Pêthikan Pranatan Gantos (Gadhe) Guprêmèn, H. Buning, 1913, #1511

Pêthikan Pranatan Gantos (Gadhe) Guphrêmèn.

Sêtatsêblad 1905, no 490.

Barang ingkang kenging dipun gantosakên dhatêng griya pagantosan, punika barang ingkang kenging dipun usung, sarta ingkang katapsir sakêdhik-sakêdhikipun pangaos f 0,10 (sadasa sèn) kajawi:

1. Barang paringanipun kangjêng guphrêmèn. Ugi kenging kagantos mênawi tiyang ingkang gantosakên sagêd nêrangakên bilih barang wau sampun dados gadhahanipun piyambak.

2. Sêrat-sêrat gantosan, sêrat-sêrat ingkang mawa aos, sêrat-sêrat pêthuk, tuwin sanès-sanèsipun dalancang ingkang mèmpêr kalihan wang krêtas.

3. Kewan-kewan sarta tanêman ingkang taksih gêsang.

4. Sadaya têtêdhan, utawi barang sanès-sanèsipun ingkang gampil dadosipun mambêt.

5. Barang-barang ingkang rêgêd sangêt.

6. Barang-barang ingkang botên kenging kadarbe ing sabên tiyang, utawi botên kenging kabêkta dhatêng sanèsing panggenan, bilih tanpa idi, ananging [a...]

--- 2 ---

[...nanging] barang mau inggih kenging kagantos ugi, mênawi sêratipun idi katêdahakên, sarta mênawi parentah pulisi anglilani barang wau kenging dipun sade lelang.

7. Barang-barang ingkang botên kenging dipun simpên wontên pagantosan, dening saking agêng sangêt.

8. Barang-barang ingkang sagêd murub, utawi gampil kobongipun.

9. Barang-barang ingkang awon gandanipun, utawi ingkang sagêd angrisakakên barang sanès mênawi katunggilakên pangrimatipun.

10. Barang-barang ingkang rêginipun namung sakêdhap kemawon, utawi ingkang rêginipun suda lumungsur utawi ingkang botên kenging katapsir dhatêng punggawa pagantosan, dening wontên sababipun sanès.

11. Barang-barang ingkang dipun gantosakên tiyang mêndêm, utawi tiyang ingkang kirang èngêtanipun, utawi tiyang ingkang botên sagêd suka katrangan ingkang cêkap dhatêng barang ingkang badhe dipun gantosakên wau.

Etangan arta sarêman ingkang dipun bayar mêsthi, kalampahakên miturut tarip ingkang kangge tambahan sêrat pranatan punika, tarip wau anêrangkên ugi wêwangênaning barang gantosan ingkang sampun kenging dipun sade, mênawi sampun botên katêbus.

Pangetanging arta sarêman punika: kaetang wiwit dintên wêkdal gantosakên, sarta dintên wêkdal anêbus, inggih punika gantosan [gantosa...]

--- 3 ---

[...n] ingkang botên langkung saking f 25 pamêndhêtipun sabên sadasa dintên. Dene sanès-sanèsing gantosan pamêndhêtipun miturut kathahing dintên panggantos, nanging sakêdhik-kêdhikipun sadasa dintên.

Mênggah sarêman wau botên pisan-pisan kenging kaetang laminipun langkung saking ingkang kasêbut wontên ing tarip sarêman.

Kêjawi arta gantosan, sarta arta sarêman ingkang mêsthi kabayar saking tiyang ingkang nêbus miturut tarip, botên kenging pisan-pisan anêdha utawi anampèni barang punapa-punapa malih.

Ing griya-griya pagantosan badhe dipun tutup sabên ing dintên Akad, tuwin sabên ing dintên agêng, mênawi miturut panimbangipun Tuwan Hoofd van den Pandhuisdienst (pangagênging pagantosan) botên wontên pakèwêtipun, sanèsipun dintên ingkang kêsêbut nginggil, griya-griya pagantosan kabikak sabên dintên, namung kenging dipun tutup salêbêtipun lelang barang gantosan, mênawi katimbang pêrlu dening Administrateur (amirsanana sêtatsêblad 1908. No. 477).

