Javaansche Wetten, Roorda, 1844, #677 (Hlm. 065–134)

Judul
Sambungan
1. Javaansche Wetten, Roorda, 1844, #677 (Hlm. 001–065). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan.
2. Javaansche Wetten, Roorda, 1844, #677 (Hlm. 065–134). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan.
3. Javaansche Wetten, Roorda, 1844, #677 (Hlm. 134–200). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan.
4. Javaansche Wetten, Roorda, 1844, #677 (Hlm. 200–263). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan.
Citra
Terakhir diubah: 30-09-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Prakawis Kaping 46.

Mênawi wontên abdi dalêm ing nagari, utawi ing dhusun: ingkang sami adamêl watês tugu pemahan. Utawi pasabinan. Têgil ara-ara, wana sasamènipun. Sampun wontên ingkang adamêl watês tugu kali, sabab kali punika asring ngalih, siti botên ngalih, sami adamêla watês tugu awêrni banon. Utawi sela, punapadene kajêng ingkang sami gêsang, kajêng pêlêm kawèni pakèl. Kajêng wayang sasamènipun. Dene kangjêng ingkang kadamêl watês punika, dadêlêgipun kadarbe têtiyang kêkalih, wondening êpangipun, utawi wontêna melikipun. Pundi ingkang angungkuli dhatêng sitènipun. Inggih punika ingkang andarbèni.

Prakawis Kaping 47.

Mênawi wontên abdi dalêm ingkang apara pabên. Barang prakawisipun. [pra...]

--- 66 ---

[...kawisipun.] Paturanipun sami kasêratana ing kalih-kalihipun. Ingkang anggugat kalih ingkang dipun gugat. Ingkang anggugat anggantungana sapalihing têrka, ingkang ginugat anggantungana satêrkane, dene yèn sampun karampungan prakawisipun. Inggih botên kenging botên sami dipun paringana sêrat karampungan. Ingkang mênang kalih ingkang kawon. Ingkang sarta parentah angêbukana.

Prakawis Kaping 48.

Mênawi wontên abdi dalêm ingkang sami aparapabên. Dhatêngipun têtiyang ingkang dipun gugat. Punika ubayanipun. Kawangênan têbih cêlakipun. Ing lêlampahan saking pagriyanipun. Yèn abdi dalêm salêbêting nêgari, utawi tanah Pajang, Sokawati, kawangênan kalih dasa dintên. Yèn tanah Mataram. Ing Rêdi Kidul, Pagêlèn, Gowong Jawi Kori, kawangênan kawan dasa dintên. Wondening abdi dalêm măncanêgari, majêgan. Yèn marêngi mara sowan wontên ing nêgari, inggih kawangênan kalih dasa dintên. Dening têtiyang ingkang ginugat. Yèn marêngi botên andhèrèk ing bupatènipun. Mara sowan dhatêng ing nagari, kawangênan kawan dasa dintên. Yèn bupatènipun botên marêngi mara sowan. Inggih pêndhak lumêbêt pangabênipun. Dening yèn botên dhatêng ing ubanggi, ingkang sampun mungêl ing ngajêng wau punika, kaparingan ubanggi dhêndha, kalih dasa dintên,

--- 67 ---

yèn botên dhatêng kalih dasa dintên, têtêp dhêndhanipun. Yèn gugat punika rajaêmal kadhêndha kalih reyal. Yèn rajapêjah kadhêndha kawan reyal. Dening yèn botên dhatêng kalih dasa dintên. Inggih kadhêndha malih, yèn sampun kalêrês kadhêndha kaping tiga, kaantawisakên kalih dasa dintên malih, têtiyang ingkang ginugat wau mêksa botên dhatêng, abdi dalêm mantri sadasa ingkang gadhah ladosan. Kaêrès kalih dasa dintên. Măngka botên dhatêng têtiyang ingkang ginugat wau, prayayi wêdananipun kapatrapan dhêndha salawe reyal. Yèn wontên èwêdipun têtiyang ingkang ginugat wau, wêdananipun enggal angunjukana uninga ing parentah agêng, dening yèn ingkang ginugat amêdali, ingkang gugat botên mêdal. Nuntên dipun paringi ubanggi ibra kalih dasa dintên. Yèn botên dhatêng kalih dasa dintên, lulusa ibrane.

Prakawis Kaping 49.

Mênawi wontên abdi dalêm dipun gugat minggat salêbêting sêrêgan. Punika katêmpahakên dhatêng ingkang gadhah rerehan. Nuntên dipun upadosa rerehanipun ingkang minggat wau, kaanggêran tigang wulan. Yèn botên kapanggih tigang wulan, dipun patrapi dhêndha kalih wêlas reyal. Dene têtiyang ingkang minggat wau, têtêp dados buronipun ing parentah, kalih buronipun têtiyang ingkang anggugat.

--- 68 ---

Yèn têtiyang ingkang minggat wau, kapanggih dhatêng têtiyang ingkang anggugat. Utawi kapanggih dhatêng têtiyang sanèsipun. Kaparingan ganjaran ing saprayogènipun. Mulura prakawisipun. Dening yèn kapanggih dhatêng ingkang gadhah rerehan. Patrapan dhêndha wangsula, dening yèn wontên minggat sasampuning dipun ugêri, kapanggih dhatêng têtiyang ingkang anggugat. Utawi kapanggih dhatêng sanèsipun. Punapa dening kapanggih dhatêng ingkang gadhah rerehan. Patraping dhêndha miwah pratikêlipun. Inggih sami kados tiyang minggat salêbêting sêrêgan. Dene yèn minggat sajawining sêrêgan. Botên katêmpah ingkang gadhah rerehan. Nanging asukaa sêrat buran. Sintên-sintên ingkang manggihakên. Mulura pabênipun.

Prakawis Kaping 50.

Mênawi wontên abdi dalêm ingkang sami aparapabên. Sasampunipun sami dhatêng, ingkang anggugat, kalih ingkang dipun gugat. Punika kangjêng tuwan residhèn amaringi wangên. Kalih wulan ing karampunganipun. Dene yèn wontên sabab èwêd, sadèrèngipun kalih wulan. Kangjêng raden adipati enggal angunjukana uninga ing kangjêng tuwan residhèn. Amêsthi kangjêng tuwan residhèn amaringi ing karampunganipun. Dene yèn botên wontên sabab èwêd. Ngantos kalih wulan botên rampung, amêsthi kangjêng radèn adipati saha para nayaka sadaya, dipun dhêndha sèkêt reyal.

__________

--- [69] ---

Anggêr Agêng

--- 70 ---

Punika ingkang sêrat anggêr-anggêran. Kangjêng Radèn Adipati Sasradingningrat, akalihan ingkang rayi, Kangjêng Rahadèn Adipati Danurêja, saha mufakat sakathahing para nayaka ing Surakarta Adiningrat sadaya, sakathahing para nayaka ing Ngayogyakarta Adiningrat sadaya, ingkang sampun kaidèn ing kangjêng tuwan Raik van Prèn. Residhèn ing Surakarta Adiningrat, akalihan Kangjêng Tuwan Mayor Ridêr Mistêr Haibrêt Gèrarnaus. Residhèn ing Ngayogyakarta Adiningrat, saha Kangjêng Pangeran Ariya Prabu Prangwêdana, akalihan ingkang eyang Kangjêng Pangeran Ariya Pakualam. Ingkang punika dening sampun atêpang dadosipun ing rêmbag. Kalih-kalihing atunggil. Natkalanipun wontên ing kantor loji Kêlathèn. Kala tanggal ping 16 sasi Oktobêr, taun 1817.

Rèhning sami rumêksa barang prakawisipun nagari dalêm kagênganipun panjênêngan dalêm ratu kêkalih, ingkang mugi samia pêngagêmanipun. Mila ing mangke Kangjêng Rahadèn Adipati Sasradiningrat. Alintu patra tăndha nama, akalihan ingkang rayi, Kangjêng Rahadèn Adipati Danurêja, saha sami têtêp-tinêtêpan. Ing saungêlipun kagungan dalêm sêrat anggêr agêng, sami angagêma galih ingkang têmên-têmên. Kalih sami angagêma galih ingkang rêsik-rêsik. Saha sami angeklasna ing dalêm galih. Yèn sampun sami gadhah pangagêman pênggalih ing tigang prakawis punika, nuntên sami anglêksanana, [anglê...]

--- 71 ---

[...ksanana,] ingkang sampun dados ing rêmbag sêrat anggêr-anggêran. Ingkang kadamêl wontên nagari dalêm ing Surakarta Adiningrat. Anglêrêsi ing dintên Sênèn tanggal kaping kawan wêlas. Ing wulan Sura, taun Wawu, angkaning warsa 1745. Liring sêrat anggêr-anggêran.

Prakawis Kaping 1

Saupami wontên prayayi kănca ing Surakarta Adiningrat. Adarbe gugat dhatêng prayayi kănca ing Ngayogyakarta Adiningrat. Miwah prayayi kănca ing Ngayogyakarta Adiningrat. Adarbe gugat dhatêng prayayi ing Surakarta Adiningrat. Ingkang kadamêl anggêr kala jumênêngipun ingkang sinuhun kangjêng sultan ing Giyanti, sapêngandhapipun. Mênggah sadèrèngipun ing Pagiyanti, tan kenging winiraos. Kados mêngkatên malih, mênawi wontên prayayi ing kaprangwêdanan. Pabên barang ingkang pinabên. Yèn gugat-ginugat kalih prayayi ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang kadamêl anggêr kala Kangjêng Pangeran Adipati Mangkunagara wontên ing Salatiga, sapêngandhap. Mênggah sadèrèngipun tan kenging winiraos.

Prakawis Kaping 2

Saupami wontên prayayi kănca ing Surakarta Adiningrat. Adarbe gugat dhatêng prayayi kănca ing Ngayogyakarta [Ngayogyakar...]

--- 72 ---

[...ta] Adiningrat. Inggih korènipun prayayi ing Surakarta Adiningrat. Dhumatênga ing Ngayogyakarta Adiningrat. Yèn sampun kapanggih kalih Mas Ngabèi Nitipraja, ingkang sarta sampun dipun bêrsihi, tumuntên Mas Ngabèi Nitipraja anginggahna ing khukum. Yèn sampun dipun ukumi dhatêng mas pêngulu ing Ngayogyakarta Adiningrat. Tumuntên Mas Ngabèi Nitipraja asukaa sêrat pratela dhatêng Mas Ngabèi Amongpraja ing Surakarta Adiningrat.

Wondening yèn wontên gugat rajamal. Potang-apiutang, gadhe-ginadhe, sambut-sinambut. Titip-tinitipan. Jarah rayah, candhak cêpêng, ing sasamènipun. Yèn sampun dipun bêrsihi dhatêng Mas Ngabèi Nitipraja, sampun angangkên. Ingkang sarta sampun têrang, mufakat priksanipun ing dhusun. Inggih lajênga karampungan ing adil pradata dalêm kemawon.

Wondening ingkang kawon pabênipun, yèn botên sosokan ing pikawonipun. Têtiyang ingkang mênang mawi katantun. Mênawi trima paukuman badan, kagêbag ing samurwatipun. Têtiyang ingkang kawon pabênipun wau inggih lajêng kagêbaga ing samurwatipun. Mênawi kêdah tampi pamujang, inggih lajêng kamujangna dhatêng ingkang mênang.

Punapa malih mênawi wontên têtiyang ing Surakarta Adiningrat. Anggantosakên barang warni mas sêlaka sasamènipun, dhatêng têtiyang ing Ngayogyakarta Adiningrat. Sarêng antawis lami gantosan mas sêlaka wau, amalih warni dados [dado...]

--- 73 ---

[...s] dede mas sêlaka, punika têtiyang ingkang gantosakên kalêrês anêbusa, ing sajangji bingahanipun. Sarta mawi kapatrapan dhêndha ing samurwatipun. Dene yèn botên sagêd nêbus, utawi botên sagêd sosokan dhêndha wau, punika kapatrap ing paukuman badan. Lajêng kagêbaga ing samurwatipun. Têtiyang ingkang gantos inggih anarimaa, icalipun yatra ingkang kadamêl gantos. Sabab sampun lintu angsal ukum badan wau.

Wondening amal gantosan ingkang malih warni wau lajêng kapundhuta ing parentah, sarta lajêng karisaka, supados sampun kenging kadamêl gantosan malih, ananging têtiyang ingkang gantos punika mawi kasupaosan. Mênawi anglintoni barang melik ingkang kagantosakên wau punika.

Mêngkatên malih sasamènipun. Saupami wontên prayayi kănca ing Ngayogyakarta Adiningrat. Adarbe gugat dhatêng prayayi kănca ing Surakarta Adiningral.[1] Inggih korènipun prayayi kănca ing Ngayogyakarta Adiningrat. Dhumatênga ing Surakarta Adiningrat. Yèn sampun kapanggih kalih Mas Ngabèi Amongpraja, ingkang sarta sampun dipun bêrsihi, tumuntên Mas Ngabèi Amongpraja anginggahêna ing khukum. Yèn sampun dipun ukumi dhatêng mas pêngulu ing Surakarta Adiningrat. Tumunten Mas Ngabèi Amongpraja asukaa sêrat pratela dhatêng Mas Ngabèi Nitipraja ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Wondening yèn wontên [wontê...]

--- 74 ---

[...n] têtiyang anggugat rajamal, utang-apipotang, gadhe-ginadhe, sambut-sinambut. Titip-tinitipan. Candhak cêpêng, jarah rayah, sasamènipun. Yèn sampun dipun bêrsihi dhatêng mas pêngulu, utawi Mas Ngabèi Amongpraja, sampun angangkêni sarta sampun têrang mufakat priksanipun ing dhusun. Inggih lajêng karampungan ing adil pradata dalêm kemawon. Wondening ingkang kawon pabênipun. Botên sagêd asosokan ing pikawonipun. Inggih lajêng kamujangakên dhatêng ingkang wênang.

