Javaansche Wetten, Roorda, 1844, #677 (Hlm. 134–200)

Judul
Sambungan
1. Javaansche Wetten, Roorda, 1844, #677 (Hlm. 001–065). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan.
2. Javaansche Wetten, Roorda, 1844, #677 (Hlm. 065–134). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan.
3. Javaansche Wetten, Roorda, 1844, #677 (Hlm. 134–200). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan.
4. Javaansche Wetten, Roorda, 1844, #677 (Hlm. 200–263). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan.
Citra
Terakhir diubah: 30-09-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Prakawis Kaping 24.

Mênggahing sawarnènipun prayayi agung putra sêntana ing Surakarta Adiningrat. Punika sami angyêktosana ing sawawêngkonipun piyambak. Mênawi wontên ingkang kanggenan ing têtiyang durjana, ngantos kacêpêng wontên ing babahan, utawi katitik ing nyina bainatipun. Punapadene ngantos kacêpêng ing parentah, têtêp ing durjananipun. Punika prayayi agung putra sêntana wau katatrapan dhêndha satus reyal. Wondene yèn pêpatih utawi êmbanipun, katatrapan dhêndha sèkêt reyal. Dene lêlurah sapêngandhapipun, ingkang kanggenan têtiyang durjana wau, kacêpeng kajarah karayah barang sadarbèkipun. Katura ing parentah.

Inggih mêngkatên malih, ing sawarnènipun abdi dalêm prayayi wadana prajurit. Tuwin kapitan sapanunggilanipun. Ingkang nama-nama kapala prajurit, sami angyêktosana ing sawawêngkon rerehanipun, miwah dhatêng pawong rencangipun. Yèn wontên ingkang kanggenan tiyang durjana, kados ingkang sampun mungêl ing ngajêng wau, sampun têtêp durjananipun. Punika prayayi wadana prajurit wau sapanunggilanipun, katatrapan dhêndha sèkêt reyal. Dene sapêngandhapipun ingkang kanggenan durjana wau punika, inggih kacêpêng [ka...]

--- 135 ---

[...cêpêng] kajarah karayah barang sadarbèkipun, katura ing parentah.

Wondene yèn wontên abdènipun prayayi agung putra sêntana, punapadene abdi dalêm prayayi wadana prajurit wau sapêngandhapipun. Wontên ingkang kanggenan tiyang durjana, yèn katuripun dhatêng ing parentah, awit dipun cêpêng piyambak. Inggih botên kenging kapatrapan dhêndha wau punika.

Inggih kados mêngkatên malih sasamènipun. Mênggah sawarnènipun prayayi agung putra sêntana ing Ngayogyakarta Adiningrat. Punika sami anyêktosana ing sawawêngkonipun piyambak-piyambak. Mênawi wontên ingkang kanggenan tiyang durjana, ngatos kacêpêng wontên ing babahan. Utawi katitik ing nyina bainatipun. Punapadene ngantos kacêpêng dhatêng parentah, têtêp ing durjananipun. Punika prayayi agung putra sêntana katatrapan dhêndha satus reyal. Wondene yèn pêpatih utawi êmbanipun, katatrapan dhêndha sèkêt reyal. Dene lêlurah sapêngandhapipun ingkang kanggenan tiyang durjana wau, kacêpêng kajarah karayah barang sadarbèkipun, katura ing parentah.

Inggih mêngkatên malih, ing sawêrnènipun abdi dalêm wêdana prajurit, tuwin lêlurah sapanunggilanipun. Ingkang nama kêpala kêpalaning prajurit. Sami kayêktosana sawêngkon rerehanipun. Tuwin dhatêng tiyang rencangipun. Yèn wontên ingkang kanggenan tiyang durjana, kados ingkang mungêl [mungê...]

--- 136 ---

[...l] ing ngajêng wau, sampun têtêp durjananipun. Katatrapan dhêndha sèkêt reyal. Dene sapêngandhapipun ingkang kanggenan tiyang durjana wau, punika inggih kacêpêng kajarah karayah barang sadarbèkipun, katura ing parentah.

Wondene yèn wontên abdining prayayi agung putra sêntana, punapadene abdi dalêm wêdana prajurit wau sapêngandhaipun. Wontên ingkang kanggenan tiyang durjana, yèn katuripun ing parentah, awit saking dipun cêpêng ingkang darbe wawêngkon rerehan piyambak. Inggih botên kenging ing tatrapsan[1] dhêndha wau punika.

Prakawis Kaping 25.

Sawarnènipun abdi dalêm mantri dêmang rêdi dhusun. Bawah ing Surakarta Adiningrat, utawi abdi dalêm tumênggung tamping, dêmang tamping, bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat, sadaya sami kasupaosan. Ingkang dados supaosipun, yèn purun-puruna angingu tiyang awon, alampah dursila, tuwin angubungana padamêlanipun angècu begal. Punapa sasamènipun durjana, punapadene angawonêna tiyang sae, amênêdêna tiyang awon. Kalih yèn botên atêmên-têmêna angsalipun angrêksa ing nagari dalêm panjênênganipun ing ratu kêkalih, inggih sami kenginga ing supaos.

--- 137 ---

Prakawis Kaping 26.

Yèn sampun sami kasupaosan. Ing sawarnènipun abdi dalêm dêmang rêdi dhusun. Bawah ing Surakarta Adiningrat, utawi abdi dalêm tumênggung tamping, dêmang tamping, bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Inggih ugi kenging yèn kadamêla sipat kandêl. Nuntên sami kapatêdhanana sêrat ingkang sampun dados rêmbag. Panguwasanipun ing parentah, yèn sampun sami tampi sêrat parentah, ing sabên-sabên wulan sami kapriksanana ing sawawêngkonipun piyambak-piyambak. Yèn wontên têtiyangipun awon alampah dursila, anuntên enggal sami dipun cêpênga, katura ing parentah.

Kalihdene ingkang sami nyêpêng parentah, abdi dalêm mantri dêmang rêdi dhusun. Utawi abdi dalêm tumênggung dêmang tamping, inggih sami atêpanga rêmbag. Sabab sampun kalih-kalihing atunggil.

Prakawis Kaping 27.

Sawêrnènipun kagungan dalêm siti dhusun bawah ing Surakarta Adiningrat sadaya, tanah paos Mêntawis Rêdi Kidul, Sokawatos Pagêlèn, Gowong jawi rangkah, gadhuhanipun para bêndara-bêndara, putra sêntana, gadhuhanipun abdi dalêm bupati, kaliwon panèwu mantri sapêngandhaipun. Punapadene gadhuhanipun abdi dalêm wêdana prajurit [prajuri...]

--- 138 ---

[...t] ing sarerehanipun. Kalih gadhuhanipun mas pêngulu pradikan sarerehanipun. Sami adamêla lurah babêkêl kamisêpuh, ingkang sampun dados pitajêngipun. Sami rumêksaa sawawêngkonipun piyambak-piyambak.

Kados mêngkatên malih sasamènipun. Sawêrnènipun kagungan dalêm siti dhusun bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat sadaya, tanah paos Mêntawis Rêdi Kidul, Gagatan Sokawati, Pagêlèn Lêdhok Gowong jawi kori, gadhuhanipun para bêndara-bêndara, putra sêntana, gadhuhanipun abdi dalêm bupati, kaliwon panèwu mantri sapêngandhapipun, punapadene gadhuhanipun wêdana prajurit ing sarerehanipun. Kalih gadhuhanipun mas pêngulu pradikan sarerehanipun. Sami adamêla lurah babêkêl kamisêpuh, ingkang sampun dados pitajêngipun. Sami rumêksaa sawawêngkonipun piyambak-piyambak.

Prakawis Kaping 28.

Saupami wontên gêgadhuhanipun siti dhusun ingkang agêng-agêng, ing Surakarta Adiningrat sadaya, tanaha ing pundi-pundi, yèn sumêlap kêdhik tigang jung, utawi kalih jung, sapêngandhapipun. Punapadene gadhuhanipun abdi dalêm panajungan. Inggih babêkêlipun sami kadhawahana rumêksa ing sawawêngkonipun piyambak-piyambak.

Kados mêngkatên malih sasamènipun. Saupami wontên gêgadhuhanipun [gê...]

--- 139 ---

[...gadhuhanipun] siti dhusun ingkang agêng-agêng, ing Ngayogyakarta Adiningrat sadaya, tanaha ing pundi-pundi, yèn sumêlap kêdhik tigang jung, utawi kalih jung, sapêngandhapipun. Punapadene gêgadhuhanipun abdi dalêm panajungan. Inggih bêkêlipun sami kadhawahana rumêksa ing sawawêngkonipun piyambak-piyambak.

Prakawis Kaping 29.

Ing sawêrnènipun babêkêl siti dhusun bawah ing Surakarta Adiningrat. Punapadene sawêrnènipun babêkêl siti dhusun bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Sadaya, yèn sampun sami kadhawahan parentah, kados ingkang sampun mungêl ing ngajêng wau, mênggah ingkang angwasani inggih mantuka dhatêng abdi dalêm rêdi malih, utawi dhatêng abdi dalêm tamping, ingkang sami gadhah rerehan piyambak-piyambak. Pundi aluranipun. Saupami abdi dalêm rêdi wau, tuwin abdi dalêm tamping, botên purun angêtrapakên sêrat pangwasaning parentah, ingkang sampun kadhawahakên. Inggih kenging katatrapan siyasat ing parentah, kapocot. Inggih kasulihan tiyang ingkang sae, ingkang purun anglampahi sadhawahing parentah.

Prakawis Kaping 30.

Saupami wontên têtiyang awon dursila, panggenanipun wontên ing pitajênging bupati ing Surakarta Adiningrat. Ingkang

--- 140 ---

wontên ing dhusun. Ingkang katêrka kalih sasamènipun. Ingkang dados pitajêngipun ing bupati, inggih punika ingkang katimbang-timbang ing lêrêsanipun. Pundi ingkang kadunungan kanggenan ing têtiyang awon dursila wau, dadosa pitajêngipun sintên-sintên. Inggih punika ingkang kalêrês ing patrapan. Mênggah patrapanipun inggih kadosa ingkang sampun kadhawahakên ing parentah, ingkang sampun mungêl ing ngajêng wau punika.

Kados mêngkatên malih sasamènipun. Saupami wontên têtiyang awon dursila, panggenanipun wontên pitajêngipun bupati ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang wontên ing dhusun. Ingkang katêrka kalih sasamènipun. Ingkang dados pitajêngipun bupati, inggih punika ingkang katimbang-timbang ing lêrêsanipun. Pundi ingkang kadunungan kanggenan tiyang awon dursila wau, dadosa pitajêngipun sintên-sintên. Inggih punika ingkang kalêrês ing patrapan. Mênggah palrapanipun[2] inggih kadosa ingkang sampun kadhawahakên ing parentah, ingkang sampun mungêl ing ngajêng wau punika.

Prakawis Kaping 31.

Saupami wontên têtiyang siti dhusun bawah ing Surakarta Adiningrat, dipun kècu ing têtiyang, ingkang kalêbêt macapat măncagangsalipun. Ingkang sami cêlak-cêlak, sami atêtulunga, yèn kathah rencangipun tiyang ingkang bujung kècu wau, kècu [kè...]

--- 141 ---

[...cu] dipun cêpênga, yèn kêdhik rencangipun. Sami dipun kodhola, sarta sami anêdhaa tulung dhatêng ingkang sami kalangkungan ing kècu wau, yèn saupami tiyang dhusun botên purun anulungi, inggih katatrapan dhêndha samurwatipun ing parentah, wondene tiyang ingkang sami ngodhol wau, lajêng sami anyêrêpêna, pundi jêdhêgipun lacaking kècu, yèn lacaking kècu ical ing têba, utawi ing wana, tiyang siti dhusun ingkang gadhah wawêngkon. Saupami botên sagêd andunungakên dhatêng têtiyang ingkang sami angècu, babêkêlipun ing dhusun wau kadhawahan supaos. Dene dhawahing supaos wau, yèn tiyang dhusun uninga, angangkên botên uninga, inggih kenginga ing supaos.

