96. Dhandhanggula
1. nahan gantya caritaning tulis | ri Salasa kaping dwi dasastha | wulan Mulud maksih Ehe | catur dadyèsthi tuhu |[1] kawuwusa sri narapati | sampun ngrasuk busana | ing dintên puniku | têdhak marang Madusita | inggih dhusun Ngampèl bawah Bayalali | lèr kilèn saking praja ||
2. wanci jam 1/2 7 enjing | nitih motor kang anunggil lênggah | Bandara Radyan Ayune | Yudanagara iku | lan priyantun dalêm kêkalih | Rahadèn Ayu Rêtna | Purnama tan kantun | ngampil sabêt Jêng Jabardas | Dyan Sumarnarukmi ngampil tungkat nami | Jêng Kyai Sapujagad ||
3. ing kusiran Rahadèn Ngabèi | Purbadipura ampilanira | agêm dalêm songsong jêne | prada sinêkar suruh | mawi kênèk juga kang nyupir | Walandi Tuwan Isman | samana wus laju | motorira lumaksana |
--- 101 ---
maksih alon miyos sakilèn sitinggil | ing wingking sinambêtan ||
4. motor malih ingkang anitihi | Dyan Ayu Dipati Sêdhahmirah | Dyan Asmararukmi manèh | nênggih katiganipun | sira Radèn Trangganarukmi | tuwin Radèn Sudama- | rukmi dadya catur | Radèn Mas Ngabèi Purwa- | dipura ngampil sabêt dene kang nyupir | Pangran Arya Mataram ||
5. nuli motor malih kang numpaki | Nyai Arjawinangun kalawan | kênya puspita namane | Radèn Sriyati tumut | ing bak ngarsa sira Ngabèi | Sastraukara nunggal | palinggihanipun | Ngabèi Atmakesawa | lan Ngabèi Atmasukatga kang nyupir | motor malih kang numpak ||
6. pangran arya kolonèl prajurit | Purbanagara lawan Radèn Mas | Arya Yudanagarane | malih kang nunggal lungguh | kliwon gandhèk Radyan Mas Bèi | Jayadarsana lawan | radèn mas puniku | Ngabèi Patmadipura | motor malih tanpa kanthi Dyan Ngabèi | Mangkudipura wuntat ||
7. minăngka ri sèrêb bokmanawi | kênèng sambekala anèng marga | kareta anjêblos bane | marma ijèn puniku | pakewuhe dèn prayitnani | wus laju lampahira | salomprètan têrus | mangulon praptèng Nglawiyan | kaondêran ing Pajang maksih lumaris |
--- 102 ---
rawuh ing Kartasura ||
8. nuli menggok mangidul tan aris | saya bangêt lakuning kareta | rikat lir sinawatake | nêmpuh angin tanpa wus | sumaribit ing kanan kering | ngênani kang anunggang | nora rasa sumuk | malah sêgêr mring sarira | anglêr saking waradinanira wradin | kadya tan ngambah lêmah ||
9. lampahing kareta wus nglangkungi | pasanggrahan dalêm Têgalgănda | mangidul ngilèn lampahe | kareta ngayun pungkur | gêgodhage tan pati têbih | katon saking mandrawa | urut runtung-runtung | motor ingkang lumaksana | wêwah malih sajuga nyambungi wuri | nênggih tumpakanira ||
10. nama Tuwan pan Sèndhên puniki | atministratur ing Têgalgănda | wus antuk dhawuh andhèrèk | marma gya atut pungkur | lampah dalêm kangjêng sang aji | rawuh ing Klathèn kutha | Rahadèn Tumênggung | Mangunnagara kasêsa | pandhèrèke sigra dènira nututi | numpak motor rikatan ||
11. yèku pangkat bupati pulisi | atut wuntat titihan narendra | rawuh ing Srowot lampahe | nyimpang saking marga gung | nêkak-nêkuk wradinan alit | ondêrnèmêng ingaran | nênggih Candhisèwu | lèpèn Opak Parambanan | anglangkungi karêtêg tambêlan awit | krêtêg gêng sawêg risak ||
12. dèn dandani mangkya durung dadi | marma nora kêna [kê...]
--- 103 ---
[...na] liniwatan | nênunggang dharat tan pae | lampahing motor laju | sampun ngambah margi gêng malih | talatah ing Ngayogya | lumastari têrus | sakuloning Ngambarukma | menggok ngidul sawatara rada rindhik | nglangkungi Lêmpuyangan ||
13. enggaling carita jêng sang aji | karsa mampir mring Pakualaman | sampun mandhap sadayane | saking titihanipun | Kangjêng Gusti Pangran Dipati | Prabu Suryadilaga | sagarwane mêthuk | rawuh dalêm sri narendra | gya malêbêt ing dalêm miwah pra putri | kakung kang nèng pandhapa ||
14. sinugata minuman mawarni | miwah dhaharan enjing-enjingan | wrata kongsi mring pandhèrèk | udut sigarèt srutu | kang alênggah sami miyarsi | swaraning motor prapta | katingal kang nusul | wadananing Kartipraja | Tuwan Radhêmakêr uga dèn dhawuhi | andhèrèk jêng sang nata ||
15. wontên malih motor ingkang prapti | tinitihan dening Jêng Pangeran | Arya Cakraningrat jèjèr | lawan sang narpasunu | jêng pangeran sinambat ing sih | Arya Kusumayuda | sakalihanipun | wus mandhap saking kareta | sarêng lawan Tuwan Radhêmakêr sami | minggah marang pandhapa ||
16. rêraosan mila sami kèri | dhawuh têdhak dalêm pukul sapta | satêngah pitu wiyose | ya ta kangjêng sang prabu | wusnya panggih mantu lan siwi |
--- 104 ---
alon andikanira | kulup Arya Prabu | Suryadilaga wruhanta | dina iki ingsun arsa têdhak maring | ing Ngampèl Madusita ||
17. mêtu ing Kêdhu Munthilan tuwin | Magêlang Bahrawa Salatiga | prapta Madusita Ngampèl | nêmbah kang antuk dhawuh | ingkang putri Dyan Ayu Gusti | Prabu Suryadilaga | gumujêng wotsantun | matur marang ingkang garwa | dadi mubêng lampah dalêm jêng ramaji | gunung loro kèdêran ||
18. ing Marbabu lawan ing Marapi | gèk pirang pal saka Surakarta | datan mangsuli garwane | ngandika sang aprabu | ngiras ngenggar-enggar ing ati | wuwuh wêruh jajahan | ngampiri omahmu | wis kulup sun arsa mangkat | kangjêng gusti sasmita marang kang rayi | pêthuk pangguting tingal ||
19. alon munjuk saha mangastuti | bilih parêng ing karsa narendra | ulun lan dhiajêng dhèrèk | ananging botên laju | ing alampah amung dumugi | inggih kitha Magêlang | ulun nyuwun wangsul | rêna kangjêng sri narendra | dhawuh iya mara dandana dèn aglis | nêmbah matur sandika ||
20. wus lumèngsèr tan adangu prapti | ngarsa dalêm wus sami busana | miranti [mira...]
--- 105 ---
[...nti] satitihane | miyos kangjêng sang prabu | saking dalêm tumuli nitih | motor ingkang cumêpak | nèng taritisipun | pandhapa sapangiringnya | kadya wau duk rawuh kang sami nitih | wus rampung nuli bidhal ||
21. jam 1/2 10 lumaris | ing margi agêng Pakualaman | karêtêg Code mangilèn | praptèng galadhag nêkuk | menggok ngalèr sangajêng loji | residhenan Pacinan | têrus rawuh Tugu | menggok mangilèn sadaya | sawatara nuli menggok ngalèr malih | lakune saya rikat ||
22. amangsuli duk kangjêng sang aji | têdhak saking ing Pakualaman | bupati pulisi Klathèn | dipun dhawuhi wangsul | marang Klathèn anambutkardi | marma mangke kareta | motor kang tut pungkur | ing kangjêng sri naranata | kathahipun sangang kreta otomobil | kalêbêt sri narendra ||
23. urut-urutan dènnya lumaris | ngarsa wuri lêtira tan têbah | katingal kadya ginandhèng | swara têngara gakug | myang tot tit tot kang sami myarsi | sujanma padhusunan | ambarubul mêtu | tarap sapinggiring marga | samya miyat angungun sajroning ati | dene kalangkung kathah ||
24. kang wus samya karungu pawarti | lamun iku titihan narendra | padha andhodhok andhèngèk | nyêmbah sirah tumungkul | thêklak-thêkluk [thê...]
--- 106 ---
[...klak-thêkluk] sire ngurmati | marang sang lumaksana | sênêng kang tut pungkur | miyat solahe wong desa | kau kidhung trakadhang kandhongan sisip | sasabing tatakrama ||
25. saya rikat ingkang otomobil | lamun nuju ngambah lêmah dhahas | sumawur muwêr lêbune | kênèng rodha gumulung | mubal-mubal kasêmpyok angin | balêdug ngampak-ampak | nampêg marang pungkur | kang numpak ngunus sap sêta | pan kinarya nutupi grana myang lathi | uthi ngusapi netra ||
26. lêbu suda barêng rada rindhik | rawuh ing pos kabupatèn Sleman | supir kinon ngêndhêgake | wus kèndêl sang aprabu | aningali manêngên kèksi | urmat nèng pinggir marga | nênggih sang nindya nung | Jêng Pangran Arya Dipatya | Danurêja ingawe laju mangarsi | cêlak ngiringan kreta ||
27. angandika kangjêng narapati | Adipati Danurêja sira | apa wus suwe nèng kene | ingkang dinangu munjuk | sêmu sumèh sarwi wotsari | kula nuwun praptamba | inggih dèrèng dangu | lan rawuh dalêm narendra | sri ngandika priye Ngayogya nagari | apa padha raharja ||
28. alon matur kangjêng nindyamantri | pangèstu dalêm sri naranata | karaharjan sadayane | malih ngandika prabu | ingsun bangêt tarima [ta...]
--- 107 ---
[...rima] kasih | ênggonira sung urmat | mêthukake ingsun | nèng kene sakancanira | pra pulisi uwis kariya basuki | sun laju lumaksana ||
29. maturnuwun kalangkung kapundhi | nuli mangkat titihan narendra | motor lumampah mangalèr | ing wuri nora kantun | sumêbut lir sêpur sênèltrin | ngarsa wuri tan beda | anggêrêng gumrubug | saya adoh swara suda | suwe-suwe wus tan katon kapiyarsi | kăntha-kanthining kreta ||
97. Kinanthi
1. enggaling carita rawuh | ing kitha Magêlang wanci | siyang satêngah satunggal | wau ta kangjêng sang aji | wus tumêdhak saking kreta | lêrêm nèng hotèl miranti ||
2. sapandhèrèk datan kantun | sadaya sami umiring | ana ingkang tata-tata | ngrukti pasudhiyan bukti | rampung ngunjuki uninga | gya dhahar kangjêng sang aji ||
3. kang andhèrèk èstri jalu | uga kaparingan bukti | myang ngunjuk sasênêngira | tan ana kacuwan siji | wus dumugi dènnya dhahar | mlampah-mlampah jroning galdri ||
4. nênggih tan pantara dangu | lênggah ing kursi sang aji | wontên cundakaning jendral | ing Magêlang tur upaksi | lamun kaparêng karsendra | tuwan jendral nyuwun panggih ||
5. dhawuh dalêm sang aprabu | kalilan dèn anti-anti | nênggih ing wanci punika | enggaling crita wus prapti | tuwan jendral mayor nama | pan dhêr Matên ngumêndhani ||
--- 108 ---
6. prajurit Magêlang sagung | mêngkoni twidhê apdhèling | sawusira têtabean | ingancaran lênggah kursi | bage-binage raharja | katon pirênaning galih ||
7. tuwan jendral alon matur | mring sri nata asung warti | wus kalilan dènirarsa | pêrlop mring nagri Walandi | tan awit saking punapa | namung sarèhne wus lami ||
8. nèng nungswa Jawi dêdunung | samangke arsa nuwèni | ing nagri kamulanira | anglêrêmakên panggalih | sampun lami nambutkarya | dadya militèr pinilih ||
9. ngandika dalêm sang prabu | tan lyan mung angsung basuki | benjing bidhaling alampah | myang sasana kang kinapti | mugi manggiha raharja | antuka sênênging galih ||
10. atur wêwangsulanipun | inggih kamantyan kapundhi | nuwun kang mugi kabula | makatên malih sang aji | sagarwa putra santana | sami kantuna basuki ||
11. sri nata mangsuli atur | sakalangkung trima kasih | ya ta dènnya pêpanggihan | samana sampun dumugi | nyuwun pamit tuwan jendral | sri narendra anglilani ||
12. wusnya tabean gya mundur | nêngna wau ta sang aji | dhawuh ngajêngkên kareta | motor sadaya cumawis | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Suryadilaga lan swami ||
13. pamit nyuwun wangsul kondur | Tuwan pan Sèndhên [Sèndhê...]
--- 109 ---
[...n] pan ugi | wangsul marang Têgalgănda | sami sinabda basuki | nuli bidhal sri narendra | sapandhèrèk nora kari ||
14. wus sami numpak ngalumpuk | panunggilanira nguni | lêpas lampahing kareta | nora pati rikat awit | minggah mandhap ingkang marga | bêngkuk nêkak-nêkuk singkik ||
15. ngati-ati supiripun | anglangkungi dhusun Pingit | sampyuh anjulêg marginya | ngambah ing Bahrawa tuwin | Gêtas Ngasinan gya Tuntang | nglintangi karêtêg alit ||
16. Salatiga maksih têrus | Têngaran mangidul ngancik | bawah Ngampèl pasar gladhag | menggok mangetan mring loji | pasanggrahan Madusita | wus mas mandhap kangjêng sang aji ||[2]
17. saking kareta pinêthuk | Walandi kang têngga nami | Tuwan Suldhèsênce lawan | nyonyahnya nyêlak sang aji | lênggah ing galdri ngajêngan | Tuwan Sul ngabyantaraji ||
18. kang sami andhèrèk kumpul | kapering kilèn sumiwi | cakêt ing ngarsa narendra | dene sagung para putri | malêbèng dalêm alênggah | ngaso sami ngaring-aring ||
19. rawuh dalêm sang aprabu | nèng Ngampèl puniku wanci | jam tiga siyang Hyang Surya | sadangunira lumaris | sadina dhêg tan katingal | kalingan mêndhung garimis ||
20. lênggah dalêm nora dangu | nuli jumênêng sang aji | saha paring dhawuh marang | Tuwan Radhêmakêr tuwin |
--- 110 ---
Dyan Bèi Purbadipura | klilan mulih mring nagari ||
21. sandika kang tampi dhawuh | mangkat numpak otomobil | kang mulih nora winarna | mangsuli kangjêng sang aji | kang lêrêm nèng pasanggrahan | ing Madusita miranti ||
22. tan kacuwan kang kinayun | pêpak sadaya cumawis | padatanirèng narendra | lênggah dalêm rina wêngi | tan pae anèng jro pura | para dasih kang sumiwi ||
23. samana kangjêng sang prabu | sampun sipêng kalih ratri | wuwusên ing enjangira | maksih Mulud Kêmis Lêgi | tanggal kaping 30 | anunggal warsa ing nginggil ||
24. ing wanci jam 9 esuk | wus pêpak ingkang sumiwi | tuwin titihan kareta | miranti kênèk lan supir | jibêg anèng palataran | agêm dalêm myang pangiring ||
25. Tuwan Sul sanyonyahipun | wus seba ana ing galdri | ya ta wau sri narendra | sampun busana rêspati | miyos saking pasanggrahan | para putri nora kari ||
26. laju kewala sang prabu | nitih kreta otomobil | têdhak marang dhusun Kêmbang | ampilan dalêm umiring | andhèrèk sadhèrèk putra | kadya kang sampun winarni ||
27. lampahing kareta laju | ngilèn nurut margi alit | anyêngkrèk minggah sumêngka | ing kanan kering ambambing | saka ing Ngampèl tigang pal | kumpuling petung lumaris ||
--- 111 ---
28. 30 mênut rawuh | ing Kêmbang sampun miranti | găngsa saniyaganira | carabalèn lawan musik | wismaning pabrik rinêngga | palisir wastra tri warni ||
29. angubêngi têpi têpung | watês wêwêngkoning pabrik | pinalêngkung ombak toya | sêsuwiran janur kuning | jêjênêng dêling tugêlan | akukuh dèn usar putih ||
30. tinancêban ing lêlayu | wastra tri warna sinêling | bandera gula kalapa | sumawana pinggir margi | kiwa têngên nora beda | praptèng sangajênging pabrik ||
31. anjênggarang gapura krun | kaestha makutha aji | rinobyong patra mandera | andong girang pandhanwangi | ginantung kang kupat luwar | lan kêrisan janur kuning ||
32. duk rawuh kangjêng sang prabu | găngsa myang musik ngurmati | munya rame sêsarêngan | swaraning janma ningali | jalu èstri rêbut ngarsa | mrih papan dipun alangi ||
33. sêsak-sêsak maksa ngêsuk | dene punggawaning pabrik | sami urmat ngapurancang | upsihtêr ngadêg pusisi | gya lênggah kangjêng sang nata | munggyèng samadyaning panti ||
34. ingkang wus tinata bagus | kursi baludru kêtangi | kanan kering kênap kêmbar | kapering kursi pangiring | sangandhape ginêlaran | babut wilis tulis kuning ||
35. lênggah dalêm sang aprabu | sumiwi pangagêng pabrik | yèku Tuwan Sul minăngka | atminisêtratur dadi | pangagêngirèng pakaryan | puniku [pu...]