Punapa malih saupami wontên abdi dalêm ing Surakarta Adiningrat. Anggugat dhatêng abdi dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat. Măngka ingkang dipun gugat wau malês anggugat. Inggih lajênga karampungan wontên ing Ngayogyakarta Adiningrat. Kajawi saking ingkang kisas. Punika botên kenging yèn lajêng karampungan wontên ing Ngayogyakarta Adiningrat, mênggah pêngisasipun.

Mêngkatên malih sasamènipun. Saupami wontên abdi dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat. Anggugat dhatêng abdi dalêm ing Surakarta Adiningrat. Măngka ingkang dipun gugat wau malês anggugat. Inggih lajênga karampungan wontên ing Surakarta Adiningrat. Kajawi saking ingkang kisas. Punika botên kenging yèn lajênga karampungan wontên ing Surakarta Adiningrat. Mênggah pêngisasipun.

--- 75 ---

Prakawis Kaping 3.

Saupami wontên abdi dalêm ing Surakarta Adiningrat. Miwah abdi dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat. Sami kêkesahan alampah grami, sanajan têtiyang ingkang lumampah ing damêl. Yèn kesah kajêngipun piyambak. Măngka sipêng wontên dhusun-ingadhusun. Punika asipênga griyanipun ing lêlurah, yèn lêlurahipun suwêng, asipênga griyanipun ingkang dados kamisêpuh, utawi griyanipun ing kaum. Wondening ingkang kasipêngan wau, inggih sami angrêksaa ing sadintên sadalu.

Wondening abdi dalêm ingkang lumampah ing damêl. Yèn kêkesahan anglampahi ayahan dalêm. Damêlipun ing nagari, punika botên mawi kawangênan. Sapintêna ing pandalonipun. Inggih dipun rêksaa ing salamènipun. Saupami kapandungan. Yèn mêstani têtiyang, mulura pabênipun dhatêng ing pradata, yèn botên amêstani têtiyang, têtiyang ingkang kasipêngan wau, anêmpahana sêpalih, ingkang sêpalih lulusa icalipun. Nanging akandhia[2] supaos ing kalih-kalihipun. Ingkang kapandungan mênawi angrubagini, ingkang kasipêngan mênawi awit saking pandamêlipun. Yèn sami angsal titik mulura pabênipun dhatêng ing pradata, tatêmpah sêpalih wangsula dhatêng ingkang anêmpahi.

Wondening yèn dhuwung panganggènipun abdi dalêm panewu mantri, ical kapandungan. Anjawi saking prabotipun. [pra...]

--- 76 ---

[...botipun.] Dhuwung wau karêgèn salawe reyal. Yèn waos anggènipun panèwu mantri, ingkang ical kapandungan. Punika karêgèn gangsal wêlas reyal.

Dene yèn sipêng griyanipun têtiyang alit. Botên sipêng griyanipun lêlurah, punapa dening griyanipun ing kaum, măngka kongsi kaecal-ecalan kapandungan. Punika ingkang kasipêngan botên katêmpahan. Nanging kasupaosan kemawon.

Wondening yèn sipêng griyanipun kamisêpuh, utawi griyanipun ing kaum. Punapadene griyanipun têtiyang alit. Punika inggih sami dipun rêksaa, dhatêng têtiyang dhusun wau sadaya, saupami kaecal-ecalan kapandungan wontên ing pamondhokanipun. Punika tiyang sadhusun wau ingkang anêmpahana tribaga, inggih akanthia supaos ing kalih-kalihipun.

Wondening yèn abdi dalêm kaliwon sapanginggil. Yèn asipêng dhusun-ingadhusun. Gènipun asipêng inggih griyanipun ing lêlurahipun. Yèn lêlurahipun suwêng, inggih asipênga griyanipun ing kamisêpuh, utawi griyaipun ing kaum. Punapadene griyanipun têtiyang alit. Ananging ingkang gadhah griya apasraha ing griyanipun. Sarta tiyang sadhusun sami angrêksaa, saupami kaecal-ecalan kapandungan. Wontên ing pamondhokanipun. Punika têtiyang siti dhusun botên anêmpahi, ananging ingkang darbe griya, kalih têtiyang sadhusun punika, sami kasupaosan [kasupaosa...]

--- 77 ---

[...n] sadaya, sarta dipun tatabana griyanipun tiyang sadhusun wau, yèn kapanggih nyinanipun. Nuntên dipun cêpênga tiyang ingkang kanggenan nyina wau punika, ingkang kapondhokan anêmpahana sabarang kang ical sadaya punika, yèn sampun wêrni gènipun anêmpahi wau, têtiyang ingkang kanggenan nyina wau punika, katura ing parentah.

Punapadene mênawi ingkang asipêng wau punika, katiwasan kacidra ing pandung, tatu utawi pêjah, punika ingkang kasipêngan kapatrapan dhêndha sèkêt reyal. Yèn tatu sêlawe reyal. Sarta ingkang gadhah griya kalih têtiyang sadhusun wau, sami kasupaosan sadaya, inggih mênawi awit saking pandamêlipun. Kaanggêran cacah sabin damêl kula tiyang sêlawe sapêngandhap. Wontên etangipun. Dene yèn amêstani têtiyang, mulura pabênipun dhatêng pradata, dene dhêndha wau punika, dadosa kagunganipun ing parentah kêkalih.

Mêngkatên malih, yèn ingkang gadhah griya wau ingkang kapondhokan. Punika kacidra ing pandung, tatu utawi pêjah, inggih ingkang amondhok wau punika sarencangipun sami kasupaosan sadaya, mila sami kasupaosan. Mênawi awit saking pandamêlipun.

Punapadene yèn ingkang gadhah griya kaecal-ecalan kapandungan. Enggal sukaa pratela dhatêng kêpalanipun ingkang agêng, ingkang kasipêngan wau, sarta asupaosa, yêktosipun kapandungan. Kalihan natabana sakathahipun ing babêktanipun [babê...]

--- 78 ---

[...ktanipun] ingkang sami sipêng, yèn kapanggih nyinanipun. Pundi gènipun nyina, punika têtiyangipun kacêpênga, sarta barang darbèkipun karampasa, katura ing parentah babêstan. Wondene ingkang kaecal-ecalan inggih asupaosa malih, kathah kêdhikipun ingkang ical. Mênawi angrubagini, ingkang kaecal-ecalan wau angaturana uninga ing parentah.

Lan malihipun yèn wontên abdi dalêm sipêng kagungan dalêm ing pasanggrahan ing Dilanggu, ing Kêlathèn ing Tangkisan. Pasanggrahan ing Bojong, ing Sêcang sasamènipun pasanggrahan. Yèn wontên ingkang angrêksa, patrapipun inggih kados tiyang sipêng dhusun ingkang kocap ing ngajêng wau punika.

Punika sasamènipun. Yèn tiyang amêrdhatêng sipêng dhusun. Patrapipun inggih kadosa patrapipun tiyang alampah grami.

Dene mêlokipun ing titik wau punika, yèn kapanggih dursilanipun. Sanadyan botên kacêpênga durjananipun. Yèn kapanggih nyinanipun darbèk ingkang ical kapandungan wau punika, tatêmpah tribaga inggih wangsula dhatêng ingkang anêmpahi.

Wondening yèn wontên têtiyang dursila pandung, begal kampak sasamènipun. Kacêpêng wontên bawahing Surakarta Adiningrat. Sarêng kapriksa wontên pasowan kapatihan. Punapadene ing pradata dalêm. Utawi ing kantor, aturipun ngangkên yèn têtiyang ing Ngayogyakarta Adiningrat. Sarta sampun ngangkên ing dursilanipun. Inggih nuntên kakintuna dhatêng

--- 79 ---

nagari ing Ngayogyakarta Adiningrat. Sarêng kapriksa wontên ing Ngayogyakarta Adiningrat. Inggih ngangkên dursilanipun. Sarta sampun ngangkên yèn tiyang bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Sanadyan munkira ing dursilanipun. Botên kadadosakên ing pamunkiripun. Inggih lajêng kaukuma kemawon.

Wondene paukumanipun têtiyang dursila pandung wau, yèn ngantos amêjahi têtiyang, măngka ahli warisipun ingkang pêjah punika wau botên narima, inggih mulura gugatipun dhatêng pradata, kainggahakên ing surambi, yèn sampun kaadilan dhatêng mas pêngulu, yèn dados panggugatipun. Inggih lajêng kaukuma, punapa ing saukumipun raja papêjah, dene yèn gugatipun botên dados. Lajêng katura ing parentah, tumuntên Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, kang angatrapêna ing siyasat wasesaning nagari, pandung wau punika karante salamenipun agêsang, utawi kabucal dhatêng sabrang, dene pandung ingkang amêjahi wau, yèn ahli warisipun ingkang pêjah botên anggugat. Inggih botên mawi minggah ing surambi, lajêng katrapakên ing parentah kemawon. Kados ingkang mungêl ing ngajêng wau punika.

Wondening pandung ingkang botên amêjahi têtiyang, utawi tiyang durjana, ambradhat maesa lêmbu kapal. Punika patrapipun ing siyasat wasesaning nagari, karante lamenipun kawan taun.

Dene tiyang durjana ingkang tumindak siyang, kados ta tiyang mêndhêt menda, tiyang

--- 80 ---

nyêbrot milah, ngutil bêdhog colong, cêlêr jupuk sasamènipun. Mênggah siyasatipun sami kagêbag ping satus: utawi kaping kalih atus. Inggih mawi kamurwat kathah kêdhikipun amal ingkang kapêndhêt.

Inggih mêngkatên malih sasamènipun. Saupami wontên tiyang dursila pandung, begal kampak sasamènipun. Kacêpêng wontên bawahing Ngayogyakarta Adiningrat. Sarêng kapriksa wontên pasowan kapatihan. Punapadene ing pradata dalêm. Utawi ing kator, aturipun angangkên yèn tiyang bawah ing Surakarta Adiningrat. Sarta sampu[3] ngangkên dursilanipun. Inggih nuntên kakintunakên dhatêng nagari ing Surakarta Adiningrat. Sarêng kapriksa wontên ing Surakarta Adiningrat. Inggih ngangkên dursilanipun. Sarta sampun ngangkên yèn tiyang bawah ing Surakarta Adiningrat. Sanadyan munkira ing dursilanipun. Botên kadadosakên ing pamunkiripun. Inggih lajêng kaukuma ing parentah kimawon.

Wondene paukumanipun tiyang dursila pandung wau, yèn ngantos amêjahi têtiyang, măngka ahli warisipun ingkang pêjah botên narima, inggih mulura gugatipun dhatêng pradata, kainggahakên ing surambi, yèn sampun kaadilan dhatêng mas pêngulu, yèn dados panggugatipun. Inggih lajêng kaukuma, punapa saukumipun raja papêjah, dene yèn gugatipun botên dados. Lajêng katura ing parentah, tumuntên Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat. Angêtrapêna ing siyasat [si...]

--- 81 ---

[...yasat] wisesaning nagari, pandung wau punika karante salamènipun agêsang, utawi kabucal dhatêng sabrang, dene pandung ingkang amêjahi têtiyang wau, yèn ahli warisipun ingkang pêjah botên anggugat. Inggih botên mawi minggah ing surambi, lajêng katrapakên ing parentah kimawon. Kados ingkang mungêl ing ngajêng wau punika.

Wondene pandung ingkang botên mawi amêjahi têtiyang, utawi tiyang durjana bradhat maesa lêmbu kapal. Punika patrapipun ing siyasat wasesaning nagari, karante lamenipun kawan taun.

Dene tiyang durjana kang tumindak siyang, kados tiyang mêndhêt menda, tiyang nyêbrot milah ngutil, bêdhog colong cêlêr juput sasamènipun. Mênggah siasatipun sami kagêbag kaping satus. Utawi kaping kalih atus. Inggih mawi kamurwat kathah kêdhikipun ngamal ingkang kapêndhêt.

Wondening têtiyang ing Surakarta Adiningrat. Yèn rencangipun abdi dalêm panèwu mantri, wontên ingkang kanggenan têtiyang durjana, punika tiyang ingkang kanggenan durjana wau, kacêpêng kajarah karayah, prayayinipun ingkang gadhah rencang, kapatrapan dhêndha salawe reyal. Yèn rencangipun prayayi kliwon sapanginggil. Ingkang kanggenan tiyang durjana, inggih ingkang kanggenan wau kajarah karayaha, pêpatihipun kapatrapan dhêndha salawe reyal. Dene yèn tanah dhusun-ingadhusun. Wontên tiyang babêkêl dhusun. Kanggenan durjana, punika kacêpêng kajarah karayah, rêdinipun panèwu [pa...]

--- 82 ---

[...nèwu] kapatrapan dhêndha salawe reyal. Dene yèn gunung panèwu kanggenan durjana, punika kaêrès wontên pasowan kapatihan. Botên kalilan dhuwungan. Rêdinipun agêng kapatrapan dhêndha salawe reyal. Dhêndha wau botên kenging yèn amêdalna ing rerehanipun. Amasthi mêdala saking awakipun piyambak.

Wondening têtiyang dursila wau, mênawi katuripun ing parentah, awit dipun cêpêng ingkang gadhah rerehanipun piyambak. Inggih sêpia ing tatrapan dhêndha wau punika, dene dhêndha punika inggih dadosa kagunganipun ing parentah kêkalih.

