalêm Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi, kagungan karsa ngawontênakên karamean malêman, amargi ing suwaunipun botên mawi tatanan, lajêng katata kados ingkang ngantos dumugi samangke punika, anglaras kados [kado...]

--- 30 ---

[...s] sacaranipun Yarmarêk. Mênggah anggènipun ada-ada makatên punika wau, wontên ing salêbêtipun taun Walandi 1925.

Awit saking anggènipun angèngêti kawontênan dalêm kados ing nginggil sadaya punika, amila anggènipun lajêng kajumênêngakên nata sumilih kapraboning rama angrênggani karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat punika, raosing manahipun ing ngakathah, cocog sangêt kalihan pangajêng-ajêngipun, amargi sapisan, sarira dalêm punika putra dalêm kakung ingkang sêpuh, kaping kalih, dhêdhasaring panggalih dalêm prasaja, kaping tiga, tangkêp utawi tandukipun dhumatêng ing ngakathah rumakêt saha tansah ngêgungakên dana têpa. Wasana tutuping pèngêtan cêkak punika, ingkang langkung parlu minôngka mahargya saha pêpuji konjuk ing sarira dalêm Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi, anggènipun jumênêng nata sumilih kapraboning rama ingkang sampun sawarga, angrênggani karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat, mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Kawasa, kaparênga tansah angayomi kayuwanan dalêm, dirga yuswa kalis ing sambekala, awèt dados pandam pangayomanipun para putra santana saha para abdi dalêm, sumawana para kawula sadaya, amin, amin, amin, ya robil ngalamin.

Juru pangripta.

Katandhan, Mangunlêksana.

--- 31 ---

Dhapukaning panitya Biwadha Raja.

1. Parampara, R. Tu. Prawirawadana,
2. Pangarsa, R. Ng. Amongsukanta,
3. Mudha pangarsa, R. Lu. Atmaudyana,
4. Panitra I. R. Ng. Rêksawiyata,
5. Panitra II. R. Wôngsasuwignya,
6. Artaka I. R. Ng. Martawiguna,
7. Artaka II. R. Ng. Bratasuharta, para panitya,
8. R. P. Brajasaksana,
9. R. M. Ng. Dutadilaga,
10. R. Ng. Prajasuharta,
11. R. M. Ng. Sastrawisarja,
12. R. Ng. Surapralêbda,
13. R. M. Ng. Kartamaryana,
14. R. Ng.Wiryapradata,
15. R. M. Ng.Jagasaksana,
16. R. M. Ng. Dipawiyata,
17. R. Ng. Tarupracima,
18. R. Ng. Tarupuspita,
19. R. Ng. Arjalêksana,
20. R. Ng. Nara Pangarsa,
21. R. Lu. Darmaprawira,
22. M. Bê. Mangunlêksana,
23. R. Citrasudira,
24. R. Agnyasubandha,
25. R. Daniswara,
26. R. Martawiyata,
27. R. Wijayasawarna,
28. R. Rusradi,
29. R. Darmaja,
30. R. Jakawaluya,
31. R. Sanasastra,
32. B. P. K. S.
33. R. Ngt. Surapralêbda,
34. R. Ngt. Jagasaksana,

--- 32 ---

35. R. Ngt. Amongsukanta,
36. R. Ngt. Rêksawiyata,
37. R. Ngt. Martawiguna,
38. R. Ngt. Bratasuharta,
39. R. Ngt. Wôngsasuwignya.

Pilah-pilahing kawajibanipun para panitya Biwadha Raja.

I. Among tamu: R. Tu. Prawirawadana, R. Ng. Prajasuharta, R. Ng. Amongsukanta, R. Lu. Atmaudyana, sarta para warga sanès-sanèsipun ingkang kawajibanipun kenging katilar.

II. Wilujêngan, saha pasugatan, pangarsa, R. Ng. Narapangarsa, warga, R. Agnyasubandha, R. Citrasudira.

III. Pasugatan saha among tamu warga putri, pangarsa, Radèn Ngantèn Jagasaksana, warga, Radèn Ngantèn Martawiguna, Radèn Ngantèn Surapralêbda, Radèn Ngantèn Amongsukanta, Radèn Ngantèn Rêksawiyata, Radèn Ngantèn Bratasuharta, saha Radèn Ngantèn Wôngsasuwignya.

IV. Rêrênggan, pangarsa, R. Ng. Arjalêksana, warga, R. Citrasudira, R. Ng. Tarupuspita, R. Ng. Tarupracima, R. Lu. Martawiyata, R. Rusradi, saha, R. Daniswara.

V. Mèdhitasi, ngubêngi karaton dalêm, pangarsa, R. Ng. Surapralêbda, warga, R. M. Ng. Dutadilaga,

--- 33 ---

R. M. Ng. Dipawiyata, R. M. Ng. Jagasaksana, M. Bê. Mangunlêksana, saha, R. Agnyasubandha.

VI. Arak-arakan, pangarsa, R. Ng. Rêksawiyata, warga, R. P. Brajasaksana, R. Sadirman Wôngsasuwignya, R. Rusradi, R. Darmaja, saha B.P.K.S.

VII. Lêlangên, pangarsa, R. M. Ng. Dutadilaga warga, R. M. Ng. Dipawiyata, R. Ng. Wiryapradata, saha R. Sanasastra.

VIII. Buku pèngêtan agêng, pangarsa, R. M. Ng. Dutadilaga, warga, R. Ng. Surapralêbda, R. Lu. Atmaudyana, R. Lu. Darmaprawira, M. Bê. Mangunlêksana, saha R. Ng. Rêksawiyata.

IX. Buku Pèngêtan alit (lampah-lampah) pangarsa, M. Bê. Mangunlêksana, warga, R. Ng. Surapralêbda, saha, R. Lu. Darmaprawira.

X. Gambaran sarta tèntunsêtèling: pangarsa, R. Ng. Rêksawiyata, warga, R. Citrasudira, R. M. Ng. Dipawiyata, R. Rusradi saha R. Jakawaluya.

