Anggêr Nagari, H. Buning, c. 1915, #91 (Hlm. 28-51)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Anggêr Nagari, H. Buning, c. 1915, #91 (Hlm. 01-26). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan
  2. Anggêr Nagari, H. Buning, c. 1915, #91 (Hlm. 28-51). Kategori: Arsip dan Sejarah > Hukum dan Pemerintahan
Image

Pêthikan Saking Anggêr Ukuman, Ingkang Pêrlu Dipun Sumêrêpi Dhatêng Têtiyang Siti.

Rajatatu.

Bab 225, sing sapa kang anatoni utawa anggêbug marang uwong nganti andadèkake larane, utawa nganti kang nandhang sangsara ora bisa nyambutgawe lawase luwih saka 20 dina, iku kapatrapan paukuman nyambutgawe pêksa tanpa karante wiwit 2 taun, tumêka 5 taun.

Bab 226, yèn kadurjanan kang kapratelakake ing bab 225 mau, linakonan mawa sêdya lan kapikir dhisik, utawa mawa andingkik, iku kapatrapan paukuman nyambutgawe paksa nganggo karante wiwit 5 taun, tumêka 15 taun.

--- 28 ---

Bab 227, yèn gone anatoni utawa anggêbug mau, ora nganti andadèkake larane utawa ora nganti kang nandhang sangsara ora bisa nyambutgawe luwih saka 20 dina, iku kang kaluputan kapatrapan paukuman nyambutgawe pêksa tanpa karante wiwit 1 sasi, tumêka 2 taun, sarta dhinêndha 8 rupiyah tumêka 100 rupiyah.

Yèn patrape kadurjanan mawa sêdya utawa kapikir dhisik sarta mawa andingkik, iku ukumane kang kaluputan, nyambutgawe paksa nganggo karante wiwit 2 taun, tumêka 5 taun, tuwin kadhêndha 25 rupiyah, tumêka 225 rupiyah.

Bab 230, kapatrapan paukuman nyambutgawe paksa ing yêyasan nagara, olèh pangan tanpa bayaran, wiwit 6 dina, tumêka 3 sasi, sarta kadhêndha kèhe 100 rupiyah. Sing sapa kang anggêbug uwong [u...]

--- 29 ---

[...wong] môngka kang ginêbug ora pisan nandhang lara, utawa ora pisan ora bisa nyambutgawe, lan ora pisan tatu utawa tatune mung sapele bae.

Bab 231, kapatrapan paukuman nyambutgawe paksa nganggo karante, wiwit 5 taun, tumêka 20 taun, sing sapa kang duraka angêbiri wong.

Yèn sajêrone 40 dina sapungkure anglakoni angêbiri mau, kang biniri mau mati, iku kang kaluputan ngêbiri kapatrapan ukum pati.

Bab 232, kang sapa anggogrogake wêtêngane wong wadon sarana pêpanganan, ombèn-ombèn jamu, utawa mêksa, apamanèh sarana nganggo isarat liyane, kapatrapan paukuman nyambutgawe paksa nganggo rinante, wiwit 5 taun, tumêka 10 taun.

Ukuman mau uga kapatrapake marang wong wadon [wado...]

--- 30 ---

[...n] kang anggogrogage wêtêngane dhewe, utawa anjurungi panganggone isarat wong kang diwènèhi, samono iku yèn nyata andadèkake kêlurone.

Para dhukun, utawa dhoktêr, tukang adol utawa angracik tômba, kang padha nuduhake utawa akon mangan, utawa angombe isarat kang kasêbut ing dhuwur mau, iku yèn nyata andadèkake kêlurone wong wadon mau, padha kapatrapan paukuman nyambutgawe paksa nganggo karante, wiwit 5 taun, tumêka 15 taun.

Bab 233, kapatrapan paukuman nyambutgawe paksa tanpa rinante, wiwit 2 taun, tumêka 5 taun, lan kadhêndha 200 rupiyah, tumêka 500 rupiyah, sing sapa angêmori utawa akon angêmori prusi biru utawa atining kuningan lan têmbaga, utawa prusi putih [pu...]