Kados mêngkatên malih sasamènipun. Yèn têtiyang ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang kanggenan tiyang dursila wau punika, inggih tumut kacêpêng kajarah karayah barang sadarbèkipun. Mantrènipun ingkang gadhah rerehan kapatrapan dhêndha sèkêt reyal. Wêdananipun ingkang gadhah rerehan kapatrapan dhêndha satus reyal. Dene tanah dhusun-ingadhusun, yèn wontên ingkang kanggenan dursila, punika babêkêlipun dhusun. Ingkang kanggenan dursila wau, tumut kacêpêng kajarah karayah barang sadarbèkipun. Punapadene bêkêl pêngalit ingkang kanggenan dursila, inggih kacêpêng kajarah karayah barang sadarbèkipun. Babêkêlipun pangagêng kapatrapan dhêndha sèkêt reyal. Dene yèn bêkêlipun pangagêng ingkang kanggenan dursila, inggih kacêpêng kajarah karayah barang sadarbèkipun. Wondene mantri tamping, ingkang [ing...]

--- 83 ---

[...kang] gadhah rerehan siti dhusun. Ingkang kanggenan dursila wau punika, yèn mantri tamping panèwu, kapatrapan dhêndha sèkêt reyal. Tumênggung tamping kapatrapan dhêndha satus reyal. Dêndha wau botên kalilan yèn mêdalakên dhatêng rerehanipun. Sapucuking kambêngan, atas mêdal saking awakipun piyambak.

Wondene têtiyang dursila wau, mênawi katuripun ing parentah, awit dipun cêpêng ingkang gadhah rerehan piyambak, inggih sêpia ing patrapan dhêndha wau punika, dene dhêndha punika inggih dadosa kagunganipun parentah kêkalih.

Kalihdene saupami wontên abdi dalêm mantri ing Surakarta Adiningrat. Utawi abdi dalêm mantri ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ambêkta tiyang babêstan ingkang sampun katur ing parentah, tiyang dosa pêjah, saupami sipêng ing margi, inggih asipênga ing pasanggrahan ing Dilanggu, ing Kêlathèn. Ing Tangkisan, ing Bojong, ing Sêcang, sasamènipun pasanggrahan. Saupami babêstan wau minggat saking ing pamondhokan. Inggih dêmangipun pasanggrahan, kalih mantrènipun ingkang bêkta babêstan. Kapatrapan dhêndha sèkêt reyal. Dêmangipun pasanggrahan ingkang sêlawe reyal. Mantrènipun ingkang sêlawe reyal. Dene babêstan punika yèn kajawi saking raja papêjah, menggah tatrapanipun. Ingkang kapondhokan kalih mantrènipun ingkang bêkta babêstan. Kadhêndha sêlawe reyal. Mantrènipun [Mantrènipu...]

--- 84 ---

[...n] ingkang tiga wêlas têngah reyal. Ingkang kapondhokan inggih ingkang tiga wêlas têngah reyal.

Saupami katanggêlan gènipun sipêng, botên mondhok ing pasanggrahan. Asipêng dhusun-ingadhusun. Punika asipênga griyanipun ing lêlurah, utawi griyanipun kamisêpuh, tuwin griyanipun ing kaum. Yèn suwêng lêlurahipun. Punapadene kamisêpuh kaumipun. Inggih sawontênipun tiyang sadhusun wau, sami angrêksaa, saupami babêstan wau punika minggat. Wontên ing pamondhokan. Inggih ingkang kapondhokan kalih mantrènipun ingkang bêkta babêstan. Kapatrapan dhêndha sèkêt reyal. Tiyang dhusun ingkang kapondhokan sêlawe reyal. Mantrènipun ingkang sêlawe reyal. Nanging tiyang dhusun ingkang kapondhokan wau punika, kaanggêran cacah damêl kula tiyang sèkêt sapênginggil. Yèn kirang saking damêl kula tiyang sèkêt sapêngandhap. Menggah dhêndhanipun ingkang kasipêgan. Inggih wontên etangipun. Dene mantrènipun inggih têksih têtêp kadhêndha sêlawe reyal. Dene dhêndha wau punika dadosa kagunganipun ing parentah kêkalih.

Punapa malih yèn wontên prayayi agêng alêlampah, utawi dêdamêl agêng, măngka rencangipun amêndhêt darbèkipun tiyang dhusun. Miwah amêndhêt darbèkipun tiyang sami lumampah, anuntên têtiyang ingkang dipun pêndhêt darbèkipun wau, enggal angaturana uninga dhatêng pêngagêngipun. Utawi [U...]

--- 85 ---

[...tawi] ngaturana uninga dhatêng ing parentah, punika pêngagêngipun ingkang anêmpahana sakawit. Ananging tiyang ingkang kapêndhêt darbèkipun wau punika kasupaospan,[4] mênawi angrubagini.

Prakawis Kaping 4.

Saupami wontên abdi dalêm ing Surakarta Adiningrat. Kabegalan wontên bawahing Ngayogyakarta Adiningrat. Wontêna ing dharatan, wontêna ing lèpèn, wontêna ing bênawi sagantên. Tiyanga Jawi tiyanga Cina, ingkang kabegalan. Utawi yèn kabegalan wontên bawahing Surakarta Adiningrat piyambak. Punapadene yèn abdi dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrag.[5] Kabegalan wontên bawahing Surakarta Adiningrat. Wontêna ing dharatan, wontêna ing lèpèn, wontêna ing bênawi, wontêna ing sagantên, tiyanga Jawi tiyanga Cina, ingkang kabegalan, utawi yèn kabegalan wontên bawahing Ngayogyakarta Adiningrat piyambak. Punika enggal tumuntên sami anêdhaa tulung dhatêng têtiyang dhusun ingkang cêlak. Panggenanipun kabegalan ing ngriku, dene têtiyang dhusun enggal atêtulunga, dhatêng panggenanipun tiyang ingkang kabegalan wau, sarta dipun laria kalih ing titir, yèn botên angsal lari, inggih katêmpahan tribaga, nanging wêdalipun yatra tatêmpah, kados gènipun mêdalakên yatra raja papêjah sri sakit, [saki...]

--- 86 ---

[...t,] kasaraos. Bawahing Surakarta Adiningrat. Kalih bawahing Ngayogyakarta Adiningrat. Dene têgêsipun kasaraos. Punika sawontênipun kemawon: dhusun macapat măncagangsalipun bawahing Surakarta Adiningrat. Sawontênipun dhusun macapat măncagangsalipun bawahing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang kajêdhêgan siti, wêdalipun ing yatra kawawrat ing parentah, sarta ingkang kabegalan kasupaosan. Mênawi angrubagini, sarta tiyang macapat măncagangsalipun. Inggih sami kasupaosan sadaya, mênawi wit saking pandamêlipun. Dene yèn wontên tiyang siti dhusun. Botên purun atêtulung, tumuntên tiyang ingkang kabegalan wau, asêksia dhatêng macapat măncagangsalipun ingkang sami dhatêng, punika têtiyang siti dhusun ingkang botên purun atêtulung wau, kapatrapan dhêndha sêlawe reyal. Dhêndha punika katura ing parentah, yèn botên sagêd asosokan dhêndha, katitika ping sèkêt. Dene yèn angsal lari, enggal dipun cêpênga, yèn băngga dipun sampunana, yèn wontên ahli warisipun botên tarima, tanpa dadosa panggugatipun. Dene yèn tiyang begal wau malêbêt dhusun-ingadhusun. Dipun têdhaa dhatêng lêlurah babêkêlipun ing dhusun. Enggal babêkêlipun dhusun angulungêna babêstan.

Wondene têtiyang begal wau, yèn ngantos amêjahi têtiyang, măngka ahli warisipun ingkang pêjah punika, botên [bo...]

--- 87 ---

[...tên] tarima, mulura gugatipun dhatêng pradata, kainggahakên ing surambi, yèn sampun kaadilan dhatêng mas pêngulu, yèn dados panggugatipun inggih lajêng kaukuma punapa saukumipun rajapêjah, dene yèn botên dados panggugatipun. Lajêng katur ing parentah, tumuntên kangjêng radèn adipati angêtrapêna ing siasat wisesaning nagari, tiyang begal wau punika, karante salamènipun agêsang, utawi kabucal dhatêng sabrang, dene tiyang begal ingkang mawi amêjahi wau, yèn ahli warisipun ingkang pêjah kabegalan botên anggugat. Inggih botên mawi minggah dhatêng surambi, lajêng katrapakên ing parentah kemawon.

Saupami tiyang bêgal wau punika, yèn botên amêjahi têtiyang, patrapipun siasat wisesaning nagari, karante lamènipun wolung taun.

Wondene têtiyang begal wau punika, saupami dipun kêkahi dhatêng bêkêlipun dhusun. Punika dipun canthèlêna, sarta dipun sêksèkna, ing macapat măncagangsalipun dhusun ingkang angêkahi wau punika, dene yèn tiyang dhusun macapat măncagangsalipun, botên purun anampèni pisaidipun tiyang kabegalan. Inggih tumuntên tiyang ingkang kabegalan wau, angaturana uninga ing parentah, têtiyang ingkang botên purun anêksèni wau, kapatrapan dhêndha sêlawe reyal. Babêkêlipun ing dhusun ingkang angêkahi wau, inggih katatrapan dhêndha sêlawe reyal.

Wondene têtiyang [têti...]

--- 88 ---

[...yang] ingkang kabegal wau, ngantos wontên ingkang pêjah, tiyanga Jawi tiyanga Cina, satunggil utawi kêkalih, inggih sapintên-pintêna ingkang pêjah dipun begal wau, akanthi dunya, botên kantênan ingkang begal. Punika lampahipun inggih kadosa sri sakit. Diyatipun kawêdalakên dhatêng têtiyang macapat măncagangsalipun sarta rêdi, panggenan kabegalan wau punika, kasaraos. Sawontênipun macapat măncagangsalipun bawahing Surakarta Adiningrat. Sawontenipun macapat măncagangsalipun bawahing Ngayogyakarta Adiningrat. Yèn tiyang Jawi ingkang pêjah, kawêdalakên yatra diyat satus reyal. Dening kêpalanipun dhusun rêdi, utawi tamping, kadhêndha sêlawe reyal.

Wondene yèn Wêlandi ingkang pêjah kabegalan. Kawêdalakên yatra diyat gangsal atus reyal. Dene yèn wontên barang darbèkipun Wêlandi ingkang ical kabegalan wau, sapintêna inggih katêmpah sakawit. Dene wêdalipun yatra tatêmpah, sarta yatra diyat gangsal atus wau punika, inggih kasaraos. Ing macapat dumugi mănca sêdasanipun bawah ing Surakarta Adiningrat, kalih bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Punika kajawi yèn bawah tanah măncanêgari.

Mênawi wontên tiyang Cina kesah dagang, măngka katiwasan kabegalan kakecon wontên ing margi, ananging Cinanipun wilujêng têksih gêsang, punika sapintêna barang gadhahanipun ingkang ical kapêndhêt ing têtiyang begal utawi kècu wau,

--- 89 ---

kawêdalakên tatêmpah sapalih, ingkang sapalih lulusa icalipun. Ananging sami supaosa ing kalih-kalihipun. Supaosipun têtiyang Cina wau, mênawi angrubagini, supaosipun têtiyang siti dhusun. Inggih mênawi wit saking pandamêlipun piyambak.

Dene yèn têtiyang Cina kabegalan kakecon wontên ing margi wau punika, măngka ngantos pêjah, punika sapintêna barang gadhahanipun ingkang ical. Botên katêmpahan. Namung têtiyang siti dhusun kawêdalakên diyatipun satus reyal. Sarta rêdènipun kapatrapan dhêndha sêlawe reyal. Dhêndha wau dadosa kagunganipun ing parentah kêkalih.

Kalih dening saupami wontên têtiyang ing Surakarta Adiningrat. Utawi têtiyang ing Ngayogyakarta Adiningrat. Alêlampah dalu, tiyanga Jawi tiyanga Cina, yèn sipêng sanggèn-ênggènipun. Măngka kabegalan wontên ing margi, utawi kapandungan, miwah kakecu ing têtiyang awon. Ngantos tatu, utawi pêjah, punika kadamêl inanipun piyambak. Yèn wontên ahli warisipun botên tarima, tanpa dadosa panggugatipun. Dene ingkang anglampahi parentah ingkang sarta ambêkta sêrat enggal-enggalan. Yèn wontên tiwasipun kados ing ngajêng wau, inggih dadosa panggugatipun. Kadosa ingkang alampah siyang wau punika.

Kalihdene saupami wontên abdi dalêm ing Surakarta

--- 90 ---

Adiningrat. Agadhah prakawis melik rajamal. Kalih abdi dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat. Pêngaos sêlawe reyal sapêngandhap. Punika botên kenging yèn mawia lampah agêng, wontêna sêratipun Mas Ngabèi Amongpraja kemawon, dhatêng Mas Ngabèi Nitipraja.

Mêngkatên malih sasamènipun. Saupami wontên abdi dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat. Agadhah prakawis melik rajamal. Kalih abdi dalêm ing Surakarta Adiningrat. Pêngaos sêlawe reyal sapêngandhap. Punika botên kenging yèn mawia lampah agêng, wontêna sêratipun Mas Ngabèi Nitipraja kemawon dhatênga Mas Ngabèi Amongpraja.

Prakawis Kaping 5

Saupami wontên Wêlandi ing Surakarta Adiningrat. Kesah Sêmawisan. Andhèrèkakên rêmbatan gotongan. Barangipun ing guvêrmèn. Punika prayayènipun mantri ing Surakarta Adiningrat. Ingkang andhèrèkakên rêmbatan gotongan. Barangipun guvêrmèn wau punika, sampun tan botên arêmbaga, kalih Wêlandi ingkang dados tukang margi, sarêng ngajêngakên mangkat saking nagari, mênggah rêmbatan gotongan baranging guvêrmèn wau punika, sami dipun cacahêna kathah kêdhikipun. Sarta dipun takèkêna wêstane isènipun. Rêmbatan gotongan satunggil-tunggilipun. Dhatêng Wêlandi [Wê...]

