Pos Sêpar Bang ing Indhiya Nèdêrlan, H. Buning, 1913, #1512

JudulCitra
Terakhir diubah: 04-12-2018

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Pos Sêparbang ing Indiya Nèdêrlan.

Punapa ingkang dipun wastani pos sêparbang punika, têtiyang băngsa Jawi taksih kathah sangêt ingkang dèrèng sumêrêp, malah mirêng kemawon dhatêng namanipun pos sêparbang punika bokmênawi awis-awis, langkung malih dhatêng pêrlu sarta pigunanipun pos sêparbang wau saya tangèh sangêt.

Padatanipun tiyang ingkang kathah botên sagêd anyimpên arta punapa malih tiyang ingkang nampèni balănja mèh kenging katêmtokakên lajêng têlas kangge nyaur sambutan kemawon. Dena[1] mênawi badhe tumpas punapa-punapa sampun botên sagêd, têmahan lajêng anyambut-nyambut malih.

Tiyang ingkang kados makatên punika wau awit saking kabodhoanipun, wêkasan têmtu badhe anandhang kasusahan ing salaminipun gêsang.

Bilih tiyang manggih sangsara, têmtu botên sagêd sumêrêp kadospundi margine ingkang sagêd mitulungi uwalipun saking sangsara, botên [botê...]

--- 2 ---

[...n] wontên malih kêjawi namung ngupados sambutan arta ingkang mawi nyarêmi kathah. Ingkang makatên punika saya lami saya tambah kamlaratanipun, punapa wontên manusa ingkang botên nate kataman ing susah.

Têtiyang tani juru sabin sasaminipun, ugi kenging kasusahan, sabab saking botên kêmêdalan tanêmanipun pantun, utawi tanêmanipun palawija, utawi mênawi pêjah rajakayanipun, utawi griya utawi lumbungipun kêbêsmèn.

Para priyantun têmtu asring gêrah sariranipun, mênawi pinuju gêrah: garwa tuwin putranipun têmtu susah dening botên wontên ingkang kangge balănja dhahar padintênan.

Wontên malih tiyang ingkang ngêdalakên arta kangge têtumbas barang-barang, kados ta: mênawi gadhah damêl mantu, têtakan utawi sunatan, utawi badhe kangge tumbas kapal, utawi kangge dandosi griya sasaminipun. Ingkang makatên punika sajatosipun ingkang murugakên dhatêng kaborosan, mila ingkang sayogi anyèlèngana arta saking sakêdhik ing sabên wulan.

Pandamêlan ing nginggil punika langkung prayogi, tinimbang kalihan ingkang nyambut arta, sabab arta sambutan punika panyauripun têmtu mawi sarêman.

Tiyang nyambut arta punika têgêsipun angêdalakên arta ingkang

--- 3 ---

langkung kathah, awit angêdalakên prabeya sarta sarêman. Nyimpêni arta punika kathah sangêt paedahipun, sabab badhe botên ical, malah sagêd angsal sarêman.

Tiyang ingkang bodho, rêmên nyambut arta, nanging tiyang ingkang sagêd: rêmên anyimpêni arta.

Tiyang ingkang badhe nyambut arta punika kêdah manis arum kanthi ngasih-asih têmbungipun, punapa malih kêdah anoraga, dene tiyang ingkang simpên arta: botên susah mawi punapa-punapa.

Tiyang ingkang nyambut arta: sagêd dados miskin. Nanging tiyang ingkang nyambutakên arta: lami-lami sagêd dados sugih.

Têtiyang tani sampun pisan-pisan rêmên anyade pantunipun, sasampune dipun ênèni sarta bilih pinuju mirah pantun, ingka[2] sayogi ingkang sabageyan dipun simpêni ngantos dumugi măngsa tanêm malih, ingkang supados wontêna ingkang katêdha tuwin ingkang kaangge wiji malih, tirahanipun lajêng kenging dipun sade kalayan rêgi awis.

Sudagar ingkang sade sinjang utawi sanès-sanèsipun barang, arta pêpajêngane daganganipun sampun sok dipun angge têtumbas têtêdhan, sanadyan kaanggea ingkang sayogi namung sabageyan kemawon, langkunganipun lajêng kasimpênana, kenging kangge têtumbas barang-barang [barang-ba...]

--- 4 ---

[...rang] ingkang enggal, sarta ingkang kenging kasade malih kalihan angsal bathi.

