Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 4/3)

Judul
Sambungan
1. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 1). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
2. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 2). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
3. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 3/1). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
4. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 3/2). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
5. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 4/1). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
6. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 4/2). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
7. Sri Karongron, Purbadipura, 1913–4, 1916, #1184 (Jilid 4/3). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
Citra
Terakhir diubah: 10-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

115. Dhandhanggula

1. purwakaning pustaka mrih manis | mèt mardawa rarasing ukara | nging kang ngripta sayêktine | tan wrin lukiting têmbung | myang kridhaning basa kêkawin | kapêksa kadarpèng tyas | manulat mangapus | lir kang para kawirêja | kang misuwur asmane prapta ing mangkin | yèku dènira arsa ||

2. amèngêti lampahira nguni | wandawendra [wa...]

--- 4: 200 ---

[...ndawendra] duta dalêm nata | sampeyan dalêm pamase | Kangjêng Ingkang Sinuhun | Pakubana Senapatining | Ngalaga Ngabdulrahman | Sayidin satuhu | Panata Agama ingkang | ping X komandhuring ordhê saking | Nèdêrlan sêleyonya ||

3. salajênge asma dalêm aji | bintang-bintang samudayanira | winot ing têmbang têmbunge | nanging panurunipun | dèn langkahi awit wus muni | anèng jilit sajuga | Sri Karongron sampun | marna agêm dalêm bintang | dènnya karsa dalêm kangjêng sri bupati | utusan pra santana ||

4. kacarita kang para dutaji | kang sajuga yèku Dyan Mas Arya | Yudawinata mayore | Jayataka wira nung | kalihipun Dyan Mas Ngabèi | Yasadipura parab | yèku kliwonipun | prêmbe dhusun lan nagara | tri Rahadyan Atmasiswara Ngabèi | panèwuning urdênas ||

5. jiyarah mring Ambon pulo alit | êlèr wetan saking tanah Jawa | puniku pasareane | kaping nêm sang aprabu | kang sinêbut sri narapati | Sinuhun Banguntapa | sumare nèng ngriku | lawan kangjêng sri dayita | yèku kangjêng ratu anèm kang wêwangi | de wau jêng sri nata ||

6. ingkang rama lan jêng sri bupati | Pakubuwana kang kaping IX | sing Jêng Ratu Mas wiyose | kang dadya jêng ratyagung | jêng ratyanèm putrane [pu...]

--- 4: 201 ---

[...trane] kalih | seda timur wanita | lan Jêng Ratu Timur | dene kangjêng sri narendra | kaping IX pêputra jêng sri bupati | ingkang kaping X ||

7. dadya wau kangjêng sri bupati | ping X kang jumênêng mangkya | punika lêrês wayahe | lawan jêng sang aprabu | kang sumare ing Ambon nagri | yèku aluranira | turuting piwuwus | ananging sanadyan wayah | lawan ingkang Ambanguntapa Sang Aji | mring eyang krami rama ||

8. nênggih sampun winarna ing nguni | lamun sri narendra sapunika | pinundhut putra wiyose | dening jêng ratu agung | marma sagêd krami ramaji | de para duta nata | Rahadyan Mas Mayur | Ariya Yudawinata | putranipun jêng pangeran kang wêwangi | Ariya Pakuningrat ||

9. jêng pangeran wau kang sêsiwi | jêng sri nata ingkang kaping IX | dadya wayah kaprênahe | kalawan jêng sang prabu | ingkang kaping IX mandhiri | utawi prênahira | buyud dalêm prabu | mring kangjêng sri naradipa | kang kaping nêm sumare ing Ambon nagri | ingkang sinêbut asma ||

10. Jêng Sri Nata Ambanguntêtaki | de Radyan Mas Angabèi Yasa- | dipura yèku putrane | jêng gusti kang sinêbut | Arya Natapraja wêwangi | Jêng Gusti Natapraja | putra dalêm prabu | Jêng Sri Nata Banguntapa | dadya Dyan Mas Yasadipura Ngabèi | wayahing Banguntapan ||

11. dene duta ingkang nomêr katri |

--- 4: 202 ---

Radyan Ngabèi Atmasiswara | kacarita atmajane | radyan mas kang jêjuluk | Arya Adiwinata nguni | putranya Jêng Pangeran | Mangkunagara nung | ping kalih ing Surakarta | jêng pangeran putranya Jêng Ratu Alit | jêng ratu putranira ||

12. jêng sri nata ingkang kaping katri | ingkang dhaup lawan Jêng Pangeran | Prabuwijaya parabe | dene jêng pangran wau | putranipun nguni jêng gusti | Pangran Mangkunagara | kapisan puniku | dadya Dyan Atmasiswara | prênahira kapenakan misan aji | Sinuhun Banguntapa ||

13. de numpaknya palwa ingkang pasthi | saking nagari ing Surabaya | awit kang cêlak margane | tan ana lyan ing ngriku | marma mancal sing Surawèsthi | budhale pra utusan | ri Anggara nuju | Wage wugu wukunira | ing paningron lêbu katiyup ing angin | pandangonnya kerangan ||

14. kaping astha likur Rabyalakir | ing Jimawal angkanipun warsa | tinêngran tata dadine | angèsthi jêng sang prabu |[1] jam saptenjang bidhale sami | kêncan sing Yasapuran | pangkate sadarum | ya ta ri wau wancenjang | Dyan Mas Mayor Yudawinata wus ngrakit | yun bidhal sing wismanya ||

15. ngrasuk cara Walandi klèntêni | pêpak para kadang myang wandawa | ingkang arsa nguntapake | lan manjurung pudyayu | mrih ayune dènnya lumaris | sawuse wancinira | rahadyan [ra...]

--- 4: 203 ---

[...hadyan] mas mayur | umangkat angsung pêpudya | marang kadang kulawargane kang kari | nèng nagri Surakarta ||

16. sakèh samya ngaturi pêpuji | karaharjan ing laksitanira | ayyana sambekalane | gya mêdal jawi sampun | numpak motor mring balowarti | wismèng Yasadipuran | sapraptaning ngriku | Radyan Mas Yasadipura | wus ngêntèni kalawan Radèn Ngabèi | Atmasiswara samya ||

17. amanganggo lir adat tinuding | prajuritan kang răngka gayaman | sajangkêpirèng pangangge | lan kathah para tamu | ingkang arsa umiring maring | sêtatsiun Balapan | lan angsung pudyayu | wusing bagya-binagyarja | nuli bidhal gumêrdêg kang sami ngiring | Dyan Mas Yudawinata ||

18. numpak motor ngrumiyini rindhik | gya Radyan Mas Angabèi Yasa- | dipura numpak ratane | lawan Siswaran kumpul | para putri kang sami ngiring | sarêngan bidhalira | numpak wontên ngriku | ting gludhug lampahing rata | rut-urutan sauruting margi-margi | kèh janma kang umiyat ||

19. awit wis padha ngrungu pawarti | lamun para dutaning narendra | ari Anggara budhale | wanci enjang jam pitu | marma kèh kang marlokkên sami | umiyat angkatira | mangkana winuwus | ing sêtatsiun Balapan | kang bageyan S.S. wus kathah priyayi | kulukan baju seta ||

20. kadi kontul arêraton [arêra...]

--- 4: 204 ---

[...ton] asri | sêtatsiun ingkang pungkas wetan | prajurit inpantri kèhe | satus baris nèng ngriku | dalah musik sudhiya sami | kang pungkas kilèn găngsa | carabalènipun | ing Baki sayaganira | ya ta kèndêl jam sapta watawis mênit | radyan mas mayor prapta ||

21. carabalèn nulya urmat muni | binarunging musik ungêlira | dyan mas mayor duk praptane | wontên ing sêtatsiun | dèn urmati malês ngurmati | kathah kang angsung pudya | rahayuning laku | winangsulan kantun arja | myang tabean lan para mitra Walandi | lan băngsa Tionghowa ||

22. gya katungka Radyan Mas Ngabèi | Yasadipura kalawan Radyan | Atmasiswara praptane | carabalèn saya sru | tuwin musik mawanti-wanti | para priyayi kathah | angsung pêpudyayu | winangsulan dahat suka | tansah ulêng ngetan ngilèn wira-wiri | bage-binage arja ||

23. para luhur kang nguntapkên sami | nèng Balapan sawatawis kathah | lamun tan kliru asmane | winarna munggèng kidung | raka dalêm pangran wêwangi | Kangjêng Purbadiningrat | lan atmajèng prabu | Jêng Pangran Adiwijaya | myang Pangeran Purbanagara utawi | Pangran Cakranagara ||

24. Pangran Arya Mataram lan malih | pra wadana kliwon sapangandhap | kathah kang anguntapake | ana ing sêtatsiun | sami klambi atela [ate...]

--- 4: 205 ---

[...la] putih | sawênèh dhasar krêsna | myang sambagi alus | kang akèh padha kulukan | uga ana kang anganggo ikêt bathik | tèmpèn adu mancungan ||

25. abdi dalêm golongan prajurit | Litnan Kolnèl Radèn Mas Ariya | Adiwinata sartane | mayor kapitanipun | upsir tuwin pulêntèr tunggil | miwah santana riya | panji wayah buyut | priyayi Mangkunagaran | ana ingkang amarlokake mêruhi | angkate cundakendra ||

26. marma kêbak kèbêkan ing janmi | jalu èstri sêtatsiun kathah | kang sami anguntapake | jam sapta sèkêt mênut | rata api S.S. wus prapti | sudhiya arsa mangt |[2] pra dutaning prabu | sigra dènnya sami minggah | lawan para kang ngiring mring karetapi | tan dangu gêntha munya ||

27. klonthang-klonthang nulya dèn tampani | ing kondhèktur ngungêlkên sêmpritan | masinis atanggap age | nglampahkên sêpuripun | mutêr riming kang lokomotip | gya munya kumarangsang | myang sumênthit sêru | kareta obah gya mangkat | musik munya găngsa carabalèn muni | mantri lurah urdênas ||

28. sami surak sinauran maring | pra panèwu mantri kabupatyan | ingkang golongan pangrêmbe | lan carik sru gumuruh | pra ajidan wirèng nyambêti | gar-gêr suwaranira |

--- 4: 206 ---

nulya surakipun | panakawan langên taya | wetan kilèn surake sambêt nyambêti | lagya mèh sirêp nulya ||

29. sinauran suraking prajurit | ambal-ambalan ambata rêbah | dahat rame suwarane | sabên surak sirêp wus | abdi dalêm mêtêngan ganti | sumêla surakira | sarta mawa lagu | cao-cao têmbungira | sabên surak mangkono dènira angling | suka kang sami myarsa ||

30. sayêktine iku nglêksanani | dhawuh dalêm wingi pinitungkas | mêtêngan suraka kabèh | yèn mangkat kang dèn utus | muni kadi ingkang winuni | cao plarabanira | myang madani iku | Dyan Bèi Atmasiswara | kêrêp bae dèn jangkar namane alit | Radèn Mas Kadarisan ||

31. mêrak-ati marma dèn kasihi | mring sang nata ya ta kawuwusa | ratapi ngetan lampahe | para utusan wau | anglèbètkên sap asta sami | tinampèn malih surak | gar-gêr gung gumuruh | musikan lawan pradăngga | saya sêsêg suk-sukan para priyayi | ngulatkên pra utusan ||

32. ingkang taksih nginguk nèng ratapi | wusing têbih kèndêl kang asurak | ratapi lêpas lampahe | pra luhur sami kondur | miwah para panèwu mantri | kaptin upsir kalawan | ing sasaminipun | sami mantuk sowang-sowang | pra prajurit jayataka bêdhol baris | ugi mantuk sadaya ||

--- 4: 207 ---

33. carabalèn sami dèn usungi | lan yagane mantuk sowang-sowang | reta ting gludhug lampahe | nyênyêt jro sêtatsiun | alam-lamên para ningali | kadi klayu tut wuntat | mring dutaning prabu | ratapi Jèbrès wus prapta | mung sadhela lèrèn gya laju lumaris | bablas tan tolih wuntat ||

116. Pangkur

1. datan kawarna ing marga | ing lakune rata sêpur sênèl trin | rikat lir panah tumanduk | ya ta wus wanci siyang | pukul kalih kirang sanga likur mênut | sampun praptèng Surabaya | sêtatsiun gêng warnadi ||

2. wangunane lir kinêmbar | lan Madiun tuwin Surakartadi | kèh janma ing sêtatsiun | kang sami arsa nunggang | maring nagri Malang miwah mring Madiun | ya ta pra duta narendra | wus mudhun saking retapi ||

3. gya numpak kreta kinuda | dèn airing dening panèwu mantri | pangrêmbe nagri myang dhusun | mring hotèl jujugira | gumaludhug samya karetan sadarum | dene pangajênging lampah | para panèwu lan mantri ||

4. kang nguntapkên laksitanya | pra utusan dalêm jêng sri bupati | carik myang mantri panèwu | pangrêmbe kabupatyan | kira-kira ana yèn priyayi wolu | saking dènira sih trêsna | marang cundaka puniki ||

5. kajaba kang wus winarna | wontên malih kang praptèng Surawèsthi | utusan dalêm sang prabu | angawasakên lampah | dadya duta