--- 71 ---

[...landi] ingkang dados tukang margi, nuntên botên kenging botên Wêlandi tukang margi wau punika, amratelakêna dhatêng mantrènipun ingkang andhèrèkakên ing rêmbatan gotongan. Punapa isi yatra, punapa isi barang ingkang kathah rêgènipun. Botên susah yèn mawia kapriksa isènipun ing lêbêt rêmbatan gotongan satunggil-tunggilipun. Utawi kathah kêdhikipun. Saupami sampun kacacahakên sarta sampun kapratelakakên. Isènipun ing rêmbatan gotongan baranging guvêrmèn wau sadaya, nuntên prayayi mantri kalih Wêlandi tukang margi. Sami anyukanana tatêngêr ing jawi kemawon. Sampun ngantos ewah tatêngêripun. Yèn sampun katêngêran cacahipun rêmbatan gotongan wau punika, nuntên sami dipun angkatêna.

Saupami katiwasan wontên ing margi, kabegalan kasêbrotan. Pintên-pintêna ingkang ical. Inggih katêmpahakên dhatêng têtiyang siti dhusun. Ingkang gadhah siti panggenanipun kabegalan kasêbrotan wau punika, sarta macapat măncagangsalipun anêmpahana sakawit. Sarta akanthia supaos ing kalih-kalihipun. Wondene supaosipun prayayi mantri ingkang andhèrèkakên rêmbatan gotongan wau punika, inggih mênawi wit saking pandamêlipun. Kalih mênawi angrubagini ing kathah kêdhikipun rêmbatan gotongan ingkang ical. Dene têtiyang siti dhusun inggih mênawi wit saking pandamêlipun. Dene tatrapipun [tatrapipu...]

--- 92 ---

[...n] angsalipun amêdalakên tatêmpah wau punika, inggih kadosa gènipun mêdalakên tiyang Jawi kalih tiyang Cina kabegalan kasêbrotan wau punika, nuntên tiyang ingkang dursila ambegal anyêbrot wau punika, sami kaupadosa ing parentah kêkalih, saupami kapanggih tiyang dursila punika, inggih kaukuma ingkang sangêt. Wondene tatêmpah inggih wangsula sadaya, sawab dursilanipun kacêpêng, katura ing parentah, saupami darbèkipun ing guvêrmèn. Ingkang ical kabegalan kasêbrotan wau punika, wontên ingkang kapanggih, pintên-pintêna ingkang kapanggih botên kenging botên mantuka.

Wondene pasipênganipun sampun tan botên inggih asipênga wontên kagungan dalêm pasanggrahan ing Bayawangsul. Kagungan dalêm pasanggrahan ing Salatiga, dene tatrapipun wontên ing Bayawangsul utawi wontên ing Salatiga, prayayi mantri ingkang andhèrèkakên rêmbatan gotongan wau punika, kalih Wêlandi tukang margi, inggih apasraha kathah kêdhikipun rêmbatan gotongan. Sarta dipun pratelakêna isènipun piyambak-piyambak. Sarta tatêngêripun. Dhatêng mantrènipun ing Bayawangsul ing Salatiga, ingkang kasipêngan wau punika, mantrènipun ing Bayawangsul ing Salatiga, sampun tan botên anampènana, sarta têtêngêripun anuntên dipun priksaa, yèn sampun sami kapriksa têtêngêripun. Inggih dipun rêksaa piyambak dhatêng mantrènipun ing Bayawangsul ing Salatiga, [Sa...]

--- 93 ---

[...latiga,] dene mantrènipun ingkang andhèrèkakên rêmbatan gotongan wau punika, dipun prênahêna piyambak pamondhokanipun. Sampun tumut angrêksa.

Saupami kaecal-ecalan kapandungan wontên ing pasanggrahan. Pintên-pintêna ingkang ical kapandungan. Inggih mantrènipun ingkang kapondhokan wau punika anêmpahana sakawit. Sarta pandung wau punika inggih sami kaupadosa ing parentah kêkalih, saupami kapanggih tiyang ingkang dursila wau punika, inggih kaukuma punapa ing saukumipun. Dene tatêmpah wau punika, inggih wangsula sadaya, sawab dursilanipun sampun kacêpêng, katura ing parentah, saupami darbèking guvêrmèn. Ingkang ical kapandungan wau punika, wontên ingkang kapanggih, botên kenging botên inggih mantuka.

Saupami rêmbatan gotongan wau punika sampun kapasrahakên dhatêng Wêlandi tukang margi, kalih mantri ingkang andhèrèkakên rêmbatan gotongan. Sarêng ngajêngakên mangkat. Sarta sampun dipun trima, kapriksa tatêngêripun. Botên ewah, nuntên Wêlandi tukang margi, kalih mantri ingkang andhèrèkakên rêmbatan gotongan. Sami amêstani wontên ingkang ical. Mantri ing Bayawangsul ing Salatiga botên katêmpahan.

Punapadene Wêlandi ingkang andhèrèkakên rêmbatan gotongan dhatêng ing Ngayogyakarta Adiningrat. Inggih sampun tan botên asipênga kagungan dalêm pasanggrahan ing

--- 94 ---

Dilanggu, ing Kêlathèn, ing Tangkisan. Wondene patrapipun sarêng mangkat saking Surakarta Adiningrat. Punapadene angsalipun sipêng ing Dilanggu, ing Kêlathèn, ing Tangkisan wau punika, saupami katiwasan kabegalan kasêbrotan, wontên ing margi, kapandungan wontên pasanggrahan. Inggih kadosa lampahipun Wêlandi Sêmawisan ngajêng wau punika.

Kalih dening saupami wontên Wêlandi ing Surakarta Adiningrat. Kêkesahan pasisiran. Utawi pajangan. Asipêng siti dhusun. Ingkang kasipêngan wau punika, inggih sami angrêksaa, saupami kaecal-ecalan kapandungan wontên ing pasipêngan. Utawi katiwasan kabegalan kasêbrotan wontên ing margi, mênggah tatrapipun ing tatêmpah, inggih kadosa lampahipun Wêlandi Sêmawisan wau punika.

Saupami wontên Wêlandi kesah kajêngipun piyambak. Adêdolan dhatêng siti dhusun. Ing pundi-pundi gènipun sipêng, inggih tiyang siti dhusun ingkang kasipêngan wau punika, sami angrêksaa, saupami kaecal-ecalan kapandungan. Punapadene katiwasan kabegalan kasêbrotan wontên ing margi, mênggah tatêmpahipun katribaga, kadosa tindakipun tiyang Jawi, ingkang kaecal-ecalan ingkang sami alampah grami, ananging mawi kasupaosan ing kalih-kalihipun. Wondening Wêlandi supaosipun. Mênawi angrubagini, tiyang siti dhusun inggih mênawi

--- 95 ---

wit saking pandamêlipun.

Saupami Wêlandi ingkang kesah adêdolan dhatêng dhusun wau punika, kantos anyipêng lampahipun anyalawadi, têtiyang siti dhusun ingkang kasipêngan wau punika, nuntên enggal sami angaturana uninga ing parentah, mila mêngkatên bilih Wêlandi minggat.

Inggih mêngkatên malih saupami wontên Wêlandi ing Ngayogyakarta Adiningrat. Kesah Sêmawisan. Andhèrèkakên rêmbatan gotongan. Barangipun ing guvêrmèn. Punika prayayènipun mantri ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang andhèrèkakên rêmbatan gotongan. Baranging guvêrmèn wau punika, sampun tan botên arêmbaga kalih Wêlandi ingkang dados tukang margi, sarêng ngajêngakên mangkat saking nagari, mênggah rêmbatan gotongan baranging guvêrmèn wau punika, sami dipun cacahêna kathah kêdhikipun. Sarta dipun takèkêna wêstane isènipun. Ing rêmbatan gotongan satunggil-tunggilipun. Dhatêng Wêlandi ingkang dados tukang margi, nuntên botên kenging botên Wêlandinipun tukang margi wau, amratelakêna dhatêng mantri kang andhèrèkakên rêmbatan gotongan. Punapa isi yatra, punapa isi barang ingkang kathah rêgènipun. Botên susah yèn mawia kapriksa saisènipun ing lêbêt rêmbatan gotongan satunggil-tunggilipun. Utawi kathah kêdhikipun. Yèn sampun kacacahakên. Sarta sampun kapratelakakên isènipun rêmbatan gotongan. Baranging guvêrmèn wau punika, [pu...]

--- 96 ---

[...nika,] nuntên prayayi mantri kalih Wêlandi tukang margi, sami anyukanana tatêngêr ing jawi kemawon. Sampun ngantos ewah ing tatêngêripun. Yèn sampun sami katêngêran cacahipun rêmbatan gotongan wau punika, anuntên sami dipun angkatakên.

Saupami katiwasan wontên ing margi, kabegalan kasêbrotan. Sapintên-pintêna ingkang ical. Inggih katêmpahakên dhatêng têtiyang siti dhusun. Ingkang gadhah siti panggenanipun kabegalan kasêbrotan wau punika, sarta macapat măncagangsalipun. Anêmpahana sakawit. Akanthia supaos ing kalih-kalihipun. Wondene supaosipun prayayi matri, ingkang andhèrèkakên rêmbatan gotongan wau, mênawi awit saking pandamêlipun. Kalih mênawi angrubagini, kathah kêdhikipun rêmbatan gotongan ingkang ical. Dene tiyang siti dhusun. Inggih mênawi awit saking pandamêlipun. Dene tatrapipun angsalipun amêdalakên tatêmpah wau punika, inggih kadosa gènipun amêdalakên têtiyang Jawi, kalih tiyang Cina, kabegalan kasêbrotan wau punika, anuntên tiyang ingkang dursila ambegal anyêbrot wau punika, sami kaupadosa ing parentah kêkalih, saupami kapanggih dursilanipun. Inggih kaukuma, punapa ing saukumipun. Wondene tatêmpah, inggih wangsula sadaya, sawab dursilaipun kapanggih, sarta sampun kacêpêng, katura ing parentah, saupami darbèking guvêrmèn. [guvêrmè...]

--- 97 ---

[...n.] Ingkang ical kabegalan kasêbrotan wau punika, wontên ingkang kapanggih, pintên-pintêna kathahipun ingkang kapanggih, botên kenging botên inggih mantuka.

Wondene mênggah pasipênganipun. Sampun tan botên inggih asipênga ing kagungan dalêm pasanggrahan ing Bojong, ing Sêcang, dene tatrapipun. Sadhatêngipun ing Bojong, ing Sêcang, prayayi mantri ingkang andhèrèkakên rêmbatan gotongan wau punika, kalih Wêlandi tukang margi, inggih apasraha kathah kêdhikipun ing rêmbatan gotongan. Sarta dipun pratelakakêna isènipun piyambak-piyambak. Miwah tatêngêripun dhatêng mantrènipun ing Bojong ing Sêcang, ingkang kasipêngan wau punika, mantrènipun ing Bojong ing Sêcang, sampun tan botên inggih anampènana, sarta tatêngêripun. Nuntên dipun priksaa tatêngêripun. Inggih dipun rêksaa piyambak-piyambak. Dhatêng mantrènipun ing Bojong ing Sêcang, dene mantrènipun ingkang andhèrèkakên rêmbatan gotongan wau punika, dipun prênahêna piyambak. Pamondhokanipun. Sampun tumut angrêksa.

Saupami kaecal-ecalan kapandungan. Wontên ing pasanggrahan. Pintên-pintêna kathahipun ingkang ical kapandungan, inggih mantrènipun ingkang kapondhokan punika, ingkang anêmpahana sakawit. Sarta dursilanipun ingkang mandung sami kaupadosa ing parentah kêkalih, saupami kapanggih, tiyang dursila pandung wau, inggih kaukuma, punapa ing saukumipun. [sauku...]

--- 98 ---

[...mipun.] Dene tatêmpah wau punika, inggih wangsula sadaya, sawab dursilanipun sampun kacêpêng, katura ing parentah, saupami darbèking guvêrmèn. Ingkang ical kapandungan wau punika, wontên ingkang kapanggih, pintên-pintêna ingkang kapanggih, botên kenging botên inggih mantuka, saupami rêmbatan gotongan wau punika, sampun kapasrahakên dhatêng Wêlandi tukang margi, kalih mantrènipun ingkang dhèrèkakên rêmbatan gotongan. Sarêng ngajêngakên mangkat. Sarta sampun dipun trima, kapriksa tatêngêripun botên ewah, nuntên Wêlandi tukang margi, kalih mantri ingkang andhèrèkakên rêmbatan gotongan. Sami amêstani wontên ingkang ical. Mantri ing Bojong ing Sêcang, botên katêmpahan.

Punapadene Wêlandi ingkang andhèrèkakên rêmbatan gotongan dhatêng ing Surakarta Adiningrat. Inggih sampun tan botên asipênga kagungan dalêm pasanggrahan ing Tangkisan ing Kêlathèn ing Dilanggu, wondene tatrapipun sarêng mangkat saking Ngayogyakarta Adiningrat. Punapadene angsalipun sipêng ing Tangkisan ing Kêlathèn ing Dilanggu wau punika, saupami katiwasan kabegalan kasêbrotan wontên ing margi, kapandungan wontên ing pasanggrahan. Inggih kadosa lampahing Wêlandi Sêmawisan ing ngajêng wau punika.

Kalih dening saupami wontên Wêlandi Ngayogyakarta Adiningrat. Kêkesahan pasisiran utawi pajangan. Asipênga [A...]

--- 99 ---

[...sipênga] siti dhusun. Ingkang kasipêngan wau punika, inggih sami angrêksaa, saupami kaecal-ecalan kapandungan. Wontên ing pasipêngan. Utawi katiwasan kasêbrotan wontên ing margi, mênggah patrapipun ing tatêmpah inggih kadosa lampahing Wêlandi Sêmawisan wau punika.