Mênawi katimbang kirang prayogi pagantosan dipun tutup ing dintên Akad, tuwan Hoofd van den Pandhuisdienst badhe anamtokakên dintên sanèsipun ingkang kangge nutup pêgantosan (amirsanana sêtatsêblad 1908. No. 576).

Jam, waktu pagantosan pantês kabikak, sarta jam, waktu pagantosan [pa...]

--- 4 ---

[...gantosan] pantês katutup, ing pundi pagantosan badhe dipun têtêpakên dening tuwan Hoofd van den Pandhuisdienst sarta badhe kawara-warakakên dhatêng têtiyang kathah.

Tuwan Hoofd van den Pandhuisdienst kagungan panguwaos dhawuh anutup pagantosan sawatawis wêkdal, anggêripun bab punika wau aparing pariksa rumiyin dhumatêng Tuwan Hoofd van Plaatselijk Bestuur sarta kasêrat wontên ing sêrat wara-wara ingkang katèmplèkakên wontên ing ngajêng pagantosan.

Barang-barang ingkang badhe dipun gantosakên, sadèrèngipun dipun tampèni badhe katapsir, papriksan sarta têtanggunganipun, wontên punggawa ingkang sampun kapatah dening Administrateur panapsiripun miturut bab ingkang badhe dipun têtêpakên dening Tuwan Hoofd van den Pandhuisdienst.

Tuwan Hoofd van den Pandhuisdienst anêtêpakên sêrat-sêrat pratelan ingkang kangge napsir, sarta arta ingkang kangge anggantos, namung sabên-sabên anggantos, anggènipun nyambuti arta, botên kenging langkung saking tigang atus rupiyah, ananging mênawi ingkang gantosakên nêdha kirangipun, kenging kemawon. Bab panêdhanipun ingkang gantosakên wau tamtu katêrangakên wontên ing sêrat gantosan, miturut bab ingkang katêtêpakên dening Tuwan Hoofd van den Pandhuisdienst.

Asarêng kalihan panampinipun arta panggantos, tiyang ingkang gantosakên [ga...]

--- 5 ---

[...ntosakên] tampi sêrat gantosan, tumrap satunggal-tunggalipun barang ingkang kagantosakên, pandamêlipun miturut tuladha ingkang katêtêpakên dening Tuwan Hoofd van den Pandhuisdienst kangge sabên pagantosan, sarta dipun tandhani miturut ingkang katêtêpakên dening tuwan punika. Dene sêrat gantosan wau têtêdhanipun kasimpên wontên ing griya pagantosan.

Sêrat gantosan punika anyêbutakên katranganing sêrat wau, namaning pagantosan, nomêr urut ingkang masi[1] kalihan nomêr urut salêbêting buku gantos, bangsanipun tiyang ingkang gantosakên, sarta katêrangan punapa kawontênanipun tiyang ingkang gantosakên, katêrangan barang ingkang dipun gantosakên, tapsiran, sarta arta panggantos, tumraping satunggal-tunggalipun barang ingkang dipun gantosakên, wêkdal dintên anggantosakên, tapsiran, tuwin wêkdal ingkang kangge ngetang sarêman, amêndhêt wêwangênan ingkang lami piyambak, punapa malih tanggal wêkdal barang gantosan kenging dipun sade lelang, sadèrèngipun dipun têbus.

Ingkang kênging kasêrat wontên ing sêrat gantosan punika, namung barang warni satunggal, utawi sagagragan, ananging mênawi ingkang gantosakên gadhah panêdha barang ingkang kasêrat wontên ing sêrat gantosan langkung saking satunggal, inggih kenging, anggêripun botên adamêl susah panyimpêning barang-barang wau.