Para priyantun ingkang taksih taruna, sarta bagas kasarasan sariranipun, punapa malih dèrèng pêputra kathah, balanjanipun ingkang katampenan sampun sêring kangge têtumbas ingkang kirang pêrlu, utawi kangge palêsiran, angèngêtana mênawi manusa punika saya lami saya dados sêpuh, sarta sêring kataman sêsakit, wêkasanipun pêjah. Punapa malih anyêkolahakên para putranipun, dados badhe kathah arta ingkang kawêdalakên kangge waragad, sayoginipun balănja wau ing sabên wulan kasimpêna ingkang sabagiyan.

__________

Ingkang supados tiyang sagêd anyimpêni artanipun, kangjêng guprêmèn sampun angêdêgakên pos sêparbang.

Mênawi tiyang tani anyade pantun, utawi maesanipun, arta pêpajêngane anggènipun sêsadeyan wau padatan kasimpên ing pêthi, utawi ing bumbung utawi dipun pêndhêm ing siti.

Makatên ugi tumrap para sudagar bilih sêsadeyan barangipun, sarta para priyantun ingkang angrimati artanipun, wontên salêbêting pêthi, utawi lêmantun, utawi katumbasakên barang mas intên, ingkang pajêng kasade utawi kagantosakên.

Mênawi griyanipun tiyang tani utawi sudagar utawi dalêmipun para

--- 5 ---

priyantun kabêsmèn, utawi mênawi kêpandungan, arta ingkang dipun simpêni wau tamtu badhe ical, utawi malih mênawi wontên mitra karuhipun ingkang dhatêng nyambut arta.

Mênawi arta punika dipun simpêni wontên ing pos sêparbang, tamtu botên sagêd kêbêsmèn, utawi kêpandungan, utawi dipun sambut ing tiyang.

Kangjêng guprêmèn ing Indhiya Nèdêrlan, atanggêl arta ingkang kasimpên wontên pos sêparbang tamtu badhe kawangsulakên dhatêng tiyang ingkang gadhah, sarta mawi kaparingan sarêman.

Arta ingkang kasimpên wontên ing sêparbang punika botên sagêd ical, awit pangrimatipun sakalangkung sae, sarta kenging dipun suwun wangsul.

__________

Awit saking kangjêng guprêmèn badhe karsa atêtulung dhatêng para kawulanipun têtiyang ing Indhiya Nèdêrlan, ingkang supados sagêda sami anyimpêni artanipun, mila kangjêng guprêmèn anêtêpakên ing pundi panggenan ingkang wontên kantor posipun agêng utawi alit, sabên tiyang kenging anitipakên artanipun dhatêng ing pundi pos sêparbang.

Arta ingkang katitipakên wau lajêng kakintunakên dhatêng ing Batawi, dene namanipun tiyang ingkang nitipakên arta, sarta sapintên kathahing [kathah...]

--- 6 ---

[...ing] arta ingkang katitipakên, punapa malih katamtokakên sapintên angsalipun sarêman ing sabên sataun, dipun sêrat wontên ing buku dening tuwan dhirèkturing pos sêparbang ingkang katitipan arta wau.

Sadaya punika kasêrat kalayan lêrês, sarta tiyang sampun pisan-pisan kuwatos mênawi artanipun badhe botên suka katêdha wangsul.

Sadhengah tiyang sanadyan botên sagêd nyêrat utawi maos, tamtu kenging dhatêng ing kantor pos anitipakên artanipun.

Amtênar ing kantor pos wajib amitulungi dhatêng para tiyang, botên ngetang priyantun, tiyang alit, sugih, miskin, sarta dipun pacuhi botên kenging yèn nêdhaa epahan, bab anggènipun mitulungi wau, kêdah namung lêlahanan kemawon.

Awit saking ingkang makatên punika têtiyang sampun mawi ajrih sarta was sumêlang mênawi badhe dhatêng kantor pos anitipakên artanipun, jangji kantor pos pinuju mênga.

__________

Amtênar ing kantor pos dipun pacuhi botên kenging cariyos dhatêng tiyang sanès, bab kawontênanipun tiyang ingkang sami nitipakên arta ing sêparbang, tuwin sapintên kathahing arta ingkang katitipakên,

--- 7 ---

panyimpêning arta punika damêl wados, sampun ngantos wontên tiyang ingkang sumêrêp.