--- 4: 208 ---

dalêm nata mung nyalamur | inkohnito panganggènnya | têgêsipun tan ngangge dhin ||

6. yèku kapitan Radèn Mas | Panji Jayapitana kang wêwangi | arinipun Dyan Mas Mayur | Arya Yudawinata | lan Dyan Bèi Prajamartana ranipun | yèn utusan sampun mancal | kadhawuhan wangsul sami ||

7. wangsule sing Surabaya | yun dinangu maring jêng sri bupati | wontêning utusan wau | praptaning Surabaya | lan mancale dènnya anunggang parau | kalawan kaananira | kang dadya sênênging ati ||

8. wontên malih sarêngannya | Radhêmakêr Tuwan kang madanani | Kartipraja ugi ayun | mring Ambon tuwin rena | ya ta wau lampahing rata dumulur | dadya cingaking pra janma | ing nagari Surawèsthi ||

9. dening aranging umiyat | pyayi Jawi ingkang cara Walandi | dhinês pangagêman mayur | lan miyat pyayi Jawa | ingkang sami prajuritan agêmipun | kareta kèh rut-urutan | samarga-marga kèh janmi ||

10. kang kapapag kèndêl miyat | wangunipun ngungun dènnya ningali | hotèl Dhêsindhês wus rawuh | gya mandhap saking rata | kang tut wuri sadaya sami tumurun | pinapagkên tuwan romah | anulya tabean sami ||

11. duk ing wau Rahadyan Mas | Angabèi Yasadipura nuli | manabda prasabên lamun | lêrêm nèng hotèlira | tigang kamar sipêng sadintên sadalu |

--- 4: 209 ---

minta dhahar nêm kathahnya | tuwan amangsuli baik ||

12. gya nêdahkên kamar-kamar | ingaturkên soroging kamar katri | dene pra mantri panèwu | mèt hotèl anèng simpang | kacarita hotèl Dhêsindhês puniku | wujudipun mung cêkapan | ananging saking pawarti ||

13. wus mèh dadya limrahira | yèn pra luhur myang para tuwan tuwin | sagunging kang pra priyantun | myang miliyunèr samya | arsa numpak palwa layar saking ngriku | dènnya nglêrêmkên sarira | nèng hotèl Dhêsindhês sami ||

14. kèndêl jam kalih gya dhahar | bibar dhahar angaso sami guling | datan winarna ya ta wus | prapta ri Rêbo siyang | para batur angrakit babêktanipun | rèhne mangke wanci siyang | budhal mring Ambon nagari ||

15. wus sampat samêktanira | pra utusan dalêm busana sami | jas-jasan nyangkêlit dhuwung | nalika arsa bidhal | sukaning tyas kadi yun umangsah pupuh | mring polêm angrampit kitha | gumrêgêt ciptane sami ||

16. dalah ingkang atut wuntat | sami suka matêg măntra mawêrdi | mrih ayune kang lumaku | wus jam kalih saprapat | numpak oto mring dhoktêran jujugipun | kapriksa kasarasannya | nalika sami tiniti ||

17. jroning tyas sami kumêlap | sandeya yèn wontên sababing dhiri | gèk batal tan kêna laju | adhuh nir krêkatira |

--- 4: 210 ---

ing sawuse pinariksa kêna laju | sukèng tyas para utusan | byar padhang lir sitarêsmi ||

18. kang katawêng imalaya | gya kèsisan samirana angidit | sumêblak cahyane mancur | nisih kang imalaya | nulya budhal numpak oto dhatêng Ngêbum | ginarubyug rata kathah | para kang sami tut wuri ||

19. sadaya sami jas seta | kadyangganing kang kontul sabèng sabin | kathah pra janma andulu | nèng marga tan winarna | pra utusan sampun sami praptèng Ngêbum | mudhun kreta nunggang palwa | kumambang munggèng jaladri ||

117. Maskumambang

1. sêtum bargas lampahe munggèng jaladri | nêmpuh ombak bangkat | anglêr swarane kapyarsi | pyok-pyok rodha ngiras wêlah ||

2. tirta ingkang katarajang katon nisih | dene kang tut wuntat | pra panèwu miwah mantri | ugi sami numpak palwa ||

3. praptanipun palwa gêng wanci jam katri | langkungnya saprapat | palwa kang yun dèn tumpaki | palwa Erwik namanira ||

4. panjang satus sadasa mètêr kawarti | wiyar kawan wêlas | mètêr dene ta kang rêgi | wolung dasa langkung tiga ||

5. èwu rupyah lamine wau jong api | sampun nênêm warsa | dene ingkang dadya kaptin | Tuwan H. dhê Bur namanya ||

6. kapal wau pakèt parêt kang darbèni | cacahnya sadaya | sangang dasa gangsal iji | sawusing

--- 4: 211 ---

utusan minggah ||

7. maring kapal mapan mring kamar prasami | dalah kang tut wuntat | wus sami manggèn pribadi | pra panèwu mantri samya ||

8. ngaturkên kawilujênganing lumaris | nulya sami mandhap | mring jong alit sami bali | dhumatêng Ngêbum sadaya ||

9. jam sakawan langkungnya pitulas mênit | kapal api mangkat | ambêdhol jangkarira glis | prasêtir manambutkarya ||

10. palwa agung anêmpuh tirtèng jaladri | anarajang ombak | kang tinêmpuh piyak malih | ing wuri lêgok katingal ||

11. mawi mulêg kolêg ulêkaning warih | silêming baskara | papêtêng gung anglimputi | wus tan katon saniskara ||

12. mung swaraning baita ingkang kapyarsi | pyag pyog nêmpuh ombak | ing wanci jam astha ratri | wus prapta ing pulo Pinang ||

13. gya sinorot dening giyota Kumpêni | lan ngungêlkên maryam | ping tri gumlêgêr wèh gonjing | kapal api ingkang cêlak ||

14. rèhning lagya mangsaning pêrang Eropis | myarsa kang mangkana | cipta bêbaya dhatêngi | kapal prang kang mangun yuda ||

15. kagèting tyas sami matêg wikrama glis | anata jro driya | nyipta yun tinêmpuh jurit | krajan kang samya pêrangan ||

16. apa baya ondêrsèyêr karajan Dhit | ngambang mamèt mêngsah | apa balêdhosing minmin | bingung kang katêmbèn myarsa ||

17. wusanane mung minăngka

--- 4: 212 ---

sung pambagi | widada lampahnya | ya ta arinya Rêspati | Lêgi tanggalnya sapisan ||

18. wulanipun Jumadiawal utawi | Marêt ping wolulas | sèwu sangang atus tuwin | gangsal wêlas wanci enjang ||

19. kapal api wau sigra mangkat malih | duk lingsir pracima | Ampênan sampun kaèksi | yèku ing Lombok Mataram ||

20. ingkang sawêg kewala binêdhah dening | Gupêrmèn Nèdêrlan | kintên gangsal wêlas warsi | praptanipun ing samangkya ||

21. jam sakawan sontên kapal api prapti | wontên ing Ampênan | anyarêngi kapal prapti | panèk namaning baita ||

22. pra utusan lawan Radhêmakêr sami | mudhun mring Ampênan | wontên ing ngriku ningali | aèrmadha ing Mataram ||

23. aèrmadha wujude langên wadari | yèku pasanggrahan | kagungane Raja Bali | rinêngga sarwa mararas ||

24. capurine sela mubêng dipun ringgit | kalawan linepa | dening wêdhi miwah gamping | gênging capuri cêkapan ||

25. dhapuripun sanggrahan langên wadari | kadya pêpanggungan | alit katingale cèkli | satêngêne pasanggrahan ||

26. ngriku wontên botrawi cacahnya katri | binatu ring sela | dipun lepa wêdhi gamping | jro blumbang wontên ulamnya ||

27. tirtanipun sumilak kalangkung wêning | wêdhi kang nèng ngandhap | katon malela ting

--- 4: 213 ---

krêlip | kasorot sunaring surya ||

28. gênging umbul satampah ngluwêng sri kèksi | barêbêling tirta | ambèr ngêbaki botrawi | kang sajuga umbul dhahar ||

29. yèku agêm pasiraman Raja Bali | kang satunggalira | pasiramaning pra siwi | lan pra wayah băngsa Idha ||

30. dene umbul ingkang sajugane malih | kinarya padusan | sagunging para priyayi | sadaya wêning tirtanya ||

31. lawan anyêp ngantos kadi toya ais | rêsik tanna mina | umbul tri punika kêni | kinarya usada roga ||

32. de kang sami adus wontên ing botrawi | Radhêmakêr lawan | Tuwan Bowêr insinyuring | pêlikan intên barleyan ||

33. de radyan mas mayor pan amung ngêdhapi | nginum toyanira | umbul dhahare sang aji | ngandika eca raosnya ||

34. bibar adus busana ginambar sami | dene kang anggambar | Tuwan Dhêmakêr pribadi | ingkang sami dipun gambar ||

35. Dyan Mas Yudawinata lan Dyan Mas Bèi | Yasadipura lan | nênggih Rahadèn Ngabèi | Atmasiswara kalawan ||

36. Tuwan Browêr kalawan Tuwan Ondêrwis | ing Bandhung opêrplat | marang ing Ambon nagari | sarta wontên malih Tuwan ||

37. Ondêrwisêr ing Surabaya nagari | dalah nyonyahira | opêrplat mring Ambon nagri | dadya nama sêsarêngan ||

38. sacakête pasiraman wontên kèksi | papan sawatara |

--- 4: 214 ---

sinungan suyasa inggil | binatukandha ing sela ||

39. sarta ugi dipun lepa wêdhi gamping | wismèku kinarya | panêmbahan mring dewadi | kacrita prajèng Mataram ||

40. janma jalu kathah ingkang gundhul sami | dènnya dhêng-udhêngan | pathon maduran winalik | kulambinira sikêpan ||

41. badan cêkak ing pinggir mubêng tinêpi | ing pita myang renda | sabukipun rinangkêp tri | dhuwung gêng tur panjang-panjang ||

42. nanging datan tholang-tholang dèn tingali | awit panganggènnya | ngadêg jêjêg munggèng gigir | tinurutkên ngula-ula ||

43. warangkanya kang kathah gayaman sami | sing wrêksa timaha | wontên ingkang răngka gadhing | sawit lawan ukirannya ||

44. bêbêtane pojoking sinjang kêkalih | kumlèwèr katingal | dene ta janma pawèstri | gêlung malang nèng ngiringan ||

45. trakadhang dèn ubêd-ubêdi sêmbagi | kulambinya limrah | tapihipun rangkêp katri | sêmbagi nulya bathikan ||

46. nulya sarung punika kang wontên jawi | tan ana kêmbênan | sanadyan tan mawi klambi | mêdal maring waradinan ||

47. sêpuh anèm priyayi lan janma alit | sampun limrahira | pambayun tan dèn awêri | tan pisan dadya pingitan ||

48. ginêmipun adarbe têmbung pribadi | pakêcapanira | lamun têmbung wêkasaning | lingga pan amung laknyana ||

49. ungêlipun pinêpêt [pinêpê...]

--- 4: 215 ---

[...t] ingkang upami | ing Cakranagara | Cakrênagarê kang pasthi | makatên sasaminira ||

50. têmbungipun cara Mlayu winor Kawi | awit têmbungira | pancèn kathah ingkang Kawi | nanging sae pangikêtnya ||

51. agaminya sadaya băngsa ing Bali | taksih sami Buda | arta gobog nagri Bali | punika taksih kalampah ||

52. gobog nênêm saminipun sèn satunggil | arta slaka kathah | ugi sampun warni-warni | lir tanah Indhi Nèdêrlan ||

53. jam nêm sontên wangsul marang kapal malih | nanging kajawahan | dene panèk kapal api | ratri wanci jam sadasa ||

54. langkungipun kintên gangsal wêlas mênit | sampun bêdhol jangkar | pangkat maring Surawèsthi | mung palwa kang tinumpakan ||

55. pra utusan dalêm kangjêng sri bupati | widada kèndêlnya | ya ta ri Sukra ping kalih | ing wulan Jumadiawal ||

56. utawi ping sangalas Marêt kang sasi | sadaya utusan | mandhap mring Ampênan malih | kasmaran myat aèrmadha ||

118. Asmaradana

1. sami plêsir-plêsir malih | ngriku wus kèh băngsa Jawa | băngsa Cina saya akèh | bikak toko sêsadean | nging kang dadya ngungunnya | kèh baludag sanès ranu | tanpa sètubandatbuta ||

2. wus pêsthi kudu linirik | linaras karasaning tyas | kang darbe datan andimpe | lamun tansah linirikan | dangu-dangu [dangu-da...]