--- 112 ---
[...niku] kang mandhegani ||
36. sri narendra paring dhawuh | hèh Suldhèsênce saiki | pabrik tèh ingkang binabar | samêngko ingsun paringi | jênênga ing Tarumulya | lawan dhawuhana wiwit ||
37. nambutkarya mupung esuk | kang ngati-ati dèn bêcik | muga tulusa raharja | kabèh kang anambutkardi | sandika kang tampi dhawuh | gya mundur saking ngarsaji ||
38. Tuwan Sul anulya dhawuh | mring upsihtêr kinèn wiwit | bêbaunira tumandang | myang sêtum-sêtum piranti | wus sami obah sadaya | rame suwaraning pabrik ||
39. pating jêglèg pating jêglug | glag glug glêg glêg thêg thêg thing thing | dhang dhong dhung dhung galondhangan | dhug dhug bag bêg kumarincing | karêngês griyèt kumêncrang | ngêsês kadya andamoni ||
40. kajaba swaraning sêtum | ramening wong nambutkardi | kamituwane parentah | pating jarêlèh mrayogi | enggal pikantuking lampah | ayya kasuwèn nèng margi ||
41. jalu èstri usung-usung | godhong tèh kang saka têgil | dèn êlum supaya lêsah | binobot banjur giniling | dipun dhêma mrih ayêma | nuli pinanggang ing gêni ||
42. sawuse garing jêngkêrut | sinaring mêtu pribadi | pilah dadya nomêr tiga | nomêr loro nomêr siji |
--- 113 ---
pilahan dèn usung janma | pinasrahakên parèstri ||
43. perangan cilik binungkus | barukut ing krêtas putih | ana ingkang winadhahan | bumbung marakas pinatri | wênèh dèn wadhahi kothak | ing jro linapis sèng putih ||
44. tinata pamanggonipun | kang mriksa upsihtêr kalih | Tuwan L.T. Dhulong nama | kang satunggalira malih | Tuwan K.M. pan Gèn samya | marang pakaryan satiti ||
45. bêbau jalu 24 | 30 bau èstri | kajaba kuli kang bêkta | godhong tèh saka ing uwit | têgal kang wus tinanduran | 600 bau winilis ||
46. ananging pabrik puniku | kêkuwataning panggiling | 1000 bau takêrannya | dadya ing samêngko iki | bêbasane luwih wadhah | anjêlgodhag kurang isi ||
47. nadyan mung 600 bau | suprandene angêmohi | pêpayone wus lumayan | wêgdal pangêdole laris | juragan kang sami kilak | kasmaran amêling malih ||
98. Asmaradana
1. kabèh bêbauning pabrik | lanang wadon nora beda | dènira tumandang gawe | nastiti talatèn tata | wêkêl mungkul tan dhangkal | ngajab kawajibanipun | enggal tan ninggal tugêlan ||
2. ya ta wau jêng sang aji | jumênêng saking plênggahan | sadayanira andhèrèk | kakung putri tansèng wuntat | mubêng-mubêng mariksa |
--- 114 ---
sajroning pabrik kinêmput | tan ana kang kaliwatan ||
3. Tuwan Sul tansah tut wuri | dinangu dènira ngrantam | prentah wiwit lan bubare | tinamtokake jam pira | iku kang nambutkarya | alon umatur Tuwan Sul | wiwitipun pukul sapta ||
4. bilih mangke sampun wanci | pukul kalih wêlas siyang | kèndêl sadaya angaso | wiwit malih jam satunggal | sontên wanci jam 5 | bêbau bibaran mantuk | makatên salajêngira ||
5. ingkang sami nambutkardi | manawi ing dintên Akat | sadaya kaliburake | amung kantun ingkang jaga | duk myarsa sri narendra | mring aturira Tuwan Sul | sakalangkung rênèng driya ||
6. sampun wangsul lênggah malih | dhawuh ngajêngakên kreta | wus nyêlak titihan motor | alon nitih nuli bidhal | kondur mring pasanggrahan | para pandhèrèk tan kantun | sampun rawuh Madusita ||
7. dalune nora winarni | enjange dina Jumungah | tanggal sapisan wulane | Rabinguakir măngsastha | maksih anunggil warsa | sri narendra dhawuh kondur | saking Ngampèl Madusita ||
8. nanging karsa dalêm mampir | marang ing Pracimaharja |
--- 115 ---
lêrêm tri ratri lamine | malêm Saptu malêm Ngahat | malêm Sênèn enjangnya | kang andhèrèk wus ngalumpuk | ing wanci pukul sadasa ||
9. sampun busana sang aji | para putri marak pêpak | miyos nuli nitih motor | miwah kang dhèrèk sadaya | wus kamot munggyèng kreta | bidhal kangjêng sang aprabu | saking Paras Pracimarja ||
10. kondur marang ing nagari | datan kawarna ing marga | sampun rawuh ing kadhaton | ingkang andhèrèk bibaran | gya mantuk sowang-sowang | ing lampah sêmu kasusu | wismane katon sarkara ||
99. Dhandhanggula
1. kunêng gantya wau kang winarni | kawuwusa malih jroning pura | nuju dina Kêmis Wage | tanggal ping 28 | wulan kăntha Rabinguakir | maksih anunggil warsa | nênggih ri puniku | wanci jam sawêlas siyang | sri narendra miyos alênggah pandhapi | ing sasana sewaka ||
2. andhèr sagung kang para sumiwi | putra santana myang kawulendra | ing jawi lêbêt tan pae | sampun pêpak supênuh | kadya sabên pradăngga tuwin | sêtrik orkès musikan | lan nyai tumênggung | nyai lurah sapangandhap | bêkêl miji jajar kasinoman èstri | ngalêmpak sami marak ||
3. ing paningrat wetan dèn tatani | tenong kuningan ginêbêg gilap | tan bênjar lumajar jèjèr | kathahe 80 | jrone [jro...]
--- 116 ---
[...ne] isi awarni-warni | sêkul ulam dhaharan | lah-olahanipun | ulam toya myang ibêran | kang rumangkang kang gumêrmêt anèng bumi | tanapi palawija ||
4. wowohan kang kapêndhêm mêpêki | pala gumantung pala kasimpar | karowodan sasamine | pinèt sapantêsipun | kang kinukus myang matêng ing wit | dawêgan ijo papat | dèn parasi alus | lan sajêng badhèg waragang | nèng hèrgêlèk sagêlase nora kari | sêkar konyoh lan dupa ||
5. iku wus adat ing nguni-uni | para nata Jawi wilujêngan | ing nagara saisine | aran maesalawung | wiyosing kang ajat amilih | dina Rêspati Soma | salah siji iku | ingkang ambênêri tiba | pêpungkasan ing wulan Rabinguakir | yèku wêtuning ajat ||
6. marma ing dintên Kêmis puniki | ngandhar-andhar gumêlare kadya | kang wus dèn caritakake | ya ta nyai tumênggung | sawusira munjuk sang aji | ngaturkên palapuran | kadya adatipun | lamun miyos siniwaka | nyi tumênggung nyêlak nuli dèn dhawuhi | amiyosakên ajat ||
7. munjuk sandika mijil angirit | sakancane umangkat angangkat | dèn karoni satenonge | lumaku jèjèr urut | sapraptane ing srimanganti | sinèlèh anèng têngah |
--- 117 ---
sawusira rampung | wau kang sami ambêkta | bêkêl miji jajar kasinoman èstri | sumingkir sami mandhap ||
8. nyai tumênggung sampun alinggih | nunggil para bupati kang sowan | nuli alon dhawuhake | marang wadana tungguk | pan mangkana dènira angling | Radèn Mas Arya Yuda- | nagara sirèku | tămpa timbalan narendra | pakênira dhawuhna mring Radèn Adi- | pati Sasradiningrat ||
9. kapatêdhan ajad dalêm nami | maesalawung wilujêngannya | karaton dalêm lan manèh | nagri saisinipun | kalamun wus dipun dongani | wilujêng dalêm nata | lan wilujêngipun | kraton dalêm myang nagara | saisine nuli dèn bagea maring | abdi dalêm kang wrata ||
10. matur sandika kang dèn dhawuhi | nyi tumênggung wangsul malbèng pura | ngabyantara ngaturake | sampun dènnya kautus | wusnya myarsa kangjêng sang aji | tan dangu nuli jêngkar | siniwakèng wadu | malêbêt mring prabayasa | upacara dalêm sadaya umiring | pra sowan ngapurancang ||
11. orkès musik pradăngga ngurmati | sri narendra sampun tan katingal | kang sowan jro pura kabèh | bibaran mantuk kondur | srimanganti winarna malih | ajat binêkta mêdal |
--- 118 ---
marang sitiluhur | dening pra jajar kaparak | tinata nèng bangsal sewayana munggwing | iring lor jèjèr mapat ||
12. sakidule sampun dèn tatani | meja andhap ambêng kawan dasa | malang mawi pang mangalèr | sakiwa têngênipun | radi godhag kapara têbih | malih sinungan meja | ngalèr ujuripun | kang iring wetan tinatan | cacah ambêng puniku suwidak kalih | godhage saplinggihan ||
13. ingkang iring kilèn ugi sami | sinung meja ambênge tinata | suwidak nêm mujur ngalèr | ing bangsal angun-angun | dèn tatani kameja malih | salarik nanging panjang | ujure mangidul | isi ambêng pitung dasa | langkung kalih sadaya dipun sasabi | ing taplak dhamas seta ||
14. sampe-sampêt pirantining bukti | sendhok lading cukit sêrbèt tangan | pakobokan gêlas gêdhe | kacèk kang têngah sinung | gêlas anggur myang platon jinggring | ajug-ajug salaka | anyonthong ing dhuwur | minăngka sasananira | bukèt sêkar biru wungu dadu kuning | seta bang saronira ||
15. panatane meja ing sitinggil | lamun nuju dina wilujêngan | maesalawung gunggunge | sadaya kalih atus | kawan dasa ambêng sumaji | wus rampung panatanya | myang pangusungipun | pra wadana sapangandhap | praptèng mantri kang nèng srimanganti mijil | marang ing sitibêntar ||
--- 119 ---
16. malbèng sewayana gya sumiwi | sisih wetan sangarêping bangsal | manguntur nêkuk mangalèr | sapangkat undha-usuk | manut anom tuwaning kardi | panèwu mantri mapan | dènnya sami lungguh | anèng taritising bangsal | sewayana kêbake lumèbèr maring | sor wrêksa palataran ||
17. wadana bêkêl jêro lon angling | mring panèwu kabayan nagara | Ngabèi Agnyaprajane | apa ta uwis rampung | panataning ajat puniki | matur ingkang tinanya | nuwun sampun rampung | malih bêkêl jêro nabda | mara nuli angaturana udani | marang kiyai lurah ||
18. matur sandika ingkang tinuding | sapraptane ing bangsal sumewa | anjujug linggih wingkinge | kangjêng sang anindya nung | alon nêmbah umatur aris | kawula nuwun amba | mangke dipun utus | Kyai Lurah Dyan Mas Arya | Jayaningrat nênggih ngaturi udani | panatanipun dhahar ||
19. sampun rampung wontên ing sitinggil | piniarsa aturing kabayan | sang mantrimuka anolèh | anganan ngering manggut | sung sasmita angancarani | bupati ingkang sowan | rèh jawi sadarum | wus ngagêm pasikonira | kangjêng nindyamantri minggah mring sitinggil | tut wuri pra wadana ||
20. tuwin [tu...]
--- 120 ---
[...win] kaliwon panèwu mantri | golongan jaba kang padha seba | sadayanira andhèrèk | nênggih sarawuhipun | nuli lênggah sang nindyamantri | anèng sakidul meja | ngajênging manguntur | majêng mangalèr ing têngah | kiwa para bupati kang atut wuri | lawan panêkarira ||
21. têngên bupati jêro nimbangi | kadya kang wus winursitèng ngarsa | akêpung kupêng linggihe | wetan kulon supênuh | pra panèwu lan para mantri | ngalela sang anindya- | mantri tunggulipun | lan wadana kaliwonnya | ingkang parêg sadunung dènira linggih | lumajur urut wrêda ||
22. ya ta wontên utusaning gusti | Kangjêng Ratu Pambayun minulya | paring kintunan wedang tèh | mring kangjêng sang nindya nung | myang wadana kliwon kang sami | sumewa kaparingan | iku kang dèn utus | panèwu rêcaci lawan | sakancane ngladèni sawusnya wradin | mundur mring palataran ||
23. tan adangu malih kang sumiwi | mêdal kilèning bangsal witana | saking ing kidul mangalèr | gumrêdêg wurinipun | anoraga dènnya lumaris | kaliwon suranata | sakancane juru | laku dhodhok ngabyantara | iring kilèn jroning sewayana linggih | andhêku mangastawa ||
24. saya rêgêng kêbak ing sitinggil | kang sumewa sawusira tata | sadayarsa myarsakake | ngungun kang durung wêruh | sapa ingkang dadi duta di |
--- 121 ---
ya ta Radèn Mas Arya | Yudanagara wus | maju watara sahasta | ngajêngakên ing kangjêng radèn dipati | alon ing aturira ||
25. kadya gandhèk asmane winuni | pakênira kapatêdhan ajat | maesalawung wiyose | nênggih salajêngipun | lir dhawuhe wadana èstri | duk anèng srimangantya | tan siwah ing wuwus | sawusira piniyarsa | wosing dhawuh kangjêng radèn adipati | manggut sumèh ing netya ||
26. kang dhawuh wus mundur wangsul linggih | tan adangu gya madal pasilan | wangsul mring pasaosane | ing srimanganti sampun | mêlingakên wadana èstri | kapanggih tata lênggah | wadanane lapur | dènnya dinuta katampan | nyi tumênggung wangsul malêbèng jro puri | munjuk kangjêng sang nata ||
27. amangsuli kang anèng sitinggil | sira kangjêng sang mantri wasesa | alon amengo mangilèn | dhawuh mring kliwon juru | suranata sabdanira ris | Radèn Ngabèi Puja- | dipura mabukuh | pakênira donganana | ajad dalêm maesalawung puniki | wilujêngan nagara ||
28. saisine ingkang dèn dhawuhi | santak ature nuwun sandika | dhèhèm ririh andêngèngèk | maca tangawut laju | bismilahir rahman nirakim | nênggih salajêngira | pandongane galur | ămba dawa
--- 122 ---
warna-warna | donga kraton lan donga tulak bilai | slamêt donga kabula ||
29. donga têpak lan mangkuratsari | donga akik donga ciptarasa | donga jêjêg lan dongane | lungguh myang tulak tanggul | tawil ngumur rubung lan bumi | rajuk donga nurbuwat | Suleman lan rasul | tan kaliru sabda cêtha | sabên ayat myang sagatra dèn amini | gumrênggêng sêsarêngan ||
30. yèn pinetung baya sèwu amin | siji-sijine priyayi seba | pangathunge tangan suwe | kongsi ana kang ngantuk | kapenakên dera miyarsi | saka dawaning donga | samana wus tutug | wêwacan subêkanallah- | hi walkamdulillahi robil ngalamin | asta ngraup wadana ||
31. kèndêl kang andonga myang kang amin | ya ta wau juru suranata | sakancane mundur kabèh | ingkang majibi maju | panèwu kabayan nagari | prentah mring kănca jajar | ajat kinèn ngusung | warata dèn êdum marang | para sowan sanadyan amung sathithik | nom tuwa kapanduman ||
100. Sinom
1. wuse rampung pambagenya | ya ta Jêng Radyan Dipati | Sasradiningrat mangarsa | dènira lênggah nyêlaki | ambêng kang wus rinukti | kanan kering pra tumênggung | maju prasami mapan | kaliwon dènira linggih | anèng meja êpang kang mujur nguntara ||
2. jêro mapan anèng wetan | kang kulon kaliwon [kaliwo...]