__________

Sintên ingkang badhe kintun sêrat dhumatêng dhirèktur pos sêparbang ing Batawi, botên susah dipun prangko, utawi mawi dalancang sègêl, sêrat kintunan wau sampun mêsthi dipun wangsuli dening dhirèktur pos sêparbang kalayan tumuntên.

__________

Sabên tiyang kenging anitipakên arta dhatêng pos sêparbang, kados ta: băngsa Walandi, Jawi, Cina, Ngarab sarta sanès-sanèsipun.

Têtiyang jalêr utawi èstri, punapa malih rare, ugi kenging titip arta dhatêng pos sêparbang.

Sadhengah pakêmpalan, kados ta: kamar bolah, pakêmpalan tulung-tinulung, pakêmpalan sêrat-sêrat, kenging titip arta dhatêng pos sêparbang ugi.

__________

Têtiyang siti, tuwin têtiyang băngsa ngamănca, ingkang badhe anitipakên artanipun, botên pêrlu mawi nêdha pitulungan dhatêng kêpala kampung sarta sanès-sanèsipun, têtiyang kenging kemawon [kemawo...]

--- 8 ---

[...n] lajêng dhatêng piyambak ing kantor pos, tuwin wontên ing ngriku tamtu lajêng angsal pitulungan.

Mênawi ingkang badhe nitipakên arta punika tiyang èstri, sampun botên pêrlu nêdha pitulunganing lakinipun, tiyang èstri wau kenging ambêkta artanipun piyambak, sarta lakinipun botên kenging anêdha wangsul arta ingkang katitipakên wau. Dene mênawi jalêr èstri punika wau sami sarujukipun, ingkang jalêr kenging mitulungi dhatêng rabinipun.

Rare-rare ingkang dèrèng ngumur kenging ambêkta artanipun piyambak dhatêng ing kantor pos, ingkang botên mawi pitulunganing bapakipun, utawi ingkang kuwaos ingatase rare wau.

Bapa utawi biyung ugi kenging anitipakên arta ngangge namane anakipun, sarta arta wau dados gadhahane anakipun wau, dene anak wau kenginge ngangge artanipun punika, mênawi sampun agêng.

Mênawi tiyang badhe nyakolahakên anakipun dhatêng sakolahan calon priyantun, utawi sanès-sanèsipun sakolahan, tiyang wau kenging anitipakên arta saking sakêdhik, nanging kêdah kapêsthi kathah kêdhikipun, mênawi anggènipun nitipakên arta laminipun sampun gangsal utawi sadasa taun, utawi kirang langkungipun [lang...]

--- 9 ---

[...kungipun] saking sadasa taun, arta ingkang katitipakên punika kenging dipun sukakakên dhatêng anakipun wau.

Mênawi anggène titip arta ing sabên wulanipun f 10 sataun dados f 120, bilih sadasa taun f 1200 sarta angsal sarêman f 152,76, dados sagêd tampi f 1352,76.

Nitipakên arta dhatêng pos sêparbang punika ugi kenging kadamêl musakani (tinggalan) mênawi piyambakipun tilar dunya, supados anak tuwin bojonipun sampun ngantos kasusahan, sarta kenging damêl aturan, arta ingkang katitipakên punika wau sadèrènge piyambakipun pêjah, botên kenging dipun suwun dhatêng bojonipun, kêjawi mênawi angsal palilah saking piyambakipun.

__________

Mênawi tiyang nitipakên arta sarupiyah ing sabên wulan, sataun dados kalih wêlas rupiyah, sarta kawêwahan sarêman 13 sèn.

Bilih sampun gangsal taun f 63,50 sadasa taun f 135,19, sarta bilih sampun kalih dasa taun f 306,50.

Mênawi tiyang anitipakên ing sabên wulan f 5, ing dalêm sataun gadhah arta f 60,66, dalêm gangsal taun f 318,14, [sada...]

--- 10 ---

[...sa] taun f 676,33, sarta ing dalêm kalih dasa taun f 1533,67.

Awit saking petanging sarêman ing nginggil punika, tiyang sampun kirang pêrlu anyambutdamêl, langkung sêkeca lênguk-lênguk kalihan sênênging manah, sinambi angêntosi dumugining măngsa, awit artanipun ingkang katitipakên ing sêparbang saya lami, saya mindhak kathahipun. Mênawi arta ingkang katitipakên wau sampun dados f 2400, langkungipun samantên sampun botên angsal sarêman, ugi kenging anitipakên arta sapintên kemawon kathahipun, ananging ing dalêm f 100 sarêmanipun sawulan namung kalih dasa sèn.