--- 4: 216 ---

[...ngu] karasa | manawa na cacadipun | dadya rikuh sawatara ||

3. calathune dhik kumelik | têmbung Bali têgêsira | sun tan arêp utawi moh | janma Bali kèh rasanan | ngarani pra utusan | utusan dalêm sang prabu | Majapait tanah Jawa ||

4. awit saking dèrèng uning | yèn têlênging tanah Jawa | ing Surakarta namane | mung Majapait wêruhnya | lan nagri ingkang cêlak | Banyuwangi sartanipun | ing nagari Surabaya ||

5. ya ta sarampunging plêsir | jam kalih wangsul mring palwa | dene ta wau ponang jong | dipun wêwahi momotan | babi satus kèhira | pating gruwik swaranipun | yun binakta mring Makasar ||

6. salamine nèng palwapi | para utusan sadaya | solan-salin dhaharane | enjang sontên tuwin siyang | tan wontên tumbuk rupa | ngantos ing samantukipun | tan tumbuk sakèh dhaharan ||

7. jam nêm sèkêt kalih mênit | sontên suruping baskara | palwa ambêdhol jangkare | mangkat mangetan lampahnya | manêmpuh pêpêtêngan | kadya nèng jro guwa samun | kanan kering tan katingal ||

8. mung swaraning kapal api | dènnya nrajang we samodra | glag glèg glag glèg miwah pyak pyok | jumêguring ombak bakat | ingkang tumêmpuh parang | kapal gung kombakan kombul | nanging mung kadi yun-yunan ||

9. antuk [a...]

--- 4: 217 ---

[...ntuk] pangèstuning aji | nguni nalika utusan | sami ngabêkti sang katong | pinaring pangèstu arja | tan ana kara-kara | samudra tan ana alun | kang agung ngrêncanèng palwa ||

10. kayêktèn jro jalanidhi | tanna kang gêng alunira | sakeca laksitaning jong | mung kanan kering kang ana | swaraning ombak bakat | têtêmpukan jêgar-jêgur | gumulung gung gêgolongan ||

11. lampahipun kang palwapi | anglêr lan dahat sakeca | Tuwan Dhêmakêr kacriyos | sangêt pangunguning driya | èngêt duk arsa mangkat | mawi sowan jêng sang prabu | Tuwan Dhêmakêr kawêdhar ||

12. sahaya heran sêkali | tuwan sunan sudhah bilang | kutika adha dhi kraton | adha dhi laot trus enak | tak adha apa-apa | musti tidhak adha alun | slamêt brangkat sampe pulang ||

13. mangkana sabdèng narpati | tuhu tan ana sulaya | kanyatan sadaya tètès | eca laksitaning palwa | tan ana kara-kara | antuk sabda dalêm prabu | raharja laksitanira ||

14. ya ta lampahing palwapi | jam gangsal langkung saprapat | wus praptèng Sumbawa pulo | dadya sadalu lampahnya | duk ing wau ri Tumpak | Jumadilawal ping têlu | warsa taksih nunggal ngarsa ||

15. kèndêlipun kapal api | amung sawatara êjam | ngudhunkên janma parlune | kang mandhap maring

--- 4: 218 ---

Sumbawa | lan wontên ingkang numpak | ya ta duk wanci jam pitu | patpuluh mênut langkungnya ||

16. dadya taksih wanci enjing | kapal api wau mangkat | ngalèr ngetan laksitane | nanging kathah ngalèrira | sukèng tyas kang nèng kapal | myat alun katon gumulung | kadi gunung lumaksana ||

17. têmpuh lampahing jong api | yèn ginagas akarya was | paran ta mangke dadine | rèhning katon gênging ombak | inggil ngungkuli palwa | nanging marmaning Hyang Agung | lan pangèstuning sri nata ||

18. duk cêlak alun jaladri | lir sumusup sor giyota | dadya giyota lampahe | anglêr lir nglumpati ombak | ya ta lampahing palwa | ing pulo Bêras wus langkung | datan dangu katingalan ||

19. pulo Sêlèbês ing têbih | cêtha jlèrèh piyakira | dening samodra ing Bone | yèku saantawisira | Moloko lan Makasar | tan dangu baskara surup | kang katon sami kalingan ||

20. nèng pêpêtêng kang nglimputi | ginantyan pajaring wulan | nanging datan pati suwe | Hyang Căndra dènnya ngatingal | sasat mung sacleretan | saya pêtêngirèng dalu | lir ngêlêm sajagad raya ||

21. tistis sonya têngah wêngi | tidhêm tan ana sabawa | mung swaraning jong lampahe | dènnya ngambah we samodra | para numpak giyota | ing dalu

--- 4: 219 ---

nendra sadarum | mung para punggawa kapal ||

22. kang ibut manambutkardi | yèku sagunging sêtirman | kalawan pangatos-atos | wontên kang majêng ing karya | nglangkungi sarowangnya | lir èdmondhantês ing dangu | saparipolahing palwa ||

23. sadayanipun tiniti | dalah punggawa kang jaga | pra panumpak ingèngêtke | yya kalepyan pangrêksanya | ing sabên wancinira | ya ta ri Dite ping catur | ing wulan Jumadiawal ||

24. ing wanci jam sapta enjing | giyota praptèng Makasar | nèng ngriku kèndêl lampahe | dene plabuhan Makasar | wus wontên baitanya | sawêlas iji kèhipun | lan pan warwik dadya kèhnya ||

25. gunggung kalih wêlas iji | tinata rapêt ajajar | cêlak ing Ngêbum krêtêge | ingkang katon lètêrira | Swènê Dhèli lan Medhan | sakawan Wilis ranipun | dene giyota ing Dhitslan ||

26. kang wontên ing ngriku katri | kalih kang têrang namanya | Sêtolbèrêh tuwin Kwang Èng | dene ta Kwang Èng punika | wontên ngriku tinahan | wus wiwit wulan Agustus | sèwu sangang atus lawan ||

27. kawan wêlas kang kawuri | dumugining sapunika | karana nguni lêpate | dènnya bêkta arêng sela | dene ta luwarira | saking ing tahanan wau | yèn wus bibar prang Eropah ||

28. dene punggawane sami | kang anyanggi

--- 4: 220 ---

têdhanira | matsêkapeini pun jong | de Sêtolbèrêh baita | kalawan tunggilira | mung dagangan sêdyanipun | sarêng nagrinipun pêrang ||

29. piyambake ajrih mulih | ngêntosi bibarnya pêrang | ya ta gênti kacariyos | ananing jaman Makasar | kang jalu warnanira | lir janma bawean lugu | sarung kinalungkên jăngga ||

30. ngaluwêng calana putih | èstrinipun gêlung malang | kurung panjang kulambine | sarungan lir janma priya | lan sarung kudhungira | wismanipun kadi lumbung | payone atêp sadaya ||

31. wus wontên kêmpalan S.I. | kintên-kintên warganira | wontên kawan èwu kèhe | arta ngriku kang kalampah | arta nagri Nèdêrlan | arta kina taksih laku | yèku gobang lan dhuwitan ||

32. ari Soma tanggal kaping | gangsal ing Jumadiawal | jam saptenjang Dyan Mas Mayor | Ariya Yudawinata | kalawan Rahadèn Mas | Yasapura sartanipun | Dyan Bèi Atmasiswara ||

33. myang Radhêmakêr utawi | kaptining Wilis baita | lawan kaptining Medhan jong | sami mudhun mring dharatan | mring panti muru samya | miyat pasiramanipun | Krèng Lèngkèsê Raja Guwa ||

34. sarêng numpak motor sami | saking kitha têbihira | katri dasa catur pale | dene ta motor sewanya | tigang dasa rupiyah | nging punika sanèsipun |

--- 4: 221 ---

prêsèn maring supirira ||

35. pasiraman kang winarni | ugi kadi balumbangan | binatur ing saubênge | kathah isinipun tămbra | bang blangkok cêmêng seta | botrawi datanpa umbul | tan pati wêning tirtanya ||

36. ewonipun nama bêlik | brêbêl ing wetan katingal | ngriku kathah wit-witane | gêng-agêng sae warnanya | lan ngriku wontên bangsal | ingukir-ukir raras rum | pinulas pinrada ing mas ||

37. ri sampune aningali | kaananing pasiraman | jam kalih wêlas wancine | tri dasa mênut langkungnya | wangsul maring baita | sewangan mring kamaripun | kanthi arsayaning driya ||

119. Kinanthi

1. ing nalika wanci tabuh | sajuga siyang winarni | ing ngriku wontên giyota | ingkang labuh jangkar malih | swaèrdhêkrun namanira | dene sontêne jam katri ||

2. wontên malih praptanipun | palwa Tarakan kang nami | dadya plabuhan Makasar | wontên jong patbêlas iji | sore suruping Hyang Arka | ginantyan padhanging sasi ||

3. sorote katon sumunu | tumamèng jro jalanidhi | katon we pating pancurat | lampahing ombak kang kenging | sorotipun Hyang Basănta | wêwah asrining pangèksi ||

4. rèhne tanggale duk wau | malêm kaping nênêm lagi | dadya padhang mung sakêdhap | Hyang Condre[3] sampun ngoncati | mung kantun pajaring dilah |

--- 4: 222 ---

ingkang wontên kapal api ||

5. ting pancorong abyor murup | sorote tumiba têbih | ya ta ing dalu samana | wus datan winarna malih | ya ta enjang ri Anggara | ping nêm Madilawal tuwin ||

6. tanggal kaping katri likur | taksih Marêt ingkang sasi | jam astha kirang saprapat | jong pan warwik bidhal malih | dadya kèndêl nèng Makasar | kalih dintên kalih ratri ||

7. baita wangsul mangidul | gya ngetan dènnya lumaris | tan winarna anèng marga | widada dera lumaris | tan wontên sangsayanira | ngantos praptanirèng ratri ||

8. palwapi taksih lumaku | kacarita Buda enjing | ping sapta Jumadilawal | wanci jam nêm gangsal mênit | sampun praptèng Butun kitha | labuh jangkar palwa api ||

9. dadya palwa lampahipun | saking Makasar nagari | praptaning Butun petangnya | sadintên lawan saratri | kalih likur etangnya jam | Butun kèh sadean paksi ||

10. warni-warni bagus-bagus | jakatuwa atat nori | ting caruwèt ocèhira | kèh kang bangkit tata janmi | lir menco ing tanah Jawa | nyênêngkên ingkang ningali ||

11. pas analacar kang buntut | lir paksi dewatèng nguni | tur arginya mirah-mirah | nori kang wus tata janmi | mung srupiyah ngalih têngah | kang badhe namung nyêtali ||

12. dene palwa kèndêlkipun[4] |

--- 4: 223 ---

nèng Butun tan kantos lami | jam asthenjang palwa mangkat | ngetan ngalèr sawatawis | nanging kathah ngetanira | rikat lampahing palwapi ||

13. nglangkungi pulo Limarun | têrus lampahing jong api | duk wanci jam kalih wêlas | langkunge sadasa mênit | sampun praptèng pulo Rahak | jong kèndêl dènnya lumaris ||

14. dadya lampahe sing Butun | kawan jam lan tigang mênit | dene paprentahan Rahak | tumut ing Butun kithadi | duk ing wanci jam satunggal | langkungipun gangsal mênit ||

15. palwa bêdhol jangkaripun | mangetan dènnya lumaris | tan ngetang kênèng pêpanas | wus larut siliring angin | sêdhêng ayuming baskara | pêpanase saya tipis ||

16. Hyang Surya sangsaya surup | ginantyan Hyang Sitarêsmi | mêmadhangi jagad raya | mawèh ayêming dumadi | kintên mung jam kalih wêlas | katoning Hyang Sitarêsmi ||

17. sampun angaso sumurup | maring jro pêtênging wêngi | gantya taranggana sumyar | mawèh ascaryaning kapti | eca tyase pra utusan | sajroning wontên palwapi ||

18. dening barkah dalêm prabu | tan kirang barang punapi | rintên dalu jinagenan | punggawèng jong siji-siji | lampahipun gêgiliran | jagi kalamun tinuding ||

19. kalawan arsa mêmundhut | punggawèng jong gya ngladèni | yèn enjang [e...]

