Gedenkboek Pangreh-Projo Bond Surakarta, Wăngsanagara, 1938, #1849 (Hlm. 236–273)

Judul
Sambungan
1. Gedenkboek Pangreh-Projo Bond Surakarta, Wăngsanagara, 1938, #1849 (Hlm. 001–043). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan.
2. Gedenkboek Pangreh-Projo Bond Surakarta, Wăngsanagara, 1938, #1849 (Hlm. 044–095). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan.
3. Gedenkboek Pangreh-Projo Bond Surakarta, Wăngsanagara, 1938, #1849 (Hlm. 096–148). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan.
4. Gedenkboek Pangreh-Projo Bond Surakarta, Wăngsanagara, 1938, #1849 (Hlm. 148–202). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan.
5. Gedenkboek Pangreh-Projo Bond Surakarta, Wăngsanagara, 1938, #1849 (Hlm. 202–236). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan.
6. Gedenkboek Pangreh-Projo Bond Surakarta, Wăngsanagara, 1938, #1849 (Hlm. 236–273). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan.
Citra
Terakhir diubah: 10-05-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- 236 [lanjutan] ---

Kuwajibanipun Pêpatih Dalêm.

Andhawuhakên pranatan nagari (numrapakên ordonnantie tumrap kawula dalêm).
Andhawuhakên undhang-undhang nagari.
Maringi kêkancingan warni-warni.
Nêtêpakên sarta ngèndêli abdi dalêm.

__________

Bab paprentahan Rijksbladtaunangkabab
Nêtêpakên sarta ngundur abdi dalêm mantri tandha pananggap191742
Maringi cap ingkang kangge wontên ing kamantrèn pananggaparta.191749
Maringi pêthi wêsi mantri tandha pananggap.1917410
Sabên wulan nampèni pratelan pajêg ingkang sampun dipuntampi dening mantri pananggap.1917414
Nampèni panimbang bab tarikan pajêg saking bupati pangrèhpraja.Sarêmbag kalihan K.T. Oesident maringi idi adjunctinspecteur marktwezen anggènipun makilakên padamêlanipunmanawi nuju kapambêng.1917417,1
Namtokakên kathah kêdhiking prêsenan ingkang kangge wêwatonnamtokakên pajêg siti.191787,2
Namtokakên pajêg susulan tumrap pasitèn (suppletoireaanslagen).1917107,2
Marêngakên suwunan suwaking pajêg pasitèn manawi suwunanwau nêtêpi wêwaton.19171011,3
Nêtêpakên sarta mocot pangagêng Sriwêdari.19171013,1
Maringi cêpêngan pratandha kenging lumêbêt ing Sriwêdarikanthi lêlahanan (botên bayar prabeya)1917131,3
Maringi idi bab panganggenipun pasitèn utawi griyakagunganipun nagari ing Sriwêdari.1917132,3

--- 237 ---

Nguningani têtêp sarta pocotipun abdi dalêm jogowèsthi.1917134a
Maringi kêkancingan bab panatanipun bumi dhusun ingkangkatata dados knlurahan[1] dhusun1917331
Matah kumisi ingkang kawajiban napsir kathahing têtêmpahkarisakaning pemahan utawi tanêman tumrap pasitèn ingkangkapundhut kundur ing nagari.1917333,3
Maringi palilah ngliyêrakên pemahan salêbêting kithadhatêng tiyang sanès bangsa Jawi.1917338,4
Namtokakên kantor-kantor panampining arta cicilanWoningverbetering sarta misudha tukang wang.19173614,2
Namtokakên priyantun ingkang wajib maringi pêthukpanampining arta cicilan wau ing sêrat prajanjian ingkangdados cêcêpênganipnên[2]ingkang gadhah cicilan wau.19173616
Namtokakên dintên lumadosipun arta pasewan(Woningverbetring) sarta panggenan panampining arta pasewanwau.19173617,2
Masrahakên arta ingkang kacawisakênkapêrlunipun[3] inkangsinuhun kangjêng susuhunan dhumatêng kas parumatan dalêmingkang sinuhun.1917373
Mupakat kalihan K.T. Residhèn namtokakên margi heerendienstkamot ing kêkancingan.19173911 b2
Mupakat kalihan K.T Residhèn dhawuhakên kêkancingan babkawula dhatêng katindakakên ing padamêlan nagari damêlmargi enggal.19173912
Mupakat kalihan K.T. Residhèn namtokakên tanggul, dhawahan,wangan sarta yêyasan toya ingkang pangupakaranipun dadossêsanggènipun kawula dalêm.19173913
Mupakat kalihan K.T. Residhèn namtokakên pamanggènipungêrdhu pajagèn sarta kathahing tiyang ingkang jagi ingngriku.19173914
Andhawuhakên legger ing sadhistrik-dhistrik babpambagenipun padamêlan Nagari (heerendienst).19173916
Andhawuhakên tumindaking pranatan kalurahan dhusun.19173919

--- 238 ---

Rijksbladtaunangkabab
Nguningani têtêpipun lurah dhusun.1917431
Nguningani pikêkahipun lurah dhusun ingkang kaparingakêndening bupati pangrèh praja.1917433
Nguningani kêkancingan pocotipun lurah dhusun.1917434
Maringi kêkancingan pocotipun lurah dhusun, mawikapratelakakên panimbangipun bupati pangrèh praja.1917434,2
Nguningani pamitipun lurah dhusun ingkang ngantos langkungsaking sawulan.1917437
Ngrêmbag kalihan K.T. Residhèn bab têtêmpahipun bêkêlingkang kapocot.1917456,3
Namtokakên kathahing sewan padhasaran ing pêkên.19181114
Namtokakên kathahing sewan tumrap pamanggènipun grobag,kewan tarikan utawi momotan ing sabageyaning pêkên.19181118,1
Namtokakên kathahing pasewanipun tiyang ingkang saderajakaya wontên pêkên.19181118,2
Sarêmbag kalihan K.T. Residhèn nêtêpakên inspecteurmarktwezen, utawi19181126
anggantung kalungguhanipun sarta mocot19181128
Nêtêpakên, anggantung sarta ngèndêli mantri pananggap,lurah pêkên sarta bêbaunipun.19181129
Namtokakên balanjanipun inspecteur, adjunct inspecteur,mantri pananggap, lurah pêkên sarta bêbaunipun, tumrapinspecteur sarta adjunct inspecteur sarêmbag kalihan K.T.Residhèn.19181130
Maringi idi inspecteur marktwezen bab nêtêpakên bêbaupêkên.19181131
Namtokakên têtêngêripun punggawa pêkên. Tumrap têtêngêripuninspecteur sarta adjunct inspecteur mawi têrang ingkangsinuhun kangjêng susuhunan.19181132
Sarêmbag kalihan K.T. Residhèn sarta têrang ingkang sinuhunkangjêng susuhunan namtokakên instructienipun inspecteurmarktwezen sarta andhahanipun.19181133

--- 239 ---

Bab paprentahan Rijksbladtaunangkabab
Nampèni atur pamrayoginipun (voorstel) inspecteurmarktwezen supados andhawuhakên padamêlan sarta lênggananingkang katimbang pêrlu tumrap panggaotan pêkên.19181138
Namtokakên wujuding karcis padhasaran.19181140
Namtokakên sadhiyan karcis ing kantor Secretarie,panyadhongipun insp. Marktwezen kêdah miturut pola ingkangsampun katamtokakên ing pêpatih dalêm19181142
Namtokakên pola pêthuk panampinipun karcis mantripananggap.19181143
Namtokakên pola buku karcis cacêpênganipun inspecteur sartamantri pananggap.19181144
Namtokakên pola pratelanipun lurah pêkên ingkang kêdahdipun isèni sabibaripun pêkên.19181145,2
Namtokakên pola pratelan pasokipun arta mantri pananggap.19181149.2
Awêwaton panimbangipu[4]inspecteur marktwezen maringi idi ngêdêgakên pêkên enggalutawi sipêng wontên ing bango pêkên.19181150k
Namtokakên dhatêng tiyang ingkang nêrak pêpacak laranganpêkên (zie Rb. 1918, angka 11. Bab 50) wêwangên anggènipunnyingkirakên barangipun, andandosi barang ingkang risaksapiturutipu.[5]19181153,1
Manawi ingkang kasêbut ing nginggil wau botên kaèstokakên,pêpatih dalêm wênang andhawuhakên lajêng katindakakên ingsapêrlunipun, waragat ingkang nyanggi ingkang nêrak pêpacakwau.19181153,2
Wênang nyuwak utawi ngirangi waragad panyuwunan pikêkahpemahan manawi ingkang gadhah panyuwun têtela malarat.19181815
Dhawuh ngêlih mayit ingkang kakubur sajawining pakuburanbotên mawi idin supados lajêng kakubur ing pakuburan,manawi botên kaèstokakên katindakakên ing saparlunipunwaragad kasanggi ingkang nêrak pêpacaking pranatan punika.1918274,2