XI. Ulah raga (putbal): pangarsa, R. Sadirman Wôngsasuwignya, warga, R. Ng. Bratasuharta, R. Rusradi, saha R. Darmaja.

XII. Rèli, dhurlup: pangarsa, R. Ng. Rêksawiyata, warga, R. P. Brajasaksana, R. Sadirman Wôngsasuwignya, R. Rusradi, R. Daniswara, saha R. Darmaja.

--- 34 ---

Lampah-lampah pahargyanipun Biwadha Raja.

Ing dintên Kêmis tanggal kaping: 9 wulan Rêjêp ing taun Je 1870. Utawi kaping 24/25 Agustus 1939, wanci jam 9 dalu dhapukan panitya Biwadha Raja angwontênakên kêndhuri wontên ing pandhapa Mangkubumèn (Ngabean) Dhepokan, manawi para warganing Biwadha Raja kaparêng rawuh, dipun tampèni kanthi suka pirêna. Ing sabibaring kêndhuri, lajêng tindak ngubêngi capurining karaton dalêm saubêngan, lajêng bibaran, wondene pangagêmanipun cara Jawi jangkêp, utawi cara Walandi.

Wanci jam 9 lêrês, pangarsa matur dhatêng ingkang badhe andongani ajat, Radèn Mas Ngabèi Imandipura. Panjênêngan kula suwun andongani ngabulakên sêdyanipun warga kumite Biwadha Raja, anggènipun sami nyênyuwun ing Gusti Ingkang Murbèng Titah, mugi gusti kula Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. XI pramèswari dalêm, para putra wayah dalêm, para santana dalêm, para abdi dalêm, para kawula dalêm, sarta para bôngsa sanèsipun, makatên ugi saisinipun praja dalêm sadaya, nyuwun rinêksa ing Gusti Alloh ing sacêkapipun, pinaringana sabar narimah ing sakadaripun, rahayu wilujêng sakaparêng dalêm, tuwin sasêdyanipun sadaya titah.

Radèn Mas Ngabèi Imandipura, ing sadèrèngipun wiwit andonga, matur dhumatêng para warga: punapa lêrês panjênêngan sadaya [sa...]

--- 35 ---

[...daya] sami kagungan kajat kados ingkang dipun wêdharakên pangarsa punika wau, manawi lêrês, ing salêbêtipun kula andonga, panjênêngan sadaya kêdah kaparêng angamini, utaminipun ingkang sora. Para warga anjawab sêsarêngan: sandika.

Ing sarampungipun andongani kajat, pangarsanipun, R. Ng. Surapralêbda, matur dhumatêng para warga. Para warga, ing salêbêtipun lumampah ngubêngi karaton dalêm punika mangke, panjênêngan sadaya kasuwun sampun ngantos ngandikan, ing salêbêtipun kèndêl, mugi sami kaparêng nyênyuwun ing dalêm batos: dhuh Gusti Alloh, kula nyuwun sinêmbadan pikajêng kula, ingkang mêntas dipun dongani punika wau. Para warga lajêng kasuwun jumênêng mêdal ing waradinan, tata jèjèr nyakawan majêng mangetan, sasampunipun mubêng têmu gêlang lajêng bibaran.

Ing dintên Saptu tanggal kaping 11 wulan Rêjêp ing taun Je 1870 utawi kaping 26/27 Agustus 1939, wanci jam 7 sontên, kumite sasampuna rawuh ing abipraya, mangagêm dhêstharan rasukan atelah pêthak, dhuwung warôngka ladrang, ngagêm pratôndha warga (insinyê) mawi kokar gula klapa. Kajawi ingkang kawajiban wontên ing abipraya sadaya lajêng mêthuk gambar dalêm dhatêng Mangkubumèn (Ngabean) ingkang badhe ngampil gambar dalêm 1. R. Ng. Prajasuharta, 2. R. Wôngsasuwignya, makatên ugi, 1. R. M. Ng. Dutawilaga, 2. R. Ng. Surapralêbda, ingkang pinatah nampèni wontên [wontê...]

--- 36 ---

[...n] ing abipraya, mawi akalung samir. Dene para warga, manawi wontên ingkang tumut mêthuk, anjujug ing abipraya utawi dhatêng Mangkubumèn (Ngabean) dipun tampèni kanthi suka pirêna.

Watawis jam 7.30 mênit, sasampunipun gambar dalêm dipun ampil nitih kareta blak-bêlakan, dipun jajari pandhu taruna sêkar samungsikipun, ing pêngkêran ginarêbêg ing para warga malampah dharat. Ingkang minôngka rêrênggan ing margi, kajawi dilah ponpan ingkang dipun ampil sikêp nandhon sacêkapipun, mawi oncor watawis 200-san. Lajêng kabidhalakên mêdal margi slompretan mangilèn. Dene para warga ingkang botên mêthuk, wanci jam 7.30 mênit, sasampuna rawuh ing abipraya, mangagêm dhêstharan rasukan atelah pêthak, mangking wangkingan, utawi cara Walandi pêthak, jas bikak mawi dhasi panjang (klèwèr) kumite sarta warga putri, cêkap ukêl kondhe. Ing jaja kiwa sami ngagêm pratôndha warga (insinyê) makatên ugi para ingkang dipun sêdhahi. Rawuhing warga kinurmatan ungêling gôngsa carabalèn. Rawuhing wêwakil dalêm wêwah gôngsa gêndhing ladrangan, makatên ugi orkèsipun.

Watawis jam 8 sontên, ing sarawuhipun gambar dalêm ing abipraya, para warga kasuwun urmat jumênêng, lajêng kinurmatan ungêling bom rambah kaping 3, sarta sadaya ungêl-ungêlan [ungêl-ungêla...]