Saupami wontên Wêlandi kesah kajêngipun piyambak. Adêdolan dhatêng siti dhusun-ingadhusun. Ing pundi-pundi gênipun asipêng, inggih têtiyang siti dhusun ingkang kasipêngan wau punika, sami angrêksaa, saupami kaecal-ecalan kapandungan. Punapadene katiwasan kabegalan kasêbrotan wontên ing margi, mênggah tatêmpahipun katribaga, kadosa tindakipun tiyang Jawi kang kaecal-ecalan. Ingkang sami alampah grami, ananging mawia kasupaosan. Ing kalih-kalihipun. Dene Wêlandi supaosipun mênawi angrubagini, dene têtiyang siti dhusun mênawi wit saking pandamêlipun.

Saupami Wêlandi ingkang kesah adêdolan dhatêng dhusun-ingadhusun wau punika, ngantos sipêng lampahipun anyalawadi, inggih têtiyang siti dhusun ingkang kasipêngan wau punika, nuntên enggal angaturana uninga ing parentah, mila mêngkatên bilih mênawi Wêlandi minggat.

Prakawis Kaping 6

Saupami wontên abdi dalêm utang-apiutang, gadhe-ginadhe, sambut-sinambut, titip-tinitipan. Ingkang awarni [awar...]

--- 100 ---

[...ni] rajaêmal sasamènipun. Punika botên kenging yèn candhak cêpênga, punapadene anjarah angrayah, dene yèn wontên tiyang ingkang purun anglampahi candhak cêpêng, punika kapatrapan dhêndha sêlawe reyal. Dene darbèk ingkang kacandhak cêpêng wau, wangsula dhatêng ingkang darbe, pabênipun mulura dhatêng ing pradata dalêm.

Saupami têtiyang ingkang candhak cêpêng wau, ngantos tatu utawi pêjah, yèn wontên ahli warisipun botên tarima, tanpa dadosa panggugatipun. Dene yèn têtiyang ingkang dipun candhak cêpêng wau punika, ngantos tatu utawi pêjah, yèn wontên ahli warisipun botên tarima, inggih mulura gugatipun dhatêng ing pradata, minggah ing surambi.

Punapadene yèn wontên têtiyang ingkang purun-purun anglampahi anjarah angrayah, punika kapatrapan dhêndha sèkêt reyal. Kang sarta angantukêna barang darbèk ingkang dipun jarah rayah wau sadaya, măngka botên sagêd angantukakên barang darbèk ingkang kajarah karayah wau, utawi botên sagêd asosokan kadhêndha sèkêt reyal. Punika kasamèkakên tiyang durjana pandung, paukumanipun karante kawan taun.

Saupami têtiyang ingkang anjarah angrayah wau punika ngantos tatu utawi pêjah, yèn wontên gugatipun tanpa dadosa, dene yèn têtiyang ingkang dipun jarah rayah wau, ngantos tatu utawi pêjah, inggih mulura gugatipun dhatêng ing pradata, katura ing nagari, dene yèn sampun katur ing parentah, măngka [măng...]

--- 101 ---

[...ka] botên karampungan tumuntên, ngantos kawan dasa dintên sapanginggil. Punika parentah kadhêndha sêlawe reyal. Dene dhêndha wau punika, dadosa kagunganipun ing parentah kalih.

Dene parentah yèn wontên pambênganipun anglampahi ayahan dalêm, utawi sakit. Punika Mas Angabèi Amongpraja tumuntên enggal utusana dhatêng Mas Ngabèi Nitipraja, amratelakakên ingkang sami wontên pambênganipun wau punika, kaanggêran dhatêngipun ing utusan sadèrèngipun tigang wulan. Yèn tigang wulan sapanginggil. Dhêndha wau punika lulus têtêpa sêlawe reyal.

Punapa malih yèn wontên abdi dalêm acandhak cêpêng, dede ingkang utang, punika kadhêndha sèkêt reyal. Pabênipun mulura.

Kados mêngkatên malih, saupami wontên abdi dalêm pabên paribabên. Awit saking utang-apipotang, sasamènipun. Punika botên kenging yèn kantosa ambêsta, dene yèn wontên anglampahi ambêsta, tatrapipun kadhêndha tigang dasa reyal. Pabênipun mulura, dene dhêndha wau punika dadosa kagungaipun ing parentah kêkalih.

Prakawis Kaping 7.

Mênawi wontên têtiyang dipun sêrêg. Ubanggia antawis lampahipun. Măngka botên dhatêng ing antawisipun. Nuntên asukaa sêrat ubanggi tigang pratikêl. Măngka

--- 102 ---

botên dhatêng ing tigang pratikêl malih, nuntên asukaa sêrat ubanggi dhêndha, măngka botên dhatêng ing tigang pratikêl malih, nuntên asukaa dhêndha tigang reyal. Yèn rajamal. Yèn rajatatu dhêndhanipun kawan reyal. Wondene yèn raja papêjah, dhêndhanipun gangsal reyal. Dene dhêndha wau punika dadosa kagunganipun parentah kêkalih.

Dene yèn sampun dhatêng, sami ubanggia ngabên. Yèn botên dhatêng ingkang anggugat. Nuntên asukaa sêrat ubanggi ibra ing tigang pratikêl. Măngka botên dhatêng ing tigang pratikêl. Inggih lulusa ibranipun.

Punika malih, saupami wontên pabên-paripabên, barang kang pinabên, yèn sampun kaugêran ing kalih-kalihipun. Măngka amlorod ingkang anggugat. Inggih anuntên ibra.

Saupami ingkang ginugat mêlorod. Ingkang darbe momongan kadhêndha sêlawe reyal. Nanging ingkang darbe momongan agêng alitipun kaanggêran cacah sabin tigang jung sapênginggil. Yèn sapêngandhapipun tigang jung, wontên etangipun. Dene dhêndha wau punika dadosa kagunganipun ing parentah kêkalih.

Dene ingkang mêlorod wau, dadosa bujunganipun ingkang gugat. Kalih bujunganipun ing parentah, măngka lami-lami ingkang mêlorod wau punika kacêpêng dhatêng ingkang gugat. Dhêndha lulusa, pabênipun mulura, yèn kacêpêng dhatêng ingkang darbe momongan. Dhêndha wangsula, pabênipun mulura.

--- 103 ---

Punapa malih, yèn ingkang ginugat minggat salêbêtipun sêrêgan. Punika katêmpahakên dhatêng ingkang gadhah momongan. Kaanggêran kawan dasa dintên. Yèn botên kapanggih kawan dasa dintên. Inggih ingkang darbe momongan kadhêndha sêlawe reyal. Kaanggêran cacah sabin tigang jung sapênginggil. Yèn sangandhapipun tigang jung, wontên etangipun. Dene ingkang minggat wau punika, dadosa bujunganipun ingkang anggugat. Kalih bujunganipun ing parentah.

Prakawis Kaping 8

Saupami wontên abdi dalêm ing Surakarta Adiningrat. Kesah minggat amawi prakawis. Utawi kawon pabênipun. Angungsi bawahing Ngayogyakarta Adiningrat. Punika inggih prayayi ing Surakarta, dhumatênga ing Ngayogyakarta, sami amilampaha têtiyang ingkang minggat wau punika, dene prayayi ing Ngayogyakarta, tumuntên enggal angulungêna, dhumatêng prayayi ing Surakarta, saupami têtiyang ingkang amawi prakawis wau punika, minggat sasampunipun utusan dhatêng, punika ingkang kanggenan kadhêndha sêlawe reyal. Dene têtiyang minggat wau punika dadosa bujunganipun ingkang anggugat. Kalih bujunganipun ing parentah.

Wondene dhatêngipun ingutusan ingkang saking ing Surakarta Adiningrat. Kaanggêran sangandhapipun kalih wêlas wulan. Yèn kalih wêlas wulan sapênginggil,

--- 104 ---

punika botên kenging yèn prayayi ing Surakarta Adiningrat amilampaha dhatêng tiyang amawi prakawis. Ingkang wontên ing Ngayogyakarta Adiningrat wau punika, inggih sampun têtêp dados abdi dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Punika malih, yèn wontên abdi dalêm ing Surakarta Adiningrat. Kesah ngawula dhatêng ing Ngayogyakarta Adiningrat. Utawi ngawula kabêkêlan ing dhusun, yèn sampun kapatêdhan têdha siti dhusun. Utawi sampun kapatêdhan piagêm. Sanajan dèrènga angsal kalih wêlas wulan. Yèn wontêna prakawisipun. Wontên ing Ngayogyakarta Adiningrat. Inggih sampun têtêp dados abdi dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Punapadene yèn wontên abdi dalêm pangindhung ing Surakarta Adiningrat. Kesah ngalih ngindhung dhatêng ing Ngayogyakarta Adiningrat. Nêgaria ing dhusuna, yèn sampun cumanthèl dhatêng ingkang dipun indhungi, utawi sampun agriya, yèn wontên prakawisipun ing Ngayogyakarta Adiningrat. Sanajan dèrènga angsal kalih wêlas wulan. Inggih sampun têtêp abdi dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat. Nanging yèn prakawisipun rajamal. Măngka tiyang punika katrap ing parentah, pintên-pintêna amal ingkang dados prakawis wau punika, inggih sirnaa.

Dene yèn wontên tiyang ngindhung ing Surakarta Adiningrat. Kesah angulondara dhatêng ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ing nagaria, ing dhusuna,

--- 105 ---

dèrèng angsal kalih wêlas wulan. Nuntên wontên prakawisipun wontên ing Ngayogyakarta Adiningrat. Inggih kawangsulakên dhatêng ing Surakarta Adiningrat. Prakawisipun mulura, nanging ingkang kanggenan tiyang ngindhung ngulondara wau punika, kapatrapan dhêndha ing parentah samurwate ing prakawisipun. Yèn prakawisipun rajamal. Dhêndhanipun sêdasa reyal. Yèn prakawis raja papêjah, dhêndhanipun kalih dasa reyal. Măngka katrap ing parentah, pintên-pintêna amal ingkang dados prakawis wau punika, inggih sirnaa, dene dhêndhanipun, inggih dadosa kagunganipun ing parentah kêkalih.

Mêngkatên malih sasamènipun, saupami wontên abdi dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat. Kesah minggat amawi prakawis. Utawi kawon pabênipun. Angungsi bawah ing Surakarta Adiningrat. Punika inggih prayayi ing Ngayogyakarta Adiningrat. Dhumatênga ing Surakarta Adiningrat, sami amilampaha têtiyang ingkang minggat wau punika, dene prayayi ing Surakarta Adiningrat. Tumuntên enggal angulungêna, dhumatêng prayayi ing Ngayogyakarta Adiningrat, saupami têtiyang ingkang mawi prakawis wau punika, minggat sasampunipun utusan dhatêng, punika ingkang kanggenan kadhêndha sêlawe reyal. Dene têtiyang ingkang minggat wau punika, dadosa bujunganipun ingkang anggugat. Kalih bujunganipun ing parentah.

Wondene dhatêngipun ingutusan. [ingutu...]

--- 106 ---

[...san.] Ingkang saking ing Ngayogyakarta Adiningrat. Kaanggêran sangandhapipun ing kalih wêlas wulan. Yèn kalih wêlas wulan sapênginggil. Punika botên kenging yèn prayayi ing Ngayogyakarta Adiningrat. Amilampaha dhatêng tiyang amawi prakawis. Ingkang wontên ing Surakarta Adiningrat wau punika, inggih sampun têtêp dados abdi dalêm ing Surakarta Adiningrat.

Punika malih, yèn wontên abdi dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat. Kesah ngawula dhatêng ing Surakarta Adiningrat. Utawi ngawula kabêkêlan dhusun. Yèn sampun kapatêdhan têdha siti dhusun. Utawi sampun kapatêdhan piagêm. Sanajan dèrènga angsal kalih wêlas wulan. Yèn wontên prakawisipun. Wontên ing Surakarta Adiningrat. Inggih sampun têtêp dados abdi dalêm ing Surakarta Adiningrat.

Punapadene yèn wontên abdi dalêm pangindhung ing Ngayogyakarta Adiningrat. Kesah ngalih ngindhung dhatêng ing Surakarta Adiningrat. Nêgaria ing dhusuna, yèn sampun cumanthèl dhatêng ingkang dipun indhungi, utawi sampun agriya, yèn wontên prakawisipun ing Surakarta Adiningrat. Sanajan dèrènga angsal kalih wêlas wulan. Inggih sampun têtêp abdi dalêm ing Surakarta Adiningrat. Nanging yèn prakawisipun rajamal. Măngka tiyang punika katrap ing parentah, pintên-pintêna amal ingkang dados prakawis wau punika, inggih sirnaa.

Dene yèn wontên tiyang ngindhung ing Ngayogyakarta [Ngayo...]

--- 107 ---

[...gyakarta] Adiningrat. Kesah ngulondara dhatêng ing Surakarta Adiningrat. Ing nêgaria ing dhusuna, dèrèng angsal kalih wêlas wulan. Nuntên wontên prakawisipun, wontên ing Surakarta Adiningrat, inggih kawangsulakên dhatêng ing Ngayogyakarta Adiningrat. Prakawisipun mulura, nanging ingkang kanggenan tiyang ngindhung ngulondara wau punika, kapatrapan dhêndha ing parentah samurwatipun ing prakawisipun, yèn prakawisipun raja amal. Dhêndhanipun sêdasa reyal. Yèn prakawisipun rajapêjah, dhêdhanipun kalih dasa reyal. Măngka katrap ing parentah, pintên-pintêna amal ingkang dados prakawis wau punika, inggih sirnaa, dene dhêndhanipun inggih dadosa kagunganipun ing parentah kêkalih.

Prakawis Kaping 9.

Saupami wontên abdi dalêm ing Surakarta Adiningrat. Utawi abdi dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat. Anggugat raja papêjah, utawi srisakit. Tiyanga Jawi tiyanga Cina ingkang anggugat. Sarêng kapriksa ing dhusun, inggih yêktos wontên raja papêjah srisakit. Nanging pêjahipun têrang pêjah angiwat, utawi pêjah bêbedhangan, purug-pinurugan, punapadene tiyang pêjah bêbaluhi paprangan dhusun. Ingkang botên angsal parentah, punika tanpa dadosa panggugatipun.