--- 240 ---

Bab paprentahan Rijksbladtaunangkabab
Nampèni proces-verbaal sumpahipun pangagêng Sriwêdari.1918311,2
Nguningani têtêp pocotipun sarta têtêngêripun punggawaSriwêdari.1918314
Nampèni sarta marêngakên kanthi palilahipun ingkang sinuhunrantaman begrooting lêbêt wêdalipun arta Sriwêdari.1918317
Kenging maringi idi ngêdalakên arta kangge kapêrluanipunSriwêdari langkung saking ingkang sampun kalêbêtakên ingbegrooting.1918318
Nampèni proces-verbaal papriksan arta kas Sriwêdari.19183113
Nampèni palapuran durjana kècu saking bupati pangrèh praja.191836c,9
Sabên kwartaal nampèni palapuran kadurjanan kècu, malingsarta rajakaya.191836E.
Sarêmbag kalihan K.T. Resident kenging maringi idikabudidayan nyade utawi nanjakakên pantun tandhonipundhatêng sanèsipun tiyang ing wawêngkonipun.191915,3
Maringi idi bab nyade, ngliyêrakên utawi anggadhèkakênpasitèn ingkang botên katut katata complex punapa malihgriya-griya ingkang tumancêp ing ngriku.191946
Pasitèn sewan manawi badhe kagêm nagari kenging kapundhutkundur. Ingkang nyewa kadhawuhan ambibrah griyanipunsalêbêtipun 6 wulan. Manawi botên kaèstokakên pêpatih dalêmlajêng dhawuh nundhung tiyangipun sarta ambibrahgriyanipun.19194bijblad bl. 25
Namtokakên kumisi ingkang kapatah napsir têtêmpah dhatêngtiyang ingkang pasitèn sewanipun kapundhut kundur ingnagari.19194bijblad bl. 26
Andhawuhakên ambibrah griya-griya gadhahanipun tiyangingkang nyewa pasitèn ingkang malêdakên pajêgipun ngantos12 wulan dèrèng sagêd ambayar sarta botên ambibrahgriya-griya wau. Waragat ingkang nyanggi ingkang malêdakênpajêg wau.19194bijblad bl. 27
Maringakên pikêkah pasitèn sewan ingkang kaliyêrakên kasadeutawi kagadhèkakên [kaga...]

--- 241 ---

[...dhèkakên] dhatêng ingkang ngliyêr, numbas utawianggadhe.19194bijblad bl. 28
Nampèni pikêkah panyewaning pasitèn ingkang kasuwunakênngonjot panyewanipun utawi kakundurakên.1919bijblad bl. 28/29
Manawi pasitèn kakundurakên griya-griya kêdah lajêngkabibrah salabêtipun[6] 30dintên. Manawi botên kaèstokakên pêpatih dalêm wênangandhawuhakên nindakakên ing sapêrlunipun.1919bijblad bl. 29
Maringi dhawuh bab panganggening bêbaunipun têtiyangingkang gadhah siti damêl rèh kabudidayan.191951
Ngrêmbag kalihan K.T. Residhèn bab kathahing bayaranipunbêbau ingkang nindakakên padamêlan, kabudidayanparticulier.191952a.
Ngidèni kathahing bayaranipun bêbau ingkang nyambut damêling kabudidayan kagunganipun ingkang sinuhun kangjêngsusuhunan utawi kagunganipun nagari.191952b.
Matah kumisi ingkang badhe namtokakên kathahing pajêgpamêdal.1919128,2
Namtokakên titimăngsa sarta panggenan ingkang kanggeparêpatan kumisi wau.1919128,2
Nampèni paturan bab pajêg pamêdal ingkang saking rumaosipuningkang nyanggi kawratên.19191213,1,2 zie
Lumadosipun salêbêtipun 30 dintên, kajawi manawi wontênalangan.19191214,4
Nêtêpakên kohir pajêg pamêdal.19191214,1
Nyuwak utawi nyuda pajêg pamêdal ingkang sampun katêtêpakêndening kumisi, utawi dhawuh nêtêpakên kathah kêdhikingpajêg wau malih.19191214,2,3
Manawi wontên parlunipun nyuwak utawi nyuda pajêg ingkangsampun kapacak ing kohir, utawi andhawuhakên dhatêng kumisinamtokakên kathah kêdhiking pajêg wau malih.19191214,5
Namtokakên kathah kêdhiking pajêgipun têtiyang ingkangkaliwatan botên ka-aanslag dening kumisi utawi wajibkakengingakên pajêg sabibaripun aanslag wau.19191215
Nglêrêsakên lêpating petangan kathahing pajêg ingkangsampun kapacak

--- 242 ---

ing kohir, nanging anggènipun nglêrêsakên wau botên kengingandadosakên kapitunanipun ingkang nyanggi pajêg.19191216
Namtokakên patrap pamaringipun sêrat pajêg.19191217,1
Namtokakên pola sêrat pajêg, kohir sarta legger.19191217,2
Nyuwak sanggènipun pajêg tiyang ingkang kesah saking nagariSurakarta.19191218,2
Nampèni paturan bab nyuwun suwaking pajêg utawi dhêndhan.19191218,4
Manawi wontên parlunipun utawi ingkang nyanggi pajêg tilardonya kenging nyuwak pajêg wau sanajan botên wontên paturannyuwun kasuwak.19191218,5
Mancèni arta ingkang kangge kaparluwanipun kumisi pakuburankangge ing ngakathah.19191714
Nampèni palapuran saking bupati pangrèh praja kanthipanimbang samasa bukunipun kas Secretaris-penningmeesterkumisi pakuburan botên cocok.19191715,3
Nampèni palapuran saking kumisi pakuburan bab lêbêtwêdalipun arta.19191716,1
Nampèni rantaman lêbêt wêdalipun arta saking kumisipakuburan.19191716,2
Manawi wontên parlunipun kenging maringi idi nglêpatakên(botên ngengingakên) padamêlan dhusun.1919202,3
Nguningani pamaringipun lilah bupati pangrèh praja babpamanggènipun griya pagantosan.192051
Maringi tapak asta sêrat pratelan pamanggènipun utawikampungipun griya pagantosan.192052
Kawênangakên ngewahi cacah sarta dunungipun griyapagantosan.192053,1
Marêngakên pamanggènipun griya pagantosan ingkang botêncêlak panggenan sade candu, inuman kêras utawi panggenanngabotohan.192053,2
Maringi ăngka urut griya pagantosan.192055,1
Maringi sumêrêp dhumatêng tiyang ingkang majêgi pagantosanenggal pêpetangan palapuranipun tukang gadhe lami. Manawitukang gadhe enggal botên [bo...]

--- 243 ---

[...tên] purun ngliyêr barang gantosan ingkang dèrèng bur,pêpatih dalêm lajêng namtokakên panggenan kangge ngrimatsarta panêbusing barang wau.1920520,2
Kenging marêngakên panyuwunan saking para abdi dalêm(ingkang suwau kaparingan siti dhusun, nanging lajêngkaparingan balănja saking kas nagari) supados balanjanipunkêcêngklong, kangge ngisèni bandha pènsiun supados benjingsagêd angsal pènsiun.1920144,2
Namtokakên kathah kêdhiking sarta tumapaking pènsiun wau.1920145
Manawi wontên parlunipun:a. Nglastantunakên pènsiunipun abdi dalêm ingkang mêntaskapatrapan paukuman.b. Nampèkakên pènsiunipun abdi dalêm ingkang wontênpaukuman dhumatêng waris.1920146
Ngulat-ulatakên rumêksanipun bandha pènsiun.1920148
Nglantarakên dhumatêng K.T. Residhèn pratelan lêbêtwêdalipun arta sarta katrangan tumrap yêyasan ingkangsampun rampung panggarapipun1920181
Sarêmbag kalihan kumisi nêtêpakên beheerder ingkang nyêpêngkabudidayan Karanggênêng.1920211,3
Matah priyayi ingkang mriksa baita tambang sapirantos.192115
Namtokakên suwak lan botênipun kêkancinganipun tukangtambang ingkang nglirwakakên prajanjianipun.192116
Maringi idi utawi botên marêngakên pênyuwunan pamitipun(verlof) abdi dalêm pangrèh praja ingkang botên sakingsabab sakit.192142
Nêtêpakên pasanganipun abdi dalêm pangrèh praja ingkangkakèndêlan jalaran sakit sarta botên gadhah wawênangpènsiun.192142,4
Kenging maringi verlof ingkang botên katamtokakênlaminipun.192142,6
Ngidèni pamitipun (verlof) bupati pulisi, bupati anom,panèwu sarta

--- 244 ---

mantri, manawi pamitipun langkung saking 7 dintên.192143,1 A.
Nampèni turunan sêrat palilah kaparêng utawi panulakipunsuwunan pamitipun abdi dalêm pangrèh praja saking bupatipulisi.192143,5
Nampèni turunan sêrat pamatah makili priyayi pangrèh prajaingkang pamit, saking bupati pulisi.192145,2
Masrahakên pamupunipun walêdan pajêg dhumatêng bupatipangrèh praja.192244
Maringi lilah nyiwêr griyanipun tiyang ingkang malêdakênpajêg.192245,3
Nampèni sêrat paturan saking têtiyang ingkang angaturakênbilih darbèkipun katut kasiwêr.192248
Maringi palilah andhudhuk sela gamping utawi:192251
Dhawuh macak ing kêkancingan manawi panyuwunan botênkaparêngakên.192253
Maringi pêpacak-pêpacak tumrap palilah andhundhuk selagamping.192254
Manawi wontên parlunipun anjabêl palilah andhudhuk selagamping.192256
Namtokakên lampah-lampah bab lumadosipun palapuran pajêg(aangifte biljet).1922625
Namtokakên wujuding kalowongan aanslagbiljet.1922626,1
Namtokakên lampah-lampah pamaringipun sarta panampinipunwangsul aanslagbiljet punapadene matah priyayi ingkangnampèni lumadosipun aanslagbiljet.1922626,2
Ngundhangakên rampunging pamaringipun aanslag taun wau.1922626,3
Manawi wontên gèsèhing pamanggih bab panggenan kanggeaanslag pajêg, ingkang namtokakên pajêng pêpatih dalêm.1922630
Namtokakên cacah dunung sarta cacahing lid punapadenekuwajibaning kumisi aanslag pajêg.1922631,3
Kenging marêngakên panyuwunanipun bupati pangrèh prajaanggènipun masrahakên kuwajibanipun pangarsa [pa...]