--- 37 ---

[...n] mungêl sarêng, gôngsa gêndhing srikaton. Orkès gêndhing pakurmatan dalêm, makatên ugi carabalènipun. Pandhu urmat manggèn ngajêng pandhapa majêng mangilèn. Sasampunipun gambar dalêm dipun papanakên ing papan ingkang rinêngga-rêngga dhatêng ingkang pinatah, ing sasuwuking sadaya ungêl-ungêlan, pangarsa mêdhar sabda, angaturakên kasugêngan, sarta munjuk dhatêng wêwakil dalêm ing saparlunipun, panutupipun mawi surak kaping 3, ing sasampunipun wêwakil dalêm paring pangandika wangsulan, ugi mawi tinutup surak kaping 3. Surak-surak wau sami kinurmatan ungêling ungêl-ungêlan gêndhing ingkang anggumbirakakên. Para warga lajêng sami lênggah, taruna sêkar wangsul mantuk.

Ing sawatawis mênit, mungêl gêndhing sriwidada, mawi dipun bawani, R. Sanasastra, sarta ginerong ing panêmbrama manggèn wontên ngajêngan dhatêng kumite sawatawis. Ing salêbêtipun bawa sinarêngan lumadosipun pangunjukan. Wondene panêmbrama sarta bêbuka ingkang kangge ambawani, kados ing ngandhap punika.

Pamahargya, jumênêng dalêm sang nata, ingkang kaping sawêlas ing Surakarta, lulus dadya pangayomaning prajarja, sriwidada Biwadha Raja ngèstawa.

[Kinanthi]

Gumolong anunggal kayun | kayungyun ayun ngastuti | jumênêng dalêm Sri Nata | Pakubuwana Mandhiri | ping sawêlas Surakarta | dadya pamrihna sayêkti ||

--- 38 ---

Bêkti sungkêming tyas jumbuh | kawula dalêm sanagri | warganing Biwadha Raja | parêng sami amêmuji | mugi dinirga ing yuswa | tulus wibawa bawani ||

Karaton dalêm dinulur | tata raharja lêstari | nartani sagarwa putra | santana pra wadu aji | kawula praja samoa | kaberan nugraha jati ||

Wahyaning wahyu rahayu | kabuka wênganing budi | katêrangan ing pêpadhang | ilang mêmalaning ati | ing praja tata raharja | têntrêm rahayu prasami ||

Titi tatasing pangapus | malêm Ngahad tanggal kaping | sawêlas Rêjêp Je warsa | ngluhur muji ngèsthi gusti | nêmlikur Agustusira | dwaraning guna trus yêkti ||

Ing sasuwuking gêndhing panêmbrama, lajêng ungêling gêndhing orkès abdi dalêm mêtêngan, sinarêngan lumadosipun dhaharan.

Ing sasuwukipun orkès, majêngipun lêlangên bêksan golèk.

Ing sarampungipun bêksa golèk, orkès mungêl malih. Sasuwukipun orkès, majêngipun lêlangên bêksan panji.

Ing sarampungipun bêksa panji, orkès mungêl malih. Sarta ing salêbêtipun orkès mungêl punika, para warga dipun aturi mariksani kawontênanipun gambar-gambar ingkang dipun tampèni kumite. Watawis 15 mênit, badhe lajêng tinungka wêdaling [wê...]

--- 39 ---

[...daling] lêlangên bêksan klana. Tuwin lumadosipun dhahar malih.

Ing sarampungipun bêksa klana, orkès mungêl malih. Ing salêbêtipun orkès mungêl, para warga sagêd nyambi mirsani wujudipun barang ingkang badhe konjuk. Watawis 15 mênit lajêng tinungka wêdaling wirèng lucon.

Ungêling orkès wau mawi dipun sindhèni, abdi dalêm sangêrès mêtêngan. Watawis jam 1 dalu, bibaran.

Ing dintên Akad tanggal kaping 12 wulan Rêjêp ing taun Je 1870, utawi kaping 27 Agustus 1939 wanci jam 9 enjing, kumite dalah warganipun Biwadha Raja, ingkang badhe ngabyantara sasampuna ngalêmpak wontên ing bangsal sasana sumewa (pagêlaran) mangagêm dhêstharan rasukan atelah pêthak, wangkingan warôngka ladrang, utawi cara Walandi pêthak, jas bikak mawi dhasi panjang (klèwèr) ingkang abdi dalêm klanthungan pêthak, warga putri ukêl têkuk, rasukan ingkang kêlêm-kêlêman, manawi sêngkangan kêdah mawi brumbungan, manawi botên sagêd aluwung botên sêngkangan, botên kenging ngagêm gêlang kalung. Makatên ugi manawi warga kakung wontên ingkang kaparêng sakalihan: kenging, sadaya wau kajawi ingkang cara Walandi botên kenging ngagêm lambaran suku, sarta botên kenging mangagêm ingkang dados awisaning karaton dalêm.

Ing sasampunipun pangarsa angunjukakên kasugêngan dalêm, saha ngunjukakên pisungsungipun warni 3 gambar dalêm, jam panyêratan, [panyê...]

--- 40 ---

[...ratan,] sarta buku pèngêtan, lajêng nyasmitani surak kaping 3 makatên ugi sasampunipun nampèni dhawuh pangandika dalêm, pangarsa nyamitaninyasmitani surak kaping 3 malih. Wondene unduripun sadaya wau, ngêntosi dhawuh timbalan dalêm.

__________

Nunggil ing dintên nginggil, ing kagungan dalêm sêtadhion Sriwêdari, wanci jam 4.30 sontên, tandhingan bal suku saking Samarang mêngsah Surakarta, mawi mupu bayaran.

__________

Taksih nunggil dintên ing nginggil, wanci jam 9 dalu, malêm Sênèn Kaliwon anyarêngi tingalan dalêm padintênan, kasuwunakên ngampil kagungan dalêm gambar idhup, dipun pitontonakên wontên ing alun-alun êlèr utawi kidul bêlak-bêlakan.

__________

Lampah-lampah ing nginggil sadaya punika wau, manawi wontên parlunipun sagêd ewah.

__________

Programma Perayaan Biwadha Raja.

Hari Kemis tg. 24 Augt. 1939.