Dene tiyang ingkang gadhah

--- 108 ---

ladosan gugat wau punika, kadhêndha sêlawe reyal, dene dhêndha wau punika dadosa kagunganipun ing parentah kêkalih.

Prakawis Kaping 10.

Saupami wontên raja papêjah sajawining nagari bawah ing Surakarta Adiningrat. Nanging pêjahipun botên kantênan ingkang mêjahi, tiyanga Jawi tiyanga Cina ingkang pêjah, punapadene bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Yèn wontên raja papêjah sajawènipun nagari, inggih botên kantênan ingkang amêjahi, tiyanga Jawi tiyanga Cina ingkang pêjah, punika botên mawi kacêngkal. Dene ingkang kawêdalakên diyatipun, tiyang macapat măncagangsalipun kasaraos. Punika sawontênipun macapat măncagangsalipun bawah ing Surakarta Adiningrat. Sawontênipun macapat măncagangsalipun bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Naging wêdalipun kawangênan kawan dasa dintên. Yèn botên angsal titik ingkang amêjahi ing dalêm kawan dasa dintên, nuntên kawêdalakên yatra diyatipun wau punika.

Yèn tiyang Jawi ingkang pêjah, kawêdalakên yatra diyat satus sêlawe reyal. Sumêrêp dhêndhanipun ing rêdi, utawi tamping, ingkang sêlawe reyal. Dene yatra ingkang satus sêlawe reyal punika kapara tiga, ingkang saduman kaparingakên ahli warisipun. Ingkang kalih duman dadosa kagunganipun ing parentah, yèn tiyang [ti...]

--- 109 ---

[...yang] Cina ingkang pêjah, kawêdalakên yatra diyat katiga bêlah reyal. Ingkang sèkêt reyal sumêrêp dados dhêndhanipun ing rêdi, utawi tamping, saupami wontên Wêlandi ingkang pêjah, kawêdalakên yatra diyat gangsal atus reyal. Ingkang satus reyal sumêrêp dados dhêndhanipun ing rêdi, utawi tamping, sarta têtiyang macapat măncagangsal, sami kasupaosan sadaya, mênawi awit saking pandamêlipun. Dene dhusun panggenanipun ing mayit wau, wêdalipun ing yatra kawawrat ing parentah.

Wondene yèn raja papêjah srisakit. Yèn wontên salêbêtipun ing nagari Surakarta Adiningrat, punapadene wontên salêbêtipun nagari ing Ngayogyakarta Adiningrat. Punika kacêngkal maju sakawan, anyatus kawan dasa cêngkal, yèn botên angsal titik ingkang amêjahi ing kawan dasa dintên. Nuntên kawêdalakên yatra diyat satus sêlawe reyal. Yèn tiyang Cina ingkang pêjah, inggih kawêdalakên yatra katiga bêlah reyal. Saupami Wêlandi ingkang pêjah, kawêdalakên yatra diyat gangsal atus reyal. Dene yatra wau punika tindakipun inggih kadosa ingkang kasêbut ing ngajêng wau punika.

Wondening srisakit tiyang Jawi ingkang pêjah wau punika, yèn dèrèng wontên kapanggih ahli warisipun, yatra diyat ingkang dhatêng ahli waris. Ingkang saduman wau punika, kagantunga ing parentah, kawangênan kawan dasa dintên. Yèn botên dhatêng ahli warisipun ing kawan dasa dintên, inggih sampun têtêp [têtê...]

--- 110 ---

[...p] dadosa kagunganipun ing parentah kêkalih.

Punapa malih yèn wontên raja papêjah srisakit. Sajawining nagari, pêjahipun kinaniaya ing tiyang, ingkang mawi tatu ing gêgaman. Nanging botên wontên gugatipun. Kantos kauningan ing parentah, sarêng kapriksa ing dhusun têrang priksanipun. Yèn dede tiyang awon dursila, sayêktos tiyang sae, dipun kaniaya, inggih kawêdalakên diyatipun. Dhatêng têtiyang dhusun macapat măncagangsalipun. Kawêdalakên yatra diyat wau satus sêlawe reyal.

Prakawis Kaping 11.

Saupami wontên abdi dalêm ing Surakarta Adiningrat, utawi abdi dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat, têtiyang said anggugat dipun ringkês. Kados ta begal pandung ringkês. Yèn kalangkung saking kawan dasa dintên. Inggih botên kadadosakên panggugatipun. Yèn kalêbêt ing kawandasa dintên punika dinadosakên said gugatipun. Nanging dipun priksaa griyanipun. Ingkang angsal pandung, kalih griyanipun ingkang said anututi ringkês. Măngka sêpi ing salah satunggilipun. Punika ingkang sêpi botên dinadosakên pisaidipun, sarta kadhêndha sêlawe reyal. Yèn sami pisaidipun inggih mulura pabênipun. Ingkang anggugat wau dhatêng ing pradata, kainggahakên ing surambi.

--- 111 ---

Prakawis Kaping 12.

Saupami abdi dalêm ing Surakarta Adiningrat, utawi abdi dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat. Wontên tiyang kaecal-ecalan kapandungan. Măngka darbèk ingkang ical kapandungan wau kapanggih dhatêng ingkang darbe, dene têtiyang ingkang kanggenan darbèk wau punika, angangkên angsalipun tumbas ing pêkên. Anuntên melik wau punika kagantunga ing parentah, nuntên amariksaa ingkang anggugat. Kalih ingkang ginugat. Dhatêng ing tăndha, dene yèn ki tăndha ngangkên anêksèni, sarta purun supaos. Tiyang ingkang kagenan melik wau punika ical durjananipun. Dene yèn ki tăndha botên ngangkên anêksèni, purun supaosipun. Têtiyang ingkang kanggenan melik wau punika kasupaosan. Yèn purun supaosipun, ical durjananipun. Dene yèn botên purun supaos, têtêp durjananipun. Dene melik wau punika mantuka dhatêng ingkang anggugat. Măngka têtiyang ingkang kanggenan melik wau punika, agadhah atur sagah andhatêngakên ingkang sade, inggih mulura aturipun dhatêng ing pradata.

Prakawis Kaping 13.

Saupami wontên pabên-paripabên. Anujoni prayayi wêdana, miwah prayayi sêntana, ing Surakarta Adiningrat,

--- 112 ---

anggugat dhatêng prayayi wêdana, utawi prayayi sêntana, ing Ngayogyakarta Adiningrat. Botên kenging yèn sowana piyambak. Kenging yèn wakila kemawon. Ananging mawia ambêkta sêrat paturan. Sarta cap pratandhanipun bupati utawi prayayi sêntana ingkang darbe gugat wau punika.

Mêngkatên malih prayayi wêdana utawi prayayi sêntana ing Ngayogyakarta Adiningrat, ingkang dipun gugat. Inggih kenging yèn amangsulana wakil. Sarta ambêktaa sêrat mawi cap pratandhanipun bupati, utawi prayayi sêntana ingkang dipun gugat wau punika, măngka ingkang dipun gugat wau punika mungkir, sarta purun supaosipun. Inggih wakilipun prayayi wêdana ing Surakarta Adiningrat wau punika, lajênga anarima supaosipun prayayi wêdana ing Ngayogyakarta Adiningrat. Saupami mêrdud prayayi wêdana ing Ngayogyakarta Adiningrat, botên purun supaos. Inggih ingkang anggugat ingkang supaos. Prayayi wêdana ing Ngayogyakarta Adiningrat, inggih awakila dhatêng ing Surakarta Adiningrat. Anarimaa supaosipun prayayi wêdana ing Surakarta Adiningrat, sarta ambêktaa pikawonipun. Satêrkanipun prayayi wêdana ing Surakarta Adiningrat wau punika, saupami prayayi wêdana ing Surakarta Adiningrat. Ingkang anggugat wau punika, yèn botên purun supaos, inggih kaandhapa pabênipun. Tanpa dadosa ing panggugatipun.

--- 113 ---

Mêngkatên malih sasamènipun. Saupami wontên prayayi wêdana, miwah prayayi sêntana, ing Ngayogyakarta Adiningrat. Anggugat pabên dhatêng prayayi wêdana, utawi prayayi sêntana, ing Surakarta Adiningrat. Botên kenging yèn sowana piyambak. Kenging yèn amawia wakil kimawon. Ananging mawia sêrat paturan. Sarta pratandhanipun cap bupati, utawi prayayi sêntana ingkang darbe gugat wau punika.

Mêngkatên malih prayayi wêdana, utawi prayayi sêntana, ing Surakarta Adiningrat. Ingkang dipun gugat, inggih kenging yèn amangsulana wakil. Sarta ambêktaa sêrat mawi cap pratandhaipun cap bupati, utawi prayayi sêntana, ingkang dipun gugat wau punika, măngka ingkang ginugat wau punika mungkir, sarta purun supaosipun. Inggih wakilipun prayayi wêdana ing Ngayogyakarta Adiningrat wau punika, lajênga anarima supaosipun prayayi wêdana ing Surakarta Adiningrat. Saupami mêrdud prayayi wêdana ing Surakarta Adiningrat, botên purun supaos. Inggih ingkang anggugat ingkang supaos.

Prayayi wêdana ing Surakarta Adiningrat, Inggih awakila dhatêng ing Ngayogyakarta Adiningrat. Anarimaa supaosipun prayayi wêdana ing Ngayogyakarta Adiningrat. Sarta ambêktaa pikawonipun. Satêrkanipun prayayi wêdana ing Ngayogyakarta adiningrat wau punika, saupami prayayi wêdana ing Ngayogyakarta Adiningrat ingkang anggugat wau

--- 114 ---

punika, botên purun supaos. Inggih kaandhapa pabênipun. Tanpa dadosa ing panggugatipun.

Punapa malih saupami wontên prayayi wêdana ing Surakarta Adiningrat, utawi prayayi wêdana ing Ngayogyakarta Adiningrat, anggugat dhatêng têtiyang alit ing Ngayogyakarta Adiningrat. Utawi têtiyang alit ing Surakarta Adiningrat. Punapadene yèn wontên têtiyang alit anggugat pabên dhatêng prayayi wêdana, mênggah tindakipun inggih kadosa ingkang kocap ing ngajêng wau punika, nanging prayayi wêdana anglampahêna ing wakilipun kemawon.

Prakawis Kaping 14.

Saupami wontên prayayi ing Surakarta Adiningrat. Anyêpêng têtiyang begal miwah pandung, sarêng dipun takèni angangkên têtiyang ing Ngayogyakarta Adiningrat. Yèn ukum tanjir sapêngandhap, inggih kaukuma wontên ing Surakarta Adiningrat.

Mêngkatên malih sasamènipun. Saupami wontên prayayi ing Ngayogyakarta Adiningrat, anyêpêng têtiyang begal miwah pandung, sarêng dipun takèni angangkên tiyang ing Surakarta Adiningrat. Yèn ukum tanjir sapêngandhap, inggih kaukuma wontên ing Ngayogyakarta Adiningrat.

--- 115 ---

Prakawis Kaping 15.

Saupami wontên têtiyang salaki sarabi, jalêripun ing Surakarta Adiningrat, èstrinipun ing Ngayogyakarta Adiningrat. Apabên salaki sarabi, inggih mas pêngulu ing Surakarta Adiningrat ingkang angukumana.

Inggih mêngkatên malih sasamènipun. Saupami wontên têtiyang salaki sarabi, jalêripun ing Ngayogyakarta Adiningrat, èstrinipun ing Surakarta Adiningrat. Apabên salaki sarabi, inggih mas pêngulu ing Ngayogyakarta Adiningrat ingkang angukumana.

Inggih mêngkatên malih yèn wontên têtiyang èstri ing Surakarta Adiningrat, imah-imah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Nanging dèrèng sah pasahipun kalih lakènipun lami, inggih prayayi ing Ngayogyakarta Adiningrat, angulungêna dhatêng prayayi ing Surakarta Adiningrat.

Inggih mêngkatên malih sasamènipun. Yèn wontên têtiyang èstri ing Ngayogyakarta Adiningrat, imah-imah ing Surakarta Adiningrat. Yèn dèrèng sah pasahipun kalih lakènipun lami, inggih prayayi ing Surakarta Adiningrat, angulungêna dhatêng prayayi ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Prakawis Kaping 16.

Inggih mufakat kangjêng radèn adipati kêkalih, ingkang sarta

--- 116 ---

sarêmbag mufakat sakathahing para nayaka ing Surakarta Adiningrat sadaya, miwah sakathahing para nayaka ing Ngayogyakarta Adiningrat sadaya, ingkang kagadhuhakên parentah wêwalêr, sampun wontên abdi dalêm ing Surakarta Adiningrat, miwah abdi dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat, ingkang anglampahi makah ing kabêkêlan. Punapa malih amakah wayuh.

Sasampunipun dhawah undhang-undhang, anuntên wontên abdi dalêm ing Surakarta Adiningrat, miwah abdi dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang purun-purun anêrak parentah, anglampahi makah punika, uwit saking prakawisipun ingkang kêkah, saengga ingkang makah punika kasêrêg rumiyin saking ing Surakarta Adiningrat. Sanajan amaosana kimawon dhatêng bawahing Surakarta Adiningrat. Têtiyang punika angsal kalih papêndhêmipun bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang punika mas Ngabèi Nitipraja, botên kenging yèn angraosa darbe tiyang punika, samăngsa wontêna utusanipun Mas Ngabèi Amongpraja, tumuntên Mas Ngabèi Nitipraja angluntakêna, wondene melikipun miwah samade griyanipun. Ingkang wontên bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Inggih Mas Ngabèi Nitipraja ingkang adarbea, krantên ingkang makah punika, dene tiyang purun-purun ing parentah.

Inggih mêngkatên malih sasamènipun. Yèn wontên sêrêgan saking ing Ngayogyakarta Adiningrat. Sanadyan amaosana [ama...]