--- 31 ---

[...tih] sapanunggalane bôngsa angracun, karo pêpanganan, utawa ombèn-ombèn, utawa sarupaning rêracikane kang pancèn bakal kaêdol, utawa kaêdum.

Rajapati.

Bab 237, sing sapa kang matèni utawa anjalarake patining uwong, awit saka kurang pintêre, kidhunge, kurang prayitnane, kurang satitine, awit saka lenane utawa lali anglakoni wêwaton pranata sarta pêpacake lan pranatane pulisi, iku kapatrapan paukuman nyambutgawe paksa tanpa karante, wiwit 3 sasi, tumêka 2 taun, lan kadhêndha 25 rupiyah tumêka 300 rupiyah.

Bab 238, yèn ênggone kurang pintêr, kidhung, kurang prayitna, kurang sêtiti, lena utawa lali anglakoni wêwaton utawa pêpacak pranatan mau, amung anjalarake [a...]

--- 32 ---

[...njalarake] tatu utawa gêgêbug bae, iku ukumane nyambutgawe pêksa ing yêyasan nagara olèh pangan tanpa bayaran 6 dina tumêka 2 sasi.

Yèn ênggone kêgêbug mau ora anjalarake pisan-pisan lêlara, utawa nganti ora bisa nyambutgawe, lan ora ana pisan-pisan tatune utawa mung sapele bae, iku ukumane kang kaluputan mung kinunjara suwe-suwene 3 dina, utawa kadhêndha kèh-kèhe 25 rupiyah.

Bab 239, sing sapa kang matèni, anatoni utawa anggêbugi uwong, iku kêna ingapura, yèn ênggone duwe laku kaya mangkono mau jalaran kagêbug bangêt dhisik, utawa jalaran rinodapêksa.

Bedhangan.

Bab 249, sing sapa wong kang kaluputan andhêmêni utawa angramupi wong wadon, utawa anêkani karêpan [ka...]

--- 33 ---

[...rêpan] cidra rêsmi angrusak tata marang wong lanang utawa wadon, môngka kalakon utawa kacoba kalawan pêksa, iku kapatrapan paukuman nyambutgawe pêksa nganggo karante, wiwit 5 taun, tumêka 10 taun.

Bab 250, yèn kadurjanan mau kalakon ing bocah kang durung umur 15 taun, iku kang kaluputan kapatrapan paukuman nyambutgawe pêksa nganggo karante, wiwit 5 taun, tumêka 15 taun.

Bab 251, kapatrapan nyambutgawe pêksa nganggo karante, wiwit 5 taun, tumêka 20 taun, yèn kang kaluputan mau duwe panguwasa amarentahi marang kang kapêksa, utawa yèn kang angramuhi utawa mêksa mau dadi gurune, utawa bature kang kapêksa, utawa yèn kang kaluputan mau pangkat priyayi nagara utawa pangkat imam pangulu, utawa guru agama sapanunggalane, [sapanungga...]-

--- 34 ---

[...lane,] utawa kang kaluputan tanpa beda sapaa, sanalikane nindakake kadurjanane tinulung ing liyaning uwong.

Bab 254, sadhengaha wong wadon kang duwe bojo, môngka kaluputan bêbedhangan, iku kapatrapan paukuman nyambutgawe pêksa ing yêyasan nagara nganggo olèh pangan tanpa bayaran 6 dina tumêka 3 sasi.

Amêdhar Wadi.

Bab 296, para dhukun lanang wadon, para tukang nambani tatu, para tukang adol utawa ngracik jamu, sarta dhukun bayi lan liya-liyane, kang jalaran pangkate utawa pangupajiwane kapitayanan wêwadi, môngka kajaba lêlakon kang êsah utawa dadi wajibe, amêdharake wêwadi iku mau, kapatrapan paukuman nyambutgawe pêksa tanpa karante, wiwit 1 sasi tumêka [tumê...]