--- 123 ---
[...n] jawi | pra panèwu mantrinira | jêro dènira alinggih | nèng meja wetan tuwin | jroning bangsal angun-angun | dene prikănca jaba | panèwu tanapi mantri | linggih anèng meja kang kulon wus tata ||
3. pra kaliwon lan wadana | nunggil jêng radèn dipati | nèng meja nomêr satunggal | kănca wibawa ngladèni | sop sirah pêdhèt gajih | kapindho lumadi sêkul | lan ulam warna-warna | tri lidhah saos ragut swir | sêrikpin asêpèrgês lan tigan wajar ||
4. nuli lumadi kaping pat | ragu-ragu jago biri | sêtup pinêdho pèrtêna | kênthang mawur dèn saosi | cuwèr martega sapi | kaping lima kang umaju | sladhah galantin mawa | wor agar-agar salatin | kang kaping nêm tar sirop lasuple enak ||
5. pitu podhêng abrikusnya | tuwin mawi bètêr kokis | kaping wolu kang mangarsa | buwah kunpotê mawarni | sanga mandhêl lan kismis | gula-gula pitas campur | pungkasan ping sadaya | wowoh-wowohan matêng wit | pêlêm manggis jêruk kêprok gêdhang raja ||
6. kang kaunjuk banyu Lănda | myang wedang tèh dèn aèsi | mawi anggur abang pronsak | dene pra panèwu mantri | paladèn kawan warni | dinok nèng ngarêpe lungguh | sop lan sêga pêrcita | panganan roti sairis | lan wowohan kabèh dadi
--- 124 ---
matang wadhah ||
7. pangombene anèng gêlas | gêlas gêdhe dèn isèni | wedang tèh aès prongkolan | nutug ingkang sami bukti | baya tan mindho kardi | kang akèh karasa tuwuk | wuwuh tuwuh ing cipta | ya iki barkahing gusti | matabare ambèr lubèr ambalabar ||
8. tandhane sajroning meja | nomêr siji dèn dokoki | paring dalêm bêbêrkatan | cêlak lan ambêng tan têbih | rupa panganan roti | rêrêmikan lêgi arum | wadhahe rinarêngga | ing daluwang măncawarni | mawi garan malêngkung sabongkot sada ||
9. wus dumugi dènnya dhahar | kangjêng radèn adipati | myang wadana sapangandhap | wangsul tata kadya nguni | kèndêl angaring-aring | ana mucang ana udud | sinambi rêraosan | kangjêng nindyamantri nolih | tanggap maju utusan ing pambayunan ||
10. dèn dhawuhi angundurna | wedang paring dalêm gusti | matura nuwun sakănca | sêmbahku aturna gusti | sandika gya ingambil | pangunjukanira sampun | binakta mundur samya | kangjêng radèn adipati | asasmita bibar saking pasewakan ||
11. wadana myang kaliwonnya | lan para panèwu mantri | kabèh andhèrèk bibaran | sêsowangan sami mulih | watawis pukul kalih | undure kang seba iku | parabdi arêrasan | kula
--- 125 ---
èngêt duk rumiyin | ngêpung ajat maesalawung punika ||
12. abdi dalêm ingkang sowan | wiwit jêng radyan dipati | sapangandhap sangu ancak | isi sêkul ulam tuwin | dhaharan warni-warni | miwah pangunjukanipun | binakta ing kapêdhak | reyong-reyong mring sitinggil | yèn wus rampung dènira dongani ajat ||
13. tumuli sakèhing ancak | ginotong dèn usung maring | ngarsane bandaranira | tutupe dipun ungkabi | gya mundur kang ngusungi | kang badhe ngladosi kantun | tumuli sami lêkas | dhahar sangune pribadi | kalamun wus dumugi dhahar dhaharan ||
14. apan sami kaparingan | roti kunêng krun nyairis | saking sang nayaka waktra | makotên kang sampun nguni | langkung rèbyèg ing kardi | yèn ngêpung maesalawung | rêkasa mawi wragad | amila kathah kang pamit | pra wadana kliwon sêkêdhik kang sowan ||
15. botên kados sapunika | jumênêng dalêm sang aji | kaping sadasa tinata | wêdaling ajat ginalih | wragade anyêkapi |
--- 126 ---
maesalawung puniku | marmane pinaringan | meja dèn tatani bukti | nèng sitinggil kang dhahar sêpirang-pirang ||
16. priyantun kang sami sowan | rumaos mayar sayakti | botên songa-sangu ancak | sowan ngêpung lajêng bukti | pantês sêmuwa bêcik | mangsuli rowange muwus | turene yèn malêman | salikur tri likur sami | kalih niki ngêpung maesalawungan ||
17. mangsuli rowangira jar | inggih makotên sakniki | mung beda papaning dhahar | yèn malêman èntên masjid | lan wanci bakda mahrib | dènira pista puniku | tata-tataning dhahar | kewala mèh sami ugi | para sowan lir tan pêgat sukèng driya ||
101. Mêgatruh
1. kunêng gantya wau ta ingkang winuwus | sadaya wus antuk warti | têrang samangke kalamun | residhèn Surakartadi | Jêng Tuwan pan Wig kacriyos ||
2. arsa sèlèh saking pandamêlanipun | awit saking sampun wanci | dumugi watêsanipun | nênggih dènira dumadi | residhèn jagi wêwêngkon ||
3. tan winuwus kang sampun lèrèh puniku | ingkang gumantos winarni | pakabaran kang wus tamtu | gumanti residhèn nagri |
--- 127 ---
Surakarta ing samêngko ||
4. yèku tuwan asistèn residhèn Nganjuk | asma F.P. Solêwèin | hèlêpkê dènira rawuh | ing Surakarta nagari | pranatan kasêbut ngisor ||
5. bab sapisan Sênèn kaping 27 | April angkanirèng warsi | sèwu sangang atus langkung | patbêlas dèn sangkalani | caturing wong trus gumolong |[3]|
6. rinangkêpan tanggal sapisan anuju | ing wulan Jumadilakir | warsa Ehe ăngka sèwu | wolung atus lawan malih | patang puluh papat mangko ||
7. sangkalane kawarna dadyèsthi tuhu |[4] ing wanci jam 9 enjing | langkung 58 mênut | kang badhe jumênêng prapti | saking Nganjuk kacariyos ||
8. wus mangagêm agêng mangke rawuhipun | nèng sêtatsiun miranti | ing Balapan kang winuwus | kang arsa mêthuk ngurmati | sadaya sami kemawon ||
9. amangangge agêng nèng Balapan ngumpul | asistèn rasidhèn tuwin | para pangeran kang sêpuh | sadhèrèk dalêm sang aji | kalih pangeran ing kraton ||
10. pangeran ing Mangkunagaran kèhipun | pan ugi sami kêkalih | pêpatih dalêm sang prabu | lan bupati sawatawis | Patih Mangkunagaran wor ||
11. bupati pulisi ing Surakartèku | myang wadana gunung rèhing | Mangkunagaran tan kantun | mayor Cina tuwin malih | kapitan Arab saênggon ||
--- 128 ---
12. tuwan asistèn residhèn yèn wus rawuh | mangke ingkang dèn urmati | andhèrèkakên puniku | mring dalêm resdhenan nunggil | sakareta lênggah awor ||
13. ing bab kalih saking sêtatsiun sêpur | prapta residhenan maksih | kareta titihanipun | jêng tuwan kang nêmbe prapti | kadhèrèkakên sagolong ||
14. tut wuri satunggal dhetasêmènipun | lèipwah ing kapalêri | cacahing dragudêr wolu | sarta bragêdhir satunggil | andhèrèk tan kêna adoh ||
15. yèn kareta titihanira wus rawuh | natar residhenan nuli | dèn urmati ungêlipun | mriyêm bètèng rambah kaping | tiga wêlas wus rumantos ||
16. tumuli bab kaping tiga rawuhipun | jê[5] tuwan residhèn munggwing | dalêm residhenan iku | musik ngungêlakên gêndhing | winêr lan sêblut kang alon ||
17. sarta kangjêng tuwan residhèn kang rawuh | lajêng kaaturan puji | wilujêng sadayanipun | dene kang minăngka wakil | residhèn nalika lowong ||
18. lawan para tuwan amtênar tan kantun | Jêng Pangeran Adipati | Arya Mangkunagarèku | kaping nêm lan para upsir | lèsiyun sami rumojong ||
19. tuwin tuwan militèr kumêndhan ngumpul | ritmèstêr kaptin upisir | gêgolonganing garnisun | lan para pangeran sami | putra
--- 129 ---
santanèng karaton ||
20. sumawana malih sanès-sanèsipun | kumêndhaning sèkêtrèi | kanthi para upsiripun | tuwin kang majêgi siti | kabudidayan sagolong ||
21. sarta malih sanggya pra tuwan puniku | ing Surakarta nagari | bupati nayaka kumpul | lawan bupati pulisi | sadayanira kemawon ||
22. tuwin ingkang wus nama pangagêng sagung | băngsa sabrang kang pêpanti | ing Surakarta ngalumpuk | sadaya mangangge kustim | kang darbe wajib mangkono ||
23. saliyane iku pra tuwan ngalumpuk | padha amanganggo roki | irêng sacalananipun | kamejan myang dhasi putih | bab kaping pat kacariyos ||
24. sawusira jêng tuwan residhèn rawuh | jumênêng laju nampèni | pasrah paprentahanipun | nuli kaurmatan malih | ungêling mriyêm tan anggop ||
25. saking bètèng pastênburêh rambahipun | kaping tiga wêlas ugi | wau ing sadèrèngipun | anampèni pamasrahing | paprentahaning wawêngkon ||
26. tuwan sèkrêtaris Surakarta maju | mantêngah maos kintaki | nênggih kêkancinganipun | Jêng Tuwan F.P. Alêwin | kinarsakakên samêngko ||
27. winisudha jumênêng residhènipun | ing Surakarta nagari | têmbung Walandi wus rampung | tumuli dipun rangkêpi | tuwan juru basa maos ||
--- 130 ---
28. têmbung Jawi sêrat kêkancinganipun | bab kaping gangsal winarni | manawi wus wanci pukul | sawêlas tri dasa mênit | jêng tuwan residhèn bodhol ||
29. tindak marang kadhaton panggih sang prabu | sadaya andhèrèk sami | kang kasêbut nginggigil wau |[6] parlunipun angaturi | uninga ing jêng sang katong ||
30. bilih sampun nampèni pasrahanipun | paprentahaning nagari | de kreta titihanipun | jêng tuwan residhèn tuwin | militèr kumêndhan amor ||
31. atut wuri lèipwah kaplêri wolu | tuwin brigadhir satunggil | tindaknya jêng tuwan wau | mandhap saking kreta prapti | srimanganti wus mirantos ||
32. ingkang mêthuk pra pangeran narpasunu | tuwin santananing aji | makatên malih yèn kondur | dipun dhèrèkakên malih | para pangeran karaton ||
33. sawusira lênggah lawan sang aprabu | munggwèng sajroning pandhapi | sasana sewaka laju | tan dangu dipun ladosi | pangunjukan majêng alon ||
34. gya kundhisi wilujêng dalêm sang prabu | kang mahyakakên puniki | kangjêng tuwan residhèn wus | dumugi asmaning aji | sadaya sinabda alon ||
35. sawusira dèn unjuk binakta mundur | majêng ingkang kaping kalih | angunjuk wilujêngingipun |[7] Jêng Tuwan Resdhèn Alêwin | ingkang ngandika sang katong ||
36. ngunjuk ping
--- 131 ---
tri wilujêngnya Kangjêng Ratu | Pakubuwana garwaji | ingkang ngandika puniku | jêng tuwan residhèn malih | sawusnya rampung mangkono ||
37. kangjêng tuwan residhèn lan sang aprabu | têdhak mring prabayasadi | pêpanggihan lan Jêng Ratu | Pakubuwana ngurmati | kang dhèrèk nèng wuri ngrompol ||
38. tuwan militèr kumêndhaning gornisun | pra asistèn resdhèn tuwin | presidhèn landrad tan kantun | tuwin tuwan sèkrêtaris | ing Surakarta tan adoh ||
39. lawan malih ingkang andhèrèk puniku | kontrolir binên lan bêstir | Surakarta atut pungkur | tuwan juru basa Jawi | wusnya têtabean miyos ||
40. wangsul lênggah malih mring pandhapi agung | tumuntên dipun ladosi | pangunjukan wedang sampun | waradin sami ngrahabi | bab kang kaping nêm winaos ||
41. botên dangu jêng tuwin residhèn kondur | saking sajêroning puri | tindak dhatêng dalêmipun | Kangjêng Pangeran Dipati | Mangkunagara wus bodhol ||
42. ngrumiyini marang dalêmira kondur | supados sagêd nampèni | jêng tuwan kang badhe rawuh | sawusnya jêng tuwan saking | Mangkunagaran kacriyos ||
43. datan owah puniku kang atut pungkur | kongsi andhèrèkkên maring | residhenan wusnya rawuh | para pangiring gya pamit | kalilan sadaya bodhol ||
44. ing bab kaping pitu tindak [tinda...]
--- 132 ---
[...k] konduripun | jêng tuwan residhèn saking | kadhaton saha kalamun | kondur saking tindak maring | Mangkunagaran tan seyos ||
45. kaurmatan ungêling mariyêmipun | bètèng pastênbèrêh malih | angaping tri wêlas sampun | titi Surakarta kaping | sawêlas April pancorong ||
46. ingkang taun ăngka sèwu sangang atus | kawan wêlas kang nandhani | asistèn residhènipun | nama Tuwan W.W. Songkir | agêng inggil maksih anom ||
102. Sinom
1. gantya ingkang winursita | kocapa sajroning puri | Sênèn tanggal ping patbêlas | wulan Rêjêb nunggil warsi | maksih Ehe lumaris | karsa dalêm sang aprabu | anyupitakên putra | Radèn Mas Rohkyalun tuwin | Radèn Mas Subêkti Radèn Mas Sujana ||
2. pakurmatan kadya adat | sri narendra lênggah munggwing | sajroning sana sewaka | majêng mangetan siniwi | pangeran narpasiwi | santana myang riya dhuwur | riya ngandhap kalawan | panji wayah buyut sami | amanganggo lir sowan Sênèn Kêmisan ||
3. Radèn Mas Tumênggung Wirya- | diningrat sampun sumiwi | kaliwon urdênas lurah | sapangandhap datan kari | miwah kaliwon carik | sakalerehane kumpul | kaliwon kadipatyan | rèh jêro tan ana pamit | panji gindês ranan Wiryan [Wirya...]
--- 133 ---
[...n] myang Pandayan ||
4. panèwu mantri pêthilan | ngulami pamijèn niti | pambêlah myang kêbondharat | para dènmasan gêng alit | kalawija lan malih | sakawan nyai tumênggung | sarèhe nyai lurah | anglarag miwah kang tampi | sinomane anom tuwa padha marak ||
5. sêtrik orkès myang musikan | pradăngga sami cumawis | saniyagane wus pêpak | wiraswara jalu èstri | talèdhèk badhut nunggil | sapanggonan sami lungguh | cêlak kalawan găngsa | para sumewa kaèksi | apêpanthan cêtha ing sapăntha-păntha ||
6. kadya udyana puspita | kang sowan nèng srimanganti | sira sang mantri wasesa | wadana kaliwon nunggil | jawi lêbêt sumiwi | sapanèwu mantrinipun | ing srimanganti wetan | kolonèl kumêndhan tuwin | litnan kolnèl mayor kaptin upsir pêpak ||
7. tan pantara dangu ingkang | lumêbêt marang jro puri | jêng tuwan residhèn lawan | tuwan-tuwan sawatawis | lir adat dèn urmati | têtabean lan sang prabu | nuli satata lênggah | kang sowan nèng srimanganti | wetan kilèn wus sami malêbèng pura ||
8. laku dhodhok ngabyantara | sumewa mastutyèng gusti | mapan priyangga-priyangga | anèng bênêring palinggih | anom tuwaning kardi | pasewakan nora worsuh | wau ta sri narendra | pangandikanira [pangandi...]
--- 134 ---
[...kanira] aris | mring sang nindyamantri apa wus samêkta ||
9. kang dinangu aturira | kula nuwun sampun gusti | kang arsa têtak ajokna | matur sandika anuding | kang supit wus mangarsi | nuli têdhak sang aprabu | marang gyan pasupitan | ing wanci jam pitu enjing | narpaputra tri pisan wus sinupitan ||
10. sumawana ingkang bela | rampung pangirise sami | binêkta marang pandhapa | ing langên katong miranti | para dhoktêr nênggani | ngarêm-arêm mrih rahayu | êmban myang punakawan | ngadhêp nyêlaki kang supit | ngampil-ampil nyudhiyani pêpundhutan ||
11. mangsuli sana sewaka | tumuli dipun ladosi | pangunjukan dalêm wedang | tèh bubuk pêrêsan sapi | sawusnya ngunjuk sami | paladèm[8] binakta mundur | lênggahan sawatara | jêng tuwan residhèn pamit | têtabean wus mêdal saking jro pura ||
12. kangjêng sri narendra jêngkar | kondur marang kênyapuri | enggaling crita bibaran | wau kang sami sumiwi | wêngine kang winarni | alêlangên gambar idhup | ing wanci pukul sanga | putra santana myang abdi | pêpêthilan kang sowan nora sadaya ||
13. sampun lênggah sri narendra | munggwèng èmpèring pandhapi | sana sewaka kang wetan | kangjêng ratu para putri | andhèrèk lênggah kursi | priyantun dalêm nèm sêpuh | nèng wingking dalêm [da...]
--- 135 ---
[...lêm] nata | lênggah ing babut sinari | sawingkinge malih sanggya pra wanita ||
14. wanita sajroning pura | santana badhaya srimpi | ngêbaki sana sewaka | marak marêp ngetan sami | malih kang lênggah kursi | sadhèrèk dalêm kang sêpuh | mawi nimbali tuwan | militèr kumêndhan tuwin | kaptin upsir ing bètèng sanyonyahira ||
15. pangeran putra kang mudha | nunggil lan kang mêntas supit | nèng kering dalêm sang nata | paningrat wetan pra upsir | kaptin mayor lan malih | litênan kolonèlipun | kolonèl Pangran Arya | Purbanagara nindhihi | ing paningrat sisih kidul kang sumewa ||
16. abdi dalêm pra wadana | mantu ipe dalêm aji | nunggil kaliwon pêthilan | sabojone dèn dhawuhi | marak marang jro puri | ing bangsal găngsa tinabuh | sisihan lan musikan | paningrat wetan pandhapi | andrawina dèn tatani pangrantunan ||
17. punakawan drawisana | iku ingkang amajibi | akanthi rêksa sugata | rampung dènira angrukti | gambar idhup puniki | kang darbe ngiras dhirèktur | anama Tuwan Makar | sabêbaune miranti | tusêtèle anèng palataran wetan ||
18. marêp mangulon prabanya | tumiba têngahing kêlir | putih kêncênge pinênthang | munggwèng malige barêsih | tumuli dèn wiwiti | katingal sorot sumunu |
--- 136 ---
gambarnya sang minulya | kangjêng maharaja putri | Wihèlminah narendra gung ing Nèdêrlan ||
19. garwa saha rajaputra | katon cêtha lir sayêkti | dipun urmati musikan | gêndhing wihèlmis ngrêrangin | kang miyat anèng wuri | pating dangongok anginguk | katon lir mawa cahya | cihnaning narendra luwih | santya budyambêg mêmayu ayuningrat ||
20. sawusnya kang miyat tamat | wêtune salin-sumalin | gambar idhup warna-warna | ingkang gumêlar ing kêlir | wong cilik lan priyayi | praja desa miwah gunung | tlaga kali samodra | prau kapal lan sêkoci | sato wana ibêran myang buron toya ||
21. sabarang kang katingalan | nèng kêlir kadya sayêkti | mung beda tanpa wacana | solah tingkahe ngêplêki | gambar idhup nglam-lami | sakèh suka kang andulu | sri nata myang kang lênggah | sadaya dipun ladosi | pangunjukan mêminuman warna-warna ||
22. tan kari ès parongkolan | sumêla dhaharan tarcis | para kakung linadosan | sigarèt sarutu lincip | myang odhir toya wangi | palonyo wus sami mundhut | cinurkên ing sap asta | ngarsa dalêm kang ngladèni | abdi dalêm panèwu mantri pêthilan ||
23. dene kang lênggah ing ngandhap | kănca sewaka ngladèni | tan ana kang kaliwatan | sarutu minuman tarcis |
--- 137 ---
samana sampun wanci | pukul kalih wêlas dalu | sri nata ngênyapura | andhèrèk sagung pra putri | tuwan nyonyah wusnya têtabean mêdal ||
24. kang sowan sigra bibaran | gambar idhup dèn kukudi | kênap kursi palênggahan | babut pakêcohan barlin | sampun sumimpên sami | ing gêdhong panggonanipun | kang sami nambutkarya | sawusnya rampung gya mulih | praptèng wisma kasmaran mring gambar gêsang ||
103. Asmaradana
1. kunêng gantya kang tinulis | carita nalika tanggal | kaping 17 ri Sênèn | Ruwah maksih Ehe warsa | sangkala kang winarna | dadine salira kumpul |[9] nênggih ing dintên punika ||
2. karsa dalêm jêng sang aji | ngramakakên putra tiga | sakawan ingkang sadhèrèk | Jêng Pangran Mlayakusuma | dhaup lan ingkang asma | Dyan Ajêng Sukanti iku | putra têtilaranira ||
3. swargi Jêng Pangran Dipati | Ariya Mangkunagara | kang kaping gangsal lajênge | putri dalêm ingkang nama | Radèn Ajêng Kusiyah | tinarimakakên dhaup | lan sira Radèn Mas Arya ||
4. Patmanagara Bupati | wadananirèng galadhag | malih kang dadya pangantèn | nama Dyan Ajêng Kusinah | dèn trimakakên marang | mayor jayèngastra iku | anama Radèn Mas Arya ||
5. Adiwinata lan malih | Radèn Ajêng Kustantinah | dhaup dèn tarimakake |
--- 138 ---
mring sira Radèn Mas Arya | Wuryaningrat wadana | gêdhong têngên lênggahipun | pangantèn sakawan pisan ||
6. paningkahe nèng jro puri | lir adat wiyosing nata | mawi jêng tuwan residhèn | tuwan-tuwan sawatara | para putra santana | abdi dalêm èstri jalu | sumewa mring dhatulaya ||
7. sorene dènira panggih | mêdal marang kapatihan | anitih joli putrine | kang kakung nitih turangga | ginarbyêg upacara | mampir residhenan iku | têtabean lang jêng tuwan ||
8. wusnya lênggah sawatawis | gya mangkat mring kapatihan | tata ngadating pangantèn | mawi wiwaha pahargyan | kongsi sapasar pisan | laku-lakune miturut | dhawuh kasêbut pranatan ||
9. putra putri dalêm aji | kang saking garwa ampeyan | tinamtokakên panggihe | anèng dalêm kapatihan | kangjêng sang mantrimuka | ingkang ambawahi iku | mangkono kang wus kalakyan ||
10. sapasare malbèng puri | ngabêkti marang sang nata | lan jêng ratu sêsamine | wau mampir residhenan | tabean lan jêng tuwan | lir duk nalikarsa têmu | kaot wancinira siyang ||
11. panganggo miwah pangiring | busananirèng pangantyan | kabèh tan ana bedane | undure saking jro pura | pangantèn papat pisan | sadaya kalilan [ka...]