Kados mêngkatên malih sasamènipun. Saupami wontên têtiyang siti dhusun bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat, dipun kècu ing têtiyang, ingkang kalêbêt macapat măncagangsalipun. Ingkang sami acêlak-cêlak. Sami atêtulunga, yèn kathah rencangipun tiyang ingkang bujung kècu wau, kècu dipun cêpênga, yèn kêdhik rencangipun. Sami dipun kodhola, sarta sami anêdhaa tulung dhatêng ingkang sami kalangkungan kècu wau, yèn saupami têtiyang ing dhusun botên purun anulungi, inggih katatrapan dhêndha samurwatipun ing parentah, wondene tiyang ingkang sami angodhol wau, lajêng anyêrêpêna, pundi jêdhêgipun lacaking kècu, yèn lacaking kècu ical ing têba, utawi ing wana, tiyang siti dhusun ingkang gadhah wawêngkon. [wawêng...]

--- 142 ---

[...kon.] Saupami botên pagêd[3] andunungakên dhatêng têtiyang ingkang sami angècu, babêkêlipun ing dhusun wau kadhawahan supaos. Dene dhawahing supaos wau, yèn tiyang dhusun uninga, angangkên botên uninga, inggih kenginga ing supaos.

Prakawis Kaping 32.

Sawêrnènipun abdi dalêm mantri dêmang rêdi dhusun, tuwin pitajêngipun ing bupati, kalih pitajêngipun babêkêl dhusun bawah ing Surakarta Adiningrat. Punapadene malih, sawêrnènipun abdi dalêm tumênggung tamping, dêmang dhusun, utawi pitajêngipun ing bupati, kalih pitajêngipun babêkêl dhusun bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Sadaya sami kadhawahana ing parentah, yèn wontên têtiyang sipêng wontên dhusun-ingadhusun, bawah ing Surakarta Adiningrat. Utawi bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Enggal nuntên dipun prênahêna ing panggenanipun. Wondene ingkang kanggenan kitiyang[4] sipêng wau, enggal asukaa uninga dhatêng lêlurahipun. Lêlurahipun sukaa uninga dhatêng rêdènipun. Utawi dhatêng tamping, ingkang sami gadhah wawêngkon wau, nuntên rêdènipun utawi tampingipun enggal utusana amariksa dhatêng têtiyang ingkang sami sipêng wau punika, mênggahing namanipun miwah ing tanahipun. Tuwin pacanthelanipun ing nagari, yèn sampun tanah tiyang ingkang sipêng wau, inggih lulusa [lulu...]

--- 143 ---

[...sa] gènipun asipêng wontên ing dhusun punika, yèn ingkang sipêng wau kathah rencangipun. Inggal nuntên dipun irida dhatêng griyanipun ing lêlurahipun dhusun. Punapadene griyanipun ing rêdi, utawi griyanipun ing tamping, ingkang gadhah wawêngkon wau.

Dene yèn tiyang ingkang kasipêngan wau, botên purun asuka uninga dhatêng ing rêdènipun, utawi dhatêng tampinganipun. Măngka ingkang sipêng wau ngantos angècu dhatêng ing macapatipun. Têtiyang ingkang kapondhokan ing têtamu wau, kacêpêng katura ing parentah.

Prakawis Kaping 33.

Saupami wontên têtiyang ing Surakarta Adiningrat, nêgari miwah ing dhusun, punapadene tiyang ing Ngayogyakarta Adiningrat, nêgari miwah ing dhusun. Wontên ingkang purun-purun tumbas barang dandosan, wêrnia punapa-punapa, yèn barang dandosan wau angsalipun angècu utawi angsalipun ambegal. Punapadene angsalipun amandung, măngka gènipun tumbas barang dandosan wau dipun maha, ngantos katitik kauningan ing parentah, tiyang ingkang tumbas dandosan wau nuntên kacêpêng, katura ing parentah agêng, wondene paukumanipun kagitik kaping satus. Wontên ing ngajêngipun ing guvêrmèn. Yèn botên katitik karante, lamènipun tigang wulan.

--- 144 ---

Prakawis Kaping 34.

Sawêrnènipun abdi dalêm mantri dêmang rêdi bawahing Surakarta Adiningrat. Pitêpangipun kalih abdi dalêm mantri dêmang tamping bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Sabawahipun sadaya, yèn atampi dhawah parentahipun kangjêng radèn adipati kêkalih, yèn sami andikakakên angupadosi têtiyang awon. Ingkang sami alampah durjana, punika patrapipun. Saupami têtiyang bawahing Surakarta Adiningrat, anêrka awon dhatêng têtiyang bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat, inggih sapintên-pintêna ingkang gadhah têrka wau, yèn botên sagêd amêstani têtiyang, sarta sanyinanipun. Inggih tanpa dadosa panggugatipun. Yèn sampun sagêd amêstani têtiyang, sarta sanyinanipun, botên kenging botên abdi dalêm tamping bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Inggih tumuta anêtêpakên ing durjananipun. Ewa sapunika sanadyan botên anyêpênga ing nyinanipun. Mênawi agadhah sêksi satunggil, punapadene kêkalih, yèn bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat, ingkang dados sêksi, inggih têtêpa durjananipun.

Mêngkatên malih sasamènipun. Inggih sawêrnènipun abdi dalêm dêmang tamping bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Pitêpangipun kalih abdi dalêm mantri dêmang rêdi bawah ing Surakarta

--- 145 ---

Adiningrat. Sabawahipun sadaya, yèn tampi dhawah parentahipun kangjêng radèn adipati kêkalih, yèn sami andikakakên angupadosi têtiyang awon. Ingkang sami alampah durjana, punika patrapipun. Saupami bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat, anêrka awon dhatêng têtiyang bawah ing Surakarta Adiningrat. Sapinten-pintêna ingkang gadhah têrka wau, yèn botên sagêd amêstani têtiyang, sarta sanyinanipun. Inggih tanpa dadosa panggugatipun. Dene yèn sagêd amêstani têtiyang, sarta sanyinanipun. Botên kenging botên abdi dalêm dêmang rêdi ing Surakarta Adiningrat, inggih tumuta anêtêpakên ing durjananipun. Ewa sapunika sanajan botên nyêpênga ing nyinanipun. Mênawi agadhah sêksi satunggil, punapadene kêkalih, yèn bawah ing Surakarta Adiningrat, ingkang dados sêksi, inggih têtêp durjananipun.

Prakawis Kaping 35.

Ingkang saupami wontên abdi dalêm tiyang bawah ing Surakarta Adiningrat, ambujêng kècu utawi pandung dalu, punapadene ambujêng têtiyang begal. Sarêng kakodhol lumêbêt dhusun-ingadhusun bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Punika inggih botên kenging botên tiyang siti dhusun ingkang kalêbêtan tiyang durjana wau, enggal sami atêtulunga obor, kalih sami ambêktaa sadêdamêlipun. Yèn kapanggih

--- 146 ---

durjananipun. Enggal dipun cêpênga, nuntên dipun pasrahêna dhatêng ingkang gadhah babujêngan. Yèn saupami tiyang dhusun wau, ingkang kalêbêtan durjana, botên anulungi amawi obor kalih sadêdamêlipun. Punapadene botên sagêd anyêpêng, punika kapatrapan dhêndha samurwatipun ing parentah.

Inggih mêngkatên malih sasamènipun. Ingkang saupami wontên abdi dalêm tiyang bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat, ambujêng kècu utawi pandung dalu, punapadene ambujêng têtiyang begal. Sarêng kakodhol lumêbêt dhusun-ingadhusun bawah ing Surakarta Adiningrat. Punika inggih botên kenging botên tiyang siti dhusun ingkang kalêbêtan durjana wau, enggal sami atêtulunga obor, miwah sami ambêktaa sadêdamêlipun. Yèn kapanggih tiyangipun durjana wau, lajêng kacêpênga, kapasrahêna dhatêng tiyang ingkang gadhah bujungan. Yèn saupami tiyang siti dhusun wau, ingkang kalêbêtan durjana, botên anulungi amawi obor kalih sadêdamêlipun. Punapadene botên sagêd anyêpêng, punika kapatrapan dhêndha samurwatipun ing parentah.

Prakawis Kaping 36.

Sawêrnènipun kagungan dalêm siti dhusun bawah ing Surakarta Adiningrat, punapadene sawêrnènipun kagungan dalêm siti dhusun bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Tanah ing paos [pa...]

--- 147 ---

[...os] Mêntawis Rêdi Kidul ing Gagatan, Sokawati Pagêlèn, ing Gowong Lêdhok jawi rangkah, ingkang sumêrêp dados kagungan dalêm. Panjênênganipun ing ratu kêkalih, miwah ingkang dados gadhuhanipun prayayi agung putra sêntana, gadhuhanipun abdi dalêm prayayi bupati, kaliwon panèwu mantri sapêngandhapipun. Punapadene gêgadhuhanipun abdi dalêm wadana prajurit. Ing sarerehanipun: kalih gêgadhuhanipun mas pêngulu sarerehanipun. Inggih sêdayanipun abdi dalêm ing Surakarta Adiningrat. Sasamènipun kalih abdi dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat. Mênawi wontên ingkang purun-purun amaosakên siti dhusun dhatêng têtiyang Cina, miwah sapanunggilanipun. Ingkang nama tiyang sabrang, punika botên kalilan yèn ngantosa dipun griyani wontên ing dhusun. Yèn wontên têtiyang Cina ingkang purun-purun agagriya wontên dhusun ingkang dipun paosi wau, saupami kalampahan dipun kècu ing têtiyang, Cinanipun ngantos tatu, utawi ngantos pêjah, tuwin têlas barang darbèkipun sêdaya, mênggah têmpahipun ing barang darbèkipun wau, punapadene diyatipun ing Cina, punika katêmpaha dhatêng prayayi ingkang maospakên[5] siti dhusun wau punika.

Prakawis Kaping 37.

Saupami wontên abdi dalêm tiyang ing Surakarta Adiningrat, [Adiningra...]

--- 148 ---

[...t,] agadhah anak jalêr, utawi èstri, angawula wontên prayayi ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ing nagari miwah ing dhusun. Măngka pêjah dipun kaniaya tiyang ing Ngayogyakarta Adiningrat. Punika prayayi ing Ngayogyakarta Adiningrat, ingkang dipun canthèli ing lare wau, ingkang anyaidêna dhatêng pradata ing Ngayogyakarta Adiningrat. Dene ahli warisipun lare ingkang pêjah wau, ingkang wontên ing Surakarta Adiningrat, botên tarima, inggih parentah ing Surakarta Adiningrat. Ingkang angladosêna ing gugatipun dhatêng pradata ing Ngayogyakarta Adiningrat. Kainggahêna ing surambi ing Ngayogyakarta Adiningrat. Botên mawi pisaid piyambak. Sawab sampun kenging angangge pisaidipun prayayi ing Ngayogyakarta Adiningrat, ingkang dipun picanthèli lare ingkang pêjah wau punika.

Punapadene yèn ingkang amêjahi lare wau tiyang Surakarta Adiningrat, inggih lajêng parentah ing Surakarta Adiningrat angladosêna ahli warisipun. Anggugat dhatêng pradata ing Surakarta Adiningrat. Botên mawi pisaid malih, inggih kenging angangge pisaidipun prayayi ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang dipun canthèli lare ingkang pêjah wau punika.

Kados mêngkatên malih sasamènipun. Saupami wontên abdi dalêm tiyang ing Ngayogyakarta Adiningrat, agadhah anak jalêr, utawi èstri, angawula wontên prayayi

--- 149 ---

ing Surakarta Adiningrat, nagari miwah ing dhusun. Măngka pêjah dipun kaniaya dhatêng têtiyang ing Surakarta Adiningrat. Ingkang dipun canthèli ing lare wau, ingkang anyahidêna dhatêng pradata ing Surakarta Adiningrat. Dene ahli warisipun lare ingkang pêjah wau, ingkang wontên ing Ngayogyakarta Adiningrat. Botên tarima, inggih parentah ing Ngayogyakarta Adiningrat ingkang angladosêna gugatipun dhatêng pradata ing Surakarta Adiningrat. Kainggahêna ing surambi Surakarta Adiningrat. Botên mawi pisaid piyambak. Sampun kenging angangge pisaidipun prayayi ing Surakarta Adiningrat. Ingkang dipun canthèli lare ingkang pêjah wau punika.