--- 6 ---

Mênawi barang ingkang badhe kagantosakên wau dipun kintên barang pêtêng, punika anggènipun gantosakên dipun tolak rumiyin, sarta lajêng kalapurakên dhatêng pulisi, barangipun katahan dening Administrateur tiyang ingkang gantosakên dipun paringi sêrat pangakên bilih barangipun sampun dipun tampèni, sasampunipun makatên, Administrateur lajêng angintunakên barang wau dhumatêng Tuwan Hoofd van Plaatselijk Bestuur kalihan sêrat katrangan sababipun gantosan katolak, sarta tuwan wau lajêng kintun sêrat pangakên bilih sampun nampèni barang, dhatêng Administrateur tuwin Tuwan Hoofd van Plaatselijk badhe amutusi bab punika wau, miturut pamanggihipun. Mênawi barang ingkang dipun kintên pêtêng wau ingkang bêkta tiyang militèr (saradhadhu sapanunggilanipun) barang lajêng dipun kintunakên dhatêng Tuwan Plaatselijken (Plaatselijk militairen) Commandant.

Mênawi salêbêtipun prakawis wau taksih kapriksa dening pulisi utawi yustisi, môngka salêbêtipun pagantosan kêpanggih wontên barang gantosan kados ingkang kasêbut ing bageyan 1 pasal punika, utawi wontên sabab sanèsipun, barang gantosan wau pêrlu kaangge bukti, barang punika namung kenging kapundhut dening ingkang kuwaos amundhut. Bab barang punika wau Administrateur maringi sêrat tôndha bilih barang wau sampun dipun pundhut.

Barang-barang gantosan karimat kalayan sae-sae, ing sasagêd-sagêd dipun jagi supados sampun ngantos suda aosipun.

--- 7 ---

Guphrêmèn tanah Indiya Nèdêrlan, atanggêl dhatêng karisakanipun sakathahing barang ingkang dipun gantosakên, mênawi sabab: kabêsmèn, utawi sabab sanès-sanèsipun ingkang kenging kajagi kalayan gampil, ananging mênawi barang-barang punika wau sudaning aos sabab botên karimatan ing sadintên-dintênipun, ingkang gadhah botên wajib anêdha arta lintuning karugian.

Dene kathahing arta lêlintuning karugian katamtokakên makatên:

a. Mênawi barang ingkang kagantosakên ical, utawi risak babarpisan, utawi sampun botên kenging dipun angge malih, arta lêlintuning karugian kathahipun sami kalihan tapsiripun, dipun tambahi 25%.

b. Mênawi barang ingkang dipun gantosakên namung sabageyan ingkang ical, risak, utawi botên kenging dipun angge malih, kathahing arta karugian sami kalihan tapsiripun sabageyan wau, dipun tambahi 25%.

Prakawis arta karugian kalih bab ing nginggil punika, arta gantosan, sarta arta sarêman, kapêndhêt rumiyin, kaetang dumuginipun dintên badhe panêbusing barang, nanging botên kenging dipun etang mêndhêt saking wêwangên ingka[2] lami piyambak, kasêbut ing tarip etanganing sarêman.

Kathahing arta karugian dipun tamtokakên dening Administrateur, [Administra...]

--- 8 ---

[...teur,] ananging mênawi ingkang nêbus taksih animbang karugian punika dèrèng cêkap, piyambakipun kenging nyuwun bab punika supados dipun rampungi dening Tuwan Hoofd van Plaatselijk Bestuur tuwan punika badhe anêtêpakên kathahipun arta karugian.

Mênawi barang gantosan ical, utawi risak, sabab saking kêbêsmèn, arta karugianipun, badhe dipun bayar wontên ing panggenan, sarta miturut wêwaton, tuwin wiwit saking dintên ingkang dipun tamtokakên dening Tuwan Hoofd van den Pandhuisdienst sarta kakabarakên dening Tuwan Hoofd van Plaatselijk Bestuur.

