Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 4/1)

Judul
Sambungan
1. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 1). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
2. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 2). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
3. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 3/1). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
4. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 3/2). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
5. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 4/1). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
6. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 4/2). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
7. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 4/3). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
Citra
Terakhir diubah: 03-02-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Sri Karongron Jilit 4.

Iyasan Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 10, ingkang angadhaton ing nagari Surakarta Adiningrat.

Wiwitipun nyariyosakên têdhak dalêm nyanjata sangsam dhumatêng kagungan dalêm pagrogolan ing Krapyak, salajêngipun kawontênan ing Surakarta ingkang kalêbêtakên ing pèngêtan punika.

Ingkang kadhawuhan ngikêt Radèn Ngabèi Purbadipura, abdi dalêm kaliwon gêdhong têngên.

Kaêcap wontên ing kantor pangêcapanipun Budi Utama, ing Surakarta.

1916

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

Pratelan cariyosipun Sêrat Sri Karongron jilid 4 ... Kaca ... Sêkar

1. Têdhak pagrogolan Kartasura nyanjata sangsam ... 1 ... Asmaradana

2. Dadosipun griya klinig ... 9 ... Mêgatruh

3. Têdhak Pracimaharja ... 10 ... Pocung

4. K.P.H. Prabumijaya seda ... 13 ... Pangkur

5. Têdhak Ngèksipurna ... 19 ... Kinanthi

6. Wontên tamu saking Dhitslan ... 21 ... Sinom

7. Sêkatèn Mulud Alip 1843 ... 46 ... Pangkur

8. Patih Ngayogyakarta sowan dhatêng Surakarta kagambar malih ... 50 ... Pangkur

9. Miyos Bakda Grêbêg Mulud ... 65 ... Dhandhanggula

10. Sedanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom ing Ngayogyakarta ... 69 ... Maskumambang

11. Kangjêng Tuwan Residhèn pan Wig, malêbêt dhatêng kraton ngirit Tuwan Ministêr Egsêlèngsi Nèdêrlan ... 71 ... Maskumambang

12. Utusan anglayat dhatêng Ngayogya, sedanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom ... 72 ... Maskumambang

13. Tamu saking nagari Cina nama Si Nao Wèi pangkat ministêr ... 73 ... Sinom

14. Kramanipun sadhèrèk dalêm B.R.H. Nataningrat, dhaup R.M.H. Căndranagara ... 73 ... Sinom

15. Têdhak dhumatêng loji Gênêngsari (Klathèn) ... 75 ... Sinom

16. Têdhak dhumatêng Mangkunagaran, mriksani pamulangan èstri ... 78 ... Asmaradana

17. Dhatêngipun pundhutan dalêm sima saking Blitar ... 80 ... Asmaradana

18. Têdhak dhumatêng ing Dêmak, tulak ... 81 ... Asmaradana

19. Kramanipun putra dalêm B.R.H. Purwanagara dhaup R.M.H. Prawiradiningrat ... 87 ... Asmaradana

20. B.K.P. Angabèi têdhak nagari Walandi ... 89 ... Kinanthi

21. Taun raja suwak ... 92 ... Kinanthi

--- [0] ---

Pratelan cariyosipun Sêrat Sri Karongron jilid 4 ... Kaca ... Sêkar

22. Supitipun putra dalêm B.R.M. Nawawi ... 92 ... Mijil

23. Têdhak Ngèksipurna ... 93 ... Mijil

24. Pambikakipun krêtêg Jurug ... 94 ... Gurisa

25. Têdhak ing Madusita (Ngampèl) mampir Pracimarja ... 100 ... Dhandhanggêndhis

26. Maesalawung (wilujêngan nagari) ... 115 ... Dhandhanggêndhis

27. Jumênêngan residhèn ... 126 ... Mêgatruh

28. Supitipun putra dalêm 3 ... 132 ... Sinom

29. Kramanipun putra dalêm putri 3 sadhèrèk dalêm kakung 1 ... 137 ... Asmaradana

30. Pasowanan ngêpang hajad dalêm malêm salikur ... 139 ... Mijil

31. Kangjêng Radèn Adipati pamit tindak dhumatêng Batawi mêthuk rawuhipun Kangjêng Pangeran Angabèi rawuh saking nagari Walandi ... 146 ... Slisir

32. Wontên gandhèk saking Ngayogyakarta ... 152 ... Pangkur

33. Têdhak Samarang mriksani tontosêtèlêng ... 173 ... Dhandhanggêndhis

34. Pambikakipun krêtêg enggal ing Bacêm ... 182 ... Mêgatruh

35. Utusan dalêm jiarah dhumatêng Ngambon ... 196 ... Asmaradana

36. Bab sampeyan dalêm mênang lotrei f 100.000 ... 258 ... Asmaradana

37. Mangsuli taun Alip 1843 dandosi nagari, badhe krama dalêm. Sêrat dhatêng Batawi ... 266 ... Dhandhanggêndhis

38. Sêrat dalêm dhatêng Ngayogya panêmbung ... 273 ... Dhandhanggêndhis

39. Maringakên nawala dhatêng kapatihan ... 277 ... Sinom

40. Utusan dhumatêng Ngayogyakarta, ngaturakên buku primbon ... 281 ... Kinanthi

41. Nyarêngi utusan dhumatêng Ngayogyakarta, ngaturakên gambar Ngargapura ... 292 ... Mêgatruh

--- [0] ---

Sêrat Sri Karongron Jilit 4.

Iyasan Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 10, ingkang angadhaton ing nagari Surakarta Adiningrat.

Wiwitipun nyariyosakên têdhak dalêm nyanjata sangsam dhumatêng kagungan dalêm pagrogolan ing Krapyak, salajêngipun kawontênan ing Surakarta ingkang kalêbêtakên ing pèngêtan punika.

Ingkang kadhawuhan ngikêt Radèn Ngabèi Purbadipura, abdi dalêm kaliwon gêdhong têngên.

Kaêcap wontên ing kantor pangêcapanipun Budi Utama, ing Surakarta.

1916

--- [0] ---

[...]

--- 1 ---

71. Asmaradana

1. asmarandana nyambêti | kang wus kasêbut ing ngarsa | nênggih sêrat Sri Karongron | sêsambunganing carita | tinata rêringkêsan | mung murih dadya pangemut- | emut angêmot pèngêtan ||

2. maksih jroning taun Alip | tri dadi madya utama | Sura sawêlas tanggale | Sêtu enjang jam sadasa | kangjêng sri naranata | lawan sang dayita prabu | Jêng Ratu Pakubuwana ||

3. priyantun dalêm winarni | Dyan Ayu Dipati Sêdhah- | mirah lan malih kang dhèrèk | Dyan Ayu Rêtna Purnama | tuwin Radèn Sumarna- | rukmi Rahadèn sinêbut | Purnamarukmi punika ||

4. Rahadèn Trangganarukmi | Radèn Căndrarukmi miwah | Radèn Pradaparukmine | Dyan Sudamarukmi nunggal | sami anitih kreta | karetanya motor catur | nama Kyai Maraseba ||

5. lan Kyai Puspaka Wilis | Kyai Sampeati wuntat | kang dèn titihi sang katong | Kiyai Wimanasara | ingkang nunggil sang nata | kangjêng ratu malihipun | Dyan Ayu Rêtna Purnama ||

6. lan Radèn Sumarnarukmi | ngampil-ampil sakalihan | dus kancana sabèrine | sabêt Jêng Kyai Jabardas | lênggah munggwèng bak ngarsa | kang ngampil songsong nèng ngayun | nunggal sopir Tuwan Isman ||

7. pangagêman dalêm aji | cara Walandi mardika | mêmêt [mêmê...]

--- 4: 2 ---

[...t] mat-matane mèpèt | alus tan mirut warata | rasukan jas calana | komplit taliko kulawu | ngagêm slop kaos sampeyan ||

8. ing jaja kering kaèksi | ngagêm bintang ing Nèdêrlan | sêleyo lawan pran yosèp | tinangsulan pita rêta | kering nganggar wangkingan | pusaka dalêm sang prabu | Jêng Kyai Gêng Boji nama ||

9. wus têdhak kangjêng sang aji | saking jroning dhatulaya | miyos kori talangpatèn | bidhal marang pagrogolan | Karapyak Kartasura | karsa dalêm sang aprabu | arsa anyanjata sangsam ||

10. para putra santanabdi | parêkan mung sawatara | ingkang dhinawuhan dhèrèk | Bandara Dyan Ayu Arya | Yudanagara saha | sagarwanira tut pungkur | lan malih Kangjêng Pangeran ||

11. Arya Natapura tuwin | sira Bandara Pangeran | Arya Mataram andhèrèk | kaliwonira Rahadyan | Ngabèi Bujapura | lan Radèn Ngabèi Mangku- | dipura nongsong sang nata ||

12. akalung samir tumali | Radèn Mas Ngabèi Jaya- | darsana kaliwon gandhèk | Radèn Mas Ngabèi Patma- | dipura pamajêgan | malih kang dhèrèk panèwu | pun Ngabèi Kartapraja ||

13. Prajamartana Ngabèi | Atmakesawa kalawan | Sastraukara carike | Ngabèi Mangunsukatga | lawan Ngabèi Atma- | siswara panganggonipun |

--- 4: 3 ---

sami klanthungan sadaya ||

14. kulambi atela wilis | kain rumput kancing lima | modhèl Itali gulone | malih ingkang atut wuntat | mêtêngan kalawija | bêkta sitêr gitar piyul | suling mandholin tarêbang ||

15. iku sami ngrumiyini | anjujug ngarêp kantor bang | jam pitu esuk nunggang trèm | nunggal lan Ngabèi Wirya- | sarasa sêsarêngan | ngampil dhahar dalêm prabu | dhaharan minum-minuman ||

16. kêras aris ès tan kari | miwah pirantine pêpak | ingkang badhe ngladosake | ampilan dalêm sanjata | namung sudhiya gangsal | ingkang satunggal kasêbut | Kyai Gêng Guwawijaya ||

17. yèku agêmira nguni | swargi Kangjêng Panêmbahan | Senapati Ngalagane | rat Jawa purèng Mataram | nalika jumênêngnya | sampeyan dalêm Sinuhun | Pakubuwana ping sanga ||

18. selagni sinantun dhobis | sadurungira ginarap | mawi sung dhahar mêmule | ampuh sanjata punika | kang kêna pasthi lina | wus tamtu tatune biru | marma yèn kêna ing kewan ||

19. kewan kang bakal binukti | kang biru kudu binuwang | yèn kasuwèn mrèmèn bosok | mangkono labêtanira | Kyai Guwawijaya | malih sanjata pinanggul | anama Kyai Endrastra ||

20. lawan Kyai Pasupati | tuwin radèn rêtnaning dyah | ing nguni iku [i...]

--- 4: 4 ---

[...ku] agême | Jêng Ratu Pakubuwana | ibu dalêm sang nata | sang nata samêngko iku | awignya marang sanjata ||

21. lêbda sêrêpan patitis | angungkuli para priya | yèn muni pasthi kênane | saking rêmêne nyanjata | condhong mring rêtnaning dyah | kongsi tinrapan puniku | sangsanganira sêsotya ||

22. malih sanjata kiyai | ran Wijayadanu sentral | sêtèrêmsul kang agawe | talatah ing tanah Dhitslan | pirantining sanjata | lantak korok datan kantun | sami winot ing karêga ||

23. sudhiyan karsaning aji | ganêp nora nana kurang | wus padha nunggang trèm kabèh | tan winarna lampahira | praptaning pagrogolan | panatanira wus rampung | munggwèng jroning pasanggrahan ||

24. babut kalasa myang lampit | kursi-kursi bangku kênap | badhe palênggahan katong | miwah sasanèng sumewa | nèng panti wêwangunan | ayêm kayoman pinayu | têtarub lurub balarak ||

25. mujur lêlajuran siji | sininggêt pinetak-petak | sagolonganira katon | balumbang tambak sêgaran | banyune lirap-lirap | wus dèn sudhiyani prau | têlu mranti satang wêlah ||

26. pambêlah rolas cumawis | tindhih Ngabèi Prawira- | giyota tan adoh gone | kalawan wau kang palwa | thèrèk sami cinancang |

--- 4: 5 ---

mèpèt nèng têpining ranu | ranuning tambak sêgaran ||

27. di dalêm panèwu mantri | Karapyak kang wisma cêlak | lawan pagrogolan kono | dhinawuhan sami seba | sudhiya barang karya | dhêstrik saandhahanipun | jaga korining Karapyak ||

28. nulak wong kang nêdya manjing | nonton jroning pagrogolan | kênane nèng jaban bêthèk | miturut kang pinaryoga | wong nonton wadon priya | gêdhe cilik anom pikun | nuntun putu ngêmban anak ||

29. ana ngadêg ana linggih | linggih sangisoring wrêksa | padha angeyup ngarompol | marmane sami tinulak | rinêksa bokmanawa | dadi kaplêsatan iku | wijiling mimis sanjata ||

72. Mijil

1. ya ta wau kangjêng narapati | ingkang nitih motor | sampun rawuh myang para pandhèrèk | ginarubyug ampilane wuri | nênggih Kangjêng Kyai | Tejadaru limpung ||

2. lawan malih nama Kangjêng Kyai | Arjasara towok | sabêt Kyai Jabardas asmane | tamèng wêngku mas cêplok plag Bèlgi | ingkang ngampil-ampil | kalung samiripun ||

3. sampun mandhap wau para putri | saking jroning motor | marang wingking dalêm samyandhèrèk | sri narendra wus mandhap tumuli | alênggah ing kursi | lan dayita prabu ||

4. munggwèng jroning [jro...]

--- 4: 6 ---

[...ning] pasanggrahan asri | kang sampun mirantos | kakung putri wus sumewa andhèr | anèng panti wêwangunan linggih | tata silastuti | sapangkat tan worsuh ||

5. wusnya lênggah wau sawatawis | kangjêng sang akatong | nuli mundhut sanjata wus isèn | gya ingêmbat dèn incêng patitis | munya dhêl ngênani | manjangane ambruk ||

6. gêr sinurak sami alok kêni | tan ngalih saking gon | dhasar gêdhe baranggah sungune | gumarubyug bêbau marani | gya ingusung maring | ngarsa dalêm prabu ||

7. suka kabèh kang sami ningali | kêna ingkang berok | sawatara andhawahi manèh | uga kêna likang[1] wus winuni | samana wus olih | lima sami jalu ||

8. ing tyas sangêt ngungun kang ningali | de kangjêng sang katong | yèn nyanjata wus pasthi kênane | nora nana ingkang ngaping kalih | ambruk tan bisosik | kêna êlêngipun ||

9. Dyan Mas Bèi Patmadipura ngling | mulane mangkono | awit kangjêng sang nata duk anèm | puruhita dèn wastani aji | Sirwenda pan saking | radèn mas sinêbut ||

10. Arya Suryawinata suwargi | wayah dalêm katong | kaping 3 dumadi putrane | Kangjêng Gusti Pangran Mangkubumi | kang sumare munggwing | Nglawiyan linuhung ||

11. kalih aji Danurwenda saking | pêpundhèn kadhaton | Kangjêng Ratu Pambayun asmane |

--- 4: 7 ---

putra dalêm ping sapta sang aji | ingkang kaping katri | kagungan puniku ||

12. aji Ardapurusa linuwih | wasiyat sayêktos | saking ingkang rama suwargane | sampeyan dalêm sinuhun kaping | sanga widagda mring | kawruh agal alus ||

13. marma lamun nyanjata sang aji | jêdhot nora mindho | pasthi kêna arang malèsède | manthuk-manthuk ingkang dèn kandhani | e lah layak bangkit | kangjêng sang aprabu ||

14. dados tan wantah kewala mawi | aji kang kinaot | dyan mas bèi alon wangsulane | wus mangkono para luhur Jawi | kabèh dèn rangkêpi | lair batinipun ||

15. nêngna ingkang sami angrasani | mring kangjêng sang katong | dènnya lêlangên amrih sukane | sri narendra nyanjata karêndhi | myang ana ing warih | asarana jungkung ||

16. wus dumugi wangsul lênggah malih | lêladèn lumados | dhêdhaharan sapanginumane | kangjêng ratu miwah para putri | sampun dèn ladosi | mundhut kang kinayun ||

17. sumawana putra santanabdi | kang dhèrèk nèng kono | kawaratan kabèh mangan ngombe | tan ana kang kaliwatan siji | sêsêmbèn miyarsi | pangrarasing piyul ||

18. gitar suling tarêbang mandholin | panabuhe alon | pra mêtêngan lan kalawijane | wiwit gêndhing kêmbang kacang muni | nganggo dèn bawani | ing têmbang [tê...]

--- 4: 8 ---

[...mbang] mêgatruh ||

19. suwuk nuli gêndhing pinggir kali | banjur muni kroncong | gêndhing bintang Surabaya lèrèn | sawatara nuli munya malih | sêtambul awiwit | 1 2 3 ||

20. ingkang nabuh ngiras anyindhèni | dadi maju loro | tangan cangkêm milu nyambutgawe | suprandene katon sênêng ati | lamun nuju ngêlik | ngêdên swara sêru ||

21. lambe mênga mingkêm rai abrit | gèdhèg-gèdhèg modod | otot gulu iring mêtu kabèh | mripat dhipêt ambarêbês mili | saking gone ngêlik | anututi piyul ||

22. lamun nuju raras gêdhe kongsi | angêlokor gondhok | yèn sêdhêngan abarêng êmbyake | kabèh enak kapyarsa kang uni | thang thêng ngaglèk ngêlik | brang brêng trêbangipun ||

23. swara rêmpêg rampak êmpuk apik | gêdhe cilik amor | moring raras aris krasa ngêse | wus sinuwuk mênêng kang mênyanyi | samana wus wanci | jam loro tri mênut ||

24. paring sasmita kangjêng sang aji | ngajêngakên motor | gya jumênêng sakalihan kanthèn | lawan wau kangjêng pramèswari | wus sami anitih | pra putri tan kantun ||

25. myang ampilan dalêm atut wuri | sadaya nèng motor | pamanggone kadya duk wiyose | laju kondur sampun ngênyapuri | bibaran pra dasih | karapyak mêgatruh ||

--- 4: 9 ---

73. Mêgatruh

1. tanggal kaping pitulas ri Sênèn esuk | nênggih sajêroning puri | siniwaka jêng sang prabu | lir adat ingkang sumiwi | abdi dalêm jaba jêro ||

2. miwah putra santana pêpak sadarum | samana sarêng wus wanci | pukul kalih wêlas bêdhug | sri nata jêngkar tinangkil | kondur para sowan bodhol ||

3. amung kari ingkang kawajiban tungguk | iku ingkang nora mulih | mapan mring panggonanipun | kang saos nèng srimanganti | wadana sulih kaliwon ||

4. Dyan Ngabèi Prawiradipura tungguk | nampèni cundaka saking | kangjêng sang warăngka prabu | wose ngunjuki udani | iyasan dalêm sang katong ||

5. griya klinig ingkang tumancêp ing kampung | Panularan pinggir margi | pan badhe panggenanipun | angupakara wong sakit | panggarapipun wus dados ||

6. bilih wontên lilah dalêm jêng sang prabu | dènnya wiwit nyambut kardi | wontên griyenggal puniku | abdi dalêm dhoktêr sami | benjing ri Rêbo Kaliwon ||

7. wulan Sura tanggal kaping kalih likur | ing warsa Alip puniki | rangkêp titimangsanipun | ping sapisan Januari | angkaning warsa winaos ||

8. 1913 nyuwun | timbalan dalêm sang aji | wadananira kang tungguk | sawuse têrang nampani | canthèl atur nyai regol ||

9. amêlingna kang tampi nyai tumênggung |

--- 4: 10 ---

mêdala mring srimanganti | wus prapta kang pinrih mêtu | kapanggih prasami linggih | umatur wadana caos ||

10. kadya kang wus kasêbut ing dhuwur mau | paturan wus dèn tampani | nyai tumênggung gya wangsul | marang sajêroning puri | mring ngarsa dalêm wotsinom ||

11. nuli munjuk marang kangjêng sang aprabu | sadaya wus piniyarsi | sanalika paring dhawuh | sampeyan dalêm nglilani | kang umatur mundur alon ||

12. nyi tumênggung sampun maringakên dhawuh | mring paseban srimanganti | cundaka tumuli wangsul | mundhi dhawuhing narpati | sêkare pocung gumantos ||

74. Pocung

1. kang winuwus tanggal kaping kawan likur | nunggil wulan warsa | wau ta kangjêng sang aji | sakalihan Jêng Ratu Pakubuwana ||

2. ri puniku miyos kangjêng sang aprabu | marang Pracimarja | kadya adat ingkang uwis | nitih motor Kiyai Rara Kumênyar ||

3. malihipun motor ingkang atut pungkur | Kyai Maraseba | lan Kyai Puspaka Wilis | sidamulya: sênêng parêng: mara sănja ||

4. dadya petung nênêm motor kang lumaku | kang kasêbut ngarsa | kajawi titihan aji | pangiringe lêlima ingkang anumpak ||

5. pra priyantun dalêm anèm miwah sêpuh | amung sawatara | ingkang andhèrèk sang aji | nyai lurah parêkan kênya puspita ||

6. atut pungkur parèstri batur-binatur | pra pangeran [pa...]