--- 139 ---
[...lilan] mundur | marang dalême priyangga ||
12. ing wêgdal kraman puniki | mawi tamu saking praja | Ngayogyakarta asmane | Jêng Pangeran Adipatya | Prabu Suryadilaga | sarimbit lan garwanipun | lan Gusti Pangeran Arya ||
13. Mangkukusuma utawi | Bandara Pangeran Arya | Suryadiningrat malihe | Bandara Pangeran Arya | Adi Suryabandara | Pangran Jayakusumèku | rawuhe nèng Surakarta ||
14. dina Saptu tanggal kaping | 17 Kêmis kondurnya | kaping 22 tanggale | Rêbo ping dwi dasa juga | tiba malêm Rêspatya | sampeyan dalêm sang prabu | tuwi pangantèn sakawan ||
15. marang kapatihan nênggih | pahargyan wiyosing nata | badhayan miwah sarimpèn | agêng pakurmatanira | ngungkuli duk panggihnya | bêdhug têlu lagya kondur | mijil saking kapatihan ||
104. Mijil
1. ya ta wulan Siyam tanggal kaping | 20 ri Rêbo | uga maksih jroning warsa Ehe | sore satêngah nêm ngawiyati | adoh katon rêsik | biru nom ngêlangut ||
2. riyêm-riyêm Hyang Raditya lirip | lumarap mangulon | alon kaling-kalingan ubênge | buwanarsa salin wanci wêngi | Hyang Rawi lir ngancik | nèng pucaking gunung ||
3. sakèh janma jalu lawan èstri | gêng alit tuwa nom | girang tyase lamun wayah
--- 140 ---
sore | ngenggar-enggar mrih rênaning ati | kulintong palêsir | marang alun-alun ||
4. kawuwusa sajroning surambi | masjid Gêdhe katon | pandam-pandam sinulêdan kabèh | eliksêtrit prabane mratani | jawi jroning masjid | tan ana kang lindhuk ||
5. ing gapura marganira katri | panjutane abyor | anarithik gathik thèrèk-thèrèk | kang tinurut wêwanguning kori | têngah mancut lincip | sumundhul mandhuwur ||
6. mustakaning masjid dèn sinungi | buhlam amancorong | cêtha saking mandrawa sunare | nure kadya lintang bimasêkti | rèhne cêlak maksih | luwih padhang iku ||
7. wong lumaku ana ngidul tuwin | ngetan ngulon ngalor | ting saliri ngalun-alun byuke | sumawana sanggyaning priyayi | gêdhe sarta cilik | anglur tumaruntun ||
8. busana lir seba dina Kêmis | wadana kaliwon | myang panèwu tumêka mantrine | jaba jêro wus padha sumiwi | ingkang jêro munggwing | srimanganti kumpul ||
9. golongan jawi dènnya sumiwi | sadaya kemawon | anjujug nèng srambi masjid Gêdhe | tan adangu jêng radyan dipati | sumewa ing masjid | upacara pungkur ||
10. laju lênggah sang anindyamantri | surambi iring lor | majêng ngidul agodhag ngarsane | kiwa têngên kapara ing wingking | sagung pra bupati | sakaliwonipun ||
--- 141 ---
11. linggih wuri pra panèwu mantri | miwah anon-anon | jèjèr urut nom tuwaning gawe | sambung-sumambung anggêlar lampit | sangune pribadi | kang kinarya lungguh ||
12. kawuwusa malih srimanganti | surya saya ngayom | rêpêt-rêpêt mèh ilang rinane | pra sumewa angêbaki panti | tan adangu mijil | sira nyi tumênggung ||
13. saking jroning pura mawi kanthi | nyai lurah loro | prapta nabda kănca kliwon gandhèk | kang dèn uwuh alon anauri | nuwun kula nuli | laku dhodhok maju ||
14. nyi tumênggung linggih andhawuhi | sabdanira alon | wosing dhawuh sira kliwon gandhèk | andhawuhna mring sang nindyamantri | wilujêngan aji | ing malêm salikur ||
15. sarta dinongakakên basuki | kangjêng sang akatong | lamun wus dèn dongani ajate | nuli dèn bagea kang waradin | sandika umijil | marang masjid Agung ||
16. kalung samir myang panyupit kalih | nèng wuri tan adoh | lajur mujur bênjar jèjèr-jèjèr | ajat-ajat pinikul ing kuli | bau gladhag sami | klambi kathok kêthu ||
17. radi têbih sawingkinge malih | wadana kaliwon | panèwu mantri anon-anone | gumarubyug samya atut wuri | mijil ing sitinggil | tumuli tumurun ||
--- 142 ---
18. ngambah bangsal sumewa gya prapti | ing alun-alun lor | nratas têngah anêkuk mangilèn | kang dèn ênêr gapurane masjid | tataning lumaris | gandhèk kang nèng ngayun ||
19. sampun prapta têngahing surambi | ngadêg marêp ngalor | uluk-uluk banjur dhawuhake | kadya adat cundakaning aji | jêng radyan dipati | wus mangsuli dhawuh ||
20. gandhèk wangsul marang srimanganti | linggih sapatêmon | lawan nyai tumênggung ature | kula sampun dhawuhakên maring | risang nindyamantri | sandika turipun ||
21. sawusira rampung nuli bali | kliwon gandhèk loro | nusul marang srambi masjid Gêdhe | wadana kliwon panèwu mantri | sampun sami linggih | srambi iring kidul ||
22. marêp ngalor bupatine ngarsi | nyambungi kaliwon | kiwa têngên anêkuk mangalèr | wuri para panèwu lan mantri | ing sabilik-bilik | solahe kadulu ||
23. ana brêgas ana nyingkruk wêdi | wênèh amalongo | ana antêng ana ingkang rongèh | bingar girang solahe pinardi | warna-warna kèksi | sajaking pilungguh ||
24. dyan pangulu tapsir anom tuwin | katib sapangisor | sami manganggo basahan kabèh | sawusira salat waktu mahrib | nuli sami mijil | marang srambi lungguh ||
25. marêp ngetan dènira sumiwi | saka guru kulon | wuri para
--- 143 ---
ngulama nèng ngèmpèr | sarêbanan irêng putih kuning | wusnya sawatawis | dènnya sami lungguh ||
26. ya ta kangjêng radèn adipati | angandika alon | marang radèn pangulu wiyose | ajad dalêm kinon andongani | pamalêmiraji | tanggal ping salikur ||
27. matur sandika kang dèn dhawuhi | nuli ngadêg alon | majêng ngetan amaos dongane | dèn amini sagung kang sumiwi | wus rampung tumuli | dyan pangulu mundur ||
28. wangsul marang sajêroning masjid | sakancane bodhol | atut wuri pra ngulama kabèh | ana ingkang ngambil toyastuti | nyêlak sami linggih | pangimamanipun ||
29. gya muadim caos dèn dhawuhi | adan tumalawong | manjing salat ngisa nuli trawèh | sapiturute yèn nuju sasi | Ramêlan nèng masjid | barjamangah kumpul ||
30. kang nèng srambi jêng radyan dipati | gya jumênêng alon | têdhak dhahar angêpung ajate | paring dalêm kangjêng narapati | panataning bukti | meja mujur ngidul ||
31. dènnya lênggah sang anindyamantri | kapala meja lor | majêng ngidul gya kanan keringe | jawi lêbêt sanggyaning bupati | kaliwon nyambungi | anunggal sadunung ||
32. dene para panèwu lan mantri | kang golongan jêro | pangêpunge nèng kidul prênahe | ana ing lor kang golongan jawi | mujur ngetan sami |
--- 144 ---
dènnya linggih urut ||
33. kabèh iku panataning bukti | nganggo bangku dhepok | têngah têmbing kulon mujur ngalèr | tata ambêng kawan dasa iji | pasudhiyan bukti- | nira sang nindya nung ||
34. nuli malih ingkang dèn tatani | ing srambi iring lor | kalih lajur ujure mangilèn | isi nyèkêt dadi satus piring | ajange pra mantri | jaba myang panèwu ||
35. ingkang iring kidul animbangi | nanging patang kêthok | uga isi nyètêt[10] salajure | dadi rongatus ajang winilis | gèn panèwu mantri | rèh jêro ngalumpuk ||
36. gunggung kabèh têlung atus luwih | patang puluh katon | dèn gêlari taplak putih kènjèn | ambêng rangkêp pakobokan bêling | sendhok lading cukit | srêbèt gêlas banyu ||
37. sêkul ulam dhaharan mawarni | maju sapisan sop | inpêriyalê kaping pindhone | dhahar sêkul ulam cara Jawi | myang cara Walandi | ingkang kaping têlu ||
38. saos pikan lapis daging krêndhi | sêtup wortêl winor | kênthang pire kaping pat ajune | sladhah lan pragêdèl daging pitik | ping lima lumadi | pangunjukanipun ||
39. iman adhêm adu lima lêgi | malih namane pos | sipolatah ingkang kaping nême | kaping pitu kunpotên lumadi | ping wolu mungkasi | wowohan umaju ||
--- 145 ---
40. kănca wibawa ingkang ngladèni | dene kang lumados | marang para panèwu mantrine | patang warna dèn adhêp nèng ngarsi | jangan sop sapiring | kang sapiring sêkul ||
41. sêkul pêrcita têlunge piring | roti nora atos | papat piring isi wowohane | dadi nora susah dèn ladèni | mung kari ambukti | amangsuli wuwus ||
42. meja têngah mawi toya Wlandi | kêmbang kinang rokok | rêrêmikan sêkar gêndhis bangkèt | mandhêl kismis buwah ès arbèi | têngah meja mawi | palaton sêkar rum ||
43. nutug datan kacuwan kang bukti | nikmate karaos | waktu iku kang dhahar gunggunge | têlung atus patang puluh pyayi | dènnya sami bukti | linggih adu dhêngkul ||
44. wus luwaran jêng radyan dipati | kondur saka kono | nora kari sadaya andhèrèk | bubar kabèh kang mêntas kêndhuri | sowang-sowang mulih | praptèng wisma cucul ||
45. tanggalira rorikur nujwari | Jumungah Kaliwon | miyosake ajad dalêm manèh | wanci miwah kang sami sumiwi | nora beda kadi | duk malêm salikur ||
46. mung kaote dènnya andhawuhi | marang gandhèk loro | iki pa malêm ing kadipatèn | dhawuhêna mring radèn dipati | sandika umijil | marang masjid Agung ||
47. nalika wêtuning
--- 146 ---
ajat saking | sajroning kadhaton | dèn jajari kănca kadipatèn | atut wuri cundakaning aji | wingking jodhang wilis | pirang-pirang pikul ||
48. ing surambi panataning bukti | tan ana kang kalong | meja-meja kabèh padha bae | dyan pangulu ingkang andongani | tamat nuli bukti | lir malêm salikur ||
49. tan pinanjang caritèng surambi | cinêkak samono | gya bubaran kang sumewa kabèh | praptèng wisma kang nom banjur salin | busana tumuli | ngenggar-enggar kayun ||
50. lunga marang taman sriwadari | kêbonraja manggon | sabên malêman dèn anakake | pasar toko Cina Jawa Êncik | nyumêt main api | nganggo gambar idhup ||
51. para janma jalu lawan èstri | gêng alit tuwa nom | para tuwan-tuwan nyonyah akèh | ingkang prapta sami amirsani | para luhur Jawi | kathah ingkang rawuh ||
52. tan wus lamun winarna ing tulis | rêngganing kalangon | sriwadari tuhu nyênêngake | rina wêngi wus mèh tanpa sêpi | salin têmbang slisir | gantya kang winuwus ||
105. Salisir
1. Rêbo tanggal ping 11 | wulan Sawal nunggil warsa | Kangjêng Radèn Adipatya | Sasradiningrat lan garwa ||
2. nyuwun pamit mring sang nata | tindak marang Batawiyah | parlu mêthuk jêng pangeran | ngabèi saking Eropa ||
3. dhawuh dalêm wus kalilan | ing dintên [di...]
--- 147 ---
[...ntên] punika bidhal | nitih sêpur nèng Balapan | ingkang sami atut wuntat ||
4. Dyan Mas Arya Wuryaningrat | sarimbit lan ingkang garwa | Rahadèn Tumênggung Jaksa- | nagara ugi tut wuntat ||
5. kaliwon dhoktêr Rahadyan | Ngabèi Wedyadipura | myang abdi jalu wanita | amung kang parlu kewala ||
6. dènira pamit punika | lamine patbêlas dina | ing marga nora winarna | rawuh Batawi raharja ||
7. ya ta ingkang winursita | mangsuli ing Surakarta | wus paring dhawuh sang nata | kawrat ing sêrat pranatan ||
8. pakurmatan kondurira | jêng pangran bèi punika | saking nagari Walănda | rawuhnya nèng palabuhan ||
9. Tanjungpriuk duk nalika | Rêbo tanggal ping 18 | ing wulan Sawal punika | anunggil warsa ing ngarsa ||
10. rinangkêpan kaping 9 | Sèptèmbêr ing warsa ăngka | sèwu sangang atus lawan | kawan wêlas lumaksana ||
11. ingkang kadhawuhan mapag | mring Tanjungpriuk Jêng Pangran | Ariya Kusumayuda | sakalihan ingkang garwa ||
12. lan malih Radèn Mas Arya | Patmanagara sagarwa | mawi abdi sawatara | bidhal saking Surakarta ||
13. ing dina Salasa tanggal | kaping 24 winarna | enjang wanci pukul 9 | 24 mênit langkungnya ||
14. rawuhe kangjêng pangeran | angabèi pinihargya | ing sêtatsiun Balapan |
--- 148 ---
gya mampir mring residhenan ||
15. kalihan para bandara | pangeran putra kang mapag | sawusnya saking resdhenan | laju sowan marang pura ||
16. ugi lan para pangeran | putra santana myang riya | ngandhap nginggil samudaya | andhèrèk sumiwèng nata ||
17. kang mêthuk maring Balapan | bandara pangeran putra | sadhèrèk dalêm kang wrêda | kang pinatah mung sajuga ||
18. sadhèrèk dalêm taruna | pan ugi amung sajuga | nanging kadhawuhan matah | kang golongan kering kanan ||
19. satunggal ingkang kagungan | pangagêmanira sêtap | saha malih kang sajuga | kang nora cara Walănda ||
20. dene kang mangagêm sêtap | amung kalilan busana | klèntêni cêmêng kewala | tan mawi sakudêr kuwas ||
21. kang mangagêm cara Jawa | dhêstharan saha rasukan | sikêpan alit kang krêsna | jangkêp tunggaling kawaca ||
22. pangeran santana riya | ngandhap nginggil kering kanan | punika sami nyatunggal | mangagêm lir pangran putra ||
23. abdi dalêm pra wadana | sajroning praja sadaya | wadana kang darbe garwa | putri dalêm sarimbitan ||
24. abdi dalêm kliwon ingkang | maksih santana sadaya | wadana kaliwon padha | panganggone nora beda ||
25. ajangkêp sami bêbêdan | kuluk irêng brêji gilap | kulambi dhêdhasar krêsna | sikêpan alit [a...]