Barang gantosan ingkang dipun têdha dhatêng tiyang ingkang nyêpêng sêrat gantosanipun, sasampuning arta gantosan, sarta arta sarêman dipun bayar, punapa malih sasampuning sêrat gantosan kawangsulakên, barang ingkang dipun têbus lajêng enggal-enggal dipun sukakakên dhatêng tiyang wau, kêjawi mênawi nêrak awisan ing dalêm sêrat pranatan.

Mênawi ing dintên wêkdal panêbusing barang, arta gantosan, tuwin arta sarêman botên dipun bayar, utawi mênawi barangipun botên dipun tampèni, panêbusipun kabatalakên, sarta sêrat gantosan No. 1 ingkang dipun tampèni saking tiyang wau kawangsulakên, utawi dipun tandhani miturut wêwaton ingkang katêtêpakên dening Tuwan Hoofd van den Pandhuisdienst sarta lajêng dipun kintunakên dhatêng kantoripun tuwan wau.

Mênawi miturut karampunganing pangadilan, barang gantosan ingkang

--- 9 ---

dipun sumêrêpi dening tiyang ingkang gadhah, pinanggih wontên sababipun ingkang wontên paukumanipun. Sabab saking sêrat karampungan punika wau, sêrat gantosanipun barang wau sampun botên wontên damêlipun, dene barang lajêng dipun antukakên dhatêng ingka wajib anampèni, sarta sampun botên nêdha arta panêbus, tuwin arta sarêman, ananging sadèrèngipun barang punika kaantukakên, Administrateur mêsthi sampun tampi rumiyin sêrat pêklaring saking pangadilan, ingka nêrangakên bilih barang wau dipun antukakên kalayan lêlahanan kemawon, dene sêrat pêklaring dipun sêrat ing dalancang tanpa sègêl, Administrateur botên susah ambayar ongkos.

Mênawi tiyang ingkang nêbus sumêrêp bilih barangipun risak, utawi mênawi piyambakipun botên purun anampèni barangipun amargi saking sabab sanès, piyambakipun amêsthi lajêng lapur bab punika dhumatêng Administrateur, bilih piyambakipun badhe nyuwun arta karugian. Mênawi yêktos piyambakipun pancèn gadhah wajib nyuwun arta karugian, Administrateur inggih badhe maringi, miturut pranatan ing bagiyan 3 pasal 13. Ananging mênawi tiyang ingkang nêbus anggènipun bêkta barangipun sampun mêdal saking èmpèr pagadhean, piyambakipun sampun botên gadhah wajiny[3] nyuwun arta karugian.

--- 10 ---

Mênawi tiyang ingkang gantosakên anglapurakên dhatêng Administrateur bilih sêratipun gantosan ical, sarta barangipun taksih wontên ing buku dèrèng dipun têbus, Administrateur badhe lajêng parentah dhatêng salah satunggaling punggawanipun, supados lapuraning tiyang wau dipun cathêti.

Mênawi wontên tiyang nêbus barang kalihan bêkta sêrat gantosan ingkang sampun dipun lapurakên ical, sarta para punggawa gantos dèrèng wontên ingkang sumêrêp dhatêng tiyang wau bilih punika ingkang gantosakên barang ingkang kêsêbut wontên ing sêrat gantosan punika, panêbusipun dipun tolak rumiyin, Administrateur badhe paring sumêrêp dhatêng tiyang ingkang gantosakên, bilih wontên tiyang ingkang nêdha nêbus barangipun. Bab punika mênawi tiyang ingkang nêdha nêbus botên dipun bêdhamèkakên kalihan tiyang ingkang gantosakên, utawi mênawa[4] tiyang ingkang gantosakên wau botên sagêd kêpanggih, utawi mênawi tiyang ingkang gantosakên botên dhatêng ing pagantosan, salêbêtipun 14 dintên sasampunipun Administrateur animbali, barang ingkang kêsêbut dipun tahan rumiyin, Administrateur badhe lajêng angurus bab punika miturut pranatan kêsêbut ing bageyan 3 bab punika, kêjawi mênawi wontên prakawis sanès saking pangadilan.