--- 117 ---

[...osana] kemawon dhatêng bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Têtiyang punika angsal kalih papêndhêmipun bawah ing Surakarta Adiningrat. Ingkang punika Mas Ngabèi Amongpraja botên kenging yèn angraosa adarbe tiyang punika, samăngsa wontêna utusanipun Mas Ngabèi Nitipraja, tumuntên Mas Ngabèi Amongpraja angluntakêna, wondene melikipun samade griyanipun. Ingkang wontên bawah ing Surakarta Adiningrat. Inggih Mas Ngabèi Amongpraja ingkang darbea, krantên ingkang makah punika, dene tiyang purun-purun ing parentah.

Punapadene malih, saupami wontên abdi dalêm ing Surakarta Adiningrat. Prayayi kaliwon sapanginggilipun. Yèn wontên nagari ing Ngayogyakarta Adiningrat, utawi abdi dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat, prayayi kaliwon sapanginggilipun. Yèn wontên nagari ing Surakarta Adiningrat, sapintêna lamènipun, inggih dipun rêksaa, yèn ngantos kapandungan darbèkipun ingkang dipun simpêni piyambak. Inggih katêmpaha ing nagari, darbèk ingkang ical kapandungan wau, mantuka sapalih, botên mawi supaos. Nanging darbèkipun ingkang dipun gadhah-gadhahakên dhatêng kancanipun. Punapadene dhatêng lerehanipun. Punika yèn ical kapandungan, inggih mantuka sapalih, nanging mawia kasupaosan.

--- 118 ---

Prakawis Kaping 17.

Saupami wontên abdi dalêm ing Surakarta Adiningrat. Anglampahi ayahan dalêm dhatêng ing Ngayogyakarta Adiningrat. Punika inggih dipun rêksaa ing salamèn-lamènipun, măngka ngantos kapandungan. Yèn amêstani têtiyang, inggih mulura pabênipun dhatêng pradata, yèn botên amêstani têtiyang, inggih katêmpaha ing nagari, ananging akanthia supaos ing kalih-kalihipun. Ingkang kasipêngan mênawi wit saking pandamêlipun. Ingkang kapandungan mênawi angrubagini, yèn sami angsal titik mulura pabênipun. Tatêmpah wau wangsula.

Inggih mêngkatên malih sasamènipun. Saupami wontên abdi dalêm prayayi ing Ngayogyakarta Adiningrat, anglampahi ayahan dalêm dhatêng ing Surakarta Adiningrat. Punika inggih dipun rêksaa ing salamèn-lamènipun. Măngka ngantos kapandungan. Yèn amêstani têtiyang, inggih mulura pabênipun dhatêng ing pradata, yèn botên amêstani têtiyang, inggih katêmpaha ing nagari, ananging akanthia supaos ing kalih-kalihipun. Ingkang kasipêngan mênawi wit saking pandamêlipun. Ingkang kapandungan mênawi angrubagini, yèn sami angsal titik mulura pabênipun. Tatêmpah wau wangsula.

--- 119 ---

Prakawis Kaping 18.

Inggih saupami abdi dalêm kambêng, yèn salaki sarabi, kuwat jalêripun. Yèn abdi dalêm pinggir utawi gajah pêjah, kuwat èstrinipun.

Wondene yèn abdi dalêm panèwu mantri kambêng ing Surakarta Adiningrat, agadhah anak jalêr, putu buyut sapêngandhapipun. Ingkang wit saking panjêr jalêr wau, saupami kesah agagriya wontên siti bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Punika ingkang gadhah wajib saha mêndhêt paosipun. Têksih têtêp abdi dalêm kambêng ing Surakarta Adiningrat. Punapadene yèn kesah agagriya wontên ing siti bawah ing guvêrmèn. Măngka lami-lami mantuk lajêng agagriya wontên siti bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang gadhah wajib saha mêndhêt ing paosipun. Inggih têtêp têksih abdi dalêm kambêng ing Surakarta Adiningrat.

Mêngkatên malih sasamènipun. Mênggah abdi dalêm kambêng panèwu mantri ing Ngayogyakarta Adiningrat. Agadhah anak jalêr, putu buyut sapêngandhapipun, ingkang wit saking pancêr jalêr wau, saupami kesah agagriya wontên siti bawah ing Surakarta Adiningrat. Punika ingkang gadhah wajib, saha amêndhêt paosipun. Inggih têtêp abdi dalêm kambêng ing Ngayogyakarta Adiningrat. Wondene yèn kesah agagriya wontên siti bawah ing guvêrmèn, măngka

--- 120 ---

lami-lami mantuk lajêng agagriya wontên siti bawah ing Surakarta Adiningrat. Inggih têtêp têksih abdi dalêm kambêng ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang gadhah wajib amêndhêt paosipun.

Prakawis Kaping 19.

Saupami wontên abdi dalêm têtiyang dêdosan tiyang ing Surakarta Adiningrat, utawi tiyang ing Ngayogyakarta adiningrat. Sampun têtêp paukumanipun kisas. Nanging dèrèng ngantos katrapakên. Têtiyang dêdosan wau, kasêlak minggat saking ing pirantos. Punika ingkang angrêksa kadhêndha satus reyal. Dene yèn dèrèng têtêp paukumanipun kisas. Dhêndhanipun sèkêt reyal. Wêwêton satus reyal punika tiyang satunggal. Sanajan tiyanga kêkalih, tigaa, langkunga saking tiyang têtiga, ingkang minggat wau, dhêndhanipun inggih satus reyal. Măngka lami-lami tiyang ingkang minggat wau punika kacêpêng dhatêng ingkang angrêksa, dhêndha wau wangsula, wondene têtiyang ingkang kacêpêng wau lajêng kaukuma, dene yèn kacêpêng dhatêng kancanipun ingkang angrêksa, dhêndha wau wangsula, ingkang sèkêt reyal, kaparingakên dhatêng ingkang anyêpêng, dene ingkang sèkêt reyal lulusa katur ing parentah, yèn kacêpêng dhatêng ing parentah, dhêndha lulusa dados kagungan ing parentah, têtiyang lajêng kaukum.

--- 121 ---

Prakawis Kaping 20.

Saupami wontên abdi dalêm ing Surakarta Adiningrat, anginggatakên para gusti ing Ngayogyakarta Adiningrat. Punapadene abdi dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat, anginggatakên para gusti ing Surakarta Adiningrat. Punika yèn sampun kacanthèlakên salêbêtipun ing kalih wêlas wulan. Măngka lami-lami kapanggih, yêktos yèn kabêkta, punika botên kenging yèn angêkahana.

Wondene paukumanipun kasiasat agêng alitipun ing wong-wongan. Punika kaanggêran. Yèn abdi dalêm kaliwon, wontên pasowanipun piyambak. Sampun mawi dhêdhuwungan, lamènipun kalih dasa dintên. Yèn abdi dalêm mantri panèkêt, kabêthèkan wontên pasowanipun piyambak, lamènipun kalih dasa dintên. Yèn abdi dalêm panèkêt sapêngandhap, punika kapênthang wontên ing alun-alun. Lamènipun sawêlas dintên. Wiwit pukul wolu, kaêntas pukul kalih wêlas. Yèn abdi dalêm babêkêl dhusun, kapênthang wontên pinggiring margi parapatan salèripun pangurakan. Lamènipun nêm bêlas dintên. Wiwit pukul wolu kaêntas pukul kalih wêlas. Yèn abdi dalêm pangindhung, punika kacukur mêrapat kaidêrakên kagungan dalêm pêkên agêng, lajêng kabucal sajawining rangkah nagari.

Dene yèn botên kacanthèlakên salêbêting kalih wêlas wulan, inggih sampun botên kenging winiraos.

--- 122 ---

Dene yèn wontên têtiyang ing Surakarta Adiningrat, anginggatakên para nyaènipun putra sêntana bupati mantri ing Ngayogyakarta Adiningrat. Yèn ingkang nginggatakên mungkir, punika kasupaosan ingkang nginggatakên wau punika, yèn botên purun kasupaosan, kadhêndha sêlawe reyal. Punapadene yèn angangkên bêkta, têtêp dhêndhanipun, sarta tiyang èstri ingkang kainggatakên wau punika, dipun ulungêna dhatêng prayayi ing Ngayogyakarta Adiningrat. Dene dhêndha wau punika dadosa kagunganipun ing parentah kêkalih.

Kados mêngkatên malih sasamènipun. Saupami wontên têtiyang ing Ngayogyakarta Adiningrat, anginggatakên para nyaènipun putra sêntana bupati mantri ing Surakarta Adiningrat. Yèn ingkang nginggatakên mungkir, punika inggih kasupaosan ingkang nginggatakên wau punika, yèn botên purun kasupaosan, kadhêndha sêlawe reyal. Punapadene yèn ngangkên ambêkta, inggih têtêpa dhêndhanipun. Sarta tiyang èstri ingkang kainggatakên wau punika, dipun ulungêna dhatêng prayayi ing Surakarta Adiningrat. Dene dhêndha wau punika dadosa kagunganipun ing parentah kêkalih.

Prakawis Kaping 21.

Saupami wontên abdi dalêm dadosan, sasamènipun têtiyang angècu, kêpalanipun têtiyang bawah ing Surakarta Adiningrat. [Adi...]

--- 123 ---

[...ningrat.] Măngka kacêpêng, ngèmbèt tiyang bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang kaèmbèt wau punika inggih kacêpêng, yèn sampun têrang pariksanipun ing dhusun. Prayayi mantri utusanipun kangjêng radèn adipati kêkalih, sarta utusanipun kangjêng tuwan residhèn kêkalih, sampun kasêksèn dhatêng macapat măncagangsalipun sadaya, tiyang ingkang kaèmbèt wau punika, sampun têtêp tumut angècu, mênggah paukumanipun, inggih sami ingkang kaèmbèt kalih ingkang dados kêpalanipun kècu wau punika.

Wondene kècu wau punika yèn ngantos amêjahi têtiyang, utawi ambêsmi griya, măngka ahli warisipun botên tarima, inggih mulura gugatipun dhatêng pradata, kainggahakên dhatêng surambi, yèn sampun kaadilan dhatêng mas pêngulu, măngka dados panggugatipun. Inggih lajêng kaukuma, punapa saukumipun raja papêjah, dene yèm[6] botên dados panggugatipun. Lajêng katura ing parentah, tumuntên kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, kang angêtrapakên ing siyasat wisesaning nagari, tiyang ngècu wau punika karante salamènipun agêsang, utawi kabucal dhatêng sabrang.

Saupami kècu wau punika botên wontên ingkang gugat, punika botên mawi dhatêng surambi, inggih lajêng katrapakên ing parentah kemawon.

Wondene tiyang ngècu wau punika yèn botên amêjahi têtiyang, mênggah patrapanipun ing siyasat wisesaning nagari, karante lamènipun wolung taun.

--- 124 ---

Mêngkatên malih sasamènipun. Saupami wontên abdi dalêm dadosan, sasamènipun tiyang angècu, kêpalanipun têtiyang bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Măngka kacêpêng, ngèmbèt tiyang bawah ing Surakarta Adiningrat. Ingkang kaèmbèt wau punika inggih kacêpêng, yèn têrang priksanipun ing dhusun. Prayayi mantri utusanipun kangjêng radèn adipati kêkalih, sarta utusanipun kangjêng tuwan residhèn kêkalih, sampun kasêksèn dhatêng macapat măncagangsalipun sadaya, tiyang ingkang kaèmbèt wau punika, sampun têtêp tumut angècu, mênggah paukumanipun, inggih sami ingkang kaèmbèt kalih ingkang dados kêpalaning kècu wau punika.

Wondene kècu wau yèn ngantos amêjahi têtiyang, utawi bêsmi griya, măngka ahli warisipun botên tarima, inggih mulura gugatipun dhatêng pradata, kainggahakên dhatêng ing surambi, yèn sampun kaadilan dhatêng mas pêngulu, măngka dados panggugatipun. Inggih lajêng kaukuma, punapa saukumipun raja papêjah, dene yèn botên dados panggugatipun, lajêng katura ing parentah, tumuntên Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, angêtrapêna ing siyasat wisesaning nagari, têtiyang ngècu wau punika karante salamènipun agêsang, utawi kabucal dhatêng sabrang.

Saupami kècu wau punika botên wontên ingkang anggugat, punika botên mawi dhatêng ing surambi, inggih lajêng katrapakên ing parentah kimawon.

Wondene yèn tiyang angècu

--- 125 ---

botên amêjahi têtiyang, mênggah patrapipun ing siyasat wisesaning nagari, karante lamènipun wolung taun.

Prakawis Kaping 22.

Saupami wontên abdi dalêm ing Surakarta Adiningrat, ambêbaluhi angrencangi têtiyang arêbat kabêkêlan ing dhusun, bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat, angrencangi têtiyang ingkang botên angsal ing parentah, măngka ngantos dados prakawis. Katur ing parentah, kangjêng radèn adipati kêkalih enggal adhêdhawaha dhatêng rêdi, utawi tamping, sami angundurêna dhatêng têtiyang ingkang bêbaluhi wau, dene babêkêl ingkang dipun bêbaluhi ingkang botên angsal parentah wau punika, lajêng kacêpêng dhatêng rêdi, utawi dhatêng tamping, katura ing parentah babêstan. Mênggah paukumanipun ing parentah, kagêbag kaping kalih atus. Lajêng kabucal dhatêng sajawining nagari, anak semahipun kaboyong kadalêmakên.

Wondene rêdi, utawi tamping, ingkang gadha rerehan kapatrapan dhêndha sêlawe reyal.