Jam 9 petang hari, di pendopo Mangkubumen diadakan kenduren oleh beberapa priyayi Ulama dan Comite Perayaan.

Segenap Anggota Perayaan diperbolehkan datang dan akan juga diterima dengan penuh kegembiraan.

--- 41 ---

Pakaian:

Buat orang Jawa berkeris.

Buat tuan-tuan asing atas pantas.

Jam 10 sesudahnya kenduren: segenap tamu diharap turut berjalan bersama-sama mubeng keraton dengan diam dan hati suci mendoa atas keslamatan keraton dan kita semua. Satu kali mubeng lantas bubaran.

Hari Saptu tg. 26 Augt' 39

Jam 7 petang hari: diadakan Optocht (arak-arakan) menyongsong gambar Seri Baginda Sahandap Sampeyan Dalem Ingkang Sinuhun dari pendapa Mangkubumen ke gedung habipraya segenap anggota perayaan diperbolehkan turut dan akan juga diterima dengan penuh kehormatan.

Pakaian:

Buat abdi dalem dienst lengkap (atela putih)

Buat orang Jawa bukan abdi dalem: a. beratela putih dan berkeris, b. stellan licht.

Buat tuan-tuan asing: lichte kleding.

Jam 8: arak-arakan disambut oleh pertemuan receptie di gedung habipraya, adalah programmanya:

a. menerima gambar
b. pembukaan dengan sabda utusan dalem dan tuan voorzitter R. Ng. Hamongsoekanto disertai bunyinya bom 3 kali disambut gamelan dan muziek.
c. panembromo
d. tari golek
e. tarian dadap
f. tarian kelana
g. tarian lucon

Sebagi selingan yalah muziek dari Blinden-hoftokel – orkest dan segala tamu diharap juga melihat tentoonstelling teekendwdstrijd oleh anak-anak sekolah.

--- 42 ---

Hari Akad tg. 27 Augt' 39

Jam 9 esok hari: ngabyantara, yalah mengadap duli Seri Bagenda Sahandap Sampeyan dalem Ingkang Sinuhun.

Berkumpul di muka sasana sumewa jam 9 esok hari segenap anggota diharap turut dengan Mevrouw.

Pakaian:

Abdi dalem dienst lengkap, atela putih.

Lain abdi dalem juga beratela putih, berkeris ladrang kain kepala berkuncung dan bermondolan. Kain atas tidak berlarangan.

Putri: bergelung tekuk berbaju kelem berkain tida berlarangan, subeng brumbungan atau tida bersubeng. Tida bergelang, kalung srandal.

Tuan asing: stelan pantas, das panjang, sepatu tidak putih.

Perlu kami terangkan bahwa comite akan berihtiyar mengadakan vutbal dan openlucht – bioscoop.

Kawontênanipun para prayagung tuwin para warga ingkang sampun paring sih kadarman utawi urunan.

B.K.P.H. Kusumayuda
B.K.P.H. Adiwijaya
B.K.P.H. Mangkudiningrat
B.K.P.H. Mlayakusuma
B.K.P.H. Natadiningrat
B.K.P.H. Prabuwinata
B.K.P.H. Adinagara
B.K.P.H. Kusumabrata
B.K.P.H. Purbanagara
B.K.P.H. Suryaamijaya
B.K.P.H. Mr. Jayakusuma
B.K.P.H. Suryakusuma
B.K.P.H. Sindusena
B.K.P.H. Aryamataram

--- 43 ---

B.K.P.H. Singasari
B.K.P.H. Cakranagara
B.K.P.H. Cakrakusuma
B.K.P.H. Suryapura
B.K.P.H. Jurumartani
B.K.P.H. Suryaatmaja
B.K.G.P.H. Mangkubumi
B.K.G.P.H. Angabèi
B.K.R.M.H. Suryadarmaja
B.K.R.M.H. Natadilaga
B.K.R.M.H. Aryaatmaja
B.K.R.M.H. Purbaatmaja
B.K.R.M.H Cakraatmaja
B.K.R.M.H Danuningrat
B.K.R.M.H Suryasutikna
B.K.R.M.H Suryaputra
B.R.M.H. Adipamênang
B.R.M.H. Mangkuningrat
B.R.M.H. Aryadiningrat
B.R.M.H. Côndradiningrat
B.R.M.H. Surya Sasraningrat
B.R.M.H. Dipaningrat
B.R.M H. Padmawinata
B.R.M.H. Pringgawinata
B.R.M H. Sasrawinata
B.R.M.H. Dipawinata
B.R.M.H. Gôndawinata
B.R.M.H. Adiwinata
B.R.M.H. Purwawinata
B.R.M.H. Arjawinata
B.R.M.H. Natawinata
B.R.M.H. Endrawinata
B.R.M.H. Bratawinata
Mayor R.M.P. Puspawinata
B.K.P.H.A. Jayanagara
B.K.R.M.T.H. Purwadiningrat
B.K.R.M.T.H. Wuryaningrat
B.K.R.M.T.H. Suryaningrat
B.K.R.M.T.H. Wiryadiningrat
B.K.R.M.T.H. Jayadiningrat
B.K.R.M.T.H. Puspadiningrat
B.K.R.M.T.H. Prawiradiningrat
B.K.R.M.T.H. Mangkuyuda
B.K.R.M.T.H. Suryanagara
B.K.R.M.T. Côndranagara
B.K.R.M.T. Sasranagara