___________

Kadospundi caranipun mênawi tiyang badhe nitipakên arta dhatêng pos sêparbang:

Saupami: pun Suta tiyang tani mêntas sade maesanipun, adat tatacaranipun têtiyang tani sasampunipun tampi arta pêpajêngane maesanipun wau sadumugining griya lajêng dipun simpêni ing ngandhap ambèn, utawi dipun wadhahi ing bumbung, utawi kapêndhêm ing siti, amargi ajrih mênawi dipun colong ing pandung. Sapunika pun Suta sampun sumêrêp bilih tiyang kenging anyimpêni artanipun katitipakên dhatêng kantor pos, kados ta: mênawi dhatêng pêkên arta ingkang badhe katitipakên kabêktaa, lajêng kaampirna dhatêng kantor [ka...]

--- 11 ---

[...ntor] pos, anyuwuna tulung dhatêng tuwan-tuwan ingkang nyambutdamêl ing kantor pos ngriku, nitipakên arta dhatêng ing pos sêparbang.

Tuwan wau lajêng andangu dhatêng pun Suta: Apa kowe bisa nulis. Rèhning pun Suta botên sagêd nyêrat, wangsulanipun: Botên sagêd tuwan.

Tuwan andangu malih: Jênêngmu sapa, omahmu kampung ngêndi, klairamu ngêndi, umurmu pira, jênêngmu cilik sapa, sarta akathah malih pandangunipun.

Mênggah pandangon makatên punika wau langkung pêrlu, tiyang ingkang dipun dangu sampun ajrih, lajêng angaturna punapa pandangonipun wau, dene pêrluning pandangonipun tuwan wau supados sagêda têrang dhatêng sintên tiyang ingkang gadhah arta mênawi botên makatên badhe sagêd kalèntu, awit kathah kemawon tiyang ingkang nunggil nama pun Suta. Bilih makatên tamtu botên kenging kabaliwur tiyang sanès ingkang botên titip arta lajêng nêdha wangsule artanipun, sabab pandangonipun sampun jalimêt sarta lajêng kasêrat ing buku, punapa malih katêrangakên namung pun Suta ingkang kenging nyuwun wangsule artanipun, awit piyambakipun ingkang gadhah. Tiyang sanès botên kenging, sanadyan pun Suta kecalan pratandhanipun, utawi kêpandungan, nanging tiyang sanès botên sagêd angsal arta, sabab botên sumêrêp punapa ingkang kasêrat wontên buku.

--- 12 ---

Sanadyan makatên ananging langkung gampil bilih pun Suta sagêd nyêrat, amargi sagêd anandhani tangan piyambak, punapa malih sadaya katêrangan ingkang nyariyosakên manawi arta punika ing têmbe kawangsulakên dhatêng ingkang gadhah piyambak. Mênawi sadaya katêrangan sampun kasêrat ing buku, pun Suta lajêng anyukakakên artanipun ingkang badhe katitipakên, piyambakipun lajêng anampèni buku saking pos sêparbang, buku wau anêrangakên sapintên kathahing arta ingkang dipun titipakên, sarta pun Suta angsal bintang satunggal, ingkang wontên sêratanipun, tuwin ăngka sami kalihan sêratan sarta ăngka ingkang wontên buku wau.

Buku tuwin bintang punika lajêng karimatana ingkang sae, mênawi buku punika ical, nanging bintangipun botên ical, utawi mênawi bintangipun ical, bukunipun botên, dados salah satunggalipun taksih kenging katêdahakên, awit saking punika pangrimatipun bintang kalihan buku prayogi dipun pisah.

Mênawi pun durjana ingkang nyolong buku badhe nêdha yatra ingkang katitipakên, amêsthi botên sagêd angsal, sabab tanpa bintang, awit pun Suta bilih nyuwun artanipun kêdah anyaosakên buku tuwin bintangipun.