--- 245 ---

[...ngarsa] kumisi aanslag pajêg dhatêng warga.1922631,4
Nêtêpakên pangarsa sarta warganing kumisi aanslag-pajêg.1922631,5
Nguningani sumpahipun pangarsa sarta warga aanslag pajêgwau.1922632
Nuding priyantun sanèsing pangarsa utawi warga andhatêngiparêpataning kumisi aanslag pajêg.1922633
Manawi wontên parlunipun andhawuhakên pranatan bab tataningkumisi wau.1922635,1
Wênang maringi lintu waragad panulisan utawi pituwasdhatêng para warganing kumisi.1922635,2
Namtokakên lampah-lampahipun ambayawarakakên waktu sartapamanggènipun parêpatanipun kumisi wau.1922639,2
Nampèni paturan pabênan karampunganing kumisi wau, sarta1922642,1,2
Ngrampungi paturan wau.1922642,6
Andhawuhakên karampunganipun.1922642,8
Manawi karampungan wau botên marêngakên paturan mawikatêrangakên sabab-sababipun.1922642,9
Maringi sumêrêp karampungan wau dhumatêng ingkang nyanggipajêg.1922642,10,1
Nglêrêsakên lêpating pangetangipun kumisi nanging botênandadosakên kapitunanipun ingkang nyanggi pajêg.1922643,1
Kenging nyuda utawi batalakên pajêg ingkang sampunkatêtêpakên.1922643,2
Nêtêpakên sêrat kohir pajêg.1922644,1
Mranata lampah-lampah pamaringanipun sêrat pajêg1922644,3
Namtokakên pola sêrat kohir sarta sêrat pajêg(aanslagbiljet).1922644,4
Maringi idi mupu susulan tumrap kakiranganing pajêg.1922647,1
Wênang namtokakên:I. dintên pamupuning cicilan pajêg.II. nyuda kathahing rambahaning cicilan.1922650,3
Nampèni putusan nyuwun sudan pajêg.1922658,4
Maringakên sêrat paturan wau dhumatêng kumisi.1922658,5

--- 246 ---

Nguwaosi putusan karampunganing panyuwunan wau.1922658,8
Nampèni sadhengaha paturan nyuwun suwaking pajêg.1922659,5
Ngrampungi paturan wau sasampunipun mundhut panimbangkumisi.1922659,6
Sanajan botên mawi kasuwun ugi sagêd andhawuhakên suwakingpajêg manawi cêtha kêdah kasuwak (kesah, pêjah, kabêsmèn).1922659,7
Manawi wontên parlunipun kenging dhawuh nyrantosakênpamupuning pajêg tiyang ingkang gadhah paturan.1922659,8
Karampunganipun kadhawuhakên dhatêng ingkang gadhahpaturan.1922659,9
Kenging nyrantosakên tumapaking pranatan pajêg utawinglêpatakên tiyang botên kakengingakên pajêg.1922669,4
Namtokakên barang ingkang kalêbêt golongan barang darbe(inboedel).192275 ngandhap
Nglêpatakên pajêg tumrap griya-griya ingkang klêmpakingpasewanipun kirang saking tarip.1922712,2
Namtokakên abdi dalêm ingkang sami kenging anggadhahipelosipèt, kareta, kareta motor utawi autolèt.1922713,1
Manawi pelosipèt sapiturutipun wau rangkêp-rangkêp ingkangkalêpatakên pajêg ingkang pajêgipun kathah piyambak.1922713,3
Namtokakên pola pitakenan pajêg personeel.1922721,1
Mranata pamaringipun sarta panampinipun wangsul pitakenanwau.1922721,2
Ngundhangakên rampunging pamaringipun sêrat pitakenan wau.1922721,4
Matah tiyang ahli 3, ingkang napsir ajining pasewaningbarang.1922726
Namtokakên tapsiran ajining barang sarta sewanipun.1922728,1
Nêtêpakên waragading panapsir ingkang kasanggi deningingkang gadhah pajêg.1922728,5
Namtokakên kohir pajêg personeel.1922729,1
Nampèni paturan padonan pajêg.1922729,3
Ngrampungi padonan wau.1922729,7
Sarta andhawuhakên karampunganipun wau.1922729,9

--- 247 ---

Manawi petangipun kalêrês mindhak ngindhakakên kathahingpajêg personeel.1922730,2
Manawi ingkang nyanggi pajêg botên ngaturakên palapuran,ingkang napsir pajêgipun pêpatih dalêm.1922732
Nglêrêsakên lêpating pangetangipun kumisi.1922733,1
Ngirangi, batalakên utawi dhawuh metang pajêg malih.1922733,2
Namtokakên wujuding aanslagbiljet sarta kohir.1922734,2
Mranata lampah-lampah pamaringipun sêrat pajêg.1922734,3
Wênang namtokakên dintên cicilan pajêg sarta nyudarambahaning cicilan.1922734,6
Manawi cêtha parlu, nyuda sanggèn pajêg wau.1922740,1
Nampèni panyuwunan sudan pajêg.1922740,7
Maringi palilah tiyang ingkang ngangge kareta garobagingkang bobotipun langkung saking 3000 kilo, utawiinggilipun dalah isi langkung saking 2½ mètêr.1922116
Pêpatih Dalêm.
Nampèni inggahan paturan saking tiyang ingkang botên narimah putusaning abdi dalêm bupati pangrèh praja, ingkangbotên anglilani panyuwunan lilah dhatêng tiyang ingkangbadhe anyewakakên kapal utawi kareta, grobaksapanunggilanipun.1923213-5
Maringi sêrat pikêkah têtêpipun among tani.1923131-2
Maringi kêkancingan idhaking[7]blanjanipun among tani sabên taun.1923132-2
Wênang maringi palilah, botên anêtêpi pêpacak ing adêg-adêg1 (awisan langkung ing margi ingkang kapratelakakên, tumrapkareta motor).1923141-2
Maringi pituwas kawrat sêrat kêkancingan dhatêng abdi dalêmmantri tăndha pananggap, carik utawi pambantunipun, manawimiturut tatanan balănja inggal suda pamêdalipun ingsawatawis măngsa.1923154

--- 248 ---

Bab paprentahan Rijksbladtaunangkabab
Anêtêpakên warga Commissie têtiga ingkang anindakakênpangêrèhipun Sriwêdari, saha anêtêpakên salah satunggilingwarga 3 wau dados wisesaning Commissie.1923161-2
Anampi rantaman lêbêtwêdalpun[8] arta taman Sriwêdarisaking Commissie ing nginggil.1923162-1
Nampèni palapuran wulanan saha pêpetangan lêbêt wêdalipunarta ing dalêm 1 taun mawi kanthi panimbang saha pamanggihingkang supados palapuran saha pêpetangan wau kawêwahanutawi kaewahan, saking Commissie ing nginggil ingkang tampisaking pangagêng taman Sriwêdari.1923163-1
Nampèni tatêdhakan sêrat pèngêtan sadaya ingkang karêmbaging parêpataning Commissie1923165-2
Marêngakên supados putusaning Commissie ingkangmrayogèkakên ewahing pangêrèhipun taman Sriwêdarikatindakakên.1923165-3
Sarêmbag klihan[9] KT. resident(lami) andhawuhakên kawrat kêkancingan, ing wêwêngkon punditiyang kaawisan kanggenan, simpên, utawi tandha têtês.192461
Têrang Ingkang Sinuhun saha sarêmbag kalihan K.T. residhènanamtokakên juru ngaturi pamrayogi (adviseur) saking abdidalêm. Manawi ingkang katamtokakên wau sanès abdi dalêmnanging ambtênaripun K. Gupêrmèn, dening K.T. residhènsarêmbag pêpatih dalêm.192471-1
Nampèni paturan panyuwunan saking putra santana dalêmdumugi canggah, supados panggêsanganipun katata (curateele)lumantar pangagêng utawi wêdananipun.192482-1
Satampining sêrat paturan ing nginggil lajêng kaparingakêndhatêng pangadilan dalêm pradata agêng, supadoskatindakakên papriksan.192482-2
Nampèni turunan palapuran papriksan ing nginggil.192483
Nampèni turunan karampunganing pangadilan pradata agêng ingnginggil.192484-2

--- 249 ---

Nyuwun cumadhong dhawuh dalêm rumiyin bab karampunganingpradata agêng, manawi ingkang nyuwun katatapanggêsanganipun wau santana dalêm dumugi wayah utawipangkat kliwon sapanginggil, sadèrèngipun karampungan waukatindakakên.192485
Anguningani sadaya panindak tumrap pakunjaran saha amêngkuwêwênang ingkang inggil piyambak.1924124
Nglantarakên sadaya palapuran kawontênaning griyapakunjaran konjuk ing sahandhap ing sampeyan dalêm.1924125-2
Nampèni palapuran kawontênaning griya pakunjaran saisinipunsaking ingkang kapatah dados juru paniti kunjara, sahamanawi parlu ingkang kawênangakên sawanci-wancianglapurakên sadaya kawontênaning pakunjaran wau.1924128
Nampèni atur pamrayogi saking abdi dalêm ingkang kapatahniti kunjara wau.19241210
Manawi parlu anêtêpakên kuwajibanipun abdi dalêm pangagêngrêksakunjara. Sarta dhawuh, supados sawanci-wanci abdidalêm pangagêng rêksakunjara anglapurakên kawontênaninggriya pakunjaran.19241224
Anamtokakên pangangge sarta dêdamêlipun punggawa pakunjaransalêbêtipun anindakakên padamêlanipun.19241226-1
Nampèni sêrat pamitan saha lajêng maringi palilah dhatêngpangagêng rêksakunjara ingkang badhe pamit.19241233-2
Angarsakakên abdi dalêm, sanèsipun punggawa rêksakunjaraingkang sêpuh piyambak, kadhawuhan ambanjêli padamêlanipunpangagêng rêksakunjara ingkang pamit wau.19241233-3
Andhawuhakên piyambak utawi lumantar abdi dalêm ingkangkapiji, supados pangagênging rêksakunjara nampèni lêbêtingtahanan ing griya pakunjaran.19241234-1
Nampèni palapuran saking juru paniti kunjara ingkangnyuwun, supados barang bêktanipun tahanan ingkang [ing...]