Punapadene yèn ingkang amêjahi lare wau tiyang ing Ngayogyakarta Adiningrat. Inggih lajêng parentah ing Ngayogyakarta Adiningrat angladosêna ahli warisipun. Anggugat dhatêng pradata ing Ngayogyakarta Adiningrat. Kainggahakên ing surambi Surakarta Adiningrat. Botên mawi pisaid malih, inggih kenging ngangge pisaidipun prayayi ing Surakarta Adiningrat. Ingkang dipun canthèli lare ingkang pêjah wau punika.

Prakawis Kaping 38.

Saupami wontên abdi dalêm babêkêl dhusun bawah ing Surakarta Adiningrat, kapocot dhatêng lêlurahipun ing nagari, babêkêl ingkang kapocot wau punika, utawi têtiyang [tê...]

--- 150 ---

[...tiyang] alit. Angungsi dhatêng siti dhusun bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang punika babêkêl siti dhusun ingkang dipun ungsèni wau, apratelaa dhatêng mantri tampingipun. Yèn kadhatêngan tiyang badhe ngungsi agriya, saking siti dhusun bawah ing Surakarta Adiningrat. Dêmang tamping wau nuntên atêpanga dhatêng dêmang rêdi bawah ing Surakarta Adiningrat. Amratelakêna yèn bawahipun dipun ungsèni têtiyang saking siti dhusun bawah ing Surakarta Adiningrat. Yèn sampun kapratelakakên, măngka sampun kawêstanan botên wontên prakawisipun. Inggih lulusa katampèn, dhatêng tiyang siti dhusun bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Yèn abdi dalêm dêmang rêdi bawah ing Surakarta Adiningrat, amangsuli yèn tiyang ingkang ngungsi wau wontên prakawisipun. Punika tiyang siti dhusun bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat, ingkang dipun ungsèni wau, enggal anulaka dhatêng tiyang ingkang ngungsi wau, măngka tiyang ingkang angungsi botên purun katulak. Enggal dipun capênga, [6] kawangsulêna dhatêng siti dhusun bawah ing Surakarta Adiningrat.

Wondene babêkêl siti dhusun bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat, ingkang dipun ungsèni wau punika, botên apratela, punapadene lajêng anampèni, tiyang ingkang ngungsi wau purun adamêl prakawis dhatêng siti dhusun ingkang dipun tilar wau punika, amêndhêt barang darbèkipun warni maesa lêmbu sasamènipun. Utawi tanêm tuwuh ingkang têksih wontên [wontê...]

--- 151 ---

[...n] ing sabin. Ngantos dados prakawis. Katur ing parentah, punika babêkêl ingkang dipun ungsèni wau, angantukna barang darbèk ingkang dipun pêndhêt wau punika, sarta kapatrapan dhêndha sêlawe reyal. Dadosa kagunganipun parentah kêkalih.

Wondening têtiyang ingkang angungsi-ungsi punika wau, kacêpêng kawangsulêna dhatêng parentah ing Surakarta Adiningrat.

Mêngkatên malih sasamènipun. Saupami wontên abdi dalêm babêkêl siti dhusun bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat, kapocot dhatêng lêlurahipun ing nagari, babêkêl ingkang kapocot wau punika, utawi têtiyang alit. Angungsi dhatêng siti dhusun bawah ing Surakarta Adiningrat. Ingkang punika babêkêl siti dhusun ingkang dipun ungsèni, apratelaa dhatêng dêmangipun rêdi, yèn kadhatêngan tiyang badhe ngungsi gagriya, saking siti dhusun bawah ing Ngayogyakarta, dêmangipun rêdi nuntên atêpanga dhatêng dêmang tamping bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Amratelakêna yèn bawahipun dipun ungsèni têtiyang saking siti dhusun bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Yèn sampun kapratelakakên, măngka sampun kawêstanan botên wontên prakawisipun. Inggih lulusa katampèn dhatêng tiyang siti dhusun bawah ing Surakarta Adiningrat. Yèn abdi dalêm mantri tamping bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat, amangsuli yèn tiyang ingkang ngungsi wau wontên prakawisipun. Punika têtiyang [têti...]

--- 152 ---

[...yang] siti dhusun bawah ing Surakarta Adiningrat. Ingkang dipun ungsèni wau, enggal anulaka dhatêng tiyang ingkang ngungsi wau, măngka tiyang ingkang angungsi botên purun katulak. Enggal dipun cêpênga, kawangsulêna dhatêng siti dhusun bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Wondene babêkêl siti dhusun bawah ing Surakarta Adiningrat, ingkang dipun ungsèni wau punika, botên apratela, punapadene lajêng anampèni, măngka tiyang ingkang ngungsi-ungsi wau purun adamêl prakawis dhatêng siti dhusun ingkang dipun tilar wau punika, amêndhêt barang darbèkipun warni maesa lêmbu sasamènipun. Utawi tanêm tuwuh ingkang têksih wontên ing sabin. Ngantos dados prakawis katur ing parentah, punika babêkêl ingkang dipun ungsèni wau, angantukna barang darbèk ingkang dipun pêndhêt wau punika, sarta kapatrapan dhêndha sêlawe reyal. Dadosa kagunganipun ing parentah kêkalih.

Wondene têtiyang angungsi-ungsi wau punika, kacêpêng kawangsulna dhatêng parentah ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Prakawis Kaping 39.

Punika malih, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, ing Surakarta Adiningrat, punika kawajiban sakathahing barang prakawisipun têtiyang Jawi, ingkang sami dhatêng ing pradata, punapa malih ingkang sami dhatêng ing pasowan kapatihan. Amêsthi kadamêl rampung ing dalêm kalih wulan lamènipun. Wondene [Wonde...]

--- 153 ---

[...ne] mênawi wontên prakawis ingkang gumantung, angantos langkung saking kalih wulan. Botên sagêd rampung, anuntên Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, angunjukana uninga dhatêng kangjêng tuwan residhèn. Kangjêng tuwan residhèn anuntên anggaliha prakawis wau punika, mênawi prakawisipun kenging karampungan ing salêbêtipun kalih wulan, kados ingkang sampun katamtokakên. Punika Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat katatrapan dhêndha sèkêt reyal.

Mêngkatên malih sasamènipun. Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, ing Ngayogyakarta Adiningrat, punika inggih kawajiban sakathahing prakawisipun tiyang Jawi, ingkang sami dhatêng ing pradata, punapa malih ingkang sami dhatêng ing pasowan kapatihan. Amasthi kadamêl rampung ing dalêm kalih wulan lamènipun. Wontên dening mênawi wontên prakawis ingkang gumantung, angantos langkung saking kalih wulan, botên sagêd rampung, anuntên Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, angunjukana uninga dhatêng kangjêng tuwan residhèn. Kangjêng tuwan residhèn anuntên anggaliha prakawis wau punika, mênawi prakawisipun kenging karampungan ing salêbêtipun kalih wulan. Kados ingkang sampun katamtokakên. Punika Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, katatrapan dhêndha sèkêt reyal.

Prakawis Kaping 40.

Inggih padamêlanipun ing kangjêng guvêrmèn. Ingkang kasanggi

--- 154 ---

panggarapipun ing nagari dalêm kêkalih, ing Surakarta Adiningrat. Akalihan ing Ngayogyakarta Adiningrat. Kagungan dalêm kantor loji ing Kêlathèn. Mênggahing panggarapipun inggih sami pêpalihan. Loji ingkang sasisih lèr, sarta kêrtêg ingkang kilèn. Punapadene kêrtêg-kêrtêg margi agêng, tuwin pal saposipun. Dumugi nagari dalêm ing Surakarta Adiningrat. Inggih prayayi ing Surakarta Adiningrat ingkang gadhah padamêlan anggarap.

Wondening loji ingkang sasisih kidul, sarta kêrtêg ingkang wetan, punapadene kêrtêg-kêrtêg margi agêng, tuwin pal saposipun. Dumugi nagari dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat. Inggih prayayi ing Ngayogyakarta Adiningrat ingkang gadhah padamêlan anggarap.

Punapadene malih, margi-margi sakiwa têngênipun ing nagari dalêm ing Surakarta Adiningrat, ingkang mangidul dumugi ing pasêdhahan, panggenanipun dhahar dalêm apu, ingkang mangetan dumugi ing Sungkuh, ingkang mangalèr dumugi ing Garobogan Warung, punika mênggah panggarapipun inggih sami pêpalihan. Bawah ing Surakarta Adiningrat. Akalihan bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Kados mêngkatên malih, margi-margi sakiwa têngênipun ing nagari dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat. Ingkang mangidul dumugi ing Mancingan. Ingkang mangilèn dumugi ing Kawisbolong, ingkang mangalèr dumugi ing Magêlang, punika mênggah panggarapipun inggih sami pêpalihan. Bawah [Ba...]

--- 155 ---

[...wah] ing Surakarta Adiningrat. Akalihan bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Punapadene malih, mênggah kagungan dalêm kantor loji ing Salatiga, utawi kagungan dalêm kantor ing Bayawangsul. Punika mênggah panggarapipun. Inggih botên ewah kados ingkang sampun kalampahan. Sami amêndhêt bêbahanipun piyambak-piyambak.

Prakawis Kaping 41.

Inggih sawêrnènipun pasarean-pasarean. Ingkang dados papundhèn dalêm. Panjênênganipun ratu kêkalih, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. Akalihan Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, kados ta pasarean ing Magiri. Tuwin pasarean ing Pêkên Agêng, sapanunggilanipun pasarean agêng alit ingkang sampun dados pêpundhèn dalêm. Punika mênggah panggarapipun ing cungkub. Miwah gêdhong-gêdhong, tuwin griya pasowan mêsjid surambi bale kêncur, pagêr banon jawi lêbêt sagapuranipun. Indhak-indhakan ing margi-margi, pêlataran sumur kulah balumbang, sapanunggilanipun. Punapa malih têtiyangipun. Ingkang sami rumêksa ing siyang dalunipun. Punika inggih sami tumindaka pêpalihan. Bawah ing Surakarta Adiningrat. Akalihan bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Kajawi ingkang sampun kasitèn piyambak-piyambak.

--- 156 ---

Sinêrat ing nagri Surakarta Adiningrat. Ing dintên Akad tanggal ping 3 sasi Bêsar ing taun Wawu ăngka 1745.

_________

--- [157] ---

Anggêr Gunung.

--- 158 ---

Pèngêt. Layang ingsun parentah pêpacak anggêr-anggêran gunung, Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panata Gama, ingkang kaping pitu, kumêndur săngka bintang leyo ing Nèdêrlan. Ingkang akadhaton nagara ing Surakarta Adiningrat. Sarta bapa kangjêng tuwan mayor, ridêr săngka ing Nèdêrlansê leyo, residhèn ing Surakarta, dhawuha marang sira Adipati Sasradiningrat.

Liring layang ingsun parentah pêpacak anggêr anggêraning gunung, kang dhawuh marang sira, yèn saiki sira sun paringi parentah pênguwasa anggêr-anggêrane kawulaningsun bocah tumênggung kaliwon panèwu gunung, bawah kapatihan. Lan bawah ing kadipatèn kabèh, sira dhawuhêna parentah pêpacak anggêr-anggêran ingsun marang kawulaningsun bocah tumênggung gunung desa, sakancane kaliwon panèwu gunung, tanah Pajang lan tanah ing Sokawati kabèh.

Bab Kaping 1.

Mungguh kawulaningsun gunung desa, kang pantês padha ingsun paringi nuwala, watêse tumênggung kaliwon panèwu, dene panggonane padha omaha ana sapinggêring[7] dêdalan lêlurung gêdhe, anyêdhakana êpos. Kawit ing Ampèl. Iku diomahana tumênggung gunung bawah kapatihan. Asisiha lan kaliwon gunung bawah kadipatèn. Padha jaga rumêksaa [rumê...]