Mênawi wontên tiyang nêbus barang ingkang botên kasêrat gantosan, utawi ambêkta sêrat gantosan ingkang sampun risak botên têrang sêratanipun. [sêra...]

--- 11 ---

[...tanipun.] Barang punika wau kengingipun dipun têbus sasampunipun dumugi têlasing wêwangênipun, makatên punika tiyang ingkang sagêd anêrangakên dhatêng Administrateur utawi mênawi piyambakipun botên narimah karampunganipun, Administrateur kenging nyuwun karampungan dhumatêng Tuwan Hoofd van den Pandhuisdienst bilah[5] piyambakipun ingkang gantosakên barang punika, utawi piyambakipun warisipun tiyang ingkang gantosakên, kêjawi mênawi wontên karampungan sanès saka pangadilan.

Mila pagantosan-pagantosan sami kadamêl makatên, supados ing pundi-pundi pagantosan, utawi têtiyang gantosakên, utawi têtiyang nêbus, mênawi sami badhe ambêkta pêksi, para punggawa pagantosan botên kenging angalang-alangi dhatêng têtiyang ingkang sami ambêkta saksi wau.

Sadaya barang gantosan ingkang botên dipun têbus salêbêting wêwangên, kasêbut ing tarib bageyan 1 pasal 7 kêjawi barang-barang gantosan ingkang kapundhut ing pulisi utawi yustiti, [6] tamtu dipun sade ing lelangan salêbêting wêwangên ingkang katêtêpakên dening Tuwan Hoofd van den Pandhuisdienst inggih punika dhatêng ing panggenan pagantosan, utawi dhatêng sanèsing panggenan, ingkang katêtêpakên dening Tuwan Hoofd van den Pandhuisdienst, sanadyan barang-barang wau dipun sade sadaya, utawi namung sabageyan.

Tiyang ingkang nyêpêng sêrat gantosan, utawi waris ingkang kêsêbut [kêsêbu...]

--- 12 ---

[...t] ing bageyan 3 pasal 15, taksih sagêd nêbus barangipun, mênawi dèrèng dipun sade utawi kabêkta dhatêng panggenan sanès, nanging Tuwan Hoofd van den Pandhuisdienst kuwaos anêtêpakên salah satunggalipun pagantosan, anggêripun dipun wara-warakakên kalihan sêrat ingkang dipun tèmplèkakên wontên ing pagantosan punika, bilih salêbêtipun kalih dintên kalih dalu sadèrèngipun lelang (utawi sadèrèngipun barang-barang gantosan kabêkta dhatêng sanès panggenan badhe kasade lelang), barang gantosan botên kenging dipun têbus, utawi dipun gantosakên malih. [7]

Tiyang-tiyang ingkang kasêbut ing bagiyan 2 pasal punika, mênawi botên wontên pranatan kados ingkang kasêbut têlas-têlasanipun bageyan 2 pasal punika, taksih sagêd gantosakên malih barangipun, sadèrènge barang wau kabêkta dhatêng panggenan sanès badhe kasade, utawi dhatêng los lelangan. Ing bab punika têtiyang wau kêdah ambayar sarêmanipun, sarta amangsulakên sêratipun gantosan lami supados dipun santuni enggal. Mênawi têtiyang wau nyuwun, utawi mênawi dipun timbang pêrlu dening Administrateur, arta gantosanipun katêtêpakên malih miturut pranatan ingkang kasêbut ing pasal 11 mênawi arta gantosan enggal kirang kalihan arta gantosan ingkang lami, tiyang ingkang nêbus ambayar kêkiranganipun, [kêki...]

--- 13 ---

[...ranganipun,] dene mênawi langkung ingkang nêbus tampi langkunganipun, mênawi arta sarêman botên dipun bayar, utawi mênawi sêrat gantosan enggal botên dipun tampèni dhatêng tiyang ingkang nêbus, panyuwunipun tiyang ingkang nêbus badhe gantosakên barangipun malih katolak, sarta sêrat gantosan enggal ingkang sampun dipun sêrat badhe katandhanan miturut bab ingkang katêtêpakên dening Tuwan Hoofd van den Pandhiusdienst[8] sarta lajêng dipun kintunakên dhatêng kantor Hoofdbureau kanthi kalihan sêrat gantosan lami saking tiyang ingkang nêbus wau, mênawi sêrat punika sampun botên sagêd wangsul dhatêng ingkang gadhah malih.