--- 44 ---

Mr.K.R.M.T. Wôngsanagara
K.R.M.T. Widaningrat
K.R.T. Kartanagara
K.R.T. Mangundiningrat
Mistêr R.M.T.H. Kartadipura
Mistêr R.M.T. Arjadipura
Mistêr R.M.T. Purwadarsana
Mistêr R.M.T. Sasradipura
Mistêr R.T. Purbadipura
R.M.T.P. Purwadipura
R.M.T. Gitadipura
R.M.T. Jayadarsana
R.M.T. Padmadipura
R.M.T. Wiryadipura
R.M.T. Suradiningrat
R.M.T. Jayadipura
R.T. Nitipura
R.T. Citradipura
R.T. Pujadipura
R.T. Wignyadipura
R.T. Mistêr Siswadipura
R.T. Martawadana
R.M.T. Bratanagara
R.M.T. Pringgadingrat
R.T. Mistêr Bujadipura
R.T. Mangundipura
K.R.M.T. Martanagara
K.R.M.T. Yudanagara
K.R.M.T. Suranagara
R.M.T. Kartawadana
R.T. Mangunwadana
R.Tu. Sastrawadana
Mistêr R.M. Widada
B.R.M.Ng. Prajakusuma
B.R.M.Ng. Atmamijaya
B.R.M.Ng. Prajapradipta
B.R.M.Ng. Sumapraja
B.R.M.Ng. Brajakusuma
B.R.M.Ng. Prajadilaga
B.R.M.Ng. Prajasumarta
B.R.M.Ng. Surakusuma
Mistêr B.R.M.Tu.Tirtadiningrat
Mistêr B.R.M.Ng. Jaksadipraja
B.R.M.Ng. Endrakusuma
B.R.M.Tu.H. Arungbinang
K.P.H. Suryasumarna

--- 45 ---

K.P.H. Suryasurarsa
R.P. Dhoktêr Suyudana
R.M.Ng. Darmapraja
R.Ng. Andayadipraja
R.Ng. Wiryapraja
R.M.Ng. Prajasiwaya
Dr.R. Sutamsi
M.Ng. Trunapraja
R.M.Ng. Wignyakesawa
R.Ng. Riya Prajapratama
R.Ng. Mangunsupônca
R. Katib Imam
R. Katib Cêndhana
R. Katib Anom
R. Katib Winong
R. Katib Barum
M.Ng. Prajaduta
R.Ng. Prajamargana
R.M.Ng. Sasradipraja
R.Ng. Prajasuparta
R.M.Ng. Sastranadpada
M.Ng. Kismadipraja
R.M.Ng. Prajasubrata
R.M.Ng. Sutadipraja
R.Ng. Prajahartana
R.Ng. Jaya Pakiringan
R.M.Ng. Sumapraja
R.Ng. Prajaturôngga
R.Ng. Lêbdawiyata
R.M.Ng. Padmasarkara
R.M.Ng. Partasusastra
M.Ng. Surasastra
R.Ng. Wiryabaskara
R.Ng. Darsahartana
R.Ng. Muhamad Amin
R. Saoman
R.Ng. Kartasuwignya
R.M.Ng. Kartaduta
R.Ng. Suradikewuh
R.Ng. Sastrawilapa
R.Ng. Atmakesawa
R.Ng. Citramargasa
R.Ng. Yasamargasa
R.Ng. Wignyapangukir
R.Ng. Mangunmargasa
R.Ng. Dutasupatra

--- 46 ---

R.Ng. Jayasuwirya
R.Ng. Darmalukita
R.Ng. Sastrasasmita
R.Ng. Sastrawirêja
R.Ng. Darmaprayitna
R.M.Ng. Atmasupaya
R.M.Ng. Jayamarjaya
R.M.Ng. Jayamartana
R.M.Ng. Jayasucipta
R.Ng. Parikrangkungan
R.Ng. Kêrtahastana
R.Ng. Hartapandaya
R.Ng. Mangunjaksana
R.Ng. Rêksahusada
R.M.Ng. Sasrasutama
R.Ng. Nitihusada
R.M.Ng. Karnalaksita
R.Ng. Kartasudarsa
R.M.Ng. Sastradirêngga
R.Ng. Kartadarsana
R.Ng. Yasapuraya
R.Ng. Hartapurwaka
R.Ng. Hartasumitra
M.Ng. Tôndhahartana
R.Ng. Pringgahartana
R. Muhnah Rawi
R.M.Ng. Rêksawidagda
Wiryasasmita
R.M.Ng. Amongprawira
R.Ng. Carmapranata
R.Ng. Sumapranata
R.Ng. Gitapuspita
R.Ng. Sastradarsana
R.Ngt. Wiryadiprana
R.Ng. Wiryapanjuta
R.M.Ng. Wiryakarsônta
R.M.Ng. Cakrasuripta
R.Ng. Purwasudirja
Sumapradata
Sastrapustaka
Wignyasadaya
Wignyamarsana
Sastrasawana
Sastrawaspada
Sastrawaluya
Mangunsugyarta

--- 47 ---

R.M.Ng. Darmapraja
R.M.Ng. Wiradipraja
R. Bratapangarsa
R. Matangwasita
R. Citradinama
R.B. Wignyapawana
R.Lu. Wiryamaruta
R. Ngantèn Sarasudaka
Martasutrasna
R. Sumayana
Jagasuharda
Jayamartana
Wiradarmana
R. Adiprawira
Sastrawiratma
Suwônda
Sutasma Citradarsana
R.M. Marsutômpa
R.Ng. Jayakartika
Suparman
R.M. Satmamartana
R.M.Ng. Atmadarsana
R. Bujahartana
R.M. Husada
R.M. Slamêt Suralodra
Sujali
R.L. Wiryasambara
R.L. Sastrasubrata
R.M.L. Mangunsajita
R.M.Ng. Hartadipraja
R. Subantyaka Atmasumarma
R.M.L. Sastrasutarja
R.L. Kartamartaya
R.M.L. Nayasupadma
Slamêt
Sudirun
R.M.L. Sastradaryana
R.L. Sastramijaya
R.L. Sastrasopana
R.M.Ng. Mangkusupadma
R. Suprapta
R.M.Ng. Surakusuma
Ng. Sastradirjanta
Sastrasuparta
R.Ng. Wignyawicitra
R.L. Sastraatmaja