--- 4: 11 ---

[...ngeran] putra | santana mung sawatawis | sumawana wadana kliwon pêthilan ||

7. myang panèwu mantri bêkêl jajaripun | lan urdênas lurah | amung ingkang nyăngga kardi | abdi dalêm prajurit mayor kapitan ||

8. upsiripun maskapêne patang puluh | abdi dalêm gladhag | pamajêgan Bayalali | sawadana kaliwonira tut wuntat ||

9. wus ngalumpuk sabaune nèng marga gung | ingkang kalangkungan | titihan dalêm sang aji | lan titihanira kang dhèrèk sadaya ||

10. bok kasandhung mogok nèng marga kang lungur | nyêngka nyêngkrèk munggah | dhusun Pule lan Maliwis | mila sami dèn jagani bau gladhag ||

11. enggalipun kangjêng sang prabu wus rawuh | ngarsèng pasanggrahan | mandhap saking motor tuwin | pra priyantun dalêm wus nyêlak sang nata ||

12. kang para rum andhèrèk ing kangjêng ratu | anèm miwah wrêda | malêbêt ing dalêm sami | sri narendra laju lênggah ing pandhapa ||

13. kang tut pungkur miwah kang sampun rumuhun | gya tata sumewa | munggwèng èmpèring pandhapi | sira Radèn Ngabèi Bujadipura ||

14. ngampil lawung talêmpak ingkang linuhung | Jêng Kyai Gêng Kala- | nadhah wus binêkta manjing | maring dalêm kang nampèni nyai lurah ||

15. wingkingipun sabêt tamèng towok limpung | songsong myang sanjata | wus sami dèn palangkani |

--- 4: 12 ---

nèng pandhapa prênah pananggap duksina ||

16. motoripun mapan mring gêdhonge kidul | lumampah lon-lonan | nora bisa rikat saking | palataran ngisor akèh wong kang prapta ||

17. samyandulu pating dangongok anginguk | nadyan kêrêp têdhak | prandene tan ambosêni | maksih maksa kudu bae tumingala ||

18. mring kang rawuh sampeyan dalêm sang prabu | mangagêm rasukan | atela ruslènên putih | komplit lawan agêm dalêm topi seta ||

19. nyamping jumbuh sawitan lan dhêstharipun | sami sêsêratan | latar cêmêng udanriris | apaningsêt gêdhog abrit èpèk rikma ||

20. amalêngkung sangsangan marjan kadulu | lir mirah dalima | bintang pran yosèp ostênrik | sri narendra ngagêm wangkingan pusaka ||

21. Jêng Kyai Gung Pulanggêni asmanipun | malih kang sumangsang | widhangan dalêm mangering | asma Kangjêng Kiyai Agêng Baruwang ||

22. sarêng sampun wanci jam kalih sang prabu | laju lênggah dhahar | wontên ing pandhapi wingking | kadi adat kang sami andhèrèk dhahar ||

23. tan winuwus sawuse dhahar sang prabu | munggwèng pasanggrahan | Pracimarja wus miranti | sarwa-sarwi asampe sampêt samêkta ||

24. papan dhuwur awiyar kaberan ranu | warata bawera | sumêblak marang pangèksi | sapangetan dhusun têgal pasawahan ||

25. angêlangut [angêla...]

--- 4: 13 ---

[...ngut] adoh katon gunung Lawu | angrênggunuk kadya | sumiwèng ardi Marapi | ingkang lagya kagêm cangkrama sang nata ||

26. anèng dhukuh Paras karane ing dangu | yèku Pracimarja | sanggyaning para priyayi | agêng alit jalu èstri nora beda ||

27. tanpa giyuh sadaya kang atut pungkur | pikir krasa krasan | kaprabawan hawa atis | atis sêgêr sumyah sarèh rah sumrambah ||

28. badan tungtum arang mriyang uyang sumuk | kang condhong kêpenak | tan wus winarna ing tulis | sarêng prapta tanggal ping kalih lèk Sapar ||

29. dintên Saptu jam sadasa bidhal kondur | marang ing nagara | kang dhèrèk tan ana kari | wus kapungkur pasanggrahan Pracimarja ||

75. Pangkur

1. winursita ri Jumungah | kaping wolu maksih Sapar kang sasi | rayi dalêm sang aprabu | nama Kangjêng Pangeran | Arya Prabumijaya gêrah wus dangu | ri puniku seda yuswa | tigang dasa sanga warsi ||

2. kang tinilar langkung susah | para putra sêlir wandawa abdi | bêbasan sami adus luh | atilar putra sanga | nama Radèn Ajêng Siswati kang sêpuh | Radèn Mas Ngabèi Sura- | wijaya lênggahe mantri ||

3. ingkang nomêr tiga nama | Dyan Mas Panji Wanèngmijaya upsir | prawira nom lênggahipun | nuli malih wanita | nama Radèn Ajêng Siswarin puniku | kang rayi uga wanita | nama Dyan Ajêng Sunarti ||

--- 4: 14 ---

4. malih Radèn Mas Sumanta | Radèn Ajêng Sumardinah kang rayi | Radèn Mas Siswadi jalu | Radèn Ajêng Sutiyah | jangkêp sanga putrane kang seda wau | udrasa anambutkarya | parentah atur udani ||

5. mring wadananing pangeran | miwah para sadhèrèk sampun prapti | anèm sêpuh sabiyantu | rukun rumêngkuh ing tyas | wadananing pangeran sigra angutus | lapur ngunjuki uninga | ing kangjêng sri narapati ||

6. laju miyosakên dhawah | mring pêpatih dalêm kinon mrantèni | lir adating narpasunu | warata sanagara | dhinawuhan kabèh kang anggantung laku | miwah kang mung sowan nglayat | tanna kaliwatan siji ||

7. ing dalêm Prabumijayan | lan pandhapi sadaya sampun rêsik | ya ta dintênipun Saptu | pangupakaranira | layon miwah saupakartine rampung | pêpak ingkang tinanggênah | umiring marang Magiri ||

8. nèng dalêm Prabumijayan | palênggahan tinata ing pandhapi | kang sami nglayat wus rawuh | para pangeran putra | myang santana riya panji wayah buyut | kangjêng radyan adipatya | sapangandhap sampun prapti ||

9. saha kolonèl kumêndhan | litnan kolnèl mayor kapitan upsir | jaba jro maskapênipun | wus tata barisira | ingkang urmat miwah ingkang badhe laju | panèwu mantri myang jajar | jawi lêbêt wus miranti ||

--- 4: 15 ---

10. dyan pangulu myang rèhira | pra mêthakan modin ngulama kêtib | ya ta malih ingkang rawuh | Jêng Pangran Adipatya | Arya Mangkunagara busananipun | saputra santananira | sadaya cara Walandi ||

11. dèrèng wontên ingkang lênggah | Kangjêng Tuwan Residhèn G.N. pan Wig | asistèn residhèn rawuh | kontrolir juru basa | lan presidhèn landrad para tuwan sagung | militèr kumêndhan Tuwan | Bêwès ngiring kaptin upsir ||

12. tan dangu antaranira | nuli rawuh dalêm kangjêng narpati | musikan salomprèt tambur | munya barêngan urmat | myang sadaya ingkang wus sami nèng ngriku | magita-gita mangandhap | ngapurancang angurmati ||

13. sumawana para tuwan | samya nisih sadaya aningali | pangagêman dalêm prabu | nyamping babaran mubyar | sêsêratan cêplok sudama dhêsthar byur | apaningsêt pangsi krêsna | sabaranira kinomplit ||

14. èpèk baludru sinulam | arasukan langênarjan rêspati | saking triko cêmêng mulus | kamejan rumpi pêthak | ngagêm bintang Nèdêrlan sleyo kumandhur | srempang grutkrèis Kamboja | wangkingan nama Jêng Kyai ||

15. Tajumalela warăngka | gayaman kang wrêksa timaha pèni | madhêt rêntêt sêratipun | kandêlan kêmalon bang | nitih kreta Kyai Puspaka Krêsna wus | tinarik [tina...]

--- 4: 16 ---

[...rik] kuda sakawan | wêdalan saking Ostroli[2] ||

16. ulêsnya cêmêng sadaya | prabot kênèk kusir mêntèring langking | ingkang andhèrèk sang prabu | lênggah munggwèng bak ngarsa | Jêng Pangeran Arya Prabuningrat iku | ajidan dalêm sang nata | wus rawuh ngajêng pandhapi ||

17. ririh mandhap saking kreta | kangjêng tuwan residhèn anyêlaki | marang kangjêng sang aprabu | tumuli atabean | sawusira kanthèn asta runtung-runtung | alon dènira lumampah | laju alênggah ing kursi ||

18. ing kilèn majêng mangetan | sampun mapan kang dhèrèk anèng nginggil | kang sami lênggah ing babut | atap tata sumewa | ing sapangkat-pangkate nora kaliru | undha-usuking palênggah | tan miyagah silastuti ||

19. sasampunira satata | gya lumadi wedang tèh prêsan kopi | undure tinungka srutu | sigarèt anèng wadhah | kawaratan sadayanira wus munjuk | ing nginggil miwah ing ngandhap | sami sês sarutu lincip ||

20. sajrone lênggah sang nata | nora nana suwara kapiyarsi | sidhêm prêmanêm tumungkul | singkêl rasa duhkita | ngunguning tyas dera durung wancinipun | jêng pangeran ingkang seda | sida sumare Magiri ||

21. sarêng wus wanci jam 9 | kangjêng sri narendra ngandika aris | asêrêt kaworan giyuh | marang sang mantrimuka | hèh ta Sasradiningrat [Sasra...]

--- 4: 17 ---

[...diningrat] apa wus rampung | ing pangupakaranira | layone adhimas iki ||

22. kang liningan mangastawa | kula nuwun sampun sami miranti | malih ngandika sang prabu | lah mara angkatêna | munjuk nuwun sandika anuli dhawuh | kangjêng radyan adipatya | marang bêkêling bupati ||

23. sigra andhawuhkên marang | panggêdhene ing laku senapati | radèn mas arya sinêbut | Yudanagara lawan | kliwon Dyan Ngabèi Bujadipurèku | gya slomprèt apèl sapisan | obah kang badhe umiring ||

24. kang nunggang jaran wus nunggang | pra prajurit tata dipun abani | jajaran jèjèr lumajur | apèl ping kalih mapan | mring panggonanira kang sampun tinamtu | tundha-tundhaning alampah | nuli apèl kang kaping tri ||

25. pantisawane ingangkat | alon-alon saking dalêm umijil | jumênêng kangjêng sang prabu | miwah kang sami lênggah | paring urmat angkating layon puniku | tambur salomprèt musikan | munya angêrês mring ati ||

26. wus laju lampahing krêndha | gumarêdêg ngarsa wuri kang ngiring | kongsi angêbaki lurung | lurung ingkang kamargan | tanpa sêla kang dharat atêpung bau | miwah kang numpak turangga | kareta manggon ing wingking ||

27. yêl-uyêlan gosok rodha | jagawèsthi

--- 4: 18 ---

kang nata mrih basuki | mêngko dhisik aja mlaku | wau kangjêng sang nata | sapêngkêring layon nitih kreta kondur | marang sajêroning pura | andhèrèk kang ampil-ampil ||

28. sadaya kang sami nglayat | ugi sampun kondur tanapi mulih | ing Prabumijayan suwung | mung kari pra santana | myang wanita kang kantun anggiyêng wuyung | puyêng ngayêng ngayang-ayang | kaya-kaya milu mati ||

29. lampahing karêndha prapta | sêtatsiun Balapan wus miranti | kareta wagon linurup | linapis mori pêthak | myang kareta nomêr 1.2.3. | sampun tinata lajuran | ginandhèng lan lokomotip ||

30. ing ngèmpèr lèr kêbak janma | swara rame gumêdêr barêng muni | pantisawanira sampun | inginggahakên nulya | pra pandhèrèk rêbut dhucung sami mlêbu | marang sajêroning kreta | rampung gya sêpur lumaris ||

31. sumêbut rikat lir kilat | tan winarna kaananirèng margi | wus nèng sêtatsiun Tugu | layon nulya ingangkat | lampah dharat prapta Kithaagêng sampun | sipêng sadalu enjingnya | umangkat lumaris malih ||

32. anglangkungi lèpèn Opak | gumarudug tan owah kang angiring | ing Imagiri wus rawuh | layon laju pinêtak | laku-laku tan beda lan adatipun | sawuse rampung sadaya | mudhun kang nyenapatèni ||

--- 4: 19 ---

33. saandhahanira samya | marang kabupatèn ing Imagiri | angaso sipêng sadalu | enjang pamitan budhal | sami wangsul marang sêtatsiun Tugu | sarêng wus wancine numpak | sêpur kang marang nagari ||

34. ing Surakarta wus prapta | senapati lapur mring srimanganti | wus katampèn nyi tumênggung | miwah rangkêpanira | palapuran marang kapatihan katur | panèwu ingkang ambêkta | anganthi kancane mantri ||

76. Kinanthi

1. Ngahat tanggal ping patlikur | maksih wulan Sapar wanci | pukul satêngah sawêlas | sampeyan dalêm sang aji | têdhak marang Ngèksipurna | lawan kangjêng pramèswari ||

2. kang andhèrèk ri puniku | priyantun dalêm pra putri | Gusti Radèn Ayu Purwa- | diningrat sêpuh umiring | abdi dalêm nyai lurah | parêkan mung sawatawis ||

3. pangeran sri narpasunu | myang santana kang umiring | Jêng Pangran Arya Kusuma- | yuda sagarwa sarimbit | miwah Jêng Pangeran Arya | Natapura lawan malih ||

4. Pangran Purbanagarèku | kumêndhanirèng prajurit | Pangeran Arya Mataram | samăngsa mangke wus prapti | pasanggrahan sawatara | kinon wangsul mring nagari ||

5. wadananira winuwus | ingkang andhèrèk piniji | nama Radèn Mas Ariya | Puspadiningrat bupati | pêpatih ing kadipatyan | kaliwon Radèn Ngabèi ||

--- 4: 20 ---

6. Bujadipura winuwus | tuwin Radèn Mas Ngabèi | Purwadipura kalawan | kaliwon Radèn Ngabèi | Mangkudipura urdhênas | malih Radèn Mas Ngabèi ||

7. Jayadarsana puniku | lan sira Radèn Ngabèi | Wignyadipura pinatah | mangkat dhingini mring Pêngging | Radèn Mas Ngabèi Patma- | dipura sarêng sang aji ||

8. pra mantri tuwin panèwu | bêkêl jajar sawatawis | mayor Dyan Mas Arya Arja- | winata kapitan upsir | sor-sorane kadya adat | maskapênirèng prajurit ||

9. jaga sêkilwah pinandum | manggon anèng kori-kori | yèn dalu pulisi rundha | lan pêthilan jagawèsthi | rumêksa ing pasanggrahan | kang lagya dipun têdhaki ||

10. wigatinira sang prabu | karsa dalêm nguningani | pananêmirèng pêthetan | sêkaran ladosan saking | Tuwan Marsal ing bakulan | tinata ing êpot bêling ||

11. saha lêlangên ing umbul | karan umbul dhahar tuwin | umbul pangantèn lèrira | ing wetan tan pati têbih | karan umbul pangabean | winangun dipun dandosi ||

12. wus pinagêr bata têpung | sinungan panti kêkalih | ing kidul miwah ing wetan | cèkli ngrêsêpake ati | minăngka kamar busana | yèn mêntas lêlangên warih ||

13. tuwin malih wontên umbul | anèng sangarêping masjid | ingaranan [ingara...]

--- 4: 21 ---

[...nan] umbul sungsang | sadaya toyane wêning | mawèh arsayaning driya | ingkang andhèrèk sang aji ||

14. esuk sore sami adus | salulup ngambang ngêlangi | anjêbumblung jêmbamblangan | blang-blung ciblon anjêbimblik | ulate biru rog-rogan | saking kasuwèn nèng warih ||

15. datan pinanjang ing catur | kang nèng Ngèksipurna Pêngging | sarêng prapta ri Salasa | tanggal ping nêmlikur enjing | dhawuh kondur marang praja | sri nata wus ngênyapuri ||

77. Sinom

1. nahan malih kang winarna | sampeyan dalêm sang aji | wus dèn aturi uninga | saking residhenan bilih | wontên tamu gung saking | Bèiyêrên nagara gung | Eropah tanah Dhitslan | lêlana jajah nagari | praptèng Surakarta sapanggih sang nata ||

2. lan nyuwun priksa jro pura | jêng tuwan residhèn ngirit | tamu tri kang sêpuh nama | Pangeran Sorês lan malih | Pangran Porad taruni | katiga ajidanipun | Tuwan Prèihir nama | Ponraosên mawi kanthi | Tolêg saking Batawi anjuru basa ||

3. dene lêbête mring pura | ri Jumungah tanggal kaping | 29 maksih Sapar | titimangsaning Walandi | ping 7 Pèbruari | ăngka 19[3] | 13 punika | sawuse dèn uningani | palapuran ingkang saking residhenan ||

4. tumuli paring wangsulan | dhawuh dalêm jêng

--- 4: 22 ---

sang aji | lêbête tamu mring pura | katampèn lan rênèng galih | suka kang dèn dhawuhi | ya ta ri kang wus kasêbut | wanci sore jro pura | panatane rampung ramping | wus binukak singêbing saka pandhapa ||

5. pandhapa sana sewaka | tuwin parasdya gumrining | palataran ngilak-ilak | tan ana kaleyang siji | rêsik lir gisik tasik | wit sawo ayom ngrêmbuyung | riyu-riyu tumruna | rinèh pang gathuk ngeyubi | pra sumewa tan kapraban diwangkara ||

6. sajrone sana sewaka | sor pananggap dèn tatani | palênggahan dalêm nata | kursi gêng seta lis abrit | kinasur dhamas putih | ginatra patra sêkar rum | rumambat mèdêm mêgar | argulo bang rone wilis | kawan kursi majêng mangetan sadaya ||

7. pangiringe kering kanan | ngencos kursi seta alit | ing jarambah ginêlaran | babut sutra dhasar abrit | mrêngangah lir suryènjing | arsa madhangi sawêgung | kagungan dalêm găngsa | Manisrêngga Kadukmanis | Carabalèn Sêpêtmadu pinasthika ||

8. gong Kiyai Alundrêsa | Kiyai Kombang nisihi | tinata anèng paningrat | sakiduling sewakaji | kalih pangkon pinalih | sarancak kilèn gènipun | ingkang sarancak wetan | godhage kinarya margi | mring pandhapa ing sasana andrawina ||

9. sampun tinatanan [tina...]