Têtiyang ingkang nitipakên arta wontên pos sêparbang, bilih

--- 13 ---

sampun nampèni bukunipun, punika mênawi badhe mêwahi titipanipun arta gampil sangêt, sapintên kathahipun kenging kemawon, jangji botên kirang saking 25 sèn, sabên badhe mêwahi kêdah ambêkta bukunipun, amargi badhe kasêrat etanging arta ingkang katatipakên[3]

__________

Tiyang ingkang gadhah buku punika wau mênawi angalih panggenan ing pundi-pundi botên pêrlu anyuwun gantos buku enggal, sarta nyuwun wangsul artanipun, awit buku punika kenging kaangge wontên saantero bawah Indiya Nèdêrlan, ing pundi-pundi amêsthi wontên kantor posipun, sarta kenging titip arta malih dhatêng panggenanipun enggal wau, punapa malih kenging nyuwun wangsule artanipun. Ing pundi-pundi kantor pos mênawi wontên tiyang ingkang nyuwun wangsul artanipun tamtu lajêng kabayar, ananging pangagênging kantor pos tamtu dèrèng sumêrêp dhatêng tiyang ingkang ngalih enggal, mila kêdah kintun sêrat rumiyin dhatêng dhirèktur ing Batawi, anyuwun katrangan sarta idi.

__________

Mênawi tiyang ingkang titip arta wau kecalan bukunipun, utawi bintangipun, sampun was sumêlang mênawi artanipun ingkang katitipakên punika ical, namung lajêng enggal dhatênga ing kantor pos, angaturi uninga bilih buku utawi bintangipun ical, sarta [sar...]

--- 14 ---

[...ta] anêrangna kadospundi sababe icalipun, punapa malih kenging gadhah pandakwa dhatêng tiyang ingkang kinintên mêndhêt buku utawi bintangipun. Ing ngriku piyambakipun tamtu kaparingan malih buku tuwin bintang enggal, ananging mawi kenging waragad 25 sèn. Punapa malih mênawi buku wau sampun kêbak sêratan, utawi rêgêd, utawi suwèk, ingkang gadhah buku tamtu kaparingan santun buku enggal kalayan tanpa waragad.

__________

Pos sêparbang ambayar sarêman ing dalêm 100 rupiyah, 20 sèn ing sawulanipun, bilih 10 rupiyah, 2 sèn ing sawulanipun.

Têtiyang ingkang sami nitip arta: sabên sataun sapisan, kêdah angintunakên bukunipun dhumatêng tuwan dhirèktur pos sêparbang ing Batawi, pêrlu badhe kasêrat sapintên kathahe sarêmanipun, mênawi sampun buku lajêng kawangsulakan[4] dhatêng sintên ingkang gadhah. Dene mênawi băngsa Islam ingka gadhah tamtu botên ajêng nampèni sarêman, punika kêdah pratela dhumatêng tuwan dhirèktur supados sarêman sampun kasêrat ing buku.

__________

Parentah Indiya Nèdêrlan tanggêl arta wau sasarêmanipun mêsthi badhe kawangsulakên dhatêng ingkang gadhah.

--- 15 ---

Mênawi arta ingkang kasuwun botên langkung saking f 100, lajêng sagêd nampèni kalayan tumuntên saking kantor pos ing pundi ingkang dipun ênggèni, tiyang ingkang badhe nyuwun wangsule artanipun ingkang katitipakên, kêdah dhatêng ing kantor pos kalihan bêkta bukunipun, badhe kasêrat sapintên kathahing arta ingkang dipun tampèni.

Mênggah panyuwuning wangsul arta punika kenging sakajêngipun, kathah sakêdhika jangji botên kirang saking 25 sèn, nanging tiyang kêdah anêdahakên buku tuwin bintangipun, punapa malih anandhani nama wontên ing kwitansi.

Mênawi tiyang botên sagêd nyêrat, ugi kenging nyuwun wangsul artanipun, nanging kêdah anandhani cap dumuk wontên ing kwitansinipun, sarta mawi kasêksèn ing tiyang, dene saksi wau botên susah bêkta tiyang saking griya, awit ing kantor pos salaminipun sampun sadhiya saksi.

Mênawi panyuwunipun langkung f 100, utawi arta ingkang katitipakên kasuwun sadaya, punika kêdah nyuwun idi dhumatêng dhirèktur ing Batawi.

Tiyang ingkang badhe nyuwun wangsul artanipun sadaya wau kêdah dhatêng kantor pos rumiyin, wontên ing ngriku têmtu lajêng dipun wulang dening

--- 16 ---

punggawa kantor pos, kadospundi caranipun adamêl sêrat panuwunan wangsuling artanipun.

Dhirèktur tumuntên aparing idi amaringakên arta wau.

Mênawi panyuwunipun arta punika kêdah enggal-enggal, dening pêrlu kanggenipun, kenging kasuwun mêdal telegram, nanging prabeyaning telegram kabayar piyambak.