--- 149 ---
[...lit] wangunnya ||
26. pangeran kolonèl Arya | Purbanagara kalawan | litnan kolonèl Radèn Mas | Ariya Priyawinata ||
27. mayor jro jawi sadaya | lan sakaptin upsir jaba | jêro wayah dalêm samya | klèntêni sêkudêr tanpa ||
28. abdi dalêm pra urdênas | 12 numpak kapal | sami mangangge klanthungan | kulambi ijêm atela ||
29. topi pètcis renda seta | anjajari ingkang 4 | ana ing ngarsa kareta | ingkang 8 anèng wuntat ||
30. lan dèn paringi pêthukan | titihan dalêm kareta | Kiyai Wimanarêtna | rakitan Ostrali krêsna ||
31. kalih rakit prabotira | kênèk kusir wungu noja | kang pinatah nampènana | anèng dalêm pangabean ||
32. dhawuh dalêm kang minăngka | sru muni mèstêr Bandara | Kangjêng Pangeran Ariya | Natapura kalihira ||
33. Bandara Kangjêng Pangeran | Ariya Adiwijaya | lan Radèn Mas Arya Purwa- | diningrat saha kang garwa ||
34. malih Radèn Mas Ariya | Suryadiningrat sagarwa | Radèn Mas Arya Prawira- | diningrat ugi lan garwa ||
35. malih Radèn Mas Ariya | Adiwinata myang garwa | Radèn Mas Ngabèi Yasa- | dipura lawan Radèn Mas ||
36. Ngabèi Sasradipura | ingkang sami antuk dhawah | anjujug anèng ngabean | pra pangran putra santana ||
--- 150 ---
37. riya nginggil riya ngandhap | pangagêmane dhêstharan | arasukan langênarjan | jangkêp panunggilanira ||
38. abdi dalêm panji wayah | tuwin buyud dalêm ingkang | golongan têngên sadaya | manganggo ikêt-ikêtan ||
39. kulambi sikêpan cêkak | sangkêlat irêng prasaja | ganêp paraboting angga | sakèh wusa sami prapta ||
40. abdi dalêm para tuwan | sadaya katimbalana | kalawan Tuwan Takse Ra- | dhêmatos sasaminira ||
41. atminisêtratur sarta | Tuwan Radhêmakêr samya | panunggilane pra tuwan | kalilan mangangge pêthak ||
42. saha malih kadhawuhan | anyêdhahi para tuwan | sobatnya kangjêng pangeran | angabèi prajadesa ||
43. ugi amangangge seta | kadya kang kasêbut ngarsa | ingkang ngulêmi Bandara | Jêng Pangran Adiwijaya ||
44. ing Ngabean kasudhiyan | meja panataning dhahar | kèhnya 100 ambêng rampak | tinata anèng pringgitan ||
45. ingkang badhe kêmbul dhahar | para bandara pangeran | putra santana lan riya | wadana litnan kolnèlnya ||
46. mayor saha para tuwan | kaliwon ingkang santana | kaptin upsir ingkang wayah | panji ugi ingkang wayah ||
47. kagungan dalêm pradăngga | Kiyai Rarasrum sarta | ruming raras dipun tata | èmpèr pandhapi tursina ||
--- 151 ---
48. pinalih salendro wetan | peloge anèng pracima | niyaga ing kadipatyan | talèdhèk myang wiraswara ||
49. abdi dalêm panakawan | sêtrik orkès saprantinya | unèn-unèn sami tata | ing griya kopêl ngajêngan ||
50. abdi dalêm musik sêtap | kasêpuhan dipun tata | nèng sêtatsiun Balapan | manggèn ing ngèmpèr utara ||
51. lan kagungan dalêm găngsa | kodhokngorèk kapatihan | sampun amapan katata | nèng èmpèr iring tursina ||
52. sami munya amahargya | rawuh kalawan bidhalnya | saking Balapan jêng pangran | angabèi narpaputra ||
53. rawuhe kangjêng pangeran | anèng dalêm pangabean | yèn sampun satata lênggah | sêgah sês srutu mangarsa ||
54. tinungka minum-minuman | lamun panataning dhahar | meja wus rampung sadaya | Jêng Pangeran Natapura ||
55. majêng ngaturi uninga | mring kang raka jêng pangeran | angabèi lajêng dhahar | lan sagung kang wus winarna ||
56. ladosan sop kang kapisan | kaping kalih sêkul ulam | ping tiga kênthang racikan | ping sakawanira sêlat ||
57. kang kaping gangsal dhaharan | kaping nêm buwah kêlêman | kang kaping pitu wowohan | bibar dhahar linadosan ||
58. ès panili lan ès buwah | kang ngladosi punakawan | sewaka
--- 152 ---
panganggènira | pan amung toron kewala ||
59. kang minăngka lêlangênnya | wirèng mung kalih rambahan | saprangkat panjogèdira | sadurunge lênggah dhahar ||
60. saprangkat malih mataya | sawusira bibar dhahar | sarta talèdhèk gambyongan | tan mungkur kang sami miyat ||
106. Pangkur
1. ya ta ingkang winursita | ing Ngayogya kangjêng sri narapati | amiji gandhèk tinuduh | marang ing Surakarta | apan mundhi nawala katur sang prabu | lawan angampil pasumbang | dènira mantu sang aji ||
2. duk tanggal kaping 19 | dina Sênèn Ruwah Ehe puniki | kang wus kasêbut ing dhuwur | gandhèk sampun siyaga | sami ngrasuk prajuritan tindhihipun | Dyan Lurah Jiwadipura | kiwa ingkang anisihi ||
3. Dyan Lurah Dutadipraja | iku têngên kanthi panèwu mantri | nênêm ingkang atut pungkur | lan bau ingkang bêkta | gêgotongan pasumbang winot ing sêpur | sadayanira wus numpak | angkate dutèng narpati ||
4. ri Sênèn tanggal sapisan | Dulkangidah jro Ehe ăngka nunggil | anèng sêtatsiun Tugu | dènira sami numpak | tan winarna ing marga enggaling wuwus | kareta sêpur wus prapta | ing Balapan angèndêli ||
5. ingkang mandhap tuwin minggah | kadi sabên suk-sukan rêbut dhisik | kănca gandhèk alon mêdhun |
--- 153 ---
praptane tinanggapan | abdi dalêm gladhag Surakarta mêthuk | duk wingi wus antuk dhawah | mring sêtatsiun nampani ||
6. bêbêktaning gandhèk samya | wus tinampan ing bau angusungi | gotongan kabèh pinikul | gandhèk gya ingancaran | numpak kreta sakawan cumawis ngayun | wus sami mapan sadaya | anèng kareta alinggih ||
7. kreta laju lampahira | wus winêling kinèn lêrêma dhingin | anèng pamondhokanipun | sakilèn kapatihan | gandhèk mudhun pinarnahakên puniku | panggonan ingkang prayoga | wau ta sarêng wus wanci ||
8. satêngah nêm sore dandan | rampung nuli sami mangkat sumiwi | marang kapatihan jujug | ing bangsal balearja | anèng ngèmpèr ingancaran sami lungguh | anganti sawiyosira | Kangjêng Radèn Adipati ||
9. Sasradiningrat wus lênggah | ing pandhapa kaadhêp para dasih | sampun dèn caosi atur | alon wahyaning sabda | mring kaliwon patih kapatihan iku | Radèn Mas Ngabèi Sasra- | dipura ingkang tinuding ||
10. nimbali duta kang sowan | sapraptane ing balearja linggih | nuli maringakên dhawuh | sandika kang liningan | kèrid malbèng pandhapa mêndhak wotsantun | tata sumewa nèng ngarsa- | nira Jêng Radyan Dipati ||
11. Sasradiningrat ngandika | umajua padha dènira [dèni...]
--- 154 ---
[...ra] linggih | nun inggèh mingsêt umaju | gandhèk ingkang pangarsa | Radèn Lurah Jiwadipura umatur | kula asuka uninga | ing kangjêng radèn dipati ||
12. lampah kula saking praja | ing Ngayogya Kartadiningrat prapti | nagari Surakarta gung | adiningrat punika | mawi mundhi nawala dalêm sang prabu | Ingkang Sinuhun Jêng Sultan | Hamêngkubuwana Aji ||
13. kang badhe konjuk sri nata | kang Sinuhun Jêng Susuhunan nênggih | mênggah ing salajêngipun | kauningan jêng tuwan | residhèn ing Surakarta kula amung | aborong ing panjênêngan | sampeyan jêng nindyamantri ||
14. kalihdene malih ingkang | tabe kangjêng tuwan residhèn nagri | Ngayogyakarta puniku | kang mugi dhumatênga | panjênêngan sampeyan salajêngipun | kangjêng sang nayakawaktra | mangsuli tarima kasih ||
15. gandhèk malih aturira | kula ngaturakên kang salam taklim | kangjêng pangeran nindya nung | Ariya Adipatya | Danurêja katur dhumatêng jêng ulun | ing panjênêngan sampeyan | nêdha wangsulanira ris ||
16. matur malih kang dinuta | ingkang
--- 155 ---
taklim priyayi gêng bupati | nayaka sadayanipun | Ngayogya kaatura | panjênêngan sampeyan wangsulanipun | lirih ngalaekum salam | laju angandika aris ||
17. kănca lampah jêngandika | punapi ta inggih wilujêng sami | ênggèh wilujêng turipun | jêng radyan adipatya | angandika ratu kula kang sinuhun | Jêng Sultan Mêngkubuwana | punapi sugêng basuki ||
18. ênggèh sugêng aturira | kangjêng nindyamantri ngandika malih | ing mangke kangjêng sang prabu | punapi kang kinarsan | gandhèk matur samangke kangjêng sinuhun | sawêg mriksa kalangênan | dalêm badhaya sarimpi ||
19. malih ing pandangunira | kangjêng tuwan residhèn ing nagari | Ngayogyakarta puniku | punapi kasugêngan | kang sinabdan ênggèh sugêng aturipun | kangjêng radyan adipatya | malih angandika aris ||
20. adhi mas Pangeran Arya | Adipati Danurêja punapi | sugêng ing sadayanipun | gandhèk lon aturira | ênggèh sugêng tumuli malih andangu | adhi mas pangeran arya | adipati sapuniki ||
21. sawêg [sawê...]
--- 156 ---
[...g] kaparêng punapa | abdi dalêm gandhèk umatur aris | sawêg nindakakên dhawuh | timbalan dalêm nata | kèndêl sawatara têdhan dalêm maju | sugata srutu lan wedang | tèh kopi dipun prêsani ||
22. sawusnya angombe wedang | rinangkêp lan udut sarutu lancip | jêng radyan dipati dhawuh | mring gandhèk ing Ngayogya | sadayane kinon andhingini laku | seba marang residhenan | ing lampah mawi dèn irit ||
23. kliwon patih kapatihan | tur sandika mundur lumaris prapti | paseban ringin binatur | yèku ing residhenan | sami lungguh ya ta ing saungkuripun | priyayi gandhèk Ngayogya | wau kang lênggah pandhapi ||
24. kangjêng sang mantri wasesa | dhawuh mundhut kareta wus mangarsi | mranti kênèk kusiripun | tumuli tinitihan | punakawan kêkalih kang atut pungkur | siji ngampil lopak-lopak | kang siji kêcohan rukmi ||
25. songsong kang anèng kusiran | dhawuh mangkat kinêtap kang turanggi | tan pati rikat ing laku | pan amung jojog lêmbat | kang tinangguh ingkang ngrumiyini wau | sagêda sarêng ing lampah | ing resdhenan sampun prapti ||
26. samandhape saking kreta | nuli minggah maring tritising galdri | kang anèng ringin binatur | dèn awe gya mangarsa | kănca gandhèk sadaya sami tut pungkur | ing kangjêng radyan dipatya |
--- 157 ---
sampun malêbêt ing galdri ||
27. jêng tuwan residhèn sigra | mêdal saking kamar pan sampun panggih | lawan risang anindya nung | rumêsêp têtabean | ingancaran lênggah palênggahanipun | kursi wus mapan tinata | awit sadurunge prapti ||
28. sampun ngaturi uninga | sawusira tata dènira linggih | gandhèk santak aturipun | ngintunakên tabenya | kang Sinuhun Kangjêng Sultan saha sagung | wong agung Ngayogyakarta | miwah kangjêng pramèswari ||
29. sambunge kadya nalika | matur marang kangjêng anindyamantri | rèntès sapiturutipun | gandhèk laju aturnya | kula nyaosakên nawalaning prabu | kang badhe konjuk sri nata | kang satunggalipun malih ||
30. sêrat saking kangjêng tuwan | residhèn ing Ngayogyakarta nagri | punika mugi kaatur | paduka kangjêng tuwan | residhèn ing Surakarta malihipun | sêrat saking mantrimuka | Jêng Pangran Arya Dipati ||
31. Danurêja kaatura | dhumatêng Kangjêng Radèn Adipati | Sasradiningrat nindya nung | kangjêng tuwan ngandika | trima kasih ajokna layange iku | têtiga sampun katampan | sêrate ingkang satunggil ||
--- 158 ---
32. laju dèn paringkên marang | kangjêng radèn dipati anampèni | kang sêrat kêkalih wau | kajawi kang nawala | suraose sadaya ngaturi wêruh | lampahing gandhèk dinuta | mring Surakarta nagari ||
33. dene wau kang nawala | sumimpên nèng residhenan anganti | timbalan dalêm sang prabu | lêbête marang pura | yèn wus ana dhawuh ingkang tinartamtu | dina paseban kinarya | sri narendra anampèni ||
34. wus rampung paturanira | kănca gandhèk ya ta jêng nindyamantri | nyuwun pamit arsa mundur | lan gandhèk ing Ngayogya | kangjêng tuwan nglilani tabean sampun | kondur jêng radyan dipatya | santun sêkar ngasmarani ||
107. Asmaradana
1. kănca gandhèk atut wuri | mundur saking residhenan | laju marang ing pondhoke | ngaso lungguh ngenggar-enggar | sambèn omong-omongan | kang minăngka pamongipun | kănca gandhèk Surakarta ||
2. esuk sore padha prapti | pangkat panèwu satunggal | mantri bêkêl jajar ngloro | enjang têka jam sadasa | mulih jam rolas awan | yèn bêngi têka jam pitu | ulihe wayah jam sanga ||
3. amung yèn malêming ari | sumewa marang jro pura | karo pisan kliwon gandhèk | Raden Mas Ngabèi Jaya- | darsana iku kiwa | têngêne radèn [radè...]
--- 159 ---
[...n] sinêbut | Ngabèi Purwadarsana ||
4. nyarêngi panèwu mantri | sami marang pamondhokan | ing wanci jam pitu sore | martuwi gandhèk Ngayogya | bagya-binagya arja | omong nganti jam sapuluh | rumakête kadi kadang ||
5. mangkono ingkang nêmoni | sabên ana gandhèk Yogya | miranti pamondhokane | lampit kalasa gumêlar | bangku paidon pandam | sinulêt kalane dalu | dhudhuk gantung kabèh padhang ||
6. papaning panendran isis | patêdhan dalêm sugata | wedang panganan lan rokok | kinang srutu sêkul ulam | ri ratri tanpa pêgat | jêjodhangan praptanipun | saking jroning kapatihan ||
7. kangjêng sang anindyamantri | wus antuk dhawuhing nata | laju winaratakake | nawala saking Ngayogya | pinundhut malbèng pura | Kêmis tanggal kaping catur | maksih wulan Dulkangidah ||
8. wuwusên sajroning puri | pandhapa sana sewaka | ngisoring kili ingkang lèr | tinatanan palênggahan | dalêm dhampar kancana | kinasur baludru wungu | cukèn wêngku balodiran ||
9. pungkasing sasap tinêpi | ing gombyok mas sêkar sêdhah | ngathepyah anjèrèng jèjèr | rênyêp-rênyêp katon obah | lumintu ngombak toya | mêngês wunguning baludru | kaprênah têngêning dhampar ||
10. sinung bangku alit [a...]
--- 160 ---
[...lit] abrit | suku sakawan giligan | pinrada gêgêl angkupe | inggile papak lan dhampar | malih cakêt sinungan | ajug-ajug suku têlu | saking salaka sinêkar ||
11. ron mêgar lunge tumali | puniku sêsangganira | kêcohan alit mas trètès | kiwa pinasangan kênap | marmêr wilis lus-lusan | gilap nganti lir jumêrut | mujur ngalor ginêlaran ||
12. ing babut sutra kêtangi | ngajêng dhampar tinatanan | kiwa têngên kursi jèjèr | dwi sisih ajêng-ajêngan | sipat kêncêng lan saka | ngèmpèr lèr kêcohan mujur | mangilèn panatanira ||
13. sab kalih ing ngarsa wuri | godhag kang têngah sasaka | malih paningrat ingkang lèr | tinatanan pakêcohan | mujur ngilèn sadaya | ugi sab kalih lumajur | ing têngah siji manjila ||
14. sudhiyan sang nindyamantri | sadaya ginêbêg gilap | kadya kancana kuninge | kagungan dalêm pradăngga | tinata ing paningrat | sakiduling sewaka gung | sêtrik orkès panatanya ||
15. kilèn drawina miranti | saprangkat malih pradăngga | nèng bangsal wetan tatane | prikănca sêtap musikan | saunèn-unènira | seba sakiduling panggung | eyup tan kasorot surya ||
16. roning sawo kang ngalingi | saking rumêmbe ngrêmbaka | kêtêl lir tinata trape | ngayomi mring para
--- 161 ---
seba | sabên alinggih jênak | enaking driya tan kadung | andungkap pukul sadasa ||
17. abdi dalêm agêng alit | wus pêpak sami sumewa | anèng palataran andhèr | Radèn Mas Tumênggung Wirya- | diningrat sapangandhap | riya panji wayah buyut | nunggal sagolonganira ||
18. pra pangeran narpasiwi | lawan pangeran santana | riya dhuwur sowan anèng | ngèmpèring nguntarasana | găngsa wus wiwit munya | gêgêntenan nganyut-anyut | rarase karasèng driya ||
19. pasowanan srimanganti | wus kêbak ingkang sumewa | wadana tuwin kaliwon | panèwu mantri lan jajar | ing srimanganti wetan | kolonèl kumêndhanipun | litênan kolonèl nunggal ||
20. mayor kapitan upisir | jawi lêbêt panganggonya | lir seba padatan bae | ya ta sang nayakawaktra | lan gandhèk ing Ngayogya | dènnyarsa sowan kadhatun | mawi mampir residhenan ||
21. lan kangjêng tuwan wus panggih | tabean nyuwun nawala | kang badhe katur sang katong | nawala sampun katampan | winot ing bèri êmas | gandhèk Surakarta mêthuk | kaliwon sakancanira ||
22. nawala ingkang angampil | Dyan Lurah Dutadipraja | sawusnya pamitan kabèh | wau kang anèng resdhenan | laju sowan mring pura | datan winarna [winar...]
--- 162 ---
[...na] ing ênu | kangjêng radèn adipatya ||
23. wus rawuh ing srimanganti | kairing ing upacara | kadya adat pisowane | kêkalih gandhèk Ngayogya | wus sami linggih nunggal | kalawan kaliwonipun | gandhèk nagri Surakarta ||
24. dene nawalaning aji | laju pinasrahkên marang | nyai tumênggung kang anèng | srimanganti wus tinampan | binêkta manjing pura | nêngêna ingkang winuwus | sayêkti sarêng ing lampah ||
25. carita kinarya gênti | kocapa kangjêng sang nata | ing sasampunipun dandos | amangagêm kanigaran | sampêt sanggyèng busana | sadaya sarwa linuhung | sumunar angroning kamal ||
108. Sinom
1. sarêng satêngah sawêlas | sri narendra miyos saking | jroning dalêm prabayasa | upacaraning narpati | gumrêdêg atut wuri | para wanita kêtanggung | manggung palara-lara | badhaya tuwin sarimpi | wadanèstri nyai tumênggung nyi lurah ||
2. urmat pradăngga musikan | sêtrik orkès barêng muni | lir adat wiyosing nata | ngapurancang pra sumiwi | pangeran riya nginggil | mandhap ngurmati sang prabu | wus lênggah munggyèng dhampar | ingkang urmat wangsul linggih | pra pangeran riya laju ngabyantara ||
3. jroning sasana sewaka | saundha sabilik-bilik | sipat tataning kêcohan | raka dalêm lênggah kursi | sarêng wus sawatawis |
--- 163 ---
urmating găngsa sinuwuk | sêtrik orkès musikan | mênêng sadaya tan muni | ya ta wau nyai tumênggung mangarsa ||
4. nêmbah lapur kadya adat | pasewakan dina Kêmis | sarampunging palapuran | mangastuti munjuk malih | ngaturakên puniki | nawala dalêm Sang Prabu | Sinuhun Kangjêng Sultan | Mêngkubuwana nagari | ing Ngayogyakarta konjuk sri narendra ||
5. ingawe laju mangarsa | nyai tumênggung angampil | bèri mas isi nawala | konjuk binuka liningling | winaos saking nginggil | praptèng titimangsanipun | surasa atur puja | raharja dera sang aji | amikramakakên sadhèrèk lan putra ||
6. mugi sami linulusna | malih kajawi puniki | mawi ngaturi pasumbang | sapala măngka tăndha sih | ya ta wau sang aji | dhawuh mring nyai tumênggung | nimbali sang anindya- | mantri malêbuwèng puri | anyebakna gandhèk kang saka Ngayogya ||
7. sandika kang tampi dhawah | sapraptane srimanganti | linggih ngajênging wadana | nuli andhawuhkên maring | Kangjêng Radèn Dipati | Sasradiningrat andhêku | matur inggih sandika | ngliring bêkêling bupati | jawi lêbêt sapangandhap anggraita ||
8. wadana kaliwon lawan | gandhèk Ngayogya kêkalih | sadaya angore rikma | palintiran tibèng gigir | kangjêng sang nindyamantri | ingkang lumaksanèng ngayun |
--- 164 ---
ing srimanganti wetan | kumêndhanirèng prajurit | upsir minggah gumarubyug atut wuntat ||
9. wus ngancik nataring pura | pradăngga buka kapyarsi | munya gêndhing puspawarna | gerong ngêlik wiwit muni | kêmbang kêncur tumuli | kacaryan anggung cinatur | asèdhêt kang salira | gandêsing wiraga kengis | kèwês lamun ngandika anganyut jiwa ||
10. prapta têngah palataran | wau kang malêbèng puri | lênggah majêng ngidul nêmbah | sumawana kang nèng wuri | andhadhap banjur linggih | alon risang anindya nung | amengo ngering nganan | kadya sabda ngancarani | mring sadaya lan gandhèk kang sampun nyêlak ||
11. angodot udaya nêmbah | jèngkèng gya alon lumaris | noraga andhadhap prapta | ing undhak-undhakan tritis | andhodhok nêmbah malih | minggah lampah bocong maju | sumiwi nèng paningrat | gandhèk ro linggih ing kering | cakêt nuli pangran kolonèl kumêndhan ||
12. nyambêti kaparèng wuntat | kanan kering pra bupati | litênan kolonèl lawan | mayor riya angrangkêpi | plataran kang sumiwi | pra kaliwon jèjèr lungguh | jaba têngên jro kiwa | nyambungi kapitan upsir | nèng eyuban athèrèk sapangkat-pangkat ||
13. sawusira sami tata | dènira majêng sumiwi | wau gêndhing [gê...]