Arta gantosan kenging kabayar kalihan nicil, jangji sabên nicil sampun kirang saking gunggunging petangan ingkang dipun têtêpakên dening Tuwan Hoofd van den Pandhuisdeinst[9] punapa malih sarêman inggih kabayar ugi, cicilan punika kenging dipun têtêpakên ing sabên pagantosan piyambak-piyambak, mênawi tiyang nicil arta gantosan, barangipun tamtu lajêng kagantosakên malih, mênawi barangipun langkung saking satunggal, dipun sêrat wontên ing satunggal sêrat gantosan, sarta sintên ingkang nyêpêng sêrat wau lajêng anicil arta gantosanipun, piyambakipun ugi kenging nyuwun sabageyan saking barangipun, anggêripun arta kêkantunaning gantosan botên langkung saking arta gantosan ingkang miturut sêrat pratelan kasêbut ing pasal 11 bageyan 2 barang ingkang kantun kenging dipun tapsir.

--- 14 ---

Lampahipun barang gantosan ingkang kasade lelang sasampuning kapêndhêt sapintên kathahe arta gantosan tuwin arta sarêman, sapintên langkunganipun arta lajêng kasudhiyakakên wontên ing pagantosan, badhe katampèkakên dhatêng ingkang wajib nampèni.

Arta lakungan[10] punika mênawi katêdha dhatêng tiyang ingkang bêkta sêrat gantosan, lajêng kasukakakên dhatêng tiyang ingkang nêdha wau, sêrat gantosan ingkang kasêbut kawangsulakên dhatêng pagantosan, ananging bilih sêrat gantosan punika wau sampun kalapurakên ical, tiyang ingkang gantosakên kaparingan sumêrêp, bilih wontên tiyang ingkang nêdha arta langkunganing gantosanipun, sarta arta wau lajêng katahan rumiyin. Mênawi prakawis punika botên sagêd ambêdhamèkakên dhatêng tiyang ingkang gantosakên kalihan tiyang ingkang kêsêbut, utawi manawi tiyang ingkang gantosakên botên sagêd kêpanggih, utawi mênawi botên sagêd dhatêng ing pagantosan salêbêtipun 14 dintên, sasampunipun tampi timbalan saking Administrateur, arta langkungan wau badhe kabayarakên dhatêng tiyang ingkang sagêd nêrangakên dhumatêng Administrateur, bilih piyambakipun lêrês tiyang ingkang anggantosakên, utawi warisipun, dene mênawi tiyang wau botên narimah dhatêng karampunganipun Administrateur, kenging nyuwun karampungan dhumatêng Tuwan Hoofd van den Pandhuisdiens.

Mênawi arta langkungan dipun suwun dhatêng tiyang ingkang botên ambêkta sêrat gantosanipun, utawi ingkang bêkta sêrat gantosan sampun [sampu...]

--- 15 ---

[...n] risak sêratanipun botên kenging kawaos, bab punika badhe kaurus kados ingkang kasêbut wontên ing têlas-têlasanipun bageyan 3 pasal punika.

Arta langkungan laminipun sataun sasampunipun lelang, mênawi botên wontên tiyang ingkang nyuwun, dados kagunganing guprêmèn, kêjawi mênawi ingkang wajib tampi sampun dhatêng ing pagantosan salêbêtipun taun wau, nanging arta dèrèng kaparingakên, awit wontên sabab ingkang pêrlu ingkang miturut timbanganipun Tuwan Hoofd van den Pandhuisdienst kenging katampenan.

__________

--- 16-17 ---

Tarip Kangge Angetang Sarêmanipun Arta Panggantos 25 Rupiyah Mangandhap.