Mênawi tiyang ingkang titip arta pinuju sakit, utawi botên sagêd dhatêng ing kantor piyambak, kenging namung wakil kemawon, ananging tiyang ingkang titip arta kalihan wakilipun kêdah sami sagêd nyêrat.

__________

Mênawi tiyang badhe titip arta angangge namanipun tiyang sanès, kados ta: namanipun ingkang èstri, utawi namaning anakipun, utawi namaning putunipun, punika piyambakipun inggih kenging darbe panyuwun, supados arta wau sampun kaparingakên dhatêng ingkang èstri, anak, tuwin dhatêng putunipun wau, mênawi panêdhanipun botên kalayan angsal palilah saking piyambakipun, utawi malih ugi kenging anamtokakên arta punika kenging katêdha wangsul, mênawi anakipun sampun imah-imah, utawi sasampunipun sataun, utawi kalih taun, utawi gangsal taun minggah.

Dene mênawi anak ingkang dipun pusakani tilar dunya, utawi

--- 17 ---

taksih gêsanga, arta ingkang katitipakên wau badhe kapusakakakên dhatêng anak sanèsipun, punika botên wontên pakèwêtipun, kenging ing sangajêngipuna,[5] ingkang makatên punika punapa botên nama anggampilakên dhatêng ingkang sami sumêdya anyèlèngi utawi titip arta.

__________

Kajawi ingkang sampun kêsêbut nginggil, para priyantun abdinipun kangjêng guprêmèn, sarta priyantun pènsiyunan, ondêrsêtan, sarta wakhelan, ugi kalilan mênawi badhe anyèlèngi arta dhatêng pos sêparbang sarana kapêndhêt saking balanjanipun, utawi pènsiyunipun, utawi ondêrsêtanipun, utawi saking wakhelanipun, ingkang tanpa prabeya, sarta kenging nêdha kèndêl, utawi kenging mêwaha,[6] utawi ngirangi arta ingkang katitipakên wau, punapa malih para priyantun wau kenging anyuwun wangsule artanipun ingkang katitipakên ngangge tăndha namanipun piyambak. Sarta para priyantun wau anggènipun anitipakên arta sabên wulan botên susah dhatêng kantor pos, tuwin botên tampi buku sarta bintang.

Para priyantun tuwin sanès-sanèsipun ingkang badhe titip arta kêdah nyuwun pola sêrat dhatêng kantor pos kalih lêmbar. 1 lêmbar, badhe katur kangjêng tuwan asistèn residhèn, utawi tuwan kontrolir. 1 lêmbar badhe katur tuwan dhirèktur pos sêparbang ing Batawi,

--- 18 ---

makatên malih mênawi badhe nyuda utawi mêwahi titipanipun arta, utawi badhe kèndêl, inggih nyuwun sêrat kalih lêmbar kados punika wau.

Mênawi badhe nyuwun wangsule artanipun, kêdah ngaturi sêrat dhumatêng tuwan dhirèktur pos sêparbang ing Wèltêprèdhên, tanpa pranko.

Mênggah para priyantun ingkang kapêndhêt saking balanjanipun wau, tuwan dhirèktur lajêng sêdhiya buku mawi namanipun ingkang ngaturakên sêrat wau, nanging buku kasimpên wontên ing ngrika kemawon. Priyantunipun sabên wulan tampi sêrat saking Batawi, katêrangan sapintên kathahing arta ingkang kasêrat wontên buku.

Tumrap para priyantun rampil[7] sangêt manawi badhe atitip arta, sarta kenging ugi ngangge namaning anak, awit saking punika kathah para priyantun ingkang nyuwun titip arta ngangge namaning anak jalêr utawi èstri, utawi semahipun.

__________

--- [19] ---

Kasudahan Pembagai Persent Almanak Taun 1912.