--- 35 ---

[...ka] 6 sasi, lan kadhêndha 50 rupiyah, tumêka 250 rupiyah.

Maling.

Bab 297 kaluputan kadurjanan maling, sadhengah wong kang anjupuk barang kang dudu duwèke, sarana laku culika.

Bab 299 kapatrapan paukuman pati, sing sapa wong kaluputan maling linakon akanthi nalar kang angaboti prakarane, kaya ing ngisor iki.

1. Yèn pamalinge linakon ing wayah bêngi. 2. Yèn pamalinge linakon wong loro utawa luwih. 3. Yèn sakèhe kang padha kaluputan utawa salah sawijine anggawa gêgaman. 4. Yèn ênggone anglakoni kadurjanane mau sarana ambabah, amènèk, utawa angrusak omah saka jaba utawa saka jêro, utawa sarana manganggo pangkate priyayi parentah nagara utawa opsir, utawa sarana nganggo panganggone [pangang...]

--- 36 ---

[...gone] priyayi utawa opsir mau, utawa sarana sêngadi anglakoni parentahe panguwasa nagara utawa panguwasa militèr. 5. Yèn ênggone anglakoni kadurjanane mau sarana ngrodapaksa, utawa pangancam-ancam ngêmpakake gêgamane.

Bab 300, kapatrapan paukuman nyambutgawe paksa nganggo karante, wiwit 5 taun, tumêka 20 taun, sing sapa wong kaluputan maling linakon akanthi salah sawijining nalar kang kasêbut ing ngisor iki.

Yèn kadurjanane mau linakon sarwa angrodapaksa, lan nganggo patrap kaya kang kasêbut bab 299, ôngka 1, 2, 3 lan 4.

Bab 301, kapatrapan paukuman nyambutgawe paksa nganggo karante, wiwit 5 taun, tumêka 15 taun, sing sapa wong kang kaluputan maling linakon akanthi [a...]

--- 37 ---

[...kanthi] salah sawijining nalar kang kapratelakake ing ngisor iki.

1. Yèn pamalinge mau linakon sarana ambabah saka ing jaba, utawa saka ing jêro, utawa sarana nganggo sorog palsu malêbu utawa munggah ing omah utawa sênthong kang diênggoni uwong, apamanèh yèn linakon sarana nganggo pangkate priyayi parentah nagara utawa opsir, utawa sarana nganggo panganggoning priyayi utawa opsir mau, utawa sarana sêngadi anglakoni parentahe panguwasa nagara utawa panguwasa militer. 2. Yèn pamalinge linakon sarana angrodapaksa tanpa anatoni utawa anglarani, utawa ora kanthi nalar liyane kang angabotake. 3. Yèn pamalinge linakon karo pangrodapaksa, akanthi têlung bab kang agawe abot kaluputane, kaya ta: a. Yèn pamalinge

--- 38 ---

linakon ing wayah bêngi. b. Yèn pamalinge linakon ing wong loro utawa luwih. c. Yèn kang kaluputan utawa salah sawijine anggawa gêgaman.

Bab 302, kapatrapan paukuman nyambutgawe paksa nganggo karante, wiwit 5 taun, tumêka 10 taun, sing sapa wong kaluputan maling linakon akanthi salah sawijining bab kang kapratelakake ing ngisor iki.

1. Yèn pamalinge linakon ing wayah bêngi, utawa linakon ing wong loro utawa luwih, ing panggonan kang diênggoni uwong, utawa kang sinadhiyakake panggonaning uwong. 2. Yèn kang kaluputan utawa salah sawijine anggawa gêgaman, sanadyan ana panggonan kang ora diênggoni utawa diênggoni, lan sanadyan pamalinge ing wayah rina sarta linakonan ijèn. 3. Yèn pamaling mau linakon [linako...]