Dene têtiyang bêbaluhi wau punika, yèn ngantos angobong griya, anjarah angrayah dalu utawi siyang, yèn sampun têrang pariksanipun prayayi mantri utusanipun kangjêng radèn adipati kêkalih, sarta utusanipun kangjêng tuwan residhèn kêkalih, sampun mufakat kasêksèn dhatêng macapat măncagangsalipum sadaya, têtiyang

--- 126 ---

ingkang ambêbaluhi, kalih tiyang ingkang dipun bêbaluhi wau, enggal sami dipun cêpênga dhatêng rêdi, utawi tamping, katura ing parentah babêstan.

Mênggah patrapipun ing parentah, inggih sami tiyang ingkang dipun bêbaluhi, kalih tiyang ambêbaluhi wau, paukumanipun sami kagitik kaping kalih atus. Lajêng kabucal dhatêng Lodhaya, utawi dhatêng Ayah, anak semahipun sami kaboyong kadalêmakên.

Yèn têtiyang Cina ingkang tumut ambêbaluhi, mênggah paukumanipun, inggih kadosa ing paukumanipun têtiyang Jawi wau punika, ananging anak semahipun kaboyong katur ing kantor.

Saupami têtiyang ingkang angsal parentah wau punika, yèn ngantos tatu, utawi pêjah, măngka ingkang gadhah ahli waris botên tarima, inggih mulura pabênipun. Anggugat dhatêng pradata, kainggahakên ing surambi, yèn sampun kaadilan dhatêng mas pêngulu, măngka dados panggugatipun. Inggih lajêng kaukuma, punapa ing saukumipun raja papêjah, dene yèn botên dados panggugatipun. Tumuntên mas pêngulu amasrahêna malih dhatêng Mas Ngabèi Amongpraja, angaturêna dhumatêng Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, inggih kangjêng rahadèn adipati lajêng angêtrapêna ing khukum wasesaning nagari, dhatêng têtiyang ingakang dipun gugat wau punika, mênggah paukumanipun. Kagêbag kaping kalih atus. Lajêng kabucal dhatêng sajawining nagari, saupami mawi anjarah angrayah, ambêsmi griya, kagêbag [kagê...]

--- 127 ---

[...bag] kêping[7] tigang atus. Lajêng kabucal dhatêng Ayah, utawi dhatêng Lodhaya, dene ingkang gadhah ahli waris, inggih narimaa.

Inggih mêngkatên malih sasamènipun. Saupami wontên abdi dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat, ambêbaluhi angrencangi têtiyang arêbat kabêkêlan ing dhusun, bawah ing Surakarta Adiningrat. Angrencangi têtiyang ingkang botên angsal parentah, măngka ngantos dados prakawis, katur ing parentah, kangjêng radèn adipati kêkalih enggal adhêdhawaha parentah dhatêng tamping, utawi rêdi, sami angundurêna dhatêng têtiyang ingkang ambêbaluhi wau, dene babêkêl ingkang dipun bêbaluhi ingkang botên angsal parentah wau punika, lajêng kacêpênga dhatêng tamping, utawi rêdi, katura ing parentah babêstan. Mênggah paukumanipun ing parentah, kagêbag kaping kalih atus. Lajêng kabucal sajawining nagari, anak semahipun kaboyong kadalêmakên.

Wondene tamping utawi rêdi, ingkang gadhah rerehan. Katatrapan dhêndha sêlawe reyal.

Dene têtiyang ingkang ambêbaluhi wau punika, mênawi ngantos angobong griya, miwah anjarah angrayah dalu utawi siyang, yèn sampun têrang priksanipun prayayi mantri utusanipun kangjêng radèn adipati kêkalih, sarta utusanipun tuwan residhèn kêkalih, sampun mufakat kasêksèn dhatêng macapat măncagangsalipun sadaya, têtiyang ingkang ambêbaluhi, [ambêba...]

--- 128 ---

[...luhi,] kalih tiyang ingkang dipun bêbaluhi wau, enggal sami dipun cêpênga dhatêng tamping, utawi rêdi, katura ing parentah babêstan.

Mênggah patrapanipun ing parentah, inggih sami tiyang ingkang bêbaluhi kalih tiyang ingkang dipun bêbaluhi wau punika, sami kagêbag kaping kalih atus. Inggih lajêng kabucal dhateng ing Lodhaya, utawi dhatêng ing Ayah, anak semahipun kaboyong kadalêmakên.

Wondene tiyang ingkang angsal parentah wau, yèn ngantos tatu utawi pêjah, măngka ingkang gadhah ahli waris botên tarima, inggih mulura pabênipun. Anggugat dhatêng pradata, kainggahakên dhatêng ing surambi, yèn sampun kaadilan dhatêng mas pêngulu, yèn sampun dados panggugatipun. Inggih lajêng kaukuma, punapa ing saukumipun raja papêjah, dene yèn botên dados panggugatipun. Tumuntên mas pêngulu amasrahêna malih dhatêng Mas Ngabèi Nitipraja, enggal Mas Ngabèi Nitipraja angaturêna dhumatêng Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, inggih kangjêng radèn adipati lajêng angêtrapêna ing khukum wasesaning nagari, dhatêng têtiyang ingkang dipun gugat wau punika, mênggah paukumanipun kagêbag kaping kalih atus. Lajêng kabucal dhatêng sajawènipun nagari, saupami mawi anjarah angrayah, ambêsmi griya, kagêbag kaping tigang atus. Lajêng kabucal dhatêng ing Bareyan, utawi dhatêng ing Sèngklèh, dene ingkang gadhah ahli waris. Inggih anarimaa.

--- 129 ---

Prakawis Kaping 23.

Inggih sawêrnènipun abdi dalêm mantri dêmang rêdi bawah ing Surakarta Adiningrat, utawi sawêrnènipun abdi dalêm mantri dêmang tamping bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang sampun kapitajêngan wontên siti dhusun-ingadhusun. Punika sami kadhawahan parentah kados ingkang sampun mungêl ing sêrat parentahipun kangjêng tuwan residhèn kêkalih, kala wontên kantor loji Kêlathèn.

Ingkang rumiyin mênggah rumêksanipun kagungan dalêm bandar bawah ing Surakarta Adiningrat, tuwin rumêksanipun kagungan dalêm bandar bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ing sadalunipun dipun rêksaa tiyang kalih dasa, kalêbêt kêpalanipun. Wondening têtiyang kalih dasa punika, inggih sami ambêktaa sadêdamêlipun. Punapa sadêdamêlipun tiyang Jawi, yèn saupami wontên bawah ing Surakarta Adiningrat, ingkang purun-purun anowongakên pasaosanipun sadalu punika, yèn ngantos towong tiyang kalih dasa pisan, tumuntên dipun enggal bandaripun angaturana uninga dhatêng kapitanipun. Kapitan wau enggal angaturana uninga dhatêng ing guvêrmèn. Tumuntên kangjêng tuwan ing guvêrmèn agadhaa parentah patrapan dhêndha sèkêt reyal. Punika botên kenging botên. Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat angêjogana patrapan dhêndha sèkêt reyal wau, wondene yèn towong

--- 130 ---

tiyang satunggil, utawi tiyang kêkalih, tuwin tiyang tiga, punapadene ngantos towong tiyang sakawan. Tatrapanipun inggih wontên etangipun.

Dene têtiyang Cina ingkang têngga bandar, botên kenging yèn amêndhêta damêlipun ing têtiyang ingkang sami saos wau, nanging têtiyang ingkang sami jagi wau punika, inggih botên kenging botên. Sami alanglanga mubênga kaping sakawan ing sadalu punika.

Inggih mêngkatên malih sasamènipun. Yèn saupami wontên têtiyang bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat, ingkang purun-purun anowongakên pasaosanipun sadalu punika, yèn ngantos towong tiyang kalih dasa pisan. Tumuntên dipun enggal bandaripun angaturana uninga dhatêng kapitanipun. Kapitan wau enggal angaturana uninga dhatêng ing guvêrmèn. Tumuntên kangjêng tuwan ing guvêrmèn agadhaha parentah patrapan dhêndha sèkêt reyal. Punika botên kenging botên Kangjêng Radèn Adipati Danurêja angêjogana tatrapan dhêndha sèkêt reyal wau, wondene yèn towong tiyang satunggil utawi kêkalih, tuwin tiyang têtiga, punapadene ngantos towong tiyang sakawan. Tatrapanipun inggih wontên etangipun.

Dene têtiyang Cina ingkang têngga bandar, botên kenging yèn amêndhêta damêlipun tiyang ingkang sami saos wau, nanging têtiyang ingkang sami jagi wau punika, inggih botên kenging botên sami alanglanga mubênga kaping sakawan ing sadalu punika.

--- 131 ---

Kalihdene sawêrnènipun têtiyang Cina ingkang sami têngga ing kabandaran. Dadosa bandar ing Surakarta Adiningrat. Dadosa bandar ing Ngayogyakarta Adiningrat. Saupami bandar wau dipun kècu ing têtiyang, yèn tiyang ingkang sami jagi punika botên wontên ingkang tatu utawi pêjah, punapadene botên angsal papêjahipun tiyang ingkang angècu, tuwin botên angsal anyêpêng kècu gêsang, punika sawêrnènipun darbèkipun tiyang Cina bandar, ingkang dipun pêndhêt ing kècu wau, inggih katêmpah dhatêng sawêrnènipun tiyang ingkang sami têngga kabandaran. Punapadene dhatêng macapat măncagangsalipun. Nanging kawangênan ing tigang wulan pangupadosipun ing têtiyang durjana wau, yèn kapanggih durjananipun ing salêbêtipun tigang wulan. Inggih botên katêmpah dhatêng tiyang ingkang sami rumêksa, mila mêngkatên sampun kalintonan paukuman badan. Yèn botên kapanggih ing salêbêtipun tigang wulan. Inggih lulusa tatêmpah wau, katura ing parentah.

Wondene têtiyang ingkang sami rumêksa ing kabandaran wau, yèn kantos tanglêd kalih tiyang kècu, măngka kantos tatu, tuwin wontên ingkang pêjah, punapadene tiyang kècu wontên ingkang tatu utawi pêjah, tuwin wontên ingkang kacêpeng gêsang, inggih têlasa pintên-pintên darbèkipun Cina bandar wau, ingkang kenging dipun kècu ing têtiyang, inggih botên katêmpah dhatêng sawêrnènipun tiyang ingkang sami rumêksa, sabab dene botên kakirangan.

Kalihdene sawêrnènipun [sa...]

--- 132 ---

[...wêrnènipun] tiyang Cina ingkang sami têngga kabandaran. Ing sabên-sabên wulan anglêbêtêna ing paosipun bandar dhatêng ing kapitanipun. Dene ingkang ambêkta inggih abdi dalêm dêmang rêdi, utawi tamping, kadhèrèkêna tiyang Cina ingkang dados pitajêngipun ing bandar, wondene têtiyang Cina ingkang sami têngga ing salaran. Puniki botên kenging yèn ngantosa agagriya wontên ing panggenan salaran. Dene yèn dalu sami anglêmpaka wontên ing kabandaran. Dene ingkang kapitajêngan atêngga ing salaran. Yèn dalu inggih angamungêna tiyang Jawi kemawon. Măngka tiyang Cina wontên ingkang purun-purun agagriya wontên panggenan salaran. Măngka ngantos dipun kècu ing têtiyang, têlasa sapintên-pintêna darbèkipun. Inggih botên katêmpah dhatêng sawêrnènipun ingkang sami rumêksa tuwin dhatêng dhusun-ingadhusun.

Wondene gêgadhahanipun tiyang Cina ingkang sami têngga ing kabandaran wau, ingkang awarni maesa lêmbu kapal, punapadene ingkang awarni uwos pantun, punapa sasamènipun. Inggih dipun uningakêna ing sabên-sabên dintên. Dhatêng ingkang dados kêpalanipun ingkang sami rumêksa, măngka botên suka dipun pariksani ing dalu punika, kalampahan kapandungan. Miwah dipun kècu ing têtiyang, têlasa pintên-pintên barang darbèkipun. Inggih botên katêmpah dhatêng têtiyang ingkang sami rumêksa.

Kalihdene darbèkipun piyambak tiyang Cina ingkang sami têngga kabandaran.

--- 133 ---

Punapadene darbèkipun tiyang Cina ingkang sami dêdunung ing kabandaran. Mênggah darbèkipun ingkang warni barang intên mas sêlaka, punapa sasamènipun. Utawi awarni yatra gadhahanipun piyambak. Inggih sampun tan botên sami katitipêna wontên ing kongsi agêng ing nagari, dene yatranipun piyambak wau, ingkang kalilan kasandhing wontên ing kabandaran: kawatêsan satus reyal sapêngandhap. Măngka têtiyang Cina bandar punika, ngantos katiwasan kakècu ing têtiyang durjana, sapintêna barang gadhahanipun ingkang ical kapêndhêt ing kècu, punika botên kenging kawiraos. Anamung ingkang sampun dados wêwangên kathahipun 100 reyal sapêngandhap wau, punika ingkang katêmpahan sêpalih, ingkang sêpalih lulusa icalipun.

Kalihdene malih, mênawi wontên tiyang Cina, utawi tiyang Jawi, ingkang sami kapitajêngan anyêpêng pak apyun dhatêng kapitan. Punika botên kenging yèn agagriyaa wontên dhusun-ingadhusun. Inggih anunggila sami wontên ing kabandaran. Măngka wontên ingkang purun agagriya wontên dhusun-ingadhusun. Ingkang Kajawi saking kabandaran wau, măngka kapandungan, tuwin kakècu ing têtiyang, têlasa pintên-pintên barang darbèkipun. Inggih botên katêmpah dhatêng lêlurah babêkêlipun dhusun. Ewadene sapunika yèn sagêd amêstani têtiyang, utawi yèn sampun manggih nyina barangipun. Ingkang ical [i...]

--- 134 ---

[...cal] wau punika, inggih mulura gugatipun. Katura ing parentah.

 


Adiningrat. (kembali)
akanthia. (kembali)
sampun. (kembali)
kasupaosan. (kembali)
Adiningrat. (kembali)
yèn. (kembali)
kaping. (kembali)