--- 4: 23 ---

[...tanan] meja | miwah palênggahan kursi | tata dhahar 40 | mujur ngidul taplak putih | sarêbèt corak sari | aciri P.B. X krun | piring bèsi kobokan | gêlas sendhok lading cukit | têngah sinung palaton agêng salaka ||

10. lan sêtrik orkès tinata | sapirantine cumawis | nèng paningrat sakilènnya | sana andrawina sami | di dalêm sêtap musik | dènira seba ngalumpuk | nèng bangsal palataran | kaprênah kang lèr pribadi | sami ngrasuk manganggo cara Walănda ||

11. kalawan malih sudhiya | tigang kothak wêngku barlin | tiga pisan isi wayang | carma panggarape apik | parada linut sungging | binodri-bodri ginêmpur | baya tan ana mimba | lir kagungan dalêm ringgit | pusakendra wus inguni sinung asma ||

12. Kangjêng Kyai Jimatpurwa | gêdhoge asma Jêng Kyai | Dewakatong katupiksa | kabèh ngrêsêpake ati | sakothak purwa malih | asma Kangjêng Kyai Kadung | mungguh kang dhêmên wayang | pasthi tan bisa nyawadi | bagus-bagus manggon wêwanguning wănda ||

13. dèn cêpakakên sadaya | nèng langên katong pandhapi | punakawan lêmbisana | dhalang kasêpuhan tuwin | kadipatèn nênggani | ngadhêp kutug mênyan madu | kukuse ambyar ngambar | wimbuh gandaning malathi | sêkar sajèn oncèn-oncèn sumping dhalang ||

14. jroning dalêm prabayasa |

--- 4: 24 ---

dèn tatani bangku inggil | sinelehan upacara | kaprabon dalêm sang aji | lamun miyos siniwi | ing dintên agêng winuwus | kabèh mas ingêmasan | pinatik nila widuri | myang pakaja jumêrut mirah sêsotya ||

15. wus tinata ngandhar-andhar | mawarni angrajapèni | yêyasan enggal lan kuna | saking para nata nguni | samangke apan maksih | sakèh tinata puniku | kang darbe kawajiban | nyai lurah anênggani | wiwit siyang mêmangun amrih sarkara ||

78. Dhandhanggula

1. sampun lirip parabaning rawi | rawa kali bangawan talaga | anakan sagara gêdhe | alas myang gunung-gunung | gêgênêngan gumuk waradin | lan têgal pasawahan | dhusun ing dhusun |[4] rêmêng-rêmêng karimongan | ing pêpêtêng putung pranawa ngendrani | mandrawa andakara ||

2. karatan rat kawênganing wêngi | ngantariksa taranggana mubyar | abyor gumêbyar sorote | kadya sêdya mangayu- | bagya sanggya yogyaning aji | sêsaji minisudha | sudhiyaning tamu | kapurba adining pura | wus sumunar ênuring dilah èlikstrit | sumêblak lir raina ||

3. ing pandhapa sana sewaka ji | andrawina parasdya paningrat | miwah jroning dalêm gêdhe | gêdhong-gêdhong ing ngayun | kanan kering nataring puri | myang bangsal pasowanan | wiwara lèr kidul | srimanganti [srima...]

--- 4: 25 ---

[...nganti] maderata | kamandhungan padhang padha dèn sulêdi | murup panjuta buhman ||

4. tanpa sangsaya kinarya margi | malbèng pura parabdi sumewa | musikan lan sêtrik orkès | niyaga tlèdhèk badhut | wiraswara pasindhèn èstri | wus nyêlaki pradăngga | punikarsa nabuh | lan sakèhing para garap | analiti sugata dalu puniki | wedang srutu minuman ||

5. kang dhinahar tuwin wangi-wangi | wus tinata anèng pangrantunan | lan kang badhe ngladosake | pêpak nyêpak ngalumpuk | punakawan sewaka tuwin | abdi dalêm urdênas | Walandi sadunung | panèwu mantri pêthilan | mêntèringan abang calanane putih | nèsêl biru mangiwa ||

6. ondêr mayor ingkang mandhegani | iku Radèn Mas Tumênggung Wirya- | diningrat lan kaliwone | sampun sami lumêbu | nèng drawina Radèn Ngabèi | Mangkudipura miwah | pra mantri panèwu | golongan urdênas lurah | sapangisor kawajibane tiniti | tan ana kêkurangan ||

7. lawan malih Rahadèn Ngabèi | Wignyadipura sakancanira | kadipatèn jro wus andhèr | miwah wadananipun | gêdhong kanan lan gêdhong kering | sarèhe seba byukan | tan ana kang kantun | samya nata dhahar meja | nèng pandhapa andrawina wus miranti | kursi bangku kêcohan ||

8. abdi dalêm kliwon [kliwo...]

--- 4: 26 ---

[...n] kang pinêthil | badhe ngladosi kangjêng sang nata | wus sami sumewa anèng | andrawina kang kidul | tuwèng gawe Radèn Ngabèi | Bujadipura Dyan Mas | Ngabèi puniku | Purwadipura Rahadyan | Bèi Martadipura Radèn Ngabèi | Purbadipura nama ||

9. Dyan Bèi Tăndhadipura tuwin | Dyan Mas Ngabèi Jayadarsana | dyan mas ngabèi namane | Sujanapura iku | lawan malih Dyan Mas Ngabèi | Rajadipura dyan mas | ngabèi sinêbut | Patmadipura Rahadyan | Angabèi Wiryadipura anunggil | linggih marêp nguntara ||

10. wanci jam satêngah pitu muni | para pangeran putra sadaya | Pangran Arya Matarame | sampun sumewa laju | jujug lênggah èmpèring panti | nguntarasana ngarsa | pangagêmanipun | kanigaran arasukan | sikêpan gêng cêmêng lugas mejan putih | paningsêt mawi bara ||

11. cindhe ijo abang biru kuning | nyamping latar cêmêng latar seta | cêcêplokan sakarsane | amung wangkinganipun | răngka ladrang lugas myang sungging | dene pra riya ngandhap | panji wayah buyut | sumewa nèng palataran | panganggo lir seba dina Sênèn Kêmis | badhe ngladoskên wedang ||

12. warăngkendra Kangjêng Radèn Adi- | pati Sasradiningrat wus sowan | ing srimanganti jujuge | wadana ingkang tungguk |

--- 4: 27 ---

lan kaliwon panèwu mantri | ngadhêp sang mantrimuka | pangagêmanipun | basahan ngagêm rasukan | myang wadana kaliwon kulambèn sami | nênggih dalu punika ||

13. srimanganti wetan kang sumiwi | kolonèl kumêndhan Pangran Arya | Purbanagara kanthine | litnan kolonèlipun | mayor caos lan mayor musik | mayor itêndhan sêtap | myang mayor kang klanthung | kapitan upsir kang jaga | lan kalanthung rongpuluh kulambèn ugi | wau kang wus winarna ||

14. maderata kareta cumawis | Kyai Siswanda catur turangga | Ostrali krêsna ulêse | rinênggèng bulu-bulu | prabot wungu kusir Walandi | kênèk kalih tan beda | sawusira rampung | gya mêthuk mring residhenan | lumaksana katon lênterane karbit | sêmu ijo urubnya ||

15. kawuwusa malih jroning puri | sarêng sampun wanci pukul sapta | pra sumewa pêpak kabèh | ya ta kangjêng sang prabu | paripurna busanèng aji | miyos ing kamar lênggah | ing sangajêngipun | kori agêng prabayasa | ingkang sami nèng dalêm agêng pra putri | noraga mangastawa ||

16. gya jumênêng kangjêng narapati | miyos marang sasana sewaka | kang sumewa obah kabèh | urmat wiyosing prabu | găngsa gêndhing srikaton ngrangin | sêtrik orkès musikan | samya munyambarung |

--- 4: 28 ---

gêndhing wihèlmis sadaya | amung kaot rarase agêng lan alit | lagu ênute padha ||

17. ampilan dalêm ingkang umiring | towok Kyai Maesanugraha | sabêt dhègên mas rangkane | rotan Kiyai Pamuk | tamèng rukmi mawi pinatik | ing sotya nawarêtna | kêcohan miwah dus | nèng wingking dalêm sang nata | sampun lênggah ing kursi angrajapèni | ya ta para pangeran ||

18. nuli majêng ing ngabyantaraji | sumewa nèng ngisoring pananggap | kang wetan majêng mangilèn | para pangeran sêpuh | samyandhèrèk lênggah ing kursi | sawusira satata | pakurmatan suwuk | ngalela kangjêng sang nata | nyamping parangkusuma paningsêt wilis | palangi sêkar rêta ||

19. èpèk wungu bludru binalodir | untu walang katimang barleyan | lumayan jagung sathèrèk | akaos sutra biru | panpus krêsna potlèt tumitih | sêsotya êmbanan mas | rasukan winangun | langênarjan dhasar krêsna | kinamejan kènjèn krah dhudhuk barêsih | putih mênthur agilap ||

20. rumpi seta sutra corak sari | jaja kering kanan ngagêm bintang | nêlu sisih pamasange | thèrèk mangisor urut | wijang jêjêg ajêg sumaji | godhag tan anggêlodhag | rêntêt runtut patut | ing kering bintang Nèdêrlan | sêleyo lan ordhê [or...]

--- 4: 29 ---

[...dhê] pran yosèp ostênrik | bintang mingkaèl ngandhap ||

21. kanan bintang dhê leyo bronsuwig | ordhê oranyê nasao têngah | rodhê adhêlar ngisore | sipat kêncêng tumurun | asangsangan kumandhur saking | Nèdêrlan sleyo saha | ngagêm grutkrisipun | kunêng klêkê ing Kamboja | pita putih ngombak toya sèrèt kuning | munggyèng jroning rasukan ||

22. amung katon pucuke sathithik | tibèng cêthik kering angathepyah | kêkêjêr gumandhul krise | dhinkrèis mas tinangsul | pita siji citrane katri | biru putih lan jênar | sanginggile sinung | lir dhasi pitalit rêta | sumalêmpit ingitik aran pulitig | twèdhên grat dhubêlên dhrag ||

23. ukêl kêling pinati paniti | tata tumumpang pusarèng rikma | sinăngga ing susuk kondhe | kêndho sêdhêng nyakêdhung | nyidhang kukuh saking sinuji | nunjêm panêtêp sotya | kadya sêkar tanjung | panunggul kanigara mas | dhasar kastur krêsna linus tan nyalêdrig | gilap lir laring dhandhang ||

24. kalpika rong rakit silih asih | barleyan gêng lan mirah dalima | rukmi cinawi kolonge | munggwèng jênthik panuduh | karsèt ngawêng kawangwang kalih | tumumpang rumpi ngandhap | adhêpe malêngkung | anikung longkang sacêngkang | èrloji mas dhèbêl kas cinacah gori | nanging tan kasat mata ||

--- 4: 30 ---

25. wangkingan Kangjêng Kyai Gêng Boji | wrăngka gayaman wrêksa candhana | kandêlan suwasa adèn | slorok topengan sêlut | rêtna sami sinarawèdi | tinata gêng alitnya | manut ukêling lung | ron sêkar rêbut rumambat | panunggule satunggal nunggal ing nginggil | gêngnya padha widara ||

26. tan pantara dangu kapiyarsi | tambur suling urmat lêbêtira | Jêng Tuwan Residhèn pan Wèg | angirit sang martamu | namanira sinêrat malih | Pangeran Sorês lawan | Pangran Konrat tumut | Tuwan Prèihir ajidan | tuwin tuwan asistèn residhèn nami | Artêpèl A.M.T.H ||

27. sèkrêtaris Tuwan W.M. Engglip | juru basa Tuwan A.W. Kliyan | sadaya laju lampahe | praptèng natar kadhatun | găngsa musik orkès ngurmati | munya gêndhing winêr lan | sêblut nganyut-anyut | găngsa gêndhing Srikuncara | Kadukmanis Manisrêngga munya gêndhing | ladrangan Sriwidada ||

28. ingkang sami sowan srimanganti | wetan kilèn dhèrèk manjing pura | sadaya laju lampahe | alon nora kasusu | ya ta wau kangjêng sang aji | jumênêng nuli têdhak | mring satêpinipun | pandhapa iring utara | sampun tundhuk jêng tuwan resdhèn nanggapi | tabe gya kanthèn asta ||

79. Kinanthi

1. laju lampah dalêm rawuh | ngajêng palênggahan kursi | sakalihan [sakaliha...]

--- 4: 31 ---

[...n] dèrèng lênggah | majêng mangetan ngêntosi | pra tuwan kang anèng wuntat | alon majêng tamu katri ||

2. atur tabe mring sang prabu | bagya-binagya basuki | saha para tuwan-tuwan | sadayanira waradin | miwah marang narpatmaja | majêng tabe gênti-gênti ||

3. mundur sawusira rampung | gya lênggah kangjêng sang aji | jêng tuwan residhèn lênggah | sakering dalêm tan têbih | tamu kêkalih ing kanan | sadaya wus lênggah kursi ||

4. dene wau kang tut pungkur | kangjêng sang anindyamantri | lawan kolonèl kumêndhan | litnan kolonèl bupati | mayor sowan nèng pandhapa | nunggil para narpasiwi ||

5. kliwon kaptin upsiripun | dènira sami sumiwi | anèng paningrat kang wetan | urut nom tuwaning kardi | sawusnya tata sumewa | gya mênêng orkès myang musik ||

6. miwah pradanggane suwuk | sang tamu ing sêmu kèksi | dahat sukarênèng driya | marang kangjêng sri narpati | kadya kacaryan umiyat | panguparêngganing puri ||

7. ya ta pasugatan maju | saking kridhawaya mijil | pangunjukan dalêm wedang | riya kêkalih kang ngampil | siji kang ngampil panămpa | datansah dipun songsongi ||

8. wedang pangiring nèng pungkur | ingkang ngampil para panji | lan punakawan santana | wus sami praptèng pandhapi | angunjuk kangjêng sang nata | jêng tuwan [tu...]

--- 4: 32 ---

[...wan] lan tamu katri ||

9. miwah kang sowan sadarum | wus sami dipun ladosi | warata tan kaliwatan | alon dèn undurkên sami | marang gêdhong kridhawaya | wangsul sowan kang ngladosi ||

10. kapiyarsa swara suluk | pathêt manyura ngrêrangin | gêndèr suling gambang rêbab | rêmpêg panabuhe apik | ngalênyêr eca pinyarsa | rarase krasa mring ati ||

11. ya ta tan pantara dangu | kalangênan dalêm mijil | saking dalêm prabayasa | badhaya lumampah rindhik | urut lumajur tan bênjar | kinêmbar busanèng dhiri ||

12. wastra myang mas intên jumbuh | Dyan Riya Suwănda ngirit | wus prapta ngabyantarendra | sila majêng ngilèn sami | pathêtan mênêng ginantya | munya gêndhing Doradasih ||

13. muyêg pradăngga tinabuh | binarung dipun sindhèni | badhaya wiwit mataya | nglayang andhêku mastuti | gya ngadêg tata wiraga | luruh laras ngraras ati ||

14. mênthang bau bèbèr sampur | tan wus winarna ing tulis | pambêksanirèng badhaya | rêna kangjêng narapati | tinungka majêng sugata | sês sarutu papak lincip ||

15. sigarèt règ datan kantun | wadhah salaka sinangling | kang lênggah wus sês sadaya | mundur kang sami ngladèni | tan dangu wangsul mangarsa | bêkta minuman lumadi ||

16. pangunjukan dalêm prabu | jêng tuwan lan tamu kalih | nunggil sabèri kancana |

--- 4: 33 ---

bèri salaka pangiring | kang lênggah kursi myang ngandhap | wus sami dipun ladosi ||

17. pamundhutan ngantu-antu | inuman enggal lumadi | cekat-cèkêt kawaratan | saking kulina ngladèni | panèwu mantri pêthilan | kanthi urdênas Walandi ||

18. punakawan sewaka nut | ing ngandhap kang dèn ladèni | minuman mawarna-warna | sasampunira waradin | bèri gêlas srengkot ès kan | lêluwihan kang lumadi ||

19. sadaya binakta mundur | kalangênan dalêm aji | badhaya dènira bêksa | samana sampun dumugi | sami mêndhak silastawa | suwuk pradăngga tan muni ||

20. malih pêpathêtan suluk | paring sasmita sang aji | marang sira radèn riya | angirit badhaya manjing | wangsul malbèng prabayasa | badhaya wus tan kaèksi ||

21. kang samya lênggah puniku | katon pirênaning galih | wau ta Kangjêng Pangeran | Arya Prabuningrat nuli | majêng ngunjuki uninga | ing kangjêng sri narapati ||

22. kalamun panatanipun | dhahar dalêm wus rumanti | midhangêt manggut sang nata | mundur kang atur upaksi | sinantunan sêkarira | gurisa ingkang nyambêti ||

80. Girisa

1. ya ta wau sri narendra | ngancarani kangjêng tuwan | tuwin mring tamu pangeran | asasmita lênggah dhahar | alon jumênêng sang nata | lan jêng tuwan kanthèn asta | têdhak marang andrawina | kang lênggah [lêng...]