--- 39 ---

[...n] ing wong kang nyewakake pondhokan utawa lusmèn, utawa umbal bêburuh ngusungi barang, juragan prau utawa bature, atase barang kang kapitayakake ing dhèwèke. 4. Yèn maling utawa nyolong saka ing panggonan: jaran tunggangan, rakitan, utawa momotan, utawa rajakaya gêdhe cilik sapêpadhane ana ing pangonan. 5. Yèn pamalinge nganggo angêlih tôndha-tôndha watêsing pomahan.

Bab 303, yèn juragan prau utawa umbal buruh ngusungi barang, utawa batur lan buruh, manawa amowori inuman, utawa barang dagangan kang pinitayakake ing dhèwèke kang bakal andadèkake lêlara, iku kapatrapan paukuman nyambutgawe paksa nganggo karante wiwit 5 taun, tumêka 10 taun, manawa barang kang winoworake mau ora andadèkake [andadè...]

--- 40 ---

[...kake] lêlara, kaukum nyambutgawe pêksa tanpa karante 1 sasi, tumêka 1 taun, lan kadhêndha 8 rupiyah, tumêka 50 rupiyah.

Bab 304, kapatrapan paukuman nyambutgawe pêksa tanpa karante, wiwit 2 taun, tumêka 5 taun, sing sapa wong kaluputan maling sarana ambabah utawa angrusak, utawa nganggo sorog palsu ing panggonan kang ora diênggoni uwong.

Bab 305, kapatrapan paukuman nyambutgawe pêksa tanpa karante, wiwit 1 taun, tumêka 5 taun, sing sapa wong kang kaluputan maling sarana nganggo salah sawijining pratikêl kang kasêbut ing ngisor iki.1. Yèn pamalinge linakon ing ratan kang kaambah ing ngakèh, tanpa sarana angrodapêksa, utawa pangancam-ancam. 2. Yèn pamaling mau linakon ing wayah bêngi, linakonan ing wong luwih saka siji,

--- 41 ---

ana ing panggonan kang ora kaanggêp omah kang diênggoni uwong. 3. Yèn malinge mau punakawan utawa bature kang dicolong, utawa yèn kang dimalingi dudu bêndarane nanging ana omahe bêndarane utawa ana ing omahe kang diparani utawa dipondhoki bêndarane, utawa yèn kang maling mau nyambutgawe dadi buruh, rewang utawa murid ana ing omahe utawa panggonane nyambutgawe, utawa warunge lan gudhange bêndarane, lan manèh yèn kang maling mau wus lumrah nyambutgawe ing omah kang kêmalingan mau. 4. Yèn pamaling mau linakon ing omah pamondhokan dening sawênèhing uwong kang kapondhokake ing kono.

Yèn kang cinolong mau ora luwih saka rêga 25 rupiyah, utawa kang kaluputan durung tau kapatrapan ukum sabab anglakoni maling, iku kapatrapan [kapatra...]

--- 42 ---

[...pan] paukuman nyambutgawe pêksa ing yêyasan nagara olèh pangan tanpa bayaran 1 sasi, tumêka 3 sasi. Uga mangkono panyobaning maling kang patrape mangkono kaukum kaya kang kasêbut mau.

Apus.

Bab 328, kapatrapan paukuman nyambutgawe pêksa tanpa karante, wiwit 3 sasi, tumêka 5 taun, lan kadhêndha 100 rupiyah, tumêka 500 rupiyah, sing sapa wong kang nêdya gawe akal angapusi rajadarbèke wong liya, sarana jaluk marang kang sêdya diapusi supaya kawènèhan dhuwit, utawa layang kang ajine padha karo dhuwit, utawa liyane barang, apamanèh supaya kawènèhan prajangjiyan, utawa layang pêthuk, utawa pangluwar saka prajangjiyan, nganggo jênêng utawa pangkat goroh utawa rekan, utawa nganggo akal akon ngandêl ing sawênèhe panggawean [pangga...]

--- 43 ---

[...wean] utawa sawabing panguwasa: kasugihan utawa gampang olèhe utang, utawa nganggo paekan liya-liyane.