Arta panggantosPambayaripun arta sarêman katamtu ing sabên:Pamêndhêting sarêman botên langkung saking
10 dintên20 dintên30 dintên40 dintên50 dintên60 dintên70 dintên80 dintên90 dintên
Saking f 0,10 dumugi f 0,50f 01f 02f 03f 04f 05f 06f 07f 08f 09Sangang dasa dintên
Saking f 0,55 dumugi f 1,-f 02f 04f 06f 08f 10f 12f 14f 16f 18
Saking f 1,10 dumugi f 2,-f 04f 08f 12f 16f 20f 24f 28f 32f 36
Saking f 2,10 dumugi f 3,-f 06f 12f 18f 24f 30f 36f 42f 48f 54
Saking f 3,10 dumugi f 4,-f 08f 16f 24f 32f 40f 48f 56f 64f 72
Saking f 4,10 dumugi f 5,-f 10f 20f 30f 40f 50f 60f 70f 80f 90
Saking f 5,10 dumugi f 6,-f 12f 24f 36f 48f 60f 72f 84f 96f 108
Saking f 6,10 dumugi f 7,-f 14f 28f 42f 56f 70f 84f 98f 112f 126
Saking f 7,10 dumugi f 8,-f 16f 32f 48f 64f 80f 96f 112f 128f 144
Saking f 8,10 dumugi f 9,-f 18f 36f 54f 72f 90f 108f 126f 144f 162
Saking f 9,10 dumugi f 10,-f 20f 40f 60f 80f 100f 120f 140f 160f 180
Saking f 10,10 dumugi f 11,-f 22f 44f 66f 88f 110f 132f 154f 176f 198
Saking f 11,25 dumugi f 12,-f 24f 48f 72f 96f 120f 144f 168f 192f 116[11]
Arta panggantosPambayaripun arta sarêman katamtu ing sabên:Pamêndhêting sarêman botên langkung saking
10 dintên20 dintên30 dintên40 dintên50 dintên60 dintên70 dintên80 dintên90 dintên
Saking f 12,25 dumugi f 13,-f 26f 52f 78f 104f 180[12]f 156f 182f 208f 234Sangang dasa dintên
Saking f 13,25 dumugi f 14,-f 28f 56f 84f 112f 140f 168f 196f 224f 252
Saking f 14,25 dumugi f 15,-f 30f 60f 90f 120f 150f 180f 210f 240f 270
Saking f 15,50 dumugi f 16,-f 32f 64f 96f 128f 160f 192f 224f 256f 288
Saking f 16,50 dumugi f 17,-f 34f 68f 102f 136f 170f 204f 238f 272f 306
Saking f 17,50 dumugi f 18,-f 36f 72f 108f 144f 180f 216f 252f 388[13]f 324
Saking f 18,50 dumugi f 19,-f 38f 76f 114f 152f 190f 228f 266f 304f 342
Saking f 19,50 dumugi f 20,-f 40f 80f 120f 160f 200f 240f 280f 320f 360
Saking f 20,50 dumugi f 21,-f 42f 84f 126f 168f 210f 252f 294f 336f 378
Saking f 21,50 dumugi f 22,-f 44f 88f 132f 176f 220f 264f 308f 352f 396
Saking f 22,50 dumugi f 23,-f 46f 92f 138f 184f 230f 276f 322f 368f 414
Saking f 23,50 dumugi f 24,-f 48f 96f 144f 192f 240f 238[14]f 336f 384f 432
Saking f 24,50 dumugi f 25,-f 50f 100f 150f 200f 250f 300f 350f 400f 450

--- [18] ---

Tarip Sarêman (Anakan).