--- 48 ---

R.Ng. Prajawiryana
Atmadisastra
Mr. Sumardi
Sastrasutarta
Wignyapura
R.M.Ng. Padmaprasaja
R.M.Ng. Siswahartana
Sumardi
R.Ng. Wignyadipraja
Dirjautama
Supadi
Abdulah Sahban
Sahidman
M.Ng. Gitawijaya
R. Sastrapramuka
R.Lu. Margasumarta
R. Ramêlan
R.Lu. Sastramulyanta
R.M.P. Anyakraatmaja
R. Mulyasuwarna
R. Wignyadikara
R. Kartakarya
Ki. Jagamartaka
R.M.Lu. Sastraprasaja
R.M.Bê. Sastrasunyata
R.Bê. Sastrasutanta
R. Sutyadi
R. Wôngsasudarma
Arga Sasmita
Sastrasutana
Prawirawiyata
Pringgasuparta
Iran
Suparman
Suparmanta
Sudarman
Sukadis
Sumawiraya
Priyasumarta
Mevr. Wôngsahartana
Sastrawiguna
Wignyadiwirya
Wiryasuharta
R. Ngantèn Cakrasuma
R. Wôngsakriya
R. Ngantèn Wôngsakriya

--- 49 ---

B. Wôngsawijaya
R.Lu. Jayèngwarih
R. Cakramartana
Kusnadi
R.M. Mulya
B.K. Martadikrama
Wrêksaprawata
R.Ng. Amongwardaya
Prajamartana
Ng. Wignyasuharta
Surinajin
Nitisaksita
Sarasugyarta
Rêksapraja
R.M. Sumadiwirya
Wignyautama
Suparta
Surajin
Suyana
Sutarta
Ng. Trunapanyidhang
Ki. Purwamijaya
Ki. Mugênlêpas
Arjawiharta
Cakrawiharja
Wisatama
Lu. Wignyaharjaya
Sastrasudira
Wignyalumaksa
R.M. Nitisuwignya
R.Ng. Wiryadiprana
M. Martadiharja
Klirmakêr Kriyakawaca
R. Darman
Hipahartana
Gitapuspita
Wiryaraharja
Atmawikara
Jalasêngara
Sastrasardana
Sasrasudarwa
Suwarja
Sastraraharja
Singadiwirya
Lurah Tipès
R. Ayu. Tejasaputra

--- 50 ---

Wirasudira
Sastraprêwita
L. Atmasudarsa
R.M.Ng. Atmadarmaya
R.M.Ng. Atmakusuma
R. Padmanirmala
R. Padmapanitra
R. Panggih
Rêsasuharja
R. Kartaatmaja
R. Harjadinama
R. Atmawiharta
T.S. Darmawayadi
Muhamad Dasuki
R.L. Lêbdasutarja
R.L. Martanirmala
R.Ngt. Haji Jaelani
Amat Nôngci Jaelani
Nyai Lurah Martaduhita
Nayamartana
Martakanyaka
R.M. Surawa
Sumaatmaja
Ki Citrapataja
Martahastana
Jayawirana
Karyawijaya
R.Ng. Jayasuwirya
Jayasewaka
Karyamartana
Kartasuyana
Pranasukarta
Suwardi
Suhirman
Kasidi
Trunasumarsa
Sukardi
Jagangadiya
Kartawiryana
S. Harjasumarta
R. Martaraharja
R. Kuntapinilih
R. Sastraatmaja
M. Priyaraharja
M. Wôngsawijaya
M. Padik

--- 51 ---

R.Ng. Sastrawirêja
R. Slamêt
R.S. Sêmitra
Atmawiharja
R.M. Sayid Ngusman
R.M. Wignyatanaya
R.M.Ng. Wirasumarma
R. Wignyawaluya
Mangun Adikusuma
Sunardi
Cakrasukarta
Martatanaya
M. Prawiraharja
Cakrasumarta
Partawiyana
R.Dmang. Tatawardaya
R.Lu. Rêksawidada
R.Bê. Widada
R.Bê. Puspawaluya
M.Bê. Darsawaluya
R. Mardiwidada
R. Mulyadi
R.Lu. Wignyasarsana
R. Agnyawaluya
R. Mangunkisawa
R. Martasarsana
R.M. Mulyalaksita
R. Sayana
R.Lu. Wôngsamarsana
R. Wôngsasudarsa
R.Lu. Wôngsasupadma
R. Supardi
R. Suhardi
Hartasukirna
Wirasuharta
R.Lu. Hartawardaya
R.Lu. Cakrasuharta
Slamêt
Wignyasunarna
Jayasaroja
R. Rêksawardaya
R. Jayasuwignya
Nyai Lurah J Martadarsana

--- 52 ---

Nyai Lurah Ranunirmala
Nyai Lurah Mulyantara
Nyai Lurah Hadiwiyata
Nyai Lurah Agnyasusastra
Nyai Lurah Partawiyata
R.Lu. Ranunirmala
R.Lu. Wiryanirmala
R.Lu. Sutanirmala
R.Lu. Wiranirmala
R.Lu. Tirtanirmala
R.Lu. Kartanirmala
R.Lu. Narpanirmala
R.M.Bê. Sastralukita
R.Lu. Madyahartana
R.Lu. Hartasumadya
R. Citrasuharta
R. Abu Yahman
R.M. Singasuharta
M.Lu. Padmahartana
Abu Yahmin
M. Sastrasêtama
Lu. Rêksasuharja
Wiraatmaja
Karyadikrama
Martarêja
Sôntaijaya
Martadikrama
Pôncapawira
Jayapawira
Gitasasmita
Mangunhartaya
Mangunsayana
R.M. Darmanta
Harjasayana
Yudasukarta
R.Lu. Rêksasuharja
M. Harjamulyana
M. Mulyasuwita
M. Harjadimulya
R.Dmang. Mangunsupadma
R.M. Martasujaga
R. Rêksasumarya
R. Sunardi
R. Wôngsasumarta
R. Sastrawijana
R. Atmasuwita