--- 165 ---
[...ndhing] puspawarna | suwuk pêpathêtan lirih | ya ta sang nindyamantri | sasmita pinurih matur | gandhèk alon anêmbah | ing kangjêng sri narapati | munjuk kula nuwun ngaturakên amba ||
14. ingkang asalam pandonga | rama dalêm sri narpati | Ingkang Sinuhun Jêng Sultan | Amêngkubuwana mugi | konjuk kangjêng sang aji | makatên salajêngipun | sanggya putraning nata | ingkang saking pramèswari | saha para ratu putri ing Ngayogya ||
15. kaaturakên sadaya | kang kaprênah sêpuh taklim | ingkang kaprênah taruna | ngaturakên pangabêkti | konjuk kangjêng sang aji | saha atur tabenipun | pun bapa Kangjêng Tuwan | Residhèn Ngayogya nagri | konjuka ing panjênêngan dalêm nata ||
16. yèku pêpungkasanira | aturing gandhèk puniki | Dyan Lurah Jiwadipura | saature piniyarsi | dening kangjêng sang aji | duk wau nalika munjuk | sabên wus saukara | dèn sêlani mangastuti | sisihane uga milu mangastawa ||
17. wicaraning gandhèk cêtha | cènthênge tatas patitis | buntas alon ulon lêlah | luluh kang sami miyarsi | ngalêmbana ing batin | dènnya têtêg tatag tutug | tan nganggo anggêragap | kêndêle dèn waranani | mardi tata tatrap pangucap mardawa ||
--- 166 ---
18. baya tyasira lênggana | yèn tan parikramèng dasih | dinuta ngabyantarendra | pinargya lênggah tinangkil | sri nata ngandikaris | ing samêngko rama prabu | kalangênane apa | gandhèk kalih awotsari | kula nuwun rama dalêm sri narendra ||
19. mangke kalangênanira | badhaya tuwin sarimpi | sawuse munjuk anêmbah | tumuli tumungkul malih | antêng para sumiwi | tan ana sabawanipun | amung marutamanda | sumilir ngirit gănda mrik | ratus sêkar angambar ngêbaki pura ||
20. wau ta kangjêng sang nata | pangandikanira aris | Sasradiningrat mêtua | umatur saha wotsari | nuwun sandika nuli | nolih nganan ngering angsung | sasmita arsa mêdal | kaliwon kapitan upsir | ngrumiyini wingking mayor gya wadana ||
21. gandhèk Ngayogya tut wuntat | ing kangjêng radèn dipati | undure saking jro pura | pradăngga munya ngurmati | gêndhing gleyong pinyarsi | gonge ambima gumuyu | ngêlèbi rêricikan | ingkang sami mundur kadi | duk lêbête trapsilane winangsulan ||
22. sampun laju ingkang mêdal | pêpatih dalêm mungkasi | lumaris wuri priyangga | iku wus adating puri | lêbête ngrumiyini | lamun wus mundur nèng pungkur | tan bênjar lêlajuran |
--- 167 ---
prapta kori srimanganti | pra militèr wangsul mring bangsal kang wetan ||
23. bangsal kilèn tata lênggah | kocapa malih jro puri | tan adangu sri narendra | jêngkar dènira siniwi | ngurmati orkès musik | lagu wihèlmis binarung | pradăngga calapita | obah kabèh kang sumiwi | agêng alit andhodhok angapurancang ||
24. para pangeran rakendra | jumênêng dera ngurmati | kondure kangjêng sang nata | ampilan dalêm umiring | sami lumaris aris | nêngêna kangjêng sang prabu | kang sampun mrabayasa | kang sowan nèng jroning puri | pra pangeran sapangandhap wus bibaran ||
25. samya kondur sowang-sowang | dene kang nèng srimanganti | kangjêng radèn adipatya | wadana kaliwon maksih | alinggih tharik-tharik | urut sêpuh nèming lungguh | sinambi nata kiswa | duk wau manjing jro puri | ngore rikma samangke wangsul gêlungan ||
26. gandhèk Ngayogya mangarsa | ngirit Radèn Mas Ngabèi | Jayadarsana wus prapta | nèng ngarsa sang nindyamantri | Dyan Jiwadipura ngling | ririh mring rowange maju | sawuse tinuduhan | gandhèk mingsêd dènnya linggih | ngarêpakên mring wadana bêkêl jaba ||
27. cinêluk Radèn Mas Arya | Suryanagara puniki | ingkang tabe kangjêng tuwan | residhèn Ngayogya nagri | dhumatênga sirèki | radèn mas [ma...]
--- 168 ---
[...s] arya andhêku | trima kasih sabdanya | gandhèk laju dènira ngling | ingkang salam taklim Jêng Pangeran Arya ||
28. Adipati Danurêja | inggih dhumatênga ugi | ing panjênêngan sampeyan | nêdha wangsulaniraris | gandhèk laju derangling | kalihdene taklimipun | priyayi gêng sadaya | bupati nayaka jawi | lêbêt ing Ngayogyakarta Adiningrat ||
29. katura ing panjênêngan | sampeyan nuli mangsuli | lirih ngalaekum salam | gandhèk alon mingsêt linggih | lawan nujwèng pangèksi | marang radèn mas puniku | Ariya Jayaningrat | gandhèk nabda lir duk maring | sira Dyan Mas Ariya Suryanagara ||
30. sapiturute mangkana | gandhèk nabda gênti-gênti | marang bupati nayaka | miwah wangsulane sami | kadya kang wus winuni | nênggih ing sarampungipun | gandhèk ingkang mangarsa | mundur kalawan kang ngirit | ambalèni marang palinggihanira ||
31. ya ta têdhan dalêm wedang | tèh kopi parêsan gêndhis | wadhahe bèri salaka | saprangkate ngênêm cangkir | cangkire putih pruslin | pinggir wêngku sèrèt wungu | wadhah gula lan prêsan | kabèh salaka sinangling | kang ngladèni pra punakawan santana ||
32. amung sang mantri wasesa |
--- 169 ---
kang ngladèni dyan mas panji | sawusnya ngunjuk sadaya | wradin kang sami sumiwi | sêgêr raosing dhiri | paladèn binêkta mundur | nuli sami rasukan | mundur jêng sang nindyamantri | sadayane sami andhèrèk bibaran ||
33. gandhèk ngaso mring pondhokan | carita dipun wangsuli | wau lêbête pasumbang | binakta manjing jro puri | pasumbang dèn cathêti | cinocogakên ing petung | uwos wolung gotongan | sarême ginotong kalih | brambang bawang rong wadhah kalih gotongan ||
34. krambil tuwa wolung janjang | cacah wolung banon trasi | wolu maesane lanang | arta 200 ringgit | dumadi pitung warni | wus jangkêp sadayanipun | pinasrahakên marang | ingkang wajib anampani | wus pinocung dumunung prênah gonira ||
109. Pocung
1. kang winuwus pănca gandhèk sajronipun | anèng pamondhokan | kabèh samya sukèng ati | saking gunge têdhan dalêm bujakrama ||
2. dina Sabtu nampèni utusanipun | sang mantri wasesa | têrang dhawuhing narpati | maringakên patêdhan dalêm ganjaran ||
3. kang rumuhun mring gandhèk Yogya pangayun | iku Radèn Lurah | Jiwadipura utawi | sisihane Dyan Lurah Dutadipraja ||
4. warni kampuh satangkêp sêratanipun | unthêr latar pêthak | mawi ukup renda kuning |
--- 170 ---
kalih elo lakên cêmêng alus gilap ||
5. malihipun tri elo rangkêpanipun | kêsting dhasar jênar | tiga têngah kacu mori | patang elo kêsting putih bakal clana ||
6. kalih kacu mori moslim malihipun | kalih elo renda | pêthak wiyar satêngah dim | nyamat rukmi sajuga sinangling gilap ||
7. katon runtut bênik dhadha mas sadarum | kèhnya kalih wêlas | kalih wêlas ingkang alit | uga êmas bakal tumrap ing kamejan ||
8. mring panèwu ganjaran satangkêp kampuh | bathik latar krêsna | ukup padha renda kuning | lawan manèh rong elo sangkêlat krêsna ||
9. kêstingipun jêne dwi elo puniku | lawan mori pêthak | tiga têngah kacu tuwin | bakal clana kawan elo kêsting seta ||
10. kalih kacu mori moslim kandêl alus | kalih elo renda | putih ămba satêngah dim | ingkang marang pangkat mantri ganjarannya ||
11. rupa kampuh satangkêp sêratanipun | latar irêng cêtha | ukupe moga Magiri | lakên irêng rong elo bakal sikêpan ||
12. têlung kacu satêngah morine alus | rong elo kêstingnya | dhêdhasar wungu kêmrunggi | karotêngah elo manèh lakên krêsna ||
13. paringipun marang pangkat bêkêl iku | satangkêp dodotnya | padha bathik latar langking | ukup [uku...]
--- 171 ---
[...p] moga lan rong elo lakên krêsna ||
14. patang kacu mori lawan kêsting wungu | rong elo rangkêpan | ingkang marang jajar warni | patang tangkêp padha bathik latar krêsna ||
15. malihipun sêmbagi kurasi wutuh | saêmblog tan kurang | siji êmblog mori putih | pasangone ringgit têlung puluh lima ||
16. yèn pinetung dadi wolung puluh pitu | satêngah rupiyah | sadaya wus dèn tampani | paring dalêm ganjaran mring gandhèk Yogya ||
17. sami munjuk sakalangkung sêmbah nuwun | dene srat wangsulan | nawala dalêm sang aji | benjang ari Sênèn tanggal kaping astha ||
18. ya ta wau praptèng ari Sabtu dalu | dadya malêm Ngahat | tanggal kaping pitu maksih | jroning wulan Dulkangidah nunggil warsa ||
19. karsanipun sang nindya nung wêngi iku | gandhèk ing Ngayogya | dipun timbali risèpsi | lêlênggahan nèng pandhapa kapatihan ||
20. sarêng sampun kèndêl wanci pukul wolu | panjutane padhang | têngah palênggahan kursi | găngsa wetan sêtrik orkès bale astha ||
21. wus rinantun wedang minuman sarutu | miwah dhêdhaharan | kabèh kang bakal lumadi | pasugatan myang lêlangên wus sudhiya ||
22. wanci pukul satêngah sanga ngalumpuk | anèng antisana | sanggya kaliwon bupati | upsir mayor litnan kolonèl kapitan ||
23. antuk dhawuh angrasuk rasukanipun |
--- 172 ---
atela sadaya | lenah putih kuluk bêrji | saliyane busana sakarsanira ||
24. kang tinamu gandhèk Ngayogya puniku | panganggone padha | bedane amung kulambi | lakên ijo bêdhahan sikêpan cêkak ||
25. sarèhipun sadaya tan ana kantun | gandhèk ing Ngayogya | manganggo kulukan sami | anjujug nèng èmpèr bangsal balearja ||
26. wus kadulu mêdal kangjêng sang nindya nung | ngagêm kanigara | rasukan atela putih | nèng pandhapa maksih jumênêng kewala ||
27. gangsanipun tinabuh anganyut-anyut | rarase kapenak | banjur rusak dèn barêngi | sêtrik orkès munya ngurmati kang mahya ||
28. nuli dhawuh animbali kinèn maju | kang nèng antisana | wus sami praptèng pandhapi | pra panèwu mantri gandhèk ing Ngayogya ||
29. dènnya lungguh pinapanakên ngalumpuk | anèng bale tundha | linggih lampit dèn têmoni | mantri ngajêng lawan gandhèk Surakarta ||
30. tan adangu para pangeran kang rawuh | putra myang santana | kumêndhanirèng prajurit | pra pangeran wau amung sawatara ||
31. sang nindya nung alon ngancarani tamu | dèn aturi mapan | lênggah ing kursi sêtaksi | sampun tata thèrèk ing sapangkat-pangkat ||
32. datan worsuh anut nom tuwaning lungguh | nuli maju wedang | tèh kopi parêsan gêndhis |
--- 173 ---
kawêratan kang lênggah ngunjuk sadaya ||
33. gya ingundurakên sawatawisipun | malih ingancaran | kasukan mrih rênèng galih | laju ombêr ana kang amung lênggahan ||
34. sêmbèn dulu lêlangên wirèng kang mêtu | laju gêgêntenan | anjogèd dipun gamêli | kasar alus wirèng èstri lan gambyongan ||
35. para tamu sajrone lênggah puniku | mawi sinugata | mêminuman warni-warni | sês sarutu sigarèt dhahar idêran ||
36. pungkasipun ladèn ès putêran duduh | èrbèi lan prêsan | sadayanira waradin | sumawana gandhèk ingkang linggih ngandhap ||
37. suguhipun mèh padha kalawan dhuwur | enggaling carita | wus wanci satêngah siji | gya bibaran ingkang sami lêlênggahan ||
38. tan winuwus tamu sowang-sowang kondur | ya ta prapta tanggal | ping sanga Salasa Lêgi | kănca gandhèk sampun nampèni nawala ||
39. angsul-angsul kang badhe katur sang prabu | Sinuhun Jêng Sultan | saha sampun nyuwun pamit | ri punika wangsul mring Ngayogyakarta ||
40. numpak sêpur lir nalika angkatipun | ing sapraptanira | laju lapur mring kang wajib | kadi adat laku-lakuning cundaka ||
41. sampun konjuk nawala wangsulan wau | ing kangjêng sri nata | musthikèng Ngayogya nagri | sinuksmaya surasèng tulis sarkara ||
110. Dhandhanggula
1. kunêng
--- 174 ---
gantya kang winarna malih | nagri Surakarta Adiningrat | wus wulan Bêsar samangke | tanggal kaping 10 | sri narendra miyos tinangkil | lir adat garêbêgan | munggwèng sitiluhur | datan pinanjang ing crita | kang winuwus Salasane tanggal kaping | 14 winursita ||
2. jêng narpati arsa mariksani | tonto sêtèlêng nagri Samarang | wiyose jam têlu sore | sri nata nitih sêpur | lawan kangjêng sang pramèswari | priyantun dalêm saha | sapandhèrèkipun | jalu wanita tan kathah | amung sacukupe ngladèni sang aji | ingkang parlu kewala ||
3. wiyos dalêm saking jroning puri | nitih kareta panarik kuda | mangkono manèh kang dhèrèk | ampilan atut pungkur | anggarubyug numpak turanggi | ing sêtatsiun prapta | gya lênggah sang prabu | wahkamêr kang wus tinata | kadi sabên yèn sang nata arsa nitih | sêpur anèng Balapan ||
4. sêpuh anèm pangran narpasiwi | lan santana riya arasukan | sikêpan cêmêng dhasare | sampêt busananipun | ingkang sêtap cara Walandi | pêthak lan mawi pêdhang | malih kang nèng ngriku | pêpatih dalêm sumewa | myang wadana jawi lêbêt anyawiji | kalawan kaliwonnya ||
5. kaliwon anon-anon sawiji | bupati kliwon pulisi kutha | lan kaliwon mantri anèm | sami manganggo kuluk |
--- 175 ---
akulambi atela putih | dene sang mantrimuka | kanigaran kastur | nguntapakên sri narendra | sampun nitih jroning kareta dhirèksi | gandhèng nomêr satunggal ||
6. 2, 3 wagon lokomotip | wus lumampah kareta mangetan | that thit sumênthit ploite | titihan dalêm prabu | rinarêngga ing buntal sari | bandera gula klapa | angapit P.B. krun | palisir wastra tri warna | sampun nêkuk mangalèr têrus lumaris | mawa swara goraya ||
7. kawuwusa kang sami umiring | Kangjêng Pangran Arya Cakraningrat | Jêng Pangran Sumayudane | pangran kolonèl tumut | Arya Purbanagara tuwin | Radèn Mas Arya Yuda- | nagara tan kantun | lan garwanira tut wuntat | Dyan Mas Bèi Purwadipura Dyan Bèi | Mangkudipura lawan ||
8. kliwon gandhèk Radèn Mas Ngabèi | Jayadarsana tuwin Radèn Mas | Ngabèi Patmapurane | dhoktêr pangkat panèwu | kang andhèrèk nama Ngabèi | Wiryausada padha | panganggone jumbuh | kulambi atela seta | topi putih nyangkêlit kêris sinungging | warangkane gayaman ||
9. Tuwan pan Sèndhên atministratir | Têgalgănda uga atut wuntat | mung manganggo putih bae | parèstri kang tumuntur | nyai lurah nênêm umiring | panèwu mantri
--- 176 ---
lurah | bêkêl jajar gunggung | patbêlas iku pêthilan | parabote jas calana ikêt langking | gulon lêngên bis renda ||
10. pangagêman dalêm jêng narpati | cara Wlandi topi jas calana | komplit sèrsi ijo kabèh | bintang-bintang rinasuk | kang pinatik ing sêsotyadi | grutkrèis pita rêta | lan ngagêm kumandhur | saking nagari Nèdêrlan | tan katingal nyangkêlit Kangjêng Kiyai | Agêng Maesanular ||
11. Kangjêng Pangran Cakraningrat tuwin | Kangjêng Pangeran Kusumayuda | uga mangagêm militèr | jas clana kain rumput | mawi sabêt kang topi langking | kapitan jendral sêtap | mangsuli duk wau | nitih sêpur nèng Balapan | animbali kang raka sinambat ing sih | Jêng Pangran Prabuningrat ||
12. Tuwan Radhêmakêr Dyan Ngabèi | Purbadipura katêlu pisan | kadhawuhan samyandhèrèk | wus manjing kreta sêpur | nunggal linggih nèng nomêr siji | rêna omong-omongan | asambung-sinambung | ana kang manglung candhela | iki mau lakune wus têkan ngêndi | klebat haltê katingal ||
13. Padhas nuli praptèng Kêdhungjati | mandhêg lèrèn nêm mênut pêthukan | sarampunge mangkat manèh | rikat lakune têrus | têngarane ploit sumênthit | karasa nora rikat | dèn êrim wus rawuh | ing sêtatsiun Samarang | pukul 5:45
--- 177 ---
mênit | sadaya sampun mandhap ||
14. mantu dalêm sang aji kêkalih | Radèn Tumênggung Jayanagara | sarimbit lawan garwane | radèn mas arya tumut | Wuryaningrat uga sarimbit | kalawan ingkang garwa | sakalihan mêthuk | rawuh dalêm sri narendra | wau siyang dènnya sami ngrumiyini | anumpak motorira ||
15. sri narendra lan jêng pramèswari | para putri miwah para priya | sadaya kang samyandhèrèk | sapăntha-păntha kumpul | sami nitih ing otomobil | wus laju lampahira | iku wanci surup | padhang panjutaning marga | sampun rawuh panggonan tonto sêtèling | titihan dalêm nata ||
16. myang titihanira para putri | laju manjing sajroning wangunan | dene abdi dalêm kabèh | nênggih dènira mêdhun | saking motor wontên ing jawi | ngajênging paregolan | udhune kêsusu | nuli anyêlak sang nata | nanging kandhêg kêdah mawi tumbas karcis | suk-sukan rêbut ngarsa ||
17. saking kathahe janma ningali | karcis siji satêngah rupiyah | yèn wong lumrah sapuluh sèn | rampung panumbasipun | kang andhèrèk kangjêng sang aji | sampun sami ambêkta | karcise dipun dum | nuli malêbêt sadaya | rêrikatan nututi titihan aji | wus nyêlak anèng wuntat ||
18. kaanane ing tonto sêtèling |
--- 178 ---
cinapuri mubêng têmu gêlang | rapêt pêpêt sakêmpute | pagêr santosa kukuh | nora bisa janma umanjing | yèn tan mêtyèng gapura | kêngkêng pinalêngkung | agêng anggênggêng jênggarang | abyor padhang saking panjutaning kori | sinungsun tanpa sêla ||
19. tharik-tharik kanan kering nginggil | sakèh saka lajêring gapura | têmbing myang têbêng têtèbèng | kêbak panjuta sèwu | kori ingkang kinarya manjing | ambane mung sabadan | iku pinartêlu | ing têngah myang kering kanan | sinung janma jaga anampani karcis | sabên kori mangkana ||
20. kolonialên tonto sêtèling | manggon anèng sakiduling kutha | kalangkung wiyar papane | èrèng-èrènging gunung | pasawahan rinata rêsik | dèn dêgi wisma tata | mawarna miturut | modhèl Lănda Jêpan Cina | Encik Koja Plembang Padhang Dhèli Acih | Borneo Moteanak ||
21. Ambon Sêlèbês Bawean Bali | Madura lan Jawa Wetan Têngah | Kulon dèn anani kabèh | isi wêwêtonipun | saking dunungira pribadi | pakaryan upajiwa | sapirantinipun | dêdagangan mas sêsotya | băngsa sêmbêt gurubakal gurudadi | pabrik kabudidayan ||
22. têtanggapan lêlangêning janmi | wayang klithik lulang gêdhog purwa | bèbèr golèk topèng wirèng | wayang wong tlèdhèk badhut |
--- 179 ---
wayang cina badhaya srimpi | anggar reyog jathilan | kêmong bêndhe angklung | gêmbrèng bêdhug trêbang kêndhang | myang pradăngga salendro pelog ngrêrangin | musikan orkès dhangsah ||
23. amêpêki sabarang piranti | pagawean wong ing ngalam donya | kabèh nèng kono contone | kang agal lan kang alus | gumêlare tinata apik | natare ngilak-ilak | sawênèh rinumput | pêpêt pot isi puspita | palêm girang andong myang cêmara brintik | ron wilis angrêmbaka ||
24. ngapit marga sajroning capuri | ting sarèwèh kabèh rêsik wrata | sisihan lawan kreta trèm | lumaku mubêng têrus | wagon gandhèng lan lokomotip | andhêge nèng sêtoplat | kang nunggang kumrubut | saking kapengin derarsa | andêlajah mubêng yèn amung lumaris | wus tamtu bangêt sayah ||
25. ing saênggon-ênggon restorangsi | sêga iwak pêpanganan enak | pêpak inuman nèng bipèt | palinggihane patut | rinênggasri nyênêngkên ati | bêning banyune kathah | mili pompa umbul | kalamun wong Surakarta | kang umiyat tamtu anjujug ing panti | andhil kridhamartana ||
26. yèku pakumpulaning wong bumi | Surakarta dadi sapanggonan | ana ing kono dununge | anggêlar darbèkipun | dêdagangan [dêdaganga...]