Arta panggantosSarêmanPamêndhêtipun sarêman botên langkung
50 sèn utawi kirang1 sèn ing dalêm 10 dintênsaking 90 dintên
langkung saking f 0,50 dumugi f 25,-2 sèn ing f 1,- ing dalêm 10 dintên90 dintên
langkung saking f 25,- dumugi f 50,-5 sèn ing f 1,- ing dalêm 30 dintênkirang saking 10 dintên 180 dintên
langkung saking f 50,- dumugi f 75,-4 sèn ing f 1,- ing dalêm 30 dintênkaetang 10 dintên 270 dintên
langkung saking f 75,- dumugi f 100,-3 sèn ing f 1,- ing dalêm 30 dintênlangkung saking 10 dintên 360 dintên
langkung saking f 100,- dumugi f 300,-1 sèn ing f 1,- ing dalêm 30 dintênkaetang dintên 360 dintên

--- 19 ---

Ing ngandhap punika pratelanipun ukuran, takêran saha timbangan warni-warni, ingkang limrah kangge ing tanah Jawi.

A. Ukuran lajuran.

1 pal (ing tanah Jawi) = 400 cêngkal (ru) = 1506,94 mètêr, ing sapunika saking karsanipun kangjêng guprêmèn, sapal panjangipun katêmtokakên 1500 mètêr.

1 cêngkal = 12 kaki = 3,767 mètêr.

1 kaki = 12 dim = 0,314 mètêr.

1 dim = 12 sêtrip.

1 elo Amstêrdham = 0,7 M. (lugunipun 0,68781 M.)

1 yar (Yard = elo Enggris) = 0,91 M. (lugunipun 0,9144 M.)

Elo Enggris punika limrah kangge ukuran mori, sêmbagi cita saha sanès-sanèsipun, ingkang taksih êmblogan.

B. Ukuran jêmbar (pasagi).

1 jung = 2 kikil

1 kikil = 2 bau

1 bau = 2 lupit

1 lupit = 2 iring

1 iring = 2 idu

1 idu = 2 kêcrit

--- 20 ---

1 bau ing tanah guprêmenan = 500 ru, utawi cêngkal ? = 500 ubin = 7096,5 M2

Kala rumiyin ing Pasuruan 1 bau = 1225 ru ?

Ing Bêsuki 1 bau = 1400 ru ?

Ing Jawi Kilèn 1 jung = 2 bau

Ing Jawi Wetan 1 pancar = 4 bau

C. Timbangan.

1 dhacin (pikul) = 100 kaki = 125 pun (Amstêrdham) = 61,76125 kilogram

1 koyan (sarêm) = 30 dhacin = 18 karung

1 kati (candu) = 16 tail

1 tail = 10 ci = 0,0386 kilogram

1 ci = 10 timbang (mata)

D. Wicalaning pantun.

1 amêt = 25 gèdhèng (ingkang 1 gèdhèng kangge jakat)

1 uwa = 12½ gèdhèng (ingkang 1 bêlah kangge jakat)

1 gèdhèng = 2 bêlah

1 sôngga = 5 gèdhèng

E. Timbangan jêne, slaka.

1 tail = 2 reyal = 2 sêmat = 0,054090 KG

1 reyal = 4 suku = 2 sêmat (jampêl) = 0,027045 KG.

--- 21 ---

1 suku = 2 tali

1 tali = 3 wang

F. Intên.

1 karat = 0,000205 KG.

G. Timbangan jampi (apotheek).

1 ons = 8 drachme = 0,030760 KG.

1 drachme = 3 scrupêl.

1 scrupêl = 20 grein.

1 grein = 0,000064 KG.

H. Takêran barang cuwèr warni-warni.

Tong (sêtrup) = 48 kan = 72,761 Litêr.

1 takêr (lisah) = 17 kan = 25,770 Litêr.

Catatan kaki:

1. sami (kembali)
2. ingkang (dan di tempat lain) (kembali)
3. wajib (kembali)
4. mênawi (kembali)
5. bilih (kembali)
6. yustisi (kembali)
7. § Bokmanawi ingkang winastan dening têtiyang Jawi dipun kirim. (kembali)
8. Pandhuisdienst (kembali)
9. Pandhuisdienst (kembali)
10. langkungan (kembali)
11.  f 21 (kembali)
12. f 130 (kembali)
13. f 288 (kembali)
14. f 288 (kembali)