--- 53 ---

R.Lu. Pôncapaminta
Prawirasônta
R.Dmang. Rêjagiyarta
Sastrasuharja
R. Rôngga Purwasumarta
Pôncadimêja
Harjasayata
Darsamiharja
R. Yasaharjana
R. Harjasuwita
R. Martadiwirya
R. Sastrahartaya
R. Sastrasukarna
R. Wirasutarna
R.Bê. Karyamargana
Lu. Rêksabacira
Bê. Mangunmargana
Lu. Jagabacira
R.M.Bê. Mangunsuprapta
M.Lu. Mangunwidada
R.M.Lu. Mangunsasmita
R.M.Bê. Mangun Darsahandaya
Satama
Sunardi
Mangunsawarna
Wôngsakusuma
R.M.Ng. Wiradipraja
R.M.Ng. Wirasumarma
R.Ng. Wirasudira
Sumaryanan
Martasutrasnan
Matangwasitan
Wignyatênayan
Atmawiharjan
Wiryaraharjan
R. Jagapuspita
R. Nyai Janti
R.Ngt. Narapangarsa
Manguntênaya
Mangunudaya
R.Bê. Mukamad Masruki
H. Akrom
R.M.Ng. Mitraduta
R.M. Sukadi
R.M.Lu. Wôngsa Partajumêna
Wôngsasumarta

--- 54 ---

R.Lu. Mangunwirana

R.M.Bê. Mangunkartyasa

R. Mangun Sôntabaksana

Wôngsasudarma

Rêksasangkara

Kartaagnyana

R. Sarka

R.Lu. Surasupana

R. Kuntapinilih

T. Jagasuharda

R.Dmang. Sastraatmaja

R. Suraji Dipawitana

R. Sudyan Sastrasuparta

R.Lu. Wrêdabaya

R.M. Suradirja

R. Pranagrêjita

R.M. Sarana

Sôntapangreka

R.Lu. Surarawita

R.Lu. Yasawitana

R.Lu. Wignyasadarya

R.Lu. Wignyamarsana

R.Ng. Sastrapuspaka

Ki Jalasêngara

T. Suwarja

T. Wiryasukirna

T. Subala

R.M. Mangunprajaka

R.Lu. Dutawijaya

R.M. Sasrakusuma

R. Padmahartaya

R. Sutawa Citrawidagda

R. Bratasutarya

R.Lu. Dutaprayitnya

R. Jagasuwahya

T. Darmawiyata

N.N.

M. Santosa

T. Dwija Adisudarma

S. Yohanis

A. Wiryata

R. Wôngsadinama

M. Wiryasêmita

S.H. Harjakartana

R. Atmasuwarna

R. Wignyawijana

--- 55 ---

T. Wiryatênaya
M. Mangunwirôngka
M. Wirasukarta
M. Prawirawiyadi
T. Prawisukarta
R.s. Wiratanaya
T. Wiryadarsana
M. Jayasêmita
R.Lu. Sastrasawarna
R.Bê. Sastrasujarwa
R.Lu. Sastraprêwita
R. Wôngsasudarma
R. Martasusiswa
R. Surabudaya
R. Atmasumarta
R. Darmawiyata
R. Partawiryana
R. Wignyasutrana
R. Bratapangarsa
R. Mangundirêja
R. Cakraatmaja
R. Muhamad Dawud
Wignyasuparja
M. Jayapawira
M. Harsawijaya
Tuwan Muhamad Ilham
R. Rêksasubrata
R.P. Sutrasna
R.M. Sadaryana
R. Ranawirêja
R. Karyawiyata
R. Martapanyidhang
M. Jenal
M. Atmamiharja
R. Wirasasana
Sasraatmaja
Suparti
Sumardi
Arjasugita
Martasuharja
Rêsawiguna
Dasuki
Jayawiryana
R. Wignyawiratma
Sokatinaya
Mangunrêja

--- 56 ---

Wiryamartana
Harjakartana
Sopwan
Puspaatmaja
Wiryapuspita
H. Sukri
Kashadi
Cakrahartana
Atmawiryana
Priyasumarta
Priyamarsana
Cakradinama
Hartamulyana
Wiryaatmaja
Mardawa
Dirjasubrata
Rr. Siyêm
Supardi
Prawirawiyata
Padmasuparja
Atmasumarta
Dasuki
Bok Dasuki
Bok Mas Wôngsahartana
Aswapinilih
Suwaja
Sumapanitra
Padmamijaya
Dirjasewaya
M. Mulyawidarsa
Wôngsadikraja
R. Wôngsasudarta
R. Muhamad Kamar
R. Muhamad Yusup
K. Sastrasuwarna
S. Mulyaharjana
S. Harjasumarta
R. Martaraharja
R. Priyaraharja
M. Wôngsawijaya
M. Padik
R. Wignyawaluya
Sunardi
Cakrasukarna
R. Martatênaya
M. Prawiraharja

--- 57 ---

Cakrasumarta
Partawiryana
Priyasumarta
Wôngsahartana
M. Sastrawiguna
Wiryasuharta
R. Ngt. Cakrasuma
R. Wôngsakriya
R.Ngt.Wôngsakriya
Bok Wôngsawijaya
R. Cakramartana
R. Kusnadi
R. Trunamargasa
R. Harjawasita
R. Suparman
R. Nèwu Kadyamaruta
R. Suwarna
Tuwan Argasasmita
Tuwan Sastrasutana
Tuwan Prawirawiyana
Tuwan Pringgasuparta
Tuwan Iran
Tuwan Suparman
Tuwan Suparmanta
R. Suryadi Martadiharja
R.Dmang. Wirasuharja
Mas Haji Aminah
Tuwan Harjasugyarta
M. Tarunadimêja
R. Sutaya
R.Lu. Sastrasaksana
R. Mundhisura
M.Lu. Mangunsukarna
R.M.Lu. Mangunwidagda
R.M.Lu. Mangunsubandya
R.M.Lu. Mangunharsônta
R.M.Lu. Mangunwiryanta
R.M. Jajar Mangunsaputra
R.M. Jajar Mangunkartika
R.M. Jajar Mangunwiratma
R.M. Susanta panakawan
R.M. Pramana panakawan
R. Sadyaka panakawan
M. Wirasumarta
R.M.Lu. Wôngsamartana
R.M. Wôngsaandaya