No. Alm.No PersentLijst dari nama-namanya orang yang dapet persent almanak 1912, dari N.V. voorh. H. Buning, Jogja; mana nommer yang tiada ada namanya, itu persent belum diambil.
59381Pangeran Ario Hadiningrat, Regent Demak.
530652
31983
263744Raden Wirodiredjo, Guru Zendingsschool, Surabaya.
98155Radhen Said, telegrafist S.S. W/L. Bandung.
471776M. Koeslan, jurt. Houtvester, Payaman, Blora.
16107Atmodipoero, Wedi, Klaten.
417838Kartosentono, Purworejo.
322659
1041810Mas Atmawilaga, jurt. Jaksa Ciamis.
371511R. Soewandi, jurt Gew. Raad, Banyumas.
4219312Poerbokoesoemo, Karangturi, Semarang.
1044913M. Wirosoeparto, jurt. Onderdistr. dan halte Sukowono.
2594114M. Partohadiwidjojo, Opn. N.I. Landb. Mij.s.f. Pesantren, Kediri.
4678615
3067216Tjoe Khoij Djoen, kantor mijnwezen, Pangkal Pinang.
2271017Katjong, Inl, Sergt. No.40260, Buitenzorg.

--- [20] ---

1170018Danoewardojo, wedono Kradenan Wirosari.
3514919Roeslan, jurt. ass. wed. Mangkukusuman, Tegal.
1333320Raden Brotosoediro, kassier s.f. Bogokidul, Papar.
1527921Mas Resodihardjo, Topograf, Dienst, Weltevreden.
177322Kawie, Cranie Tebing Tinggi, Deli.
2977123Bapa dg Matasa, adj, jaksa landraad Kajang, Balangnipa.
4500924Wongsoredjo kamp. Patoman, Madiun.
1675025
5318426Prawiromiardjo, Guru bantu, Wonosari.
2094027Kamin, Kweekschool, Ungaran.
2063028Albert Coenraad, adj. jaksa Kuala Kapuas.
1720529
2658930
4255531Raden Adikoesoema, wedana Luragung, Kuningan.
573332Roeslan, wisselwachter, Maos.
2303133Mas Wirjowisastro, hulpschrijver wedono Mayong, Kudus.
3036034Mas haji Abdoerasid, Adjunct Pangulu, Sampang.
4879135Setiohadiredjo, jurt. Wedono Slawi, Tegal.
2408036Setroprawiro, tukang besi, Ledok Jogja.
4051137Rd. Ibrahim, Cianjur.
3782838Sjamsoedin, Landshapschrijver, Labuan Ruku.
4633839Soerjoprodjo, Schrijver b/d. Landraad, Tulungagung.
5320940Sastrowidakdo, Kepatian, Jogja.
1353441Mas Bei Atmoprawiro, jurt. directie Postspaarbank Weltrevreden.
2020242Djojosastro, carik desa Karangsalam distr. Tengaran, Salatiga.

--- [21] ---

920543Soeradiredja, wedana Tegalwaru, Krawang.
2125644M Sastrodihardjo, Krani C. Slamat, Binjei.
3154545Mertoatmodjo, Ass. Wed. Pagentan, Banjarnegara.
4219046M Ardjokoesoemo, Mantri O.R. Gedangan Sidhoarja.
2310547Mas Soekandar, weegbrugschrijver s.f. Arjawinangun, Ceribon.
3510148M. Mangoenrahardjo, teekenaar Irrigatie, Tegal.
4029749Mohastro, handelaar Karimonjawa, Japara.
2510050Soeoed, Crani daging, Haji Maaris, Sabang.
4292651R. Tjokrosasmito, ass. wed. Pinggit, Temanggung.
5011152Hasan, Murid Sekolah klas II No. 1, Bandung.
3043053Soemo Roestam, comiteer s.f. Ranupakis, Klakah.
4748954R. Goenadi Helper O.R. Sinaboi Bagan Api-Api.
22055
3090656Djosoekarto, Batikhandelaar Turen.
1867157M. Ng. Brotoprawiro, Inl. Geneeskundige, Ungaran.
1291758M. Hardjo Soemarto, 1ste Inl. Schrijver s.f. Bantool, Jogja.
730759Oeij Tiang Goan, Sumedang.
1867360M. Soeparman, Helper O.R. Jimbaran, Denpasar.
803661M. Prawiroleksono, stadsverband K.P.M. Tanjong Priok.
1256062
2006763Priodihardjo, s.f. Koning Willem II, halte Prambon O/L.
1847664H.M. Alwie b. H. Abdoel Gafoer, handelar Bedilan, Grissee.
1631265R. Ario Noto Adie Poetro, Bangkalan.
2395966Soeroso, Murid Prufstation, Jocya.
1741267M.B. Soemowidjojo, jurt. ass. wed. Winongan, Pasuruan.

