Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 2)

Judul
Sambungan
1. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 1). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
2. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 2). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
3. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 3/1). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
4. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 3/2). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
5. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 4/1). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
6. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 4/2). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
7. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 4/3). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
Citra
Terakhir diubah: 03-02-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Sri Karongron Jilit 2.

Iyasan Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 10 ingkang angadhaton ing nagari Surakarta Adiningrat. Nyariyosakên wiyos dalêm Garêbêg Bêsar taun Jimakir ăngka 1842.

Ingkang kadhawuhan ngikêt Radèn Ngabèi Purbadipura, abdi dalêm kaliwon gêdhong têngên.

Kacithak wontên ing kantor pangêcapanipun Budi Utama, ing Surakarta.

1913

--- [0] ---

Sêrat Sri Karongron Jilit 2.

Iyasan Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 10 ingkang angadhaton ing nagari Surakarta Adiningrat. Nyariyosakên wiyos dalêm Garêbêg Bêsar taun Jimakir ăngka 1842.

Ingkang kadhawuhan ngikêt Radèn Ngabèi Purbadipura, abdi dalêm kaliwon gêdhong têngên.

Kacithak wontên ing kantor pangêcapanipun Budi Utama, ing Surakarta.

1913

--- [0] ---

[...]

--- 1 ---

15. Sinom

1. kamantyan mêmalat driya | dhawuh dalêm jêng sang aji | pangripta kinèn lajua | kang wus winursitèng ngarsi | purwaka dhandhanggêndhis | sinom mijil lawan gambuh | gurisa kinancuhan | pocung maskumambang warih | asmarandana anduduk wêwuluhan ||

2. pangkur kanthi gambuh dadya | winilis kang wus tinulis | lulus kawan wêlas sêkar | sinukarta kang winarni | ing dina Sênèn Lêgi | iku tanggal kaping 8 | maksih ing wulan Bêsar | anunggil warsa ing nginggil | enjang wanci jam 10 jroning pura ||

3. pra punakawan niyaga | lawan wiraswara tunggil | têtindhih talèdhèk nama | bok Lurah Asmaralaksmi | bêkêl langên watari | nèng bangsal pradăngga iku | kang găngsa wus tinata | salendro pelog Kiyai | Kancilbêlik Gunturmadu pangkon pradan ||

4. kagungan dalêm musikan | nglêmpak lèr wetan pandhapi | pra pangran putra santana | para riya miwah panji | wayah buyut sumiwi | ondêr mayor Dyan Mas Mênggung | Wiryadiningrat sarta | kaliwon panèwu mantri | lurah ordhênas bêkêl têrbis ajidan ||

5. sèkrêtaris punakawan | kliwon kêmasan lan grêji | karapyak pangrêmbe nglaban | kliwon kadipatèn tuwin | ranan pandayan panji | gindês kanoman akumpul | kaliwon pamajêgan | ing Klathèn ingkang pinêthil | ambiyantu karya kantor [ka...]

--- 2: 2 ---

[...ntor] kridhardana ||

6. panèwu mantri pêthilan | pangrêmbe majêgan tuwin | kêbon dharat lan pambêlah | mantri juru silêm tuwin | kănca panèwu mantri | kadipatèn sarèhipun | lurah bêkêl lan jajar | para dènmasan sumiwi | punakawan santana bêkêl myang lurah ||

7. kamituwane nèng ngarsa | pra abdi dalem Walandi | sêtalmèstêr lan ordhênas | wagênmèstêr kusir Wlandi | panylomprèt datan têbih | lawan purèidêripun | tukang tawêl Walănda | angadêg tansah posisi | sami munggwèng paningrat iring utara ||

8. abdi dalêm kalawija | kalawan mêtêngan tunggil | nèng wetan wiwara priya | ngulami pamijèn siji | dene kaliwon carik | sapanèwu mantrinipun | jajarira sadaya | nèng sanawilapa nulis | pra prajurit kang seba ing palataran ||

9. tri likur wiratamtama | tindhihe ritmistêr siji | prajurit wira utama | 23 tindhih opsir | prawira nom prajurit | ugi opsir tindhihipun | kathahnya tiga wêlas | mantri kraton caos munggwing | jawi kori ingaran wiwara kênya ||

10. nyi tumênggung nyai lurah | lurah pasindhèn puniki | lawan lurah norantaka | bêkêl sinoman kang tampi | plataran lèr sumiwi | nyi lurah nyai tumênggung | kang sami marak nglarag | mujur jèjèr-jèjèr linggih | anèng sakidul [sa...]

--- 2: 3 ---

[...kidul] wetaning maderêngga ||

11. iku kang sumiwèng pura | angliga tanpa kulambi | ing srimanganti duksina | jawi kori pra prajurit | jayèngastra kang jagi | maskapêne 23 | tindhih opsir satunggal | mranti slomprèt tambur suling | ingkang wetan iku pacaosanira ||

12. prikănca mantri kêparak | anyatunggal kanan kering | kêkalih jajar nirbita | jajar ănggadara kalih | jajar nirbaya siji | kiwa têngên jajar mandhung | kêmit bumi satunggal | bangsal magangan pra mantri | êmpu lawan mêdêl êcèt sungging pulas ||

13. pra panèwu mantri kalang | jajar siwule tan kari | kang caos gadhing Mataram | dene prajurit kang jagi | 9 kalêbu tindhih | kopral lan sarêsanipun | maskapên jagasura | iku anjagi bransêpit | dene kori sarasêja brak kang jaga ||

14. prajurit jayatêtana | maskapên dwi dasa katri | tambur salomprèt sanjata | tindhihe opsir sawiji | malih prajurit jagi | suratêtana puniku | anèng kori butulan | brajanala kilèn mranti | sikêp kapmès kalih wêlas tindhih sêrsan ||

15. kori brajanala wetan | ingkang jagi pra prajurit | sikêp kapmès jagabraja | kalih wêlas kang nindhihi | pangkat sarêsan siji | kori brajanala kidul | kang caos kănca jajar | kêmitbumi kanan kering | jajar mangundara [ma...]

--- 2: 4 ---

[...ngundara] lan jajar panyutra ||

16. ing jawi jajar nirbita | jajar sarasêja tunggil | sitinggil kidul pêngkêran | ingkang caos myang sumiwi | para panèwu mantri | undhagi lan tukang batu | pandhe sajajarira | mantri pambubut pangukir | sakarèrèhane jajar padha seba ||

17. wangsul mangalèr carita | kori agêng srimanganti | kang caos mantri kêparak | kêkalih ing kanan kering | akanthi jajar kalih | sangkraknyana namanipun | ugi ing kering kanan | jroning bangsal srimanganti | pra wadana jêro sakaliwonira ||

18. kaliwon panêgar kalang | panandhon gandhèk sumiwi | linggih thèrèk nèng jarambah | turut pinggir dèn sambungi | panèwu lawan mantri | kêparak gêdhong lumajur | kraton gadhing Mataram | jajar kêparak lan malih | gêdhong jajar kraton sami nèng kajogan ||

19. lubèr mring bangsal kanoman | kănca jajar dènnya linggih | bangsal srimanganti wetan | manggalanirèng prajurit | kolnèl kumêndhan tuwin | litênan kolonèlipun | mayor opsir kapitan | mijipinilih kang jagi | 23 myang slomprèt tambur sulingnya ||

20. tindhihe opsir satunggal | 9 jagasura jagi | jroning kori kamandhungan | jajar kanoman sumiwi | kang caos kanan kering | jaban kori jajar mandhung | lan jajar ănggadara | ingkang tungguk [tung...]

--- 2: 5 ---

[...guk] amajibi | anabuh jam agêng kang nèng kamandhungan ||

21. brak kang kilèn dragundêran | 5 Walandi kang jagi | talangpatèn trunasura | 22 tindhih opsir | brak wetan pra prajurit | jayatanantaka tungguk | sikêp guwir dwi dasa | tambur slomprèt tindhih opsir | kori gapit kang jro jajar wisamarta ||

22. ingkang seba èmpèr jaba | jajar brajanala tunggil | panèwu mantri kabayan | bêkêl jajare tan kari | kang seba nèng sitinggil | jroning bangsal angun-angun | mantri kalawan jajar | saragêni seba kêmit | ing balebang lurah anggăngsa jajarnya ||

23. jroning bangsal sewayana | kănca gandhèk kanan kering | bangsal alit sakêmbaran | soring kori wijil kalih | kănca jajar sumiwi | ingkang wetan martalulut | kulon singanagara | kori wijil pisan jawi | jajar priyantaka ngampil upacara ||

24. waos trisula dwi dasa | kalawan sanjata kalih | Kyai Kuthung namanira | songsong bawat ugi kalih | panganggone kang ngampil | dodotan lurik bêrkutut | kulambi lakên abang | bangsal kilèn păncaniti | pacaosaning panèwu mantri jaba ||

25. bangsal ingkang iring wetan | pacaosaning prajurit | 22 jayasura | sikêp guwir dèn tindhihi | opsir amung sawiji | miranti salomprèt [salomprè...]

--- 2: 6 ---

[...t] tambur | taratag pagêlaran | puniku ingkang sumiwi | Kangjêng Radèn Dipati Sasradiningrat ||

26. abusana bêbasahan | wangkingan nama jêng kyai | dumung sinêlut barliyan | kunca anggubêt kawuri | ngêndharah nrampat siti | angagêm makutha biru | mundri tinitih sotya | rikma lus kaukêl kêling | sêrat pênyu sêkar alit jram saajar ||

27. majêng ngidul dènnya lênggah | epok agêng munggwèng kering | anêngênakên kêcohan | myang lopak-lopak sumandhing | ingisèn sêdhah sêmprit | pangracike kupu tarung | wohan sadak panasar | rêsik panatane apik | dhasar suruh wêwêton ing Kartasura ||

28. wingkingnya sang mantrimuka | abdi kapatihan linggih | pra panèwu mantri lurah | bêkêl jajar lawan mantri | anon-anon nagari | kabayan kabèh tut pungkur | angampil upacara | padinan yèn Sênèn Kêmis | kang andhèrèk 90 winatara ||

29. duk wau dènira budhal | saking kapatihan nitih | kareta agêm padinan | lan dhowêr kuda rong rakit | kênèk kusir jas langking | karetanira lumayu | dumugi ing gêladhag | titihan lumaku rindhik | ginarêbêg abdi miwah upacara ||

30. kang wus ngrumiyini lampah | nalika jam sadasenjing | dumugi wringin sêngkêran | mandhap tumuli lumaris |

--- 2: 7 ---

ngagêm canela langking | magang anjajari ngayun | gumêrdêg kang tut wuntat | songsong pradan kêndhit wilis | kalih êlêr dene ing jro byur parada ||

31. ganjaran dalêm sang nata | dènnya wus winisudhèng sri | nugraha pangkat satunggal | lumampah dipun songsongi | nuli kang ngampil-ampil | lopak-lopak mas tinatu | lan kêcohan salaka | epok agêng wus winarni | munggèng kanan keringnya jêng mantrimuka ||

32. malih ingkang upacara | pasikon dipun ulêsi | nama Kyai Nindyasara | suh tuwin ing gănja mawi | sarasah kancana di | tinrètès sotya sumunu | barliyan sêling mirah | mêmêl cinawi angrawit | wrăngka wrêksa candhana ginêbêg gilap ||

33. mênggah pasikon punika | paring dalêm jêng sang aji | kang jumênêng sapunika | lan sabêt Siyêm dèn ampil | kalih balongsong rukmi | sabêt suduk namanipun | Kyai Saranugraha | sumbul pangêsêsan siji | miwah sumbul wadhah pangunjukan wedang ||

34. kalih sapitan sap asta | miwah tungkat garan rukmi | lante alus naman lêmbat | bèri sasab sêrbèt putih | cèrèt barlin lan malih | cèrèt paturasanipun | waos panurung papat | waos balandaran siji | namanira Kiyai Kêdhutsantosa ||

35. malih ingkang atut wuntat | talêmpak dèn ampil nami | Kiyai Panatabasa |

--- 2: 8 ---

kothak makutha pinundhi | songsong agêng lan alit | palangkane datan kantun | manawi sampun mapan | dènira sami tut wuri | nuli sami dèn palangkakkên sadaya ||

36. kang ngampil-ampil samiran | samir pare anom kêsting | pra panèwu mantri lurah | manganggo basahan sami | jajar kulukan langking | bêbêdan ganêp myang dhuwung | linggih sila ngalêmpak | wingkingnya sang nindyamantri | dene sagung wadana jawi mangandhap ||

37. nunggil jêng radyan dipatya | lumajur kapara wuri | ingkang sumewa ing kanan | nênggih wadana panumping | têngêne kang alinggih | wadana bumi puniku | malih sakananira | wadana gladhag nyambungi | maksih laju kanannya wadana jaksa ||

38. keringnya jêng mantrimuka | wadana sèwu tumuli | wadana agêng sambungnya | nuli wadana pulisi | malih ingkang nyambêti | lumajur kapara pungkur | para kaliwon jaba | dene pra panèwu mantri | linggih thèrèk munggwèng têpining taratag ||

39. sèwu myang gêdhe nèng wetan | ajênge mangilèn sami | panumping bumi pracima | majêng mangetan sumiwi | lêlèmèk linggih lampit | trapsila noragèng tanduk | tinon lir nora beda | kalamun nuju sumiwi | ngabyantara ing kangjêng sri naradipa ||

40. pakapalan kadipatyan | wadananira sumiwi | lan panèwu mantri jaksa | sarayuda miwah carik |

--- 2: 9 ---

malih paseban mantri | panèwu ngajêng ngalumpuk | nèng gladhag pakapalan | tata linggih urut pinggir | marêp ngidul marêp ngulon miwah ngetan ||

41. kang sami sowan sadaya | jawi lêbêt pra bupati | sapangandhap bêbasahan | akuluk mathak kulambi | sikêpan gêdhe langking | lugas kinancing P. B. krun | ing jêro rinangkêpan | kulambi putih sinêtrik | pra sumewa katon manising wadana ||

16. Dhandhanggula

1. amangsuli ing kadhaton malih | kangjêng sri narendra abusana | munggwèng jroning kamar gêdhe | priyantun dalêm sêpuh | miwah anèm sami ngladosi | kang lênggah prabayasa | pramèswari prabu | Jêng Ratu Pakubuwana | wingking dalêm kangjêng ratu para gusti | kang dèrèng sami krama ||

2. wuri wayah dalêm anyambêti | pra priyantun dalêm sapunika | kang sêpuh miwah kang anèm | sami marak nèng kidul | pra priyantun dalêm suwargi | sri nata kaping sanga | kajogan supênuh | badhaya sarimpi marak | miwah jaka palara-lara anunggil | manggung kêtanggung pêpak ||

3. ingkang marak kajogan ing ngarsi | wayah dalêm kang wus sami krama | kajogan ngajêng iring lèr | nênggih sawetanipun | kamar gadhing kang marak sami | angampil upacara | dalêm kangjêng ratu | pêpak para ruming pura | kawuwusa sampeyan dalêm sang aji | rampung

--- 2: 10 ---

dènnya busana ||

4. miyos saking kamar agêng nuli | lênggah munggwèng dalêm prabayasa | sangajênging kori gêdhe | mangagêm sang aprabu | nyamping latar pêthak garingsing | rêsik babaran mubyar | ing ngarsa winiru | tri sweda mèpèt tan wudhar | apaningsêt daringin wungu kêmrunggi | sinongkèt ing bênang mas ||

5. anumpang èpèk baludru wilis | sinulam bênang sutra rineka | sêkar argulo sarone | katimang sêsotya gung | dhapur gendhong sinilih-asih | lan mirah salaga mas | lêmês ukêling lung | angagêm rasukan takwa | sutra ijo mèpèt ing janggan tinitih | ing kancing têngah mirah ||

6. tangkêp kering pinati paniti | sotya rêta runtut pinasangan | bintang surya wisesane | sangisorira sinung | ridêr ordhê leyo bronsuwik | hèrloji karsèt panjang | pandêlire gathuk | sangsangan rante kancana | apanunggul kanigara mas cinawi | dhêdhasar kastur krêsna ||

7. ngagêm wangkingan kangjêng kiyai | taju malela sêlut barleyan | sinêling mirah malèrèh | têtirahe jumêrut | akandêlan balewah rukmi | alus sinangling wrata | canela baludru | wungu binalodir gim mas | gilap kêlêm barintik miwah barêji | numpang ing patra sêkar ||

8. lênggah dalêm kangjêng narapati | munggwèng dalêm agêng prabayasa | wus sawatawis dangune | ampilan dalêm prabu |

--- 2: 11 ---

upacara kang wus cumawis | kaampil pra badhaya | myang sarimpi sampun | umandhap saking parasdya | samya marang ing paningrat tata linggih | ya ta kangjêng sang nata ||

9. jumênêng nuli lumaris aris | atut wuri kang ngampil kêcohan | iku priyantun dalêm nèm | namanira sinêbut | sira Radèn Asmararukmi | andhèrèk anèng wuntat | upacara prabu | sabêt Jêng Kyai Jabardas | tamèng cêplok plag Bèlgi lan sumbul rukmi | miwah bèri kancana ||

10. agêm dalêm dus lawan cêpuri | rotan Jêng Kyai Paksinugraha | miwah talêmpak namane | kangjêng kyai puniku | tandhu kasa parabot rukmi | tanggap musikan urmat | wihèlmis munya sru | sri katon pathêt manyura | dèn sindhèni swara mêthit mêthêt ati | abantas gêtas rênyah ||

11. obah kabèh kang sami sumiwi | sami urmat dhodhok ngapurancang | sêmu sumungkêm driyane | tansah pamawasipun | marang kangjêng sri narapati | wus lênggah munggwèng dhampar | ing samadyanipun | pandhapa sana sewaka | wingking dalêm para badhaya sarimpi | sila solah dyatmika ||

12. ingkang sowan wangsul linggih malih | nuli pangeran putra santana | riya ing nginggil wingkinge | majêng lumampah urut | praptèng têpi paningrat sami | andhodhok mangarcana | sawusira laju | minggah lampah bocong tamban | praptèng èmpèring sasana sewaka [se...]

--- 2: 12 ---

[...waka] ji | tata lênggah sumewa ||

13. sampun suwuk găngsa lawan musik | sami arsaya para sumewa | ayêm kayoman driyane | yayah payung tumiyung | rahayune risang siniwi | sinawang ing graita | panjênêngan ratu | tuhu kêkasihing Suksma | pratandhane beda panduming dumadi | wênang murba misesa ||

14. ya ta nyai tumênggung kang tampi | kanthi nyai lurah nărantaka | mangastawa sakarone | munjuk ing sang aprabu | nyaosakên aturing dasih | prikănca gandhèk ingkang | mariksa duk wau | abdi dalêm pra santana | myang wadana kang samya rêpot mring loji | botên wontên kang prapta ||

15. abdi dalêm radèn adipati | lajêng sowan wontên pagêlaran | tuwin Pangeran Kolonèl | Purbanagara sampun | sowan sapangandhap anunggil | ing srimanganti wetan | laju unjukipun | abdi dalêm pra wadana | jawi lêbêt sadaya sampun sumiwi | pêpak nèng panangkilan ||

16. wadana kang taksih nyuwun pamit | Radèn Mas Arya Purwanagara | makatên palapurane | malah dhawuhing prabu | dènnya pamit wus kalih warsi | amêmpên anèng wisma | wau nyi tumênggung | nyaoskên lapuranira | abdi dalêm nyai lurah ingkang sami | nglarag nyuwun timbalan ||

17. sawusira atur piniyarsi | sri narendra aparing sasmita | nora nana [na...]