--- 159 ---

[...ksaa] pos kareta, utawa pos layang, lan andandanana utawa anyulamana kang padha rusak. Nganggo kabayar sêka kantor sapatute, mungguh panggarape iya padha sêrasa, lan gunung ing kadipatèn mau, apa ing saetunge.

Bab Kaping 2.

Mungguh panjagane kagungan ingsun karêtêg. Utawa dêdalan gêdhe ngalore têpung watês lan bawah ing Salatiga, ingkang mangidul têpunga watês karo ing Bayalali, iku yèn dêdalan utawa karêtêg padha rusak, banjur padha didandanana, panggarape sêrasa, nganggo kabayar sêka kantor ing sabênêre.

Bab Kaping 3.

Iku manawa ana lakune ing pikulan barange ing guvrêmèn. Sêka Salatiga nginêp ana ing Ampèl. Mênawa wong kuline ana kang minggat, utawa lara, jaran tundhan mênawa ana kang ilang, utawa poprot. Iku nganggo anglironi, sarta bajur angiringake tutuga ing Bayalali, nganggo kabayar ing guvrêmèn. Apa ing saetunge.

Bab Kaping 4.

Mungguh ing Bayalali, iku panggonan angkatan. Tămpa sèlèhe pikulan gêdhe cilik. Yèn ana barange ing guvrêmèn, kang sêka ing Salahtiga, utawa săngka

--- 160 ---

ing Surakarta, iku kang săngka kawulaningsun gunung ing Bayalali dhewe, sabab uwis ana lungguhe bumi desa, dene mênawa kabotan ingsun lilani angêbèrake, mungguh wong kuli utawa jaran tundhan sapanunggalane, iku bocah ingsun gunung ing kadipatèn, milua angladèni, nganggo kabayar ing saetunge, mungguh kang omah ing Bayalali mau, bocah ingsun gunung ing Bayalali tumênggung, gunung bawah ing kadipatèn kaliwon karo jaga nyuguh utawa kainêpan. Lakune prajurit saradhadhu Wêlănda utawa Jawa, nganggo kabayar ing guvêrmèn samurwate, mungguh panjagane ngêpos lan karêtêg utawa lêlurung gêdhe, iya kaya ing Ampèl mau.

Bab Kaping 5.

Mungguh pos ing larangan. Iku diomahana bocah ingsun gunung panèwu bawah kapatihan. Lan bawah ing kadipatèn. Padha atêpunga gawe sêrasa, jaga rumêksa pos. Karo angladèni tambal sulaman tundhan saradan. Manawa ana lakune barange ing guvrêmèn lan ajaga karêtêg utawa dêdalan gêdhe, kang padha dadi bubuhane dhewe-dhewe, kaya ing ngarêp mau.

Bab Kaping 6.

Kagungan ingsun pos kareta, lan pos layang ing Kartasura, mungguh kang angomahi, kawulaningsun gunung kaliwon. Bawah [Ba...]

--- 161 ---

[...wah] ing kadipatèn. Lan panèwu gunung bawah ing kapatihan. Padha atêpunga gawe sêrasa, sabab ing Kartasura mau, jaga angladèni tambal sulaman tundhan saradan. Pikulane ing guvrêmèn. Kang săngka ing nagara Surakarta, utawa kang săngka ing Klathèn. Nganggo kabayar ing guvêrmèn. Apa ing saitunge, mungguh rarêksane êpos lan karêtêg utawa lêlurung iya kaya gunung ing Ampèl mau.

Bab Kaping 7.

Kagungan ingsun bumi desa ing Krapyak. Iku sira tandurana gunung panèwu loro, munggung[8] gawene jaga anampani tambal sulaman tundhan saradan. Mênawa ana pikulan barange ing guvrêmèn. Kang săngka ing Kartasura, utawa săngka ing Dilanggu, nganggo lèrèn ana Tèmpèl. Mênawa wonge kuli minggat. Utawa jarane ilang, iku nganggo anglironi, nganggo kabayar ing guvêrmèn. Karo anjagani kagungan ingsun karêtêg utawa lêlurung gêdhe, kang dadi bubuhane dhewe-dhewe.

Bab Kaping 8.

Mungguh omah êpos ing Dilanggu, iku diomahana kawulaningsun panèwu gunung bawah sira ing kapatihan. Lan bawah ing kadipatèn. Dene kagungan ingsun êpos ing

--- 162 ---

Karangwuni, iku iya diomahana bocah ingsun panèwu gunung bawah ing kapatihan. Lan bawah ing kadipatèn. Mungguh têpunge ing sabarang gawe sêrasa, sarta ajaga mênawa ana barang ing guvrêmèn. Padha angladènana tundhan saradan. Utawa rumêksa kagungnaningsun karêtêg. Lan lêlurung gêdhe, kang padha dadi bubuhane dhewe-dhewe, mungguh lakune kaya ing Ampèl mau.

Bab Kaping 9.

Dene kagungan ingsun ing Kêlathèn. Iku diomahana kawulaningsun gunung, bawah ing kapatihan tumênggung, gunung ing kadipatèn kaliwon. Kang mawa paggonane anjaga angkatan. Tămpa sèlèhe ing pikulan gêdhe cilik. Săngka ing Bayalali, utawa săngka ing nagara Ngayogyakarta, iku dipikula marang kawulaningsun gunung ing Kêlathèn dhewe, sabab uwis ana lungguhe bumi desa, dene mênawa kabotan, ingsun lilani angêbèrake marang kawulaningsun gunung kaliwon ing kadipatèn mau, milua angladèni wong kuli lan tundhan jaran utawa nyuguh prajurit saradhadhu sapanunggalane kang jênêng abot. Nganggo kabayar ing guvêrmèn. Saitunge, mungguh patrapane ing sabarang gawe sêrasa, utawa panjagane kagungan ingsun omah pos lan lêlurung, iya kaya ing Bayalali mau.

--- 163 ---

Bab Kaping 10.

Munggung kagungan ingsun pos ing Tangkisan. Iku kang ngomahi bocah ingsun panèwu gunung bawah ing kadipatèn, lan gunung bawah ing kapatihan. Padhaa jaga rumêksa omah pos. utawa angladènana mênawa ana tambal sulaman tundhan saradan barang ing guvêrmèn. Sarta rumêksa marang karêtêg lurung gêdhe, kang padha dadi bubuhane bocah ingsun gunung dhewe-dhewe, mungguh panggarape sêrasa, kaya kang wus kasêbut ing ngarêp mau, sababa[9] ing Tangkisan iku jaga palerenan ing pikulan. Kaya ing Ampèl kang wus muni ing dhuwur mau.

Bab Kaping 11.

Mungguh kagungan ingsun êpos kareta, utawa pos layang, kang ana tanah ing Sokawati, siji pos ing Jagamasan. Iku diomahana kawulaningsun panèwu gunung bawah ing kapatihan, lan gunung bawah ing kadipatèn. Jaga rumêksa êpos lan karêtêg sarta lêlurung, utawa angladèni tundhan saradan. Mênawa ana lakune barang pikulan ing guvrêmèn. Nganggo kabayar ing sapatute, mungguh têpunge ing sabarang gawe sêrasa.

Bab Kaping 12.

Dene kagungan ingsun êpos ing Mungkung, iku jaga panginêpane [pangi...]

--- 164 ---

[...nêpane] prajurit saradhadhu, utawa angkatan tămpa sèlèhe ing pikulan gêdhe cilik. Kang sêka nagara ing Surakarta, utawa săngka ing Ngawi, iku diomahana kaliwon gunung bawah ing kapatihan, lan kaliwon gunung bawah ing kadipatèn. Mungguh pangangkate ing sabarang gawe, utawa lêladène kang jênêng wong kuli tundhan jaran sapanunggalane, padha kasănggaa sêrasa, nganggo kabayar ing guvêrmèn. Apa ing saitunge, sarta jaga rumêksa marang kagungan ingsun pos lan lêlurung utawa karêtêg kaya ing dhuwur mau.

Bab Kaping 13.

Mungguh pos ing Kêbonrama, iku diomahana kawulaningsun bocah kaliwon gunung bawah ing kapatihan, lan kaliwon utawa panèwu gunung bawah ing kadipatèn. Dene têpunge ing gawe utawa sêsanggan. Kang jênêng rarêksan kaya kang wus muni ing ngarêp mau.

Bab Kaping 14.

Mungguhing Kêdhungbanthèng, iku diomahana kawulaningsun bocah panèwu gunung bawah ing kapatihan, lan gunung bawah ing kadipatèn. Padha anjaga anampani tambal sulaman tundhan saradan. Pikulan ing guvêrmèn. Kang săngka ing Ngawi, nganggo kabayar ing saetunge, banjur kabage sêrasa, [sêra...]

--- 165 ---

[...sa,] mungguh lakune sabarang ing gawe mau, padha anjaga utawa andandani pasanggrahan ing kapatihan lan kadipatèn.

Bab Kaping 15.

Mungguh sarupane kawulaningsun bocah gunung desa, mênawa ana kang kari utawa ala, gone padha anggarap bubuhane lêlurung lan karêtêg. Iku sira Adipati Sasradiningrat. Ingsun kawênangakên amatrapi kaêrèsana ing panggonane bubuhane dhewe-dhewe kono, aja sira luwari mênawa durung rampung panggarape ing bubuhan mau.

Bab Kaping 16.

Dene mungguh kang dadi pangane kawulaningsun bocah gunung mau, iku ingsun lilani amèk dhuwit săngka rèhe wong bumi desa, sajunge ing dalêm satêngah taun sareyal. Iku sumurup digawe jaga suguh dhayoh utawa pasangone ing kongkonan. Apadene digawe jaga angladèni tundhan saradan. Dene mungguh luwihe dadia pangane kawulaningsun bocah gunung mau, iku mênawa ana kang wani-wani amèk dhuwit pagunungan. Etunge bumi sajunge luwih săngka sareyal. Măngka nganti kawruhan ing parentah, iku sira Adipati Sasradiningrat. Ingsun kawênangakên amatrapi sapira itunge gone amèk dhuwit luwihan [lu...]

--- 166 ---

[...wihan] mau, kabênêr ambalèkake tikêl marang kang duwe dhuwit mau.

Bab Kaping 17.

Mungguh sarupane kawulaningsun bocah gunung desa, mênawa ambênêri ana ing nagara Surakarta, iku gawene amikula marang kagungan ingsun gunungan ing sawêtara, sarta mênawa ana pagaweyan dhudhuk-dhudhuk. Utawa urug-urug nganggo sira wènèhana bubuhan ing sapatute, sarta yèn ana angkatan gawa barange ing guvrêmèn, mênawa ing nagara kabotan. Mungguh kawulaningsun bocah gunung iku sira wènèhana bubuhan milua mikul. Ing sawêtarane nganggo kabayar ing guvrêmèn. Dene mênawa ana gêgawan kang săngka nagara ing Surakarta, angusung kagungan ingsun karêtêg utawa omah pasanggrahan sapanunggalane, iya nganggo sira wènèhana bubuhan kaya ing ngarêp mau.

Bab Kaping 18.

Mênawa ana kawulaningsun bocah wadana kaliwon panèwu mantri jaga jêro kabèh, kongkonan marang ing desa, arêp amocot dêmang utawa bêkêle mau, iku mênawa durung olèh parentah kang săngka ing kapatihan, lan săngka ing kantor, mungguh kawulaningsun bocah gunung desa ambalèkêna marang kongkonan mau, aja kongsi kabanjur [kaba...]

--- 167 ---

[...njur] ing pamocote, mênawa kongkonan mau, wus têrang parentah kang săngka ing kapatihan. Mungguh gunung banjur atiti pariksaa ing sabênêre, mênawa babêkêl mau wus kabênêr pocot. Mupakat marang măncapat măncalimane kono, iku tumuli kaladèkna marang ing nagara, dene mungguh têtêpe pocot iya ana ing nagara Surakarta.

Bab Kaping 19.

Dene kawulaningsun bocah gunung desa, ora ingsun lilani yèn amocota ing sosorane kang jênêng dêmang utawa gunung cilik. Mênawa ana prakarane kang wus kabênêr pocot. Mungguh gunung mau, banjur angladèkna marang ing nagara saprakarane, dene pocote iya ana ing nagara Surakarta, kaya babêkêl mau.