--- [22] ---

2519968Mohamad Djamil, Pulau Sembilan, Pangkalan Berandan.
48069R. Hardjosoepadmo, Paree.
1031970
419971
3450172Raden Ibrahim, schrijver Patih Wedono, Wonosobo.
2281773
3893874Mas Atmo di Wirjo, jurt. wedono, Keboncandi Pasuruan.
4369175M Tjokrodhidjojo, Mantri Politie Jatibarang, Tegal.
1776476Moehamad Said glr. Labeisoeleiman, Rau Lubu Sikaping.
5224677
4919678Satiman, kemasan kp. Kebon, Jember.
215579Datoek Gombak, Hamperan Perak, Labuan Deli.
5023780Marah Soleman, kepala kampong Ranah, Padang.
4671181
5209482M Soemodijono, Geldteller s'Landskas, Salatiga.
5071183Raden Wirjodinoto, Committeer Lumbung, Kandangan Paree.
2541184
4670185Prawiroardjo, Mantri Opium Regie Bayat, Klaten.
5200086Abdul Samad, kedei No. 65, Tanjong Balei.
4243187Raksawidjaja, s.f. Nieuw Tersana, Cileduk.
1490088Djojosoediro, jurutulis Jocya
5068289Raden Pandji Prawiro Adinegoro, ass. wed. Tulangan.
1540090Raden Mas Tjokrosoedirdjo, Inl. Schrijver B.O.W. Tanjong Priok.
1530191R. Roro Mardiah, teekenaar Gew. Werken, Batavia.
5171792Mas Reksamiardja, jurt. ass. wed. Kecobong Purbolinggo.

--- [23] ---

4923093
1132394Djojodiwiro, Ondercollecteur, Bangil.
5283895Abdoeldjalil bin Entjik Abdoelgani, Pangkoran, Bangkalan.
2540196
4925197Raden Soemodihardjo, ass. wed. onderdistr. Pakel, Tulungagung.
2097398Lomo, Balige.
1214499Moedjono, Murid Ngupasan, Jocya.
10590100

12 Persent Arloji Perak dari Kamar Obat J. VAN GORKOM & Co, Jocja.

No. Alm.No. Per.
111531Maripin, Inl. Sergt. alg. stb. No. 33249, Karangasem.
398722
43843Achmad Noerdin, No. 95 distr. straat, Tanj. Balei Asahan.
132024M. Rono di Poero, hoofdonderwijzer, Pasuruan.
254885Mas Roeslan, Leerling Stovio, Ungaran.
80376M.B. Kartotenojo, Mantri Opnemer b/h. boschwezen, Mojokerto.
152577M. Poespowardhojo, boekhouder N.V. Medan Priyayi, Buitenzorg.
14398Ardjosemito, Mantri Opium Regie, Kupang, Timor.
209449R. Djajengsantoso, 1ste Mantri Opium Regie Sijuk, Billiton.
5004010R. Habibana, Sekayu, Palembang.
5121911Legowo, Jocya.
4027712Padmawidjaja, halte Pasirjengkol, Cibatu (Garut).

--- [24] ---

12 Persent Arloji Nikkel dari Kamar Obat J. VAN GORKOM & Co, Jocya.

No. Alm.No. Per.
512131Soedarmo, hulpschrijver ass. Resident, Jocya.
410542Mas Sosrodimedjo, assistent collecteur, Demak.
102823
496744
117365Bidoen, Lubu Pakam.
14956Mas Tjitro Hardjo, kassier s.f. Rendeng, Kudus.
193887Kiagoes Mohamad Akip, Mantri Politie C. Raja Tebing Tinggi.
141098Mas Kartawirana, jurt. ass. wed. Pulomerak, Cilegon.
515819Mas Radji, Laborant s.f. Rendeng, Kudus.
225910H.M. Sabandi, Regol Garut.
1387711Marah Bagindo, Tanjong Alam, Fort de Kock.
5208112

Kita mengarep, barang persent almanak taun 1912 ini yang belum diambil supaya diambil bersegera, sebab kaluk pada 1 Januari 1913 belum di trima, barang persent itu yang sebagian akan kita darmaken pada Hoofdbestuur Budi-Utomo dan yang sebagian pada Tiong Hoa Hwee Koan di Jokyakarta.

--- [0] ---

[3 halaman iklan]

 


Dene. (kembali)
ingkang (dan di tempat lain). (kembali)
katitipakên. (kembali)
kawangsulakên. (kembali)
sangajêngipun. (kembali)
mêwahi. (kembali)
gampil. (kembali)