--- 180 ---
[...n] awarni-warni | kagunan panggaotan | ing saananipun | lan kagungan dalêm nata | barang kuna upacaraning narpati | pinaringakên samya ||
27. dimèn dadi wuwuhing pangèksi | tumbak bêdhil kêkapa turangga | dus kêcohan mas tinrètès | sotya mirah jumêrut | kêbut laring manyura kalih | akathah yèn winarna | panunggilanipun | panjurung dalêm sang nata | kang ginêlar ana ing tonto sêtèling | sayakti karya eram ||
28. tan pinanjang caritaning tulis | dene sajroning kridhamartana | ingkang nguwasani mangrèh | bangbang pangalum-alum | analiti migati kardi | nguningani sabarang | ing wêgdal puniku | yèku Jêng Pangeran Arya | Kusumadiningrat ingkang mandhegani | wêwêngkon Surakarta ||
29. rina wêngi tansah kang ningali | wong Sêmarang myang ing măncapraja | ewon alêksan praptane | lumintu anglur sêlur | suprandene ana kang angling | saiba saupama | tan barêngi iku | pêrang gêdhe ing Eropah | baya wuwuh akèh pra tuwan kang prapti | marang kutha Sêmarang ||
30. angguyupi karamean iki | kadya Sri Narendra Surakarta | ing samêngko marlokake | rawuh lan kangjêng ratu | mariksani tonto sêtèling | ngubêngi nitih kreta | manawa wus rawuh | korining wisma kang endah | nuli mandhap saking kareta
--- 181 ---
lumaris | malêbêt anupiksa ||
31. wus kawratan sakèh panti-panti | kauningan ing kangjêng sang nata | ya ta wau ing lampahe | kridhamartana rawuh | nuli lênggah ing kursi munggwing | pandhapi wêwangunan | lan Gusti Jêng Ratu | Pakubuwana ing kanan | Kangjêng Pangran Kusumadiningrat ugi | sumewa rayi nata ||
32. para putri kinèn mariksani | wisma-wismaning kridhamartana | sampun kawêratan kabèh | sarêng jam sanga langkung | tigang dasa mênit sang aji | ngêndika mring kang raka | lamun arsa kondur | marang hotèl Salatiga | sampun nitih sadaya nèng otomobil | bidhal kangjêng sang nata ||
33. sumawana kang sami umiring | kadya duk wau nalika têdhak | wong nonton ngêsuk kancane | gumrudug atut pungkur | tangèh lamun bisa nututi | motor lumaku rikat | lir kilat sumêmprung | wuwusên Jêng Pangran Arya | Prabuningrat wus antuk dhawuhing aji | kinon wangsul mring praja ||
34. lawan Tuwan Radhêmakêr kanthi | Radèn Ngabèi Purbadipura | nunggal samotor katrine | ya ta wau sang prabu | enggaling kang carita prapti | ing kutha Salatiga | wanci bêdhug dalu | lêrêm hotèl Kalitaman | lamine wus kawan dintên kawan ratri | Sêtu tanggal 18 ||
35. bidhal kondur marang ing nagari | sami nitih motor sadayanya | datan winarna lampahe | ing kadhaton [kadha...]
--- 182 ---
[...ton] wus rawuh | karahayon sadaya sami | mantuk kang atut wuntat | para gusti kondur | sapraptanira carita | kaanane sajroning tonto sêtèling | tan pêgat dènnya kăndha ||
111. Mêgatruh
1. nêngna kang wus tinutur ganti cinatur | nênggih Jimawal kang warsi | ăngka 18[11] | 45 tuwin | kang wulan Sapar mèh panglong ||
2. ri Jumungah Paing tanggal ping rongpuluh | sinangkalan wisayani | toya kaèsthi ing ratu |[12] lawan Januari kaping | 8 warsane samêngko ||
3. 1915 lumaku | malih dipun sangkalani | marganing wong trus rahayu |[13] sabrangan Bacêm banawi | dipun karêtêg wus dados ||
4. ingkang nindakakên ing panggarapipun | abdi dalêm wadananing | Kartipraja namanipun | Tuwan Radhêmakêr bangkit | mangrèh yêyasaning kraton ||
5. kacarita ragade karêtêg iku | patukoning wêdhi gamping | bata sêmèn wêsi kayu | bayaraning bas myang kuli | sadayanirèng pirantos ||
6. wolung dasa èwu rupiyah ginunggung | karêtêg gêng panjang jinjing | anjing-anjingane kukuh | kabèh nora nguciwani | kambah momotan kang abot ||
7. para janma gêng alit suka kalangkung | miyat karêtêge bêcik | samêngko lamun lumaku | nora susah nyabrang kali | myang nunggang pêrau gembong ||
8. kawuwusa nênggih ing dintên puniku | dènira badhe miwiti |
--- 183 ---
kabikak kinarya langkung | mawi dipun uningani | sampeyan dalêm sang katong ||
9. sakalihan jêng tuwan residhèn rawuh | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagarèku | para agung anjênêngi | pranatane kacariyos ||
10. kirang sadintên saking pambikakipun | pandamêling panti-panti | tarup palêngkung èrênbuh | ombak warih janur kuning | sinuwir-suwir tan pêdhot ||
11. umbul-umbul bandera rontèk lêlayu | tinata pinggiring margi | Jumungah enjang wus rampung | ngandhar-andharing piranti | sagolong-golong ngarompol ||
12. găngsa kodhokngorèk ing panatanipun | loring karêtêg kang dadi | manggon pungkasaning dhusun | găngsa carabalèn munggwing | kidul krêtêg nora adoh ||
13. mawi tarup pamapane pinggir lurung | abdi dalêm sêtap musik | myang saunèn-unènipun | sadaya sampun cumawis | miranti manganggo toro ||
14. manggon anèng ngajênging panti winangun | badhe palênggahan aji | asri ginêlaran babut | têngah palênggahan kursi | sakêmbaran majêng ngulon ||
15. kursi alit majêng ngalèr majêng ngidul | têtimbangan kanan kering | thèrèk lumajur sap têlu | sinung kênap alit-alit | sêsêlingan lan paidon ||
16. têngah godhag uga ginêlaran babut | wungu sêkarane abrit |
--- 184 ---
kapara têngên ing ngayun | tarup eyup dèn tatani | pradăngga salendro pelog ||
17. niyagane wus sami nèng kono lungguh | ngarêp gêndèr dèn linggihi | talèdhèke ayu-ayu | sakidule animbangi | tarup alit majêng ngalor ||
18. pangrantunan minuman tarcis sarutu | kang badhe ngladosi mantri | panèwu pêthilan wolu | manganggo mantèring langking | wus sudhiya anèng kono ||
19. abdi dalêm kănca wibawa sadunung | uga manganggo mantèring | irêng saikête wulung | samire podhang sup sari | yèn wibawa pareanom ||
112. Sinom
1. ing wanci jam 8 enjang | abdi dalêm pra bupati | tuwin kaliwon sadaya | jawi lêbêt nora kari | anon-anone sami | kajaba kang lagi tungguk | kinon ngrumiyinana | marang ing Bacêm wus prapti | wadana kaliwon pulisi nagara ||
2. lan kaliwon Sukaharja | saklerehane pulisi | kang mèlu mung sawatara | di dalêm panèwu mantri | rèh gêdhong têngên nunggil | lan abdi dalêm panèwu | mantri gadhing Mataram | pêpak sadaya wus prapti | anèng dhusun ing Bacêm pinggir bangawan ||
3. pra kaliwon myang wadana | panganggone iku sami | bêbêdan ikêt-ikêtan | kulambi atela pulih[14] | mawi anganggar kêris |
--- 185 ---
tanpa cincingan puniku | jangkêp busananira | dene ta panèwu mantri | panganggone sami kulukan bêbêdan ||
4. kulambi atela seta | nyangkêlit wêdhung nèng kering | ganêp paraboting angga | nèng èpèk samir sumlêmpit | sagolong-golong tunggil | ing sapangkat undha-usuk | sarêng satêngah sanga | pêpatih dalêm kang prapti | abusana tan pae lawan wadana ||
5. tan adangu ingkang prapta | Jêng Gusti Pangeran Adi- | patyarya Mangkunagara | sasêntananira ngiring | mangagêm cara Wlandi | mèh sarêng dènira rawuh | lan militèr kumêndhan | Owrêstê pan Kakêm nami | sarta kaptin upsir bètèng atut wuntat ||
6. para amtênar jêng tuwan | asistèn residhèn tuwin | sèkrêtaris juru basa | mardika mung sawatawis | sadaya ingkang prapti | nitih kareta lumintu | durung ana kang lênggah | jumênêng nataring panti | angêntosi rawuh dalêm sri narendra ||
7. kawuwusa jroning pura | sayakti anunggal wanci | lan ingkang sampun winarna | wau ta kangjêng sang aji | umiyos lênggah munggwing | malige sangajêngipun | ing pandhapa sewaka | kang wus dèn tatani kursi | sakêmbaran sami umajêng mangetan ||
8. kanan kering palênggahan | pangarak kursi lit-alit | sawusnya sri nata lênggah | pra narpatmaja mangarsi | lawan sira Jêng Gusti | Adipati [A...]
--- 186 ---
[...dipati] Arya Prabu | Suryadilaga sarta | tamu Ngayogya wêwangi | Gusti Pangeran Arya Mangkukusuma ||
9. tuwin Gusti Pangran Arya | Tejakusuma lan malih | Bandara Pangeran Arya | Adinagara lan Gusti | Radèn Mas Suatmadi | sakawan pisan puniku | narpaputra Ngayogya | myang abdi dalêm kang sami | ngampil-ampil sadaya wus seba pêpak ||
10. tan dangu antaranira | lan lênggah dalêm sang aji | nuli lêbêtnya jêng tuwan | residhèn Surakartadi | sri nata ananggapi | jumênêng tabean sampun | waradin ingancaran | lênggah amung sawatawis | sarêng munya gathita satêngah sanga ||
11. laju bidhal saking pura | pra pangeran kang sumiwi | myang ampilan atut wuntat | gumarubyug katon asri | lampah dalêm sang aji | miyos srimanganti kidul | urmat prajurit jaga | prèsêntir myang tambur suling | laju nitih motor kalawan jêng tuwan ||
12. sumawana pra pangeran | sadaya wus sami nitih | karetanira priyangga | myang kaliwon ingkang ngampil | sabêt Kiyai Panji | bèri topi kêcohan dus | malih kănca ordhênas | klanthungan kulambi wilis | kalih wêlas sami anumpak turangga ||
13. anggrêbyêg wingking kareta | ngampil waos pegon nami | Kangjêng Kyai Tandhukasa | limpung Kyai [Kya...]