--- 4: 224 ---

[...njang] wanci sarapan | ngombe wedang tèh myang kopi | măngka taksih sami nendra | gya punggawa ingkang jagi ||

20. anyênyakar kamaripun | rag règ rag règ mung watawis | linagokkên dêdolanan | kang nèng kamar wus mangrêti | lamun tinawèn ladosan | gya punggawa dèn timbali ||

21. pinintan ladosanipun | sandika lumados nuli | lungguh nèng ngêndi kewala | kalamun sampuning wanci | lumarih ing lêladosan | wus mêsthi dipun ladosi ||

22. makatên salaminipun | wontên sajroning palwapi | pra jagi saklangkung urmat | yèn mandêng namung anglirik | saking dahat dêkungira | ngantos kados sangêt ajrih ||

23. dalah tuwan kaptinipun | ugi katon angurmati | yèku barkah dalêm nata | ngantos praptèng pundi-pundi | datan wontên sudanira | malah kèh wêwahe yakti ||

24. ing dalu datan winuwus | kacarita ri Rêspati | ping astha Jumadilawal | Marêt ping salawe lagi | siyang wanci jam sawêlas | langkung kawan dasa mênit ||

25. lampahnya dumugi Tipu | kapal api kèndêl nuli | dadya lampahing baita | sing Rahak mring Tipu prapti | wontên kalih likur êjam | tigang dasa gangsal mênit ||

26. ing kitha Tipu puniku | kalêbêt ing Buru nagri | ing Tipu têlênging praja | pangagênging janma siti | sêsêbutanipun raja |

--- 4: 225 ---

pangagêng Landi kontrolir ||

27. dene ta residhènipun | tumut ing Ambon nagari | ya ta sontên jam sakawan | kawan dasa gangsal mênit | palwa pan warwig gya bidhal | nalikanira ing ratri ||

28. kintên wanci jam sapuluh | lampahipun anglangkungi | pulo Ambahlao nama | myang pulo Puru kang nami | wanci jam sakawanira | anglangkungi pulo kalih ||

29. kang sisih lèr ran Lèitu | ingkang sisih kidul nami | Lètimu pulo lit samya | kacarita gagat enjing | jam gangsal palwa wus prapta | wontên ing Ambon nagari ||

30. yèku Sukra arinipun | ping sanga wulane taksih | anunggil Jumadilawal | utawi nêmlikur kaping | Marêt wulane Walănda | dadya wontên jro palwapi ||

31. sadasa ri laminipun | ing ngriku wontên palwapi | Kumpêni kalih kèhira | sarta wontên kapal malih | ing Dhitslan cacah sakawan | dene ta wau kapal Dhit ||

32. kang satunggal namanipun | Teyopao dèn muwati | sandawa obat sanjata | sèkêt koyan kang pawarti | kapikut nèng Tanjungalang | dadya tinahan ing mangkin ||

33. kalih Lindhên namanipun | bêkta pêdhang miwah bukti | sêtinkul myang sanèsira | marma pinikut ing nguni | nèng bageyan pulo Bandhan | katri Olêm ingkang nami ||

34. anèng Maroke pinikut | karana dipun muwati |

--- 4: 226 ---

sêtinkul pêdhang myang têdha | sakawan Manila nami | puniku baita dagang | namung saking ajrih mulih ||

35. kang awit nagarinipun | sawêk angadoni jurit | mêngsah Inggris Prankrik Ruslan | dadya sandeyèng tyas yakti | yèn ngantos sêsănja baya | nataskên nyawaning janmi ||

120. Mêgatruh

1. dene palwa tri wau panahanipun | nalika Agustus warsi | sèwu sangang atus langkung | kawan wêlas dadya wiwit | wontênipun prang rêrêmpon ||

2. dènnya nahan ngantos sabibaring pupuh | ya ta wau kang winarni | utusan dalêm sang prabu | mandhap saking kapal api | gya samya anitih andhong ||

3. dalah para pangiringira tan kantun | bêbêktane dèn usungi | maring hotèl jujugipun | Esplanadhêr ingkang nami | dene hotèl wau manggon ||

4. ngajêng bètèng Kumpêni kaprênahipun | praptanya ing ngriku wanci | kintên satêngah nawesuk | dene ingkang amanggihi | Sayit Badhilah kawartos ||

5. kaptinipun pra băngsa Arab ing ngriku | Dyan Mas Suryanagaradi | Dyan Mas Suliman trinipun | Suleman Dipanagari | sakawanipun kacriyos ||

6. Dyan Mas Panji Cakrasewaya ranipun | jêng pangeran kang sêsiwi | Suryaningrat putranipun | ping gangsal sri narapati | Cakrasewayèku dados ||

7. kaponakan [kapona...]

--- 4: 227 ---

[...kan] lawan kangjêng sang aprabu | kang sumare Ngambon nagri | dupi jam sadasa laju | pra utusan dalêm sami | sowan mring Residhèn Ngambon ||

8. dèn panggihi kalawan sukaning kalbu | utusan ngaturi uning | ingkang dadya prêlunipun | jêng residhèn nayogyani | yun rumêksèng karahayon ||

9. salamine pra utusan wontên ngriku | gung nuwun dutaning aji | duta sinugata nginum | wedang minuman mênuhi | lawan sês srutu miraos ||

10. jam satêngah sawêlas pamitan mundur | nulya mampir sowan maring | asistèn dene kang prêlu | ugi mung atur udani | yèn yun sajarah nèng Ambon ||

11. tinampenan kalawan trusthaning kalbu | lawan dipun sugatani | wedang minuman lan srutu | sakeca agunêm kawis | wusing dangu dènnya têmon ||

12. pra utusan sigra sami pamit mundur | wangsul maring hotèl malih | têtabean urmat manggut | ya ta dutaning narpati | praptanipun hotèl gupoh ||

13. wangsul numpak kreta putêr jro kuthèku | ing jam kalih wêlas tuwin | langkung gangsal wêlas mênut | mantuk marang hotèl sami | kaparêng tyas sami ngaso ||

14. mung sontêne sami busana sadarum | jam gangsal sontên ngubêngi | ing jro kitha Ngambon ngriku | kèndêl jam pitu watawis | sampat myat ing toko-toko ||

--- 4: 228 ---

15. nulya sami wangsul maring hotèl laju | bukti gya nglêrêmkên dhiri | ing dalu datan winuwus | kaananing wanci latri | sajroning nagari Ngambon ||

16. enjingipun ari Saptu ping sapuluh | Jumadiawal utawi | Marêt kaping pitu likur | ing wanci jam sanga enjing | pra utusan dalêm katong ||

17. sami marang pêkên mampir wismanipun | Cina tukang potograpi | Babah Wahson namanipun | nulya anggambarkên sami | rampung jam sawêlas bodhol ||

18. wangsul maring hotèl gya bujana kumpul | nulya anêntrêmkên dhiri | sontênnya wanci jam catur | langkung tigang dasa mênit | pra utusan dalêm katong ||

19. sowan maring pasarean dalêm Prabu | Banguntapa busanèki | prajuritan katrinipun | praptèng pasarean sami | dêdupa gănda miraos ||

20. nulya mangsah ngabêkti sruning panuwun | kang kamot jroning panggalih | gênti-gênti dènnya ngujung | gya manthêng manungku puji | nênuwun mrih karahayon ||

21. myang widada karsa dalêm jêng sang prabu | kang kaèsthi ing panggalih | saking asruning panuwun | têrus lan wêninging kapti | jumbuh kalawan pangraos ||

22. kukusipun ing ratus mulêg kumêlun | prapta gănda amrik minging | jru kunci sakancanipun | pra muslimin sami tahlil | gumrênggêng kapyarsèng adoh ||

23. wit kang sowan [sowa...]

--- 4: 229 ---

[...n] tahlilan wontên ing ngriku | para kaptin Ngarab tuwin | saandhahannya sadarum | pra janma băngsa Islami | kintên wontên dwi atus wong ||

24. pasarean dalêm wau majêng ngidul | ing nglêbêt kinamar adi | yèku pasarean prabu | kaping nêm sri narapati | lan garwa jêng ratu anom ||

25. ingkang wontên ing sasisih wetanipun | kang ibu Jêng Pangran Ari- | ya Cakradiningratipun | myang Pangran Dipasanadi | lan Sayid Batbut kawartos ||

26. ingkang wontên ngajêngan Radyan Tumênggung | Cakradipura kang nami | yèku sadhèrèke sêpuh | Radèn Sasrakusumadi | ingkang bibi jêng sang katong ||

27. kaping nênêm dadya uwa prênahipun | lan kaping nêm sri bupati | jèjèr lan Radèn Tumênggung | Atmadiwirya lan malih | dyan tumênggung kang kinaot ||

28. yèku Mangkukusuma lan Dyan Tumênggung | Kartadiwirya lan malih | ingkang ibu ampilipun | kaping nêm sri narapati | lawan bok êmban kawartos ||

29. êmbanipun Gusti Kangjêng Ratu Timur | lan wontên malih satunggil | darah Ngyoja wartosipun | nanging nama tan kawarti | wit tan klêbêt buk ing Ambon ||

30. sawusipun rampung ing tahlilanipun | pasarean dalêm sang sri | ginambar katon sing kidul | sêkar ranaton[5] kêkalih | sri nata lan jêng ratyanom ||

121. Sinom

1. lan ginambar [gi...]

--- 4: 230 ---

[...nambar] sing ngiringan | kang sowan sami kaèksi | Radyan Mas Mayor Ariya | Yudawinata utawi | Radyan Mas Angabèi | Yasadipura trinipun | Radyan Atmasiswara | lawan para juru kunci | tuwin Tuwan Dhêmakêr tumut ginambar ||

2. dene ta ingkang anggambar | punika sultan ing Acih | de kang gambar pasarean | ingkang kasêbut rumiyin | Radhêmakêr pribadi | duk panggambarnya wus rampung | nulya sami bujana | wanci jam nêm winitawis | sigra kondur maring hotèl palêrêban ||

3. jam sapta kirang saprapat | pra utusan dèn aturi | dhumatêng Babah Ko Hong Gyam | sinuwun mrih anjênêngi | dènira darbe kardi | mantokakên sutanipun | tindaknya jagong mawa | mampir maring toko sami | yèku toko Ongki Hong ingkang adarwa ||

4. ananging namung sakêdhap | antuknya jagong wus wanci | jam sanga dalu watara | ing ratri datan winarni | ya ta ri Dite kaping | sawêlas candramanipun | maksih Jumadilawal | utawi Marêt tanggal ping | wolu likur ing wanci jam astha siyang ||

5. tri dasa mênit langkungnya | tindak maring pêkên mampir | wismanipun kaptin Cina | T.E. Nyio ingkang nami | lungguhan sawatawis | maring toko basar laju | ing wanci jam sawêlas | langkung tigang dasa mênit | nulya mantuk maring hotèl palêrêban ||

--- 4: 231 ---

6. sontên nglêrêmakên badan | nèng hotèl aginêm kawis | ngraoskên dènira samya | wontên ing hotèl anami | Èsplênadhê anênggih | kathah kacaryaning kalbu | tingalan myang pamyarsa | kang dados sukaning ati | wetanipun hotèl wontên kamar bolah ||

7. mèh sabên sontên ing wisma | kamar bolah mawi musik | mungêl anglam-lami driya | wèh girang sênênging kapti | utawi sabên enjing | ngajêng bètèng ramenipun | saenjing pangajaran | putbal pra militèr Wlandi | enjingipun santun ajar kang barisan ||

8. enjingipun nulya gantya | gimnastik kalawan malih | minepêr kadya pêrangan | lawan ganti ajar baris | baris mung sa-Kumpêni | utawi batalyun sêkul | mawi tambur myang sinal | musikipun datan kari | jroning batos ngraos lir nèng Surakarta ||

9. kadi sowan palataran | utawi pinuju baris | nèng alun-alun untara | yèn tingalan dalêm sang sri | bakda garêbêg ugi | sami mawon raosipun | sarampunging ginêman | ngênthêlkên kang dèn lakoni | rêrancangan kang bakal mêsthi linakyan ||

10. ngemut-emut ing pakaryan | dènira dadya dutaji | ngrancang kang yun tinindakan | enjange lan liyan ari | badhamèn duk wus dadi | angaso tilêm sadarum | kacrita enjangira |

--- 4: 232 ---

ari Soma tanggal kaping | kalih wêlas ing wulan Jumadilawal ||

11. ing wulan Walandi tanggal | dwi dasa nawa marêngi | Marêt wanci jam nawenjang | rahadyan mas mayor tuwin | Radyan Mas Angabèi | Yasapura sartanipun | Radhêmakêr wisata | maring Batumerah sami | sami adus ing sarampungira nulya ||

12. sowan maring pasarean | dene ta Radyan Ngabèi | Atmasiswara kesahan | maring wismanipun Kaji | Abu Salèh kang nami | Tanahtinggi kampungipun | ya ta wau kang sowan | maring pasarean sami | angabêkti ngunjukkên salwir dinuta ||

13. nyuwun pangèstu raharja | myang lulusing kraton Jawi | kamulyan lan kaluhuran | pra duta sruning pangèsthi | nandhês kandhas sayêkti | pamêlêngirèng panuwun | dupa kumêlun ngambar | mulêg lir jêbat kasturi | jro astana kèbêkan kang gănda kongas ||

14. saha wingiting astana | mawèh rasa tyas marinding | amung para duta nata | saya ngangsêg nrus pangèsthi | matêg pamudya sami | dahat dènira manêngkung | nênging cipta karasa | trus nir tan ana kaèksi | kêclap katon sih sasmitaning Hyang Suksma ||

15. wus karsaning Kang Kuwasa | lantaran dènnya ngèmuti | jiyarah ing pasarean | pasarean dalêm sang sri | sampeyan dalêm nguni | ping nêm kang sumare wau | Sinuhun Banguntapa |

--- 4: 233 ---

karaos raosing galih | klangkungannya cocog lir kojahing kina ||

16. saluwaring ngèstupada | dinugèkkên muji dhikir | rame swaraning tahlilan | sukèng tyas janma kang tahlil | antuk dana mênuhi | paring dalêm sang aprabu | bibaripun tahlilan | prasami ngêpang kandhuri | pra utusan wangsul maring hotèl samya ||

17. Dyan Bèi Atmasiswara | mangkya cinarita gênti | dènnya pisitêh kapanggya | lawan Abu Salèh Kaji | tinampèn sukèng kapti | dèn wènèhi têkên dhuyung | kalawan gêlang akar | ulihnya radyan ngabèi | sêsalaman sarwi ngulungakên arta ||

18. gangsal rupiyah kathahnya | de ulihe dyan ngabèi | jujug maring pasarean | nging radyan mas mayor tuwin | Radèn Mas Angabèi | Yasadipura wus mantuk | mring hotèl palêrêban | marma sigra ngupadosi | maring pêkên myang toko datan kapanggya ||