--- 4: 34 ---

[...gah] andhèrèk samya ||

2. sumawana ingkang sowan | anèng pananggap kang wetan | mandhap saking pasewakan | pradăngga orkès musikan | munya urmat sêsarêngan | wihèlmis undur kajongan | nadyan panabuhe tamban | mêksa umyung tan parungyan ||

3. rawuh sangajênging meja | laju lênggah sri narendra | kadya duk anèng pandhapa | kangjêng tuwan munggwèng kiwa | tamu kêkalih nèng kanan | sinambungan pra pangeran | sêlang-sêling lan pra tuwan | tuwan asistèn nèng wetan ||

4. pêpatih dalêm lênggahnya | ugi nèng wetan kapara | mangidul ngabyantarendra | wus kupêng lênggah ing meja | nuli paladèn mangarsa | ingkang rumiyin priyăngga | sop mawi bragêdèl kênthang | alit-alit sawidara ||

5. sarta aspèrsi campuran | kang kaping kalih mangarsa | pastil isi daging ayam | suwisrig nunggil sawadhah | majêng ingkang kaping tiga | lapis saking ulam toya | gramèh mawi saos urang | winoran tirêm sagara ||

6. kadhahar lan wortêl jênar | umajêng kaping sakawan | bêstik alit-alit sarta | saos pinansiyèr nunggal | kapri pêthak tuwin kênthang | ginorèng garing kumrapyag | kaping lima kiyik dara | ingisèn bragêdèl kênthang ||

7. mawi trèpêl winoworan | wowohan kompot kang nama |

--- 4: 35 ---

ping nêm pinsalaprèsênnya | majêng ingkang kaping sapta | aspig lan patèdhêpogras | kadhahar kalihan sladhah | saos mayonès anunggal | majêng ingkang kaping astha ||

8. gatomak maon tinungka | ping sanga podhêng dhêplomat | kaping sadasa wowohan | sêkar gêndhis rosès saha | amandhêl gêng-agêng samya | sumêla srutu mangarsa | pungkasan kaping sawêlas | nênggih pangunjukan wedang ||

9. kopi parêsan lan soklat | duk wau nalika dhahar | pangunjukan warna-warna | anggur putih anggur rêta | anggur asêm lan sapanya | sajrone dhahar punika | mawi kondhisi ping tiga | ngunjuk kondhisi sapisan ||

10. wilujêng dalêm sang nata | jêng tuwan ingkang ngandika | kondhisi kaping kalihnya | wilujêngira jêng tuwan | Residhèn pan Wèg punika | ingkang ngandika sang nata | têtela cêtha prasaja | kondhisi kang kaping tiga ||

11. wilujêngira Pangeran | Sorês lan Pangeran Konrad | ingkang ngandika jêng tuwan | sabên-sabên angandika | kondhisi ngunjuk sapanya | saha mawi pinihargya | orkès musikan pradăngga | munya urmat bêbarungan ||

12. umyung kapiyarsèng karna | rame sung giranging driya | nutug dènira bujana | sarwa-sarwi amirasa | sugata dalu punika | tan ana ingkang kuciwa | tatraping pambojakrama |

--- 4: 36 ---

êmpan papane prayoga ||

13. nolih mangering sasmita | jumênêng kangjêng sang nata | lan jêng tuwan kanthèn asta | tut wuntat kang mêntas dhahar | miwah pra pangeran wrêda | kang anèm angapurancang | tuwin risang mantrimuka | sapangandhap sami urmat ||

14. laju lampahing narendra | miyos ing sana sewaka | têrus malbèng prabayasa | tamu miwah para tuwan | sami andhèrèk sadaya | mariksani upacara | kaprabon dalêm sang nata | wau kang sampun tinata ||

15. sawusnya laju mariksa | kalangênan Ngargapura | kèdêran sadayanira | loji pucak jroning guwa | sanadyan dalu wancinya | nanging tan sangsayèng marga | saka prabaning panjuta | èliktris padhang trawangan ||

16. wus dumugi gya tumêdhak | wangsul marang ing pandhapa | maksih sami mlampah-mlampah | rawuh paningrat ngutara | dhawuh ngajêngakên kothak | ingkang isi ringgit purwa | myang gêdhog kang wus sudhiya | nèng langên katong samangkya ||

17. binakta mring ngarsa nata | sawusira pinariksa | tamu lan kangjêng sang nata | mangidul mariksa găngsa | Kadukmanis Manisrêngga | miwah Carabalènira | Kyai Sêpêtmadu lawan | Kyai Madupinasthika ||

18. sampun kapriksa sadaya | laju lênggah ing pandhapa | kadya duk nalika prapta | sasampunira satata | kang lênggah nginggil myang ngandhap | sang

--- 4: 37 ---

nindyamantri sumewa | anunggil pangeran putra | kang miyat sami kasmaran ||

81. Asmaradana

1. ênggoning găngsa kapyarsi | kêprak nrunthung ada-ada | sêru rarase nêm pelog | grêgêt saut karya girang | gya munya salêpêgan | kêmpul ngumpul ngungkung kang kung | binarung ing swara surak ||

2. kagyat kang durung mangêrti | nolèh ngidul katingalan | kalangênan dalêm wirèng | mêdal sakilèn drawina | warni Bugis tandhingan | lawan Radèn Macanwulung | prapta tritising pandhapa ||

3. kêkalih tumungkul linggih | dhalang wèh sasmita kêprak | wirèng kalih andêngèngèk | sarêng găngsa mimastawa | gya jèngkèng suku mêngkang | tangan tumumpang ing dhêngkul | nêmbah malih pancak jăngga ||

4. gya ngadêg sarêngan kalih | sêblak sampur tanjak kanan | têtayungan nuli kènjèr | jèjèr maju nut irama | amubêng amrih papan | prapta ngarsa dalêm prabu | gya mandhêg jègrêg gong tanjak ||

5. ambêgagah ngadêg miring | suwuk salêpêganira | kêprak thinuthuk tan anggop | dhalang suluk ada-ada | wirènge capêng asta | angathuwêl nêkuk bau | ambuwang sondhèr sumêblak ||

6. karo pisan malangkêrik | pandêng-pinandêng prayitna | nudingi napda Bugise | hèh prajurit sira sapa | aranmu paksa rosa | kumawani anêrambul |

--- 4: 38 ---

ngrusakake pabarisan ||

7. sisihe alon mangsuli | yèn sira tambuh maringwang | sun iki putraning katong | ing Jênggalamanik praja | prawira măndraguna | akêkasih Macanwulung | balik sira sapa ranta ||

8. Bugis sêru amangsuli | lawan tangan suraweyan | satriya yèn kowe takon | jênêngku Dhaèng Mabelah | lamun kêna takeman | mundura sira wong bagus | aja tandhing lawan ingwang ||

9. yèn maksa pasthi bilai | Macanwulung alon nabda | hèh apa abamu Dhaèng | tutugna sakarêpira | ingsun măngsa mundura | Dhaèng Mabelah sumaur | babo dèn kaparèng ngarsa ||

10. nanging prayogane nganti | unining gêndhing udanmas | karo padha ngentarake | ing solah wiragèng raga | rinêngga angwibaksa | mèsêm Radèn Macanwulung | sarwi alon sapdanira ||

11. sakarêpmu sun tadhahi | ya ta pradăngga wus munya | gêndhing udanmas rarase | runtut iyêg panabuhnya | wirèng kalih gya bêksa | kasar alus nanging jumbuh | dhasar rinênggèng busana ||

12. cèplês lir ringgit nèng kêlir | aganggas ringas trangginas | sigêgan [sigê...]

--- 4: 39 ---

[...gan] pancak gulune | pinardi obahing angga | manut iramèng găngsa | throthug kêprake lir tuduh | salin-sumalining solah ||

13. wus bali ênggone nguni | suwuk unining pradăngga | nulya ada-ada manèh | wirèng ngêpêng capêng numpang | dariji ngering nganan | pungkasane sêblak sampur | murdandhangak mawas mêngsah ||

14. tumuli sumbaran malih | Bugis sru dènnya wacana | hèh Macanwulung samêngko | payo padha ngadu dibya | wulêting kulit raga | lawan atosing bêbalung | yèn dhasar nyata prawira ||

15. aja ngucirèng ajurit | Macanwulung alon napda | iya sakarêpmu bae | sêdya sun kêmbari sira | yèn jênênging satriya | mungsuh kang kaya dhapurmu | măngsa ingsun ngoncatana ||

16. nuli kêprak nyasmitani | găngsa slêpêgan kumuda | wirèng anyêrang pêrange | tarung rukêt ngering nganan | anapuk nèng panggruwak | pêputêran nguntir bau | uwale nampiling sirah ||

17. kulintingan tibèng siti | jênggèlèk anarik pêdhang | tangan kiwa nyêpêng tamèng | cinoba pêdhang sinolah | bat bêt anyabêt hawa | awas risang Macanwulung | mungsuhe musthi gêgaman ||

18. ngawe lawunge lumadi | kumitir ingêmbat-êmbat | sarwi amandêng mungsuhe | sapolahtingkahing [sapolahtingkah...]

--- 4: 40 ---

[...ing] lawan | winawas ginraita | ngering nganan maju mundur | mandar mindhik-mindhik nyêdhak ||

19. mancolot ngêlut mênthalit | malilit mulat marjaya | jayaning mungsuh katamplèk | tèplêg pêdhange mancêlat | gugup rikat cinandhak | pamêdhange wongsal-wangsul | tinangkis sopaling tumbak ||

20. suwe-suwe saya kèksi | Bugis tansah karepotan | angangsur-angsur napase | lena panangkise tuna | tinumbak jajanira | kang kiwa butul mring pungkur | anglayang niba tan sambat ||

21. Macanwulung anyêlaki | têtela mungsuhe pêjah | gya bali sarwi anjogèt | praptèng gon alon anêmbah | sinuwuk gangsanira | Bugis wus linggih tumungkul | sigra munya salêpêgan ||

22. kadya duk nalika wiwit | dhalang wèh sasmita kêprak | mundur têtayungan kènjèr | sinurak ambal-ambalan | wirèng wus tan katingal | pradăngga uga wus suwuk | suka ingkang sami lênggah ||

23. tinungka dipun ladosi | mêminuman warna-warna | anislikir kewahpao | ing kursi miwah ing ngandhap | sami ngunjuk sadaya | nyambi sês pating karêbul | mijil kukuse angambar ||

82. Mijil

1. tan pantara dangu kang kaèksi | abdi dalêm kliwon | majêng marang ngarsa dalêm kèhe | sanga kalung samir sami ngampil | pêthi kalih alit |

--- 4: 41 ---

alus pinalitur ||

2. sawingkinge ngampil bèri kalih | salaka baligon | sinasaban ing kêsting warnane | abrit sêpuh rinangkêpan kuning | ing têpi-tinêpi | mubêng kêmbang suruh ||

3. nuli malih kalih ngampil-ampil | sinănggasta karo | albimira rinêngga samake | saking baludru wungu kêmrunggi | ing pinggir dipun lis | salaka winangun ||

4. lir lung-lungan rumambat sumêmi | nèng pojok ngarompol | patra ginatra-gatra patrape | angêtrêpi anjêpit kapipit | mèpèt têngah mawi | P.B. lan X krun ||

5. kinurung ing wit kapas lan pari | gonggang tan patyadoh | ngisor gathuk sathithik pungkase | dèn talèni wangsul kadya dhasi | liningling sinangling | wit sêkar ronipun ||

6. malih ngampil bèri alit kalih | bobote tan abot | lir kang agêng sinami sasabe | sawingkinge ngampil tungkat kalih | mawi dèn ulêsi | kêsting wungu alus ||

7. wus prapta ngarsa dalêm sang aji | wau pra kaliwon | dinangu kang sira ladèkake | apa uwis ganêp kabèh iki | munjuk awotsari | kula nuwun sampun ||

8. sri narendra anolih mangering | angandika alon | mring kang bapa jêng tuwan residhèn | apratela arsa amaringi |

--- 4: 42 ---

tăndha katrêsnan sih | mring risang martamu ||

9. kangjêng tuwan umatur prayogi | sakalangkung condhong | nuli pêthi binukak isine | wangkingan yasan dalêm sang aji | dhapuripun nami | mangkurat sinêlut ||

10. samêndhake sêsotya sinêling | lan mirah ginosok | tunggak sêmi jêjêran mancèrèt | răngka ladrang lan gayaman sungging | kandêlane sami | kêmalo lir gincu ||

11. bèri agêng kalih dèn ungkabi | isi gambar salon | gambar dalêm sri nata samangke | ingkang kaping sadasa lan malih | kangjêng pramèswari | nyarakit tinumpuk ||

12. nuli albim kalih sami isi | gambaring kadhaton | Surakarta Adiningrat kabèh | jawi lêbêt pêpak warni-warni | tinupiksa pèni | panatane urut ||

13. tigang warna dhuwung gambar albim | paring dalêm katong | marang tamu kang sêpuh asmane | Sang Pangeran Sorês wus nampèni | kang saprangkat malih | uga warna têlu ||

14. kadya kang wus kasêbut ing nginggil | mring tamu kang anom | yèku Pangeran Konrad tan pae | lan kang raka Pangran Sorês sami | sumèh aningali | paring dalêm prabu ||

15. ingkang winot bèri slaka alit | wau kang sajodho | isi gambar rong rakit kabinèt | ugi gambar dalêm jêng narpati | lan dayita aji | wus kinon umaju ||

16. tuwin kang ngampil tungkat [tungka...]

--- 4: 43 ---

[...t] sarakit | ulêse linolos | mulus alus apik panggarape | kêncêng lêmpêng wrêksa sêmu kuning | gilig ngandhap alit | tunjung lir woh tanjung ||

17. sopal miwah sapênthole rukmi | cinawi wêwêngkon | sinung sastra latin X.P.B | pinatik ing rêtna alit-alit | patrape ngêtrapi | aksara kang tinut ||

18. iku pinaringakên pangiring | maring tuwan loro | Tolêg saking Batawi lan manèh | marang Tuwan Ajidan Prèihir | Ponraosên nami | sang tampi pisungsung ||

19. sami jumênêng ngarsèng narpati | jêjêg nora dhoyong | tungkak bathuk apapak tapake | tansah adat sopan angurmati | arsa maluyèng sih | prasaja ing sêmu ||

20. Pangran Sorês alon matur aris | mring kangjêng sang katong | têmbung Dhitslan rum manis sabdane | aturira wus rampung tumuli | Sang Tolêg nyantuni | ing têmbung Malayu ||

21. mangke gantya dadya têmbung Jawi | mung wosing suraos | kang tampi sih mangkana ature | paring dalêm wus ulun tampèni | ingkang warni katri | gambar albim dhuwung ||

22. kula sakalangkung trima kasih | sihira sang katong | barang wau badhe kula angge | angsal-angsal mring kangjêng ramaji | ing Bèyêrên nagri | măngka tandhanipun ||

--- 4: 44 ---

23. lamun ulun wus sagêt kapanggih | lan paduka katong | wontên jro pura Surakartane | nadyan kula wus praptèng nagari | ing Bèyêrên benjing | tamtu botên limut ||

24. marang sih trêsnanirèng narpati | tan lyan pêpujwèng ngong | lulusa rahayu sadayane | sawusira ature dumugi | gya tabe ngurmati | sang prabu umanggut ||

25. para tamu kang tampi tăndha sih | majêng gêntos-gêntos | jumênêng nèng ngarsa nora pae | aturira lir kang wus winuni | têtabean sami | sawusira mundur ||

26. wangsul lênggah marang kursi malih | wau pra kaliwon | kang dèn ampil kinon ngundurake | kanthi dhawuh samăngsa pra tami | mêdal saking puri | dèn aturna iku ||

27. samya munjuk sandika wotsari | mundur laku dhodhok | gya lumadi mêminuman manèh | mring kang sami lênggah ngandhap nginggil | mung kantun ngêjogi | wau kang dèn unjuk ||

28. mangke mawi ladèn wangi-wangi | odhir myang palonyo | para lênggah ngunus sap astane | saking kanthongan ing asta kering | ngathung dipun curi | ing toya gănda rum ||

29. sumyah kang ngingsêp sap sêta[5] wangi | nalika anyêrot | miwah myarsa pradăngga unine | gêndhing ladrang sri kuncara ngrangin |

--- 4: 45 ---

panabuhe ririh | sarèh pamiwalkung ||

30. sinêndhonan ing sindhèn andhandhing | gandhang ngêndhong condhong | sêsandhungan tibèng dhong ngalèwèr | muwêr awor swarane ngèrèni | raras gêdhe cilik | ngêlik bantas arum ||

31. rum-arume rumangsuk mring kuping | kupêng ngêpung batos | tatas kentas tistising tyas tètès | putus naratas nêtês mantêsi | swarèng Kadukmanis | nènès dudu mênus ||

32. saya suwe panabuhe sami | uyêg muyêg gobyog | gêbyugane tan sora swarane | rêmpêg rampak kabèh mung jinawil | sajanturing ringgit | karasa ngêsipun ||

33. sri kuncara sêsêg sawatawis | nuli alon kêndho | angandhêlong gong suwuk gêndhinge | pêpathêtanira wus dumugi | mênêng nora muni | lèrèn dera nabuh ||

34. samana wus jam satunggal muni | ya ta tamu karo | sung sasmita mring jêng tuwan resdhèn | wusing sami pêpanggutan liring | gya jumênêng saking | palênggahanipun ||

35. sri narendra lan kang anèng kursi | andhèrèk sang katong | lawan kangjêng tuwan resdhèn kanthèn | muni urmat pradăngga lan musik | sêtrik orkès gêndhing | sru winêr lan sêblut ||

36. barung umyung munyèng swara kadi | muji karahayon | marang tamu kang migatèkake | pêpanggihan lan kangjêng sang aji | munggwèng purayadi | di-adi

--- 4: 46 ---

kadulu ||

37. pêpatih dalêm myang narpasiwi | sapangisor bodhol | angurmati sang prabu jêngkare | sampun rawuh tritising pandhapi | kèndêl tan lumaris | têtabean urut ||

38. matur sami nyuwun pamit mijil | saking jro kadhaton | anglilani manggut sêmu sumèh | sri narendra jumênêng ngêntosi | têlase kang pamit | gênti-gênti maju ||

39. saha bagya-binagya basuki | dèn kongsi praptèng don | sampun têlas kang majêng sung tabe | sri narpati malbèng dalêm puri | orkès musik salin | wihèlmis binarung ||

40. lan gêndhing undur kajongan muni | ning ning nung nèng nong gong | pra sumewa wus bubaran kabèh | tan winarna kang sami rêrêsik | wus rampung gya mulih | santun sêkar pangkur ||

83. Pangkur

1. kunêng gantya winursita | Rêbo tanggal ping lima Mulut Alip | sami angkanirèng taun | lan ingkang wus winarna | wanci siyang abdi dalêm anggong sagung | pêpak anèng sitibêntar | saking balebang ngusungi ||

2. kagungan dalêm pradăngga | sakatèn gêng miwah sakatèn alit | binakta mring masjid Agung | tinatèng bangsal ngarsa | kanan kering kadya adat wulan Mulut | bakda ngasar nuli munya | gêndhing rambu amiwiti ||

3. ing alun-alun utara | pan wus kêbak bango-bango rinakit | jèjèr pinggir urut têpung | rangkêp isi dagangan | dêdolanan [dêdolana...]

--- 4: 47 ---

[...n] pêpak băngsa cangkêm karut | èdi rèmèh idêr dhasar | gurubakal gurudadi ||

4. mawarna-warna gumêlar | wong kang nonton tuwa nom gêdhe cilik | lanang wadon ambarubul | manganggo sarwa anyar | têka lunga ngetan ngulon ngalor ngidul | sanggon-ênggon tanpa sêla | kêbak kèbêkan ing janmi ||

5. mangkono ing Surakarta | lamun sasi Mulut sakatèn muni | wong jro nagara lan dhusun | akèh kang padha miyat | ngênthu-ênthu ithu ambêthu lir munthu | nadyan wong kang adoh prapta | pasisir măncanagari ||

6. anunggang sêpur miwah tram | tanpa kêndhat anglur samargi-margi | kang jinujug masjid Agung | banjur bae anyêdhak | ing gamêlan sakatèn lagi tinabuh | yèn wus tutug mêtu marang | ngalun-alun dèn ubêngi ||

7. lamun putra santanendra | para tuwan myang nyonyah kang ningali | arang kang sami lumaku | kang akèh nitih kreta | tendha melor kabriyolèt lan dhowêrkus | pis-apis bon bèndi sias | otomobil gêdhe cilik ||

8. ana kang nunggang turangga | rina wêngi wong nonton tanpa sêpi | saya akèh lamun dalu | lir dhawêt anèng wadhah | wanci pukul sanga kangjêng sang aprabu | miyos marang sakatenan | nitih motor angubêngi ||

9. kabèh marga linangkungan | sakalihan lan kangjêng pramèswari | priyantun [pri...]

--- 4: 48 ---

[...yantun] dalêm tan kantun | giliran kang tut wuntat | ugi sami anitih motor nèng pungkur | abdi dalêm nyai lurah | lan kênya puspita ngiring ||

10. dene abdi dalêm priya | myang dragundêr sami numpak turanggi | ing ngarsa miwah ing pungkur | ana kang dhèrèk dharat | ngrompol ngumpul sakănca nèng alun-alun | ngawasakên sri narendra | yèn motor wus tan lumaris ||

11. abdi dalêm ingkang dharat | sami majêng anyêlak kanan kering | sudhiya lamun dèn utus | mring toko atêtumbas | mundhut barang sakarsa dalêm sang prabu | miwah jêng narpadayita | anuding panèwu mantri ||

12. kanthi kaliwon pêthilan | kang kinarsan andhèrèk aningali | mangkono ing sabên dalu | sajrone sakatenan | lamun sampun pukul kalih wêlas kondur | marang sajêroning pura | para priya kang umiring ||

13. sawuse pasrah ampilan | samya bali mring sakatenan malih | sapêngkêr dalêm sang prabu | wong nonton rada suda | nanging bango toko nora nana tutup | padhange maksih sumêblak | saka diyane èliktris ||

14. kang bali mring sakatenan | urut marga sambèn rêrasan ririh | Ngabèi Kartaprajèku | mangkana sabdanira | ing sajrone mau andhèrèk anggrubyug | angrungu pawarta cêtha | yèn sang nata [na...]