--- 2: 13 ---

[...na] timbalane | nulya nyai tumênggung | dhawuhakên kalilan mulih | matur inggih sandika | ya ta sang aprabu | nyi tumênggung katimbalan | nêmbah maju laku dhodhok nuli linggih | nèng ngarsa cêlak dhampar ||

18. wiyosing dhawuh dalêm sang aji | salowonge di dalêm wadana | gadhing Mataram samangke | ingkang jinunjung lungguh | kaliwoning ordhênas nami | Dyan Mas Ngabèi Atma- | dipura sinantun | nama Radèn Mas Ariya | Prawiradiningrat dene kang gêntosi | kaliwoning ordhênas ||

19. kaliwon carik kang tuwa nami | Radèn Ngabèi Mangkudipura | sinung lêstari namane | sawusnya tampi dhawuh | mêdal marang ing srimanganti | dhawuhakên timbalan | mring kaliwonipun | gandhèk kering nama Dyan Mas | Ngabèi Jayadarsana Dyan Ngabèi | Purwadarsana kanan ||

20. matur sandika gandhèk kêkalih | nyi tumênggung wangsul ngabyantara | munjuk wus dhinawuhake | timbalan dalêm prabu | amisudha abdi kêkalih | nêngna sajroning pura | ing jawi winuwus | gandhèk ingkang tampi dhawah | sakarone sami ambikak kulambi | kalung samir rêrenda ||

21. gya umangkat marang păncaniti | panèwu gandhèk kalih tut wuntat | tan rikat lumaksanane | alon tibaning suku | lamun têngên ingkang mangarsi | sami têngên tumindak | tan beda ing laku | yèn kang kiwa padha kiwa | bau nêkuk [nêku...]

--- 2: 14 ---

[...k] amiwir samparan kering | tangan têngên lèmbèhan ||

22. brêgas ganggas trangginas rêspati | awiraga karana nyatriya | rarase macan kaluwèn | pantês cundakèng prabu | sampun laju dènnya lumaris | datan kasorot surya | kalingan ing mêndhung | ngêndhanu ing antariksa | kapiyarsa swaraning angin wor riris | kêpyur-kêpyur warata ||

23. kang sumewa anèng păncaniti | sami ngira dêrês ingkang jawah | samana kangjêng rahadèn | adipati gya mundhut | pasikone wus sinangkêlit | sasmita ngering nganan | minggah sowanipun | dhumatêng ing sitibêntar | pra wadana kaliwon panèwu mantri | andhèrèk sami minggah ||

24. sapraptanira sami sumiwi | tata anèng bangsal sewayana | sang nindyamantri lênggahe | munggwèng lèr majêng ngidul | pra wadana jawi nyambêti | kawuri kering kanan | lir nalikanipun | sumewa nèng pagêlaran | wus katingal dutendra ngadêg ngêntosi | anèng wetan witana ||

25. kaliwon gandhèk tandya lumaris | marang ngarsane sang mantrimuka | rada adoh ngadêg bae | tumuli uluk-uluk | sabdanira: Rahadèn Adi- | pati Sasradiningrat | timbalan sang prabu | ênggèh wêwangsulanira | gya jumênêng majêng andhadhap rêspati | parigêl paribawa ||

26. animbangi sang duta mangarsi | rong kêmbaran wiraga

--- 2: 15 ---

andhadhap | mêndhak rupèpèh-rupèpèh | nyăngga wironing kampuh | sarêng cêlak tumuntên sami | andhodhok ngapurancang | andhawuhkên sampun | purwa madya lan wusana | wigatining sabda cundakèng narpati | wus katampèn sadaya ||

27. ngosok bali wangsulan mungkasi | atur sêmbah manira sandika | cundaka mangsuli ênggèh | kaliwon gandhèk laju | lumaksana mring srimanganti | jêng radyan adipatya | wangsul lênggahipun | jroning dhawuhkên timbalan | saya dêrês udane kongsi naritis | marma sang cinundaka ||

28. samya pinayungan songsong kuning | dènira lumampah nora owah | maksih barêgas pacake | tan măntra katrahan truh | catur duta wus sami prapti | lungguh nèng srimangantya | sigra canthèl atur | Nyai Regol amêlingna | marang nyai tumênggung supaya mijil | enggale sampun prapta ||

29. tata linggih anèng srimanganti | alon maju sang mêntas dinuta | wus lapur kaliwon gandhèk | gandhang wahyaning wuwus | tan was-uwas tatas patitis | titining palapuran | sigra nyi tumênggung | wangsul angabyantarendra | nglapurakên aturing gandhèk tinuding | sampun konjuk sadaya ||

30. abdi dalêm radèn adipati | nyuwun wêdalipun ingkang samya | badhe kawisudha mangke | dhawuh dalêm sang prabu | kalilan wus dipun dhawuhi |

--- 2: 16 ---

kalih pisan umêdal | saking jro kadhatun | anjujug ing srimangantya | wadananing bêkêl jêro marentahi | mring kaliwon Radèn Mas ||

31. Ngabèi Sujanapura ngirit | angaturna ing sang mantrimuka | wus sami prapta ngarsane | silastawa mabukuh | sakarone wus dèn dhawuhi | dènira winisudha | ing kangjêng sang prabu | pakênira nglakonana | ing sagawa-gawene[1] wajibing dasih | matur nuwun sandika ||

32. dhawuh malih jêng radyan dipati | mring kang ngirit bêkêl jro supaya | amarnahake linggihe | sandika sigra mundur | wangsul marang ing srimanganti | lungguhe wus pinarnah | ing gon kang tinamtu | wuwusên malih jro pura | kangjêng sri narendra pan maksih siniwi | putra santana wadya ||

33. nulya pradăngga tinabuh malih | munya gêndhing ladrang sri kuncara | nêm pelog rêbab bukane | panggêdhe myang panêrus | rêricikan biyantu kengis | ngêse mulêt wilêtan | agulêt lir gêlut | lulut ngilut mulut driya | driyasmara tatas putus têtêsing tis | nitis Hyang Dewarêna ||

34. suka sakèh kang sami sumiwi | rasa-rasa tan arsa muliha | karasan miyarsakake | rarasing găngsa runtut | pra niyaga sadaya bangkit | rakiting têtabuhan | tan lirih tan sêru | saupama dèn wawrata | nadyan amung sarambut yakti tan silir | lilire [li...]

--- 2: 17 ---

[...lire] rampak papak ||

35. sasuwuke pradăngga kang muni | nuli priyantun dalêm mangarsa | nèng kanan dalêm lênggahe | datan pantara dangu | pra badhaya miwah sarimpi | kang marak wuri nata | sadaya wus mêdhun | mangilèn munggwèng paningrat | ya ta wau sampeyan dalêm sang aji | jumênêng saking dhampar ||

36. ririh lumampah angênya puri | jêngkar dalêm musik munya urmat | lagu wihèlmis rarase | alon alêlah landhung | barêng munya pradăngga gêndhing | undur-undur kajongan | calapitanipun | bêning tinabuh pinjalan | panyuwuke ana ing nêm gong ngêlèbi | mawi minggah sawilah ||

37. nanging iku maksih laju muni | durung suwuk yèn maksih katingal | Kangjêng Iswara jêngkare | ingkang sumewa sagung | agêng alit sami ngurmati | andhodhok ngapurancang | para narpasunu | pangeran santana riya | wau ingkang sumewa anèng pandhapi | wus mandhap sami urmat ||

38. munggwèng natar ordhênas Walandi | lampah dalêm sri nararyadipa | badhaya srimpi andhèrèk | priyantun dalêm prabu | ganti Radèn Purnamarukmi | cakêt ngampil kêcohan | puniku wus rawuh | dalêm agêng prabayasa | Kangjêng Ratu Pakubuwana wotsari | myang para ruming pura ||

39. sri narendra laju malbêt maring | ing sajrone sasana pusaka | ugi nami kamar gêdhe | nêngna kangjêng [kang...]

--- 2: 18 ---

[...jêng] sang prabu | kacarita malih ing jawi | ingkang sami sumewa | sadaya gya mundur | para nambut karyèng pura | laju manjing marang gêdhonge pribadi | nora milu bubaran ||

40. ingkang caos pan maksih sumiwi | anèng plataran ordhênas lurah | punakawan sasamane | miwah panji kang tungguk | nunggil mantri pêthilan linggih | wetan sanawilapa | sami santun kuluk | pasewakan kuluk mathak | sabubare sami kuluk kêsting langking | panèwu mantri lurah ||

41. punakawan santana tumuli | nata bangku miwah palênggahan | munggwèng parasdya madyane | wus rampung nuli mundur | pra niyaga sebane ngalih | mring sana andrawina | sadaya tan kantun | talèdhèk lan wiraswara | santun găngsa mangke Kyai Kadukmanis | kalawan Manisrêngga ||

42. punakawan sewaka ngrêsiki | ing pandhapa agêng myang paningrat | cekat-cèkêt nora cèwèt | iku nyai tumênggung | sakancane kang padha tampi | lir sabên sami mapan | nèng paningrat kidul | bêkêl kalawan sinoman | myang sêdhahan miji iku ngampil-ampil | sabêt tamèng lan rotan ||

43. kawuwusa jêng radyan dipati | wau kang sowan nèng sewayana | sarêng wanci ngajêngake | jam 12 laju | sowan marang ing srimanganti | bupati bêkêl jaba | ingkang atut pungkur | sapraptanira alênggah | lan wadana kaliwon panèwu [pa...]

--- 2: 19 ---

[...nèwu] mantri | rèh jêro maksih pêpak ||

44. srimanganti wetan ugi taksih | ingkang sowan kolonèl kumêndhan | tan owah saandhahane | sila dhèmês andhêku | ya ta kangjêng radyan dipati | alon dènnya ngandika | mring wadananipun | bêkêl jawi andhawuhna | mring wadana kang caos anuju sulih | kaliwon nama Radyan ||

45. Ngabèi Bujadipura tuwin | Dyan Mas Ngabèi Sujanapura | wadana bêkêl dhawuhe | mêlingna nyi tumênggung | ingkang tămpa salah sawiji | mêtu mring srimangantya | ki lurah kang dhawuh | kang caos sigra parentah | canthèl atur Nyai Regol wus winêling | matur sandika mangkat ||

46. kocapa jro pura sri narpati | wus lênggah munggwèng sana parasdya | kadya sabên padinane | mangagêm jêng sang ulun | rasukan sup dhêdhasar wilis | sawit jubah lan kotang | kancing akik wungu | adhêsthar wangun cakraman | anyangkêlit wangkingan nora kaèksi | nama Jêng Kyai Brêkat ||

47. ing sajrone lênggah mariksani | sêrat-sêrat saking residhenan | pustaka palapurane | saking wadananipun | kasêntanan Sênèn lan Kêmis | myang saking rat nagara | malih sêrat konjuk | palapuran kapatihan | miwah sêrat saking wadana prajurit | kalawan marduyatna ||

48. palapuran pangulon lan saking | Dyan Ayu Dipati [Dipa...]

--- 2: 20 ---

[...ti] Sêdhahmirah | myang wadana kadipatèn | sêrat lapuranipun | garap kartipura utawi | pakaryan kartipraja | malih ingkang konjuk | sêrat bab kabudidayan | mêdal Tuwan Tapseradhêmatos nami | pangkat supir itêndhan ||

49. kaanane ondêrnèmêng sami | wêwêngkoning praja Surakarta | sêrat-sêrat sadayane | puniku ingkang konjuk | apan sami dèn uningani | sadintên-dintên tansah | makatên sang prabu | panuwunan palapuran | jroning praja miwah sajawining nagri | sadaya kauningan ||

50. ya ta nyai tumênggung umijil | nyai lurah Nyi Regol tut wuntat | srimanganti sapraptane | anyêlak dènnya lungguh | ing ngarsane sang nindyamantri | tumuli angandika | acaosa unjuk | manira cumadhong dhawah | wiyos dalêm garêbêg Bêsar puniki | sandika kang liningan ||

51. nyi tumênggung wangsul manjing puri | alon munjuk ing jêng sri narendra | pêpatih dalêm ature | dhawuh dalêm sang prabu | kadya adat wiyosing aji | anêmbah wangsul mêdal | sigra paring dhawuh | marang risang mantrimuka | wus katampèn dhawuh dalêm jêng sang aji | mundur kang cinundaka ||

52. nulya kangjêng radèn adipati | dhawuh mring wadana bêkêl jaba | myang wadana jro bêkêle | sakaronira laju | maratakna dhawuhing aji | kadya kang wus winahya | ing nyai tumênggung | andhêku [a...]

--- 2: 21 ---

[...ndhêku] matur sandika | bêkêl jêro anolih manêngên angling | nglêstantunakên dhawah ||

53. mring wadana caos sigra nuding | marang panèwu kêparak ingkang | caos amajibi gawe | sêrat angêmot dhawuh | kang ijoan wus dèn tulisi | tan dangu sampun dadya | kupi minggah ing buk | buk pèngêtan srimangantya | wus mangkana kangjêng radèn adipati | mundur dènira sowan ||

54. anglut kang sami nèng srimanganti | pra wadana kaliwon mangandhap | bangsal wetan sami dene | pan amung ingkang tungguk | wadana lan mayor satunggil | nora milu bubaran | jro pura winuwus | sri narendra maksih lênggah | ya ta wau wanci jam satêngah kalih | nyai lurah kêparak ||

55. nyai among bujana mangarsi | nêmbah kulanuwun aturira | jrih kula kaabdèkake | nyaoskên aturipun | rayi dalêm sri pramèswari | Jêng Ratu Pakubana | di dalêm tinuduh | dikakakên caos nata | dhahar dalêm kulanuwun sapuniki | sampun rampung sadaya ||

56. manggut paring sasmita wus tampi | nuli mundur ingkang lapur dhahar | sri nata maksih siniwèng | sana parasdya luhung | tan pantara dangu kapyarsi | rêbab ririh rinaras | kawate kinuku | thêng-thêng tinilingkên karna | anututi gêndère gêdhe dèn griming | nuthuk [nuthu...]

--- 2: 22 ---

[...k] nêm lawan jăngga ||

57. wus pakolih saimêt tan silir | gya kinosok mundur lêlirihan | sinênggrèng barêng lan gêndèr | gambang myang suling mêlung | munya pathêt manyura ririh | ingarah wor ing raras | lumaris alurus | wiwit wêwilahan têngah | nuli gulu munggah têngah mring nêm cilik | ngêlik anyampar jăngga ||

58. ngalokor mring barang anibani | wilah têngah wangsul maring jăngga | gya barang tiba nêm gêdhe | bali barang lan gulu | nyampar lima têngah mungkasi | sawusira pathêtan | wiraswaranipun | dhèhèm nuli bawa sêkar | kuswaraga tibèng pada munya gêndhing | ladrangan sri kaloka ||

59. sampyêng rêmpêg panabuhe apik | kang miyarsa datan myat pradăngga | kewala mung krasa ngêse | kabèh kalêbèng kalbu | lir angganing toya dèn wori | ing aès sêtrup mawar | trimurti rumangsuk | yakti tan susah winijang | asaling kang adon-adon dadi siji | mung krasa sêgêr sumyah ||

60. mangkono manèh pradăngga muni | lamun runtut larase kêpenak | tinabuh barêng êmbyake | kang gerong suwara rum | mênêng gerong ringgit nyindhèni | ngêlik bablas lir pisah | agadhuwêng gathuk | nglèwèr ngèrèni irama | anglam-lami lêlangên winonging gêndhing | amundhung dukacipta ||

61. sasuwuking pradăngga tumuli | sri narendra malbèng prabayasa | ampilan dalêm andhèrèk |

--- 2: 23 ---

para sumewa mundur | sowang-sowang bubaran mulih | amung ing gêdhong rêksa | sugata puniku | kănca gêdhong kering kanan | maksih pêpak panèwu kalawan mantri | bêkêl jajar kêbayan ||

62. seba byukan sami nambut kardi | olah-olah dhahar dalêm ulam | sate pênthul dhèndhèng age | êmpuk dèn êjur mumut | dènnya karya lagi sathithik | lêladèn dèrèng kathah | ulam ingkang konjuk | puniku kinarya coban | mung minăngka icip-icip bokmanawi | wontên kang kêkirangan ||

63. benjing-enjing olah-olah malih | pisowane bêladhêg rong dina | kang anjênêngi lurahe | wadananira nuju | amajibi tămpa nunggoni | nama Radèn Mas Arya | Wuryaningrat iku | bupati jro gêdhong kanan | kawuwusa anunggil dina puniki | ing bangsal pamagangan ||

64. jêjêl riyêl ingkang nambut kardi | sami ngrukti akarya gunungan | tata nèng pananggap èmpèr | kathahnya kawan likur | kalih wêlas gunungan èstri | anama gêgênderan | myang saradanipun | saking nyi tumênggung wetan | lan gunungan jalêr kalih wêlas iji | nama Gagak Urakan ||

65. puniku paladèn saking nyai | tumênggung ing kilèn kawajiban | parigêl kang nyambut gawe | saking kulinanipun | sabên bakda ping tri sawarsi | ajêg sami anggarap | rong

--- 2: 24 ---

dina sadalu | pêpak isining gunungan | sêga iwak pêpanganan warni-warni | sidêkah danaraja ||

17. Asmaradana

1. wêngine nora winarni | wus prapta ri Salasenjang | nênggih sajroning kadhaton | para sumewa wus pêpak | lir adat sabên dina | nyi tumênggung sarèhipun | kang tampi pêpak sadaya ||

2. samana wau wus wanci | anênggih pukul 11 | wau ta kangjêng sang katong | sasampunira busana | amung ngagêm padinan | lir duk wingi kang winuwus | sabibaring pasewakan ||

3. umiyos lênggah ing kursi | madyaning sana parasdya | samiran parêkan dhèrèk | ngampil dus myang kêcohan mas | lan gêlas pangunjukan | tungkat tamèng sabêt suduk | sami marak nèng paningrat ||

4. ing plataran kang sumiwi | panèwu mantri pêthilan | nunggil lawan panji caos | panèwu mantri ordhênas | punakawan santana | miwah prajurit kang tungguk | mangkono ing sabên dina ||

5. sampeyan dalêm sang aji | ing sajrone maksih lênggah | tansah nguningani bae | sêrat-sêrat palapuran | saking para manggala | ing sasampunipun rampung | jêngkar saking palênggahan ||

6. laju malbèng dalêm puri | tan kantun kang upacara | têdhak ing galdri panêpèn | sri narendra lênggah dhahar | meja mujur mangetan | lênggah kursi majêng ngidul | kering sri

--- 2: 25 ---

narpadayita ||

7. putri dalêm lênggah ngarsi | ingkang sami dèrèng krama | nèng kursi majêng mangalèr | priyantun dalêm sadaya | sêpuh anèm sudhiya | ngladosi kangjêng sang prabu | pangunjukan myang wijikan ||

8. dhêdhaharan warni-warni | ajêng unduring ladosan | sarênti gilir gumantos | sarweca rêsik mirasa | lan adining panata | nora pinanjang ing atur | baya wus sami graita ||

9. kalamun dhahar sang aji | jam 1/2 3 siyang | manawi dalu wancine | kèndèl ing jam 12 | wau sampun winarna | cêcawisan dalêm prabu | mirasa rêsik sarweca ||

10. ewadene jêng narpati | katon yèn dhahar prasasat | mung kinarya tulak luwe | nora ngêmatakên dhahar | tan ngugung rajah tamah | mangkono manèh yèn ngunjuk | sanggya cinêcêp kewala ||

11. mung minăngka tămba salit | tan milala mring dhaharan | nora sês nora anggantèn | siyang dalu dadya kadya | amanggung tapabrata | amêmêkak hawa napsu | sarira dalêm rinêksa ||

12. miwah èsthining panggalih | olah waspada prayitna | yatna mring Hyang Maha Manon | anon kang murba misesa | sèsining alam akbar | pambabare tan kaliru | lirih pamusthining dwistha ||

13. pasthi angèsthi ri ratri | rahajèng praja mandhala | sumawana saisine | nanging tansah sinasaban | bratane sri narendra | datan [da...]