19. sêdya trus mulih kewala | mring hotèl nulya pinanggih | samya pratela ananya | dènnya sami dèn lampahi | nèng hotèl sami bukti | lawan suka sukèng kalbu | sambène pagunêman | angon pangunguning ati | barkah dalêm tansah nêmu kasênêngan ||

20. sontên jam nêm winatara | pra utusan kesah maring | toko basar atêtumbas | jam sapta tri dasa mênit | wangsul mring hotèl sami | ing

--- 4: 234 ---

dalu datan winuwus | kawarni enjangira | ri Anggara tanggal kaping | katri wêlas ing wulan Jumadilawal ||

21. utawi kaping tri dasa | Marêt wanci jam nawenjing | pra duta katri mring pasar | lungguh toko basar sami | ing jam sawêlas tuwin | kawan dasa gangsal mênut | mulih mring palêrêban | sorene palêsir malih | putêr-putêr angubêngi jroning kutha ||

22. jam sapta langkung saprapat | mulih maring hotèl sami | ing dalu tan winursita | ya ta ari Buda kaping | kawan wêlas marêngi | Jumadilawal sitangsu | utawi Marêt tanggal | ping tigang dasa satunggil | jam satêngah sapta enjing pra utusan ||

23. lan Tuwan Dhêmakêr sarta | Ongki Hong tuwin Walandi | sajuga pawongmitranya | Ongki Hong kapengin ngambil | mitra mring duta sami | dene ta sadaya wau | numpak motor giyota | Ongki Hong ingkang adarbi | pêrlu adus maring along garojogan ||

24. ing sadèrèngipun prapta | ing grojogan nèng jaladri | sing Bum kintên satêngah pal | yèn lampahing kapal api | mung gangsal wêlas mênit | praptèng kêbon karang laut | kang aran kêbon karang | wêwarnèn kadi wêdari | kèksi wontên salêbêtipun samudra ||

25. tinon papane rêspatya | ambanon dinulu asri | tigang prapat jam lampahan | jong api lumampah rindhik | karang lir puspita [puspi...]

--- 4: 235 ---

[...ta] di | warni-warni wujudipun | lan kadi dipun tata | sakêdhok-kêdhok warnasri | bundêr bligon pasagi lonjong nêsthastha ||

26. ing sakêdhok-kêdhokira | karange beda kang warni | wontên wungu dadu seta | biru jênar abrit langking | kapurănta lan wilis | sadaya nèm wujudipun | dahat asri kawuryan | lir panjrahning sari-sari | wontên ingkang pating cringih myang dham-dhaman ||

27. pating carèngkèh kang êpang | nyrakakah pucuke lincip | kadi singating arina | myang wrangga katingal asri | sawênèh tinon kadi | gêlaran babut baludru | cêplok-cêploking karang | kadyangganing sarwa sari | wontên ingkang kadya taru tumaruna ||

28. wontên kang kadi wowohan | onte-ontean warna sri | sadaya mranani ing tyas | tirtane samodra wêning | dene lêbêting warih | nênêm mètêr kintênipun | para duta narendra | sami kacaryaning ati | myat wêwarnèn ingkang sarwa sri mangkana ||

29. palwa motor praptanira | nginggiling karang di-adi | dipun kèndêlkên anulya | wit saking sênênge sami | karang cêtha kaèksi | saking sajroning motor but | tan dangu mina prapta | saking jro karang utawi | kanan kering kathah sarta warna-warna ||

30. kakap tongkol miwah dhorang | layur papar lan kang kadi | guramèh badhèr myang tămbra | ting karêmbyah pating sliri | kaèksi

--- 4: 236 ---

kadi ngibing | warni-warni ulêsipun | abrit byur jênar mubyar | cêmêng pêthak biru wilis | wontên ingkang blangkok lir bandera Lănda ||

31. wontên kang kadi taksaka | mawangsang tăndha manawi | mina lyan ardawalika | agunge sapucang alit | kawan mètêr watawis | yèku kang gung panjangipun | kang alit-alit kathah | ting kalènggèk manjing mijil | ing jro karang mêwahi srining tamanan ||

32. samya ngungun kang tumingal | dening katêmbèn ningali | Ongki Hong cariyosira | duk Prisendrak aningali | kêbon karang ing nguni | sakalangkung sênêngipun | dening nagri Eropah | sadayanipun jaladri | datan wontên ingkang kadi kêbon karang ||

33. wusing dangu sawatara | motor but sigra lumaris | saking nginggil kêbon karang | sapraptanirèng gêgisik | motor but kèndêl nuli | pra duta sami tumurun | sadaya mring dharatan | wontên ngriku adus sami | nèng grojogan ingkang dahat sung sukèng tyas ||

34. wusing adus nuli dandan | linggih mêminuman prapti | gya ngombe nuli ginambar | dening Dhêmakêr pribadi | mulih sing ngriku nuli | mampir maring wismanipun | risang bupati alang | karana dipun sêdhahi | Y.S. Tupênalai pêparabira ||

35. anèng ngriku pinanggihan | kalihan gênging kang kapti | sakalangkung dêkungira | pinahargyan [pi...]

--- 4: 237 ---

[...nahargyan] musik suling | kalih prangkat lan mawi | binarung kalawan pantun | yèku mênyanyinira | siswa sakolahan sami | sinugata wedang srutu lan minuman ||

36. nèng ngriku para utusan | kasuwun ginambar sami | yun kinarya pêpèngêtan | dèrêgèn alang kawarti | angrèhkên janma siti | langkung saking gangsal atus | ya ta jam kalih siyang | pra utusan wangsul sami | maring hotèl sontênipun tan kesahan ||

37. sanadyan wulan purnama | ing wiyat rêsik gumrining | tan katawêng ima manda | nanging pra utusan sami | tan kesah angubêngi | jro kitha Ngambon ing ngriku | pancèn programanira | malêm Kêmis wau prèi | wulan Ngambon malêm tanggal ping limalas ||

38. cuwa tan kagêm plêsiran | măngka cahyane nêlahi | kinayang sumêblakira | nglangkungi ing nguni-uni | sinigêg lêlangêning | dirgantara wanci dalu | ya ta enjang winarna | ri Rêspati tanggal kaping | gangsal wêlas ing wulan Jumadilawal ||

39. utawi tanggal sapisan | ing wulan Walandi April | warsanipun taksih nunggal | sèwu sangang atus tuwin | gangsal wêlas lir nginggil | jam astha limalas mênut | sowan mring pasarean | nging kaparêng sami mampir | mring gyan tukang mutyara karya asmara ||

122. Asmaradana

1. mutyara dipun rêsiki | sumorot pating galêbyar | kadi

--- 4: 238 ---

simping sêsunare | isining tirêm samudra | dipun ronce kinarya | tasbèh gêlang sri dinulu | bundêre lir binubutan ||

2. lawan ngriku wontên malih | wangun keyong lit mararas | lir mutyara gumêbyare | kaanggit dadya sangsangan | lan keyong agêng kathah | wontên ingkang wujudipun | kadi keyong tanah Jawa ||

3. ingkang langkung agêng malih | kadi caraking turăngga | sami lir simping gêbyare | pra utusan sami tumbas | kinarya angsal-angsal | sawusnya têtumbas wau | omong-omong rêraosan ||

4. ngriku wontên mèbêl saking | kupu agêng alit kathah | myang cêkapan anèh-anèh | nging kupu wau wus pêjah | dene ta kupunira | warna-warna ulêsipun | kadya bludru tuwin sutra ||

5. cêmêng biru wungu abrit | jêne ijêm dadu pêthak | barlin lawan nyambêrlilèn | ngantos datan sagêd mical | saking kathahing warna | dene gêng aliting kupu | kang gêng wontên kalih têbah ||

6. kang alit sakêlip nguni | pasikone warna-warna | kadya paniti rinèntèng | kêlêm gilap-gilap mubyar | yèn tinon saking cêlak | karya sênênging jro kalbu | anglam-lami kang tumingal ||

7. ngantos Radèn Mas Ngabèi | Yasadipura wacana | kêrêp-kêrêp akawiyos | yèn wontên sadhengah ingkang | èdi pèni

--- 4: 239 ---

myang endah | mung kèngêtan jêng sang prabu | cinaosan tamtu bingah ||

8. ngunjukkên barang kang adi | pèni alus modhèl anyar | kangge unjuk olèh-olèh | angsring-angsring krêp katingal | kraosing kasaenan | botên sanèsing sang prabu | dahat gêng utamèng nata ||

9. jam astha kawan dasa dwi | gya sowan mring pasarean | angabêkti sadayane | sinêru panuwunira | dêdupa ratus gănda | amêlêngakên panuwun | wontên tăndha katarima ||

10. gandaning arum mênuhi | ing sajroning pasarean | ingkang tahlil sami kagèt | saya sru dhikiranira | sabakdaning tahlilan | ginambar rambah ping têlu | sarampunge mulih samya ||

11. nging sakêdhap mawi mampir | dhumatêng ing toko basar | nulya bali maring hotèl | praptèng hotèl jam dwi wêlas | anulya sami nêdha | ing sasampunipun rampung | gya mring kamar sowang-sowang ||

12. nêntrêmakên badan sami | sontênipun ing jam gangsal | sarta saprapat langkunge | sarampunge sami dandan | anulya lêlinggihan | tan dangu Radyan Mas Mayur | Ariya Yudawinata ||

13. lawan Radyan Mas Ngabèi | Yasadipura wisata | mring Batumerah pêrlune | sami adus brêsih badan | ya ta wau kacrita | anunggil ing wanci wau | Dyan Bèi Atmasiswara ||

14. amisah

--- 4: 240 ---

kesah pribadi | dhumatêng ing griyanira | kaji kang ran Abu Salèh | dipun sukani mutyara | tinampèn lawan suka | jam nêm kirang gangsal mênut | radyan mas mayor kalawan ||

15. Rahadyan Mas Angabèi | Yasadipura sing siram | nulya wangsul maring hotèl | dera Dyan Atmasiswara | mulih mring hotèl uga | tan dangu kesahan kumpul | dhumatêng ing toko basar ||

16. jam sapta limalas mênit | maring hotèl wangsulira | ing dalu datan kacriyos | ya ta enjangnya ri Sukra | tanggal kaping nêmbêlas | Jumadilawal sitangsu | April ping kalih tanggalnya ||

17. ing wanci jam astha enjing | kesah maring griyanira | Babah Ongki Hong namane | parlune pinrih wêruha | gudhang sêtinkul lawan | ingah-ingahannya lêmbu | ulihe jam kalih wêlas ||

18. bukti gya nêntrêmkên dhiri | sontênipun jam sakawan | lan tigang prapat langkunge | pra utusan têlu pisan | dhumatêng Ngêbum samya | anguntapkên angkatipun | Radhêmakêr maring Bandhah ||

19. wusnya Radhêmakêr maring | kapal api tumpakannya | pra utusan wangsul age | mulih maring hotèlira | jam nêm suruping surya | ing dalu datan winuwus | ya ta enjangnya ri Tumpak ||

20. kaping pitulas sitangsi | taksih nunggil Madilawal | April kaping tri tanggale |

--- 4: 241 ---

jam sadasa pra utusan | tindak mring dalêmira | asistèn residhèn ngriku | pinanggihan lawan suka ||

21. sinugata amênuhi | wedang srutu lan minuman | ing jam sawêlas undure | maring hotèl lêlinggihan | amung ngaso sakêdhap | laju kesahan sadarum | mubêng plêsir maring pasar ||

22. amung sawatawis mênit | kintên wanci jam dwi wêlas | gya wangsul dhumatêng hotèl | ya ta gênti kang winarna | Ngambon wontên sêtirman | ăngka sajuga jongipun | sujanma băngsa ing Dhitslan ||

23. anglalu yun nglampus dhiri | sukune kêkalih pisan | dèn rut kêncêng nyêmplung age | wontên sajroning samudra | sirah wontên ing ngandhap | kadi patraping salulup | rahayu gya kawadaka ||

24. dening rowangnya kêkalih | kang ugi dadya sêtirman | nanging sami ăngka loro | anulungi sigra-sigra | linangèn gya cinandhak | nging matrus kêkalih wau | ingantêman sasayahnya ||

25. nanging datan dèn praduli | binakta maring ngêntasan | lawan pinasrahkên age | maring sajroning hospital | ing dalu tan winarna | kacarita enjingipun | ri Dite kaping wolulas ||

26. Jumadilawal utawi | wulan April ping sakawan | wanci siyang kacariyos | kintên-kintên jam sawêlas | para utusan samya |

--- 4: 242 ---

tindakan pisitêh laju | mring wismanipun Pangeran ||

27. Dipanagara Ibrahim | nging mawi mampir sakêdhap | namung prêlu tumbas keyong | ing jam sawêlas saprapat | wus prapta pêpanggihan | lan Pangran Ibrahim wau | mawi sinugata dhahar ||

28. bibaring bujana nuli | sowan maring pasarean | tahlil kadi ing sabêne | jam sakawan lan saprapat | mulih mring palêrêban | sontênipun ing jam pitu | slawe mênut langkungira ||

29. punika Radyan Ngabèi | Atmasiswara kesahan | maring tangsi amung ijèn | kairingakên Radyan Mas | Dawud Dipanagara | myang Sastramartana prêlu | sami miyat ringgit tiyang ||

30. kang dadya pra soldhat Jawi | lêlampahanipun Kăngsa | wanci jam sanga langkunge | tri dasa mênut anulya | wangsul mring palêrêban | ing dalu datan winuwus | gambuhe ingkang ginagas ||

123. Gambuh

1. kawarti Ngambon ngriku | kintên sampun wontên pitung tèngsu | katigane ngêrak datan wontên wrêsti | rintên ratri dahat sumuk | mring angga rumab kemawon ||

2. langkung susahing kalbu | para janma de rumaos mèpu | cipta lamun srêngenge cêlak lan bumi | siti panase linangkung | pra dharat sungkawèng batos ||

3. sakiting sukunipun | tan kuwawa saking bêntèripun | kèh wit-witan têtarune sami garing | ngêsah [ngê...]