--- 250 ---

[...kang] kathah ajinipun tumitip ingkang trêtip.19241237-2
Anamtokakên, manawi wontên kirang cêthaning rêmbag tumraptitimasa angêdalakên tahanan saking griya pakunjaran.19241242-1
Nampèni aturipun pangagêng rêksakunjara, manawi botên cêkapkangge nindakakên sasilahan kados ingkang kasêbut ing bab 3(upaminipun tahanan jalêr kêmpal tahanan jalêr).19241245
Salajêngipun andhawuhakên saparlunipun.19241245
Anamtokakên wujuding padamêlan ingkang katindakakên deningtahanan, saha kathah sakêdhiking arta ingkang kaparingakênminăngka pituwas, kawrat ing kêkancingan.19243056
Nampèni palapuran wujud saha tumindaking padamêlan ingsadintênipun, sabên pungkasaning wulan, saking pangagêngrêksakunjara.19243061
Maringi sêrat palilah dhatêng tiyang ingkang badhe lumêbêting capurning[10] griyapakunjaran.19243066-1
Nampèni paturanipun tiyang ingkang badhe tuwi tahanannanging kawangsulakên pangagêng rêksakunjara.19243067-2
Maringi palilah dhatêng tiyang ingkang badhe tuwi tahanansanèsipun dintên Jumuwah.19243067-3
Wênang amatrapi paukuman utawi dhawuh supados amatrapakênpaukuman dhatêng tahanan ingkang damêl rêsah, botên miturutpangrèhing panganggêning rêksakunjara utawi damêlsumêlanging bab katrêtipan.19243071-1
Nampèni palapuran sakingpangagênginging[11]rêksakunjara sakêrerehanipun bab anggèning tahanan damêlrêsah sasaminipun kasêbut ing bab 51, sasampunipun tahanankaemutakên saha kasêrap-sêrapakên.19243072-2
Nampèni palapuran saking pangagêng rêksakunjara, ingkangkawênangakên nutup para tahanan ingkang sami damêl rêsahutawi sêdiyo miruda,

--- 251 ---

sarta ingkang kawênangakên amilah pangagêngipun ing gêdhongpiyambak.19241273
Wênang anamtokakên kawrat sêrat, anutup tahanan wontên inggêdhong piyambak langkung saking 3 dintên, dangu-dangunipun3 wulan, manawi wontên tahanan ingkang sangêt damêlmutowatos ing griya pakunjaran.19241278-1
Nampèni palapuran papriksanipun dhoktêr bab kawontênaningtahanan ing nginggil, sadèrèngipun kapatrapan paukuman.19241278-2
Namtokakên kawrat kêkancingan wujuding cadhongipun paratahanan saha kathah sakêdhiking bon tumrapsatunggal-satunggaling tahanan.19241279-1
Namtokakên kawrat kêkancingan wujuding patilêmanipun paratahanan ing griya pakunjaran.19241283
Maringi palilah dhatêng tahanan ingkang badhe nitipakênarta celenganipun kasêbut ing bab 80 dhatêng tiyang, utawipakêmpalan ingkang dipun tuduh.19241287
Namtokakên pranatan manawi para tahanan badhe nyuwun maosbuku-buku bibliotheek. Sasêlaning padamêlanipun.19241288
Namtokakên kawrat kêkancingan tumrap pajagèn sahapanganglangipun griya pakunjaran.19241289
Namtokakên pola buku-buku, règistêr-règistêr, sartasêtat-sêtat ingkang tumrap griya pakunjaran.19241291
Nampèni palapuranipun pangagêng rêksakunjara bilihbarang-barang saha artanipun tahanan ingkang kasimpênwêkdal pundhating panahan, sampun kawangsulakên dhatêngtahanan wau.19241294
Nampèni palapuran tilaripun dunya tahanan saking pangagêngrêksakunjara.19241295,2
Nampèni panyuwunan saking pangagêng rêksakunjara, supadostahanan ingkang sakit sangêt kajagi dening verpleger.19241298
Angrampungi sadaya bab-bab ingkang botên kalêbêt ingpêpacak pranatan punika.192412100

--- 252 ---

Maringi palilah tumrap adêg saha panyuwakipun bang dhusunsasampunipun mundhut panimbangipun Gewestelijk ambtenaarVolkscredietwezen lumantar K.T. Resident (lami).1924132-1
Anêtêpakên blanjanipun Commisie ingkang kawajiban amrentahbang dhusun saha nindakakên arta utawi barang-barang ebahangadhahanipun bang dhusun.1924134-1
Wênang angèndêli warganing Commisie wau ingkangnglirwakakên utawi botên nyêkapi wajibing Commisie, mawipanimbangipun Gewestrlijk amtenaar[12] Volkscredietwezen.1924135
Anggalih punapa botên wontên pakèwêdipun buku-bukunipunbang dhusun katindakakên dening carik ing dhusun ingngriku.1924136
Anêtêpakên saha ngèndêli carik ingkang nindakakên buku-bukubang dhusun manawi bang dhusun wau botên gadhah carikpiyambak.1924137
Ambtenaar Volkscredietbank sarêmbag kalihan pêpatih dalêmnamtokakên cacahing carik ingkang katêtêpakên kasêbut bab7.1924138
Mawi panimbangipun Gewestelijk ambtenaar V.C.W., anêtêpakênblanjanipun carik kasêbut bab 6.1924139
Namtokakên waragad lampah tumrap carik wau.19241310-2
Wênang angèndêli carik ing nginggil ingkang nglirwakakênkuwajibanipun19241312
Manawi parlu, maringi lilah dhatêng dhusun ingkang badhenindakakên padamêlan potang.19241315
Manawi parlu, wênang anglêpatakên dhusun wau saking sadayautawi sabageyaning pambayaran arta anggènipunkaulat-ulatakên dening golongan V.C.W.19241315
Napak asmani sêrat pratelan saking Ambtenaar V.C.W. ingkangngêwrat katêrangan cacahing arta ing nginggil ingkangtinampèn dening ambtenaar V.C.W. saking para bang dhusun(mawa pêthuk).19241316

--- 253 ---

Anêtêpakên saha ngèndêli mantri bang dhusun ingkangnitipriksa para bang dhusun, mawi mundhut panimbangipunGewestelijk ambtenaar V.C.W.19241317-1
Namtokakên cacahing abdi dalêm mantri bang dhusun mawimundhut panimbangipun ambtenaar V.C.W.19241317-2
Namtokakên waragad lampah tumrap mantri bang dhusun.19241318-2
Sarêmbag kalihan K.T. Resident, andhawuhakên ing pundianggènipun bang dhusun nitipakên artanipun, ingkang botênkangge panggaotan utawi cawisan piyambak (kajawi ingsolosche Credietbank utawi Centrale kas).19241322
Sarêmbag kalihan K.T. Resident, andhawuhakên ing pundianggènipun bang dhusun nitipakên artanipun ingkang kanggepanggaotan utawi sudhiyan piyambak (kajawi SoloscheCredietbank utawi Centrale kas).19241328
Maringi panguwaos ngêdalakên arta saking băndha sudhiyakangge ponggaotan[13] potang.19241332-3
Wênang maringakên arta bang dhusun kapasrahakên kas dhusun,manawi arta wau botên pêrlu kangge pawitan utawi cawisanpiyambak.19241333
Maringi palilah dhatêng bang dhusun utawi bang dhusuningkan[14] kasuwak, amasrahakênartanipun dhatêng bêbadan sanèsipun ingkang nglampahakênarta, ing dhusun ngriku, miturut panimbangipun Gewestelijkambtenaar V.C.W.19241334
Maringi palilah bab nêmtokakên utawi ngewahi pêpetanganwêwatoning sarêman, janji-janjining panyaur tuwinsanès-sanèsipun miturut panimbangipun Gewestelijk ambtenaarV.C.W.19241337
Sarêmbag kalihan K.T. Resident, wênang anjabut sadayawêwênangipun Gewestelijk ambtenaar V.C.W. kasêbut ingpranatan punika, perlu badhe katindakakên piyambak ingkanglajêng botên sagêd kaewahan.19241339
Nampèni unjukan wuninga saking tiyang ingkang badhe sukapangajaran [panga...]

