Anggêr Nagari, H. Buning, c. 1915, #91 (Hlm. 01-26)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Anggêr Nagari, H. Buning, c. 1915, #91 (Hlm. 01-26). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan
  2. Anggêr Nagari, H. Buning, c. 1915, #91 (Hlm. 28-51). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan
Image

Sêrat Pêthikan Saking Anggêr Nagari

Bab panyêpênging polisi, lan bab pangupayaning lampah kadurjanan, tuwin panêraking parentahing samukawis prakawis, punapadene bab kawajibanipun para lurah dhusun utawi lurah kampung.

Mênggahing anggêr nagari punika wajib kasumêrêpan dening para punggawa nagari, tuwin prêlu ugi dipun uningani ing sadhengah tiyang, amurih sumêrêpipun dhatêng lampah-lampahing udanagari, awit ing atasing tiyang ingkang botên uninga ing anggêr, asring gumampil utawi gumluwèh aslusar-slusur ing tindakipun, môngka tindak slusar-slusur wau asring dados jalaran ingkang amurugakên dhatêng apêsipun salira, pramila amurih sumêrêpipun [sumêrêpi...]

--- 2 ---

[...pun] udanagari, ingkang andadosakên kasaenaning salira, prayogi amaosa sêrat punika.

Wondening anggêr nagari ingkang kapêthik ing sêrat punika, bab panyêpênging polisi, lan bab pangupayaning lampah kadurjanan, tuwin panêraking parentah ing samukawis prakawis, punapadene bab kawajibanipun para lurah dhusun utawi lurah kampung, dados ingkang langkung prêlu anyumêrêpi sakathahing pêpacak ingkang kawrat ing sêrat punika, inggih punika para lurah dhusun sasaminipun, supados sumêrêpa ing wajib, wênang tuwin cêgah dening kapacuhan sapanunggilanipun.

Wasana manawi sampun amaos sêrat punika, prêlu angèngêt-èngêta punapa ingkang sampun kapratelakakên sadaya, ing salajêngipun sami katindakna kalihan têmên-têmên.

__________

--- 3 ---

Prakara kang Kapisan.

Bab panyêkêling polisi, lan bab pangupayaning laku kadurjanan, tuwin panêraking parentahing samubarang prakara.

Bab 1.

Kang kabubuhan anyêkêl polisi, lan angupaya lakuning kadurjanan, tuwin panêraking parentah ingatase wong Jawa sapêpadhane, iku para priyayi kang wus kawijang-wijang ana ing layang pranatan iki, katandur ana ing tanah sapira kang dadi bawah wêwêngkone dhewe-dhewe, ing ngisor iki pratelane:

1. Para lurah desa, lan lurah kampung, sarta sarupaning sosoran priyayi polisi Jawa, sadhengaha arane, kalêbu priyayi polisi kang katandur ana ing bumi desa partikêlir.

--- 4 ---

2. Para lurah dhistrik,§ Lurah dhistrik, inggih punika: wadana. lan para priyayi kang pinaringake dadi kanthine.

3. Para lurah jêksa,§ Lurah jêksa, ugi asring kabasakakên: piskal. lan para jêksa.

4. Para bupati, para sosoran bupati, iya iku para rôngga lan para patih.

5. Para residhèn, para asistèn residhèn, lan para priyayi liyane kabèh, kang bakal kaparingan wêwênang.

6. Sarupaning priyayi lan sarupaning wong liyane, ing sajroning prakara, kang kapracayakake marang rumêksane, kasêbut ing khukum.

Bab 2.

Karodene manèh, kang kabubuhan anyêkêl polisi ana ing wêwêngkone dhewe-dhewe, iki rupane: [ru...]

--- 5 ---

[...pane:] para panggêdhening wong Koja, wong Arab, wong Cina, lan pêpadhane bôngsa sabrang liyane, apadene para upkomisaris, komisaris 1, komisaris 2, lan para kapala kampung, iku kabèh yèn angupaya lakuning kadurjanan lan panêraking parentah, padha manuta unining layang cêcêkêlane para lurah desa, lan para lurah dhistrik, kang kasêbut ing layang pranatan iki, sapira kang kêna tumrap marang ing lêlakone, sarta padha ngèstokna marang layang cêcêkêlane dhewe, layang cêcêkêlan kang wus ana, utawa kang bakal ginawe ing têmbe.

Bab 3.

Sawiji-wijining priyayi liyane, yèn sajrone anindakake pagaweyane tômpa aturan bab kadurjanan, wajib awèh wêruh tumuli marang priyayi kang winênangake nyêkêl polisi.