--- 4: 49 ---

[...ta] animbali ||

15. pêpatih dalêm Ngayogya | Jêng Pangeran Ariya Adipati | Danurêja kanthinipun | para bupati ingkang | samyandhèrèk duk rawuh dalêm sang prabu | sampeyan dalêm Jêng Sultan | nèng Surakarta nagari ||

16. mangsuli Wăngsasarsana | mantrimuka Ngayogya dèn timbali | mring Surakarta puniku | punapa wigatinya | amangsuli alon rewangira muwus | mênggah ing pamirêng kula | milane dipun timbali ||

17. nalika dhèrèk sang nata | ing Ngayogyakarta rawuh ing ngriki | pêpatih dalêm sang prabu | Ngayogya Surakarta | lan bupati kang andhèrèk myang kang mêthuk | sadaya sami ginambar | munggwèng sajêroning puri ||

18. ananging panggambarira | duk samantên kawarti datan dadi | katingalan sami bubur | tan cêtha tinupiksa | dadya gêla galih dalêm jêng sang prabu | mila sami tinimbalan | mangkyarsa ginambar malih ||

19. Ngabèi Wăngsasarsana | inggih lêrês karsa dalêm sang aji | awit ing sadayanipun | gambar sorot punika | dadya tăndha kaananira satuhu | măngka [măng...]

--- 4: 50 ---

[...ka] kang sampun tan cêtha | lêrês lamun pining kalih ||

20. nêngna kang sami rêrasan | kawuwusa ri Ngahat tanggal kaping | sanga maksih wulan Mulut | nênggih sajroning pura | bangsal-bangsal wus rêsik lir sabênipun | palataran ngilak-ilak | sanandrawina gumrining ||

21. paningrat sana sewaka | ing parasdya sampun dipun gêlari | babut biru sêkar wungu | jarambah kabèh kambah | têngah lêrês radi mangilèn pan sinung | plênggahan dalêm sajuga | kursi paradan ingukir ||

22. kinasuran dhamas seta | myang sendhenanira êmpuk cinuki | ngandhap kursi bangku suku | kanan kering plênggahan | sinung kênap marmêr ijo bundêr alus | kapering kering kêcohan | barlin sinangling lir rukmi ||

23. paningrat wetan sewaka | dèn tatani kêcohan kalih larik | lumujur mujur mangidul | têngah lêrês ginodhag | kanan kering sab kalih ngarsa ing pungkur | sathèrèk kêcohan pănca | dadya nyadasa sasisih ||

24. jroning sasanandrawina | kang iring lèr sampun dipun tatani | pradăngga Kiyai Kaduk- | manis lan Manisrêngga | gong Kiyai Paradhah sasisihipun | nama Kyai Alundrêsa | kêkah gayore cèt abrit ||

25. tinitih dwi naga raja | sirah manglung mangap jih wana kèksi | rangah udata myang siyung | andik netra waspada |

--- 4: 51 ---

sisik sêsêg mangkorog pinarada byur | adu pêthit mulêt cakra | lir sara Hyang Wisnumurti ||

26. sarêng wus wanci jam sanga | pra niyaga kasêpuhan sumiwi | wirasmara lawan badhut | talèdhèk sampun pêpak | mapan nyêlak găngsa kang tinata wau | anyêkêl tabuh gya munya | gêndhing gêdhe solan-salin ||

27. jam sadasa kang sumewa | sampun wiwit malêbêt marang puri | ondêr mayor Dyan Mas Mênggung | Wiryadiningrat sarta | kaliwone panèwu mantri rèhipun | urdênas lurah mangandhap | tuwin Rahadèn Ngabèi ||

28. Wignyadipura sakănca | kadipatèn jêro pandayan panji | ranan lan gindês tan kantun | panèwu mantri lurah | bêkêl jajar ing kadipatèn supênuh | panèwu mantri pêthilan | manganggo lir Sênèn Kêmis ||

29. mung kaot kuluke krêsna | ing sagolong-golongan nunggal linggih | prajurit jêro kang tungguk | kabèh tan ana kurang | gêgiliran ingkang sêkèl wah puniku | anèng tritising paningrat | satêngah jam dèn gêntèni ||

30. jibêg kêbak ing plataran | agêng alit sadaya wus sumiwi | pra pangeran narpasunu | lan pangeran santana | riya nginggil anunggil pisowanipun | nèng èmpèr untarasana | pangagêmanira sami ||

31. dhêstharan rasukanira | langênarjan cêmêng anyamping bathik | paningsêt [paning...]

--- 4: 52 ---

[...sêt] èpèk pinatut | wangkingan răngka ladrang | kandêlan mas suwasa lugas myang sêlut | jêjêran ginêbêg gilap | kabèh ngrêsêpake ati ||

32. ing srimanganti winarna | pan kajawi kang caos wêwah malih | nênggih radèn mas puniku | Arya Purwadiningrat | Dyan Mas Arya Yudanagarantuk dhawuh | sakarone kinèn sowan | anduduk nèng srimanganti ||

84. Mêgatruh

1. kunêng ingkang wus sami anèng kadhatun | mangsuli ing wanci enjing | sayakti sarêng ing laku | carita kinarya gênti | ing Ngayogya winiraos ||

2. kapatihan sang nindyamantri sarêng wus | tampi dhawuh dalêm aji | sampeyan dalêm Sinuhun | Kangjêng Sultan anglilani | galih dalêm sangêt condhong ||

3. dera arsa sowan mring Surakartèku | sri narendra kang nimbali | ya ta ing ari puniku | Jêng Pangran Arya Dipati | Danurêja sampun dandos ||

4. nulya lênggah ing pandhapi sang nindya nung | majêng kang arsa umiring | nênggih Rahadèn Tumênggung | Brăngtakusuma bupati | kaparak têngên rèh jêro ||

5. Dyan Tumênggung Danuadiningrat tumut | bupati bumija jawi | têngên lurah lênggahipun | lan malih lurah prajurit | bupati kumêndhan mayor ||

6. Dyan Tumênggung Purbanêgara sinêbut | pangagêmanira sami | kadya duk dhèrèk sang prabu | Jêng Sultan martuwi maring | Surakarta

--- 4: 53 ---

Sri Karongron ||

7. tan adangu nuli kareta umaju | cumawis kilèn pandhapi | lan ampilanira sampun | pêpak kang badhe umiring | sasmita gya têdhak alon ||

8. nitih kreta lawan wau pra tumênggung | miwah ingkang ngampil-ampil | nèng kusiran songsongipun | kreta agêm myang pangiring | lumaris pamedan ngulon ||

9. nêkuk ngalor sapraptanirèng marga gung | kareta lumaris aris | ing sêmu nora kasusu | panarik turangga tèji | sarakit anjojrog alon ||

10. menggok ngulon prapta sêtatsiun Tugu | mandhap saking kreta nuli | malêbèng wahkamêr sagung | lêlênggahan sawatawis | myarsa têngararsa bodhol ||

11. nulya sami minggah mring kareta sêpur | jroning wagon nomêr siji | dene ta pangiringipun | sami numpak nomêr kalih | sumawana sakèhing wong ||

12. ingkang arsa nunggang sêpur nomêr têlu | suk-êsukan rêbut dhisik | ing wuri pating garubyug | kasusu watir yèn kèri | nyangking nyunggi bopong gendhong ||

13. wus lumêbu kabèh kang lawang tinutup | kondhèkture nyasmitani | yèn panatanira rampung | masinis tanggap nampani | ploit munya sru sumênthot ||

14. nuli mangkat kang sêpur jam pitu esuk | luwih sèkêt siji mênit | lir adating lampahipun |

--- 4: 54 ---

sabên haltê dèn êndhêgi | myang sêtatsiun akèh wong ||

15. mudhun nunggang tanpa lèrèn pra kondhèktur | dènira aniti karcis | nomêr siji loro têlu | angguntingi anampani | saka wong tuwa myang anom ||

85. Sinom

1. nêngna kang wus winursita | carita kinarya gênti | ing sêtatsiun Balapan | wanci pukul sanga enjing | Jêng Radèn Adipati | Sasradiningrat wus rawuh | lênggah munggwèng wahkamar | ampilanira tut wuri | pakêcohan alit myang lopak-lopak mas ||

2. tlêmpak sajuga jêjêran | timaha sinulam rukmi | sabêt dhègên balongsong mas | songsong sajuga tan kari | kang ngampil kalung samir | pareanom gombyok catur | ingkang cakêt alênggah | kumêndhanirèng prajurit | Pangran Kolnèl Ariya Purbanagara ||

3. lan wadana bêkêl jaba | bupati sèwu kang nami | Radèn Mas Ariya Surya- | nagara kalawan malih | bupati gêdhong kering | anama Radèn Tumênggung | Jayanagara sarta | wadananira pulisi | sira Radèn Tumênggung Kartanagara ||

4. kalawan kaliwonira | puniku Radèn Ngabèi | Kartawadana tut wuntat | kliwon mantri anom nunggil | nama Radèn Ngabèi | Nitipura pêrak lungguh | wau kang wus winarna | pangagêmanira sami | lir duk mêthuk sampeyan dalêm [da...]

--- 4: 55 ---

[...lêm] Jêng Sultan ||

5. musthikèng Ngayogyakarta | nalika rawuh martuwi | mring kadhaton Surakarta | marmane punika sami | ngagêm rasukan putih | atela kinanji alus | ya ta uyêging janma | jalwèstri kinèn sumingkir | ayya cêdhak lan ril kang kinarya marga ||

6. têngara sampun kapyarsa | ploite munya sumênthit | tan adangu katingalan | sêpur wus lumaku rindhik | gya mandhêg nèng taritis | taritis lèr sêtatsiun | kang nitih sami mandhap | Jêng Pangran Arya Dipati | Danurêja lan pra bupati Ngayogya ||

7. sasampunira ngalêmpak | wau ingkang lagya prapti | têmpuhing paningal sigra | Jêng Pangran Arya Dipati | Danurêja wus panggih | lawan risang mantringayun | Jêng Radyan Adipatya | Sasradiningrat nanggapi | nyêlak nuli tangkêban asta salaman ||

8. bagya-binagya raharja | lawan pangandika manis | sawusnya sang mantrimuka | kolonèl kumêndhan tuwin | sagung para bupati | kang sami wontên ing ngriku | Ngayogya Surakarta | sampun sêsalaman sami | nuli lênggah munggwèng wahkamêr sakêdhap ||

9. sêsêmbèn tanya-tinanya | kangjêng radèn adipati | alon ngandika kakang mas | Suryanagara punapi | kareta wus cumawis | kang dinangu matur sampun | nuli malih ngandika |

--- 4: 56 ---

mring tamu dèn ancarani | bidhal saking sêtatsiun nitih kreta ||

10. datan winarna ing marga | ing resdhenan sampun prapti | sadaya angabyantara | kangjêng tuwan anganthuki | majêng agênti-gênti | têtabean urut sêpuh | rampung gya ingancaran | sadayanira nèng kursi | wus sakeca dènnya sami tata lênggah ||

11. nênggih sampun sawatara | Pangran Arya Adipati | Danurêja matur marang | Jêng Tuwan Residhèn pan Wig | ngaturkên tabe saking | Sampeyan Dalêm Sang Prabu | Sinuhun Kangjêng Sultan | miwah kangjêng pramèswari | saha putra sadaya mugi katura ||

12. lan ingkang tabe Jêng Tuwan | Residhèn Ngayogya nagri | kaatura ing paduka | mangsuli tarima kasih | lan manggut sêmu manis | jêng tuwan residhèn dangu | punapa Kangjêng Sultan | sagarwa putra basuki | aturira sadaya sami raharja ||

13. sawusira sinugata | Kangjêng Radèn Adipati | Sasradiningrat pamitan | lamun jêng tuwan nglilani | tamu punika sami | kairit manjing kadhatun | sumewa sri narendra | wangsulanira prayogi | gya jumênêng majêng sami têtabean ||

14. pêpatih dalêm Ngayogya | duk nyêlak dipun dhawuhi | ing paduka kangjêng tuwan | yèn wangsul praptèng nagari | Ngalogyakarta[6] mugi | angaturna tabenipun |

--- 4: 57 ---

kaatur Kangjêng Sultan | lan sagarwa putra tuwin | mring Jêng Tuwan Bèi Pèt Resdhèn Ngayogya ||

15. sandika kang dhinawuhan | mundur ing wuri nyambêti | waradin dènnya tabean | manggut sadaya ngurmati | wus mandhap saking galdri | nitih kareta lir wau | mangkat andhêku urmat | mring kangjêng tuwan kang kari | amangsuli kumalawe ingkang asta ||

16. laju lampahing kareta | urut angêbaki margi | cinêkak caritanira | wus dumugi srimanganti | kangjêng sang nindyamantri | sakalihan lênggahipun | jèjèr apapak rampak | dene kang para bupati | Surakarta Yogyakarta sêsêlingan ||

17. Pangeran Kolonèl Arya | Purbanagara sumiwi | anèng srimanganti wetan | kaadhêp para prajurit | mayor kapitan upsir | sêrsan kopral saradhadhu | kang caos ri punika | jangkêp tan ana kang pamit | sawusira satata dènira sowan ||

18. kangjêng radèn adipatya | dhawuh mring bêkêl bupati | kinèn sigra amêlingna | wadana èstri kang tampi | sandika kang tinuding | mêlingakên nyi tumênggung | wus mêdal lênggah nyêlak | ing ngarsa sang nindyamantri | dhinawuhan saosa unjuk sang nata ||

19. yèn adhi mas Adipatya | Danurêja wus sumiwi | lan pra bupati Ngayogya | ingkang padha

--- 4: 58 ---

dèn timbali | kabèh nèng srimanganti | sandika nyai tumênggung | laju malêbèng pura | sapungkure kang winêling | têdhan dalêm wedang tèh kopi pêrêsan ||

20. cangkir binèri salaka | urut lajuran lumaris | saking gêdhong kridhawaya | mêdal marang srimanganti | iku ingkang ngladèni | lurah punakawanipun | lawan Pangeran Arya | Purbanagara sinami | wurinira punakawan rêngga pura ||

21. ngladèni para bupatya | puniku ingkang sumiwi | ngunjuk paring dalêm wedang | sadaya sampun waradin | kang sowan jroning puri | pra pangeran riya dhuwur | uga wus pinaringan | wedang ingkang angladèni | punakawan sewaka sakanthinira ||

86. Kinanthi

1. ya ta wau nyi tumênggung | ingkang sampun anampèni | atur palapuranira | kangjêng radèn adipati | laju kewala lampahnya | mangilèn ingkang tut wuri ||

2. nyai lurah ngiring pungkur | samana kangjêng sang aji | lênggah kamar padandosan | ing madusuka gumrining | nyai tumênggung wus prapta | wotsari aturira ris ||

3. ngunjukkên lapuranipun | wrăngkendra atur upaksi | pêpatih dalêm Ngayogya | samangke sampun sumiwi | lawan panunggilanira | sami wontên srimanganti ||

4. dhawuh dalêm sang aprabu | kabèh warahên umanjing |

--- 4: 59 ---

mring pura banju[7] ginambar | kadi duk ramaji prapti | nêmbah mundur alon mêdal | dhawuhkên timbalan aji ||

5. wau ta sang tampi dhawuh | linggar saking srimanganti | laju malbèng jroning pura | Kangjêng Radèn Adipati | Sasradiningrat nèng ngarsa | lumaris dadya pangirit ||

6. prapta nataring kadhatun | găngsa Kyai Kadukmanis | munya gêndhing rarasmaya | ginerong dipun sindhèni | gêtas rênyah muluh rêmak | anunggal larasing gêndhing ||

7. kapiyarsa nganyut-anyut | nyut kenyut mêmênyêt ati | atilas arising raras | rurus barès swara ririh | sasorah sarèh angarah | murih ing rèh ngarih-arih ||

8. mring kang malêbèng kadhatun | têtêp tatrape ngêtrêpi | tata susila noraga | parikramane ngurmati | pura sasananing nata | batuwah ing nguni-uni ||

9. nênggih wau lampahipun | kangjêng sang anindyamantri | tuwin kolonèl kumêndhan | sumawana pra bupati | laju sowan nèng paningrat | paningrat wetan pandhapi ||

10. sasana andrawinèku | tumuli sira Ngabèi | Prajadirja sakancanya | alon sami angusungi | pirantining panggambaran | sadaya sampun cumawis ||

11. ya ta Rahadèn Tumênggung | Jayanagara mrayogi | rênggang rêngkêding alênggah | miturut kang dèn aturi | majêng mangetan [mangeta...]

--- 4: 60 ---

[...n] sadaya | dèn êmat sampun pakolih ||

12. rampung ing panggambaripun | kangjêng radèn adipati | kalawan wau sadaya | kang sampun ginambar sami | mingsêr dènira alênggah | majêng mangilèn mastuti ||

13. nênggih tan pantara dangu | wiyos dalêm jêng sang aji | saking jroning prabayasa | pradăngga munya ngurmati | gêndhing srikaton araras | sampyêng panabuhe ririh ||

14. wus lênggah kangjêng sang prabu | ing kursi ingkang dèn ukir | munggwèng sasana parasdya | ampilan dalêm umiring | dus lan kêcohan kancana | tinarètès sêsotyadi ||

15. tamèng myang sabêt tan kantun | ingkang ngampil kalung samir | suwuk pradăngga kang urmat | wimbuh pêpathêtan lirih | ngalela kangjêng sang nata | saking mandrawa kaèksi ||

16. pangagêman dalêm prabu | dhêstharan nyamping sinawit | sêsêratan cêplok karna | singsêt paningsêt mur wilis | numpang kapara mangandhap | èpèk baludru kêtangi ||

17. binalodir pinggir têpung | untu walang binalênggi | gim kêlêm barintik gilap | lur bêrji wijang sumaji | katimang dhapur gandhosan | barleyan sinilih asih ||

18. mirah kalawan jumêrut | karsèt myang èrloji rukmi | arasukan langênarjan | taliko cêmêng sinêtik | ing janggan miwah ing jaja | rinangkêp baludru langking ||

19. kamejan seta krah dhudhuk | sumangsang [su...]

--- 4: 61 ---

[...mangsang] kumandhur rukmi | mèt dhêstèr in dhê ordhê pan | hèndrik dhê leyo bronsuwig | pita rêta sèrèt jênar | ing jaja kering kaèksi ||

20. angagêm plaging kumandhur | Nèdêrlan sêleyo pèni | cêlak taliban rasukan | ing nginggil mawi pulitig | pitèng bintang dhubêlên dhrag | tumali lir dhasi alit ||

21. canela baludru biru | sêdhêngan tan pati jinjing | sinulam bênang sayebang | lan ijo estha ron sari | sarupa mubêt rumambat | kabotan anggubêt ing wit ||

22. wangkingan dalêm puniku | kang kagêm nama Jêng Kyai | Sihtankatêr răngka ladrang | timaha ran macan kaping | sêlut byur rêtna barleyan | kandêlan kêmalon abrit ||

23. salorok pasèt intên byur | lênggah dalêm sawatawis | angawe asta sasmita | nimbali wadana èstri | nyai tumênggung mangarsa | wotsari kadanan ing sih ||

87. Asmaradana

1. anuli dipun dhawuhi | nimbali sang mantrimuka | majêng mring ngarsa sang katong | dene kolonèl kumandhan | Arya Purbanagara | lan wau para tumênggung | kang sami mêntas ginambar ||

2. laju sumiwia munggwing | paningrat wetan sasana | sewaka pandhapa gêdhe | nyai tumênggung wotsêkar | alon ing undurira | marang paningrat wus pangguh | lawan risang mantrimuka ||

3. Kangjêng Radèn Adipati | Sasradiningrat [Sasradi...]

--- 4: 62 ---

[...ningrat] sawusnya | tampi dhawuh dalêm katong | andhêku matur sandika | wus sami lumaksana | sakalihan sang nindya nung | laju ngabyantara nata ||

4. lampah bocong mangastuti | wus ingawe nuli nyêlak | sakalihan lênggah jèjèr | nèng kering Pangeran Arya | Dipati Danurêja | pêpatih dalêm sang prabu | ing Surakarta nèng kanan ||

5. tata trapsila sumiwi | wusnya ngaso sawatara | andangu kangjêng sang katong | Sasradiningrat arinta | Dipati Danurêja | têka ana sêtatsiun | Balapan mau jam pira ||

6. kang dinangu awotsari | sarèh aturira cêtha | kawula nuwun sang katong | abdi dalêm dhimas Arya | Dipati Danurêja | dhatêng wontên sêtatsiun | ngajêngakên jam sadasa ||

7. sri nata ngandika malih | Danurêja lakunira | sakancamu slamêt kabèh | pêpatih dalêm Ngayogya | sigra dènira nêmbah | umatur kawula nuwun | pangèstu dalêm sang nata ||

8. sadaya sami basuki | sang nata malih ngandika | rama prabu ing samêngko | apa padha kasugêngan | ibu narpadayita | rama-rama myang pra sunu | apa ta iya raharja ||

9. sang nindyamantri wotsari | kula [ku...]