--- 2: 26 ---

[...tan] kawistarèng sêmu | sinamun sinamudana ||

14. marma arang kang udani | kajaba wong wicaksana | iku kang wruh lêlèjême | ginagas rinasa-rasa | katon nèng tingal driya | dene carike sumurup | nora saka wicaksana ||

15. saking kulina sumiwi | angadhêp kangjêng sri nata | nênitèni kaanane | pramila ing sawatara | bisa ngandhar carita | carita dalêm sang prabu | sang prabu kaping 10 ||

16. wau ta sampun dumugi | sri narendra dènnya dhahar | jumênêng têdhak mangilèn | kondur marang madusuka | yèku kamar minăngka | panglêrêban dalêm prabu | nêngna ganti kang winarna ||

17. sajêngkar dalêm sang aji | para ingkang kawajiban | rêrêsik jroning kadhaton | dalêm agêng prabayasa | parasdya ing sewaka | para mantri myang panèwu | galadhag sabupatinya ||

18. cikat sami ambikaki | singêping kang saka-saka | katon lis têlon salorok | ukir-ukiran paradan | paningrat andrawina | ing bangsal-bangsal kadhatun | lawan ing nguntarasana ||

19. palataran dèn rêsiki | gumarining ngilak-ilak | sapêthêt tan na rêgêde | jroning pandhapa sewaka | têngah lêrês ing gajah | pantês ginêlaran babut | praptèng èmpèr kang nguntara ||

20. lêrês sangandhaping kili | kang kidul sinung plênggahan | sajuga kapara ngilèn | kursi kina kinasuran | linurup kêsting abang |

--- 2: 27 ---

mangalèr ing ngajêngipun | sawetane maksih godhag ||

21. badhe palênggahan aji | unggyaning dhampar kancana | benjang-enjang panatane | apan malih tinatanan | kursi amung sakawan | prênah sangisoring sunduk | ing kilèn majêng mangetan ||

22. malih tinatanan kursi | soring sunduk ingkang wetan | sadaya majêng mangilèn | ing ngarsa sab kalih nyanga | wingkingnya sinambêtan | lêlajuran jèjèr mujur | kursi 130 ||

23. paningrat lèr dèn tatani | pakêcohan têngah godhag | kiwa têngên thèrèk-thèrèk | paningrat kidul pandhapa | ing sasana sewaka | wus dèn tatani puniku | kagungan dalêm pradăngga ||

24. kilèn Kyai Kadukmanis | têngah longkang limang tindak | wetan dèn tatani manèh | găngsa Kyai Manisrêngga | nunggal Carabalènnya | nama Kyai Sêpêtmadu | Kyai Madupinasthika ||

25. kawuwusa ing sitinggil | bangsal miwah palataran | pan wus dèn rêsiki kabèh | gumrining tanpa kalesa | angrêsêpakên manah | jrambah ing bangsal manguntur | saambane ginêlaran ||

26. ing babut cinorak sari | karuk kincip mèdêm mêkar | mungkur ron anggubêt lunge | jroning bangsal sewayana | sinungan palênggahan | ing sisih wetan sap têlu | salajure ngalih dasa ||

27. dadya suwidak kang kursi | panatane pinaryoga | tan pae kang sisih kulon |

--- 2: 28 ---

sami kalawan kang wetan | kinarya têtimbangan | gunggunge 130[2] | kèhing kursi kang tinata ||

28. mangsuli sajroning puri | ing gêdhong rêksa sugata | ingkang sami nyambut gawe | kănca gêdhong kering kanan | lir wingi olah-olah | dhèndhèng age sate pênthul | ing samangke wêwah kathah ||

29. wus tinata gya lumadi | lumantar ing nyai lurah | kêparak kang ngunjukake | mring kangjêng narpadayita | sigra sami bubaran | pamagangan kang winuwus | pangruktinirèng gunungan ||

30. cacah 24 iji | gunungan jalu wanita | myang saradan anakane | dènnya nata ngupakara | sampun rampung sadaya | ingkang nambut karya mundur | angaso wanci jam 5 ||

31. dene ingkang nora mulih | maksih kantun nèng paseban | iku amung para caos | manggon ing sapangkat-pangkat | nêtêpi kawajiban | jaga rumêksa ing dalu | nganthi karèrèhanira ||

18. Kinanthi

1. ing wanci surya mèh surup | sirêp sorote wus lirip | lumarap salong kalingan | agraning arga Marapi | rupa biru nom akasa | kasaban ima manipis ||

2. candhik ayu riyu-riyu | ênure jênar nyunari | sèsining paramotama | tumama masêmu kuning | kanang kaanan kakênan | angkên dèn siram dus rukmi ||

3. sikara karanèng bayu | bêbayakan kokap kongkih |

--- 2: 29 ---

rêngkah sangsaya ngêramyang | silêm sang kalandaragni | awinda paramosita | Hyang Sitarêsmi kaèksi ||

4. datan kalingan ing lamuk | nèng purwaning widik-widik | sanadyan durung purnama | cahyane mancorong wêning | anêlahi sabuwana | wèh martana maratani ||

5. risang kapraban sitangsu | myang pandam-pandam èlèktris | amadhangi urut marga | rêna kang sami lumaris | raras sumêlange ilang | winilanga wus tanpa wis ||

6. kang lumaku anglur sêlur | dumulur sanadyan ratri | samya nglêmbur nambut karya | mamrih pikangsaling kasil | saangsal-angsal lumayan | nênggih ing dalu puniki ||

7. sitinggil malih winuwus | kang caos tan ana guling | abdi dalêm anggong lurah | bêkêl jajar angusungi | kagungan dalêm pradăngga | pradăngga Munggang kang nami ||

8. Kangjêng Kyai Udanarum | saricikane tan kari | gong agêng kalih pinasang | anama Kyai Kumitir | salore cakêt tinatan | găngsa Kodhokngorèk nunggil ||

9. munggwèng bangsal angun-angun | têngah dèn tatani malih | Kodhokngorèk kadipatyan | kinarya têngara enjing | rampung panata rinêksa | têtêp tan ana kang mulih ||

10. hyang căndra maksih sumunu | munggwèng pracima kaèksi | riyêm-riyêm mriyêmbada | sudama pating karêlip | lir narapraja sumewa | ngabyantara narapati ||

--- 2: 30 ---

11. basănta minăngka Prabu | Trangganane Brêtapati | kumêl kucêm cahya suda | kasor dening sitarêsmi | ujwala angsung arsaya | titi sonya lingsir wêngi ||

12. kapyarsa sata kaluruk | sêsauran lir mêlingi | wus wanci jam papat enjang | sitinggil têngara muni | Kodhokngorèk kadipatyan | saniyagane majibi ||

13. angangkang tinabuh sêru | kadya mungu para guling | ngelingakên yèn paseban | garêbêg Bêsar puniki | mangke kangjêng sri narendra | siniwi munggwèng sitinggil ||

14. sarêng wus jam 5 suwuk | Kodhokngorèke tan muni | tumuli găngsa dèn angkat | mring alun-alun lèr sami | nèng pagongan kadipatyan | pangusunge tan sarênti ||

15. miwah ta pagonganipun | bêkêling pangeran Kêmis | bêkêling pangran ri Soma | pradangganya wus lumadi | myang pagongan kapatihan | pagongane pra bupati ||

16. bupati nayaka wolu | bupati pangrêmbe tuwin | kalang gladhag kadipatyan | pamajêgan myang pulisi | ladosanira pradăngga | tinatèng pagongan sami ||

17. parênca nèng alun-alun | sagolonganira tunggil | èmpèring wisma pagongan | pasebane para mantri | anon-anon kabupatyan | carik jaksa răngga kori ||

18. kêbayan pulisi kumpul | sakanan keringing panti | jèjèr pinanjêran dwaja | anjrah [a...]

--- 2: 31 ---

[...njrah] lir pinancaksuji | tambana gula kalapa | wastra abang lawan putih ||

19. myang pareanom têtunggul | wastrane ijo lan kuning | lir patra lawan kaleyang | kêkondha podhang sup sari | sêsampar rêta lan jênar | daludag ijo lan putih ||

20. pandhan binêthot puniku | bandera wastra tri warni | biru putih dhuwur abang | sami katêmpuh ing angin | sêlap-sêlip kêlap-kêlap | kasilêp uga kaèksi ||

21. imbalan lan umbul-umbul | tumimbul gêtêr kumitir | kantar-kumantar tar-kentar | katêtêr otêr tan sêbit | klebat kumalèbèt kêbat | anggubêt ribut sumribit ||

22. asambêt nyambêt tumêlung | lir ngawe-awe sung wangsit | yèn ta bisa awacana | nabda tumulia prapti | seba ing garêbêg Bêsar | wiyosan gêdhe puniki ||

23. sanadyan padinanipun | tan yogya yèn kêrêp pamit | bêcik ingkang srêgêp seba | sudhiya karsaning gusti | lamun pamêtune timbang | lawan dènnya nambut kardi ||

24. dadi kalal sahing kukum | pinangan saanak rabi | măngka pijêr nora seba | ngenak-enak anèng panti | sayêkti karam pinangan | kêkucah paringing gusti ||

25. têgêse karam wus tamtu | nêmu luput dèn dukani | trakadhang banjur rinucat | saka lêlungguhe nguni | linarangan ing agama | kabèh kang

--- 2: 32 ---

nora prayogi ||

26. nêngêna ing alun-alun | yaktine anunggal wanci | rêpêt-rêpêt saput kisma | carita kinarya gênti | jroning bangsal pamagangan | gunungan dipun usungi ||

27. mêdal srimanganti kidul | malbèng palataran puri | têrus mangalèr lampahnya | srimanganti lor umijil | marang natar kamandhungan | kèndêl tinata sap kalih ||

28. puniku ingkang angusung | bau galadhag winilis | 800 prabot kêmbar | kêthu saruwal kulambi | sèrsi irêng sèrèt abang | mubêng trape lir palisir ||

29. rosa-rosa prigêl mikul | mathokol okol kang sikil | bèkèl mandhukul sawungkal | anyêngkal nikêl mangarsi | pundhake mêsi akiyal | mêrkutuk punuk nglênggirik ||

30. irêng gêsêng kumut-kumut | rambute pating salêdrig | kaku ambêrgadag abang | nyarodog mring kanan kering | labêt nora kambon jungkat | lingsane pating pandhêlis ||

31. barêbêt ambune pênguk | apêg lêdhis nganggo têngik | wangun raup bae ora | ilêre garing nèng pipi | rai rêgêd sajak nglênga | sèthèpe sadhêle sisih ||

32. sêmu wêdi thingak-thinguk | kothong pikire maligi | anyungir ulate kadya | mêntas angombe kênini | nanging sabarang parentah | mung nurut dipun lakoni ||

33. ngetan ngulon ngalor ngidul |

--- 2: 33 ---

saure mung matur inggih | tan pisan duwe suwala | iku bêcike wong tani | janjine wus warêg madhang | têmên wêkêl marang kardi ||

34. wanci jam 1/2 7 | magangan winuwus malih | para prajurit sadaya | jawi lêbêt wus sumiwi | litênan kolonèl lawan | mayor kapitan opisir ||

35. sapangandhap sampun ngumpul | sami manganggo grutêni | tumuli para prawira | malêbèng gêdhong mêndhêti | ing wapênira priyangga | sawusira laju mijil ||

36. antre nèng plataranipun | pamagangan tata baris | prajurit jro munggwèng wetan | dene prajurit inpantri | mapan nèng sakilèn bangsal | kêpung angubêngi panti ||

37. wanci pukul 7 langkung | 35 mênit | Bandara Pangeran Arya | Purbanagara sumiwi | yèku kolonèl kumêndhan | urmat munya tambur musik ||

38. lêlagon winêr lan sêblut | sanggyaning para prajurit | agêng alit sami urmat | ya ta risang lagya prapti | laju mapan jroning bangsal | magangan madyaning panti ||

39. majêng mangalèr tan lungguh | kampuh rèjèng dèn balênggi | kunca anggubêt wangkingan | kaumbar narampat siti | cincingan nugêl turaka | lancingan brit panji-panji ||

40. apantês rasukanipun | atela sangkêlat langking | kur lan bur très renda jênar | sumangsang bintang nèng kering | anganggar sabêt [sa...]

--- 2: 34 ---

[...bêt] larakan | ukêl ingulêsan kêsting ||

41. angagêm makutha biru | wangkingan nama kiyai | singamurti sêlut sotya | litênan kolonèl nami | puniku Radèn Mas Arya | Priyawinata tan têbih ||

42. lan mayor itêndhanipun | panggenanira anunggil | nama Dyan Mas Arya Surya- | winata ingkang nyambêti | mayor musik Dyan Mas Arya | Wiryawinata wêwangi ||

43. acakêt sakeringipun | malih mayor sêtap nami | Radèn Mas Arya Prawira- | winata kalawan malih | Dyan Panji Puspawinata | busananira mèh sami ||

44. kalawan kolonèlipun | risang manggalèng prajurit | litênan kolonèl sarta | mayor intêndhan puniki | tuwin wau mayor sêtap | nênggih kaote winarni ||

45. pucuking kampuh kinêpuh | kuluk kanigara rukmi | puniku wus sami nyêlak | majêng mangilèn pusisi | pra mayor opsirên sêtap | nunggil manggalèng prajurit ||

46. prajurit jêro winuwus | kang dèn arani grutêni | panganggone kabèh kêmbar | bêbêt rèjèng garis miring | ing kanan cincingan wayang | sruwal abang panji-panji ||

47. kulambi lakên winangun | atela langking kinancing | kur têpi bur très ing dhadha | alus naman bênang kuning | opêl lulang sabuk abang | kulukan gilap barêji ||

48. tinitih nyamat estha krun |

--- 2: 35 ---

ngrangkêp sikêp pêdhang karbin | manganan sarempang krêga | lamun kapitan opisir | têpi kur bur trèse renda | ing jaja wijang kinancing ||

49. sabuk cindhe abrit sêpuh | pucuk binara sab kalih | karêga kancana wrêda | larakan pêdhange pèni | tindhihe mayor songkokan | rinêngga balodir kuning ||

50. jayèngastra klambi biru | prawiranom klambi wilis | sabuk kuning bêbêt jamblang | saliyane kabèh sami | kêris warăngka gayaman | dene pra prajurit jawi ||

51. grutênine kang winuwus | manganggo cara Walandi | topi dhêsthar jas calana | sadaya dhêdhasar langking | maskapên dumugi sarsan | sakudêr kuwase sami ||

52. saking bênang kuning alus | sadaya asikêp guwir | lamun para opsir minggah | sêkudêr kuwas myang topi | têpi rinenda kancana | ngathèhpyah sèrêpe kuning ||

53. asta dwi mawi ansêkun | asikêp pêdhang nèng kering | sumawana trunakêmbang | pan ugi cara Walandi | maskapên kopral sarêsan | ondêr opsir-opsir kaptin ||

54. sami sikêp pêdhangipun | winursita saragêni | sangkraknyana lan kanoman | manganggo basahan sami | dodot bathik padhas gêmpal | kulambi sangkêlat abrit ||

55. sikêpan gêdhe puniku | sakuluke lakên abrit | mawi rênggos kering kanan | tumlakup nutupi kuping |

--- 2: 36 ---

kang wuri tibèng gêlungan | yèn jajar calana putih ||

56. têtindhihe mantri sêpuh | calana sangkêlat abrit | sakulambine sikêpan | sikêpan gêdhe dèn burdir | kêbak saambaning janggan | pucuk lêngên mung balênggi ||

57. tumuli pra mayor iku | myang opsirên lêbêt tuwin | mayor opisirên jaba | sadaya sami mangarsi | marang ngarsaning kumêndhan | angadêg jêjêg saluwir ||

58. kang sêpuh ing damêl lapur | matur prikănca prajurit | sadaya wus sowan pêpak | kajawi kang nyuwun pamit | kawula cumadhong dhawah | pangeran kolonèl angling ||

59. tindakna lir adatipun | matur sandika saluwir | gya mundur magita-gita | prapta sangarêping baris | aba sru wêtuning sabda | cêtha kang sami miyarsi ||

60. obah sagung prawiranung | maskapên mijipinilih | sikêp waos lumaksana | ngrumiyini kang nindhihi | mayor Radèn Mas Ariya | Danuwinata tumuli ||

61. wiratamtama sumambung | sikêp karbin mawi musik | tindhih mayor Dyan Mas Arya | Pringgawinata nyambungi | prajurit wira utama | sikêp karbin mawi musik ||

62. mayor dyan mas arya iku | Padmawinata nyambêti | wira prawiranom tansah | sikêp karbin mawi musik | tindhih mayor Dyan Mas Arya | Endrawinata ing wuri ||

63. jayèngastra kang sumambung | sikêp [si...]

--- 2: 37 ---

[...kêp] karbin kang nindhihi | mayore Radèn Mas Arya | Adiwinata tumuli | wira saragêni samya | sikêp guwir tindhih mantri ||

64. prajurit kanoman nyambung | sikêp tamèng towok tuwin | sikêp tamèng sangkraknyana | têtindhihe pangkat mantri | prajurit tarunakêmbang | sikêp pêdhang kang nindhihi ||

65. ritmistêr Radyan Mas Wirun | sadaya sampun umanjing | anèng palataran pura | laju dènnya tata baris | jèjèr-jèjèr lêlajuran | jinêjêr papaning musik ||

66. munggwèng sakiduling panggung | Sănggabuwana tumuli | sawetannya sinambêtan | prajurit mijipinilih | majêng mangidul barisnya | tumuli tamtama tuwin ||

67. wira utama sumambung | prawiranom tata baris | majêng mangilèn sadaya | nêkuk mangilèn nyambungi | iku wira jayèngastra | lan prajurit saragêni ||

68. majêng mangalèr lumajur | nêkuk mangalèr kang baris | kanoman lan sangkraknyana | baris sawetan pandhapi | ing Sasana Andrawina | tarunakêmbang winarni ||

69. tata baris majêng ngidul | kaprênah ngajênging panti | èmpèring nguntarasana | rampung panataning baris | prajurit lêbêt sadaya | tan ana kang nguciwani ||

70. sampun dèn abani maju | opisir kang badhe ngampil | pandhêl sadaya ngalêmpak | nèng wetan malige sami | sigra kumêndhir lajua | ing lampah sami dèn irit ||

71. marang [ma...]