--- 254 ---

[...jaran] ingkang botên kaparingan waragad nagari, kawratsêrat, ingkang mratelakakên wosing piwulang, sahapanggenanipun kangge mulang.1924161-1
Anamtokakên pola sêrat ing nginggil.1924161-2
Andhawuhakên kawrat kêkancingan supados pamulangan ing bab1 katutup dangu-dangunipun 2 taun pêrlu anjagi katêntrêman.1924164-1
Sabên taun anamtokakên titimasa kangge andadar lare-lareingkang sami nyuwun dados carik pêmbantu pangrèh praja.1924198-1
Namtokakên Commisie ingkang mriksa kasagêdaning lare-lareing nginggil wau.1924198-2
Sarêmbag K.T. Resident wênang botên nêtêpi pêpacak bab 8adêg-adêg 6 (lare-lare kêdah umur 15–22 taun) saha bab 9adêg-adêg 1 (inggahing pangkat miturut ranglijst).19241910-1
Sabên taun anamtokakên lare-lare băngsa Jawi wêdalanpamulangan calon priyayi pangrèh praja sasaminipun ingkangcinalonakên pangkat agêng golongan pangrèh praja, supadosnindakakên padamêlan minăngka pandadaripun, kawratkêkancingan.19241911-1
Mèngêti lare-lare wau ing règistêr, urut-urutanipun miturutingkang kasêbut ing kêkancingan.19241911-2
Manawi pêrlu sarêmbag kalihan K.T. Resident anamtokakênCommissie ingkang mriksa carik utawi pêmbantu carik ingkangbadhe katêtêpakên dados carik kadhistrikan.19241914-2
Sarêmbag kalihan K.T. Resident mutusi sadaya nalar-nalaringkang botên kawêngku pranatan punika.19241919
Nitipriksa pamupu saha panguwasaning arta nagari punapadeneanggèning nanjakakên arta wau.1924201
Damêl rantaman lêbêt wêdaling arta nagari, 3 wulansadèrèngipun taun kanggenipun rêrantaman wau.1924202-1
Ngunjukakên pamrayogi kunjuk sahandhap ing sampeyan dalêmbab têtêpipun rêrantaman wau.1924202-4

--- 255 ---

Anambêli post, saking post sanèsipun kawrat kêkancingan.1924203-4
Analêsihakên, ngêsahakên saha andhawuhakên pambayaripunsadaya waragad ingkang kêdah kabayar nagari.1924207,-
Nandhani mandaat pêmbayaran ing nginggil.1924208,-
Sabên dintên paring sumêrêp dhatêng ingkang nyêpêng kasnagari cacahing mandaat pêmbayaran ingkang kaparingakên.1924209-4
Maringi mandhat pêmbayaran inggal dhatêng tiyang ingkangnyêpêng mandhat ingkang sampun batal.19242015,2
Maringi rangkêpanipun mandaat angka 3 dhatêng tiyangingkang ical mandhatipun.19242015,3
Angrêksa sagêdipun sadaya asil nagari lumados sartakatanjakakên.19242016
Angrampungi sadaya udur bab pangasilan nagari.19242019
Andhawuhakên suwaking arta ingkang ical, manawi icalipunwau botên awit saking lêpatipun ingkang ngrumati.19242020 -
Damêl sêrat pêpetangan waragat saha pangasilan nagarikasêrat têmbung Jawi saha Mêlayu salêbêtipun 6 wulansapêngkêripun taun tumanjaning arta.19242021 -
Tumuntên ngunjukakên sêrat pêpetangan cocoganingrêrantaman, ing sahandhap ing sampeyan dalêm.19242022-1
Ngasta règistêr-règistêr saha buku-buku:a. pèngêtan mandaat-mandaat ingkang kapasrahakên modhèl Gb. règistêr pêmbayaran modhèl Hc. pèngêtan arta êmpingan wragad samukawis, modhèl Id. pèngêtan sêrat dhawuh lumadining arta dhatêng nagarimodhèl J., sahae. pèngêtan êmpingan modhèl K.19242024
Nampèni staat pratelan wulanan rangkêp bab lêbêt wêdalingarta kas nagari kados pola Q, salêbêtipun 8 dintên titimasatutuping wulan, saking ingkang nyêpêng kas Nagari.19242026-4a

--- 256 ---

Sasampuning katitisakên, staat wau ingkang satunggalkawangsulakên dhatêng ingkang nyêpêng kas nagari wau.Satunggalipun dhatêng Controle bureau.19242026-4b
Mèngêti kêbetanipun buku kas, memoriaal saha règistêrpangasilan ingkang ngajêng piyambak, kados ing ngandhap.19242026-6

Règistêr memariaal[15] ... iki isi ... kaca.

Surakarta kaping ...

Pêpatih Dalêm.

Nampèni saha mundhut sêrat pêpetangan apêsipun sataunsapisan saking para abdi dalêm utawi kantor-kantor ingkangkuwajiban nampèni, ngrumati, ambayar utawidasok[16] arta nagari.19242030-1
Nampèni sêrat journal modhèl W. ingkang kadamêl amungmanawi wontên yêyasan enggal utawi tambal sulam agêngingkang botên kalêbêt tambal sulam padatan, ingkang sabênwulan kêdah kaladosakên.19242030-2
Nampèni sêrat pêpetangan pungkasan modhèl U manawi yêyasaning nginggil sampun rampung.19242031-1
Wênang andhawuhakên wêwangên malih dhatêng ingkangkuwajiban angladosakên sêrat pêpetangan sêsêrêpan, ingkangsalêbêtipun wêwangên kapêngkêr dèrèng sagêd angladosakênsêrat wau.19242033-1
Matah abdi dalêm supados damêl sêrat ing nginggil kanthiprabeya, kasanggi dening ingkang mêksa taksih ngêtêrakênkuwajiban sanajan sampun wontên dhawuh ing nginggil.19242033-2
Anêtêpakên cacahing warga Commissie ingkang mariksa kasnagari saha buku-bukunipun sabên 2 wulan, saha nampèniproces-verbaalipun Commissie wau.19242034-4

--- 257 ---

Bab paprentahan Rijksbladtaunangkabab
Anêtêpakên cacahing arta langkung saking f 25.000.- ingkangkangge ambayar blanja tuwin sanès-sanèsipun, ingkangkasimpên ing bênèt tosan utawi simpênan sanèsipun,ngajêngakên tanggal sapisan.19242034-8
Anguningani sumpahipun para bupatiutewi[17] bupati anèm.192594-1
Anapakastani proces-verbaal sumpah ing nginggil wau.192595-1
Anamtokakên, sintên ingkang katêtêpakên nyanggi pajêg sartanamanipun kainggahakên ing sêrat kohier, manawi wontênkareta motor satunggal kaingah dening tiyang langkungsaking satunggal.1925124-4
Anggalih tumrap anglêpatakên pajêg kareta motor tumrap abdidalêm ingkang perlu anggadhahi kareta motor utawi karetakados ingkang kasêbut ing Rijksblad 1925 No. 13 kanggeanindakakên padamêlan wajibipun.1925125-2
Maringi sêsudan pajêg kareta motor manawi wontên nalarkados ingkang kasêbut ing adêg-adêg 4 saha 5 bab 8.1925128-6
Nampèni sêrat palapuran pajêg ingkang sampun dipun isènijawaban saha sampun dipun tandhani asma, saking bupatipangrèh praja mawi katrangan saha panimbangipun bupati wau.1925129-3
Anamtokakên malih kathahing pajêg mawi wêwaton katranganenggal, manawi palapuran ing nginggil botên lêrês, sahaingkang kathahing pajêg ingkang sampun katêtêpakên lajêngkabatalakên.1925129-5
Manggalih kathahing pajêg, mawa wêwaton ingkang adil manawitiyang ingkang kawajiban ambayar pajêg kasêp utawi botênangladosakên palapuran pajêg.1925129-8
Damêl kêkancingan tumrap kohier, saha kohier susulanmiturut palapuran ingkang kaladosakên utawi miturutkatêntuaning pajêg kados ingkang kasêbut ing adêg-adêg 8bab 9.19251210-3

--- 258 ---

Wênang anglêrêsakên lêpating sêratan saha pêpetangan nalikaanamtokakên kathahing pajêg.19251210-4
Anêtêpakên pola sêrat pratelan pajêg wau.19251211-1
Nampèni paturan saking tiyang ingkang narimah dhatêngpangetaning[18] pajêg,salêbêtipun 30 dintên kapetang saking panampinipun sêratpratelan pajêg.19251211-3
Manggalih, punapa katrangan ingkang kaladosakên deningtiyang ingkang gadhah paturan langkung saking 30 dintênkasêbut ing nginggil awêwaton ingkang apsah.19251211-6
Angrampungi sadaya pakèwêd ingkang kaaturakên, saha manawiparlu ugi kathahing pajêg kaewahan pisan.19251211-7
Amatah abdi dalêm, kadhawuhan ngulat-ulatakên utawianglacak panêrakipun pêpacak pranatan punika kajawi paraabdi dalêm pulisi.19251213
Manggalih punapa pêrlu abdi dalêm anggadhahi têtumpakankangge nindakakên padamêlan wajibipun; ingkang abdi dalêmlajêng kalêpatakên pajêg kareta utawi motor sapamilihipun.1925135-2
Anêtêpakên pandèkèkipun plombe, sabên taun pananggalan.1925137-2
Amatah abdi dalêm, ingkang kadhawuhan nampèni pajêg sartamaringakên plombe saha karcis kareta dhatêng ingkangnyuwun.1925139
Anamtokakên pola plombe saha karcis kareta ingkang amungkangge ingkang kalêpatakên pajêg.19251310-2
Amatah abdi dalêm, kadhawuhan anglacak panêraking pranatanpunika (kajawi abdi dalêm pulisi).19251311
Anamtokakên sêrat kabar padintênan ingkang ambayawarakakênpanyuwunan ing bab 2 (pikêkah pemahan).1925145-1
Anamtokakên sêrat kabar ingkang ngêmot bayawara wêwangênkêsêbut ing bab 5 VII (kaping 20) (wêwangên 12 wulan).1925145 VII 2b.
Andhawuhakên panyêngklonging pamêdal.1925152-1
Amarêngakên tindak sanèsipun tumrap wêwênang panagihipunsambutan