--- 4: 243 ---

[...sah] susah janma ngriku | dènnya sami nyuwun jawoh ||

4. lami tan sagêd kabul | panyuwune datan bangkit jêbul | namung tansah ngrêsula sajroning kapti | saya sangêt bêntèripun | kraos priyang-priyang mawon ||

5. anulya kang winuwus | pra utusan dalêm sang aprabu | dahat kraos bêntèr sumuke kapati | enjing siyang sontên dalu | mèh tanpa nendra sayaktos ||

6. kacriyos Dyan Mas Mayur | Arya Yudawinata umatur | mring Radyan Mas Bèi Yasapura tuwin | rahadyan ngabèi iku | Atmasiswara dadya tlon ||

7. sarèh ririh amuwus | cobi kayêktosan jroning kalbu | mirit barkah kamirahan dalêm gusti | sampeyan dalêm sang prabu | bilih jiyarah wus klakon ||

8. yèn wus sowan ping têlu | dangu-dangunipun kaping pitu | kados têmtu Gusti Allah aparing sih | kajawi kang dados prêlu | tambah kamirahan jawoh ||

9. ing mangkya sawêg atur | dhahar saha tahlilan pinetung | pisan kalih dumuginipun kaping tri | angsung dhahar sabên dalu | mring sampeyan dalêm katong ||

10. anulya wontên têruh | nadyan sawêg grimis ingkang jawuh | para janma ing Ngambon sami ngraosi | lamun wontênipun têruh | saking utusan sang katong ||

11. wontên astana atur | dhahar lawan tahlilan nèng ngriku | nulya wontên parmaning Hyang Maha Suci |

--- 4: 244 ---

wiwit sampun wontên têruh | mring angga eca rinaos ||

12. duk jangkêp kaping pitu | dènnya angaturi dhahar wau | laju jawah dêrês rambah kaping kalih | pra janma Ngambon sadarum | sami suka jroning batos ||

13. kalawan datanpa wus | panuwune mring utusan wau | dening ngraos lêbda jiwa ing samangkin | ron-ronan ingkang paruthul | anulya pradapa tinon ||

14. kèh taru riyu-riyu | suhun sêhên narucuk dinulu | wus mangkono adat barkahing narpati | kang ambêk ngumala mêrdyu | aparing rèh karahayon ||

15. mring janma kang sêdyayu | ingayoman barkahing sang prabu | kang lumintu kadi ilinipun warih | nadyan sanès wêngkonipun | kalamun batose ngraos ||

16. mêmundhi anênuwun | lawan sungkêm ing sakadaripun | Hyang Maha Gung paring piwalês sayakti | sinigêg sukaning kalbu | para janma siti Ngambon ||

17. ri Soma kang cinatur | ping sangalas Madilawalipun | lawan tanggal kaping gangsal wulan April | pra utusan arsa mantuk | tata-tata amirantos ||

18. pra rencang kang tumutur | sami ibut unggyanipun ngatur | putêr intêr tan antèr mintir kuwatir | yèn tan cekat-cèkêt ngangkut | mangkate kècèr bêlandhos ||

19. wit krêkas tumpuk-tumpuk | isi kêbak busana sathekruk | panakawan [panaka...]

--- 4: 245 ---

[...wan] kêkalih ribut angrakit | ngringkêskên mrih kamotipun | nèng wadhah sadaya kamot ||

20. tinata ngundhung-undhung | ingandhongkên sadaya mrih rampung | tigang rata kewala sampun nyêkapi | wus kumpul dadining rêmbug | rancanganing tyas wus dados ||

21. kacarita ri wau | jam sakawan kawan dasa mênut | wanci sontên bidhalnya sing hotèl sami | namung mampir wismanipun | kaptin Cina T.E. Nyio ||

22. antuke saking ngriku | sami maring toko basar agung | lêlinggihan dangunipun sawatawis | jam nêm kalih dasa mênut | saking toko basar bodhol ||

23. sami dhumatêng Ngêbum | praptèng kapal jam satêngah pitu | kang nguntapkên sajuga Pangran Ibrahim | kalihnya Radèn Mas Dawut | tri Dyan Mas Suleman kaot ||

24. dene sakawanipun | Dyan Mas Panji Cakrasewayèku | gangsal mantri tèkênar nênême nami | Sastramartana puniku | pitu Tirtakarya mandhor ||

25. wolu Rêja ranipun | yèku sarsan ingkang wus pènsiyun | sanganipun Tuwan Dhêmakêr pribadi | mung nguntapkên tan tumutur | mring tanah Jawi samêngko ||

26. wit taksih wontên prêlu | sanès ari gêntos antukipun | dupi sampun jam satêngah wolu wanci | pra nguntapkên duk yun wangsul | atur pêpudya praptèng don ||

27. pinanggiha rahayu | sampun [sampu...]

--- 4: 246 ---

[...n] wontên sambekalanipun | ngantos prapta ing nagari tanah Jawi | kadugèn sasêdyanipun | kang kaèsthi jroning batos ||

28. dadyaa sukanipun | ing panggalih dalêm jêng sinuhun | winangsulan mugi kantuna basuki | nuli manthuk sami wangsul | ya ta wau kacariyos ||

29. jam sanga langkungipun | nênggih kawan dasa gangsal mênut | kaptin Cina minggah maring kapal api | prêlu tabian lan atur | pêpujining karahayon ||

30. tinampi sukèng kalbu | nulya wangsul mandhap sing palwèku | dene kapal api ingkang dèn tumpaki | pinakêr ordhik ranipun | dene kaptinnya kawartos ||

31. T.F. Briksma ranipun | duk ing dalu jam rowêlas langkung | gangsal mênut giyota wiwit lumaris | mêthukkên basănta mungup | lagya katon tumalorong ||

32. lirap-liraping ranu | kang tinêmpuh ing giyota agung | tinanggapan pandaming kang kapal api | angombak pating galêbyur | suwaraning tirta pyak-pyok ||

33. dening rodha kang nêmpuh | lawan dahat santêr lampahipun | ri Anggara ping dwi dasa wulan nunggil | Jumadilawal puniku | gandhenganing wulan kaot ||

124. Kinanthi

1. April ping nêm tanggalipun | nuju diwasaning ari | kèndêlnya jam kalih wêlas | ing pulo Tipu wus prapti | kèndêl lampahing giyota |

--- 4: 247 ---

duk ing wau anglangkungi ||

2. pulo nama Ambahlau | lawan pulo Puru nanging | tan kèndêl ing lampahira | dadya lampahing jong saking | pulo Ngambon praptanira | ing pulo Tipu winilis ||

3. dwi wêlas jam dangunipun | ya ta siyangipun wanci | jam kalih langkung saprapat | kapal api mangkat malih | dadya kèndêl mung kalih jam | tigang dasa gangsal mênit ||

4. ari Buda ping salikur | Jumadilawal utawi | wulan April kaping sapta | wanci siyang jam satunggil | dwi wêlas mênut kirangnya | nèng pulo Rahak wus prapti ||

5. palwa kèndêl lampahipun | dadya saking Tipu prapti | ing Rahak kalih likur jam | langkung astha wêlas mênit | sadalu jong kèndêlira | ya ta ri Rêspati enjing ||

6. tanggal kaping kalih likur | Jumadilawal utawi | kaping astha April wulan | ing wanci jam gangsal enjing | kapal api bêdhol jangkar | mêngkêrkên Rahak pulo lit ||

7. dadya kèndêlipun wau | nèng Rahak satêngah ari | sadalu utawi dadya | nêmblas jam rowêlas mênit | ya ta siyangnya jam sanga | langkung kawan wêlas mênit ||

8. palwapi prapta ing Butun | labuh jangkar kapalwapi | para utusan gya tumbas | kukila awarni-warni | kabingahên saking mirah | kukila kèh adi-adi ||

9. siyang jam sawêlas langkung | kawan dasa gangsal mênit |

--- 4: 248 ---

kapal api wau pangkat | dadya kèndêlnya palwapi | apan namung kalih êjam | tri dasa sajuga mênit ||

10. dene ing salêbêtipun | lumampah wau palwapi | ing dalu wanci jam sapta | kawan dasa wolu mênit | wontên ing têngah simpangan | lawan sanèsing palwapi ||

11. kintên-kintên têbihipun | satêngah pal mung kaèksi | sacaleretan kewala | saking rikatipun sami | sadalu lampahing palwa | nèng marga datan winarni ||

12. ri Sukra ping tiga likur | Jumadilawal utawi | wulan April kaping sanga | jam sanga patpuluh mênit | wanci enjang sampun prapta | wontên Makasar nagari ||

13. dene ing plabuhan ngriku | wontên jong sadasa iji | myang kang alit-alit kathah | pating saliri nyêlaki | baita gêng tinon kadya | abdi angladèni gusti ||

14. dadya lampahing jong wau | saking nagri Butun prapti | palabuhan ing Makasar | saari tuwin saratri | petangipun salikur jam | langkung sèkêt tiga mênit ||

15. tan winuwus siyang dalu | kèndêlipun palwa api | wontên plabuhan Makasar | ya ta ari Saptu kaping | patlikur Jumadilawal | utawi wulan Walandi ||

16. April tanggal ping sapuluh | ing wanci jam nênêm enjing | wontên palwa malih prapta | pan in hop ingkang anami | pra utusan mring

--- 4: 249 ---

dharatan | putêr-putêr jro kithadi ||

17. ing jam kalih wêlas langkung | kintên mung sadasa mênit | sami wangsul maring palwa | ing ari Akat tanggal ping | salawe Jumadilawal | tuwin ping sawêlas April ||

18. ing wanci enjing jam pitu | wontên palwa prapta malih | Kumpêni anama Siyak | kêbak sêtinkul kang isi | nulya wontên malih prapta | palwa raja ingkang nami ||

19. dadya plabuhan ing ngriku | dahat kathah palwa api | ing sakêdhap-kêdhap prapta | dadya asrining pangèksi | pra utusan dalêm nata | ing jam sanga winitawis ||

20. mring dharat arsa martamu | maring dalêmirèng aji | kang ngadhaton kitha Guwak | tinampèn lan sukèng kapti | lan dahat dènnya noraga | mring pra tamu angaosi ||

21. tansah dènnya asêsugun | pasugatane mêpêki | lan ngaturi angsal-angsal | sinjang sarung warni-warni | sami pakaryan Makasar | alus warnanipun pèni ||

22. jam sawêlas langkungipun | kawan dasa gangsal mênit | pra utusan wangsulira | wau maring palwa malih | dumuginipun ing kamar | nuli Radyan Angabèi ||

23. Atmasiswara amuwus | klêsak-klêsik têmbung manis | wus dilalah karsaning Hyang | Linuwih mung sipat adil | măngga sami kagaliha | kadospundi wontêning sih ||

24. wontên ing sapurug-purug | pra utusan dalêm sang

--- 4: 250 ---

sri | sinung sobat lawan kathah | băngsa luhur tuwin Wlandi | Arab Jawi myang Tyonghowa | suka sênênge kaèksi ||

25. punika pamanggih ulun | botên sanès sing sang aji | gusti pêpundhèn kawula | krêp ganjar janma lyan nagri | dados praptaning kawula | winalês ing pundi-pundi ||

26. sinigêg dènira muwus | ing wanci ngajêngkên bukti | sarêng lawan nyonyah-nyonyah | tuwan-tuwan saha kaptin | kintên ing jam kalih wêlas | wontên baita Kumpêni ||

27. prapta ing ngriku alabuh | dupi sontên wanci jam tri | Cibodhas baita Cina | bêdhol jangkar ngrumiyini | ya ta arinipun Soma | kaping nêmlikur sitangsi ||

28. Madilawal sartanipun | ping dwi wêlas wulan April | ing wanci enjang jam sanga | langkunge sadasa mênit | pra utusan sami tindak | dhumatêng kantor Kumpêni ||

29. nulya mring wisma musiyum | ing nguni ingkang darbèni | Raja Bugis kang wus muksa | Karpare ingkang bêbisik | rèhning wisma wus suwungan | lir sinambêr dhandhanggêndhis ||