--- 2: 38 ---

[...rang] ing ritmistêripun | prawiranom wus lumaris | sami anyadhong bandera | mangilèn marang pandhapi | langên katong sawusira | pandhêl-pandhêl dèn tampèni ||

72. sadaya tumuli wangsul | marang palataran malih | praptaning wiwara priya | para prajurit kang baris | dèn abani mayorira | ebah badhe angurmati ||

73. musikan munya wihèlmus | kang ngampil pandhêl lumaris | laju marang ngarsanira | risang kumêndhan prajurit | ing wau kang sampun mapan | nèng wetan malige sami ||

74. sapraptanira ngalumpuk | nuli dipun kumêndhiri | sadaya kinèn mapana | mring barisannya pribadi | mijipinilih tamtama | sapiturute kang baris ||

75. lampahe pandhêl puniku | pan mawi dèn iring musik | gêndhing pandhêl marês munya | sadaya para prajurit | ingkang baris palataran | urmat maskapên prèsêntir ||

76. sasampunira dumunung | pandhêl kang sami dèn ampil | mapan priyăngga-priyăngga | munggwèng sangarsaning baris | bandera minăngka dadya | pangayomaning prajurit ||

77. ya ta ligêr bataliyun | inpantri kang maksih kari | anèng natar pamagangan | sadaya wus dèn abani | malbèng palataran pura | musik tambur slomprèt muni ||

78. rame suwarane umyung | ing lampah kang ngrumiyini | wira jayatanantaka | mayore ingkang nindhihi |

--- 2: 39 ---

Radèn Mas Ariya Yuda- | winata nuli prajurit ||

79. jayatêtana sumambung | kang nindhihi mayor nami | iku Radèn Mas Ariya | Arjawinata tumuli | trunasura mayorira | radèn mas arya wêwangi ||

80. Sinduwinata sumundhul | nuli jayasura tindhih | mayornya Radèn Mas Arya | Mangkuwinata tan têbih | wurine suratêtana | mayore ingkang nindhihi ||

81. Radèn Mas Arya sinêbut | Găndawinata nyambungi | pra prajurit jagabraja | kang dadya tindhih wêwangi | mayor Radèn Mas Ariya | Cakrawinata winarni ||

82. kang kasêbut nginggil wau | sadaya asikêp guwir | nuli wira jagasura | sikêp pêdhang kang nindhihi | mayore Radèn Mas Arya | Kusumawinata nami ||

83. sampun prapta ngalun-alun | dènnya tata baris munggwing | sakiduling wringin kêmbar | jayatanantaka tuwin | jayatana trunasura | mangetan arêping baris ||

84. dene jayasura iku | suratêtana lan malih | jagabraja barisira | marêp mangulon nisihi | kiwa têngên sêsiyungan | jagasura dènnya baris ||

85. manggon anèng salèripun | taratag rambat kapering | sathithik rada mangetan | baris sudhiya miranti | mariyêm kinarya urmat | nyambungi pangrêmbe baki ||

86. sikêp tumbak 80 | iku panganggone sami | sarempang mawi cathokan |

--- 2: 40 ---

anganggar lamêng mangering | kulambi abang kuthungan | kuluk putih sèrèt wilis ||

87. bêbêt lurik tuluh watu | ekroh tan pati pinardi | jinggrangan wirone ămba | kombor calanane putih | poking rambut tinangsulan | ana abang putih kuning ||

88. dèn ore rambute mawut | labête tan pinalintir | sumawur lir buntut jaran | sêmu wêdi ngati-ati | ambêngkuk lakune tamban | puniku ingkang nindhihi ||

89. sawiji pangkat panèwu | sêsêbutane ngabèi | Ngabèi Bujaturăngga | sor-soran tri pangkat mantri | Ngabèi Bujaprasita | kalawan malih Ngabèi ||

90. Bujakuda namanipun | katêlune kang nambungi | Ngabèi Kudabaksana | pangirit prajurit baki | dènnya sami lumaksana | rumêksa murih prayogi ||

91. basahan panganggonipun | kulambi calana abrit | mantri kalih anèng ngarsa | wurine prajurit baki | găngsa carabalèn munya | angangkang samargi-margi ||

92. rinêmbat pambêktanipun | saniyagane lumaris | pradăngga tansah tinatap | patut gêndhing pisangbali | rangkêp panabuhe imbal | kêndhang loro gong ngêlèbi ||

93. pakathik baki puniku | ing samangke dènnya baris | manggèn kamandhungan wetan | gangsane tinata munggwing | èmpèr brak pajagènira | jayatanantaka

--- 2: 41 ---

jawi ||

94. ya ta saragêni mêtu | saking pura laju baris | sakidul wringin sêngkêran | angajêngakên sitinggil | kanoman lan sangkragnyana | baris sakilèn pangrawit ||

95. jayèngastra kang sumambung | ugi mêdal saking puri | laju minggah sitibêntar | dènnya tata baris munggwing | kilèn bangsal sewayana | prawiranom gya lumaris ||

96. marang kamandhungan iku | marêp ngetan tata baris | datansah musikanira | tumuli mijipinilih | baris munggwèng kamandhungan | marêp mangulon nisihi ||

97. para prawiranom wau | winarna malih prajurit | tamtama wira utama | rong Kumpêni maksih kari | munggwèng palataran pura | sawusnya urmat prisêntir ||

98. maksih dèn abani laju | sanjata kinèn ngisèni | sawuse rampung sadaya | dènira ngêtêngi karbin | tumuli wira utama | mêdal marang srimanganti ||

99. kalawan musikanipun | sapraptane tata baris | sadaya majêng mangetan | wiratamtama nyambungi | mêdal marang srimangantya | baris nèng wetan nisihi ||

100. musikanira tan kantun | ya ta manggalèng prajurit | litênan kolonèl lawan | mayor itêndhan tan kari | sakapitan opsirira | myang mayor sêtap umiring ||

101. kolonèl kumêndhanipun | puniku sumiwi munggwing | bangsal srimanganti wetan | nuli parentah supadi | opisir itêndhan [itêndha...]

--- 2: 42 ---

[...n] matah | mring ajidan ondêr opsir ||

102. kalawan panylomprètipun | macalangi nèng sitinggil | brajanala kamandhungan | asung sasmita manawi | jêng tuwan residhèn prapta | dumugi ing păncaniti ||

103. rampung ing panatanipun | sanggyaning para prajurit | anêtêpi kawajiban | sêngkut pangangkating kardi | katon tyase girang-girang | kadya tan mêgatruh sami ||

19. Mêgatruh

1. ing sitinggil jroning bangsal angun-angun | pra niyaga kanan kering | basahan kulambinipun | sikêpan gêdhe lakên brit | dêmang lurah sapangisor ||

2. sampun pêpak sudhiya badhe anabuh | pradăngga kang wus cumawis | monggang Kyai Udanarum | miwah Kodhokngorèk nunggil | bangsal balebang ingkang lor ||

3. dèn tatani bangku pangrantunanipun | isi minuman mawarni | pangunjukan dalêm prabu | mangke manawi kundhisi | sapangiringe mirantos ||

4. punakawan drawisana lurahipun | ordhênas ingkang majibi | tinata rampung tinunggu | kang seba ing kori gapit | nèng èmpèr wetan myang kulon ||

5. para mantri panèwu kaliwonipun | pangrêmbe bonong anunggil | ing Simawalèn sadunung | malih bupati pulisi | majêgan lawan kaliwon ||

6. badhe ngiring wêtuning gunungan iku | èmpèr kang nglêbêt winarni | sumewa mantri panèwu |

--- 2: 43 ---

kaliwon miwah bupati | galadhag sami nèng kono ||

7. sabaune kang badhe ngusung ngalumpuk | kori kamandhungan jawi | jajar mantri lan panèwu | panêgar gamêl sumiwi | maderata sisih kulon ||

8. pra prajurit Walandi drahgundêr kumpul | wahmistêr tindhihing baris | grutêni panganggènipun | sikêp pêdhang gendhong krêbin | kori mandhungan kang jêro ||

9. jajar bêkêl lurah mantri myang panèwu | kadipatèn wus sumiwi | sadaya panganggenipun | dodot bathik jamblang sami | kulambi calana ijo ||

10. upacara kadipatèn anom sampun | dèn ampil panèwu mantri | gindês myang ranan ngalumpuk | madyèng bangsal srimanganti | pinggir wadana kaliwon ||

11. kêparak lan gêdhong kanan kering kumpul | karaton gadhing Matawis | kalang juru kuncinipun | pasarean Ngimagiri | miwah kadipatèn anom ||

12. kliwon gamêl kêmasan panandhonipun | kaliwon anggandhèk grêji | kliwon kadipatèn têlu | juru suranata tuwin | dhoktêr mantri anom jêro ||

13. myang panèwu mantri bêkêl jajar kumpul | rèh jêro kabèh sumiwi | anèng srimanganti têpung | urut jèjèr-jèjèr linggih | kêbak lumèbèr mangisor ||

14. kang sumewa nèng păncaniti winuwus | di dalêm golongan jawi |

--- 2: 44 ---

pra kaliwon gawe catur | majêgan galadhag tuwin | kliwon jaba mantri anom ||

15. pra panèwu mantri kabupatèn sèwu | panumping gêdhe myang bumi | rèh jaba wus sami lungguh | lèmèk lampit turut pinggir | marêp ngetan marêp ngulon ||

16. ya ta wau wanci kèndêl pukul 8 | ing kapatihan winarni | pra abdi mantri panèwu | răngga lurah bêkêl tuwin | jajar kabayan non-anon ||

17. sadaya wus pêpak sumewa ngalumpuk | sakèh kang madana sami | patih kapatihan iku | sakêdhik kang sami pamit | pamagangan tuwa anom ||

18. tata seba anèng palataran ngayun | bangsal bale arja tuwin | ing pamedan sapangidul | kêbak kèbêkan priyayi | manganggo grêbêgan mompyor ||

19. myang wadana patih kapatihan iku | nama Radèn Mas Ngabèi | Sasradipura pan sampun | nèng anti[3] sana sumiwi | dèn adhêp ingkang acaos ||

20. sawusira rampung ing panatanipun | kang badhe dhèrèk sumiwi | manggèn ing wuri lan ngayun | sadaya wus dèn dhawuhi | lir adat ayya kaledhon ||

21. myang titihan kreta pameran wus rampung | rinakit kuda Ostrali | kèhnya catur gêdhe dhuwur | cumawis ngarsèng pandhapi | kênèk kusire mirantos ||

22. miyos saking dalêm jêng sang mantringayun | pradăngga munya ngurmati | ngrêrangin [ngrêrangi...]

--- 2: 45 ---

[...n] rarasira rum | praptèng tritis dèn songsongi | laju nitih kreta alon ||

23. obah ngarèp kang jajari wus lumaku | kang anèng ngarsa pribadi | abdi dalêm pra panèwu | lawan mantri jaksa carik | nuli găngsa kalih pangkon ||

24. kang sawiji găngsa kapatihan iku | kang satunggalipun malih | pradăngga kang anèng ngayun | anon-anoning nagari | sadaya rinêmbat ing wong ||

25. kalih pisan mawi niyaga anabuh | munya ing samargi-margi | kanan kering umbul-umbul | kang catur wastra tri warni | kang sakawan pareanom ||

26. 8 pisan pambêktanira pinikul | tumuli ingkang nyambêti | pamagangan jèjèr catur | thèrèk-thèrèk nugêl margi | wurine uga mangkono ||

27. jajar bêkêl lurah mantri myang panèwu | saanon-anone abdi | kapatihan ingkang klanthung | sawurine kang nyambêti | kuda pandêngan marabot ||

28. abah-abah watangan èbèg tan kantun | pantês turangga gêng inggil | ing kiwa têngên kinarung | gamêl panêgar tut wuri | mandhapan lakune alon ||

29. nuli upacara kathahnya kalangkung | ingkang ngampil kalung samir | lan padinan tikêl gulung | lamun sowan Sênèn Kêmis | adat gêrbêgan mangkono ||

30. praptèng Warungpêlêm panganjuring laku | kangjêng sang anindyamantri | maksih nèng plataranipun | titihan lumampah rindhik | wuri kang andhèrèk [a...]

--- 2: 46 ---

[...ndhèrèk] ngrompol ||

31. pra panèwu mantri kapatihan kumpul | myang anon-anon nagari | miwah pulisi sadunung | andhèrèk manggon nèng wuri | tata-tatane wus maton ||

32. kiwa têngên ing lampah dèn urung-urung | bandera wastra tri warni | myang pareanom lumajur | urut satêpining margi | pamanggule rada dhoyong ||

33. gumarêdêg ing ngarsa miwah ing pungkur | pinetunga kang umiring | baya 2000 langkung | laju dènira lumaris | titihan kareta alon ||

34. kênèk kalih ngampingi turangganipun | dènira lumaris prapti | kidul pamedan gya nêkuk | mangetan rawuh ing margi | Warungpêlêm nuli menggok ||

35. ing Pacinan lampahnya têrus mangidul | pêkên Agêng dèn langkungi | wong kang anèng pinggir lurung | andhodhok sami ngurmati | amandêng nganti malongo ||

36. ingkang durung tau wêruh gumun ngungun | pêpatih dalêm sang aji | samono wibawanipun | lamun garêbêg sumiwi | saiba kangjêng sang katong ||

37. mêngko lamun umiyos ing sitiluhur | mangkono osiking ati | lawan nora sah andulu | mring risang lagya luris |[4] Kangjêng Warăngkendra katon ||

38. amangagêm basahan rasukanipun | sikêpan agêng kaburdir | kêbak ing jaja sumunu | angagêm bintang bronsuwik | krun ordhê miwah nasao ||

--- 2: 47 ---

39. ukêl kêling amakutha biru laut | mundri sêsotya rinukmi | ngrawit sêrataning kampuh | udanriris latar putih | babaran gènês anyarong ||

40. dhèmês luwês tapaking canthing nyakênthung | cêtha trusane nibani | mrutu sèwu cêcêg sawut | tembokane tan maringis | birone mèpèt tan nocok ||

41. ya ta wau jajaran kang anèng ngayun | lampah kinèn ngrumiyini | têrus marang alun-alun | dene sang anindyamantri | praptèng karêtêg mangulon ||

42. maksih nitih kareta laju lumêbu | marang palataran ngarsi | ing paresidhenan iku | sanggya pra bupati jawi | kang wus rumiyin nèng kono ||

43. pra nayaka pulisi majêgan dhusun | sarêng wus sami udani | gita mêthuk ingkang rawuh | mandhap saking kreta ririh | ing lampah lajêng kemawon ||

44. malêbêt mring ing galdri sampun atundhuk | jêng tuwan residhèn paring | tabe mring sang mantringayun | sawusnya sigra mratani | têtabean gêntos-gêntos ||

45. marang para tuwan-tuwan kang wus rawuh | munggwèng residhenan sami | yèku pra militèr sagung | pangkat opisirên tuwin | amtênar-amtênar golong ||

46. pra tuwan mardika atminisêtratur | punapadene Jêng Gusti | Mangkunagara wus rawuh | opsirên lesiyun ngiring | pangagêng Tyonghowa mayor ||

47. litnan Cina myang kaptin [ka...]

--- 2: 48 ---

[...ptin] Arab ngalumpuk | sadaya badhe umiring | mring kangjêng tuwan puniku | residhèn malêbèng puri | kunêng gantya kacariyos ||

48. para abdi kapatihan kang nèng ngayun | wus prapta bacira sami | sadaya tinata sampun | pradăngga bandera tuwin | umbul-umbule wus manggon ||

49. winursita ing masjid Gêdhe supênuh | sanggyaning para ngulami | pangagêng radên pangulu | tapsir anom wus sumiwi | majêng mangetan nèng kulon ||

50. têngah lêrês surambi kapering ngidul | satêngêne para kêtip | ngulama pradikan kumpul | jaksa carik răngga kori | kabayan muadin mêrbot ||

51. thèrèk-thèrèk majêng mangetan puniku | dodotan mawi kulambi | sikêpan gêdhe sadarum | sêrbanan sulam myang putih | adu mancung dhuwur megos ||

52. mawi kêthu dèn balodir kaèstha lung | panèwu jaksa lan carik | răngga myang kabayanipun | sadaya kulukan sami | wus sami seba nèng kono ||

53. ing sajrone palataran masjit Agung | pipit pêpêt dening janmi | tanpa sêla ngalun-alun | kajabane pra priyayi | uyêl-uyêlan wong nonton ||

54. warna-warna karêpe ingkang dinulu | ana akêpung nyêdhaki | kagungan dalêm puniku | limang kathahnya kêkalih | nèng wantilan wetan kulon ||

55. sauruting marga-marga anglur

--- 2: 49 ---

sêlur | ngalor ngidul pating sliri | sapiturang wong lumaku | dèn jagani kinon minggir | yèn nora parlu dèn alon ||

56. kamandhungan jaban baris kang andulu | tanpa petung jalu èstri | myang nyonyah-nyonyah nèm sêpuh | Walandi arsa ningali | ya ta mangsuli cariyos ||

57. kangjêng radèn adipati mantringayun | nênggih sampun sawatawis | munggwèng residhenan kumpul | ya ta majêng nyuwun pamit | mring jêng tuwan matur alon ||

58. minta lilah arsa ngrumiyini laku | sowan marang păncaniti | nulya têtabean sampun | kalilan angrumiyini | sang mantrimuka wus bodhol ||

59. pra bupati jawi sadaya tut pungkur | sapraptaning păncaniti | wus lênggah majêng mangidul | salèring bangsal pangrawit | tinon lir tranggana abyor ||

60. panganggone kang sami sowan puniku | jawi lêbêt pra bupati | kaliwon mantri panèwu | kabèh bêbasahan sami | kuluk mathak nyamat katon ||

61. mawi wêdhung bedane lan pra tumênggung | calana cindhe sêkar brit | kaliwon nagari dhusun | clana cindhe cakar abrit | pra panèwu sapangisor ||

62. clana irêng dene ta kulambinipun | sikêpan gêdhe kaburdir | prikănca bawat kuning byur | anon-anon silih-asih | dyan pangulu tapsir anom ||

63. sakarèrèhane nagari myang dhusun |

--- 2: 50 ---

sakèhing para pulisi | ordhênas wadananipun | sapangandhap para carik | puniku sami kemawon ||

64. kulambine kabèh baludir putih byur | ămba ciyuting baludir | pinta-pinta undha-usuk | manut pangkating priyayi | gêdhe cilik luhur asor ||

65. adhêdhasar sangkêlat irêng sadarum | mung kêparak kanan kering | sadaya kulambinipun | lakên abang wangun sami | mangsuli wadana kliwon ||

66. ing nagari lawan dhusun sami kampuh | sêsêratan latar putih | dene mantri lan panèwu | sapangisor latar langking | pra ordhênas sami dodot ||

67. pandêlêgan dene lurahe puniku | bêbêt pandêlêgan sami | anyangkêlit pêdhang suduk | nêngna busananing abdi | sêkar balabak dèn alon ||

20. Balabak

1. nunggil wanci kèndêl jam 8 ginantya | criyose | jroning pura sanggyaning para sumewa | wus andhèr | abdi dalêm gêng alit nèng palataran | sebane ||

2. punakawan marduyatnya kridhardana | kênitèn | punakawan kridhawaya drawisana | lan manèh | mardiwastra mardiwarna lêmbisana | sambunge ||

3. punakawan pudyastana lan sewaka | banjure | lawan malih kamar panêpèn kêmasan | gya manèh | punakawan rêksa sugata betamal | pan ijèh ||

4. kadipatèn langên mangun wiranmadyan | arsane | punakawan panyutra manganggo [mangang...]

--- 2: 51 ---

[...go] kadya | pangantèn | borèh kuning rapèk jingga loka abang | kalèmbrèh ||

5. sruwal panji-panji biru kotang jênar | akalèt | kêmbang batu ijo binara ing bênang | sabuke | bludru wungu kukuh pinati ing timang | èpèke ||

6. wastra biru tibèng cêthik kering kanan | sondhère | jêplakane kêkêmbangan bangun tulak | jêbèbèh | cundhuk kêmbang măncawarna pinusara | lir bukèt ||

7. asêsumping kêmbangan malathi wrêda | rinonce | kêris răngka ladrang ginombyok ing kêmbang | ngalèwèr | gendhong endhong isine panah 10 | cacahe ||

8. tangan ingkang têngên anyangking gandewa | sajake | ing saênggon-ênggon kadya angwibaksa | solahe | wus sudhiya anèng saloring pandhapa | linggihe ||

9. jèjèr-jèjèr salajure tigang dasa | rong ênggèn | dadi kanan kering cacahe 60 | athèrèk | lurah Radèn Ngabèi Atmasiswara | caone ||

10. pra panèwu punakawan lan ajidan | têrbise | sèkrêtaris lawan bêkêl padha seba | lan manèh | pra panèwu mantri kêbon dharat pêpak | sebane ||

11. juru silêm pambêlah lawan majêgan | pangrêmbe | kang pinêthil samya nganggo bêbasahan | gya manèh | banjar andhap kalawija lan mêtêngan | bêbêde ||

12. slobog polèng sabuk [sa...]