--- 259 ---

dhatêng nagari, ingkang botên suda dening cêngklonganmiturut pranatan punika (1925 No. 15).1925153,2
Anamtokakên arta pituwas ingkang kaparingakên dhatêngtiyang ingkang manggih barang kina utawi barang ingkangpêrlu tumrap kawruh.1925161-3
Nampèni palapuran saking tiyang ingkang manggih barangsalêbêting siti saha ingkang wontên titikipun sakingpakaryan utawi katabêrèn, saha botên kasumêrêpan sintêningkang anggadhahi, lumantar abdi dalêm ass. wêdana.1925162-1
Nampèni proces-verbaal ingkang mratelakakên panggenanpinanggihing barang tuwin sanès-sanèsipun, saking abdidalêm ass. wêdana.1925163
Maringi palilah ambêkta mêdal saking wêwêngkon bawah dalêmSurakarta; sarupaning barang kagunan utawi pakaryan jamankina ingkang ing jaman samangke sampun botên limrah kangge.1925164a
Wênang lumêbêt dhatêng sarupining griya tuwinpakaranganipun wiwit jam 8 enjing dumugi 6 sontên, parlumariksa punapa pêpacak-pêpacak ing bab 10 (yêyasan griya)kaèstokakên.19251713
Nampèni atur saking tiyang ingkang botên narimah sadayaputusaning abdi dalêm bupati pangrèh praja tumrappanyuwunan palilah damêl griya.19251770
Nampèni paturan saking tiyang ingkang botên narimah ingnginggil, ingkang paturanipun kêdah kamot ing sêrat, sahakaaturakên salêbêtipun 8 dintên sasampuning titimasakêkancinganipun abdi dalêm bupati wau.19251771
Anêtêpakên karampunganipun salêbêtipun sawulan titimasalumadosing sêrat paturan wau.19251772-1
Angancing awisan amulang parlu anjagi tataning ngakathah.1925191-2
Wênang anyudakakên utawi anglêpatakên saking prabeyakasêbut ing adêg-adêg 1 (prabeya anggèning tiyang masangwara-wara kiosk, tugu) amargi kangge kapêrluaningngakathah.1925221-4

--- 260 ---

Bab paprentahan Rijksbladtaunangkabab
Maringi palilah botên anêtêpi pambayaran prabeya kados ingadêg-adêg 1 (prabeya kêdah kabayar rumiyin sadèrèngipunpasang tugu ...), salajêngipun mranata kadospundi lampahingpêmbayaran, nanging mêksa tiyang kêdah apêsipun bayarsabageyan rumiyin.1925228-2
Amatah abdi dalêm supados pados katrangan bab panêrakingpêpacak pranatan punika (kajawi abdi dalêm politie).19252214
Anampi katrangan "wosing piwulang, panggenan pamulangan"saking tiyang ingkang badhe mulang agami Islam. Katranganlajêng têrus kaladosakên ing kangjêng tuan resident (kina).192621-1
Anêtêpakên pola sêrat palapuran ing nginggil sahaanamtokakên kantor ingkang wajib anampi palapuran wau.192621-2
Anamtokakên pola buku pèngêtan kawontênaning murid sahapiwulangipun sah andhawuhakên kadospundi mênggah anggènipunamèngêti ing buku pèngêtan wau.192622-1
Andhawuhakên kwrat[19] kêkancinganbilih wawênangipun amulang, sasampunipun ngaturakênpalapuran ing adêg-adêg 1 kasuwak, nanging botên langkahsaking 2 taun, pêrlu kangge anjagi tataning ngakathah.192625-1
Sarêmbag kalihan K.T. resident, amutus paturan, ingkangkaladosakên dhatêng K.T. resident saking tiyang ingkangkasuwak wêwênangipun amulang agami Islam.192625-3
Maringi palilah dhatêng tiyang ingkang badhe nêtaki lare(bong).1926129a
Nampèni paturan saking tiyang ingkang botên narimahkarampunganipun abdi dalêm bupati pangrèh praja, ingkangbotên marêngakên panyuwunan palilah badhe anyade inumankêras.1926163-8
Nampèni paturan saking tiyang ingkang botên narimahkarampunganipun bupati pangrèh praja ingkang anyuwakpalilah nyadi inuman kêras wau.19261612-2

--- 261 ---

Bab paprentahan Rijksbladtaunangkabab
Nampèni unjukan saking abdi dalêm bupati pangrèh praja babpanutupipun panggenan sade inuman kêras.19261615-3
Sarêmbag kalihan K.T. resident anamtokakênpanggenan-panggenan saha tanah-tanah ingkang tiyangka-awisan nyade kênthang Walandi ingkang wontên uluripun,punapadene nawèkakên, nampèkakên, ambage, ambêkta utawianandho pêrlu badhe kasade, utawi kakintunakêndhatên[20] sanès panggenan.1926171
Maringi palilah kawrat sêrat utawi amatah priyantun supadosmaringi palilah, dhatêng tiyang ingkang badhe sade inumankêras eceran.192751
Maringi pasudan pajêg kados ingkang kasêbut ing adêg-adêg 4(manawi wontên ewahing palilah, ingkang ngêwrat cacahingpaos).192754-5
Anamtokakên pola sêrat pêthuk ingkang kaparingakên dhatêngtiyang ingkang sampun bayar pajêg inuman kêras dhatêngpananggapan utawi kas nagari.192756-2
Andhawuhakên supados sabên pungkasaning galêngan utawimargi sapanunggilanipun ingkang kenging kalangkungan tiyangambêkta latu, makatên ugi ing prapatanipun, kapasanganbalabag mawa sêratan aksara latin utawi Jawi.192892-2
Namtokakên lampah-lampah ingkang kêdah katindakakên wêkdalpamaringipun arta kawêlasan kasêbut ing bab 1 (artakawêlasan ingkang kaparingakên dhatêng răndha saha anakipunabdi dalêm ingkang ngajal).1928113
Andhawuhakên bab kathahing arta kawêlasan ing nginggil,manwi[21] pêpacak pranatan punikabotên nyêkapi kangge pêpiridan anamtokakên kathahsakêdhiking arta kawêlasan; salajêngipun ngaturakên turunandhawuh wau ing K. Gupêrmèn.1928114
Pêpatih dalêm dhawuhakên pitêdah tumrap dunungipunpakuburan ingkang kangge ing ngakathah.1929132A

--- 262 ---

Bab paprentahan Rijksbladtaunangkabab
Maringi palilah nglastarèkakên pakuburan pamijèn.1929134,1a
Saha dhawuhakên kêkancingan panyuwakipun.1929136
Saha dhawuhakên mindhah mayit ingkang kakubur sajawiningpakuburan botên mawi palilah, dhatêng pakuburan ingkangkangge ing ngakathah.1929137,3
Sarêmbag kalihan K.T. Gouverneur namtokakên tumanjaningarta pandumanipun satunggal-satunggaling kabupatèn sakingbapatènipun[22] AlgemeenSpaarfonds.1929185,3
K.T. Gouverneur saha pêpatih dalêm ngulat-ulatakênpangrèhing Algemeene Spaarfonds.1929186,1
Sarêmbag kalihan K.T. Gouverneur dhawuhakên parentah babdununging, tumindaking saha pangupakaraning pambêlehaningkang kangge ing ngakathah.193014
Namtokakên wawêngkoning pambêlehan (rayon) ingkang ingngriku botên kenging têtiyang anggadhahi utawi nganggepambêlehan.193015
Sasampunipun mundhut panimbangipun dhoktêr kewan,namtokakên wanci pambikakipun pambêlehan tumrap pambêlèhingrajakaya.193019
Nêtêpakên saha mocot keurmeester saha hulpkeurmeestermiturut paturanipun dhoktêr kewan.1930125,1
Sasampunipun mundhut panimbangipun plaatselijk Ambtenaarder Centrale Kas lumantar K.T. Gouverneur, maringi palilahbab adêg saha panyuwakipun bang dhusun.193043,1
Nampi pamrayoginipun plaatselijk Ambtenaar der Centrale Kasbab anglajêngakên nutup bang dhusun utawi bikak malih.193043,2
Kalayan mundhut panimbangipun plaatselijk Ambtenaar derCentrale Kas, mranata pituwasipun kumisie bang dhusun.193045,1
Nampi paturanipun bupati pangrèh praja bab anggènipunngèndêli liding kumisie bang dhusun.193046