--- 187 ---
[...i] Liyêp pèni | tuwin talêmpak Kyai | Kartaarja malihipun | sabêt Kyai Rukmuka | towok Maesapanêpi | tamèng cêplok plag Bèlgi wêngku kancana ||
14. ngajêng wingkinging kareta | titihan dalêm sang aji | kadya adat jinajaran | dening dragundêr Walandi | 8 numpak turanggi | kêkalih kang anèng ngayun | sami angliga pêdhang | anjojrog samargi-margi | suprandene nora katingal rêkasa ||
15. dene kangjêng sri narendra | mangagêm cara Walandi | jendral mayor lènê seta | saha agêm dalêm topi | sêpatu carma langking | bujaka mawi ansêkun | sabêt răngka salaka | kaangkup rukmi cinawi | dhêkon krêsna tumali krangkuwas renda ||
16. karsèt èrloji kancana | kancing nêm palênthon rukmi | angagêm bintang rentengan | jinèjèr nèng jaja kering | kinarung pita alit | tanpa lêt dinalit runtut | ing ngisor plag Nèdêrlan | sêleyo ngandhape malih | sinung bintang rèjêmèn plaging Kamboja ||
17. jroning rasukan dalêm jas | ngagêm wangkingan tan kèksi | sinangkêlit ing udaya | Jêng Kyai Gêng Pulanggêni | wrăngka gayaman pèni | mulus wrêksa candhana rum | jêjêran ngakik yahman | kandêlan suwasa murni | mêndhak rukmi alugas tanpa sêsotya ||
18. wau para jêng pangeran | pangagêmanira
--- 188 ---
sami | kang sêtap cara Walănda | êjas myang calana putih | mayor kapitan upsir | manut ing pilênggahipun | ngagêm pêdhang sadaya | sajuga kang cara Jawi | Jêng Pangeran Arya Kusumadilaga ||
19. titihan dalêm sri nata | sapandhèrèk anglangkungi | kori gapit brajanala | ngalun-alun kidul gadhing | Arjadipuran nuli | krêtêg lèpèn Jênês têrus | Nglêbak gya Madegănda | ing Grogol karêtêg alit | wus katingal ing Bacêm saking kareta ||
20. umbul-umbul lan bandera | gula kalapa tri warni | kumalèbèt kamarutan | kêkêjêr pijêr kumitir | lir asta angsung wangsit | ngawe-awe sru kayungyun | angayun-ayun marang | wau kang lagya lumaris | aris rawuh ngajêng panti wêwangunan ||
21. urmat kodhokngorèk ngangkang | carabalèn găngsa musik | sêsarêngan sami munya | wimbuh suwaraning janmi | kang sami aningali | jalu èstri suk-ingêsuk | mrih papan rêbut ngarsa | pating carêngèk raryalit | gulêt pipit mèpèt rapêt kapêpêtan ||
22. wus mandhap saking kareta | sampeyan dalêm sang aji | lawan paduka jêng tuwan | residhèn ingkang anganthi | lumampah laju manjing | sakalihanira rawuh | jroning panti wangunan | alon alênggah ing kursi | majêng ngilèn jêng tuwan resdhèn ing kiwa ||
23. kang ngagêm cara Walănda |
--- 189 ---
andhèrèk lênggah ing kursi | urut ing sapangkat-pangkat | lêlajuran kanan kering | kang lênggah silastuti | pêpatih dalêm nèng babut | cakêt ngabyantarendra | wingkinge kapering kering | iku Pangeran Arya Purbanagara ||
24. nyambungi para wadana | kaliwon sami sumiwi | litênan kolonèl lawan | mayor kapitan upisir | sap-sapan dènnya linggih | pêpangkatan undha-usuk | dene pra narpatmaja | Ngayogya kang cara Jawi | lan Jêng Pangran Aryakusumadilaga ||
25. anunggil dènira lênggah | nèng wingking dalêm sang aji | cakêt lawan palênggahan | tan têbih kang ngampil-ampil | upacaraning aji | bèri rukmi kêcohan dus | sawusnya tata lênggah | găngsa musik kang ngurmati | lir sarêngan suwuk tan ana kang munya ||
26. tan dangu ingkang mangarsa | sampanyê nèng gêlas jinggring | pangunjukan dalêm nata | lawan kangjêng tuwan nunggil | bèri mas tutup rukmi | sinongsongan ajêngipun | pangiring pirang-pirang | winot ing bèri barêlin | wus waradin sadaya angasta gêlas ||
27. ya ta paduka jêng tuwan | residhèn F.P. Solêwin | Hèlêpkê ingkang ngandika | abuntas tatas patitis | cêtha tan ambalèni | ngêndika cara Malayu | bêbasan panjang lebar | datan kaliwatan siji | saking purwa madya wusananing dadya ||
--- 190 ---
28. sadaya tanpa sabawa | rênèng tyas kang sami myarsi | têrang surasaning sabda | sêpitsê kadya kondhisi | angandhar duk inguni | Nambangan Bacêm puniku | datansah karya susah | anggrêsah para lumaris | saking dera anyabrang kali bangawan ||
29. yèn toya gêng numpak palwa | ngandhut kuwatir bok kentir | tan antèr kang lumaksana | marmane kêdah ginalih | nulungi kawula lit | iku panggawe kang parlu | mêsthi tan kêna ora | samêngko kalakon dadi | dèn krêtêgi kêna kinarya lumampah ||
30. yèn miyat kaananira | karêtêg kang anyar iki | kaya tan ana kuciwa | panggarape sarwa bêcik | kabèh santosa asri | anyênêngakên pandulu | sanadyan wus mangkana | prayoga padha pinuji | muga-muga krêtêg iku lêstaria ||
31. dadi panambaking susah | salamêt salami-lami | kaambah ing janma kathah | awèt kinarya lumaris | wus têlas dènira ngling | mengo nêngên urmat manggut | miwah kang anèng ngarsa | wus sami dèn sasmitani | para lênggah gêng alit tanggap ing driya ||
32. sarêngan ngunjuk sadaya | musikan munya ngurmati | carabalèn plak plak dhung blang | kodhokngorèke nong ning ning | pradăngga munya gêndhing | sriwidada dudu-dudu | rarase molah lêlah | luluh wilahan nibani | sasêlane uyêg muyêg ing yakmaka ||
--- 191 ---
33. giniring ing gêgerongan | anggêrêng gurung tan garing | garong-garong garang girang | gumerêng sindhèning ringgit | pun Wara Basundari | sandêring suwara ruruh | murih rum muluh rêmak | rêmêg galihe kang myarsi | saking lulut wilête amor ing raras ||
34. jroning pakurmatan munya | wau kang sami ngladèni | ngundurakên pangunjukan | prapta pangrantunan nuli | tan dangu wangsul malih | angajêngakên sês srutu | sigarèt korèk brama | sampun lumadi waradin | ana kang sês ana ingkang nora arsa ||
35. sakèndêling pakurmatan | ladosan lumadi malih | mêminuman warna-warna | anggur abang anggur putih | portuwin asêm sèri | toya Walandi gasiyus | ijo bang kuning seta | janèwêr konyak lan wèski | bètêr sitrun arum ratig ès prongkolan ||
36. gêlas dhepok warni tiga | tinata ana ing bèri | saprangkate mapat-mapat | pangarêpe gêlas kalih | bèri mas tutup rukmi | kang ngampil samir kumalung | lakune sinongsongan | yèku agêming narpati | sakalihan jêng tuwan residhèn nunggal ||
37. wus sami mundhut inuman | sakêparênging panggalih | kangjêng sri narendra lawan | jêng tuwan residhèn sami | ngunjuk alimun aris | mawi ès pêcahan têlu | kang ngunjuk wus warata | wau ta sri narapati |
--- 192 ---
lon jumênêng kanthèn asta lan jêng tuwan ||
113. Kinanthi
1. laju têdhak sang aprabu | saking sajêroning panti | wêwangunan tindak dharat | datansah dipun songsongi | wau kang lênggah sadaya | andhèrèk sami lumaris ||
2. urmat pradăngga munya sru | barêngan kalawan musik | rame suwaraning janma | jalu èstri gêdhe cilik | lumayu arêbut papan | nyêlaki risang lumaris ||
3. samana pan sampun rawuh | ing krêtêg dèn uningani | kiwa têngên ngajêng ngarsa | ing ngandhap miwah ing nginggil | laju lampahing narendra | miwah kang sami tut wuri ||
4. kèndêl lampah dalêm prabu | miwah wau kang umiring | tumuli sami ginambar | rampung gya lumaris malih | rawuh pungkasing watindya | têmbing kidul dèn kèndêli ||
5. wusnya mariksani wangsul | lumampah mangalèr malih | tansah ingkang atut wuntat | miwah ingkang anjajari | panèwu mantri golongan | gêdhong têngên tuwin malih ||
6. myang panèwu mantrinipun | kang nglarag sarta pulisi | anjajari urut kacang | têtimbangan kanan kering | sawusira linangkungan | karêtêg kang anyar dadi ||
7. wangsul lênggah sang aprabu | nèng panti wangunan malih | sakalihan kangjêng tuwan | tuwin para kang umiring | sawusira lênggah tata | kadya duk wau sakawit ||
8. pangrantunan katon [kato...]
--- 193 ---
[...n] ibut | kang ngladèni majêng malih | ambêkta srutu minuman | wus waradin dèn ladèni | ya ta timbalan narendra | titihan kinon mangarsi ||
9. motor sapandhèrèkipun | laju anitih sang aji | sakalihan kangjêng tuwan | kareta sampun lumaris | nglintangi karêtêg enggal | sapandhèrèk nora kari ||
10. têrus lampahe mangidul | motor rikate kêpati | enggaling carita prapta | Nambangan Ngutêr miranti | palênggahan pangunjukan | miwah ingkang angladèni ||
11. sadaya cumawis sampun | palênggahan kursi munggwing | panti alit kang rinêngga | ing sêkar buntal ron wilis | janur kuning ombak toya | myang daludag măncawarni ||
12. palênggahan dalêm prabu | munggwèng sapinggiring kali | Nambangan Ngutêr punika | marmane dipun têdhaki | badhe kinarêtêg uga | samangke dipun wiwiti ||
13. andhudhuk pandhêmènipun | miwah sanggyaning piranti | wus pêpak nyêpak ngalêmpak | tinumpuk nèng pinggir margi | sadayane kari pasang | kuranga amung sathithik ||
14. wusnya mriksani sang prabu | sakalihanira nuli | lênggah nèng panti rinêngga | jêng tuwan residhèn kering | kanan militèr kumêndhan | kontrolir ing Wanagiri ||
15. miwah kangjêng sang nindya nung | sumewa ngabyantaraji | ya ta sami linadosan | pangunjukan warni-warni |
--- 194 ---
tarcis nèng wadhah karêstal | kang karsa wus sami ngambil ||
16. nuli paladèn sês srutu | sigarèt règ kang mangarsi | sampun lumadi warata | yèku samana wus wanci | pukul 12 siyang | tumuli dhawuh sang aji ||
17. ngajêngakên motoripun | sawusnya sami cumawis | cakêt lawan palênggahan | tumuli nitih sang aji | sakalihan kangjêng tuwan | bidhal kondur mring nagari ||
18. sapandhèrèk nora kantun | datan winarna ing margi | wus rawuh sajroning pura | lênggah lir duk wau enjing | sawusira sawatara | kangjêng tuwan nyuwun pamit ||
19. kalilan tabean sampun | mijil kondur marang ngloji | sri nata angênyapura | bibaran pra narpasiwi | miwah kang mêntas tut wuntat | sadaya prasami mulih ||
20. ing Bacêm malih winuwus | sapêngkêr dalêm sang aji | sadaya wus sami bibar | kajaba kang nambutkardi | bêbau ing Kartipraja | maksih ibut wira-wiri ||
21. ngalor ngidul usung-usung | barang kang mêntas kinardi | rêrêngganing pasamuwan | angrucat miwah masangi | pathok wrêksa sinung papan | tinulis sastrane muni ||
22. rampung myang pambikakipun | krêtêg Bacêm ri puniki | nênggih ing salajêngira | dhawuhe sang nindyamantri | Kangjêng Radyan Adipatya | Sasradiningrat puniki ||
23. titimăngsa 29 | Marêt lumaris ing warsi |
--- 195 ---
sèwu sangang atus lawan | limalas nomêring tulis | pan 711 | aksara A bèndhêl kalih ||
24. anamtokake puniku | prabeyaning wong lumaris | ing krêtêg Bacêm samangkya | wong lumaku mikul nyunggi | lêgèh saksèn bayarannya | wong anggawa myang nunggang pit ||
25. kalih sèn bayaranipun | yèn pitmotor kang lumaris | salawe sèn dènnya bayar | dene kreta otomobil | dalasan iku kang nunggang | sèkêt sèn tan kurang luwih ||
26. lamun wêdhus kang lumaku | siji sèn bayare mêsthi | dene kêbo sapi jaran | lêgèh sarta dèn momoti | patang sèn bayaranira | yèn grobag ditarik sapi ||
27. jaran sarta kêbo iku | siji utawa sarakit | rongpuluh sèn prabeyanya | bèndi utawa kreta pir | rakitan utawa ora | salawe sèn nora luwih ||
28. dènira mangkono iku | sakèhe wong kang ngliwati | karêtêg Bacêm bayaran | lawase mung wolung warsi | yèn wus wolung taun pundhat | wong lumaris tan bayari ||
--- 196 ---
29. sajrone bayaran iku | nganggo opsèhtêr Walandi | lan mandhor loro wong Jawa | tukang angêdoli karcis | karcise wong kang lumampah | lor kidul dèn sudhiyani ||
30. sadurunge padha mlaku | angambah karêtêg iki | lèrène pinggir bangawan | masthi kudu tuku karcis | yès[15] wus antuk lumaksana | saka kidul lor nampani ||
31. saka lor katampan kidul | mangkono lakuning karcis | sabên dina tanpa kêndhat | olèh-olèhaning dhuwit | lamun rêndhêng kawan dasa | sok munggah suwidak rispis ||
32. yèn măngsa katiga amung | tri puluh luwih sathithik | antara limang rupiyah | iku bisa kurang luwih | saka akèh sathithiknya | danane wong kang lumaris ||
114. Asmaradana
1. nêngna wau kang winarni | gantya ingkang kacarita | maksih Jimawal warsane | sira sang mantri wasesa | angunjuki uninga | sampeyan dalêm sang prabu | yèn Wadana Kartipraja ||
2. Tuwan Radhêmakêr nami | bilih kaparêng karsendra | nyuwun pamit dhatêng Ambon | laminipun tigang wulan | mênggah wigatinira | badhe tuwi biyungipun | dhawuh dalêm wus kalilan ||
3. malih dhawuhing narpati | yèn kurang sapuluh dina | saka dina ing angkate | angunjukana uninga | awit ana karsendra | ing sarèhne wiwit surut | dalêm kangjêng sri narendra ||
--- 197 ---
4. ingkang sinuhun pinundhi | Susunan Pakubuwana | kaping nêm sumare Ngambon | suwargi ingkang minulya | sri nata kaping sanga | ngantos dumugi puniku | jumênêng dalêm sang nata ||
5. sang nata samêngko iki | pan dèrèng nate utusan | sapisan-pisana bae | marang ing Ambon astana | jiyarah pasarean- | nira kangjêng sang aprabu | kaping nêm Ambanguntapa ||
6. amila ing mangke saking | panggalih dalêm sang nata | prayoga pinarlokake | badhe utusan jiyarah | mring Ambon lan mariksa | apa ing kaananipun | mênggah lampahing cundaka ||
7. kadhawuhan anyarêngi | Tuwan Radhêmakêr dènnya | arsa tuwi wong tuwane | karsa dalêm sri narendra | ingkang badhe pinatah | abdi dalêm mayoripun | prajurit golongan jaba ||
8. jayatanantaka nami | Radèn Mas Ariya Yuda- | winata lawan kaliwon | pangrêmbe nama Radèn Mas | Ngabèi Yasapura | urdênas pangkat panèwu | Ngabèi Atmasiswara ||
9. anèng Ambon dèn watêsi | mung kalilan wolung dina | tumuli muliha kabèh | tan susah ngêntèni Tuwan | Radhêmakêr tininggal | mênggah karsa dalêm prabu | ingkang makatên punika ||
10. bilih sang anindyamantri | sampun anggalih manawa | nora nana pakewuhe | nuli dhinawuhna [dhi...]
--- 198 ---
[...nawuhna] marang | ingkang kasêbut ngarsa | sandika ing aturipun | sampun sami dhinawuhan ||
11. enggaling crita wus prapti | ing ari Anggara Krêsna | ping 28 tanggale | Rabinguakir kang wulan | Jimawal ingkang warsa | angkanira 18[16] | 45 ||[17]
12. titimangsaning Walandi | Marêt tanggal ping 16 | taun lumaku petunge | apan nuju ăngka sasra | 915 | nênggih ing dintên puniku | èstune karsa narendra ||
13. nglampahakên duta katri | namane kang wus winarna | dina malême angkate | sawêngi tan antuk nendra | datansah kalisikan | satêngah limesuk wungu | uthi angrasuk busana ||
14. ing wanci suryarsa mijil | purwa prabane prabeda | sumilak padhang sorote | kadya ngancarani marang | kang arsa cinundaka | ing kene prênahing purug | lor wetaning nungswa Jawa ||
15. raditya katon sapalih | lir angungak kinon enggal | kang busanarsa mring Ambon | nglakoni ayahan nata | pradapa kamarutan | obah angkên sung pudyayu | mêmayu mangayubagya ||
16. ing karsa dalêm sang aji | dene karsa amarlokna | mulyakakên lêluwure | sanadyan têbih tan ketang | kathah waragadira | anênggih nyêlani wuwus | tan was-was atur pratela ||
17. dhawuh dalêm jêng sang aji | mring pun carik mardibasa | sarèhne tan wêruh dhewe |
--- 199 ---
lêlakone cundakendra | ingkang kinon jiyarah | mring Ambon astananipun | Jêng Sinuhun Banguntapa ||
18. supaya bisa patitis | tètès pantêsing carita | prayoga mundhuta bae | pèngêtane pra utusan | laku lêlakonira | kalakon atêpung rêmbug | marang pangagênging duta ||
19. kadya dhawuhing narpati | andhêku sang tampi dhawah | noraga alon ature | ing sêmu pakewuh ing tyas | wusana tur prasaja | sadaya punika wau | lampahe para utusan ||
20. apan sampun dèn pèngêti | dening Radèn Mas Ariya | Yudawinata sêrate | wus dèn sêkarakên samya | anane duk dinuta | sadaya winot ing kidung | dene kang nyêrat punika ||
21. prasasat mung nêdhak sungging | ing sêrat pèngêtanira | nanging tan tinurun kabèh | cara caranging carita | iku nora tinêdhak | amung amèt ingkang parlu | lir kang winahyèng sarkara ||
1 | Tanggal: Salasa dwi dasastha (28) Mulud Ehe: catur dadyèsthi tuhu (AJ 1844). Tanggal Masehi: Selasa 24 Februari 1914. (kembali) Tanggal: Salasa dwi dasastha (28) Mulud Ehe: catur dadyèsthi tuhu (AJ 1844). Tanggal Masehi: Selasa 24 Februari 1914. |
2 | Lebih satu suku kata: wus mandhap kangjêng sang aji. (kembali) Lebih satu suku kata: wus mandhap kangjêng sang aji. |
3 | Tanggal: 27 April: caturing wong trus gumolong (1914 M). (kembali) Tanggal: 27 April: caturing wong trus gumolong (1914 M). |
4 | Tanggal: sapisan (1) Jumadilakir Ehe: kawarna dadyèsthi tuhu (AJ 1844). Tanggal Masehi: Senin 27 April 1914. (kembali) Tanggal: sapisan (1) Jumadilakir Ehe: kawarna dadyèsthi tuhu (AJ 1844). Tanggal Masehi: Senin 27 April 1914. |
5 | jêng. (kembali) jêng. |
6 | Lebih satu suku kata: kang kasêbut nginggil wau. (kembali) Lebih satu suku kata: kang kasêbut nginggil wau. |
7 | Lebih satu suku kata: angunjuk wilujêngipun. (kembali) Lebih satu suku kata: angunjuk wilujêngipun. |
8 | paladèn. (kembali) paladèn. |
9 | Tanggal: Sênèn 17 Ruwah Ehe: winarna dadine salira kumpul (AJ 1844). Tanggal Masehi: Sabtu 11 Juli 1914. Pada bulan Ruwah tahun AJ 1844, hari Sênèn jatuh pada tanggal 5 (Sênèn Wage), 12 (Sênèn Lêgi), 19 (Sênèn Pon), dan 26 (Sênèn Kliwon), maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah: Sênèn 5, 12, 19, atau 26 Ruwah AJ 1844 (Senin 29 Juni, 6, 13, atau 20 Juli 1914). (kembali) Tanggal: Sênèn 17 Ruwah Ehe: winarna dadine salira kumpul (AJ 1844). Tanggal Masehi: Sabtu 11 Juli 1914. Pada bulan Ruwah tahun AJ 1844, hari Sênèn jatuh pada tanggal 5 (Sênèn Wage), 12 (Sênèn Lêgi), 19 (Sênèn Pon), dan 26 (Sênèn Kliwon), maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah: Sênèn 5, 12, 19, atau 26 Ruwah AJ 1844 (Senin 29 Juni, 6, 13, atau 20 Juli 1914). |
10 | nyèkêt. (kembali) nyèkêt. |
11 | Baca: sèwu wolung atus. (kembali) Baca: sèwu wolung atus. |
12 | Tanggal: Jumungah Paing rongpuluh (20) Sapar Jimawal: wisayani toya kaèsthi ing ratu (AJ 1845). Tanggal Masehi: Jumat 8 Januari 1915. (kembali) Tanggal: Jumungah Paing rongpuluh (20) Sapar Jimawal: wisayani toya kaèsthi ing ratu (AJ 1845). Tanggal Masehi: Jumat 8 Januari 1915. |
13 | Tanggal: 8 Januari: marganing wong trus rahayu (1915 M). (kembali) Tanggal: 8 Januari: marganing wong trus rahayu (1915 M). |
14 | putih. (kembali) putih. |
15 | yèn. (kembali) yèn. |
16 | Baca: sèwu wolung. (kembali) Baca: sèwu wolung. |
17 | Baca: atus patang puluh lima. (kembali) Baca: atus patang puluh lima. |