Bab Kaping 20.

Mênawa ana dêmang babêkêl desa jêmpo, utawa mati, kagêntènan ing anak sarta mantu sadulure, kang wus kabêner mufakat lan wong măncapat măncalimane, apadene mênawa arêp têpung rêrukunan kagêntenan ing kalungguhane, utawa sèlèh marang anak lan mantu sadulure, kang ora ana prakarane, mungguh kawulaningsun bocah gunung ingsun lilani anglulusake, kaya adat kang wus kalakon. Mungguh têtêpe

--- 168 ---

dêmang utawa babêkêl mau, bocah gunung desa nganggo angêntènana kawulaningsun kang padha ingsun paringi gêgadhuhan ing nagara dhewe-dhewe, aja kongsi katêtêpake dhisik.

Bab Kaping 21.

Mungguh têpunge ing desa, bocah ingsun gunung bawah ing kapatihan, lan bawah ing kadipatèn. Mênawa ana ing sabarang gawe iku padha kagarapa sêrasa, iku padha atêpunga rukun kang abêcik. Mênawa bumi desa bawah kapatihan utawa bawah ing kadipatèn. Yèn ana prakarane padha karampungana kalawan rukun. Kang bênêr rêsik, mufakate marang măncapat măncalimane kono kabèh, mênawa durung anarima banjur kaladèkna marang ing nagara Surakarta, supaya aja kongsi gawe rêrusuh.

Bab Kaping 22.

Mênawa ana lakune tuwan kang gêdhe, iku sarupane bocah ingsun gunung kabèh, nganggo kasadhiyanana omah pasanggrahan. Siji ing Ngampèl. Loro ing Bayalali, têlu ing Kêlathèn. Iku pasanggrahan utawa tarub-tarub lan kêstalan sapagêre, mungguh panggarape sêrasa, sarta suguhe sukêt pari lan sêga para, ora nganggo kabayar, sabab uwis dadi ing kuwajibane, bocah ingsun gunung dhewe.

--- 169 ---

Bab Kaping 23.

Mênawa panjênêngan ingsun karsa mapag tuwan-tuwan marang ing Kleca, utawa kang mas pangeran adipati angabèi, mapag marang ing Kartasura, mungguh kagungan ingsun pasanggrahan. Kang jênêng rarêsik utawa tarub-tarub sakêstalane, mungguh panggarape perang, bocah ingsun gunung bawah kapatihan. Andandanana omah pasanggrahan ing Kaleca, gunung ing kadipatèn anggarap pasanggrahan ing Kartasura.

Bab Kaping 24.

Mênawa ana bocah ingsun gunung desa utawa saliyane, awani-wani duwe atur goroh, iku sira Adipati Sasradiningrat. Utawa kawulaningsun bocah wadana jaba jêro kabèh, iku padha ingsun lilani amatrapi paukuman. Apa ing saunine kagungan ingsun layang anggêr arubiru.

Bab Kaping 25.

Mungguh bubuhane ing lêlurung, bocah ingsun gunung bawah kapatihan bawah ing kadipatèn. Iku watêse padha diwènèhana tatêngêr tugu, mungguh tugu mau katulisa tăndha jênênge kang duwe bubuhan dhewe-dhewe.

--- 170 ---

Bab Kaping 26.

Mênawa ana lakune wong lêlaran bêbandan sapanunggalane, săngka ing nagara Surakarta mênyang Sêmarang, mungguh gunung ing Kartasura, lan gunung ing Larangan. Iku padha milua angiringake jaga rumêksa ing dêdalan. Sarta angladèni tundhan saradan utawa tandu, jaga tunggangane wong lêlaran bêbandan mau, tutuga pasrah ana ing Bayalali, kang ambanjurêna marang ing Salahtiga, mungguh laran mau mênyang nagara Ngayogya, pasrah ing Kêlathèn. Kang ambanjurake tutug ing nagara Ngayogyakarta pisan. Mênawa ana wong lêlaran marang ing Ngawi, apasraha ana ing Mungkung, iku banjurêna kongsi satutuge ing Ngawi, mungguh rumêksane utawa lêladène bocah ingsun gunung, kang jênêng tundhan saradan sapanunggalane, kaya lakune wong lêlaran kang marang ing Sêmarang mau.

Bab Kaping 27.

Mênawa ana lakune prajurit saradhadhu Wêlănda utawa Jawa, kang padha gilir, nganggo têtindhih Wêlănda upsir, utawa litnan mandhuwur, kang săngka ing nagara Surakarta mênyang ing Sêmarang, utawa marang ing Ngayogyakarta, mênawa lèrèn utawa nginêp ana ing Kartasura, iku nganggo nyuguh lan jaga rumêksa, utawa angladèni tundhan saradan kaya kang wus kalakon. Mênawa marang ing Ngawi nginêp ana ing Mungkung, nganggo [ngang...]

--- 171 ---

[...go] rumêksa utawa nyuguh sapanunggalane kaya ing Kartasura mau.

Bab Kaping 28.

Mungguh angkatan lakune barang ing guvrêmèn, kang săngka ing nagara Surakarta, mangulon marang ing Sêmarang, manawa ngidul marang ing nagara Ngayogyakarta, kang mangetan marang ing Ngawi, utawa mênyang ing Pacitan. Mungguh lakune ing tundhan jaran lan wong kuli sapanunggalane, iku ora owah kaya kang kalakon.

Bab Kaping 29.

Mênawa ana lakune grobag kang momot dhuwit ing guvrêmèn, utawa barang ing saliyane, kang săngka ing nagara Surakarta, mênyang ing Salahtiga, lan ing Ngayogyakarta, utawa marang ing Ngawi, iku mênawa ana grobag kang bubrah, iku ing ngêndi bocah ingsun gunung kang kadalanan mau, kang amitulungana andandani, apadene mênawa sapine ilang utawa popo, mungguh gunung anundhanana, nganggo kabayar marang wong kapala ing sabênêre.

Bab Kaping 30.

Mênawa ana lakune kawulaningsun bocah wadana kaliwon, utawa panèwu mantri jaba jêro, anglakoni ayahan [ayah...]

--- 172 ---

[...an] ingsun maja pasisiran. Ing ngêndi panggonane nginêp. Iku bocah ingsun gunung desa, nganggo kêna suguh lan rumêksa ing sapatute.

Bab Kaping 31.

Mungguh sarupane bocah ingsun gunung, kang jênêng panèwu sapêndhuwur, mênawa ana kang kurang tabêri, utawa kurang ing têmên-têmêne gone anglakoni ing kuwajibane dhewe-dhewe, kang wus muni ing dhuwur mau kabèh, iku sira Adipati Sasradiningrat. Ingsun kawênangakên amatrapi paukuman. Kaundura săngka ing kalungguhane.

Bab Kaping 32.

Mênawa ana lakune tuwan-tuwan kang gêdhe, săngka ing Sêmarang bakal mênyang ing Ngayogyakarta, mungguh bocah ingsun gunung ing Ampèl angiringêna, kongsi tutug pasraha ing Bayalali, gunung Bayalali angiringêna tutug ing êpos Larangan. Gunung ing Larangan pasrahêna ing Kartasura, gunung Kartasura banjur angiringêna tutug ing Dilanggu, pasrah ana ing Karangwuni, gunung ing Karangwuni angiringêna kăngsi tutug ing Kêlathèn. Mungguh bocah ingsun gunung ing Kêlathèn, angiringêna kongsi tutug pos ing Tangkisan. Dene lakune ora owah kaya kang wis kalakon.

Munguh bocah ingsun gunung tanah ing Sokawati, mênawa ana lakune [la...]

--- 173 ---

[...kune] tuwan-tuwan kang gêdhe, săngka ing nagara Surakarta, bakal marang ing Ngawi, iku gunung ing Jagamasan, angiringêna tutug ing Mungkung, gunung ing Mungkung angiringêna pasrah ana ing Kêbonrama, gunung ing kêbonrama kang angiringêna kongsi tutug ing Pule, mungguh lakune ora owah kaya kang wis kalakon.

Bab Kaping 33.

Mênawa ana bocah ingsun desa-ingadesa, tanah Pajang utawa tanah ing Săkawati, padha wani-wani adol kopi pêtêng, ana ing pasar, utawa ana ing dêdalan. Apadene ana ing padesan. Iku banjur karampasa marang bocah ingsun gunung kabèh, mungguh lakune manawa kopi kaêdol ana ing pasar, gunung kang ambawahake apitayaa marang wong Cina, utawa wong Jawa, kang dadi bandar pasar kang angrampasa, mênawa kopi mau kaêdol ana sajrone ing padesan, utawa ana ing dêdalan. Iku bocah ingsun gunung utawa babêl kang ngrampasa dhewe, sapira kèhe kopi kang rupa rampasan mau, banjur kaêdola marang gudhange ing guvêrmèn. Kabayar ing sarêgane kaya kang wis kalakon.

Bab Kaping 34.

Mungguh bocah ingsun gunung padha atiti pariksaa marang rèhe bumi desa dhewe-dhewe, mênawa ana wong Cina amajêgi [ama...]

--- 174 ---

[...jêgi] utawi anêbas apadene anggadhe bumi desa, iku ora ingsun lilani, mênawa durung olih idine ing guvrêmèn. Utawa ing panjênêngan ingsun dhewe, mênawa ana wong Cina anyêkêl bumi desa, durung têrang kang wus muni kaya ing dhuwur mau, mungguh Cinane iku dikêbat kairida lumêbu marang ing nagara Surakarta, karo bocah ingsun kang duwe gêgadhuhan bumi desa pisan.

Bab Kaping 35.

Mungguh bocah ingsun wong bumi desa, mênawa ana kang wani-wani angêdêgake kasukan kêplèk sapêpadhane, manggon ana ing padesan, utawa ing sawah, apadene ing lêlurung gêdhe, kang durung olèh parentah, iku bocah ingsun gunung kang anglarangana ambubarake, supaya aja kongsi kabanjur gone padha kasukan mau, mênawa ora gêlêm mênêng mungguh wong kang ngêdêgake, utawa wong kang ambratoni kasukan iku, banjur kaladèkna marang ing nagara Surakarta, manawa wong kang kasukan kêplèk mau manggon ana ing pasar, mungguh kang anglarangi utawa kang bubarake, wong Cina utawa Jawa kang dadi bandar, mungguh lakune pêngrampase kaya kopi pêtêng mau.

Bab Kaping 36.

Mungguh kawulaningsun bocah tumênggung gunung, padha angingua jaran [ja...]

--- 175 ---

[...ran] rakitan kareta kabiri, utawa wadon. Dalah sapakèhane pisan. Mungguh kèhe tumênggung Ampèl sarakit. Tumênggung Bayalali têlung rakit. Gunung ing Krapyak rong rakit iya dalah sapakehane, tumênggung ing Klatèn rong rakit. Tumênggung Candhisèwu sêrakit. Gunggung kabèh jaran 9 rakit. Gênêp sapakèhane kabèh, mungguh gawene jaga tambal sulaman mênawa ana lakune tuwan-tuwan anunggang kareta êpos. săngka kulon mangetan. Săngka wetan mangulon. Manawa kaputungan laku jarane popo utawa pakehane rusak, ana ing dêdalan gêdhe saparoning êpos. mungguh kusire kongsi anjaluk tulung, iku bocah ingsun tumênggung gunung êndi kang kabênêr duwe bawah panggonane ing kareta mau, dikêbat padha amitulungana, angladèni jaran rakitan sapakèhane nganggo kabayar ing sapatute.

Bab Kaping 37.

Mênawa ana wong Cina utawa Jawa, anglakoni wani-wani anggawa utawa adol apyun pêtêng ana desa-ingadesa, utawa ing dêdalan. Iku bocah ingsun gunung kabênêr duwe bawah, panggonan apyun pêtêng mau, banjur karampasa, mungguh wonge kang adol utawa saapyune pisan, banjur kaladèkna lumêbu marang nagara, katura ing kantor.

--- 176 ---

Bab Kaping 38.