Yèn olèhe ngapusi mau rêrêgan ora luwih saka 25 rupiyah, môngka kang kaluputan durung tau kaukum prakara maling utawa apus, kapatrapan paukuman nyambutgawe pêksa ing yêyasan nagara nganggo olèh pangan tanpa bayaran 8 dina tumêka 3 sasi.

Dene yèn patrape pangapus mau nganggo angowahi tulisan ing layang utawa kadurjanan liyane, kang ginantungan paukuman luwih abot saka kang kasêbut ing bab iki, ukuman kang luwih abot mau kang kapatrapake marang kang kaluputan.

Bab 329, kaluputan angapusi: kapatrapan paukuman nyambutgawe pêksa tanpa karante, wiwit

--- 44 ---

6 sasi tumêka 2 taun, lan kadhêndha 200 rupiyah, tumêka 2000 rupiyah.

1. Sing sapa wong angêdol utawa anggadhèkake bumi, omah sapanunggalane kaya duwèke dhewe, môngka pancèn sumurup yèn dudu duwèke. 2. Kang anduwèni cipta ala angêdol utawa anggadhèkake rajadarbe, nganggo amratelakake yèn rajadarbe mau durung ginadhèkake, môngka satêmêne isih ana ing gadhèn, utawa yèn ênggone anêrangake patrap ing gadhèn kang durung tinêbus mau: nganggo pratela goroh atas kèhing dhuwite utawa prajangjiyane.

Anyahak Kapracayan.

Bab 330, sing sapa wong kang sarana angarah butuhing kasêngsêman: cupêting budi utawa hawa nêpsuning bocah kang durung diwasa, bocah mau dipurih nandhani tangan ing layang [la...]

--- 45 ---

[...yang] prajangjiyan, layang pêthuk utawa layang pangluwar saka utang dhuwit, utawa nyilih barang amal, ora beda patrape kang tinanduk utawa panyamure anggêr andadèkake kapitunaning bocah kang durung diwasa mau. Iku kapatrapan paukuman nyambutgawe pêksa tanpa karante, wiwit 2 sasi, tumêka 2 taun, lan kadhêndha kèh-kèhe saprapating pitunane bocah kang durung diwasa mau, lan ora kurang saka 12 rupiyah.

Pangancam-ancam.

Bab 359, sing sapa wong angancam-ancam ngobong omah utawa liya-liyane, kapatrapan paukuman kaya kang kasêbut bab 222, 223, lan 224.

Angrusak.

Bab 360, sing sapa wong maha angrusak utawa ngrubuhake omah gêdhong, krêtêg, tanggul, ratan yêyasan, utawa liya-liyane yêyasan, môngka

--- 46 ---

kasumurupan padha duwèke wong liya, lan ora kabeda apa karusak, karubuhake babar pisan apa mung sawatara. Iku kapatrapan paukuman nyambutgawe pêksa nganggo rinante, wiwit 5 taun, tumêka 10 taun, lan kadhêndha kèh-kèhe saprapating pituna kang ginawe, sathithike 50 rupiyah.

Yèn patrap pratingkahe mau nganti ana wong kang mati, kang kaluputan kapatrapan ukum pati. Dene yèn nganti natoni uwong, kaukum nyambutgawe pêksa nganggo karante, wiwit 5 taun, tumêka 15 taun.

Bab 362, sing sapa kang angobong utawa anyirnakake layang pemutan registêr, lêpiyan utawa babone sakèhing layang êsah, layang pratôndha anduwèni wênang, layang ibêr, layang among dagang utawa laku bang, kang ngêmot prajangjiyan, utawa karampungan [karampunga...]

--- 47 ---

[...n,] utawa pangluwar saka prajangjiyan. Iku padha kapatrapan paukuman kaya ing ngisor iki.

Yèn kang diobong utawa disirnakake layang êsah, layang among dagang, utawa layang laku bang. Paukumane nyambutgawe pêksa nganggo karante, wiwit 5 taun, tumêka 10 taun.

Yèn liyane saka iku, ukumane kang kaluputan nyambutgawe pêksa tanpa karante, wiwit 2 taun, tumêka 5 taun, lan kadhêndha 50 rupiyah, tumêka 150 rupiyah.