--- 6 ---

Bab 4.

Yèn ana wong anglakoni kadurjanan utawa anêrak parentah konangan ing sanalika, iku sarupaning wong wênang anyêkêl marang kang kêna ing panggrayangan, sarta banjur angladèkake marang priyayi kang kabubuhan anyêkêl polisi.

Yèn kadurjanane utawa panêraking parentah konangan sanalika, priyayi kang nyêkêl polisi mau wajib anganggrak wonge, apadene wajib enggal anindakake samubarang kang kêna anêrangake prakarane.

Bab 5.

Kang diarani kadurjanan konangan sanalika iku, yèn kawruhan kalane anglakoni, utawa sawuse anglakoni kawruhan tumuli, utawa yèn ana wong sawuse nglakoni kadurjanan tumuli kaburu ing akèh, utawa kanggonan barang, gêgaman, piranti utawa liyane, [liya...]

--- 7 ---

[...ne,] kang anyatakake yèn durjana, utawa dadi panunggalaning durjana.

Bab 6.

Sarupaning wong, yèn ngawruhi ana wong ngarah gawe rêrusuh anggêmpalake têntrêming nagara, utawa ngarah pati, apadene ngarah darbèking wong, wajib awèh wêruh marang priyayi polisi kang cêdhak ing kono.

_________

Prakara kang Kapindho.

Bab Lurah Desa, lan Sarupaning Sosoran Priyayi Polisi.

Bab 7.

Para lurah desa padha kabubuhan arumêksa, amurih têntrêm lan karta tuwin tatane ing sajroning desane, sarta kaulat-ulatake lan kabawah marang lurah dhistrik.

--- 8 ---

Bab 8.

Para lurah desa sabên pitung dina sapisan nganggo kapasthi dinane wajib seba ing lurah dhistrike, sarta yèn bisa awèha lapuran marang lurah dhistrik mau, bab kang kalakon ing sajroning pitung dina kang wus kapungkur, samono iku aliya saka ing prakara, kang amasthi kalapurake sadurunging kalakon pitung dina mau,§ Têgêsipun: kalapurakên tumuntên, kados ta: prakawis pandung, rajatatu, rajapati, begal, nyêbrot, nayab, milah, ngutil, nyêlêr, ambêdhog khewan sapanunggilanipun, punapadene ambêbujuk utawi angapus-apusi sasaminipun. kaya kang kasêbut ing layang pranatan ing prakara kang kapindho iki, lapure mau yèn bisa kamota ing layang, yèn ora bisa, alapura ijoan bae.

Yèn ana pêpalangane prêlu, para lurah desa kêna agawe sêsulih marang sosorane, sêpining sosor-

--- 9 ---

an agawea sêsulih marang wong liyane kang prayoga.

Yèn ana sababe kang andadèkake bangêt rakasaning pasebane lurah desa sabên pitung dina sapisan, para lurah dhistrik kêna kawênangake dening residhèn, amurih sebane para lurah desa mau mung sabên pat bêlas dina utawa sabên sasasi sapisan.

Bab 9.

Para lurah desa wajib têmên-têmên anglakoni dhawuhing parentah gêdhe.

Bab 10.

Para lurah desa ing sabisa-bisane amêmalangana yèn ana wong gêgolongan lumaku mubêng-mubêng, luwih manèh ing wayah bêngi, kang anggawa gêgaman liyane kang wus dadi adat, utawa luwih saka ing adat,

--- 10 ---

sarta ora têtela ing sêdyane kang wênang linakonan, ing samôngsa ana laku mangkono, padha awèha wêruh marang lurah dhistrik.

Bab 11.

Para lurah desa amataha wong jaga ing wayah bêngi ana ing desane, sarta wong desane kabèh, êndi kang prayoga, diparentahana jaga gêgiliran.

Para lurah desa bangêt kawalêran, ora kêna angluputake ing jaga marang wong, yèn ora ana sababe prêlu.

Bab 12.

Gawene wong jaga mau anganggrak sarupaning wong, kang anggawa utawa nglakokake barang nyalawadi, anggiring kêbo utawa khewan liyane, yèn ora bisa anggênahake nyatane duwèke, utawa

--- 11 ---

ana sabab liyane, kang agawe kira-kira, yèn wong mau wus anglakoni utawa nêdya anglakoni panggawe, kang ginantungan ing paukuman, banjur diladèkna marang lurah desa.

Bab 13.

Ing sajrone sadina sawêngi, lurah desa amasrahna wong kang dianggrak mau marang lurah dhistrik, sabarange kang tinêmu kabèh, kajaba manawa panêmune wus têtela têrang, ora ana sababe pisan-pisan, kang andadèkake panggrayangan, marang wong kang dianggrak iku.