125. Dhandhanggula

1. dadya dènnya arsa mariksani | datan èstu mung wangsul ing marga | nanging gya tinêrusake | dhumatêng griyanipun | darahipun pangeran nguni | Dipanagara Ngyoja | praptanya ing ngriku | sawêg ing wanci jam sanga | langkungipun kawan dasa sanga mênit | tinampèn lan suke[6] tyas ||

--- 4: 251 ---

2. dahat dêkung dènira manggihi | sarta ngênorakên raganira | dening dahat tan andimpe | katamuan têtêlu | duta dalêm sri narapati | ing nagri Surakarta | marma ciptanipun | kadyangganing katurunan | ing jawata dutaning Hyang Utipati | paring wahyu dyatmika ||

3. datan dangu panggihannya sami | pra utusan sami kaaturan | mrih mriksani sareane | yèku sareanipun | Pangran Dipanagara kaping | sapisan ing Ngayogya | dene regolipun | sinungan plat sinêratan | sastra latin yèku aksara Walandi | de ungêlnya makaman ||

4. almarhum Padhuka Kangjêng Gusti | Abdulkamidkan Dipanagara | dumugi ngriku wancine | wancenjang jam sapuluh | langkungipun sadasa mênit | mirsani sawatara | nulya sami wangsul | sami mampir maring pasar | jam sadasa langkung pitu likur mênit | sami mring kamar bolah ||

5. dangunipun namung sawatawis | jam sawêlas sèkêt mênut kirang | kondur wangsul mring palwane | kacarita ing dalu | jam dwi wêlas tri dasa mênit | baita wau pangkat | dadya kèndêlipun | wontên plabuhan Makasar | kawan dintên lan tiga satêngah ratri | petangipun dadya jam ||

6. wolung dasa gangsal êjam tuwin | sèkêt kalih mênit etangira | ya ta palwapi lampahe | wanci dalu sinêru |

--- 4: 252 ---

amanêmpuh pêtêng nglimputi | tidhêm tanpa sabawa | amung swaranipun | ombak kang katrajang palwa | ting karubyuk pyak-pyok lan swaraning warih | ombak manêmpuh parang ||

7. ting jalêgur ing kanan keringing | kapal api ingkang tinumpakan | pra utusan dalêm kabèh | tanggal ping pitu likur | Madilawal Salasa ari | April ping tiga wêlas | palwa lampahipun | taksih lêstari kewala | ari Buda ping wolu likur sitangsi | Madilawal utawa ||

8. tanggal kaping kawan wêlas April | jam nêm enjing baita wus prapta | wontên ing Bali Bulèlèng | palwa kèndêl nèng ngriku | laju dipun momoti babi | satus iji kèhira | myang uwos kèhipun | pintên-pintên kêkarungan | yun binêkta mring Singgapura nagari | lan wontên malih palwa ||

9. ingkang kèndêl ing plabuhan Bali | mung sajuga yèku Kun namanya | dadya palwapi lampahe | saking Makasar wau | praptanipun Bulèlèng Bali | dwi dasa astha êjam | tigang dasa mênut | ya ta jam satêngah tiga | wanci siyang baita pinakêr ordhik | lawan Kun sami pangkat ||

10. sêsarêngan maring Surawèsthi | baita Kun rumiyin lampahnya | nulya ing wuri lampahe | pinakêr ordhik wau | rut-urutan tan pati têbih | ing Bali wus kawuntat | lêpas lampahipun |

--- 4: 253 ---

wontên madyaning samodra | pulo-pulo wus tan ana kang kaèksi | kang katon namung tirta ||

11. lawan langit lir tumancêp warih | datan katon gisiking samodra | tan dangu surup srêngenge | pêpêtêng ingkang rawuh | angêmuli jro jalanidhi | abyoring taranggana | ing langit sumunu | pandhingan sunaring cahya | ting karêlip mawèh sukaning dumadi | kawarna enjangira ||

12. ri Rêspati sanga likur kaping | Madilawal sarta ping limalas | April wanci jam nênême | baita prapta sampun | nèng plabuhan ing Surawèsthi | dadya sing Bali prapta | Surabaya wau | petang sadalu katri jam | myang tri dasa mênut utawi winilis | jam gangsal wêlas êjam ||

13. langkungipun tigang dasa mênit | ya ta wau nalika jam sapta | lan kawan dasa mênute | pra duta dalêm prabu | sami mandhap saking palwapi | tan kantun rencangira | lan bêkakasipun | numpak jong sêtum sadaya | maring Ngêbum ing jam astha sampun prapti | ing Ngêbum Surabaya ||

14. sami linggih awit angêntosi | sarampunge bêkakas sadaya | kapriksa mring pulisine | kang majibi nèng Ngêbum | sarampunge dèn pariksani | gya bidhal numpak rata | dene jujugipun | hotèl Dhêsindhês kang nama | yèku hotèl ingkang sampun dèn lêrêbi | nalikanya yun pangkat ||

--- 4: 254 ---

15. maring nagri ing Ngambon rumiyin | praptèng hotèl wanci jam nawenjang | gya linggihan anèng hotèl | sarêng wus wancinipun | sami bukti rampung gya maring | ing kamar panglêrêban | ngaso tan winuwus | wau cundakendra tiga | anêntrêmkên badan anèng hotèl sami | sontênipun wanci jam ||

16. gangsal langkung gangsal wêlas mênit | pra utusan dalêm sami sowan | maring pasarean Ngampèl | dêdupa ngobar ratus | angabêkti jroning panggalih | ngaturkên panuwunnya | dènira kautus | ing kangjêng sri naranata | mrih raharja têntrêming Surakartadi | myang luhuring karatyan ||

17. wêwah-wêwah kamulyan narpati | lawan dirga yuswa dalêm nata | muga ywana sangsayane | ya ta sawusnya rampung | kondur saking sarean nuli | putêr sajroning kitha | ing wanci jam wolu | saprapat jam langkungira | wangsul maring hotèl Dhèsindhês prasami | ascaryèng driyanira ||

18. tan winarna wancinira ratri | ya ta enjangipun ari Sukra | ping tigang sa tanggale |[7] wiwit wanci jam catur | pra utusan dalêm narpati | sampun rampung busana | ing jam gangsalipun | gya pamitan maring Tuwan | Egênar ring Dhèsindhês yun mantuk sami | mring nagri Surakarta ||

19. tuwan hotèl ngaturkên pêpuji | karaharjan praptanirèng praja | ya ta anumpak rata ge | bidhal mring sêtatsiun |

--- 4: 255 ---

lawan rencang sadaya ngiring | cinêkak caritanya | wus anumpak sêpur | ing wancinipun jam gangsal | langkungipun kawan dasa gangsal mênit | ratapi èkprès mangkat ||

20. para utusan rasaning ati | kadi sampun praptèng Surakarta | wau ta èkprès lampahe | kalangkung bantêripun | dhusun ingkang kamargan sami | katon mung sakêclapan | tuwin gunung-gunung | myang pêpunthuk kang sinigar | kangge margi laksitanirèng ratapi | kèksi kadi laleyan ||

21. anarênthêng sipatane mathis | kèndêlipun wontên Kartasana | lagya jam sapta wancine | langkung dwi dasa mênut | kèndêlipun muhung nêm mênit | dadya jam sapta lawan | astha wêlas mênut | èkprès wau sampun mangkat | praptanipun sêtatyon Madiun nuli | kèndêl malih lampahnya ||

22. ugi muhung kèndêl nênêm mênit | dadya wanci jam astha kalawan | sanga likur mênutane | èkprès mangkat lumaku | praptanipun Balapan wanci | jam sanga langkungira | sèkêt wolu mênut | kaurmatan ungêlira | musik tuwin carabalèn sri kapyarsi | binarung surakira ||

23. pra panèwu mantri ingkang sami | mêthuk wontên sêtatyon Balapan | langên taya tuwin wirèng | jayataka wiranung | surakira agênti-gênti | anulya sinambêtan | dening surakipun | ajidan lan panakawan |

--- 4: 256 ---

ingkang sami angopèni sagung pêksi | kagungan dalêm nata ||

24. gar gêr gar gêr wèh gambirèng ati | mring kang myarsa gêng raosing cipta | de agung pakurmatane | mulih lan angkatipun | pra utusan dalêm prasami | dene para mêtêngan | guyub surakipun | cao-cao piniyarsa | karya kagyat maring kang sami miyarsi | dening ta surakira ||

25. pra mêtêngan modhèl ngêlam-lami | lawan mawa lir ao têmbungnya | lawan nyêlani surake | para mantri panèwu | panakawan sarta prajurit | tansah dadya ngungunan | ingkang sami ngrungu | nging tan wikan wadosira | kajawi mung pra utusan dalêm sang sri | manawa wus andhadha ||

26. rata kèndêl sêmpritan sru muni | kumarangsang ratapi swaranya | saya sinêru surake | para kang sami mêthuk | pra mêtêngan surak nyêlani | lan mawa o ungêlnya | swarane gumuruh | saya sru carabalènnya | myang musikan utusan gya mandhap sami | wacana karaharjan ||

27. para mêthuk gupuh surak malih | pra utusan mangilèn lampahnya | pra mêthuk anggrubyug dhèrèk | sêk-sêkan lampahipun | carabalèn kalawan musik | tan kèndêl ungêlira | ing nalikanipun | pra utusan nitih rata | carabalèn lan musik sêsêg sru muni | dupi lêpas lappahnya[8] ||

28. găngsa carabalèn tuwin musik | samya kèndêl gya ngrakit [ngraki...]

--- 4: 257 ---

[...t] ulihnya | de panèwu mantri kabèh | myang sagung para luhur | ingkang mêthuk gya kondur sami | sadayanya karetan | kawarti duk wau | Dyan Mas Bèi Yasapura | kadhawuhan sowan malêbêt jro puri | sowan jêng sri narendra ||

29. lawan Radèn Siswara Ngabèi | tan winarna lampahe nèng marga | lawan nèng pura lêbête | datan watawis dangu | dyan mas bèi lawan dyan bèi | mundur saking jro pura | ya ta antukipun | Dyan Mas Bèi Yasapura | praptanipun ing wisma pinêthuk maring | anak bojo myang warga ||

30. miwah para pulunan utawi | pra santana atur kasugêngan | saking ing Ngambon rawuhe | radyan mas bèi wau | amangsuli tarima kasih | anulya kacarita | ing kaananipun | nèng kapal api kalawan | praptanipun ing Ngambon lan dènnya mampir | ing Bali myang Makasar ||

31. suka para ingkang sami myarsi | ya ta gênti ingkang kacarita | dyan mas mayor sapraptane | wontên ing wismanipun | dipun pêthuk sêlir lan siwi | sadhèrèk myang santana | tur pudya rahayu | antuke saking jiyarah | maring Ngambon mring kang eyang angabêkti | winangsulan raharja ||

32. sawusira ngaso sawatawis | andumugèkakên lêlinggihan | kang prapta nyaritakake | wontên ing kapal agung | lan sadaya kang dèn ampiri | ing Bali lan Makasar | Tipu sarta

--- 4: 258 ---

Butun | suka ingkang sami myarsa | myang mamèrkên angsal-angsalipun pêksi | sing Butun panumbasnya ||

33. lawan keyong kima tuwin simping | miwah gambar kang kasêbut ngarsa | dèn wêruhi gêntèn-gêntèn | ascaryèng tyas sadarum | aningali gambaran sami | gambaring pasarean | kèksi sri dinulu | sêkarane kèksi cêtha | myang kalambu sêkaran sari pinêthik | cinincingakên minggah ||

34. praptèng nginggil sêkaran kaèksi | kang sajuga gambar pasarean | katon ingkang sowan kabèh | kari kang wus kasêbut | anèng nginggil nalika lagi | praptaning pra utusan | anèng Ngambon wau | ya ta jam kalih wancinya | para kadang warga abubaran sami | ulihe tan winarna ||

35. sampun titi dènira mèngêti | laksitaning pra duta narendra | kang mangripta panuwune | dhumatêng sanggyanipun | kang nupèksi sarta miyarsi | dèn agung aksamanya | lamun wontên têmbung | ingkang kalintu utawa | datan dadya panggalihe kang mikani | palêsthèng panitranya ||

126. Asmaradana

1. nahan asmarèng pawarti | ing Surabaya kumpulan | lotrei kanggo wragade | tonton sêtèlêng ginêlar | nèng nagri Batawiyah | myang wragad pananduripun | wiji karèt piniyara ||

2. kalawan manèh kinardi | omah miskin winêwahan | lan [la...]