Bab 363, sing sapa kang anjarah rayah, utawa angrusak samubarang panganane utawa liyane barang amal, môngka linakon sarana pangrodapêksa katon ing ngakèh, utawa linakon ing sapôntha utawa kêkumpulan. Iku kapatrapan paukuman nyambutgawe pêksa nganggo rinante, wiwit 5 taun, tumêka [tu...]

--- 48 ---

[...mêka] 15 taun, lan kadhêndha 100 rupiyah, tumêka 2500 rupiyah.

Bab 365, yèn anjarah rayah utawa ngrusak barang rupa pari, bêras, gandum, lan sapanunggalane, utawa glêpung lan kang kagawe saka glêpung, utawa roti, anggur lan minuman liya-liyane, iku kang dadi tindhihing kumpulan utawa pôntha, lan kang angojok-ojoki utawa murihake kadurjanan mau, kapatrapan paukuman kang abot dhewe, sarta kang kasêbut ing bab 363.

Bab 367, sing sapa kang angrusak tanêm tuwuh kang isih urip ana ing sawah, kapatrapan paukuman nyambutgawe pêksa tanpa karante, wiwit 2 taun, tumêka 5 taun.

Yèn angrusak utawa nacati tanêm tuwuh salagine ijo utawa kamurahake, kang kaluputan kapatrapan [kapa...]

--- 49 ---

[...trapan] paukuman nyambutgawe pêksa ing yêyasan nagara olèh pangan tanpa bayaran, lawas-lawase 1 sasi, lan kajibah andandani utawa nêmpuhi kang dirusakake.

Bab 368, sing sapa wong kang nêgor wit-witan dudu duwèke, iku kapatrapan paukuman nyambutgawe pêksa tanpa karante, 6 dina tumêka 6 sasi, ing dalêm 1 uwit. Samono mau gunggunging paukuman ora luwih saka 5 taun.

Bab 370, yèn angrusak cangkokan kang wus dadi, iku paukumane ing dalêm sacangkokan, nyambutgawe pêksa tanpa karante 2 dina tumêka 2 sasi. Samono iku gunggunging ukuman ora kêna luwih saka 2 taun.

Bab 372, kapatrapan paukuman nyambutgawe pêksa ing yêyasan nagara nganggo olèh pangan tanpa bayaran [ba...]

--- 50 ---

[...yaran] 6 dina tumêka 2 sasi, sing sapa wong ngêni pari sapanunggalane, utawa ambabadi kang dadi pakaning kewan, môngka wus sumurup yèn duwèke wong liya.

Bab 373, paukumane wong kang ngêni pari sapanunggalane mau sadurunge môngsa kuning, iku nyambutgawe pêksa ing yêyasan nagara nganggo olèh pangan tanpa bayaran 2 dina tumêka 3 sasi.

Angracun.

Bab 376, kapatrapan paukuman nyambutgawe paksa tanpa karante wiwit 1 taun, tumêka 5 taun, sing sapa wong angracun jaran utawa liyane khewan tunggangan, momotan utawa rakitan, utawa kêbo sapi sapanunggalane, babi lan wêdhus sapêpadhane, utawa iwak kang ana balumbang, utawa ana jêmbangan sarta pangingonan liyane.

--- 51 ---

Obong-obong kang Kurang Satiti.

Bab 382, kapatrapan paukuman nyambutgawe pêksa ing yêyasaning nagara nganggo olèh pangan tanpa bayaran, lawase 1 sasi, sing sapa wong kang kaluputan analarake barang rajadarbèke wong liya kobong, jalaran saka awake, sarta lenane dandani utawa angrêsiki pawon, omah sapêpadhane, utawa pangobonge sawah utawa têgalan, kang adohe kurang saka 100 elo saka omah, ara-ara, alas, kayu, kitri taun, tanduran, pagêr, dami pakaning rajakaya, kang kobonge mau awit saka sêmbrana lan kurang pangati-atine.

__________