Yèn wong kang dianggrak mau linuwaran, lurah desa enggal awèha wêruh marang lurah dhistrik, nganggoa mratelakake nalar-nalare pisan, yèn bisa kamota ing layang, yèn ora bisa ijoan bae.

--- 12 ---

Aliya saka ing nalar siji kasêbut ing dhuwur iku, para lurah desa ora wênang pisan-pisan angluwari wong kang dianggrak, mêtu saka ing pangawasane dhewe.

Bab 14.

Para lurah desa amasthi nampani atur lan gugat bab kadurjanan tuwin panêraking parentah.

Para lurah desa yèn anampani lapuran bab panggawe kang ginantungan ing paukuman, utawa sumurupe marang panggawe kang kaya mangkono asarana dêdalane seje,§ Têgêsipun: mirêng wartos ing bab kadurjanan tuwin panêraking parentah wau. masthi atitipariksa kalawan têmên-têmên, supaya bisaa anêrangake nalare, sarta anggênahake durjanane, karodening manèh para lurah desa padha wajib tulung-tinulung.

Sarupaning laku kadurjanan lan panêraking parentah, kang

--- 13 ---

linapurake marang lurah desa, iku lurah desa enggal anglapurna marang lurah dhistrik, sarta amratelakna pisan kang wus linakonan ing prakara iku.

Bab 15.

Sarupaning gêgaman, piranti utawa liyane, kang wus ginawe anglakoni kadurjanan, apadene barang kang cinolong, tuwin samubarang, kang pakolèhe utawa anane saka ing kadurjanan utawa saka ing panêraking parentah, utawa saka ing sabab liyane kêna dadi nyina,§ Nyina, inggih punika ingkang asring kabasakakên: bukti, utawi: butamal. iku amasthi padha digantung dening para lurah desa, sarta dipasrahake marang lurah dhistrik.

Bab 16.

Aliya saka kang kasêbut ing bab 12 mau, para lurah desa ora wênang pisan-pisan anganggrak [anganggra...]

--- 14 ---

[...k] wong, mêtu saka ing pangawasane dhewe, kajaba mung wong kang nglakoni kadurjanan konangan sanalika, utawa wong kang katarka anglakoni panggawe ala, andadèkake sumêlang manawa oncat, ora kêna kasêrêg ing parentah.

Para lurah desa sabên yèn anyêkêl wong kang kêna ing tarka, ing sajroning sadina sawêngi sawuse kaanggrak, amasthi akon angladèkake wong kang cinêkêl iku marang lurah dhistrik, sasêksine, tuwin samubarang kang kêna dadi tandhaning panggawe kang linakonan.

Bab 17.

Yèn ana bangke tinêmu, môngka sababing patine ora karuwan utawa nyalawadi, lurah desa kang anduwèni bawah enggal lumakua marang panggonaning bangke mau, sawuse amariksani kawujudaning bangke, [bang...]

--- 15 ---

[...ke,] tumuli akongkonana awèh wêruh kang dadi panêmune marang lurah dhistrik, sarta aparentaha rumêksa marang bangke mau, kongsi ing satêkane lurah dhistrik, supaya aja ana kang owah, kayaa ing nalika lagi tinêmune, ananging samono iku ora kalêbu kang katamtokake ing bab 19.

Saupama bangke kang tinêmu mau ora karuwan wonge, lurah desa kang anduwèni bawah enggal akona awèh wêruh marang para lurah desa kang cêdhak-cêdhak ing kono, bab katêmuning bangke, sarta amratelakna cirine.

Bab 18.

Sasuwene lurah dhistrik utawa priyayi sêsulihe durung têka, lurah desa ing sapakolèhe atitipariksaa ana ing panggonaning bangke, lan ing panggonan liyane, êndi kang kinira prayoga, amurih

--- 16 ---

têrange nalar-nalaring prakara, karodening manèh, lurah desa mau ora ngêmungake nyêkêl sarupaning barang, kang kêna ginawe nêrangake yêktining prakara, ananging yèn ana wong kang kêna ing panggrayangan amatèni, iku dicêkêla, sarta dikona angrêksa kongsi ing satêkane lurah dhistrik, dene pangrêksane iku dipuriha: aja kongsi bisa rêrêmbugan utawa kêkêthikan karo padha kancane,§ Têgêsipun: manawi ingkang kacêpêng langkung saking tiyang satunggal. utawa karo wong liya.