--- 2: 52 ---

[...buk] kuning klambi abang | kuluke | mori putih nyamate krêstal sacêngkang | dawane | răngka sungging kadya nyamping Wrêkudara | pulase ||

13. punakawan santana jajar bêkêlnya | lurahe | pra panèwu mantri jajar carik seba | kliwone | nama Radèn Ngabèi Sastradipura | sumiwèng ||

14. pra dènmasan wayah dalêm buyut canggah | gya manèh | santana panji wayah buyut wus pêpak | nunggil gèn | nuli mantri panèwu ordhênas lurah | kliwone ||

15. iku Radèn Ngabèi Mangkudipura | lurahe | ondêr mayor pangagênging maduyatnya | namane | Rahadèn Mas Tumênggung Wiryadiningrat | sowane ||

16. nèng plataran ingkang nunggil riya ngandhap | athèrèk | tan patyadoh angarompol sapanggenan | sebane | para panji wayah buyut anom tuwa | tan pae ||

17. panganggone bêbêdan mawi jêplakan | klambine | lakên irêng sikêpan gêdhe sadaya | bêkêle | nganggar pêdhang suduk ing janggan myang asta | bordire ||

18. kacarita pra pangran putra santana | sowane | lênggah munggwèng èmpèring untarasana | asmane | Kangjêng Pangeran Ariya Prabuningrat | cakête ||

19. Kangjêng Pangran Angabèi ingkang lênggah | lan manèh | Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma | sandhinge | Jêng Pangeran Arya Kusumadiningrat | sambête ||

20. Kangjêng Pangeran Arya [Ar...]

--- 2: 53 ---

[...ya] Purbadiningrat | gya manèh | Kangjêng Pangeran Ariya Cakraningrat | keringe | Jêng Pangeran Arya Kusumadilaga | urute ||

21. Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat | cakête | Kangjêng Pangeran Arya Mlayakusuma | lan manèh | Kangjêng Pangeran Arya Prabumijaya | samangke ||

22. nyuwun pamit nora sowan lagya gêrah | banjure | Kangjêng Pangeran Arya Natadiningrat | sambête | Kangjêng Pangeran Arya Prabuwinata | lan manèh ||

23. Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda | gya manèh | Kangjêng Pangeran Ariya Natapura | lajênge | Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya | wingkinge ||

24. sinambêtan para pangeran santana | namane | dara Pangeran Arya Cakranagara | bênêre | nyuwun pamit lagya gêrah nora sowan | ature ||

25. dara Pangeran Arya Suryaatmaja | tan pae | uga nyuwun pamit nora sowan bakda | sambunge | dara Pangeran Tumênggung Sindurêna | lan manèh ||

26. iku dara Pangeran Arya Mataram | sandhinge | dara Pangran Panji Singasari nama | wingkinge | gya dara Pangeran Răngga Danupaya | wus êntèk ||

27. sinambêtan riya nginggil kang sumewa | namane | iku Radèn Mas Ariya Sumaningrat | lan manèh | nama Radèn Mas Arya Bratadiningrat | pungkase ||

28. para pangran abusana [a...]

--- 2: 54 ---

[...busana] bêbasahan | têmtune | ngumbar kunca mawi anggubêt wangkingan | êpoke | kumalèwèr mring wuri narampit kisma | pucuke ||

29. arasukan sikêpan gêdhe burdiran | dhasare | lakên langking Kangjêng Pangran Prabuningrat | kalihe | kangjêng pangran ngabèi burdiranira | agêdhe ||

30. silih-asih gim mas lawan gim salaka | liyane | para pangran byur kuning kaot wiyarnya | burdire | riya kalih rasukan burdir byur pêthak | kampuhe ||

31. kêkêpuhan pucuk tinêkuk mangarsa | kuluke | biru tuwa kabèh samya nyênyamatan | mancèrèt | pra pangeran biru nom sêkar wewehan | arane ||

32. amangsuli panganggone riya ngandhap | kacèke | uga bêbasahan nanging kuluk mathak | klambine | lakên irêng sikêpan gêdhe burdiran | balênggèn ||

33. mubêng têpung pucuk lêngên myang ing janggan | kinacèk | rada amba gim kêlêm brêji byur jênar | burdire | maksih laju wijiling carita gantya | wuwuse ||

21. Mijil

1. abdi dalêm pra wadana èstri | wetan miwah kulon | nyi tumênggung sakarèrèhane | pangkat kaliwon panèwu mantri | bêkêl miwah miji | kasinomanipun ||

2. para nyai lurah sapanginggil | amanganggo dodot | latar putih yèn tumênggung rèjèng | mawi udhêt saking kêsting

--- 2: 55 ---

abrit | sinjang limar wilis | anyangkêlit wêdhung ||

3. para èstri tan mawi kulambi | gêng alit tuwa nom | gêlung malang ginanjêl ing saye | saye irêng rinangkêpan sari | anggitan malathi | sigra nyi tumênggung ||

4. manjing dalêm prabayasa sami | alinggih wotsinom | nèng jawining kori kamar gêdhe | alon munjuk mring kangjêng sang aji | kula nuwun gusti | abdi dalêm ulun ||

5. nyuwun lilah dalêm jêng narpati | miyosakên waos | salajênge aturira rèntès | wus kalilan kawêdalna sami | sanggya kang dèn ampil | wusnya tampi dhawuh ||

6. malbèng kamar pusaka wotsari | alon laku dhodhok | sampun nyêlak mring patlawongane | waos balandaran Kangjêng Kyai | Agêng Pulanggêni | myang talêmpakipun ||

7. Jêng Ki Agêng Kalanadhah nami | lawan malih towok | Kiyai Narasinga namane | sadaya wus binakta umijil | sapraptaning jawi | ampilan wus mêtu ||

8. saking kamar têngah andalidir | lumintu tan pêdhot | nyai lurah kang amiyosake | sanjatagni kalih Kangjêng Kyai | Lalijiwa tuwin | Guwawijayèku ||

9. sapirantosira atut wuri | lan malih kang miyos | sabêt 8 jêng kyai namane | Rêmêng: Jêpan: Lawang: Pamêgatsih | Rukmakala tuwin | Rukmuka tan kantun ||

10. Kyai Jabardas pracondha [praco...]

--- 2: 56 ---

[...ndha] sami | balongsong mas abyor | tamèng kancana sotya madyane | têpi cinitra modangan ngrawit | paris wêngku rukmi | myang sacêplokipun ||

11. banyak dhalang miwah sawunggaling | manjangan lan babon | liman ardawalika malihe | paksi dewata sadaya rukmi | pakirtyane awig | ngêplêki sawujud ||

12. saking mandrawa sadaya kèksi | lir buron sayêktos | nuli rotan sakawan cacahe | kang minăngka pangajêng têtindhih | rotan iku nami | Kangjêng Kyai Pamuk ||

13. myang jêmparing gandhewa sarakit | pangunjukan gogok | sumbul rukmi kêkalih lan gandhèk | kêndhi pratola bokore rukmi | saking Plembang nguni | wijikan tan kantun ||

14. epok agêng palênggahan lampit | myang Kyai Sarotong | bumbung wadhah sês kancana adèn | kêbut laring manyura sarakit | pagantenan aji | cêpuri mas sêpuh ||

15. sanggya pinatik ing sêsotyadi | kacip cêpuk conthong | têpi têpung sami tinarètès | rêtna kancana wrêda sinangling | nanging dèn sasabi | ing baludru wungu ||

16. pinggir binalodir gim barintik | kêlêm gilap têlon | kinapatan barêji mancèrèt | nylèrèt kênèng ujwalaning rawi | kêcohan tan têbih | kancana tinatu ||

17. agêm dalêm songsong wus cumawis | nèng paningrat ngisor | ing salèring [salèr...]

--- 2: 57 ---

[...ing] sana sewakane | Kyai Guwawijaya kang nami | jawi lêbêt sami | gilap paradan byur ||

18. têpi têpung sêkar sêdhah rukmi | ing mênur ginombyok | dhandhan agêng kancana tunjunge | nyai lurah kêparak kang jagi | iku kang majibi | anongsong sang prabu ||

19. palênggahan dalêm dhampar rukmi | wus tinata manggon | nèng sasana sewaka lêrêse | soring kili kang kidul rêspati | dhampar nama Kyai | Jêng Maesadanu ||

20. palênggahan kang anèng sitinggil | dhampar gadhing miyos | Kyai Maesanêmpuh namane | manggèn nèng bangsal manguntur tangkil | wau dhampar kalih | rinêngga ngênguwung ||

21. alêlèmèk kasuran cinuki | baludru wungu nom | binalodir rong têbah ambane | kêmput têmu gêlang pinalisir | lung-lungan rinukmi | mubêng kêmbang suruh ||

22. sanggya upacara kang kaampil | kapraboning katong | lamun linajêngna cariyose | baya kurang căndra luwih warni | rancaganing nguni | sakèh adi luhung ||

23. nyai lurah pasindhèn tumuli | sakancane wadon | aparigêl sami miyosake | êgong nyai sêkar dlima tuwin | sisihe kiyai | gêrah kapat iku ||

24. sagayore pinikul parèstri | ginotong rinoyong | nora pae lawan panonthonge | Kyai Antisraya Kyai Anti- | sraba [sra...]

--- 2: 58 ---

[...ba] anisihi | rong rakit pinikul ||

25. dèn singêbi ing sangkêlat abrit | kyai gong tan katon | linuruban kurasi gayore | sinampiran anggitan malathi | sêling sêkar gambir | cêpaka lan mênur ||

26. kanan kering mawi dèn jagèni | pra wadon ngarompol | ingkang mikul katon mèyèk-mèyèk | cagak gayor rong rakit tan kari | nèng ngarsa myang wuri | kutuge kumêlun ||

27. tuwin malih kang sarêng lumaris | lan kyai gong golong | munggwèng wuri tan têbih lampahe | kêndhang nama Kyai Mèyèkmimis | binêkta umijil | nèng pundhak pinanggul ||

28. sapraptane kori srimanganti | ginantos pra anggong | kang ambêkta wus tampèn-tinampèn | nuli laju dènira lumaris | lir pambêktèng èstri | urut-urutipun ||

29. sadaya wus prapta ing sitinggil | gya tinata alon | nunggil lawan găngsa Kodhokngorèk | kang wus tinata duk wau latri | pinarnahkên munggwing | bangsal angun-angun ||

30. nyai lurah sakancane èstri | wangsul mring kadhaton | nunggal lawan nyai lurah kabèh | angarompol nèng paningrat sami | tansah kalung samir | ya ta kang winuwus ||

31. jroning dalêm prabayasa rêsik | dhuwur miwah ngisor | gumarining tan ana rêgêde | kabèh cêtha katingal maligi | rêrênggan sri adi | wèh ascaryèng

--- 2: 59 ---

kayun ||

32. ing kajogan ing jarambah nginggil | marmêre sumorot | gilap kongsi gilar-gilar lir we | saking tansah ginosok ing kamli | nadyan rêsik maksih | ginêlaran babut ||

33. alus tilase tinulis sari | ngarompol ron ijo | wijang kêmbang abang myang kuning nèm | wungu mêngês-mêngês mardapa jring | mêkar mèdêm kincip | karuk lir satuhu ||

34. sinêbaran ing sêkar sayêkti | campur-bawur awor | ukup lisah jêbadan pangantèn | wrata kukusing ratus binasmi | sumyah marang dhiri | ngingsêp gănda arum ||

35. ruming pura wus sami sumiwi | pramèswari katong | lênggah munggwèng ngajêng kamar gêdhe | Kangjêng Ratu Madurêtna tuwin | para narpasiwi | putri wayah buyut ||

36. sami marak ing jêng sriyodati | malih kacariyos | pra priyantun dalêm sêpuh anèm | angladosi ing kangjêng narpati | badhaya sarimpi | manggung myang kêtanggung ||

37. jaka palara-lara utawi | êmban ngarêp amor | lawan êmban kondhang panggonane | para nini parêkan lan cèthi | sampun pêpak sami | abusana luhung ||

38. gusti-gusti para luhur putri | akampuhan sembong | acêconthok singsêt udhêt cindhe | ngumbar kunca winiru sumampir | ing widhangan kèksi | pucuk tibèng pungkur ||

39. nyamping sinongkèt ing bênang rukmi | limar polos [polo...]

--- 2: 60 ---

[...s] solok | gunung guntur pandhansurat cindhe | sarêm sawuku tluki cawêni | ana dhasar wilis | abang biru wungu ||

40. ngagêm seredan tiba ing wuri | ngêndharah mangisor | sêngkang tronyok tongkengan myang bèjèn | sêkar tanjung sêling mirah pèni | lan panunggul siji | barliyan winangun ||

41. abumbungan kancana sinangling | êndhog mimi wêngkon | pan rinaja wrêdi sasêlane | dhasar jadham biru wilis langking | kang keswa pinardi | ukêl agêng alus ||

42. angêkahi lêlungsèn tumali | mangisor pinaro | nora botsih atimbang gêdhene | banguntulak puspita mêlathi | kang mèdêm dèn anggit | ambawang sabungkul ||

43. sasêlane ukêl kanan kering | binukèt sêkar ron | para gusti ngagêm susuk kondhe | kancana sinotya ngrajapèni | sêsupe rong rakit | bandhilan myang tajug ||

44. gunung sapikul lan silih-asih | rujakwuni têlon | olan-olan ing pathak pêthite | myang maripat tinitih sotyadi | lus-lusan lan sisik | êmbanan mas sêpuh ||

45. nora winijang sawiji-wiji | garêban kemawon | pra gusti putri pangagêmane | manut kaanane agêng alit | asor luhur pasthi | nganggo undha-usuk ||

46. putra timur myang kang dèrèng krami | binggêl mas suwaos | winangun ing naga raja jèjèr | asangsangan tumanggaling [tu...]

--- 2: 61 ---

[...manggaling] sasi | tinrètès rêtnadi | prabane sumunu ||

47. lir sudama tanpa aling-aling | katonton mancorong | dene para abdi dalêm kabèh | pra wanita kampuhane sami | dhapur sampur ringgit | sinjange tan jumbuh ||

48. warna-warna ana ingkang bathik | latar putih mompyor | ana sinjang latar irêng bae | nêngna critane putri abdyèstri | nyi tumênggung lirih | ngabyantara prabu ||

49. timbalan dalêm kinon dhawuhi | mring wadana loro | nimbali kangjêng tuwan residhèn | wusnya tampi dhawuh gya umijil | prapta srimanganti | timbalan sang prabu ||

50. dhinawuhkên mring wadana kalih | sandika gya bodhol | mangkat marang residhenan age | bupati kêparak kang lumaris | gêdhong kang nisihi | sinome winangun ||

22. Sinom

1. ya ta wau kawuwusa | sampeyan dalêm sang aji | wus purna dènnya busana | munggwèng kamar agêng wingit | ingkang sami ngladosi | priyantun dalêm nèm sêpuh | dhêrêg marak sadaya | sudhiya karsaning gusti | sawusira nuli miyos sri narendra ||

2. ebah para ruming pura | andhêku mastutyèng aji | lampah dalêm alon lêlah | rawuh sangajênging kori | gya lênggah sawatawis | lèmèk kasur bludru wungu | tinêpi ing renda mas | alêmês mêmês cinuki | lênggah dalêm sang prabu majêng mangetan ||

--- 2: 62 ---

3. busana kaprabon nata | akampuh sêratan ngrawit | găndasuli latar seta | balumbangan plangi wilis | alus palênik guning | seta rêta biru wungu | pidakan nrampat kisma | tumangkêping pada kering | kanan nancut ngencong cincingan sacêngkang ||

4. samparan winingkis minggah | rinèh pusara ningsêti | grêbong kandhêm tundha tiga | ing ngisor dhasar linungsir | amungsêr watês wêntis | pantês wuri adu mancung | kêncêng kunca kaumbar | mêkrok balênggi nèng kering | angêndharah ingkang kalangsrah saasta ||

5. apaningsêt ukup moga | gubêg pungkase sumuri | tuntung dwi numpang pok kunca | gathuk cinathokan mathis | palmur winêngku rukmi | sinotya surya mabangun | clana cindhe puspita | dhêdhasar wungu kêmrunggi | pungkas ingkang calana têpi sêsotya ||

6. sêpatu baludru krêsna | alancap jinjing tarincing | poslèt byur sela barleyan | lumayan êmbanan rukmi | kadya timang ngêkahi | rasukan krêsna baludru | sikêpan agêng lugas | kinancing barleyan wêning | tiga wêlas gêngnya sawohing widara ||

7. jaja wijang pinasangan | bintang tinata rêspati | kumandhur ordhê Nèdêrlan | oranyê nasao Bèlgi | krun ordhê lan bronsuwik | proisên mingkaèl luhung | Kamboja dhubêlên dhrag | ordhê pran yosèp dhin krèis | bintang surya wasesa kasenapatyan ||

--- 2: 63 ---

8. Pakubuwanan kapisan | marêskalêg Dhandhlês pèni | ing jro rasukan kêmejan | rinumpi ing sutra putih | rangkêpan tan kaèksi | nutupi pita kumandhur | sarempang ngawêng ngiwa | sungsun tri pitaning grutkris | dhubêlên dhrag krun ordhê-ordhê Kamboja ||

9. tinumpangan sangsangan mas | katri tatrape ngêtrêpi | tapsirih pusarèng bintang | krèising grut opsir Bèlgi | mingkaèl lan bronsuwik | rante rêrentengan turut | amirit krun karajan | sinaroja sastra latin | lumuntane sambêt-sinambêt rumambat ||

10. kiswa alus pinusara | têtamparan songa langking | pinalintir gilig rata | winangun ing ukêl kêling | liniling tan ngalingi | ngaluwêng ngawêng ngênguwung | sêrat jêram saajar | têngah pinati paniti | dhapur paksi lir ambèbèr lar mutyara ||

11. maripat mirah malerah | sirahe manglung mangering | cucuk anggondhol sêsotya | tan pêthil akonthal-kanthil | susuk kêkalih sami | pênyu istha ula dumung | netra rêtna kinêmbar | bujăngga janggane kadi | mulêt kêkêt mikêkahi palintiran ||

12. sêmang sêmune rumêksa | ayya onya angêndhoni | pindha angêsuk tan sêsak | garêndhèl tètèsing warih | tumancêp kanan kering | barleyan agêng mucuk bung | mligi tanpa êmbanan | racak rinonce [ri...]

--- 2: 64 ---

[...nonce] kinunci | kêncêng minggah saya agêng kang sêsotya ||

13. ing nginggil panunggulira | gêngnya saklungsu pêsagi | mancorong nèng wingking karna | lir sudama panjêr enjing | naleram balêrêngi | apantês panunggul biru | tipis sêkar wewehan | wangkingan dalêm sang aji | nama Kangjêng Kiyai Agêng Balabar ||

14. kang kaagêm sri narendra | Prabu Amangkurat nguni | angadoni Jayèngyuda | mangrurah ing satru sakti | Trunajaya linuwih | kapisanan duk sinuduk | kêcrus plas jiwa sirna | datan mawi minta warih | raga losoh lir kuluban bayêm raja ||

15. ngagêm supe rêtna gêngnya | sami wohing anggur putih | dhapur bandhilan kolong mas | mungwèng panuduh myang jênthik | kanan kering rong rakit | kalima suweda madu | supe sotyaning ngampal | iku caritane nguni | agêmira satriya ing Madukara ||

16. Risang Arya Dananjaya | paringe Hyang Otipati | lumantar Sang Hyang Naradha | tinuding tumurun maring | marcapada supadi | maringna singsim puniku | wusana anèng marga | kapanggih Sang Palgunadi | pan kinira kang praptarya Dananjaya ||

17. sukèng tyas Sang Hyang Naradha | saking mandrawa sêsanti | kulup age marenea | wus cêlak gapyuk kinêmpit | kinudang mandana sih | adhuh babo wong abagus | têka kapasang yogya | sira

--- 2: 65 ---

katêmu lan mami | wruhanira praptèng sun iki dinuta ||

18. ing Sang Hyang Jagad Pratingkah | sira ingkang dèn paringi | kalpika sotyaning ngampal | mara tampanana kaki | sihing dewa linuwih | katrima pudyastutimu | sang antuk sabdotama | gupuh dènira nampèni | mangênjali kamantyan nuwun turira ||

19. dèn aras liningga murda | kagêm nèng sweda panuding | Hyang Kanekaputra suka | latah-latah ngandika ris | putuku wong asigid | mêrak-ati bagus alus | sêmu ruruh jênthara | marma Hyang Guru dahat sih | marang sira kulup Arya Dananjaya ||

20. matur ingkang sinung sabda | dhuh-dhuh pukulun dewadi | jêng paduka kasamaran | mring titah ulun puniki | kula pun Palgunadi | Sang Hyang Naradha anjumbul | miyarsa aturira | dadi dudu Si Prêmadi | gèdhèg-gèdhèg ya jagad dewa bathara ||

21. ingsun kang kurang waspada | hèh wruhanta Palgunadi | sira nora pinaringan | sotyaning ngampal puniki | tuhune kang antuk sih | Janaka atmajèng Pandhu | marma enggal aturna | samêngko sun pundhut bali | bakal ingsun lungake kang wajib tămpa ||

22. ya iku Si Dananjaya | ature Sang Palgunadi | pukulun ulun tan wignya | ngaturakên wangsul singsim | sanadyan praptèng lalis | ajur mumur dados glêpung | wit dene lêpat kula | pukulun kirang sêtiti | kula

--- 2: 66 ---

mopo kalamun kinon ngaturna ||

23. rêngu Hyang Kanekaputra | pangandikanira wêngis | dadi nora awèh sira | kalpika sun pundhut bali | matur sarwi ningali | inggih makatên pukulun | krodha Sang Hyang Naradha | kumêjot padoning lathi | sigra nyêlak sêsupe arsa rinêbat ||

24. Prabu Palgunadi oncat | lumajêng dipun tututi | pan ginayuh-gayuh tuna | cinandhak-candhak nginggati | akêsit kadya thathit | lunyu lir wêlut nèng kêdhung | wêgah Sang Hyang Naradha | nuli minta sraya maring | Sang Arjuna enggale sampun karêbat ||

25. sêsupe sotyaning ngampal | wus kadarbe Dyan Pamadi | tumurun dadya pusaka | pinundhi para narpati | trah Dananjaya sami | ingkang mêngkoni kaprabun | nganti prapta nagara | ing Surakarta lêstari | maksih kagêm kadya ingkang winursita ||

26. carita busanèng nata | kapêlantrang dèn sêlani | sêsorah sotyaning ngampal | supe agêming narpati | sarèhne wus tinulis | eman-eman yèn ginêmpur | carike mintaksama | mring sang bèrbudi marta sih | amangsuli wau kangjêng sri narendra ||

27. miyos saking prabayasa | sanggyaning para sumiwi | ingkang anèng dhatulaya | sadaya sami ngurmati | obah dènira linggih | mastuti miyat sang prabu | andhodhok ngapurancang | para prajurit prèsêntir | ingkang [ing...]