Mênawa ana wong adol sarang burung, marang ing padesan. Mungguh bocah ingsun gunung banjur angrampasa, mênawa sarang burung mau kagawa lêlaku ana ing dêdalan gêdhe, mênawa anggawa layange pratandhane tuwan residhèn, kang ambawahake, muni wus kalilan anggawa sarang burung, gênah parane, banjur kalulusêna ing lakune, mênawa ora anggawa layang têrang ing tuwan residhèn. Iku banjur karampasa, mungguh wonge kang anggawa sarang burunge pisan. Katura ing kantor kaya apyun pêtêng mau.

Bab Kaping 39.

Mênawa ana wong padha wani-wani adol arak rum utawa ciyu pêtêng, apadene anglakoni gawe ciyu, mênawa uwis anyêkêl layang pratandhane kang dadi pak arak. Kang têrang parentah muni wus kawênangake adol utawa gawe arak. Ana desa-ingadesa, iku bocah ingsun gunung anglulusêna ing panggawene arak mau, mênawa durung anyêkêl layang pratandhane kang dadi pak. Banjur karampasa, mungguh arak utawa uwong dalah saprabote gone agawe arak. Katura marang ing kantor, kaya adat kang wis kalakon.

--- 177 ---

Bab Kaping 40.

Mênawa ana wong Cina utawa Jawa, apadene wong Êncik lan Koja, wani-wani anglakoni adol obat gaweyan Wêlănda, utawa Jawa, ana desa-ingadesa, utawa ana ing dêdalan. Mungguh bocah ingsun gunung, dikêbat angrampasa dhewe, mênawa obat mau kaêdol ana ing pasar, iku gunung apitayaa marang bandar pasar, kang angrampasa, supaya aja kongsi agawe gègère ing pasar, munguh wonge kang adol lan obate, rampasan mau kabèh, katura ing kantor, kaya kang wus muni ing ngarêp mau.

Bab Kaping 41.

Mungguh sarupane kawulaningsun bocah gunung desa, tanah Pajang lan tanah ing Sokawati, bawah kapatihan lan bawah ing kadipatèn kabèh, padha agawea omah pajagan. Ana sapinggire ing lêlurung gêdhe, kang dadi bawah kuwajibane dhewe-dhewe, mungguh lête adoh cêdhake omah pajagan mau, bocah ingsun gunung bawah kapatihan lan atêpunga karo gunung ing kadipatèn. Mungguh omah pajagan siji-sijine, nganggo dijaganana uwong rina wêngi, kèhe lima sathithike papat. Sagêgamane aja kongsi towong, jaga amitulungi mênawa ana bocah ingsun kang padha lêlaku kabegal ing durjana.

--- 178 ---

Bab Kaping 42.

Dene mênawa ana wong Cina utawa Jawa, wani-wani angêdêgake mupu bea salaran ana ing dêdalan gêdhe, utawa ing karêtêg. Nganggo anjaluki bea salaran, marang sarupane wong kang padha liwat anggawa barang pinikulan, gêdhe cilik. Iku banjur karampasa marang bocah ingsun gunung desa, kang kabênêr duwe bawah, panggonan salaran mau, mungguh wonge kang mupu bea, nganggo kagênahêna sapa wonge kang akon. Mênawa kacêkêlan layang iku dijaluka, mungguh wonge lan layange pisan katura ing kantor, kaya rampasan kang wus muni ing dhuwur mau.

Bab Kaping 43.

Mênawa ana para tuwan-tuwan utawa wong Êncik lan Koja sapanunggalane kang jênêng wong sabrang, iku mênawa wani-wani amajêgi marang kagungan ingsun bumi desa pêtêng, kang padha dadi gêgadhuhane kawulaningsun bocah ing nagara, utawa ing desa, iku mênawa durung olèh lilah săngka ing panjênêngan ingsun, utawa idine ing guvrêmèn. Panjênêngan ingsun ora anglilani, manawa ana para tuwan-tuwan sapanunggalane mau, amajêgi kagungan ingsun bumi desa, amarga săngka rêrukunan dhewe, iku gunung kang kabênêr duwe gêgadhuhan [gêga...]

--- 179 ---

[...dhuhan] angêrèhake bumi desa mau, kagawea mênêng, dikêbat awèha wêruh marang ing parentah.

Bab Kaping 44.

Mênawa ana wong kang padha wani-wani adol kêbo sapi jaran sapanunggalane kewan, ana desa-ingadesa, ora gêlem kasêksèkake marang kapalane desa kono, iku ingsun arani wong adol kewan pêtêng, bocah kapala desa mau, ingsun wênangake angandhêga marang wonge sarta anggantung kewane, akanthia bocah ingsun gunung, yèn wong kang adol kewan pêtêng mau ora duwe lurah bêkêl. Banjur kalêbokna marang ing nagara bêbandan. Lan sakewane kang didol mau, yèn duwe lurah bêkêl, katêkakêna, iya padha kairida lumêbu marang ing nagara unjar-unjaran. Anjujuga ing kantor, mênawa gone adol kewan mau ana ing pasar, măngka ora kabeyakake marang wong Cina utawa Jawa, kang dadi bandar pasar kono, sarta ora kasêksèkake marang kancane bêlantik. Iku ingsun arani wong adol kewan pêtêng, bocah ingsun gunung kang ambawahake pasar kono, apitayaa marang bandar pasar kang angandhêga wonge, sarta anggantunga kewane, supaya aja kongsi agawe gègèring pasar, yèn wong kang adol kewan pêtêng mau ora duwe lurah bêkêl. Banjur kalêbokna marang ing nagara [na...]

--- 180 ---

[...gara] bêbandan. Mênawa duwe lurah bêkêl katêkakêna, iya padha kairida marang ing nagara unjar-unjaran. Anjujuga ing bale mangu kapatihan.

Mênawa gone adol kewan mau, ana ing warung sapinggiring lêlurung, măngka ora gêlêm kasêksèkake bandar warung lan kapalane desa kono, iku ingsun arani wong adol kewan pêtêng, bocah kapala desa iku ingsun wênangake angandhêga marang wonge, sarta angatung kewan kang didol mau, akanthia bocah ingsun gunung, yèn wong kang adol kewan pêtêng mau ora duwe lurah bêkêl, banjur kaladèkna bêbandan. Anjujuga bale mangu kapatihan. Dene yèn duwe lurah bêkêl katêkakêna, kairida marang nagara Surakarta sakewane unjar-unjaran. Anjujuga bale mangu kapatihan.

Bab Kaping 45.

Mênawa ana wong adol barang tumbak kêris, pêdhang bêdhil lan kêstul, sapanunggalane gêgaman. Ana desa-ingadesa, ora gêlêm kasêksèkake marang tăngga têparone, utawa lurah bêkêle bumi desa kono, iku ingsun arani wong adol barang gêgaman pêtêng, bocah kapala desa kono ingsun wênangake, angandhêga marang wonge sarta anggantung barang gêgaman kang didol. Akanthia bocah ingsun gunung, yèn wong kang adol gêgaman iku

--- 181 ---

ora duwe lurah bêkêl. Banjur kalêbokna marang ing nagara bêbandan. Sagêgamane kang didol mau, yèn duwe lurah bêkêl katêkakêna, kairida lumêbu marang ing nagara Surakarta, unjar-unjaran sabarange, anjujuga bale mangu kapatihan.

Mênawa gone adol gêgaman mau ana ing pasar, ora kabeyakake marang Cina lan Jawa wong kang dadi bandar pasar kono, lan ora kasêksèkake marang kancane blantik. Iya ingsun arani wong adol gêgaman pêtêng, bocah ingsun gunung kang ambawahake pasar kono, apitayaa marang bandar pasar kono, kang angandhêga marang wonge, sarta anggantung barang gêgaman kang didol. Supaya aja kongsi agawe gègèring pasar, yèn wong kang adol barang gêgaman pêtêng mau, ora duwe lurah bêkêl. Banjur kalêbokna marang ing nêgara bêbanan, lan sabarange kang didol. Yèn duwe lurah bêkêl, banjur padha kairid marang nagara unjar-unjaran. Kajujugêna ing kantor.

Dene yèn gone adol barang gêgaman mau ana ing warung sapinggiring lêlurung, măngka ora awèh bea marang wong kang dadi bandar warung kono, lan ora kasêksèkake marang bocah ingsun kêpala desa, iku iya ingsun arani wong adol barang gêgaman pêtêng, bocah bandar warung kang angandhêga wonge sarta anggantung barange kang didol. Akanthia bocah ingsun gunung, yèn wong kang adol mau ora duwe lurah bêkêl.

--- 182 ---

Iku kalêbokêna marang ing nagara bêbandan sabarange, yèn duwe lurah bêkêl katêkakêna, banjur padha kairida lumêbu marang ing nagara Surakarta unjar-unjaran. Anjujuga ing kantor.

Bab Kaping 46.

Mênawa ana wong adol êmas intên suwasa sêlaka, utawi[10] kuningan têmbaga prunggu timah sapanuggalane, ana ing desa-ingadesa, ora gêlêm kasêksèkake marang lurah bêkêle, utawa marang wong tăngga têparone bumi desa kono, iku iya wong adol êmas intên sapanunggalane pêtêng, bocah kapala desa ingsun wênangake angandhêg wonge, sarta anggantung barange kang didol. Akathia bocah ingsun gunung, yèn wong kang adol barang pêtêng mau, ora duwe lurah bêkêl. Kalêbokna marang ing nagara bêbandan. Lan sabarange, yèn duwe lurah bêkêl katêkakêna, banjur padha kairida marang ing nagara sabarange unjar-unjaran. Kajujugna ing kapatihan.

Mênawa gone adol êmas intên sapanunggalane mau ana ing pasar, ora gêlêm kabeyakake marang wong Cina utawa Jawa, kang dadi bandar pasar kono, sarta ora kasêksèkake marang kancane bakul. Iku iya wong adol barang êmas intên sapanunggalane pêtêng, iku bocah ingsun gunung kang ambawahake pasar kono, apitayaa [apitaya...]

--- 183 ---

[...a] marang wong bandar kang angandhêga marang wonge sarta anggantung barange kang didol. Supaya aja kongsi agawe gègèring pasar, mênawa kang adol mau ora duwe lurah bêkel. Kalêbokna marang ing nagara bêbandan sabarange, yèn duwe lurah bêkêl katêkakêna, banjur padha kairida lumêbu marang ing nagara Surakarta sabarange unjar-unjaran. Anjujuga ing kantor.

Dene yèn gone adol barang êmas intên sapanunggalane mau, ana ing warung sapinggiring lêlurung, ora kabeyakake marang wong kang dadi bandar warung, lan ora kasêksèkake marang wong kapalane desa kono, iku iya wong adol barang mas intên sapênunggalane pêtêng, bocah bandar warung lan kapalane desa mau, ingsun wênangake angandhêga wonge, sarta anggantung barange kang didol. Akanthia bocah ingsun gunung, yèn wong kang adol barang pêtêng mau, ora duwe lurah bêkêl. Kalêbokna marang ing nagara bêbandan sabarange, yèn duwe lurah bêkêl katêkakêna, banjur padha kairida lumêbu marang ing nagara Surakarta unjar-unjaran sabarange, anjujuga ing kantor.

Dene mêloke kang aran êmas pêtêng iku, mênawa kang duwe amal wis anyêkêl layang pisaid tata, lan pisaid wara ing pradan ingsun.

Bab Kaping 47.

Mênawa ana bocah ingsun, kalêbu bawahe kangjêng guvrêmèn. [gu...]

--- 184 ---

[...vrêmèn.] Adol kêbo sapi jaran sapanunggalane kewan, tumbak kêris pêdhang bêdhil sapanunggalane gêgaman. Êmas intên suwasa sêlaka, têmbaga sapanunggalane, utawa barange ing guvrêmèn.

Yèn gone adol barang pêtêng mau, apadene gone kacandhak katututan marang wong kang nglari, ana ing dêdalan atawa ing bumi desa, iku kang ingsun wênangake angrampas barang pêtêng anyêkêl ing wonge kang adol mau, bocah ingsun kapala desa kono, akanthia bocah ingsun gunung, banjur wong kang adol barang pêtêng mau, kalêbokna marang ing nagara bêbandan. Sabarang rampasane kabèh, karo wong kang nglari mau, jujug bale mangu banjur katur kantor.