Lurah desa banjur amariksanana marang wong kang padha dicêkêl mau, ditakonana apa ana ing panggonaning prakara, lan dosa utawa sabiyantune ing kadurjanan. Saupama ing panggonan kono ana saksine, iku ditêmokna karo kang kêna ing panggrayangan mau, wêruh lan orane marang wong iku, dene yèn wong

--- 17 ---

kang cinêkêl mau angarani ana ing panggonan liya, dudu ing panggonaning prakara, utawa angarani yèn barang nyalawadi kang tinêmu ana ing dhèwèke padhang ing pakolèhe, lurah desa ing sabisa-bisa enggal atitipariksaa marang yêktining atur iku.

Yèn wong kang kêna ing panggrayangan kabèh utawa ing sawatara ora kêna kacêkêl, lurah desa mau enggal awèha wêruh marang kancane para lurah desa kang cêdhak-cêdhak ing kono, amratelakna sakèhing nalar, kang kêna ginawe ular-ular ing pangupayaning durjana.

Ing samôngsa lurah dhistrik utawa priyayi sêsulihe wus têka ing panggonaning prakara, lurah desa mau angèstokna ing saparentahe.

Bab 19.

Saupama ana sumêlange, yèn wong kang wujud bangke mau durung mati, amasthi padha ambudia isarat sarta angrêtènana [a...]

--- 18 ---

[...ngrêtènana] ing saprayoga lan patute, amurih têtulung marang bangke iku, dene yèn bisa, padha enggal anjaluka pitulung marang dhoktêr.

Bab 20.

Yèn ana wong kèli utawa kêlêm, masthi enggal diêntas, dene manawa ana pratandhane yèn durung mati, pamulasarane iya kayaa kang wus kasêbut ing dhuwur mau.

Dene ênggone ambudi isarat sarta angrêtèni marang wong kang isih ana pratandhaning urip, sanajan lurah desa utawa priyayi polisi liyane durung tumêka ing panggonaning prakara, amasthi ditindakake tumuli.§ Têgêsipun: ingkang anindakakên punika, sadhengaha tiyangipun ingkang têtulung ing prakawis punika, botên mawi ngêntosi rawuhipun lurah dhistrik.

--- 19 ---

Bab 21.

Yèn ana rajapati, tuwin ana wong kataton bangêt, wong ngobong omah, kècu, begal, maling kang nganggo ambabah, apadene sarupaning kadurjanan liyane, kang atinggal tilas, lurah desa wajib lumaku marang panggonaning prakara, sarta enggal awèh wêruh marang lurah dhistrik.

Yèn ana kadurjanan kaya kang kasêbut iku mau, laku-lakune iya kayaa kang wus katamtokake ana ing bab 18.

Bab 22.

Karodening manèh yèn ana omah kobong kang dudu saking panggawene wong ala, lurah desa enggal awèha wêruh marang lurah dhistrik.

Anggêr ana omah kobong, lurah desa amasthi ambudi sarupaning isarat amurih sirêping gêni.

--- 20 ---

Bab 23.

Para lurah desa padha awas angulat-ulatna, aja kongsi ana wong desa awèh panginêpan ing wayah bêngi marang wong sèjèn desa, yèn ora wus têrang kalilan marang lurah desa mau.

Yèn kawruhan ana kang awèh panginêpan marang wong sèjèn desa, ora têrang kalilan marang lurah desa, iku lurah desa enggal awèha wêruh marang lurah dhistrik.

Bab 24.

Yèn ana wong lêlaku, duwe pitêmbung titip barange marang lurah desa, iku lurah desa wajib anampani, sarta kajibah marang barang kang katitipake mau.

Bab 25.

Para lurah desa padha angêmên-êmêna amurih têntrêm lan rukune wong desa bawahe, sarta anyirnakake sakèhing [sa...]

--- 21 ---

[...kèhing] wêwinih, kang andadèkake sulaya lan padu.

Prakara rèmèh-rèmèh, ing bab khasiling wong desa, iku ing sakêna-kênane dipirukuna dening lurah desa, aja nganggo ilon-ilonên, sarta atêpunga rêmbug karo kamituwane ing desa.

Bab 26.

Yèn kang padha duwe prakara ora kêna dipirukun, utawa yèn prakarane kalêbu ing wêwilangan gêdhe, pancèn kêna katrap ing paukuman, utawa kawêtokake têtêmpuhe, lurah desa akona kang padha duwe prakara seba marang lurah dhistrik.

Bab 27.

Para lurah desa agawea êbuk siji utawa luwih, pancèn ginawe amemuti kang têrang jênêng lan pangupajiwane sarupaning wong desa, kang kalêbu dadi bawahe, yèn bisa umure kapratelakna pisan, karodene [karo...]