--- 2: 67 ---

[...kang] jaga myang prajurit trunakêmbang ||

28. sêtrik orkès munya urmat | lagu wihèlmis ngrêrangin | bêbarungan lan pradăngga | Kyai Kadukmanis muni | srikaton dèn sindhèni | suwara ririh raras rum | Kiyai Manisrêngga | munya gêndhing gonjang-ganjing | swara umyung yèn tinilingakên wijang ||

29. sri narendra sampun lênggah | pantês munggwèng dhampar rukmi | ajibêg upacarendra | sadaya ingkang ngurmati | wus wangsul sami linggih | orkès myang pradăngga suwuk | sri nata katingalan | yayah Hyang Diwangkarenjing | pocung mungup arsa madhangi bawana ||

23. Pocung

1. nêngna wau lênggah dalêm sang aprabu | gantya winursita | lampahing cundaka kalih | wadananing gêdhong kalawan kêparak ||

2. kang dèn utus marang residhenan wau | Radèn Mas Ariya | Jayaningrat kang nisihi | nama Radèn Tumênggung Jayanagara ||

3. kalihipun prapta palataran mudhun | saka ing kareta | laju minggah mring purgaldri | kangjêng tuwan katon jumênêng nèng têngah ||

4. duta sampun nyêlak sami urmat manthuk | wadana kêparak | umatur lamun tinuding | ngaturakên tabe dalêm sri narendra ||

5. tabenipun kangjêng pramèswari prabu | ingkang tabe para | riya rayi dalêm tuwin | putra-putri dalêm sadaya katura ||

6. atur laju dene kaping kalihipun | paduka jêng tuwan | ingaturan [inga...]

--- 2: 68 ---

[...turan] manjing puri | paring urmat prayogi wangsulanira ||

7. aturipun dutèku cara Malayu | sawusira urmat | gya wangsul mring srimanganti | kawuwusa saungkurirèng dutendra ||

8. wanci pukul 9 kangjêng tuwan laju | anitih kareta | militèr kumêndhan nunggil | kreta nama Kiyai Rêtnapahargya ||

9. kapalipun Ostrali ulêsnya dhawuk | sakawan lir kêmbar | kusir nami Tuwan Sêmit | prabot kênèk lan kusir mantering krêsna ||

10. kreta iku pêthukan saka kadhatun | ya ta kangjêng tuwan | wus têdhak lumaris aris | nuli Kangjêng Gusti Pangeran Dipatya ||

11. Arya Mangkunagara sawingkingipun | gumarêdêg kathah | anitih kareta sami | para tuwan kang wus anèng residhenan ||

12. anglur sêlur lampahing kreta mangidul | kèbêkan ing marga | urut dènira lumaris | kangjêng tuwan residhèn kang munggwèng ngarsa ||

13. rawuh ngalun-alun madya ringin kurung | găngsa samya munya | prajurit prèsêntir guwir | tambur miwah salomprèt munya sarêngan ||

14. musikipun alagu winir lan sêblut | rame suwaranya | ngurmati risang lumaris | sampun rawuh sajroning taratag rambat ||

15. munya sêru salomprèt pacalangipun | nuli tinampanan | slomprèt pacalang kang munggwing | kamandhungan suwara praptèng jro pura ||

16. kang rumuhun kangjêng tuwan wus tumurun | saking [sa...]

--- 2: 69 ---

[...king] jro wimana | para tuwan sampun nunggil | ing jêng tuwan residhèn nuli lumampah ||

17. munggwèng pungkur ingkang anongsongi iku | jajaring kêparak | pêthukan saking jro puri | ing samarga datan kasorot ing surya ||

18. dhèrèk laju sanggyaning kang atut pungkur | dènnya lumaksana | anglangkungi ing sitinggil | wirajayèngastra kang baris gya urmat ||

19. sawusipun kapungkur tumuli mêdhun | mring taratag rambat | sakilèn bangsal pangrawit | kang lumampah samarga-marga kaargya ||

20. sampun rawuh ing srimanganti pinêthuk | pra pangeran putra | pangran santana tan kari | Jêng Pangeran Prabuningrat têtabean ||

21. nora kantun jêng pangran ngabèi tundhuk | ugi têtabean | sawusnya laju lumaris | sadayane lumêbêt mring dhatulaya ||

22. prawira nung tamtama laju lumaku | mêdal kamandhungan | têrus minggah mring sitinggil | baris marêp mangidul anèng lor wetan ||

23. wingkingipun pakathik baki tumuntur | tata barisira | margi sakidul sitinggil | wetan kulon jèjèr angalangi marga ||

24. ya ta wau jêng tuwan lampahnya rawuh | palataran pura | sêtrik orkès găngsa muni | angurmati prajurit tarunakêmbang ||

25. lampahipun jêng tuwan residhèn laju | minggah mring paningrat | sampeyan dalêm sang aji | alon linggar saking palênggahan dhampar ||

--- 2: 70 ---

26. majêng sampun jumênêng nèng têpinipun | sasana sewaka | wus cêlak wau sang prapti | têtabean tanggap tumangkêping asta ||

27. sami sêmu sumèh sung pambagya rawuh | risang inujaran | lumayèng sabda martasih | laju kanthèn asta sri nata nèng kanan ||

28. gya mangidul lampah dalêm sang aprabu | tan pisah jêng tuwan | sakalihan wus dumugi | soring kili nulya sami tata lênggah ||

29. ingkang atut wuri para tuwan wau | wusnya têtabean | laju alênggah ing kursi | munggwèng wetan Jêng Gusti Mangkunagara ||

30. salèripun kang cakèt lênggah puniku | militèr kumêndhan | nuli ingkang anyambêti | pra asistèn residhèn ing Surakarta ||

31. malihipun pra presidhèn landrat kumpul | anyambêti tuwan | sèkrêtaris myang kontrolir | lawan tuwan juru basa nora têbah ||

32. wingkingipun para tuwan-tuwan sagung | opsirên wus lênggah | myang opsirên legyun tunggil | pra atminisêtratur miwah mardika ||

33. lênggah kumpul kapala Arab wus lungguh | lawan mayor Cina | tata atap munggwèng kursi | thèrèk-thèrèk majêng mangilèn sadaya ||

34. soring sunduk ing têmbing kilên puniku | kursi majêng ngetan | sakawan wus dèn lênggahi | pra pangeran sadhèrèk dalêm kang wrêda ||

35. dene iku para rayi dalêm prabu | pangran narpatmaja | myang santana riya nginggil | sumewa nèng jrambah ing sana sewaka ||

36. wus [wu...]

--- 2: 71 ---

[...s] dumunung tata palênggahanipun | ya ta pra sumewa | kang nèng palataran puri | bodhol mêdal tata anjajari ngarsa ||

37. tanpa uwus pra punakawan kang mêtu | myang ordhênas lurah | kaliwon miwah bupati | panji wayah panji buyut riya ngandhap ||

38. sami mêtu anèng palataranipun | srimanganti tata | sumêla para prajurit | trunakêmbang dèn kumandhiri lumampah ||

39. slomprèt tambur tansah munya iku laju | marang sitibêntar | sapraptane tata baris | mujur ngetan sakidul bangsal witana ||

40. kang lumaku pra abdi dalêm lumintu | lir ilining toya | umili saking jro puri | yèn pinetung baya 7000 ana ||

41. malah langkung agêng alit asor luhur | bra busananira | tata-tata anjajari | miwah ingkang anggarêbyêg anèng wuntat ||

42. pra tumênggung rèh jêro sakliwonipun | sadaya samêkta | tuwin manggalèng prajurit | dara Pangeran Arya Purbanagara ||

43. datan kantun litênan kolonèlipun | miwah mayor sêtap | itêndhan opsirên sami | nèng nataring srimanganti lir asmara ||

24. Asmaradana

1. ya ta wau pra prajurit | wira utama barisnya | duk wau wontên ing kilèn | samangkya mingsêr mangetan | maksih nèng srimangantya | pandhêl salomprèt myang tambur | tan pisah musikanira ||

--- 2: 72 ---

2. malih jajaran winarni | pra punakawan panyutra | wus sudhiya anèng kono | srimanganti tanpa sêla | miwah ing kamandhungan | ing kiwa têngên panurung | panurung ing kadipatyan ||

3. malih panurung pinilih | pra jajar singanagara | martalulut sisihane | angampil waos sadaya | tan ana kang kuciwa | parigêl amandhi lawung | lawung binalongsong ing mas ||

4. lumaksana têngah margi | ampilan ing kadipatyan | golongan jaba myang jêro | sadaya wus sami mapan | angadêg têngah marga | ngalang marga jèjèr catur | tansah kalung samirira ||

5. pareanom ijo kuning | samya ngampil upacara | sabêt mas nênêm kathahe | jêng kiyai panji nama | jabardas lan amparan | Dhandhêlês sarawinahyu | jangkêp nêm paksi nugraha ||

6. rotan kèhnya kawan iji | garan kancana sinotya | waos blandaran namane | Kangjêng Kyai Sêkarteja | tlêmpak Sagarawedang | towok Kyai Trantangbagus | limpung Kyai Butaslewah ||

7. liman kancana kêkalih | myang sata mas sakêmbaran | lar munga rukmi lan manèh | tamèng winêngku cêplok mas | kalih gandhewa panah | sapitan sap asta sumbul | kêcohan alit kancana ||

8. kêbut lar badhak kêkalih | epok agêng myang gêndhaga | kobokan [koboka...]

--- 2: 73 ---

[...n] bokor mas gêdhe | kalawan kothak makutha | sanjata sakêmbaran | Kyai Kencakarupèku | lawan Kyai Rupakenca ||

9. krêga pirantining bêdhil | lan gulungan pasarean | ngampil songsong gilap loro | kang satunggal songsong limrah | lan songsong sungsun tiga | tundha gêng alit mandhuwur | katri pisan sami mêgar ||

10. sagunging kang sami ngampil | tarampil katon ing solah | noraga lêlah lakune | ingkang nèng wingking ampilan | kaliwon kadipatyan | kalawan bupatinipun | anama Radèn Mas Arya ||

11. Puspadiningrat nindhihi | dene wadana kêparak | kliwon panèwu mantrine | kliwon gandhèk kering kanan | lan sapanêkarira | wadana kalang tan kantun | karaton gadhing Mataram ||

12. kaliwon carik lan grêji | gamêl myang kaliwon kalang | dhoktêr tuwin mantri anom | nunggil dènira sumewa | lan wadana kêparak | sami nèng samadyanipun | jroning bangsal sewayana ||

13. malih pra panèwu mantri | gêdhong kering gêdhong kanan | kalang panèwu mantrine | sudhiya nèng kamandhungan | dene wadananira | kalawan kaliwonipun | kèndêl anèng maderata ||

14. panèwu gêdhong kêkalih | sajajarira ambêkta | gantèn wangi sawadhahe | ngêtuk arane punika | sadaya lumaksana |

--- 2: 74 ---

alon-alon tan kasusu | myat ing ngarsa nut ling wuntat ||

15. abdi dalêm kang jajari | wiwit srimanganti prapta | ing kamandhungan mangalèr | kori brajanala kêbak | kèbêkan kawulendra | golongan jêro ngalumpuk | gêng alit kalangkung kathah ||

16. samya ngrasuk busanadi | sakadare pinaryoga | jungkat bêbêt sabuk èpèk | kêrise warăngka ladrang | wênèh răngka gayaman | sumalêmpit samiripun | gombyok mote sănga renda ||

17. iku panganggoning abdi | abdi dalêm punakawan | kang wus winarna namane | panganjurirèng jajaran | wus kathah ingkang prapta | anèng sitiinggil lungguh | mapan ing sapangkat-pangkat ||

18. nêngna kang samyanjajari | kocapa kangjêng sri nata | lan kangjêng tuwan residhèn | miwah sagung para tuwan | maksih lênggah pandhapa | nuli ladosan mangayun | gantèn wangi binèri mas ||

19. sawusnya kangjêng narpati | kangjêng tuwan linadosan | myang kang lênggah sadayane | ingkang karsa sami ngalap | sawusira mangkana | wau ta kangjêng sang prabu | nolih mangering sasmita ||

20. tumuli jumênêng ririh | laju tindak kanthèn asta | lawan jêng tuwan residhèn | munggyèng kanan sri narendra | ing kering kangjêng tuwan | ingkang lênggah atut pungkur | găngsa orkès samya munya ||

21. ngurmati wiyosing [wi...]

--- 2: 75 ---

[...yosing] aji | rawuh têpining paningrat | songsong sampun dèn garake | Kiyai Guwawijaya | nyai lurah kêparak | sakawan nunggil nèng pungkur | panongsongira gêntosan ||

22. saking gêngnya songsong aji | gilap prabane gumêbyar | sinêkar sêdhah têpine | ingkang nongsong kangjêng tuwan | pan uga nyai lurah | radi alit songsongipun | lugas tan mawi rinêngga ||

23. kang cakêt kananiraji | priyantun dalêm Rahadyan | Pradaparukmi asmane | abusana sarwa endah | pantês ngampil kêcohan | kancana wrêda tinatu | sinêling-sêling sanglingan ||

24. tinarètès sêsotyadi | jumêrut mirah dalima | cahyane mancur mancorong | kunca dalêm kang ngêndharah | kaampil wanitendah | wayah pulunan sang prabu | Radèn Ajêng Suratinah ||

25. malih kang cakêt ing ngarsi | Jêng Pangeran Prabuningrat | jêng pangran bèi keringe | nuli pra pangeran putra | kang anèm anèng ngarsa | mangwuri sangsaya sêpuh | sangarsane narpaputra ||

26. araras lumaris aris | ingkang ngampil upacara | upacaraning kaprabon | lumajur jèjèr nyakawan | rampak gêng inggilira | ingkang dèn ampil puniku | pusaka pêpundhèn kina ||

27. banyak dhala[5] sawunggaling | kidangmas ardawalika | sumbul lan Kyai Sarotong | liman mas [ma...]

--- 2: 76 ---

[...s] paksi dewata | kang wus winarnèng ngarsa | kang ngampil kaprabon prabu | sêsêngkêraning puraya ||

28. priyantun badhaya srimpi | puniku sampun diwasa | nyambungi ngarsa lampahe | badhaya sarimpi ingkang | alit-alit nêmbêlas | maksih asêsinjang pinjung | wijang anjajari ngarsa ||

29. sadaya katon rêspati | anom karêngga busana | dhasar sulistya warnane | yayah apswari kaswargan | turun mring marcapada | mahargya kangjêng sang prabu | miyos marang sitibêntar ||

30. ngajênging badhaya srimpi | palênggahan dalêm dhampar | pinanggul kiwa têngêne | ingkang bêkta nyai lurah | ngarsane pra pangeran | santana myang riya dhuwur | ing lampah nora kasêsa ||

31. sawingking dalêm sang aji | ugi taksih upacara | tan têbih jêng kyai waos | towok talêmpak blandaran | rêbah pangampilira | kang ngampil nyai tumênggung | dene liyane punika ||

32. pra nyai lurah kang ngampil | bêkêl èstri sapangandhap | gêndhaga sabêt myang tamèng | kadya kang wus winursita | duk wau wêdalira | ampilan dalêm sang prabu | saking jroning prabayasa ||

33. wurine kang ngampil-ampil | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Mangkunagara cakête | tuwin militèr kumêndhan | asistèn residhènnya | presidhèn landrad tan kantun | miwah sagung tuwan-tuwan ||

34. rawuh kori srimanganti | musikan [musika...]

--- 2: 77 ---

[...n] munya gêndhingnya | wihèlmis sarêng urmate | prajurit wira utama | kinêncêng adêgira | gya prèsêntir karbinipun | pandhêl tumêlung mangiwa ||

35. mayor kapitan opisir | urmat pêdhange mangandhap | tinêmbang tambur sulinge | sigra kolonèl kumêndhan | jajari anèng ngarsa | tan têbih panggenanipun | nèng kanan dalêm sang nata ||

36. litnan kolonèl nisihi | nèng kering uga tan têbah | mayor sêtap itêndhane | rawuh kori kamandhungan | orêg kang samya urmat | gêdhe cilik asor luhur | samyandhodhok ngapurancang ||

37. musikanirèng prajurit | mijipinilih kalawan | pra prajurit prawiranom | urmat lir wira utama | wadana gêdhong kiwa | myang têngên sakliwonipun | sampun sami atut wuntat ||

38. kang kiwa ana ing kering | kang têngên ana ing kanan | kapering wuri lakune | sajrone ing kamandhungan | wong miyat rêbut ngarsa | nora nganggo singgan-singgun | suk-sukan jalu wanita ||

39. dêrênging tyas anyêlaki | upama nora jinaga | dening jagawèsthi agèn | baya ta ambyuk sadaya | jalwèstri kang umiyat | miyate mung kudu maju | namatakên sri narendra ||

40. tuhu lamun anglam-lami | wiyos dalêm garêbêgan | gumêlar katon mulyane | Naranata

--- 2: 78 ---

Surakarta | musthikaning rat Jawa | kanugrahanira agung | mukti wibawaning nata ||

41. lir lêluhurirèng nguni | batharendra nganglang jagad | para jawata andhèrèk | kawaca bra măncawarna | wastra kang endah-endah | sêsotya kancana luhung | mêpêki kang sarayodha ||

42. ayun mêmayu ngêyomi | mangayam rahayuning rat | wrata bawa lêksanane | nênangi tyasing asudra | kèdêran paramarta | martabat tata lês tulus | atilas tulus sarkara ||

25. Dhandhanggula

1. abdi dalêm kang jajari prapti | ing sitinggil sami mapan marang | pasebane dhewe-dhewe | wetan kulon lor kidul | kaèbêkan para sumiwi | bupatining ordhênas | riya ngandhap kumpul | kliwon ordhênas kêmasan | lan panandhon juru suranata tuwin | pangrêmbe bonong nunggal ||

2. nèng sakilèning manguntur tangkil | wau ampilan ing kadipatyan | bupati sakaliwone | seba wetan manguntur | kidul wetan panèwu mantri | panêgar gamêl cêlak | panji wayah buyut | wingking ampilan pangeran | kilèn bangsal witana panèwu mantri | karaton lan kêmasan ||

3. nandhon juru suranata niti | sakilène bangsal sewayana | para panèwu mantrine | ordhênas lurahipun | wetan sewayana pra carik | panèwu mantri jajar | sumewa

--- 2: 79 ---

nèng ngriku | kajaba kang wus winarna | maksih kathah kang sumewa nèng sitinggil | prasasat tanpa sêla ||

4. ngarsa wuri lungguh adu wêntis | ngarompol lir rondhoning mandera | ngrêmbaka ijo godhonge | ngrêmpoyok riyu-riyu | ayom ayêm kaleyang kuning | kênèng maruta tan wal | pang bakah wit bakuh | nyrêkakah kaberan toya | toya marta martana dana umili | milala sri narendra ||

5. apan sampun rawuh ing sitinggil | musik munya pra prajurit urmat | kang seba obah linggihe | sarêngan sadaya wus | ngapurancang ing sêmu sami | jrih asih tan lênggana | ing karsa sang prabu | riya lan para pangeran | wus anisih mangetan dènnya lumaris | natar ing sitibêntar ||

6. priyantun dalêm badhaya srimpi | sampun minggah mring bangsal witana | praptèng lèr nisih mangilèn | laju kangjêng sang prabu | lawan kangjêng tuwan lumaris | datansah kanthèn asta | wau kang tut pungkur | nyi tumênggung nyai lurah | sapangandhap ingkang sami ngampil-ampil | sami andhèrèk minggah ||

7. anèng pêngkêran dalêm sang aji | Jêng Gusti Arya Mangkunagara | myang pra tuwan sadayane | mangalèr lampahipun | sawetaning witana sami | mring bangsal sewayana | malih kang nèng pungkur | prajurit wira utama | mring sitinggil nèng lor kulon pacak baris | sami marêp duksina ||

--- 2: 80 ---

8. amangsuli para tuwan tuwin | narpaputra dèrèng sami lênggah | nanging wus mapan prênahe | sang prabu sampun rawuh | jroning bangsal manguntur tangkil | jumênêng ngajêng dhampar | myang jêng tuwan wau | sri nata nolih mangetan | asta dalêm ngasta sap asta sutra di | kumlawe sung sasmita ||

9. mring dêmang pangêcèt kalih nami | Rekapamarna Warnapangreka | nuwun sandika ature | anêmbah sigra mundur | andhawuhkên timbalan aji | marang para niyaga | jro bangsal ngun-angun | kagungan dalêm pradăngga | monggang Kyai Udanarum kinèn muni | sigra tinabuh ngangkang ||

10. jumalêgur gong Kyai Kumitir | swara sora angalun samodra | tan pae lan sisihane | kadya Bima gumuyu | rêricikan kaleban sami | karasa rarasira | angumandhang landhung | lir muluk mring ngantariksa | sri narendra aparing sasmita malih | marang wadananira ||

11. gêdhong kanan miwah gêdhong kering | kang wus marêg nèng wetaning bangsal | tampi sasmita kalihe | wotsari sarèh munjuk | nuwun inggih sandika aglis | lumèngsèr lumaksana | angênêr mangidul | praptèng kori rêntêng sigra | andhawuhkên mring kaliwon gêdhong kalih | ngêdalakên gunungan ||

12. angirida lir adat mring masjit | nuli mantri kabayan anata | ingkang jajari parêdèn | mantri lawan [la...]