Kaya mêngkono manèh, yèn gone adol barang pêtêng mau, ana ing pasar warung, iku kang ingsun wênangake anggantung barang pêtêng sawonge mau, bocah ingsun bandar, anjaluka kanthi bocah ingsun gunung, kang supaya aja kongsi dadi gègèring pasar, banjur wong kang adol barang pêtêng sabarange, karo kang duwe barang mau, kalêbokna marang nagara, jujuga ing kantor.

Bab Kaping 48.

Sarupane kawulaningsun, gêgunung utawa wong desa-ingadesa, mênawa kandhêg kampiran, abdine kajêng[11] guvrêmèn, prajurit Wêlănda sapanunggalane, wong băngsa sabrang, ingkang padha minggat têka ing nagara, utawa bètèng-bètèng, [bètèng-bè...]

--- 185 ---

[...tèng,] iku bocah ingsun desa-ingadesa kang kandhêg kampiran mau, angandhêga marang prajurit Wêlănda sapanunggalane kang minggat mau, lan sagêgawane barang, sarta apratelaa marang gêgununge kang bawahake, inggal gununge angirida lumêbu marang ing nagara, jujuga ing paseban mangu kapatihan. Banjur katur ing kantor, aja nganti kabănda, apadene barange mau, iya ladèkna marang ing nagara.

Mênawa ana saradhadhu Jawa utawa pranteyan minggat, kang iku kalêbokna bêbandan.

Dene yèn kandhêg kampir ana ing pasar lan ing warung-warung, iku bandar kang angandhêga, banjur awèha wêruh marang gêgunung, bocah ingsun gunung enggal ambiyantonana marang bocah ingsun bandar mau, pangandhêge utawa banjure lumêbu marang nagara, mênawa saradhadhu Jawa utwaa pranteyan kang minggat. Iku ladèkna marang nagara bêbandan.

Bab Kaping 49.

Mênawa ana bocah ingsun gunung, saklèrèhane kabèh, acandhak cêkêl barang duwèke ing wong, arupa kêbo sapi jaran sapanunggalane kewan. Atawa rupa mas intên sêlaka, têmbaga kuningan găngsa prunggu, jarit sutra mori Jawa sapanunggalane, gêgaman pari, ana ing dêdalan. Ara-ara sawah sajroning desa, sanajan wis bayawara, sêksi marang wong bumi desa kono, kang duwe barang narima atawa

--- 186 ---

ora, iya ingsun arani uwong nyêkêl kewan gaman barang pêtêng, iku bocah ingsun kapala desa kono, ingsun wênangake gantung barang pêtêng sawonge kang laku pêtêng mau, kanthia bocah ingsun gunung, sarta wong kiwa têngêne, kang supaya aja nganti dadi kakêrêngan.

Kaya mangkono manèh, yèn gone nyêkêl barang pêtêng mau ana ing pasar, utawa ing warung, iku kang ingsun wênangake gantung barang pêtêng sawonge mau, bocah ingsun bandar, anjaluka kanthi bocah ingsun gunung, kang supaya aja kongsi dadi gègèring pasar, bajur wong kang nyêkêl pêtêng sabarange kabèh, karo wong kang duwe barang mau, kalêbokna marang ing nagara, jujuga ing kantor, atawa bale mangu kapatihan.

Bab Kaping 50.

Mênawa ana kawulaningsun, anêmu kêbo sapi jaran sapanunggalane kewan. Atawa rupa barang mas intên, sêlaka têmbaga kuningan, găngsa prunggu timah, tumbak kêris pêdhang bêdhil sapanunggalane gêgaman. Ana ing dêdalan, ing sawah atawa ing têgal. Yèn ora kasêksèkake padha tumuli, marang bocah ingsun kapala desa kono, lan gunung sarta ing pradataningsun. Iku sun arani wong nêmu kewan barang pêtêng, sênajan wis abayawara kasêksèkake, yèn ana bocah ingsun anututi, ngaku [nga...]

--- 187 ---

[...ku] barang tatêmon mau, duwèke kang ilang, kabradhadan atawa kêmalingan. Sapanunggalane kang laku dursila, iya ingsun arani barang pêtêng, iku bocah ingsun gunung kapala desa, ingsun wênangake gantung barang tatêmon pêtêng mau, akanthia bocah ingsun gunung, yèn gone nêmu barang pêtêng mau ana ing pasar, kang ingsun wênangake gantung bocah ingsun bandar, banjur barang tatêmon pêtêng mau kalêbokna marang ing nagara, jujuga ing kantor, atawa bale mangu kapatihan.

Bab Kaping 51.

Sarupane bocah ingsun kang padha dadi kawulaningsun gêgunung, iku padha kasupatanana sarta imbar, kang dadi supata imbare, mênawa wani-wani ngingu wong ala kalakuane, atawa angubungi wong kang padha laku durjana, begal kampak bradhat maling, bêdhog colong cêlêr jupuk. Apadene baukêpini, angalakake wong bêcik, ambêcikakên wong ala, anggorohakên wong têmên. Anêmênakên wong goroh, apadene ora têmên-têmên. Olèhe angrêksa ing desa ing nagaraningsun. Ora têmen-têmên tabêri, kang wus dadi pêrlu kuwajibane, kênaa supata imbar.

Iku bocah ingsun tumênggung gunung, padha amariksanana, marang desa bawahe dhewe-dhewe, kang têrang kang rêsik. Ing sabên-sabên sasi, yèn wis têtela ana wong kang laku durjana, [dur...]

--- 188 ---

[...jana,] kampak bradhat begal maling, kacêkêl ing nyinane, banjur kacêkêla lêbokna marang ing nagara bêbandan. Yèn ana bot pakewuhe, dikêbat anjaluka tulung ing parentah.

Saliring prakara lan pagaweyan. Yèn wis rampung rêsik, awèha wruh marang kapatihan.

Bab Kaping 52.

Sarupane bocah ingsun babêkêl desa, lumêbu garêbêg ing sasi Mulud, utawa ing sasi Pasa, iku olèhe padha sosokan pajêg. Têka garêbêg kaanggêran pêndhak dina, yèn ana kakurangane kaanggêran pêndhak dina manèh, măngka ora bisa mundhati kalimalasake, yèn karèn pajêg sapuluh reyal. Kaantarakake satêngah sasi, yèn ora bisa amundhati satêngah sasi mau, iku katikêlake, karèn pajêg sapuluh reyal dadi rongpuluh reyal. Kaantarakake manèh satêngah sasi, yèn ora bisa amundhati ing tikêlane, kagantung sawahe, kawangênan satêngah sasi manèh, yèn ora bisa amundhati pajêg tikêl mau, lulusa pocote, yèn duwe dhuwit bêkti utawa dhuwit pajêg. Kang ana ing lurahe, apadene tanêm tuwuh kang misih ana sawah utawa patêgalan. Babêkêl kang kapocot iku mau, wus ora kêna yèn angrasanana, têtêp kaduwe ing lurah.

--- 189 ---

Bab Kaping 53.

Mênawa ana kawulaningsun. Prayayi gêdhe utawi cilik. Angundhakakên pajêg marang bêkêle desa, măngka babêkêle ora gêlêm kaundhakake, nganti dadi prakara katur ing parentah, kang iku parentah enggal amariksaa marang wong desa, ingkang kaundhakake mau, utawa marang măncapat măncalimane, apadene marang gununge, pira kèh sathithike ing sawah utawa patêgalan. Lan pira rêgane yèn didol. Utawa yèn dipajêgake, yèn ature wong măncapat măncalima, padha ora nana ngarani luwih săngka pajêg kang lawas. Iya têtêp pajêg kang lawas. Kaya kang uwis kalakon. Yèn ature wong măncapat măncalima, padha angarani luwih săngka pajêge kang lawas. Iya lulusa undhake ing sapakolihe papriksan. Sarta babêkêl mau wus ana pêpancèn lungguhe, măngka bêkêle ing desa, mêksa ora gêlêm mundhak pajêge, iku kamarenan. Dene tanêm tuwuh kang misih ana sawah utawa patêgalan, kang uwis sumurup ing pajêg. Kang uwis katur marang lurahe, mungguh tanêm tuwuh iya lulusa kaduwe marang babêkêl kang kapocot mau.

Bab Kaping 54.

Mênawa ana bocah ingsun babêkêle desa, duwe atur

--- 190 ---

marang lêlurahe nuwun sudaning pajêg, lurahe ora nglilani, nganti dadi prakara katur ing parentah, iku parentah inggal amariksaa marang wong desa kang nuwun sudane pajêg mau, apadene marang wong măncapat măncalimane, utawa marang gêgununge, amriksa akèh sathithike ing sawah, pira payune mênawa didol. Utawa dipajêgake, yèn ature wong măncapat măncalima sarta gunung padha ngarani kurang săngka pajêge kang lawas. Iya lulusa sudane, apa sapakolihe papriksan mau, yèn ature wong măncapat măncalima sarta gunung, padha angarani têtêp kaya pajêge lawas. Utawa ana undhake, sarta babêkêl wis ana pancèn lungguhe, iku babêkêl ing desa kapatrapan dhêndha, jung sacacah, dene yèn babêkêl desa, ora gêlêm anêtêpi sapakolihe papriksan mau, sarta ora gêlêm sosokan dhêndha, iku banjur kamarenan. Tanêm tuwuh kang misih ana sawah utawa patêgalan, têtêp kaduwe ing lêlurahe.

Bab Kaping 55.

Mênawa ana kawulaningsun. Prayayi gêdhe utawi cilik. Wani-wani anyêkêl ambănda, utawa ambêlok, marang babêkêle ing desa, yèn ora ngaturi uninga marang lurah babêkêle, utawa marang ing parentah, măngka ali warise ora narima, nganti katur ing parentah, barêng

--- 191 ---

kapriksa nyata ambêlok, ambănda, sanadyan wit săngka ing prakara, utawa ngèthèrake pajêge, prayayi ingkang bêlok mau, kapatrapan dhêndha sapuluh rupiyah, mulura prakarane.

Bab Kaping 56.

Mênawa ana bocah ingsun babêkêl desa, kèthèr pajêg takêr turune, utawa panggawehane, iku dimarèni marang lêlurahe, nuli ana wong cilik. Utawa măncapat măncalimane, olèhe padha amajêgi marang sawahe babêkêl kang kamarenan. Pajêge wis kalêbu marang babêkêl kang kamarenan. Iku wong kang padha amajêgi, padha angaturana pajêg manèh, marang babêkêl ingkang anyar, yèn ora gêlêm angangsur manèh, tanêm tuwuhe kang misih ana sawah, utawa patêgalan. Têtêp kaduwe babêkêl ingkang anyar, anadene wong kang padha amajêgi mau, lulusa maro mratêlu bae.

Bab Kaping 57.

Mênawa ana kawulaningsun gêdhe cilik. Anandur babêkêl desa, padha awèha wêruh marang gunung panèwu, utawa panatus. Yèn ora awèh wêruh, nganti dadi prakara katur ing parentah, prayayi ingkang nandur bêkêl mau, kapatrapan dhêndha, yèn kang dadi prakara sawah sajung, kadhêndha patang rupiyah,

--- 192 ---

luwihe sawah sajung utawa kurang iya ana itunge.

Mêngkono manèh panandure babêkel mau, uwis awèh wêruh marang gunung panatus utawa panèwu, ing wusana dipun sêsuwe dipun ewuh-ewuh, panandure bêkêl mau, nganti dadi prakara katur ing parentah, gunung ingkang nyênyuwe kang ngewuh-ewuh mau, kapatrapan dhêndha, yèn ingkang dadi prakara sawah sajung, kadhêndha patang rupiyah, utawa luwih săngka sawah sajung, apadening kurang săngka sajung, iya ana itunge.

Bab Kaping 58.

Mênawa ana kawulaningsun gêdhe cilik. Anglakokakên kongkonan marang bocah ingsun gunung panèwu sapêngisor, sabarang prakarane, enggal gunung mau tumulia ngranpungana,[12] aja wani-wani anyênyuwe prakara, yèn kêna iya kapatuta ana ing desa, yèn ora kêna kapatut, enggal padha kairida lumêbu katur ing parentah.