--- 58 ---

R. Atmasutirta
Dirasusastra
R.Lu. Sastra Sudarsanasura
Pralêbda Carik A.W. Lawiyan
R.Ngt. Sastra Sudarsana
Rr. Sudarsini Surapralêbda
R. Sumarsana Surapralêbda
Rr. Sumarsini Surapralêbda
R. Atmasubrata
R.M. Suryasaputra
R. Citrawardaya
R. Tejasudarga
R. Mangkususukarta
R.M. Purbasiswaya
R. Kirnadi Mangunsusatra
R. Padmautama
R. Yasasukarna
R. Sahitman Sastraatmaja
R. Subarja Mangkutanaya
R. Suwarsa Amongsrinata
R. Supardi Siswadarsana
R. Suparman Adiutama
Tukimin Wignyasuharja
Kramasuwita
Jayadiharja
G. Sukarna
Marsam Kêrtaatmaja
Sumadya Mangkusubrata
R. Jagapuspita

__________

Penderma Tuan-tuan Asing:

DI SOLO

Tuan I. S. Tan
Tuan Kwik Tjien Gwan
Tuan Sie Sik Hok
Tuan W. D. Lie
Tuan Dr. Kwik Tjie Tiok
Tuan Tjan King Tik
Tuan Siem Kiem Boen
Tuan Awab Sjabal
Tuan K. W. Roem
Tuan A. M. van Lem
Tuan P. O. F. Lanzing
Tuan G. W. Kessing
Tuan Kor W
Tuan Abdoelah Sjabal
Tuan F. J .A. M. Drost Manishardjo Pedan
Tuan Tan Siek Khiem

--- 59 ---

Tuan H. J. K. Schuitenvoerder
Tuan G Antes Kasatriyan
Tuan Kwik Kwie Liong
Tuan Tjhie Gwan Joe Notodiningratan
Tuan R.S. Aezeutro

Pendermaan dari:
Perkumpulan Sekolah Mardi Rahayu Solo
Zender S. R. V. Solo
Zender S. R. I. Solo
Ingkang sinandi Rr. Endang Paguyuban Solo.

__________

Keadaan gedung-gedung, Firma-firma dan Toko-toko Penderma:

DI SOLO

Toko Mori Bawah sawo
Toko Pepak
Restr. Jiran
Broodb. Tio
Toko Aphandhi
Meubelm Indonesia
Schoenm Roestami
Toko Caro
Lauw Tik & Zonen
Rest. Sien Kok Pie
Toko Prasojo
Fa De Nieuwe Winkel
Toko Tresno
Toko Nidia
Toko H. Ismail
F a van Vriesland
Broodb Orion
Toko Securitas
Toko Indiana
Toko Sidomaju
Toko Humardani Coyudan
Toko Sakabe Coyudan
Toko Tjan Kok Dhay Coyudan
Toko Baru Coyudan
Toko Eng Boo Coyudan
Toko Obral
Batikkerij Nasar Said Abdat Kedunglumbu
Persatuan Arabische Batikkerij Batangan
Batikkerij Bin Abdolah Assagaaf Pasar Kliwon
Toko Himalaya
Toko Takahashi
Toko Fuji Yoko
Toko Ko Hi noor
Toko Asano
Toko Yap
Toko Menang
Batikh. Sarcowi
Toko Familie
Facta House
Wr. Kita Siem Kiem Goen
Batikh. Goei Kiem Goen
Vendulocaal Centrum
Batikh. Rama Nonongan
Restr. Imron Pasarpon
Restr.Carono Pasarpon
Meubelfabr Kita Pasarpon
Broodb Varia Coyudan
Toko Phoek Coyudan
Kleerm. Ismail Coyudan
Sporthuis Venus Pasarpon
Toko Seneng Coyudan
Nillmij Tuan O.W.C. Milar
O.L. Mij De Vorstenlanden (Tuan Tan Siok Liong)
Assurantie Indonesia
R. Sindumartono (Toko Jawi-Tengah)
Tenun fabr Alidrus Shahab Pasarkliwon
Handel & Batikkerij Abdulah Awab Soengkar Pasarkliwon

--- 60 ---

Awab – Soengkar – Aloermei & Co Pasarkliwon
R. Darnoatmaodjo "Hastama"
Drukkerij Persatuan Keprabon
T. Misbah Chazani Kratonhuis (Kartosuro)
O.L.Mij Bumiputra (R. Roedjito) Jogjakarta
H.M. Ashadie "Delima"
Krètèkfabr. (Kudus)

__________

Salawatan pujian.

1. Allohoma, saliala, mukhamadin, yakhayu, yakhayumu, daimadam kang misesa, ing jagad iku sadaya, luhurêna karatone, sang aprabu Surakarta.

2. Allohoma, saliala, mukhamadin, yakhayu, yakhayumu, ngaimadan kang misesa, ing jagad iku sadaya, luhurêna jumênênge, sang aprabu Surakarta.

3. Allohoma, saliala, mukhamadin, yakhayu, yakhayumu, daimadan kang misesa ing jagad iku sadaya, luhurêna kawulane, sang aprabu Surakarta.

Saking sêsêpuhing juru pangripta.

Kula nuwun, kados ingkang kasêbut purwakanipun buku pèngêtan punika, kula badhe angaturakên pêthikan piwulang utamanipun suwita panjênêngan nata, kabêkta sampun katêlasan papan, dados kapêksa botên saèstu sagêd angêwrat bab wau. Mênggah ingkang makatên punika, pancènipun manah kula sakalangkung cuwa, jalaran pancèn parlu kangge pèngêtan utawi tilaran para putra wayah, ewadene sarèhning nama kapêksa ing kawontênan, dados inggih namung nyuwun pangapuntên, mugi andadosakên kauningan.

Mangunlêksana

--- [0] ---

[Grafik]

Biwadha Raja