--- 2: 81 ---

[...wan] panèwu | kalang gêdhong ing kanan kering | tundha sapangkat-pangkat | wau ta sang prabu | wus lênggah ing dhampar dênta | munggwèng madyaning bangsal manguntur tangkil | nèng kering kangjêng tuwan ||

13. lênggah kursi linurup sutra brit | sumawana sagung para tuwan | wus lênggah ing kursi thèrèk | Kangjêng Pangeran Prabu- | ningrat ugi wus lênggah kursi | mangalèr sinambêtan | para raka prabu | sawingkingnya para tuwan | ingkang kilèn Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara ||

14. salèrira cakêt anyambêti | tuwan militèr kumêndhan lawan | jêng tuwan asistèn resdhèn | ing sapiturutipun | tuwan sèkrêtaris kontrolir | myang tuwan juru basa | ing sadayanipun | wus sami lênggah sakeca | dene para pangeran putra myang rayi | pangran santana riya ||

15. sami nèng ngandhap dènnya sumiwi | ngarsa dalêm kapering ing kanan | pangeran kolonèl kilèn | litnan kolonèlipun | mayor sêtap itêndhan tunggil | sadaya kang sumewa | gêng alit tumungkul | marikêlu lir konjêma | ing pratala sakarda trêsna jrih asih | ring sang musthikaning rat ||

16. yatna sagung kang sami sumiwi | lamun kaleberan kawibawan | ambadhêdhêg gêdhe tyase | sagunung Mahamèru | suka sokur tinitah dadi | wrahatbalanira sang | kalipatulahu | siniwi ing sitibêntar | maksih munya

--- 2: 82 ---

pradăngga monggang mêwahi | asrining pasewakan ||

17. ya ta wau gunungan lumaris | nèng sakilèning bangsal witana | kang lumaku ngarêp dhewe | iku kaliwonipun | gêdhong kanan myang gêdhong kering | Radèn Ngabèi Marta- | dipura ranipun | kang têngên nama Rahadyan | Angabèi Purbadipura nisihi | jèjèr lakune tamban ||

18. wurinira pra panèwu mantri | gêdhong kering kanan lawan kalang | anjajari salajure | lajêre jèjèr catur | catur kaping tri dasa kalih | gunggung kang anèng ngarsa | 128 | lakune anut irama | iramaning pradăngga monggang kang muni | sabên gong pada kanan ||

19. pan mangkana dènira lumaris | sawurine jajaran gunungan | wadon lan sêsaradane | nuli gunungan jalu | sêlang-sêling lakune rindhik | kang mikul tan rêkasa | saking kèhing bau | sabên gunungan saprangkat | kanan keringira mawi dèn jagani | panèwu mantri gladhag ||

20. kang angirit sakancane prapti | ngarsa dalêm salèr sewayana | nulya andhadhap lakune | mêndhak dhêngkul tinêkuk | boyok mayuk dhoyong mangarsi | manglung lungayanira | sirahe tumungkul | sikut kanan kering mêgar | tangan kalih tumumpang wêntis kang nginggil | lir baksa kang noraga ||

21. tibaning pada maksih lêstari | anyarêngi iramaning monggang | kabèh mangkono solahe |

--- 2: 83 ---

ingkang jajari iku | tan prabeda ngarsa myang wuri | yèku minăngka tăndha | kaurmatanipun | mring kangjêng sri naranata | lagya miyos katon ngalela pribadi | tuhu musthikèng jana ||

22. sajroning lênggah dalêm puniki | panèwu ro gêdhong kering kanan | mring ngarsendra ngunjukake | gantèn wangi angêtuk | kang sajuga angampil bèri | sajuga ngampil kênap | lurub bludru wungu | têpi renda sêkar sêdhah | ajêngira panèwu kêkalih ugi | anut iramèng monggang ||

23. mundhak mêndhak pandhadhape mundhi | mindha mandhung ing pangampilira | lirih tumapak padane | tèplêg amayug-mayug | kiwa kênong têngên gong muni | prapta undhak-undhaka- | ning bangsal manguntur | sinèlèhkên ampilannya | ngarsa dalêm kapering ngilèn sakêdhik | kang ngampil iku nama ||

24. Dyan Bèi Sutadipraja tuwin | Radèn Mas Ngabèi Padmapraja | wus mundur wangsul critane | gunungan kang lumaku | rantap-rantap asri kaèksi | sajrone lumaksana | Kyai Udanarum | pradăngga monggang angangkang | kang jajari wus mudhun saking sitinggil | anjog ing tratag rambat ||

25. prapta lêrêse sang nindyamantri | andhadhap malih ingkang lumampah | amung sawatara dohe | jajaranira laju | myang gunungan kabèh tut wuri | salikur kang

--- 2: 84 ---

wus mandhap | tri dèrèng tumurun | maksih sami lumaksana | nèng sitinggil wau ta kangjêng narpati | malih paring sasmita ||

26. mring wau dêmang pangêcèt kalih | anyuwuka monggang sinalinan | ngunèkêna Kodhokngorèk | wus munya nganyut-anyut | giranging tyas ingkang miyarsi | bêbêg kèbêkan bungah | lir pangantèn têmu | wau lampahing gunungan | kang pungkasan wus mudhun saking sitinggil | kang ngiring anèng wuntat ||

27. bupati majêgan lan pulisi | wadana galadhag sakliwonnya | puniku laju lampahe | marang ing masjid Agung | malih ingkang ngiring nèng wuri | wadana gêdhong kiwa | têngên nora laju | prapta ngarsa sewayana | sami sowan ngabyantara nunggil linggih | lan wadana kêparak ||

28. amangsuli kang sami jajari | myang kang ngiring gunungan wus prapta | palataran masjid Gêdhe | parêdèn tinata wus | tharik-tharik ing kanan kering | sasisih kalih wêlas | sêling èstri jalu | bau ngaso nora lunga | ingkang ngiring laju malêbèng surambi | dene jajaranira ||

29. kaliwon panèwu lawan mantri | gêdhong kalang sami lumaksana | ing sapiturang kang kilèn | wangsul mring sitiluhur | kidul wetan dènnya sumiwi | nunggil gamêl panêgar | anèng ngisor jambu | sawetan bangsal witana | kawuwusa Kangjêng Risa inastuti | sri nata kang sinewa ||

26. Sinom

1. wênang lamun [la...]

--- 2: 85 ---

[...mun] ingucapna | titahing Hyang Maha Luwih | kang kungkulan ing akasa | kang kasăngga ing pratiwi | siyang kasorot rawi | ratri kapraban sitangsu | jroning pulo Indhiya | baya tan ana kêkalih | lir nagara Surakarta Adiningrat ||

2. samangkya tata raharja | gêmah ripah loh jinawi | têlênging karaton Jawa | sampeyan dalêm sang aji | sadubudya martasih | sitamardawèng tyas putus | pantês tan ana wingwang | sinawang dera siniwi | nèng sitinggil lir jawata ngejawantah ||

3. ya ta sawataranira | pangunjukan kang mangarsi | gêlas sarakit tutup mas | panadhahan bèri rukmi | wus sami dèn isèni | minuman madherah wungu | nalika lumaksana | ajune dipun songsongi | songsong kuning saking ing bangsal balebang ||

4. tut wuri pangiringira | kongsi pirang-pirang bèri | uga wus isi madherah | kang ngladèni urut boncis | iku ingkang angampil | pangunjukan dalêm prabu | lêlurah ing ordhênas | Wlandi Tuwan A. W. Purtir | wingking kănca sewaka cara Walănda ||

5. sapraptanirèng ngarsendra | nuli ingaturkên aglis | gêlas pan sampun ingasta | ingkang satunggil lumadi | kangjêng tuwan wus ngambil | ngêntosi sarampungipun | waradining ladosan | mring kang sami lênggah kursi | saha marang pra pangeran narpatmaja ||

6. sasampunira warata | sami ngasta gêlas isi | mawas nilingkên [niling...]

--- 2: 86 ---

[...kên] pamyarsa | jêng tuwan residhèn nuli | mahya sabda kundhisi | asantak cêtha rinungu | slamêt garêbêg Bêsar | anolih manganan ririh | sasmita mring sang prabu ngunjuk sarêngan ||

7. nujwèng paningal mangandhap | kang lênggah kanan myang kering | wus ingunjuk kang minuman | sigra musikan ngurmati | winir lan sêblut gêndhing | mayoring tamtama gupuh | nabda kumêndhir bantas | maskapên gya pasang karbin | wus sinêntil munya drèl ambatarêbah ||

8. prajurit wira utama | tumêmên laju nimbangi | munya drèl kadya tamtama | kulon wetan gênti-gênti | tamtama munya ping tri | wira utama ping têlu | dadya nigang rambahan | ing alun-alun winarni | wira jagasura nyumêt kalantaka ||

9. munya rambah kaping 9 | gar gêr gumalêgêr kadi | alun gung anêmpuh parang | tumundha wuri nyambungi | kukus mulêg ngalingi | wau ta kangjêng sang prabu | asta dalêm sasmita | nyuwuk Kodhokngorèk muni | tur sandika pradăngga wus nora munya ||

10. ya ta sri nata ngandika | arum raras ris rêspati | wuryanta bocah wadana | sira waraha dèn aglis | Sasradiningrat Patih | konên marang masjid iku | dongakna slamêt ingwang | manawa wis didongani | ajat ingsun kon bage ingkang warata ||

11. kang tampi dhawuh wadana | kêparak ing kanan kering | unjuke

--- 2: 87 ---

nuwun sandika | mangastuti mundur saking | ngabyantarèng narpati | kaliwon gandhèk kang nyumbul | duta catur andhadhap | parigêl nyolahkên dhiri | sarêng prapta sajawining sewayana ||

12. lakune bambang-bambangan | anyiku bujasta kering | suweda miwir samparan | bau kang têngên kaèksi | lembehan lir pinardi | sarêng tumindak ing suku | ing sêmu kawistara | ngêmbêng pêpingitan wingit | ngèngêt-èngêt dhawuh timbalaning nata ||

13. sinamun sumèh sumringah | sapraptaning păncaniti | nèng ngarsaning mantrimuka | doh cêdhake winatawis | angadêg jêjêg sami | tandya nabda uluk-uluk | Radèn Dipati Sasra- | diningrat timbalan aji | kang liningan ênggèh wêwangsulanira ||

14. ngêtrap tata parikrama | duta myang sang nindyamantri | jêng-ajêngan ngapurancang | nulya andhawuhkên aglis | Rahadèn Adipati | Sasradiningrat puniku | pakênira atămpa | timbalan dalêm sang aji | dhawuh ingkang timbalan dalêm sang nata ||

15. pakênira ing samangkya | dikakake marang masjid | lan sakănca pakênira | wadana kalawan mantri | anon-anone sami | andongakêna sirèku | wilujêng dalêm măngka | yèn sampun dipun dongani | wilujênge [wi...]

--- 2: 88 ---

[...lujênge] panjênêngan dalêm nata ||

16. tumuntên dipun bagea | saabdi dalêm kang wradin | ature sang antuk dhawah | kidang winangsulan titi | lir sabdaning dutaji | wangsulan pungkasing têmbung | pan atur sêmbah kula | nuwun sandika nglampahi | amangsuli ênggèh sang duta wadana ||

17. laju wangsul carakendra | lir wau dènnya lumaris | wuwusên ing sitibêntar | saungkure kang tinuding | minuman majêng malih | lumadi kadi duk wau | sawusira warata | jêng tuwan risdhèn kundhisi | wilujêngnya jêng tuwan guprênur jendral ||

18. wus siyaga musik munya | gêndhing wihèlmis ngurmati | mriyêm ping dwi dasa sapta | dhang-dhêng kadya wrahaspati | wau dutèng narpati | sampun prapta sitiluhur | alon angabyantara | wusnya ngaso sawatawis | nulya munjuk kulanuwun sampun amba ||

19. andhawuhkên sabda nata | dhumatêng di dalêm gusti | Radèn Adipati Sasra- | diningrat dhawuhing aji | salajêngipun sami | lawan ingkang wus kasêbut | purwa madya wusana | katur solahe tinuding | tan adangu tinungka ingkang mangarsa ||

20. dhahar dalêm sri narendra | roti rêrêmikan manis | winadhahan pêthèn krêstal | binèri salaka rêsik | isine warni-warni | sri narendra

--- 2: 89 ---

sampun mundhut | gumanti kangjêng tuwan | linadosan wus angambil | rampung ngarsa dalêm tumuli mangandhap ||

21. sadaya kang sami lênggah | mundhut sasênênging galih | malih inuman mangarsa | jêng tuwan resdhèn kundhisi | apanjang piniyarsi | wilujêng dalêm sang prabu | ing Kangjêng Susuhunan | Pakubuwana Pinuji | Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman ||

22. Sayidin Panatagama | Kaping 10 mandhiri | kumandhuring ordhê bintang | Nèdêrlan sêleyo murni | grut opsir ordhê saking | oranyê nasao mungguh | grut krèising ordhê pan | kunêngklêk Kamboja nagri | grut krèis krun ordhê saking nagri Siyam ||

23. grut opisiring ordhê pan | leyo pol nagari Bèlgi | kalawan ridêr twèdhê klas | mèt dhê sêtèr pan dhê tuwin | ordhê pan sin mingkail | mudraka bèyêrên iku | malih ridêr twèdhê klas | mèt dhê sêtèr ordhê saking | pan dhèn rodhê adhêlar proisên praja ||

24. kumandhur mèt dhê sêtèrnya | ordhê Pran Yosèp Ostênrik | ridêring pan dhèn twèdhê grad | dhèr twèdhê klas pan dhê nênggih | pan dhèn dhublêndhrak tuwin | kumandhur mèt dhêstèripun | saking Indhê ordhê pan | Hèndrik dhê leyo bronsuwik | jendral mayoring wadyabala minulya ||

25. kangjêng sri bagendha maha- | raja putri ing nagari | Nèdêrlan wusanèng sabda | nuli musikan ngurmati | munya gêndhing wihèlmis | kadya

--- 2: 90 ---

mêmudyastawa yu | rahayu ngayubagya | yoga swarane ngrêrangin | rêngên ringan mêmangun manadukara ||

26. mriyêm ping dwi dasa tiga | anggêr jumalêgur kadi | wèh wara-wara warata | ratu musthikaning janmi | kadarmannya mênuhi | kontap kotamaning prabu | mraba prabawa mulya | lyan praja karoban warti | sru kacaryan sami misungsung sung bintang ||

27. kadi ta kang wus winahya | wêdharing kăndha kundhisi | miyarsa para sumewa | ing tyas sanityasa muji | panjanga arjèng aji | ngajap sasêja jinurung | sigra Wlandi ordhênas | ngladosakên gantèn wangi | gya liningkap sasabing bèri binuka ||

28. wus mundhut kangjêng sang nata | mêmangsakan gantèn wangi | nora pae kangjêng tuwan | residhèn mundhut satunggil | mundur ingkang ngladosi | tumuli ginawa mudhun | lumadi mring kang lênggah | waradin ya ta winarni | sri narendra ngandika bocah wadana ||

29. sarupane bocah ingkang | padha anggawa padhai | konên ngunèkake samya | munjuk sandika mastuti | nuli alon anolih | mring kaliwon gandhèk iku | ngling nêdha kadhawuhna | sandika kang tampi tuding | gya lumèngsèr panèwu gandhèk tut wuntat ||

30. sapraptanirèng bacira | nèng madya pinêthuk dening | kliwon patih kapatihan | iku

--- 2: 91 ---

Radèn Mas Ngabèi | Sasradipura tampi | sasmita wiyosing dhawuh | nulya sakèh pradăngga | kang nèng alun-alun sami | munya umyung rêbut cengkok wilêt raras ||

31. swara lir canthoka sasra | arsaya kinêmbong warih | kadrêsan wrêsti măngsastha | kaliwon cundakèng aji | wus wangsul mring sitinggil | malih minuman mangayun | sawusira warata | sampeyan dalêm kundhisi | wahyèng sabda wijang tètèh titih tata ||

32. angandika wilujêngnya | kangjêng tuwan G. F. pan Wik | kumandhur indhê ordhê pan | Hèndrik dhê leyo bronsuwik | resdhèn Surakartadi | jêng tuwan manganan manthuk | tanggap nata maluya | gita musikan ngurmati | munya gêndhing winêr lan sêblut araras ||

33. mriyêm munya ping 11 | gumalêgêr gêgêtêri | was kuwatir maras-maras | miris giris kang miyarsi | jalwèstri agêng alit | alit tyase yèn karungu | unining kalantaka | jumêglug anotog galih | lilih emut bilih glêgêring suwara ||

34. dudu gêlaring ayuda | kang ngrabasèng satru sêkti | nanging iku kaurmatan | garêbêg Bêsar sang aji | siniwèng santanabdi | ngudanakên arum-arum | rumasuk ing jiwangga | ayêm têntrêm para dasih | tansah sinung sênêng dening dana marta ||

35. ya ta wira trunakêmbang | ngrumiyini marang puri | sumawana pra sumewa |

--- 2: 92 ---

kang darbe wajib jajari | wus mundur tata malih | kadya duk miyos sang prabu | pra prajurit tamtama | wus sami dèn kumêndhiri | obah nuli mangkat ngrumiyini lampah ||