--- 4: 63 ---

[...la] nuwun sapunika | rama dalêm jêng sang katong | jêng pramèswari lan putra | sami sugêng sadaya | malih ngandika sang prabu | mring jêng radyan adipatya ||

10. mangkana sabdaning aji | sira lawan arinira | myang bocah wadana kabèh | mau kang padha ginambar | ana paningrat wetan | kapriye mungguh kiramu | apa dadi kabênêran ||

11. nora bubur kaya kang wis | Jêng Radyan Dipati Sasra- | diningrat matur wotsinom | kula nuwun kintên amba | manawi kalêrêsan | botên kados ingkang sampun | mèsêm kangjêng sri narendra ||

12. sarwi angandika aris | sapa mau ingkang gambar | kang dinangu matur alon | Kangjêng Radèn Adipatya | Sasradiningrat nêmbah | kula nuwun pun Tumênggung | Jayanagara kang gambar ||

13. nênggih sampun sawatawis | dènira sami ngandikan | wau ta kangjêng sang katong | dhawuh sakalihanira | kinon sami mêdala | mundur saking ngarsa prabu | matur sandika wotsêkar ||

14. sang nindyamantri wus mijil | wangsul marang srimangantya | kang nèng paningrat andhèrèk | găngsa Kyai Manisrêngga | munya gleyong gêndhingnya | tata sumewa lir wau | nulya sami pinaringan ||

15. mêminuman kêras [kêra...]

--- 4: 64 ---

[...s] aris | gasius lan banyu Lănda | anggur-anggur sêsamine | toya aès parongkolan | waradin linadosan | punapadene sês srutu | papak myang lincip warata ||

16. sumawana jroning puri | sanggyaning para pangeran | riya nginggil ngunjuk kabèh | nênggih sampun sawatara | sri nata nulya jêngkar | kondur malêbèng kadhatun | pradăngga urmat lir adad ||

17. bibaran para sumiwi | miwah kang nèng srimangantya | sampun mundur sadayane | laju marang kapatihan | alênggah nèng pandhapa | malih sinugata ngunjuk | mêminuman warna-warna ||

18. sajroning lênggah pandhapi | mawi lêlangên pradăngga | gêgêntenan sêtrik orkès | wus wanci jam kalih siyang | laju sami bujana | nèng panti wibawa nutug | wus dumugi dènnya dhahar ||

19. wangsul lênggah ing pandhapi | nênggih namung sawatara | yyang surya lumarap sore | ya ta Jêng Pangeran Arya | Dipati Danurêja | nyuwun pamit arsa kondur | marang nagari Ngayogya ||

20. apan sampun dèn lilani | nulya tundhuk sêsalaman | sami majêng gêntos-gêntos | bage-binage raharja | rampung gya nitih kreta | mangkat marang sêtatsiun | para bupati tut wuntat ||

21. Kangjêng Radèn Adipati | Sasradiningrat dènira | anguntapakên tamune | amung nèng ngèmpèr pandhapa | dene para

--- 4: 65 ---

wadana | ing Surakarta tumuntur | mring sêtatsiun Balapan ||

22. rawuh lênggah sawatawis | wus cumêpak ponang kreta | kareta sêpur lastê trèn | têngara sampun kapyarsa | loncèng tinabuh tiga | ya ta risang arsa kondur | pining kalih sêsalaman ||

23. lan sagung para bupati | wau kang sami tut wuntat | anguntapakên kondure | jêng mantrimuka Ngayogya | miwah sapangiringnya | wus sami anitih sêpur | enggaling carita mangkat ||

24. dumugi Ngayogya nagri | samya kondur sowang-sowang | baya karaos sayahe | sadina nèng Surakarta | kunêng ganti winarna | wau ta ingkang winuwus | lir paksi angguladrawa ||

88. Dhandhanggula

1. kawuwusa tanggalira kaping | 12 lèk Rabingulawal | nunggal warsa Rêbo Wage | yèku garêbêg Mulud | sri narendra miyos tinangkil | lênggah dhampar kancana | munggyèng sitiluhur | ginarbêg ing upacara | myang kaprabon dalêm sadaya umijil | lir adat miyos bakda ||

2. Kangjêng Tuwan Residhèn Ge pan Wig | para tuwan militèr amtênar | lan ir mradika sêdene | kapala Arab tumut | mayor litnan Tyonghowa tuwin | Jêng Pangran Dipatyarya | Mangkunagara wus | sowan sasêntananira | narpaputra santanabdi agêng alit | jaba jro miwah desa ||

3. ing sana sumewa [su...]

--- 4: 66 ---

[...mewa] kang sumiwi | pêpatih dalêm sarta wadana | sapangisor pêpak kabèh | ngalun-alun lor pênuh | kang sumewa lan kang ningali | găngsa sapăntha-păntha | bandera lêlayu | umbul-umbul lêlajuran | bango-bango toko sakatenan maksih | gumêlar durung bubar ||

4. wiyos dalêm pakurmatan sami | lan nalika grêbêg wulan Bêsar | miwah sapangagêmane | kaote wulan Mulut | sri narendra ingkang winangking | jêng kyagêng panjênêngan | pusaka kang sêpuh | ampilan waos blandaran | Jêng Kyai Gêng Baru talêmpak Jêng Kyai | Karawêlang towoknya ||

5. Jêng Kiyai Maesakumali | gonging monggang nama Kyai Surak | mangko kalamun muni drèl | dèn gongi mriyêm agung | iku ingkang nama Kiyai | Suhbrastha lan Sagara- | wana suwara sru | lir balêdhèg sasra munya | gumalêgêr nganti ngontragake bumi | jumêglug marang dhadha ||

6. panyumêde amung salah siji | mriyêm gêdhe êndi ingkang tămpa | mangkono ing salawase | lan malih kaotipun | lamun malêm bakda ing srambi | masjid Gêdhe sawusnya | ngisa dyan pangulu | seba lan kêtip ngulama | modin juru suranata juru kunci | pradikan pra mutihan ||

7. jro nagara lan desa sumiwi | kaji pasisir măncanagara | samya têka marlokake | bêkti [bê...]

--- 4: 67 ---

[...kti] maca Maulud | tilawatil Kuran myang ratip | tahlil dikir andonga | ing Gusti Hyang Agung | wêwaha rahmating Tuwan | lan salamêt ingatasing Kangjêng Nabi | Mukamad Rasullullah ||

8. salalahu ngalaisalami | para kaji atusan kang seba | nèng surambi masjid Gêdhe | duk wau siyang sampun | dèn paringi salawat dhuwit | saking kangjêng sang nata | waradin dipun dum | siji kaji rong rupiyah | sabên sasi Mulud paring dalêm masthi | 2000 rupiyah ||

9. kang maringakên slawat mring kaji | iku wadananing gêdhong kiwa | lawan gêdhong têngên gêntèn | samulud edhang maju | lan kancane mung sawatawis | pandume binantonan | kăncaniti mèlu | para pulisi rumêksa | nèng surambi pambagene mawa karcis | mrih cêtha kang wus tămpa ||

10. wêngine gya seba ing surambi | tanpa sêla papan kaèbêkan | linggih jèjèr thèrèk-thèrèk | mangsuli siyangipun | ing sitinggil duk wau enjing | găngsa sakatèn minggah | marang sitiluhur | tinata nèng sewayana | kang iring lor sawurine pra sumiwi | mranti niyaga pêpak ||

11. sami sumping oncenan malathi | pucuk capaka ing kering kanan | pantês salobog dodote | wuse gunungan mêtu | saêntèke dipun sambungi | kagungan dalêm găngsa | sakatèn pinikul | sauruting [sau...]

--- 4: 68 ---

[...ruting] marga munya | gêndhing rambu wangsul marang masjid malih | tut wuri ing gunungan ||

12. lênggah dalêm kangjêng narapati | siniwaka munggwèng sitibêntar | sawuse andhawuhake | wilujêng dalêm prabu | sapiturutira kundhisi | sanggyaning pakurmatan | sadaya wus rampung | nênggih enggaling carita | sri narendra gya kondur angênyapuri | bibaran pra sumewa ||

13. palênggahan sampun dèn usungi | dene bango toko sêsadean | kang anèng alun-alun lèr | pan durung ana kukud | kongsi prapta ri Ngahat enjing | tanggal kaping nêmbêlas | maksih wulan Mulud | iku lagi padha bubar | ngalun-alun rêsik wus tan ana kari | bango-bango rinucat ||

14. kyèhning jalma jalu lawan èstri | gêdhe cilik pan padha kewala | lamun wus bubar sakatèn | lam-lamên jroning kalbu | saka mêntas pijêr palêsir | kulintong ngenggar-enggar | anèng alun-alun | para taruna kang brêgas | dhasar nyandhang anyar nganggo sugih dhuwit | banjur angumbar karsa ||

15. arsa nyandhak mring wosing wong urip | rong prakara yèku kalam dakar | kalam dikir kapindhone | kalam dakar liripun | anutugi rasaning ati | mrih rarasing asmara | turida rinasuk | sêsak ingêsuk tan rusak | pra wanita pating talenok ningali | marang ing sakatenan ||

--- 4: 69 ---

16. paran baya dènira nyabili | yèn pra mudha miyat kang mangkana | dhasar dèn dhèhèmi nolèh | adhuh sayêkti wimbuh | giranging tyas cangkelak bali | nututi atut wuntat | mring risang mawèh kung | wiraga malimping basa | sarwi sisi dèn tadhahi kacu putih | wangi ambune ngambar ||

17. kapindhone aran kalam dikir | yèku ilating manusa tansah | amung kudu ngrasakake | kang enak mangan nginum | kang tan enak pasthi dèn mohi | mangkono ing agêsang | adat watêkipun | măngka ta ing sakatenan | mèh saengga tanpa cuwa kang kinapti | gumêlar rajah tamah ||

18. warna-warna kang arsa binukti | cara Jawa Lănda Cina Arab | pêpak nyêpak minumane | rêsik wadhahe patut | nganggo manggon panggonan bêcik | priye dènira nora | anutugi kayun | mung janji anggembol arta | ingkang sobèk nêmpuh byat nglimang sukoni | ngrêrêpa utang sêlang ||

19. tan rinasa nadyan anikêli | panyauring utang miwah sewan | mung janji klakon sêdyane | nonton mring alun-alun | lamun nuju sakatèn muni | sabdane mupung gêsang | mrih sukaning kalbu | mangkono iku wus lumrah | para mudha kurang duga kaduk wani | durung bisa kumambang ||

89. Maskumambang

1. ri Jumungah enjing nuju tanggal kaping | 14 wulan | Rabinguawal [Rabingua...]

--- 4: 70 ---

[...wal] marêngi | Alip nunggil ingkang warsa ||

2. kaliwon kang saos wontên srimanganti | ing dintên punika | nampèni telepun saking | pangrèh praja kapatihan ||

3. canthèl unjuk konjuk kangjêng sri bupati | yèn sang mantrimuka | tampi sêrat tilgram saking | warăngka nata Ngayogya ||

4. ngaturi uninga kala wau ratri | ing wanci jam 9 | jêng gusti pangran dipati | ing Ngayogyakarta seda ||

5. ingkang dados jalaran gêrah dhesêntri | wus antawis wulan | gêrahe jêng narpasiwi | saya nglayung têmah seda ||

6. dene angkatipun layon mangke wanci | jam 11 siyang | salajêngipun supadi | konjuk kauningan nata ||

7. borongakên nyai tumênggung kang tampi | suraosing tilgram | wus konjuk jêng sri bupati | sangêt kagèting wardaya ||

8. nulyandhawuhakên dhatêng srimanganti | mêdal Nyai Sêca- | dipura dhawuhing aji | dhumatêng ing kapatihan ||

9. dhawuh dalêm dikakakên amangsuli | dhumatêng Ngayogya | sarèhne kangjêng sang aji | ing panggalih tan kacêkap ||

10. dados dèrèng sagêd utusan sang aji | nglayat mring Ngayogya | wus dèn dhawuhkên tumuli | mêdal tilpun amrih rancag ||

11. sanalika kangjêng radèn adipati | amangsuli tilgram | dhatêng Ngayogya nagari | suraos lir dhawuh

--- 4: 71 ---

nata ||

12. ya ta tanggal kaping 22 maksih | nunggal wulan ngarsa | Jêng Tuwan Residhèn pan Wig | malêbêt mring dhatulaya ||

13. angirit tuwan ministêr ègsêlèngsi | ing praja Nèdêrlan | kang wontên nagari Peking | tuwan wau sakalihan ||

14. lawan nyonyahipun sowan jêng sang aji | wontên ing parasdya | putra putri dalêm sami | sowan manggihi sadaya ||

15. para kangjêng pangran lan riya pandhapi | samya kanigaran | wadana kaliwon tuwin | riya mayor kaptin litnan ||

16. panèwu mantri pêthilan angladosi | punakawan Rêngga- | pura ugi angladosi | kagungan dalêm pradăngga ||

17. sêtrik orkès musik sowan angurmati | lêlangên jro pura | badhayan wirengan sami | bêksa namung sarambahan ||

18. sajroning lêlangên sugata mangarsi | pangunjukan wedang | cangkir pruslin tutup rukmi | komplit sabèrine pisan ||

19. sawusira gya srutu manjung mangarsi | tinungka inuman | sakarsane sang sêdyapti | pangunjukan warna-warna ||

20. sampeyan dalêm sang nata amaringi | tungkat pênthol êmas | lan gambar salon sarakit | mring tuwan tamu punika ||

21. sabibaring badhayan jêng sri bupati | têdhak marang Arga- | pura lan tamu mriksani | kaananing Argapura ||

22. risang tamu nulya tèkên mratandhani | yèn [yè...]

--- 4: 72 ---

[...n] sampun uninga | ing Argapura jro puri | lajêng wangsul mring parasdya ||

23. wus antara dangu dènira martami | sang tamu pamitan | sri narendra anglilani | jro pura lajêng bibaran ||

24. dintên Akat tanggal 30 maksih | nunggil wulan warsa | sampeyan dalêm sang aji | utusan nglayat mring Yogya ||

25. Jêng Pangeran Arya Prabuningrat tuwin | Kangjêng Pangran Purba- | diningrat lawan kang rayi | Jêng Pangran Sumadilaga ||

26. Jêng Pangeran Mangkudiningrat lan malih | Jêng Pangeran Arya | Prabuwinata nyambêti | Dara Pangran Sindusena ||

27. lan Bandara Pangran Panji Singasari | Dyan Mas Arya Brata- | diningrat riya pandhapi | Dyan Mas Arya Sumaningrat ||

28. samya nitih sêpur tan adangu prapti | ing Ngayogyakarta | sadaya manjing jro puri | sowan marang Kangjêng Sultan ||

29. munjuk dèn utus ngaturkên salam taklim | kang putra sri nata | sangêt pangunguning galih | tan lyan mung bela sungkawa ||

30. ing wasana sangêt dènira mêmuji | mring sang nêmbe seda | manggiha sawarga luwih | dene kang sami tinilar ||

31. amanggiha gêgênti sukaning galih | suka kasarasan | Kangjêng Sultan amangsuli | ingkang mangkono kabula ||

32. lajêng sadaya sami dipun ladosi | wedang lan inuman | sigarèt srutu waradin | wus sami ngunjuk sadaya ||

--- 4: 73 ---

33. Kangjêng Pangran Arya Prabuningrat pamit | marang Kangjêng Sultan | linilan gya sami mijil | wangsul dhatêng Surakarta ||

34. lajêng munjuk ing kangjêng sri narapati | sakrèhing dinuta | dhawuh dalêm jêng sang aji | kalilan ngaso sadaya ||

35. nêngna para kangjêng pangeran kang sami | sayah mêntas nglayat | kunêng wau kang winarni | winoting sêkar sri nata ||

90. Sinom

1. ing dintên Salasa tanggal | ping kalih Rabinguakir | maksih Alip ingkang warsa | sampeyan dalêm sang aji | nampèni tamu saking | nagri Cina sinambat rum | sinaowèi pangkat | ministêr sowan sang aji | ingkang ngirit tuwan juru basa Kliyan ||

2. kalih Tuwan Ape nama | pasugatane mênuhi | kadya adat katamuan | lêlangên dalêm sarimpi | lan wirèng namung sami | sarambahan bêksanipun | sang tamu ingancaran | mring Argapura mriksani | wus dumugi nuli wangsul mring parasdya ||

3. sawusira sinugata | rêsêp sang tamu gya pamit | wangsul marang pamondhokan | sri narendra anglilani | wus mundur para tami | sri nata malbèng pura rum | ginarbyêg upacara | kang sowan bubaran malih | amung kari kang para saos kewala ||

4. ya ta malih kawuwusa | karsa dalêm jêng sang aji | rayi dalêm Bandara Dyan | Ayu Nataningrat nami | rèhne wun[8] tanpa swami | sampun [sampu...]

--- 4: 74 ---

[...n] seda garwanipun | dèn trimakakên marang | sira Bupati Magiri | nama Dyan Mas Ariya Căndranagara ||

5. sawusira rêmbag dadya | ya ta enjing dintên Kêmis | ing tanggal kaping sakawan | wulan warsa maksih nunggil | kangjêng sri narapati | lênggah ing pandhapa agung | madyèng sana sewaka | pêpak kang sami sumiwi | ngabyantara pra pangran putra santana ||

6. lan abdi dalêm sadaya | kangjêng sang anindyamantri | sapangandhap sampun sowan | malêbête anyarêngi | Jêng Tuwan Resdhèn pan Wig | wus satata lênggahipun | munggyèng sana sewaka | myang radèn pangulu tuwin | katip modin ngulama miwah pradikan ||

7. wus sami seba jro pura | nênggih sarêng sampun wanci | sangat waktuning paningkah | pangantèn sampun mangarsi | nulya dèn usikumi | dening rahadèn pangulu | nèng ngarsa dalêm nata | pragading paningkah nuli | sang pangantèn wus mundur mring pamondhokan ||

8. jêng tuwan resdhèn pamitan | kondur sampun dèn lilani | tan pantara dangunira | sri nata angênyapuri | bibaran pra sumiwi | dene ta pangantènipun | kalilan sakalihan | kondur marang ing Magiri | aprasasat wus tan mawi pakurmatan ||

9. amung ringkêsan kewala | kajaba kang darbe wajib | rèhning panggih dhudha răndha | marma nora dèn urmati | lir adat narpasiwi |

--- 4: 75 ---

pan amung ambujêng parlu | nênggih enggaling crita | pangantènira wus prapti | ing Magiri nêngêna tan winursita ||

10. ri Ngahat Jumadiawal | tanggal ping nêm nunggal warsi | kangjêng sri narendra têdhak | marang loji Gênêngsari | busana amantêsi | ngagêm cara Jawi lugu | wangkingan dalêm asma | Jêng Kyai Gêng Pulanggêni | nganggar Kangjêng Kyai Gêng Boji mangiwa ||

11. ampilan ingkang tut wuntat | camêthi Kangjêng Kiyai | Tanjir Suleman towoknya | Jêng Kyai Mesakumali | nênggih ingkang umiring | priyantun dalêm Dyan Ayu | Dipati Sêdhahmirah | lan priyantun dalêm malih | ingkang asma Dyan Ayu Rêtna Purnama ||

12. priyantun dalêm nèm nama | Rahadèn Asmararukmi | tuwin Rahadèn Sumarna- | rukmi puniku tan kari | nitih motor mriksani | ardi Marapi kang murup | awit wêgdal punika | beda lan kang uwis-uwis | ngalad-alad agêng ngêdalakên lahar ||

13. angidul ngulon ilinya | katon angebat-ebati | kadya grojogan pawaka | wus rawuh kangjêng sang aji | ing loji Gênêngsari | miwah sapandhèrèkipun | nênggih ingkang tut wuntat | rayi dalêm kang wêwangi | yèku Kangjêng Pangran Arya Cakraningrat ||

14. tuwin Bandara Pangeran | Purbanagara lan malih | Pangeran Arya Mataram | mantu dalêm jêng sang aji | sadhèrèk dalêm [dalê...]