Bab Kaping 59.

Mênawa ana bocah ingsun babêkêl desa, utawa wong cilik. Wani-wani dèn ungsèni ing uwong, utawa babêkêl kang uwis kamarenan. Kang padha anggawa prakara, sabarang prakarane, awani-wani amèk barang amal. Utawa tanêm tuwuh kang ana ing sawah, bumi kang uwis ditinggal. Apadene bumi

--- 193 ---

desa ing saliyane, nganti dadi prakara katur ing parentah, iku parentah enggal amariksaa, marang wong măncapat măncalima sarta gununge, yèn ature wong măncapat măncalima sarta gunung, padha angarani nyata yèn wong ngungsi-ungsi, sarta nyata amèk barang melik. Iku babêkêl kang diungsèni mau, sarta wong kang ngungsi padha kapatrapan dhêndha 50 rupiyah, sarta angulihake barang melik. Ingkang dimèk mau, yèn nganti ana wong tatu utawa mati, yèn ana gugate iya mulura.

Bab Kaping 60.

Mênawa ana kawulaningsun ing nagara, utawa ing desa, awani-wani ababad alas pagunungan, utawa gêgumuk. Apadene pêpèrèng ara-ara muwah rawa, agawea pasawahan, utawa patêgalan. Sabarang kang tinandur, apadene diomahi, nalika wiwit dibubak. Ora nana wong kang ngelingake, angaruh-aruhi, utawa wong angaku duwe bumi, lawasing nganti têlung taun. Ora nana wong kang munasika, barêng antara lawas-tawas.[13] Nuli ana wong kang ngaku duwe bumi, kang dibubak mau, nganti dadi prakara katur ing parentah, iku tanpa dadia panggugate, dene yèn gugat sadurunge têlung taun. Iya mulura gugate, parentah amariksanana ing desa, marang wong măncapat măncalima sarta gunung, barêng kapriksa ature [atur...]

--- 194 ---

[...e] wong măncapat măncalima sarta gunung, padha angarani bumi ingkang dibubak mau bumine dhewe, iya lulusa têtêp dadi duwèke, dene wong kang angaku-aku mau, kapatrapan dhêndha ing samurwate prakarane, anadene yèn ature wong măncapat măncalima sarta gunung, padha angarani bumi kang kabubak mau, duwèke wong kang angaku, iya lulusa dadi duwèke, dene wong kang ambubak mau, ambalèkna pamêtune salawase kaolah, ambalèkna sapratêlon. Nanging nganggo kapatrapan dhêndha, samurwate prakarane.

Bab Kaping 61.

Mênawa ana kawulaningsun ing nagara, utawa ing desa, padha angilèkake banyu, kagawe bêndungan utawa nadhahi banyu tus-tusan. Dudu bumine dhewe, nanging barêng wiwit bêndung angilèkake banyu, ingkang duwe bumi mênêng bae, ora gêlêm angaruh-aruhi, lawase nganti rolas sasi, barêng antara lawas kang duwe bumi cêlathu ora narima, ora awèh bumine digape[14] bêndungan. Utawa kagawe ngilèkake banyu tus-tusan. Apadene anjaluk pangulu banyu, nganti dadi prakara katur ing parentah, iku padha kapatrapan dhêndha, sakaro-karone 24 rupiyah, uwong siji-sijine, mulane kang duwe bumi kadhêndha, sabab dene kainan. Kalêbu wong

--- 195 ---

sumêdya agawe prakara, dene wong kang bêndung mulane kadhêndha, sabab dene awani-wani ora nganggo têbah têmbung, anadene mungguh ilining banyu, ing sapandhuwure gunung ingkang duwe rerehan, anêpungana rukun, kang bêcik sarta kang mufakat karo măncapat măncalimane kabèh, apadene kang dadi kalumrahane ing ngakèh.

Bab Kaping 62.

Mênawa ana bocah ingsun babêkêl desa, sawahe diparokake marang lurahe, iku ora kêna babêkêl mau yèn ora amituruta, yèn ora amiturut nganti dadi prakara katur ing parentah, babêkêl kang ora piturut mau, banjur kamarenan. Dene tanêm tuwuh kang misih ana ing sawah, utawa patêgalan, kang uwis sumurup ing pajêge kang uwis katur ing lurahe, iya lulusa dipangan marang babêkêl kang kamarenan.

Bab Kaping 63.

Sarupane kawulaningsun gêdhe cilik. Kang padha lumaku gawe, yèn wis ora dikêrsakake ing parentah, kaundur kalungguhane, kamarenan nuju ing sasi Bêsar, sanadyan kamarenan ing sasi Sura, utawa Sapar, uwong kang dimarèni mau ika, ora kêna yèn angakua duwe melik pajêge ing sasi Mulud. Mulane ora kêna, sabab durung dilakoni [di...]

--- 196 ---

[...lakoni] ing sagawe-gawene, dene kang wis têtêp dadi melike, wong kang kamarenan mau ika, pajêge ing sasi Pasa, kang uwis kalakon.

Mêngkono manèh pêpadhane mênawa ana kawulaningsun kamarenan. Anuju sasi Jumadilakir, sanadyan kamarenan ing sasi Rêjêp. Utawa ing sasi Ruwah, wong kang kamarenan ika mau, ora kêna yèn angakua duwe melik pajêge ing sasi Pasa, mulane ora kêna, sabab durung dilakoni ing sagawe-gawene, dene kang uwis dadi melike, wong kang kamarenan mau, pajêge ing sasi Mulud kang uwis kalakon.

Bab Kaping 64.

Sarupane bocah ingsun. Ing desa gêdhe cilik kabèh, kang padha duwe prakara, potang-apipotang, gadhe-ginadhe silih-sinilihan. Adol tuku titip-tinitipan sapanunggalane, iku bocah ingsun kang duwe amal. Ora ingsun lilani yèn acandhak cêkêla, ing barange wong kang kanggonan ngamal mau, atawa ing liyane, dene yèn ana kang wani-wani anglakoni candhak cêkêl. Iku kawulaningsun gunung, banjur aniti pariksaa, marang bumi desa panggonane prakara mau, lan rupane barang kang kacandhak cêkêl. Banjur barange kagantunga, sarta wonge kang acandhak cekêl. Kaaturna ing parentah, dene yèn ana bot pakewuhe, [pa...]

--- 197 ---

[...kewuhe,] bocah ingsun gunung enggal lapura, sarta nyuwuna pitulung marang parentah nagara, aja wani angrampungi anguwisi dhewe.

Bab Kaping 65.

Sarupane kawulaningsun gêgunung, padha amariksanana, ing sak rèh wawêngkone dhewe-dhewe, mênawa ana bocah ingsun ing desa, gêdhe cilik kabèh padha kalumpukan bakal paprangan. Kang sabab ana prakarane, utawa ora, iku bocah ingsun gunung banjur anyapiha, marang wong kang bakal prangan mau, sarta ambubarêna marang wong kang padha bêbaluhi, banjur wong kang duwe prakara, bakal prangan mau, kairida lumêbu marang ing nagara, ing karo-karone, katurêna ing parentah, dene yèn ana kiyate, wong kang duwe prakara mau, iku aja nganti kabanjur paprangan. Inggal bocah ingsun gunung anyuwuna pitulung marang parentah gêdhe ing nagara, yèn ora ngaturi wuninga kabanjur paprangan. Iku bocah ingsun gunung ingsun patrapi dhêndha 25 rupiyah putih, yèn nganti ana jarah-rayah obong omah, ingsun patrapi dhêndha 50 rupiyah, yèn nganti ana rajatatu, ingsun patrapi dhêndha 50 rupiyah, yèn ana rajapati, ingsun patrapi dhêndha 100 rupiyah, dene wêtune patrapan dhêndha mau, iya mêtua têka bocah ingsun tumênggung gunung, kang ambawahake, ngirid wong

--- 198 ---

kang agawe prakara mau, marang ing nagara katura ing parentah gêdhe.

Bab Kaping 66.

Mênawa ana bocah ingsun ing desa, gêdhe cilik kabèh, mogok ora gêlêm diundang marang lurahe, kawulaningsun ing nagara, kang awit têka ing prakara, kaya ta angèthèrake pajêg. Takêr turun gawe, apadene têka ing parentah, sêrêgan ing pradatan ingsun. Ing paseban mangu, ing surambi, sabarang prakarane, raja amal, rajatatu rajapati, jarah rayah obong omah, kadurjanan. Iku bocah ingsun gunung angêjuma kang abêcik. Marang wong kang mogok mau, katanggunga bêdhahe bêbêde, gêmpale wêrangkane, supaya bisa kairida lumêbu marang nagara, katura ing parentah, aja nganti agawe prakara, ana ing desa, dene wong kang mogok mau, mêksa ora manut piturut. Ing sak rèhe bocah ingsun gunung, kang bênêr bêcik. Banjur apratelaa marang lurahe tumênggung gunung, banjur kawulaningsun tumênggung gunung, anyantosanana dhewe, kaya kang wus kasêbut ing ngarêp mau, yèn mêksa mogok. Bêguguk angutha waton. Banjur saidêna marang wong kang kalêbu măncapat măncalimane, sarta wong bumi desa ing kono kabèh, lan andhawuhna parentah, aja na wani-wani bêbaluhi biyantoni, marang wong kang mogok mau,

--- 199 ---

yèn ana kang wani-wani bêbaluhi, ingsun patrapi dhêndha ing saprakarane, banjur kawulaningsun tumênggung gunung, angunjukana uninga ing parentah, kamota ing layang kang têrang kang rêsik. Sarta anyuwuna layang pênguwasane ing parentah gêdhe, karo ing kantor, kuwasa anyêkêla marang wong kang mogok mau, katur ing parentah bêbandan.

Bab Kaping 67.

Sarupane kawulaningsun gêgunung, yèn katêkan bocah ingsun kang anggawa layang aturan. Têka ing pradatan ingsun. Karo ing parentah gêdhe, anjaluk tulung nyêkêl. Marang wong kang kasêbut ana ing layang buran totol. Yèn kang katêkan mau gunung cilik. Sakira ora kuwat anglakoni dhewe, banjur apratelaa marang bocah ingsun tumênggung gununge, anyantosanana nyêkêl. Marang wong kang kasêbut ing layang buran totol mau, katura ing parentah bêbandan. Sakira ana bot pakewuhe, bakal dadi paprangan. Enggal angunjukana uninga ing parentah, amratelakna marang wong kang padha bêbaluhi, sarta anyuwuna pitulung bantu, kawulaningsun nagara.

Bab Kaping 68.

Mênawa ana bocah ingsun ing desa, anglari wong durjana,

--- 200 ---

maling kècu, begal, barak bradhad sapanunggalane, yèn wong durjana sangamale mau lumêbu marang bawahe guvrêmèn. Iku bocah ingsun kang nglari mau, ora ingsun lilani, yèn banjura ngêsuk nyêkêl. Wong durjana sangamale kang ana sajrone bawahe kangjêng guvrêmèn. Anganggoa têbah têmbung marang kapalane ing desa kono, kang mênawa diulungake, enggal katampanana, panggawene anjaluka tulung rumêksane dêdalan. Marang panggêdhene kang bawahake bumi desa kono, yèn ora diulungake, marang kang kanggonan mau, canthèlna inggat ilange, tumuli enggal balia pratelaa marang nagara, bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta dhewe, kang têpung karo residhèn kang bawahake kang kanggonan durjana mau, kang anyêkêl wonge durjana saamale, kakirimake marang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, banjur kapasrahake ing adil pradatan ingsun.

 


tatrapan. (kembali)
patrapanipun. (kembali)
sagêd. (kembali)
têtiyang. (kembali)
maosakên. (kembali)
cêpênga. (kembali)
sapinggiring. (kembali)
mungguh (dan di tempat lain). (kembali)
sabab. (kembali)
10 utawa. (kembali)
11 kangjêng. (kembali)
12 ngrampungana. (kembali)
13 lawas-lawas. (kembali)
14 digawe. (kembali)