--- 263 ---

Bab paprentahan Rijksbladtaunangkabab
Nampi paturanipun bupati pangrèh praja bab têtêp pocotipuncarik bang dhusun.193047,1
Sasampunipun mundhut panimbangipun plaatselijk Ambtenaarder Centrale Kas, anggalih pakèwêd tuwin botênipunbuku-bukunipun bang dhusun katindakakên dening carikingkang manggèn ing dhusun ngriku.193047,2
Sarêmbag kalihanplaatselijb[23] ambtenaar derCentrale Kas namtokakên cacahing carik bang dhusun, bangdhusun ingkang pundi ingkang dipun wajibisatunggal-satunggaling carik wau saha dunungipunsatunggal-satunggaling carik.193048
Maringi palilah bab kathahing pituwasipun carik bangdhusun.193049,1
Saha bab kathahing waragad lampah.1930410,2
Maringi palilah dhatêng dhusun nindakakên padamêlansambut-kapisambut tuwin mupakat kalihan AdviseuringVolkscredietwezen saha Cooperatie niti tumindakipun.1930415,1
Saha sabên taun namtokakên tarip prabeya ingkang kêdahkabayar dening dhusun ingkang kaulat-ulatakên wau.1930415,2
Tuwin nglêpatakên dhusun saking pambayaripun prabeya wau.1930415,3
Pêpetangan lêbêt wêdalipun prabeya wau kêdah miturut sêratpratelan ingkang dipun tandhani asma dening pêpatih dalêm.1930416,2
Sasampunipun mundhut penimbangipun plaatselijk Ambtenaarder Centrale Kas nêtêpakên saha mocot mantri bang dhusun.1930417,1
Saha namtokakên cacahipun.1930417,2
Sarêmbag kalihan K.T. Gouverneur nuduh bang sanèsipunSolosche Crediet bank, ingkang katitipan artanipun bangdhusun.1930422
Saha artanipun Bedrijfsfonds.1930428
Sasampunipun mundhut panimbagipun plaatselijk Ambtenaar derC.K. namtokakên priyantun utawi bêbadan pundi ingkangpinitados mêndhêt artanipun Bedrijfsfonds.1930429,1

--- 264 ---

Bab paprentahan Rijksbladtaunangkabab
Namtokakên kathahing arta panyaur saking bang dhusuningkang katitipakên SoloscheGredietbank,[24] amargi botênkagêm ing nagari kangge parlu sanès.1930431,1
Saha maringi sêrat panguwaos kanthi katandhan asma, dhatêngpl. Amtenaar C.K. mêdalakên arta wau.1930431,2
Maringi palilah bab artanipun bang dhusun ingkang kengingkapasrahakên kasing dhusun ingkang bawahakên, amargi botênparlu kangge pawitan utawi andhungan.1930432
Maringi palilah dhatêng bupati pangrèh praja ingkangsarêmbag kalihan pl. Ambtenaar der C.K.1. Namtokakên saha ngindhakakên utawi nyuda kathahingsarêman.2. Namtokakên saha janji-janjining panyauripun arta ingkangkasambutakên.3. Nêtêpakên saha ngewahi lampah-lampah anggènipunngicalakên sambutan ingkang têtela botên sagêd wangsul.1930434
Kenging masrahakên wawênangipun ingkang gêgandhengankalihan bang dhusun dhumatêng bupati pangrèh praja ingkangbawahakên bangipun dhusun.1930435
Mupakat kalihan K.T. Gouverneur, wênang mundhut wawênangingkang kaparingakên pl. Ambtenaar der C.K. Parlukatindakakên piyambak utawi nuduh priyantun ingkangkapasrahan wawênang-wawênang wau supados katindakakên.1930436
Dhawuhakên kêkancingan bab têtêp tuwin pangunduripun wisesasaha warga punapadene abdi dalêm sanèsipun inkang saminindakakên pangadilan-pangadilan dalêm pradata agêng, raadsurambi saha raad pradata.193063
Nguningani saha nandhani asma karampunganing pangadilandalêm.1930612
Dhawuhakên pranatan ingkang mratelakakênpanggenan-panggenan ingkang ing ngriku botên kenging dipundêgi yêyasan-yêyasan kasbut bab 1 Hinderverordening [Hinder...]

--- 265 ---

[...verordening] tuwin nyêbalakên saking pêpacak wau.193082,1
Sarêmbag kalihan pangagêng paprentahan gewest namtokakênpanggenan-panggenan sanèsipun kitha karaton dalêm Surakartasaha Kitha Kabupatèn Sragèn, Klathèn, Boyalali, ingkang ingngriku kenging dipun dêgi yêyasan ingkang botên rowa sahabotên ngangge kêkiyatanipun mêsin, botên parlu mawikasuwunakên palilah.193082,2
Kangge jagi tata, kawilujêngan saha kasarasaning ngakathahkengin[25] dhawuhakên pranatanngawisi adêgipun sawênèhing yêyasan.193088
Karampunganing panyuwunan palilah kenging kasumanggakakênkasuwunakên karampungan ing pêpatih dalêm.1930810,2
Karampungan wau kadhawuhakên kawrat ing kêkancingan.1930810,4
Manawi bupati pangrèh praja dhawuhakên janji-janji anyardhumatêng ingkang kaparingan palilah, ingkang kaparinganpalilah wau kenging nyuwun karampunganipun pêpatih dalêm.1930811,5
Kenging majêgakên dhatêng sadhengaha sarana kalelangakên,pandamêlipun sarêm saking sumbêr sarêm ing dhusun Ngaglik.1930102
Manawi pangawis ingkang kathah piyambak kagalih taksihkasêkêdhikakên, pêpatih dalêm kenging anglelangakên malih.1930103,1
Nêtêpakên kawula dalêm kapatah dados plaatselijk leiderVolkstelling.1930113,2
Sarêmbag kalihan K.T. Gouverneur namtokakênpanggenan-panggenan ingkang ing ngriku katindakakênpangetanging cacah jiwa sarana telformulieren tumrap tiyangingkang nalika momenttelling nuju botên wontên griya.1930121,1e
Sarêmbag kalihan K.T. Gouverneur namtokakênpanggenan-panggenan ingkang tumindakipun periodetellingparlu dipun rangkêpi momenttelling.1930121,2

--- 266 ---

Bab paprentahan Rijksbladtaunangkabab
Saha namtokakên titimăngsa, wanci wiwitipun saha kèndêlipunVolkstelling.1930122
Namtokakên patrapipun angangkani griya ingkang sampunrampung panggarapipun (volkstelling) utawi dèrèng rampungbabarpisan.1930127,2
Dhawuhakên pêpacak bab anggènipun ngisèni pratelanpangetangipun cacah jiwa ingkang kaparingakên dhatêngingkang sami nguwaosi gestichten utawi instellingen, hotèl.1930128,2
Namtokakên pêpacak-pêpacak ingkang parlu tumrappanindakipun Volkstelling saha pola-polanipun sêrat-sêratkalowongan kangge ngetang cacah jiwa.19301210
Nyêbalakên tumindakipun pranatan bab ElectrischeHoogspanningsleidingen.1930145
Kenging mudhut damêlipun sadaya tiyang jalêr ingkang kiyating damêl tumrap gugur gunung.1931933
Manawi parlu sangêt tumrap paedahing ngakathah, sarêmbagkalihan K.T. Gouverneur, wênang numrapakên pranatan gugurgunung dhumatêng têtiyang ingkang sami kalêpatakên sakingkuwajiban gugur gunung mawi bayaran sapantêsipun, samantênwau manawi botên sagêd angsal kuli glidhigan utawi botênsagêd angsal kuli glidhigan sacêkapipun.193193,4
Saha namtokakên danguning pandamêlan saha lampah-lampahpamundhutipun damêl wau.193194
Nêtêpakên tiyang ingkang gadhah sêsanggèn pajêg sirah sahakathahing pajêg wau ing sabên taun.1931914,1
Kenging nglêrêsakên sakathahing patrap ingkang kalèntuutawi lêpating panyêrat saha pangetanging pajêg sirah.1931914,2
Manawi wontên sabab ingkang parlu kenging marêngakên botênbayar pajêg sirah sadaya utawi saperangan.1931915
Matah abdi dalêm pananggap ingkang kawajiban nampèni sahamundhut lumadosipun pajêg sirah.1931916,1

--- 267 ---

Bab paprentahan Rijksbladtaunangkabab
Saha dhawuhakên lampah-lampahipun.1931916,3
Dhawuhakên kasêbut ing sêrat dhawuh utawi kêkancingan babingkang dados kuwajibanipun abdi dalêm tăndha pananggapsanèsipun ingkang sampun katamtokakên kawrat ing pranatan1931151
Maringi idi dhatêng kumissie pangrèh taman Sriwêdari tumrapanggènipun nêtêpakên prabeyanipun lumêbêt, ing panggenankarameyan ingkang dipun wontênakên ing salêbêting tamanSriwêdari.1932182
Nampi gigat bab tumindakipun bêbau taman Sriwêdari utawibab pangêrèhing taman kalayan ijêman utawi kapacak ingsêrat.1932187
Nêtêpakên warganing kumissie Sriwêdari saha matah salahsatunggal minăngka pangarsanipun.19321810,2
Saha ngèndêli19321810,3
Marêngakên anggènipun kumissie Sriwêdari nêtêpakênwarganing Comite kangge sawatawis wêkdal, parlu bantukumisie wau, manawi nuju dipun wontênakên karameyan.19321810,7
Nampi tatêdhakan pèngêtan parêpatanipun kumisie Sriwêdari.19321811,2
Saha begrooting Sriwêdari.19321813,1
Tuwin marêngakên begrooting wau, sanajan mawi ewah-ewahanutawi botên.19321813,2
Nampi ewah-ewahan begrooting Sriwêdari.19321813,4
Sabên taun salêbêtipun tigang wulan saking tutuping taunnampi palapuranipun kumisie Sriwêdari.19321814,1
Nêtêpakên pêpacak-pêpacak bab panindakipun administratie,saha sêrat-sêrat sapanunggilanipun ing taman Sriwêdari.19321815,1
Nêtêpakên Beheerder miturut sapamrayoginipun kumisi.19321817,1