--- 4: 76 ---

[...m] putri | Gusti Bandara Dyan Ayu | Purwadiningrat saha | kang rayi anama Gusti | Radèn Ayu Yudanagara lan garwa ||

15. kaliwon kang dhèrèk nama | iku Radèn Mas Ngabèi | Purwadipura kalawan | sira Rahadèn Ngabèi | Mangkudipura kanthi | Sastraukara Panèwu | kang mangkat wau enjang | numpak sêpur ngrumiyini | iku Radèn Ngabèi Bujadipura ||

16. Radèn Mas Ngabèi Jaya- | darsana Dyan Mas Ngabèi | Patmadipura sarêngnya | pêthilan panèwu mantri | pitu tuwin prajurit | inpantri wong limang puluh | têtindhihe Radèn Mas | Sumaharyana kapitin | twèdhê litnan sajuga kang atut wuntat ||

17. kabèh topine pan nama | pèlplès lan mantol tan kari | slop kaos sikêp kalewang | marsose nèng cêthik kering | ambêkta sinyal kalih | tambur kalih mawi tabuh | wau ta sri narendra | dènnya munggyèng Gênêngsari | sipêng kalih dalu tanpa sambekala ||

18. yèn dalu wusnya busana | sumawana para putri | sapandhèrèk nitih kreta | kreta montor anyêkapi | gya linggar saking loji | sawatawis têbihipun | kèndêl dhusun Nanasan | mandhap saking kreta sami | mapan munggyèng pêpunthuk ananging lêmpar ||

19. majêng mangalèr lênggahnya | mariksani ardi Mrapi | ing pucak murup mrangangah | muncrat nyalorot manginggil |

--- 4: 77 ---

lumintu tanpa uwis | mawa swara gumaludhug | dhang dhêng lir gêlap sasra | anggêrêng anggêgirisi | lahar rupa gêni umili mangandhap ||

20. kêbak saambaning jurang | mili kabanjiran gêni | ngidul ngulon paranira | ngungun kang sami ningali | jrone lênggah sang aji | lawan sanggyaning para rum | miwah kang atut wuntat | sêmbèn langên main api | ting jarêdhot swaraning mrêcon brondongan ||

21. suka sakèhning wong desa | kang sami nyêlak ningali | ana kang ngiras dodolan | ing kono lir pasar bêngi | saking kèhing wong prapti | kapiluyu myat sang prabu | ing wanci jam sawêlas | gya kondur marang ing loji | wusnya dhahar laju lêrêm munggyèng kamar ||

22. Jêng Pangeran Cakraningrat | Bandara Dyan Ayu Gusti | Yudanagara sagarwa | Pangran Purbanagarèki | sami mondhok nèng loji | ing Prambonan wismanipun | Tuwan Pingèsên nama | mantune Dhesèncê Andri | lamun siyang sang nata têdhak Prambonan ||

23. Jêng Gusti Suryadilaga | lan kang garwa rina wêngi | rawuh sumewa ramendra | sajrone nèng Gênêngsari | lamun wus bibar bukti | andhèrèk dhahar sang prabu | kondur marang Ngayogya | nitih motor wira-wiri | saking gênge trêsna sungkême mring nata ||

24. ingkang mêthuk duk sapisan | mring Pakualaman prapti | yèku ingkang darbe wisma | mêngkoni ing Gênêngsari |

--- 4: 78 ---

anama Tuwan Santi | sukèng tyas kalangkung-langkung | dene kangjêng sang nata | karsa sipêng Gênêngsari | kalih dalu enjange kondur sang nata ||

25. tan kari sadayanira | ugi nitih motor malih | Kiyai Rara Kumênyar | datan kacrita ing margi | rawuh ing Klathèn nuli | karsa angampiri iku | marang ing wismanira | sadhèrèk sang nindyamantri | Radèn Ayu Dipati Mangunkusuma ||

26. sawusira pêpanggihan | lawan sagung para putri | miwah kangjêng sri narendra | andangu raharjèng dhiri | matur langkung kapundhi | wilujêng sadayanipun | sakadar anyugata | ya ta sawusira pamit | sri narendra laju kondur mring nagara ||

27. anitih motor sadaya | urut-urutan lumaris | balêdug angampak-ampak | mulêg anêmpyok kang wuri | sami ing ngarsa wuri | rikat kadya paksi mabur | nênggih enggaling crita | samana wus rawuh puri | kunêng gantya têmbange asmaradana ||

91. Asmaradana

1. Rêbo kaping sanga sasi | anunggal warsa lan ngarsa | sampeyan dalêm sang katong | lan Jêng Ratu Pakubana | têdhak Mangkunagaran | cara Walandi sang prabu | Jendral Mayor Lènêseta ||

2. têdhak jam sadasa enjing | wiyos dalêm saking pura | sri narendra nitih motor | ingkang andhèrèk asmanya | Jêng Pangran Prabuningrat | lan kangjêng [kang...]

--- 4: 79 ---

[...jêng] pangeran iku | Purbadiningrat sagarwa ||

3. malih risang narpasiwi | Jêng Pangran Kusumayuda | lan garwa Jêng Ratu Anggèr | Jêng Pangeran Natapura | mangagêm cara Lănda | jas calana kain rumput | nèng kering sabêt larakan ||

4. kolnèl kumandhan tan kari | Pangeran Purbanagara | kaliwon ingkang andhèrèk | Radèn Mas Ngabèi Purwa- | dipura ngampil pêdhang | lan Radèn Ngabèi Mangku- | dipura nongsong sang nata ||

5. malih Radèn Mas Ngabèi | Yasadipura kalawan | Dyan Mas Ngabèi namane | Jayadarsana Radèn Mas | Ngabèi Patmapura | mantri pêthilan mung pitu | pra ordhênas numpak kapal ||

6. wus rawuh kangjêng sang aji | Jêng Gusti Mangkunagara | gupuh-gupuh mêthukake | laju ingancaran lênggah | lumados kang sugata | sawatawis lênggahipun | gya têdhak mring sakolahan ||

7. maksih sajroning capuri | capuri Mangkunagaran | ing wingking dalêm prênahe | dèn arani Purwasana | ngulon ujuring wisma | iku sakolahanipun | santana Mangkunagaran ||

8. kang maksih grad para putri | sang nata wusnya uninga | rare kang sakolah akèh | ingancaran laju lênggah | têngah ngarsa krobongan | sakalihan majêng ngidul | jêng gusti kapering kanan ||

9. sadayane lênggah kursi | wingking miwah kering kanan |

--- 4: 80 ---

para cèthi anèng ngisor | sri nata alon ngandika | kakang mas sun karênan | miyat sakolahan niku | muga tulusa raharja ||

10. jêng gusti matur kapundhi | angsala barkah narendra | lêstantuna salamine | ya ta sugata mangarsa | roti myang mêminuman | waradin sadayanipun | ingkang sami atut wuntat ||

11. sasampunira dumugi | sri naranata pamitan | jêng gusti alon ature | sangêt panuwun kawula | dene wus kalampahan | karsa nguningani rawuh | mring pamulangad[9] wanita ||

12. manggut jumênêng sang aji | sakalihan nitih kreta | kadi duk wau rawuhe | bidhal kang dhèrèk sang nata | kondur mring dhatulaya | wus rawuh sakèh rahayu | kang andhèrèk gya bibaran ||

13. ingkang kawarnaa malih | Sênèn tanggal ping patbêlas | uga nunggal lèk taune | utusan dalêm sang nata | saka ing kutha Blitar | namane ingkang dèn utus | Dyan Mas Bèi Patmapura ||

14. ing dintên puniku prapti | bêkta pundhutan narendra | warni kewan sima gembong | abdi dalêm gandhèk samya | tindhih kliwon satunggal | ingandikakakên mêthuk | ambêkta piranti pisan ||

15. sabaune ayya kari | sadaya wus sami mangkat | marang sêtatsiun Jèbrès | rampung dènnya ngupakara | binakta mring jro pura | prapta [pra...]

--- 4: 81 ---

[...pta] katur ing sang prabu | dhawuh kinèn amapana ||

16. anèng krangkèng Sriwêdari | linêbêtakên kang sima | dening abdi dalêm gandhèk | lir kênèng pangaribawa | miturut tan suwala | nênggih ing sarampungipun | bibaran kang nambutkarya ||

17. dina Ngahat tanggal kaping | 27 nunggil wulan | sampeyan dalêm sang katong | apan ta sampun busana | nyamping sawitan dhêsthar | pantês sêsêratanipun | udanriris latar krêsna ||

18. paningsêt cindhe bang sari | èpèk mêlês naman rikma | timang intên dhapur sinom | arasukan langênarjan | dhêdhasar sutra seta | sarta angagêm kumandhur | ran Yosèp pitane rêta ||

19. ing jaja kering kaèksi | kang nginggil bintang Nadêrlan[10] | têngah bintang plag pran yosèp | bintang plag mingkaèl ngandhap | pulitig bintang Cina | wangkingan dalêm sang prabu | Jêng Kyai Agêng Balabar ||

20. sampeyan kinaos abrit | apan pusprakêntin gilap | pramèswari dalêm dhèrèk | Jêng Ratu Pakubuwana | malih kang atut wuntat | priyantun dalêm Dyan Ayu | Adipati Sêdhahmirah ||

21. tuwin kang sinambat ing sih | Dyan Ayu Rêtna Purnama | Asmararukmi Rahadèn | Sumarnarukmi Rahadyan | Purnamarukmi lawan | Radèn Căndrarukmi iku | Dyan Pradaparukmi nama ||

22. malih Dyan Kiranarukmi | Jêng Ratu Alit lan garwa | Pangran Arya Matarame |

--- 4: 82 ---

Gusti Radèn Ayu Yuda- | nagara sarimbitan | nênggih wan garwanipun |[11] Ariya Yudanagara ||

23. sadhèrèk dalêm sang aji | Jêng Pangran Purbadiningrat | lan ingkang rayi asmane | Jêng Pangeran Cakraningrat | Jêng Pangran Sumayuda | kolonèl kumêndhan tumut | sirarya Purbanagara ||

24. pra wanita sawatawis | amung kang parlu kewala | Tuwan pan Sèndhên andhèrèk | karsa dalêm têdhak Dêmak | miyos saking jro pura | jam 6:55 mênut | nitih kreta mring Balapan ||

25. kajawi kang wus winarni | kang dhèrèk iku Radèn Mas | Ngabèi Purwapurane | Dyan Bèi Mangkudipura | Dyan Mas Ngabèi Jaya- | darsana sakawanipun | Dyan Bèi Wignyadipura ||

26. panèwu dhoktêr Ngabèi | Wiryausada winarna | sadayèku panganggone | bêbêt satriya wibawa | klambi atela seta | sabuk cindhe ijo sêlut | kêrise răngka gayaman ||

27. mawi topi pètcis putih | malih ingkang atut wuntat | Ngabèi Kartaprajane | Ngabèi Sastraukara | lawan Ngabèi Atma- | kesawa pan nora kantun | Ngabèi Atmasukatga ||

28. sami mêntèringan langking | duk wau anèng Balapan | ingkang dhèrèk nguntapake | pêpatih dalêm kalawan | Radèn Mas Arya Surya- | nagara lan garwanipun |

--- 4: 83 ---

tuwin Radèn Mas Ariya ||

29. Purwadiningrat sarimbit | Radèn Mas Ariya Surya- | diningrat lawan garwane | kajaba kang wus winarna | malih ingkang sumewa | bupati sakliwonipun | pulisi jroning nagara ||

30. kaliwon jawi sawiji | kaliwon lêbêt satunggal | lan kaliwon mantri anom | samya manganggo kulukan | klambi atela pêthak | wêdhungira nora kantun | jangkêp busanèng sarira ||

31. panèwu mantri undhagi | apasang undhak-undhakan | kaagêm minggah mring wagon | sang nata lan sri dayita | miwah putri sadaya | anitih kareta sêpur | datan rêkaos inggahnya ||

32. datan winarna ing margi | rawuh haltê Tanggung mandhap | Bupati Dêmak nèng kono | mêthuk kangjêng sri narendra | manganggo prajuritan | kulambi sikêpan landhung | bintang dèn anggo sadaya ||

33. dhuwunge dipun sangkêlit | ingkang sawiji dèn anggar | ngawêng nganggo kalung rante | ikêt-ikêtan jêbehan | calana lakên krêsna | padane mawi sêpatu | barêgas nyamping jigrangan ||

34. tudhung pacul gowang langking | cinangking ngadêg kewala | sang nata alon angawe | sigra anyêlak sinabda | sira padha raharja | mêndhak matur sêmbah nuwun | kapundhi sabda narendra ||

35. tan lênggah kangjêng sang aji | nèng haltê laju kewala | mring jawi [ja...]

--- 4: 84 ---

[...wi] anitih motor | lan ingkang dhèrèk sadaya | wus mapan nitih kreta | laju lampah dalêm prabu | têdhak mampir kawêdanan ||

36. kawêdanan Prapèn nami | lênggah sinugata wedang | lawan sarutu sarèke | wadananira ginanjar | warni sinjang sawitan | ikêt èpèk tuwin sabuk | kang èstri ginanjar sinjang ||

37. kalawan sêmêkan bathik | sampun tinampèn sadaya | munjuk sangêt panuwune | tan dangu sri nata jêngkar | saking ing kawadanan | laju têdhak Kadilangu | mring wismane Natabrăngta ||

38. lênggah lan jêng pramèswari | priyantun dalêm sadaya | kinon mring pasareane | Jêng Sinuhun Kalijaga | amung Radèn Purnama- | rukmi ingkang datan tumut | dhèrèk anèng Natabrangtan ||

39. sawusnya jiyarah sami | gya wangsul ngabyantarendra | nuli malih nitih motor | têdhak marang kitha Dêmak | mampir mring asistenan | katampèn lan rênèng kalbu | tabe ingancaran lênggah ||

40. bage-binage basuki | jênak kang sami lênggahan | pra priyantun dalêm kinon | rumiyin mring masjid Dêmak | ngêntosi sri narendra | nênggih tan pantara dangu | bidhal saking asistenan ||

41. samana wus rawuh masjid | Jêng Ratu Pakubuwana | lan priyantun dalêm kabèh | kinon manjing pasarean | jiyarah kutug nyêkar | sami [sa...]

--- 4: 85 ---

[...mi] anyuwun pangèstu | mugyantuka karaharjan ||

42. wuwusên kangjêng sang aji | malêbêt mring masjid Dêmak | wus mundhut toyastutine | jumênêng salèring mimbar | nuli sêmbahyang sunat | takiyatal masjid iku | kalih rêkangat sêsalam ||

43. gya lênggah kangjêng sang aji | madhêp ing keblat iktikap | akèndêl jawi lêbête | lêsning ngêningakên cipta | sung urmat sang minulya | para wali tilasipun | ngalêmpak nèng masjid Dêmak ||

44. ambokmanawi bêrkahi | marang kangjêng sri narendra | tulus dera madêg katong | turun-tumurun tan pêgat | mêngkoni Surakarta | lawan pitulunganipun | Kangjêng Guprêmèn Walănda ||

45. wusnya sêmbahyang sang aji | dhawuh mring Jêng Cakraningrat | lan Jêng Kusumayudane | tri Arya Purbanagara | kinon sami minggaha | aningali tilasipun | saka ingkang saking tatal ||

46. sapraptanira ing nginggil | amêndhêt tatal têtiga | mandhap gya ingunjukake | tinampèn kangjêng sang nata | ya ta jêng dayitendra | myang priyantun dalêm sampun | mêdal saking pasarean ||

47. umarêk kangjêng sang aji | linggar saking masjid Dêmak | lajêng têdhak kabopatèn | kaurmatan găngsa monggang | manggon ing palataran | găngsa wontên èmpèripun | pandhapa iring tursina ||

48. lajêng lênggah jêng sang aji |

--- 4: 86 ---

munggyèng madyaning pandhapa | Bupati Dêmak nulyage | Jêng Pangeran Adiningrat | umajêng ngaras pada | sakalihan garwanipun | gya Bupati Kudus nama ||

49. Kangjêng Radèn Adipati | Ariya Cakranagara | sagarwane majêng alon | sami ngaras pada nata | malih bupatinira | Ngawi Radèn Mas Tumênggung | Ariya Sasrabusana ||

50. sagarwane nora kari | ngabêkti kangjêng sang nata | rampung lênggah dhèrèk kursèn | miwah ingkang atut wuntat | pra pangran miwah arya | sumawana radèn ayu | lênggah ing kursi sadaya ||

51. sri nata ngandika aris | marang bupati ing Dêmak | Arya Adiningrat kowe | ingsun maringi wasiyat | kêris dhapur mangkurat | sumurupa kêris iku | iyasan ingsun priyangga ||

52. dhuwung sampun dèn tampèni | dèn tingali sadayanya | sarungan ladrang wangune | dhêdhasar wrêksa candhana | kandêlan mas tinatah | bunton ingkang nginggil sinung | sastra P.B. X. cêtha ||

53. jêjêran sinêlut pèni | samêndhake byur barleyan | rinangkêpan warangkane | mawi gayaman pinulas | kandêlan kêmalo bang | Bupati Dêmak wotsantun | kalangkung kalinggamurda ||

54. pêparing dalêm sang aji | dhuwung punika dadosa | jêjimat ing salamine | nêmbah

--- 4: 87 ---

mundur wangsul lênggah | cinothe[12] dhuwungira | pasugatan wus umaju | wedang sês srutu minuman ||

55. gya têdhak dhahar sang aji | marang pandhapi ing wuntat | sadaya sami andhèrèk | eca dènira bujana | dumugi gya bibaran | lêrêm sakêdhap sang prabu | munggyèng salêbêting kamar ||

56. samana sarêng wus wanci | badhe angkating kareta | kareta sêpur èkstratrèn | sri nata santun rasukan | jas sakèt[13] mohèr pêthak | miyos nuli bidhal kondur | anitih motor sadaya ||

57. bupati ing Dêmak tuwin | Ngawi Kudus sagarwanya | andhèrèkakên kondure | rawuh haltê gya ginambar | rampung anuli bidhal | nitih sêpur sampun rawuh | ing sêtatsiun Balapan ||

58. kareta wus tan lumaris | wanci suruping raditya | jam 6:50 mênut sore | ingkang mêthukakên kadya | nalikanira têdhak | mandhap dalêm saking sêpur | laju anitih kareta ||

59. sapandhèrèk nora kari | wus rawuh ing dalêm pura | sadayane karahayon | bibar kang sowan tuguran | miwah kang dhèrèk samya | sowang-sowang sami mundur | kalantur asmaradana ||

60. kunêng kang kasêbut ngarsi | gantya ingkang kawuwusa | anuju ing dina Sênèn | lèk Rêjêb tanggal kaping pat | maksih anunggil warsa | karsa dalêm sang aprabu | nênggih ing dintên punika ||

--- 4: 88 ---

61. ningkahakên putra putri | kang wus răndha Gusti Purwa- | nagara dhinaupake | wadana gadhing Mataram | nama Radèn Mas Arya | Prawiradiningrat iku | ijabe nèng jroning pura ||