36. lampahe kadya ambêksa | dhuwur panjunjunging sikil | kicat sumêblak mangarsa | ginantung ing sawatawis | tumapak anyarêngi | iramèng suling myang tambur | kalamun junjung kiwa | badane dhoyong mangering | sawatara yèn kering dhoyong manganan ||

37. solahing lampah alêlah | tamtama katon rêspati | parigêl igêling raga | saking kulina nglakoni | iku batuwah saking | nguni-uni para ratu | duk alam Dêmak Pajang | Mataram myang Kartawani | prapta mangke lêstari solah mangkana ||

38. ingkang lumampah nèng ngarsa | mayore tansah nyêlaki | kapitan ngampil sêtandar | dènira lumaris prapti | sakanan dalêm aji | cikat pandhêle tumiyung | calorot kongsi klangsrah | wastrane narampat siti | suprandene maksih raras angwiraga ||

39. tindhihing ngarêpkên marang | maskapên dèn kumêndhiri | jrone padha lumaksana | ngurmati kangjêng sang aji | sami prèsêntir karbin | sasampunipun kapungkur | lêrêsing palênggahan | pandhêl wus tan nrampat siti | wangsul jêjêg pangampilirèng sêtandar ||

40. iku prajurit tamtama | kori brajanala prapti | santun lampah rêrikatan | manut musik kang nèng ngarsi |

--- 2: 93 ---

munya samargi-margi | têrètètèt tèdhung tèdhung | prapta ing palataran | srimanganti tata baris | marêp ngulon tinon kadya maskumambang ||

27. Maskumambang

1. kamandhungan prajurit mijipinilih | prawiranom samya | panggêdhene ngumêndhiri | ana bêbarisanira ||

2. jawi kori brajanala kanan kering | durung ana owah | para pakathik ing baki | barise amêpêt marga ||

3. ing sitinggil kathah longe kang sumiwi | umandhap sudhiya | tata-tata anjajari | ampilan ing kadipatyan ||

4. wus lumèngsèr saking dènira sumiwi | wadana kliwonnya | tan kari milu lumaris | sigra nyi lurah kêparak ||

5. ngêgarakên agêm dalêm songsong munggwing | tritising witana | kang kidul wetan rumanti | songsongira kangjêng tuwan ||

6. abdi dalêm wanita kang ngampil-ampil | wingking palênggahan | sadaya sampun sumisih | mangilèn jroning witana ||

7. priyantun dalêm badhaya myang sarimpi | samêkta sudhiya | tata anjajari malih | ya ta kangjêng sri narendra ||

8. sung sasmita sumèh ing sêmu nanggapi | kapadhaning karsa | ririh jumênêng sang aji | saking padmadirgasana ||

9. kangjêng tuwan residhèn alon anganthi | ing kangjêng sri nata | jêngkar dènira siniwi | mangkyarsa andhatulaya ||

10. musik urmat gêndhing wihèlmis lir muji | raharjaning praja | kumêndhir prèsêntir

--- 2: 94 ---

karbin | prajurit wira utama ||

11. ingkang ngampil pandhêl cikat angurmati | tumêlung mangandhap | sabêling mayor nututi | tambur suling sami munya ||

12. ingkang samya sumewa lênggah ing kursi | jumênêng sadaya | kang lênggah ngandhap mastuti | angurmati ngapurancang ||

13. sawusira kapêngkêr nulya tut wuri | sami mêdal ngandhap | sawetan manguntur tangkil | sanggyaning kang para tuwan ||

14. pangeran putra santana riya nginggil | ing alampah sigra | mangarsa samya jajari | sang prabu sampun umandhap ||

15. saking jroning bangsal witana lumaris | asri sinongsongan | jêng tuwan residhèn nganthi | ugi mawi sinongsongan ||

16. wingking dalêm cakêt ingkang ngampil-ampil | nyi tumênggung sarta | nyai lurah kalung samir | sapangandhap pra wanita ||

17. nèng ngiringan dalêm kapara ing wuri | wadana kêparak | kiwa têngên gêdhong gadhing | Mataram karaton kalang ||

18. sadayèku sakliwone nora kari | myang kliwon wadana | gandhèk kêmasan garêji | panandhon gamêl panêgar ||

19. pandhèrèke nèng wetan prikănca kering | kulon kănca kiwa | pinaro dènnya lumaris | kiwa têngêning ampilan ||

20. sawingkinge cakêt ampilan puniki | ingkang lumaksana | Jêng Gusti Pangran Dipati | Ariya Mangkunagara ||

21. lawan tuwan-tuwan anunggil [anung...]

--- 2: 95 ---

[...gil] lumaris |[6] ing ngarsa jajaran | kadya duk miyos sang aji | tata tatane tan owah ||

22. ing samarga-marga tansah dèn urmati | kori brajanala | kamandhungan srimanganti | salomprèt tambur musikan ||

23. rame umyung wimbuh swaraning kumêndhir | abantas ngumandhang | para prajurit prèsêntir | dragundêr sadaya urmat ||

24. lampah dalêm rawuh kori srimanganti | palataran pura | aris lumaris umanjing | pandhapa sana sewaka ||

25. sri narendra wus lênggah ing dhampar rukmi | tansah kangjêng tuwan | tuwin tuwan-tuwan sami | para jêng pangeran wrêda ||

26. sampun tata andhèrèk lênggah ing kursi | pra pangeran putra | santana myang riya nginggil | tata sowan nèng jarambah ||

27. paningrat lèr majêng mangidul sumiwi | Pangeran Ariya | Purbanagara lan malih | pra bupati jro sadaya ||

28. myang litênan kolonèl nunggil sumiwi | lan mayor itêndhan | mayor sêtap mayor musik | tata miturut sapangkat ||

29. abdi dalêm kaliwon jêro sumiwi | anèng palataran | linggih sangisoring tritis | tritis paningrat ngutara ||

30. wetan kulon lor kidul nataring puri | sabên papan kêbak | kèbêkan ing para dasih | gêng alit tata sumewa ||

31. nalikane lagya rawuh jêng sang aji | munggwèng pra sadarga | sêtrik orkès ingkang sami | nèng sasana andrawina ||

--- 2: 96 ---

32. angurmati munya lêlagon wihèlmis | pinyarsa sakeca | sarêngan pradăngga muni | Kyai Madu Pinasthika ||

33. yèku Carabalèn gêndhing Pisangbali | Kyai Manisrêngga | munya gêndhing sobah ngrangin | suwuk sawusira lênggah ||

34. tan pantara dangu paladèn mangarsi | saking kridhawaya | pangunjukan dalêm cangkir | dwi wedang tèh sucong bămpa ||

35. winadhahan ing bèri mas suru alit | wadhah prêsan gula | cangkir pruslin tutup rukmi | ingkang ngampil riya ngandhap ||

36. pangunjukan majêng dèn songsongi kuning | ing lurah ordhênas | panămpa mas atut wuri | sami kalung samir renda ||

37. pangiringe ladosan wedang puniki | kang ngampil mangarsa | panji wayah buyut nunggil | lan punakawan santana ||

38. bèri tuwin sendhok wadhah prêsan gêndhis | salaka sadaya | paradan têpining cangkir | wedang tèh myang bubuk kahwa ||

39. kang ngladèni prapta ngabyantara nganti | timbalan sang nata | paring sasmita mangarsi | wus mundhut cangkir sajuga ||

40. nuli kangjêng tuwan residhèn angambil | lawan para lênggah | ing ngandhap miwah ing kursi | waradin ngunjuk sadaya ||

41. prigêl-prigêl ingkang sami angladosi | rampung mundur samya | sajroning lênggah sang aji | kagungan dalêm pradăngga ||

42. Kadukmanis munya gêndhing Gambirsawit | lir anglela-lela | lulut [lulu...]

--- 2: 97 ---

[...t] wilêt kang nyindhèni | Nyai Lurah Udakara ||

43. swara arum tumalawong gilig bêning | alandhung ngumandhang | tanpa sandhungan yèn ngêlik | cilik mêthit mêthêt driya ||

44. lamun gêdhe tan ngalokor anibani | nyêno kênong barang | kênong têlu nême bêning | gong tiba wilahan lima ||

45. nganyut-anyut prapta limang gongan ngêlik | raras nêm gongira | amung sacengkok gya bali | kadya sakawit rarasnya ||

46. kêndhang munya tong têg tong têg nyasmitani | sêsêg sawatara | sampyêng panabuhe ririh | ngandhêlong irama tamban ||

47. praptaning gong meronge sampun kawuri | samangkya wus munggah | gambirsawit angrêrangin | milangoni piniyarsa ||

48. panabuhe wilêt lulut mulut ati | tètèh titih bantas | tatas kentas tyasing kang tis | gambirsawit gawe girang ||

49. kang alênggah katon pirênaning galih | sasana sarwendah | apik rêsik èdipèni | wimbuh rarasing pradăngga ||

50. sampun angsal nêm gongan sinuwuk ririh | ya ta kangjêng tuwan | residhèn anyuwun pamit | jumurung kangjêng sang nata ||

51. sakalihan tumuli jumênêng sami | saking palênggahan | akanthèn asta lumaris | kang sumewa nèng paningrab[7] ||

52. myang kang anèng palataran andhingini | marang srimangantya | wau ta kangjêng sang aji | rawuh têpining sewaka ||

53. wus tan kanthèn [kanthè...]

--- 2: 98 ---

[...n] jêng tuwan residhèn pamit | rêsêp têtabean | ing sêmu sami trêsnasih | angsung urmat-ingurmatan ||

54. rênèng driya mahya pambagya basuki | nuli kang mangarsa | Jêng Gusti Pangran Dipati | Ariya Mangkunagara ||

55. saha tuwan militèr kumêndhan tuwin | sagung para tuwan | wus sami ngabyantaraji | urmat manggut parikrama ||

56. sawusira mangkana sigra lumaris | rikat atut wuntat | Jêng Tuwan Residhèn pan Wik | mêdal saking dhatulaya ||

57. pra pangeran sadaya sami umiring | musik myang pradăngga | munya ngurmati sang mijil | sarawuhe srimangantya ||

58. dèn urmati prèsêntirirèng prajurit | tamtana kalawan | wira utama myang musik | tambur salomprète munya ||

59. rawuh samadyaning natar srimanganti | kèndêl kangjêng tuwan | residhèn sung tabe maring | wadananing pra santana ||

60. para tuwan ingkang sami atut wuri | sadaya sung urmat | tabe mring kang samya kari | sampun laju lampahira ||

61. pra wadana kaliwon laju sumiwi | anèng srimangantya | para pangeran umanjing | wangsul marang jroning pura ||

62. laju tata alênggah sumewa malih | nèng sana sewaka | sampeyan dalêm sang aji | maksih lênggah munggwèng dhampar ||

63. tan pantara dangu lêbêting prajurit | prawira tamtama | kalawan mijipinilih | nyambungi wira utama ||

64. jayèngastra [ja...]

--- 2: 99 ---

[...yèngastra] prawiranom saragêni | sangkraknyana lawan | kanoman lampahe prapti | anèng palataran pura ||

65. lir duk wau enjing dènnya tata baris | tumuli tinungka | prajurit jaba umanjing | nunggil prajurit jro tata ||

66. nora kari di dalêm pakathik baki | sacarabalènnya | ngalêmpak para prajurit | jawi lêbêt nèng plataran ||

67. wus tinata barise rinangkêp kalih | ya ta sri narendra | jumênêng laju lumaris | kondur malbèng prabayasa ||

68. sagung para putra santana myang abdi | munggwèng palataran | sadaya sami ngurmati | mangastuti ngapurancang ||

69. sumawana sanggyaning para prajurit | prèsêntir sanjata | tambur slomprèt suling musik | pradăngga samya tinatap ||

70. sakalangkung umyung swarane kapyarsi | rame kumarasak | kadya udan sinêmèni | angsung marta ing bawana ||

71. sampun rawuh ing prabayasa tumuli | jêng narpadayita | miwah sanggya ruming puri | ebah sami mangastawa ||

72. wus malêbêt ing kamar agêng sang aji | andhèrèk mring kamar | pramèswari dalêm gusti | Jêng Ratu Pakubuwana ||

73. lawan para priyantun dalêm tan kari | sêpuh anèm marak | sudhiya karsèng narpati | tan ana ingkang kuciwa ||

74. upacara kaprabon ingkang dèn ampil | sampun winaluya | ing sasananira nguni | tan kaliru tatanira ||

--- 2: 100 ---

75. winursita malih kang wontên ing jawi | para jêng pangeran | riya santana lan abdi | agêng alit samya mêdal ||

76. pra prajurit jawi lêbêt wus umijil | marang pamagangan | wangsuling wapên tiniti | mapan mring gyane priyangga ||

77. ingkang anèng jroning bangsal srimanganti | wetan kilèn samya | sadaya para sumiwi | wus bibaran sowang-sowang ||

78. anglur sêlur sarêngan kang sami mulih | lir patra kaleyang | santêr kasêntor ing angin | sumêbut tan tolih wuntat ||

28. Pangkur

1. nêngna sajêroning pura | gantya ingkang winarna amangsuli | duk kangjêng sang mantringayun | maksih nèng pagêlaran | tampi dhawuh kinon marang masjid Agung | saungkurirèng cundaka | nuli samêkta pra dasih ||

2. lir adat tata jajaran | nèng bacira panèwu mantri jawi | miwah pamagangan sagung | abdi ing kapatihan | wus tinata kang anèng ngarsa myang pungkur | sasampunira samêkta | sakèh kang badhe umiring ||

3. anganti tan ana obah | gya jumênêng kangjêng anindyamantri | wadana kaliwonipun | andhèrèk anèng wuntat | ginarêbyêg upacara wuri ngayun | lumaksana sinongsongan | munggwèng lèring păncaniti ||

4. wau risang mantrimuka | sarêng rawuh madyaning mriyêm kalih | agêmnya kunca dinudut | ingkang gubêt wangkingan | katon ngêbyak kang pucuk kaampil sampun | urmat sanggyaning [sang...]

--- 2: 101 ---

[...gyaning] prawira | tambur salomprète muni ||

5. tan wus lamun ingucapna | wau risang arsa marang ing masjid | abayak-bayak kadulu | agêng wibawanira | saking barkah dalêm kang mêngku kaprabun | pêpundhèning nungswa Jawa | akarya sulih kinasih ||

6. ingkang anjajari prapta | palataran ing masjid Gêdhe sami | piyak nganan ngering sampun | wau jêng mantrimuka | ing alampah rawuh kidul ringin kurung | laju amenggok mracima | angênêr gapura masjid ||

7. para bupati nayaka | kang tut wuntat iku golongan jawi | kalawan bupatinipun | pulisi lan majêgan | sakliwonnya sarêng ing lampah wus nêkuk | sami mêgar payungira | saya sêmuwa kaèksi ||

8. anjrah lir sêkar sataman | warna-warna sèrèt parada kuning | irêng putih ijo biru | ya ta jêng mantrimuka | sampun rawuh surambining masjid Agung | rahadèn pangulu lawan | sakancane para kêtib ||

9. ngulama miwah pradikan | sadaya kang wus sami nèng surambi | obah saka dènnya lungguh | umaju sawatara | nulyandhodhok ngapurancang tangan gathuk | andhangak ulat sumringah | tansah dènira ningali ||

10. risang rawuh uluk salam | sinauran ngalaekum salami | swara sarêng gumarumung | laju lumaksananya | rawuh sakaguru lèr kilèn puniku | alon lênggah majêng ngetan | pra bupati kang

--- 2: 102 ---

tut wuri ||

11. kliwon sumêne nèng têngah | samya lungguh ngarompol angêntosi | nulya rahadèn pangulu | umajêng sêsalaman | ngaras asta marang risang lagya rawuh | sawusnya kêtib ngulama | pradikan sami ngabêkti ||

12. mring kangjêng mantri wasesa | tumaruntun ajune gênti-gênti | kang ngarsa wus bali lungguh | ing wingking maksih kathah | ya ta para bupati kaliwon wau | ingkang sami anèng têngah | bêkêling bupati jawi ||

13. angrumiyini mangarsa | wurinira tanpa lêt dèn sambêti | bupati kaliwonipun | urut sêpuh ing pangkat | majêng sêsalaman lan radèn pangulu | lumèrèg salaman marang | lurah kaji myang pra kêtib ||

14. têkêman ngling robana a- | tina piddunya kasanatan wa pil | akerati kasanatun | wakina ngadabanar | sawusira laju mapan sowanipunya |[8] keringnya jêng mantrimuka | agodhag kapara têbih ||

15. mangalèr nêkuk mangetan | gya mangidul urut èmpèring srambi | kidul kaliwon kang lungguh | pra abdi dalêm jimat | ing Nglawiyan Kuthagêdhe kang sumambung | pra panèwu mantri jaba | urut nom tuwaning kardi ||

16. sawusira sami mapan | pra sumewa anèng jroning surambi | anulya ancak umaju | jinèjèr anèng têngah | lawan ancak sudhiyan jêng mantringayun | sapangandhap [sa...]

--- 2: 103 ---

[...pangandhap] wus mangarsa | rampung panataning bukti ||

17. ya ta jêng mantri wasesa | alon mingsêt manganan aningali | ingkang tinujwèng pandulu | tanggap tadhah pamyarsa | wahyèng sabda cêtha rahadèn pangulu | tapsir anom pakênira | donganana ajat aji ||

18. wilujêng dalêm sang nata | lan wilujêng grêbêg Bêsar puniki | sandika sang tampi dhawuh | sigra ngadêg nèng têngah | marêp ngetan sawatara mèncèng ngidul | nulya wiwit donga sada | kalaul ngaliyul ngalim ||

19. sinambungan wa balaga | rasulluhun nabyul kabibul karim | wa nahnu ngala daliku | kaminas saidina | irgamanil jakidin wangakibatu | lil mutakin gya salawat | nêbut Allahuma sali ||

20. sali ngala sayidina | mukamadin wa ngala ali tuwin | sayidina mukamadun | dayidil awalina | wal akirin wa salim radiallahu | tangala ansadatina | lan askabi ajêkmangin ||

21. laju dènira andonga | sinauran sadaya sami amin | ambal-ambalan gumuruh | gêng alit tan parbeda | amanadukara karanèng pudya yu | wahyaning sabda kotama | têmên mring Hyang Maha Sukci ||

22. langkung panjang donganira | sêja saji muji arjaning aji | nagari [na...]

--- 2: 104 ---

[...gari] saisinipun | ayyana sambekala | kang andonga tètèh pasèh tartil turut | prasaja kaduk noraga | anggon-anggoning muslimin ||

23. têtêg tatak krana Allah | adoh saking ujup riya lan kibir | sumungah sêdya siningkur | kêkêraning tyas yitna | marang Gusti Allah ingkang Maha Agung | sakyèhning puji punika | lilahi rabil ngalamin ||

24. sarampungira andonga | dyan pangulu wangsul dènira linggih | kèndêl sawatawisipun | tumuli wiwit dhahar | dhahar ajat dalêm gunungan puniku | rinêncak binage wrata | tan na kaliwatan siji ||

25. pikantuk dènira nadhah | lam-ulaman pêpak mawarni-warni | dhaharan pala gumantung | kapêndhêm myang kasimpar | lah-olahan amêpêki sarwa langkung | eca-eca amirasa | wus tutug dènira bukti ||

26. enggale lajêng bibaran | wus jumênêng kangjêng sang nindyamantri | ing alampah laju kondur | wanci 1/2 12 | pra bupati sapangandhap datan kantun | samya mundur sowang-sowang | sêkare salin kinanthi ||

Badhe wontên sambêtipun.

--- [0] ---

[Ralat dari penerbit, sudah dimasukkan dalam teks].

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

 


sagawe-gawene. (kembali)
Baca: satus tlung puluh. (kembali)
panti. (kembali)
Kurang satu suku kata: mring risang lagya lumaris. (kembali)
dhalang. (kembali)
Dalam naskah asli halaman 94 tercetak dobel, dan langsung diurutkan menjadi halaman 95 (dan seterusnya). (kembali)
paningrat. (kembali)
Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu u: sawusira laju mapan sowanipun. (kembali)