--- 22 ---

[...dene] manèh amemutana ing êbuk mau suda undhaking wong desane, kang amarga dening ana kang lair, salakirabi, mati, lunga, sarta dening sabab liyane.

Para lurah desa ing sabên dina kang wus kapasthi dadi pasebane awèha pêpêthikane êbuk mau marang lurah dhistrik, bab kang kalakon wiwit ing dina pasebane kang wêkasan.

Bab 28.

Saupama lurah desa ora bisa amemuti ing êbuk mau, lurah desa kudu amurih kalakone dening kauming desa utawa carik.§ Têgêsipun: kêdah kalampahan mawi pemutan ing êbuk.

Bab 29.

Para lurah desa ora wênang anglilani marang wong, adêdunung ana ing desa bawahe, yèn ora wus kalilan dening lurah dhistrik, kajaba yèn ana wong loro [lo...]

--- 23 ---

[...ro] ing desa kono kang kalêbu sugih dhewe, padha angarani bêcik marang wong kang nêdya dêdunung mau, lan ora amutawatiri.§ Têgêsipun: katanggêl ing tiyang kalih ingkang sampun kasêbut ing nginggil.

Wong kang wus kalilan adêdunung mau kapratelakna ana ing êbuk, kang wus kasêbut ing bab 27.

Bab 30.

Para lurah dhistrik padha arumêksaa, aja kongsi ana sawijining wong omah sajabaning wêwêngkon desa, kang ora kalawan wêwênange, dene para lurah dhistrik mau ora kêna awèh wêwênang marang wong omah ana sajabaning wêwêngkon desa, yèn durung amariksani ature lurah desa, kang bawahe nêdya diomahi.

Saupama saking kèhe wong dêdunung ana sajabaning wêwêngkon desa, nganti dadi padhukuhan. Môngka kinira ana faidah utawa prêlune, padhukuhan iku kagêlêngake [ka...]

--- 24 ---

[...gêlêngake] marang bawah sawiji, lurah dhistrik sawuse amariksani ature lurah desa kang bawahe kadunungan ing padhukuhan, awèha layang aturan marang bupatine, ing bab panggêlênging padhukuhan mau, bupati banjur angirimna layang aturan iku marang residhèn, nganggoa mratelakake kang dadi pamikire.

Bab 31.

Saupama amarga saking kaananing panggonan utawa amarga saking sabab liyane, pranatan kang kasêbut ing bab 29 lan bab 30 ing dhuwur mau, ora kêna linakonan, residhèn awèha pamrayoga kang patut, ing bab panyêkêling polisi, supaya aja kongsi andadèkake pituna, kang awit dening parêncaning wong omah-omah.

Bab 32.

Dene mungguh anglilani ana ing desa sarta dêdunung ana

--- 25 ---

ing kono marang wong Cina, wong Arab sapêpadhane, kang pancèn dudu ewone wong ing pulo Jawa, iku manuta pranatan kang wus ana, utawa kang bakal ginawe ing têmbe.

Pranatan iku mau iya kanggo ingatase wong Jawa sapêpadhane, ing bab dumununge ana ing bumi desa partikêlir.

Bab 33.

Yèn sajroning dhistrik katanduran priyayi polisi, môngka priyayi polisi iku ana sangisoring lurah dhistrik, ananging ana sandhuwuring lurah desa,§ Priyantun punika, limrahipun kabasakakên mantri polisi, utawi: asistèn wadana. iku sarupaning parentahe lurah dhistrik marang lurah desa, alantaran priyayi polisi mau, mangkono uga sarupaning lapuran lan liyane kang masthi kinirimake marang lurah dhistrik, kasêbut ing layang pranatan sajroning [sajro...]

--- 26 ---

[...ning] prakara iki, iya alantarana priyayi polisi mau.

Samono iku para lurah desa ora owah ing wajibe seba dhewe marang lurah dhistrik, kaya kang kasêbut ing bab 8.

Bab 34.

Para lurah desa kajibah marang sarupaning pituna jalaran saka ing panggawe, kang wus bênêre amasthi pinalangan, kagawa dening wajibing lêlakone, samono iku yèn kawasa amalangi.§ Têgêsipun: lurah dhusun wajib nanggêl kapitunanipun tiyang ingkang kapitunan awit saking kiranging panjagi dhatêng kawajibanipun.

Bab 35.

Para lurah desa padha atêpunga rêmbug karo kamituwane ing desa, ing bab sarupaning prakara, kang prêlu rinêmbug kagawa dening tata adating wong Jawa.