62. tata-tatane mèh sami | kadi duk Căndranagaran | pangantèn panggih sorene | nèng dalêm Kusumayudan | mawi tamu Ngayogya | bandara pangeran iku | Ariya Adinagara ||

63. lan dara pangeran nami | Ariya Suryawijaya | amung kalih pangerane | Kangjêng Ratu Madurêtna | sarimbit lan kang garwa | anama Radèn Tumênggung | Kêrtanagara Ngayogya ||

64. Bandara Dyan Ayu Nami | Mangkuyuda lawan garwa | Bandara Radyan Ayune | Purbanêgara sagarwa | Dyan Ayu Căndrapraja | ugi lawan garwanipun | pangkat bupati sadaya ||

65. tata lênggah nèng pandhapi | pangeran nunggil pangeran | bupati nunggil lênggahe | lan Bupati Surakarta | tamu prayagung pêpak | samana wus klakon dhaup | ing dalêm pra putri lênggah ||

66. tansah sugata mangarsi | kasukan wirèng gambyongan | tamu sênêng myat pangantèn | nèng dalêm Kusumayudan | laminira nêm dina | sapasare bidhal kondur | marang dalême priyangga ||

67. angkating pangantèn mawi | mampir marang residhenan | pêpanggihan angsung tabe | lajêng sowan mring jro pura | ngabêkti sri narendra |

--- 4: 89 ---

wus rampung kalilan mundur | sadaya kanthi raharja ||

92. Kinanthi

1. kunêng wau kang winuwus | ri Jumungah tanggal kaping | 8 nunggil wulan warsa | jam satêngah 9 enjing | putra dalêm sri narendra | kangjêng pangeran ngabèi ||

2. wus kalilan pamitipun | têdhak mring nagri Walandi | para priyagung sadaya | kaptin upsir riya panji | panèwu mantri lan lurah | sowan nguntapakên sami ||

3. dumugi ing sêtatsiun | sêtatsiun dèn tatani | carabalèn kapatihan | nèng ngèmpèr kidul miranti | musik kadipatèn mapan | anèng ngèmpèr lor ngurmati ||

4. sampeyan dalêm sang prabu | nyamping cêplok latar langking | sawitan kalawan dhêsthar | apaningsêt cindhe wilis | èpèk bludru wungu noja | binalodir turut pinggir ||

5. rasukan dalêm krah dhudhuk | kamejan kinènji rêsik | ing jawi lus sutra Cina | gêrêt-gêrêt sêmu kuning | bêbêdhahan langênarjan | kumêndur mingkaèl pèni ||

6. plag Nèdêrlan sleyo mungguh | wangkingan Kangjêng Kiyai | Agêng Baruwang asmanya | sinalorok sêling abrit | mirah kalawan barleyan | kandêlan êmas sinangling ||

7. umiyos kangjêng sang prabu | lawan kangjêng pramèswari | priyantun dalêm tut wuntat | miwah putri sawatawis | saha para nyai lurah | kalung samir ngampil-ampil ||

--- 4: 90 ---

8. wus têdhak saking kadhatun | nitih sêpur Purwasari | nguntapkên praptèng Prambanan | ingkang andhèrèk sang aji | Dyan Mas Arya Jayaningrat | lawan kang garwa sarimbit ||

9. kliwon kang dhèrèk puniku | sira Radèn Mas Ngabèi | Purwadipura kalawan | Mangkudipura Dyan Bèi | Radèn Mas Ngabèi Jaya- | darsana Dyan Mas Ngabèi ||

10. Patmadipura tan kantun | mangsuli jêng pangran bèi | saking dalêmira têdhak | sadaya wau umiring | sampun rawuh ing Balapan | munya carabalèn musik ||

11. urmat swaranira umyung | ingkang nguntapakên sami | ngaturkên raharjèng lampah | mangsuli tarima kasih | laju minggah mring kareta | sêpur wagon nomêr siji ||

12. kang nguntapakên mring Tugu | pangeran putra kêkalih | pangran santana myang riya | ngandhap nginggil sami ngalih | dene Radèn Mas Ariya | Purwadiningrat sarimbit ||

13. lawan gusti radèn ayu | laju dumugi Batawi | ngêntosi mancaling kapal | wau ta kang sami nitih | sêpur praptèng Parambanan | tumêdhak kangjêng sang aji ||

14. lan kangjêng dayita prabu | tuwin sagung para putri | sadaya kang dhèrèk mandhap | kangjêng pangeran ngabèi | ingawe nyêlak ramendra | ngabyantara mangastuti ||

15. dèn asta widhanganipun | murda tumungkul tumuli | sinêbul sundhulanira | rampung mundur sawatawis |

--- 4: 91 ---

sri nata alon ngandika | ingsun nyangoni basuki ||

16. lawan iki pusakèngsun | Sandhangwalikat Kiyai | Larngatap iku kang yasa | Bathara Guru ing nguni | ênggonên yya nganti pisah | jêng pangran bèi nampèni ||

17. sandika ing aturipun | barkah dalêm ulun pundhi | Kangjêng Kiyai Larngatap | alon sampun sinangkêlit | maksih jumênêng kewala | sri nata lan para putri ||

18. enggaling carita sampun | sadaya puniku sami | wangsul anitih kareta | sêpur kang marang Batawi | datan winursitèng marga | kang marang nagri Walandi ||

19. mangsuli kangjêng sang prabu | lawan kangjêng pramèswari | miwah kang dhèrèk sang nata | karsa dalêm badhe mampir | têdhak hotèl Parambanan | duk wingi wus dèn dhawuhi ||

20. gya dhahar kangjêng sang prabu | miwah risang dayitaji | sadayane kawaratan | kakung putri sami bukti | mawi angunjuk minuman | saking Ngayogya nagari ||

21. pisêgah dalêm puniku | sampeyan dalêm sang aji | Jêng Sultan Mêngkubuwana | ingkang dèn utus ngladosi | Dyan Tumênggung Purbaningrat | radèn tumênggung wêwangi ||

22. Căndranagara saruntung | malih bupati pulisi | Kalasan Dyan Mênggung Purba- | kusuma rumêksèng aji | sawusira sami dhahar | lan ngunjuk [ngu...]

--- 4: 92 ---

[...njuk] inuman sami ||

23. dhawuh kondur sang aprabu | têdhak marang haltê malih | saha pandhèrèk sadaya | wus rawuh tumuli nitih | kreta sêpur kang mangetan | datan winursitèng margi ||

24. ing dhatulaya wus rawuh | kang andhèrèk kakung putri | laju kalilan bibaran | adate wong arsa mulih | lumaksana rêbut ngarsa | nulia prapta ing panti ||

25. riningkês nalikanipun | kaping 31 | Agustus angkaning warsa | sèwu sangang atus tuwin | têlulas rangkêpanira | titimăngsa Ngahat Paing ||

26. tanggal kaping 28 | sasi Pasa taun Alip | sèwu wolung atus kawan | dasa tiga kang lumaris | tingalannya sri bagendha | kangjêng maharaja putri ||

27. ing Nèdêrlan ri puniku | ing residhènan tan mawi | pasamuwan taun raja | dipun suwak awit saking | ing galdri dalêm resdhenan | waktu iku dèn dandani ||

28. marmêr ring jarambah ngayun | sadaya dipun santuni | gêng-agêng warata gilap | marmane kangjêng sang aji | tan miyos mring residhenan | para tuwan kabèh prèi ||

93. Mijil

1. kunêng gantya santun sêkar mijil | ingkang kacariyos | sampun wulan Sura taun Ehe | angkaning kang warsa sèwu tuwin | wolung atus luwih | kawan dasa catur ||

2. sinangkalan dadining pakarti | pangèsthining katong |[14] nuju dina Rêbo Pon tanggale | kaping sawêlas [sa...]

--- 4: 93 ---

[...wêlas] wulan puniki | karsa dalêm aji | nyupitakên sunu ||

3. ran Bandara Radèn Mas Nawawi | ringkêsan kemawon | pangirise ana ing panêpèn | kang nyupiti kliwon dhoktêr nami | Rahadèn Ngabèi | Wedyadipurèku ||

4. kanthi mantri dhoktêr ran Ngabèi | Martausada wor | nunggal karya minăngka saksine | kaliwon dhoktêr ingkang nyupiti | ngati-ati titi | ngupakara tatu ||

5. duk puniku kangjêng narapati | mung lênggah kemawon | dene ingkang mariksani rèse | pra pangeran raka dalêm aji | saha narpasiwi | amung ingkang sêpuh ||

6. wusnya rampung dènnya ngupakardi | sami karahayon | kang mriksani nuli lênggah jèjèr | para pangeran sêpuh taruni | sami dèn ladosi | wedang prêsan srutu ||

7. pangran sêpuh ngaturi udani | wus rampung sayêktos | antuk dhawuh kinon mundur kabèh | sri narendra malbèng kênyapuri | tan adangu mijil | lawan kangjêng ratu ||

8. tuwin priyantun dalêm miranti | sampun sami dandos | ngampil-ampil kang badhe andhèrèk | titihan kareta otomobil | cumawis nèng kori | talangpatèn pênuh ||

9. ingkang dhèrèk amung sawatawis | lir adat kemawon | wanci pukul 11 wiyose | têdhak marang Ngèksipurna Pêngging | lêstari lumaris | samana wus rawuh ||

--- 4: 94 ---

10. tan dinawa caritaning tulis | jinugag samono | malêm Saptu patbêlas tanggale | sri narendra kondur mring nagari | abdi jalu èstri | sadaya tan kantun ||

11. nuju purnamaning sitarêsmi | mancorong sumorot | marabani sabuwana kabèh | mawèh sênêng kang sami lumaris | nadyan wanci latri | tan giris ing kayun ||

94. Girisa

1. kunêng kang wus winursita | gantya ingkang kawuwusa | dintên Rêbo Wage tanggal | kaping kalih wulan Sapar | taun Ehe ăngka sasra | wolung atus kawan dasa | sakawan căndrasangkala | we dadi èsthining janma |[15]|

2. utawi tri dasa juga | Dhesèmbêr taun Walănda | sèwu sangang atus tiga | wêlas warsa sinangkalan | gunaning wong trus raharja |[16] nênggih ing dintên punika | saking aturnya Jêng Tuwan | G. pan Wig residhènira ||

3. ing nagari Surakarta | sampeyan dalêm sang nata | mangkya dèn aturi têdhak | marang ing Jurug mariksa | pambikaking krêtêg enggal | panggarapira wus dadya | lèpèn Jurug kalêksanan | dipun karêtêg santosa ||

4. ya ta ing ari punika | sri narendra wus busana | mangagêm cara Walănda | klèntêni jas clana seta | nitih motor saking pura | têdhak marang residhenan | angampiri ingkang bapa | jêng tuwan residhèn sigra ||

--- 4: 95 ---

5. mêthukakên risang prapta | tumêdhak saking kareta | têtabean rênèng driya | laju ingancaran lênggah | ampilan dalêm tut wuntat | Radèn Mas Ngabèi Purwa- | dipura ampilanira | dus mas wadhah pagantenan ||

6. Rahadèn Ngabèi Purba- | dipura ngampil kêcohan | Dyan Bèi Mangkudipura | anongsong kangjêng sang nata | Radèn Mas Ngabèi Jaya- | darsana angampil tungkat | Radèn Mas Ngabèi Patma- | dipura ngampil bèri mas ||

7. sami mangangge klanthungan | rasukan atela pêthak | lan satopinira seta | abdi dalêm pra urdênas | lurah anumpak turangga | saha ngampil upacara | pegon kyai dodok nama | limpung Kiyai Panatas ||

8. sabêt Jêng Kyai Rukmaka | tamèng cêplok Bèlgi bintang | nênêm kang ngodhe tut wuntat | dene Bandara Pangeran | Kolonèl Ariya Purba- | nagara sakanthinira | Litnan Kolonèl Radèn Mas | Ariya Priyawinata ||

9. mayor jro jawi nyatunggal | sami mangangge klanthungan | rasukan atela seta | panèwu mantri pêthilan | mangangge mantèring krêsna | badhe ngladosi sang nata | kinon ngrumiyini lampah | marang ing Jurug narmada ||

10. sawusira sri narendra | lêlênggahan sawatara | anèng dalêm residhenan | tan pantara dangu têdhak |

--- 4: 96 ---

sakalihan kangjêng tuwan | gya sami nitih kareta | otomobil lumaksana | rikat tan kawarnèng marga ||

11. wus rawuh ing Jurug mandhap | saking titihan kareta | kaurmatan musik găngsa | carabalèn sarêng munya | para tuwan ngadêg urmat | ingkang jawi ngapurancang | sri narendra kanthèn asta | lan kang bapa kangjêng tuwan ||

12. malbèng tarub wêwangunan | dumunung sapinggir marga | sakilènirèng narmada | majêng mangalèr rinêngga | ing ron wilis sêkar buntal | amulêt sakèhing saka | tritising wisma wangunan | palisir wastra tri warna ||

13. winingkis sabên rong asta | nancut minggah pinusara | godhag malêngkung mangandhap | angayuapu tap-tapan | ing nginggil linangse seta | alus pamasange rata | sanggitane tan katara | mèpèt rapêt lir sajuga ||

14. cinapuri pagêr mêgar | ombak toya janur jênar | jêjênêng wêngku dèn usar | ingapu seta sumunar | tan măntra wangunan anyar | kadya wus lami gumêlar | panatane kanthi nalar | tur papane nora wiyar ||

15. sajrone tarup wangunan | ing jarambah ginêlaran | babut tinulis sêkaran | kanan kering palênggahan | kursi sasisih sap papat | pêpêt salajure lima | majêng ngilèn lan mangetan | amung kursi sakêmbaran ||

16. majêng mangalèr kalihnya | yèku pasudhiyanira |

--- 4: 97 ---

sri naranata wus lênggah | jêng tuwan residhèn kiwa | miwah sagung para tuwan | Kangjêng Gusti Dipatyarya | Mangkunagara kalawan | sasêntananira sowan ||

17. pra pangeran narpaputra | kang mangagêm cara Lănda | utawi wêgdal punika | mantu dalêm sri narendra | sira Jêng Gusti Pangeran | Adipati Prabu Surya- | dilaga Pakualaman | anuju mring Surakarta ||

18. mangagêm cara Walănda | nunggil lênggah narpatmaja | pêpatih dalêm sumewa | munggwèng ngabyantara nata | iku pangagêmanira | nyampingan sawitan dhêsthar | jangkêp tunggaling busana | nyangkêlit pasikon kiwa ||

19. kapering wuri Pangeran | Ariya Purbanagara | nyambêti para bupatya | myang saanon-anonira | panganggone nora beda | klanthungan kulambi seta | andhèr kang sami sumewa | tan ngungkurakên narendra ||

95. Pangkur

1. wus tata dènira lênggah | gya sugata minuman kang mangarsi | sampanyê nèng gêlas munthuk | mundhut kangjêng sri nata | kangjêng tuwan tuwin kang lênggah puniku | wus ngasta gêlas sadaya | tuwan residhèn kundhisi ||

2. pangandikanira panjang | ngandharakên mulabukane kardi | iku karêtêg ing Jurug | katingal para janma | kasangsaya dènira sami lumaku | rêkasa kongsi anyabrang | saya yèn gêdhe kang warih ||

3. sanadyan numpak baita |

--- 4: 98 ---

tyas tan jênjêm kuwatir lamun kentir | suk-sukan nèng jroning prau | katêksa wèh tambangan | rina wêngi mangkono kang padha mlaku | ribêt kagubêt ing susah | mangsah ngêsah mêlasasih ||

4. kaanan ingkang mangkana | sayêktine iku kudu pinikir | mamrih kapenaking laku | kang padha among dagang | marma kangjêng gupêrmèn lan sang aprabu | myang Pangeran Dipatyarya | Mangkunagara nêloni ||

5. wus rujuk rêmbuge dadya | kalêksanan ing Jurug dèn yasani | karêtêg santosa bagus | prayoga pinujia | krêtêg iku kanggoa salaminipun | kaambah ing janma kathah | lêstari dadi basuki ||

6. wus têlas kang pangandika | kangjêng tuwan residhèn nyasmitani | nuli sêsarêngan ngunjuk | urmat găngsa musikan | carabalèn sora swaranira umyung | kaworan suraking janma | ingkang mêntas nambutkardi ||

7. sakèh samya pinisuka | bau glidhig mandhor pandhe undhagi | lan bas saupsihtêripun | sadaya sami nglêmpak | pinggir kali sidhêkah rêbutan ibut | pating kathikir mrih angsal | cakekal tiba ing siti ||

8. gêr sinurak kang tumingal | jêjêl uyêl ewon nèng pinggir kali | kaya-kayaa tyasipun | ngliwati krêtêg anyar | nanging durung kêna andhingini laku | wetan kulon pinalangan | jinaga dening kang wajib ||

--- 4: 99 ---

9. ya ta kangjêng sri narendra | dèn aturi têdhak anguningani | lumampah ing krêtêg Jurug | jumênêng kanthèn asta | lawan kangjêng tuwan residhèn tan kantun | kang lênggah dhèrèk sadaya | gumarubyug atut wuri ||

10. ngarsa mawi jinajaran | dening abdi dalêm panèwu mantri | lurah bêkêl jajar siwul | golongan kănca kalang | sakliwone bupati têtindhihipun | lumajur jèjèr lajuran | sêsiyungan kanan kering ||

11. carabalèn musik găngsa | munya malih ngurmati sang lumaris | mangetan nora kasusu | ing lampah rawuh têngah | gya ginambar sorot sadaya kadulu | sanadyan kang anèng wuntat | lamat-lamat maksa kèksi ||

12. sarampungirèng panggambar | nuli laju lampah dalêm narpati | mriksa kanan keringipun | rawuh ing têmbing wetan | tan pantara dangu wangsul sang aprabu | sumawana kang tut wuntat | aris dènira lumaris ||

13. samana wus wangsul lênggah | munggyèng panti wangunan kadya nguni | malih sugata umaju | minuman warna-warna | miwah roti tarcis sigarèt sarutu | ngladèni mantri pêthilan | ing wingking dèn biyantoni ||

14. rêksa wibawa tut wuntat | kawaratan kang sami dèn ladosi | ngunjuk sinambi sês srutu | sigarèt tanpa kêndhat | kukus mulêg gumolong kumêbul mumbul | angkên dupaning

--- 4: 100 ---

sogata | duk mênêng manêngkung ngèsthi ||

15. muji mring kang nêmbe dadya | krêtêg Jurug mawèh sukaning janmi | muga tulusa rahayu | ayyana sambekala | kalangkungan dening kang para lêlaku | anglakoni ngupa boga | bagehanirèng ngaurip ||

16. wus jam 12 siyang | sri narendra kondur angênyapuri | bibaran sadayanipun | kondur asowang-sowang | tan winarna kang sami kantun nèng Jurug | bêbau kang pinisuka | ludhanging karyantuk manis ||

 


ingkang. (kembali)
Ostrali. (kembali)
Baca: sèwu sangang atus. (kembali)
Kurang satu suku kata: dhusun ingadhusun. (kembali)
asta. (kembali)
Ngayogyakarta. (kembali)
banjur. (kembali)
wus. (kembali)
pamulangan. (kembali)
10 Nèdêrlan. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: nênggih lawan garwanipun. (kembali)
12 sinothe. (kembali)
13 jakèt. (kembali)
14 Tanggal: Rêbo Pon sawêlas (11) Sura: dadining pakarti pangèsthining katong (AJ 1844). Tanggal Masehi: Rabu 10 Desember 1913. (kembali)
15 Tanggal: Rêbo Wage kalih (2) Sapar Ehe: we dadi èsthining janma (AJ 1844). Tanggal Masehi: Rabu 31 Desember 1913. (kembali)
16 Tanggal: tri dasa juga (31) Dhesèmbêr: gunaning wong trus raharja (1913 M). (kembali)