--- 268 ---

Bab paprentahan Rijksbladtaunangkabab
Manawi parlu kenging botên miturut pamrayoginipun kumisiewau.19321817,2
Nêtêpakên pola sumpahipun saha nyumpah Beheerder.19321817,3
Sasampunipun mundhut panimbangipun kumisie, namtokakênblanjanipun beheerder.19321818,1
Ngêrèhakên beheerder, ananging beheerder wau kêdah manutprentahipun kumisie, manawi botên nyondhongi kenging macakatur dhumatêng pêpatih dalêm.19321820,1
Nampi paturanipun bêbau taman Sriwêdari ingkang botênnyondhongi prentahipun beheerder.19321820,2
Nguningani anggènipun kumisie namtokakên wujud sahawangunipun uniform, dienstpet utawi bandelier tumrap parapunggawa taman Sriwêdari ingkang kapatah rumêksa ing sabêndintên.19321825
Karampunganipun kumisie tumrap nalar ingkang botên kasêbuting pranatan, kenging kaulurakên dhumatêng pêpatih dalêm.19321826,2
Namtokakên kathahing wragad lampahipun abdi dalêm P.P.193220I, II
Maringi palilah masang wara-wara utawi namtokakên priyantuningkang kapatah maringi palilah wau.193313,2
Saha palilah tumrap panganggenipun blabag-blabag,pilar-pilar kangge masang wara-wara.193314
Manawi galih bilih wara-waranipun badhe damêl kirangprayogi, kenging botên marêngakên panyuwunan palilah.193316,1
Kawrat kêkancingan mawa kapratelakakên sabab-sababipun.193316,2
Dhawuh nyingkirakên wara-wara manawi ingkang masang botênnêtêp pêpacakipun pranatan.1933112,1

--- 269 ---

Bab paprentahan Rijksbladtaunangkabab
Dhawuhakên kêkancingan nyuwak wara-wara, mawi mratelakakênsababipun.1933112,3
Dhawuh nyingkirakên wara-wara ingkang nyulayani tataningngakathah, kawilujêngan, kasusilan utawi kasarasan.1933113
Matah abdi dalêm sanèsipun abdi dalêm P.P. ingkangkawajiban maringi aangiftebiljet pajêg pamêdal.1933325,1
Kaulat-ulatakên dening abdi dalêm Inspecteur asil nagariutawi abdi dalêm sanèsipun ingkang kapatah dening pêpatihdalêm.1933325,2
Namtokakên pola aangiftebiljet.1933326,2
Namtokakên pamanggèn saha wawêngkonipun satunggalingkumisie Aanslag, cacahing warganipun, ingkang dadospangarsanipun saha golonganipun ingkang kawajiban nyanggipajêg ingkang dados wajibipun kumisie wau.1933330,2
Namtokakên ingkang banjêli pangarsa saha matah wargaandhungan.1933330,3
Kenging maringi pituwas parêpatan dhumatêng kumisie.1933332,7
Namtokakên panganslagipun kumisie aanslag amung dumunungtambêlan rumiyin.1933333,2
Wênang namtokakên, panganslagipun tiyang ingkangpamêdalipun langkung saking f 1.200- katindakakên deningabdi dalêm Inspecteur asil nagari.1933333,3
Matah tiyang ahli parlu mariksa buku-buku saha sêrat-sêrat.1933335,1
Saha nyumpah, bilih badhe angêkêr sadaya wados.1933335,2
Namtokakên pêpacak-pêpacak bab pamriksanipun buku-buku sahapituwasipun tiyang ahli wau.1933335,3
Nampi paturanipun ingkang gadhahi kawratan tumrapkatantuaning pajêg.1933339,1

--- 270 ---

Bab paprentahan Rijksbladtaunangkabab
Saha ngrampungi.1933340,1,2
Nampi paturanipun ingkang gadhahi kawratan tumrapkatantuaning pajêg susulan.1933344
Nêtêpakên sêrat kohier.1933345,2
Saha polanipun.1933345,3
Saha pola aanslagbiljet1933346,5
Ngrampungi panyuwunanipun ingkang wajib ngladosakênpalapuran saha maringi dhawuh karampungan wau.1933356,3,4
Wênang maring kauntungan.1933356,8
Wênang nglêpatakên saking indhakan pajêg babarpisan utawiamung saperangan.1933360
Wênang nyrantosakên tumindakipun pranatan pajêg pamêdaltumrap sawênèhing golongan1933371,2
Kenging maringi blanja mandung dhumatêng abdi dalêm ingkangbotên tumidak[26] ing damêl sahalajêng kakèndêlan kalayan urmat.193361
Wênang mêwahi danguning wêwangên tampi blanja mandung.193362,2
Wênang maringi arta kawêlasan dhumatêng inkang botênkalêrês kaparingan blanja mandung.193364,1
Nampi paturanipun lare-lare ingkang sami nyuwun dadospambantu P.P.1933101,2
Ngrampungi nalar ingkang sagêd anjalari anggènipun nêtêpilowongan pambantu P.P. botên miturut ranglijst ing pèngêtaningkang sami nyuwun dadas[27]pêmbantu.1933101,4
Tumrap tiyang ingkang botên têtêppamangènipun,[28]pangangslagipun pajêg pamêdal wontên ing pundipinanggihipun tiyang wau utawi anggènipun gadhah atur.Ingkang botên narimah, salêbêtipun tigang wulan sakingtampinipun aanslagbiljet, kenging gadhah atur dhumatêngpêpatih dalêm saha pêpatih dalêm badhe maringi karampungan.193311,5,2
Namtokakên blanjanipun carik bang dhusun kawrat ingkêkancingan.19342I, I
Saha blanja tuwin wragadipun lampah mantri bang dhusun.19342I, II

--- 271 ---

No.BabTaunNo.Art.Sub.Kêtêrangan.
1.Dwangschrift193571. 2.I. II. III.
2.Algemene SpaarfondsPadamêlan wajib3591.1 (3)3 (1. 2)
3.(Heerendienst)3614.6.11.1.2.62
4.Pajêg kêpolo3625.6.7.8.24
5.Pajêg pamêdal3662.
6.Pajêg pamêdal361810.
7.Locale voertuig belasting36128.1. 2.
8.Bezoldiging36151. 2.
9.Pajêg personeel3799.(1) (8)
10.Onderwijs37115. 7. 10. 12. 13. 14. 15.21. 2. 11. 2. 3.1 2.
11.Pamiyara ulam37122. 6. 11. 13. 17.2. 3.5331. 2. 3.

KATRANGAN.

Pratelan kuwajibanipun Ass. Wadana, Wadana, Regent enz, kasbut kaca 187–271, punika pêthikan saking Bibliotheek kantor Kapatihan Surakarta. Wiwit Rijksblad taun 1934 dumugi pungkasanipun Rijksblad taun 1937, ingkang ngrampungakên pamêthikipun warga pangrèh agêng Pangrèh Praja Bond R. M. Ng. Prawirosoeparto.

__________

R.O. (Rechterlijke Organisatie).
I.R. (Inlandsch Reglement).
R.B. (Rijksblad).

__________

Wiwit kaca 272–280 botên saèstu dipun êwrat, amargi dèrèng angsal palilah saking ingkang wajib.

--- [272] ---

[...]

--- [273] ---

Isinipun Buku Pèngêtan P.P.B Umur 8 Taun.

1a. Pasumbang saking

K.R.M.T.Mr. Wongsonagoro. Kaca

1. Bêbuka ... kaca
2. Warga ingkang kathah lêlabêtanipun ... kaca
3. Babadipun P.P.B. ... kaca 1–12
4. Pranatan P.P.B. ... kaca 12—20
5. Pranatan Steunfonds P.P.B. ... kaca 20–23
6. Pranatan Studiefonds P.P.B. ... kaca 23–28
7. Babadipun satunggal-tunggaling cabang P.P.B. dalah pranatanipun C.C.P.P.B. ... kaca 29–109
8. Babadipun Politie-Pangrèh Praja Surakarta ... kaca 110–157
9. Pèngêtan Kraton Jawi sêsambêtanipun kalihan nagari mănca ... kaca 158
10. Ingkang jumênêng nata Jawi dalah pêpatihipun ... kaca 159–177
11. Ingkang jumênêng pangagêng trah Mangkunagaran dalah pêpatihipun ... kaca 178–182
12. Ingkang jumênêng Gouverneur Gênêraal ing India-Walandi ... kaca 183–184
13. Ingkang jumênêng resident lajêng nama Gouverneur ing Surakarta ... kaca 184–186
14. Pêthikan pranatan kuwajibanipun pangrèh praja ... kaca 187–271
15. Verslag van de commissie ter bestudeering van een eventueele overdracht van bevoegdheden van het Europeesch Bestuur aan het Inlandsch Bestuur in de Vorstenlanden ... kaca 272–280

(Lijst badhe dipun êwrat ing orgaan).

Nglêrêsakên Lêpating Panyithak.

[Ralat sudah dimasukkan langsung dalam teks.]

--- [0] ---

[...]

 


kalurahan. (kembali)
cêcêpênganipun. (kembali)
kapêrluanipun. (kembali)
panimbangipun. (kembali)
sapiturutipun. (kembali)
salêbêtipun. (kembali)
indhaking. (kembali)
wêdalipun. (kembali)
kalihan. (kembali)
10 capurining. (kembali)
11 pangagênging. (kembali)
12 Gewestelijkambtenaar. (kembali)
13 panggaotan. (kembali)
14 ingkang. (kembali)
15 memoriaal. (kembali)
16 asok. (kembali)
17 utawi. (kembali)
18 pangetanging. (kembali)
19 kawrat. (kembali)
20 dhatêng. (kembali)
21 manawi. (kembali)
22 bupatènipun. (kembali)
23 plaatselijk. (kembali)
24 Credietbank. (kembali)
25 kenging. (kembali)
26 tumindak. (kembali)
27 dados. (kembali)
28 pamanggènipun. (kembali)