--- 4: 259 ---

[...n] sêtudhi pon ing Ngambon | pakumpulan iku aran | nênggih basa Walănda | pêriniging kritas iku | ing nagara Surabaya (vereeniging chritås te Soerabaja) ||

3. duk ri Kêmis tanggal kaping | 29 jroning wulan | Jumadilawal wus panglong | pan maksih warsa Jimawal | angkane kang sinêrat | lumaksana sèwu wolung | atus patang puluh lima ||

4. lan kaping 15 April | sèwu sangang atus lawan | limalas tênggak sirahe | lotrei arta ginêbag | tinarik pinèngêtan | mêtu ăngkarta pinetung | lawan ăngka lot tan pisah ||

5. kawuwusa jêng sang aji | duk waune sampun tumbas | lot-lot sawatara kèhe | sumimpên nèng marduyatna | sarêng sampun ginêbag | lotrei puniku wau | binabar nèng sêrat kabar ||

6. kang mênang kèh lan sathithik | ya ta pundhutan narendra | kang lot pinariksa kabèh | kapinujon kang sajuga | ingkang ăngka salêksa | limang èwu sangang atus | punjul sèkêt ingkang mênang ||

7. sakêthi rupiyah sami | ya satus èwu rupiyah | sawise tămpa kabare | opisil kaanggêp nyata | gya ngunjuki uninga | miyarsa kangjêng sang prabu | suka saprawata suta ||

8. sarêng dintên Sabtu enjing | nuju tanggal kaping astha | Jumadiakir wulane | nunggal ăngka warsa ngarsa | kangjêng

--- 4: 260 ---

sri naranata | sigra utusan amundhut | pamênang mring Surabaya ||

9. kang tinuding narpasiwi | Jêng Pangran Kusumayuda | sagarwa Jêng Ratu Anggèr | lan Gusti Dyan Ayu Jaya- | nagara lawan garwa | iku Rahadèn Tumênggung | Jayanagara nayaka ||

10. kanthi Rahadèn Ngabèi | Bujadipura kaparak | kiwa kaliwon lungguhe | dutendra wau punika | Jêng Pangran Sumayuda | kaparingan 500 | rupiyah wragading lampah ||

11. pan makatên malih Gusti | Jayanagara tan beda | dipun paringi pasangon | kasami lan ingkang raka | 500 rupiyah | ing lampah datan winuwus | wus prapta ing Surabaya ||

12. wau ingkang lot tumuli | dipun tampèkakên marang | dhirèktur pakumpulane | lotrei kasêbut ngarsa | puniku nama Tuwan | Dhoktêr pan Dhrostên[9] umanggut | lot lotrei wus katampan ||

13. satiti dènnya mriksani | sayakti lot ingkang mênang | laju linintu sêrat sèg | ăngka lan têmbunge munya | satus èwu rupiyah | katandhan asma dhirèktur | nênggih kang kasêbut ngarsa ||

14. tinampèkakên aririh | sarta mawi pinitungkas | punika wau sêrat sèg | laju kaparingna marang | kantor bang Surakarta | tamtu lajêng antuk lintu | arta manut kèhing ăngka ||

15. malih dipun prasabêni |

--- 4: 261 ---

mawi anglintoni arta | tumbasan sèg nora akèh | amung satêngah rupiyah | sigra wus linaksanan | pamit têtabean sampun | lawan urmat-ingurmatan ||

16. utusan dalêm puniki | dènira nèng Surabaya | sadaya lêrêm nèng hotèl | amung sawatara dina | gya wangsul mring nagara | Surakarta nuju suwung | sampeyan dalêm sang nata ||

17. têdhakan umiyos maring | pasanggrahan pracimarja | lan jêng sori lir sabêne | cundaka laju kewala | nusul sadayanira | ing sapraptanira lapur | purwa madya lan wusana ||

18. sangsaya sukaning galih | dene ta nora kadohan | iku bakal pamundhute | pamênang dalêm punika | prasasat wus nèng pura | sawatara dina dhawuh | kondur marang ing nagara ||

19. wuwusên dinane Kêmis | Êpon tanggal ping 13 | anunggal sasi taune | titimangsaning Walănda | uga anunggal warsa | April tanggal ping 26 | ing wanci pukul 10 ||

20. sampeyan dalêm sang aji | utusan marang kantor bang | amaringakên sêrat sèg | ingkang saking Surabaya | kagungan dalêm arta | pamênang wau pinundhut | sampun sami lumaksana ||

21. ingkang kautus nampèni | Kangjêng Pangeran Ariya | Kusumayuda lan Radèn | Tumênggung Jayanagara | Dyan Bèi Bujapura |

--- 4: 262 ---

kanthyapdi dalêm panèwu | mantri gêdhong kering kanan ||

22. ingkang badhe ambaoni | mical panampining arta | Ngabèi Atmaprajane | Ngabèi Wiryamartana | Ngabèi Kartartana | abdi dalêm jajaripun | niti kalawan ajidan ||

23. iku kang bakal ngusungi | duta wus praptèng kantor bang | kapanggih lawan Tuwan Sèp | sami manthuk têtabean | pratela praptanira | masrahakên sêratipun | sèg kang saking Surabaya ||

24. nuli prentah anyaosi | lêliron sèg warni arta | satus èwu bayar kropyok | awarni kartas alitan | yèku nyatus rupiyah | nyèkêt nyalawe nyapuluh | sarta anglimang rupiyah ||

25. salaka rongpuluh kampil | petunge iku salêksa | sawuse jangkêp katampèn | winotakên ing kareta | kareta motor rikat | lan utusan dalêm wau | praptèng pura ngabyantara ||

26. arta konjuk ing sang aji | lênggah wontên ing parasdya | kapariksa sadayane | alon dhawuh karumata | wontên ing madusuka | arta pamênangan wau | karsa dalêm sri narendra ||

27. kadhawuhan anyimpêni | panggonane kasilahna | kagêm sudhiyan wragade | badhe krama dalêm nata | dhaup lan atmajendra | ing Ngayogya Jêng Sinuhun |

--- 4: 263 ---

Sultan ingkang kaping sapta ||

28. winarna kang dèn paringi | ujuran arta wêkendra | Gusti Rahadèn Ayune | Dipati Suryadilaga | kawan èwu rupiyah | malih risang narpasunu | Jêng Pangran Kusumayuda ||

29. sèwu rupiyah tinampi | kang garwa sèwu rupiyah | yèku Kangjêng Ratu Anggèr | Gusti Radèn Ayu Jaya- | nagara lan kang garwa | sakalihan kalih èwu | malih kang tampi ujuran ||

30. satus rupiyah ran Nyai | Arjawinangun pilênggah | puniku kaliwon wadon | abdi dalêm sopir kreta | motor agêm narendra | Tuwan Isman namanipun | mangke kaparingan wêwah ||

31. balanjane sabên sasi | dèn tambahi gangsal wêlas | dadya gunggung balanjane | satus limalas rupiyah | ingkang tampi ganjaran | sukèng tyas kalangkung nuwun | pinundhi anèng mastaka ||

32. sawusira anampèni | mundur saking ngarsa nata | amangsuli caritane | duk wau para utusan | kang marang ing kantor bang | mangkat miwah wangsulipun | sumewa malih mring pura ||

33. gumarubyug kang umiring | cingak kang sami tumingal | dene têka kadingarèn | iku ingkang mundhut arta | nganggo kangjêng pangeran | kanthi bupati gêgêdhug | lawan kaliwon kêparak ||

34. adate ingkang [ing...]

--- 4: 264 ---

[...kang] majibi | amundhut arta têtêmpah | mring loji cukup kaliwon | gêdhong kering tuwin kanan | salah siji kang tămpa | tri mantri siji panèwu | jajar amung sawatara ||

35. kang wus wruh alon mangsuli | iyatalah têmên sira | gonmu nora ngrasakake | dhèk koksêngguh dhuwit adat | lumêbu sabên wulan | kang suwidak têlu èwu | rupiyah arta têtêmpah ||

36. lumadine tanggal kaping | rongpuluh sasi Walănda | waktu iki dudu kuwe | laju angandhar carita | kadya kang wus winarna | manthuk-manthuk pêthuk mathuk | rowange mangsuli sabda ||

37. o o o o dadi niki | amundhut arta pamênang | lotrei kang gêdhe dhewe | layak ta makotên ingkang | dèn utus mring kantor bang | adhuh upamane aku | mênang samono saiba ||

38. baya banjur niba tangi | tuku apa tuku apa | bingung gonku nanjakake | mangsuli rowange nabda | yèn kowe ingkang mênang | lot lotrei satus èwu | kiraku banjur palastra ||

39. yèn nora palastra baring |

--- 4: 265 ---

sababe sajêgmu gêsang | nyêranthil mung thèthèl-thèthèl | pêthêle kaponthal-ponthal | angênthêl pothèl pêthal | nginthil jrunthul minthul-minthul | thokthêle kathok tan pêthak ||

40. mèh kêna dipun titèni | lotrei iku kang mênang | ya mung para miliyunèr | lamun janma ingkang kurang | arang kang bisa mênang | nadyan tuku lot sapuluh | iya maksa ora bisa ||

41. olèh ingkang nomêr siji | mangsuli rowange nabda | ênggih makotên sayêktos | niki kang mênang sang nata | dados kenging winastan | gunung dipun umpuk-umpuk | jurang ingkang kinêdhukan ||

42. tandhane lir kang dèn angling | mangsuli alon wacana | êlo nora yèn mangkono | iku kasêron sabdanta | mulane sri narendra | iki mênang satus èwu | lagi nuju antuk bêgja ||

43. saking winongwong ing Widhi | katêkan sakarsanira | kawimbuhan pangèstune | lêluwur dalêm sang nata | jarene duk utusan | mring Ngambon kangjêng sang prabu | nganggo

--- 4: 266 ---

paring pangandika ||

44. cundaka kabèh winêling | kinon angèsthi paminta | marang kang sumare Ngambon | nyêkar ngunjuki uninga | sri nata dènirarsa | kramantuk putri pinunjul | atmajendra ing Ngayogya ||

45. yèn kang sumare nglilani | nganggo paringa pratăndha | kaanan kang rada elok | saulihe cundakendra | kang saka Ngambon nyata | banjur mênang satus èwu | iku tandhane kalilan ||

46. mangkono kandhaning abdi | ingkang sabên-sabên seba | têmên goroh măngsa borong | aku mung lugu carita | angandhakake kăndha | kandhane kang padha krungu | rêrasan sajroning pura ||

47. iku ingkang dèn wartani | bangêt pangunguning driya | mênêng kongsi amalongo | eling kodrating Hyang Suksma | yèn karya lêlampahan | arang kang bisa anggayuh | kajaba kang wus sarkara ||

127. Dhandhanggula

1. amangsuli jroning taun Alip | 1813 | wus akèh kang nyambutgawe | saking wahyaning dhawuh | tata-tata myang andandani | jro pura kang arusak | lan kang katon saru | sadaya tinambal sulam | pinaryoga ana ingkang dèn wêwahi |

--- 4: 267 ---

iyasan wêwangunan ||

2. wus misuwur ing sanuswa Jawi | malah kongsi prapta kapuloan | Indhia Nèdêrlan kabèh | sami miyarsa lamun | Sri Narendra Surakartadi | ingkang kaping 10 | sèstu arsa dhaup | lan putri dalêm Sri Nata | Kangjêng Sultan kang kaping sapta ngrênggani | kadhaton ing Ngayogya ||

3. kyèhning janma jalwèstri gêng alit | rong nagara dahat sukèng driya | tansah umangsah pujine | marang Hyang Kang Maha Gung | ingkang sipat murah lan asih | tuwin jêng nabi kita | Mukamad rinasul | muga-muga kalakona | karsa dalêm nambut silaning akrami | winantu karaharjan ||

4. para narpatmaja santanabdi | wuryaning sabda manadukara | dènirarsa krama manèh | awit Gusti Jêng Ratu | Pakubwana apan wus lami | runtung-runtung ginarwa | 27 taun | tita tan kagungan putra | marma sagung wong agung anggung anggalih | rada sêmu sungkawa ||

5. dahat dènira mêmardi budi | tanpa kêmba kêmbênganing karsa | sang sinewa supayane | kagungan putra kakung | miyos saking jêng pramèswari | sayuk pra wiryèng praja | ing pirêmbag rujuk | sumêdya mangayubagya | saos unjuk manawi parêng sang aji | prayogi sèstu krama ||

6. sri narendra sarêng nguningani | unjuk pirêmbaging rad nagara | presidhèn golong salide | miwah jêng sang nindya nung | mupakat [mu...]

--- 4: 268 ---

[...pakat] lan para bupati | ature tan prabeda | sakêthi jumurung | ing sanadyan wus mangkana | suprandene panggalih dalêm sang aji | pan maksih sêmu sêmang ||

7. apa ta uwis mukaranahi | lawan kodrating Hyang Maha Mulya | iku kang dadi rêmbuge | ingkang padha jumurung | golong pikir sun pinrih rabi | sawusnya anggarjita | mangkana winuwus | anuju malêm Jumungah | lingsir wêngi sang prabu lênggah pribadi | nèng pulo ing Bandêngan ||

8. asta kalih tumumpang ing wêntis | tumungkul wus tanpa paribawa | angliling lêbêt wêdale | uswasa sarèh landhung | tan kaworan sawiji-wiji | angêningakên cipta | sêmadi manêngkung | anggraning grana winawas | wus waspada pamoring kawula gusti | gusti nglimput kawula ||

9. jro ngaluyut katon ing pangèsthi | adrênging karsa angsung sasmita | angalela kalilane | ing Hyang Kang Maha Agung | anjurungi kajating dasih | dasih kang kinasihan | paripurnèng kayun | lèn ari lênggah parasdya | animbali kaliwon carik Dyan Bèi | Sastradipura nêmbah ||

10. kinon nyêrat nawalaning aji | badhe katur marang Batawiyah | sastra jêjêg ajêg jèjèr | wijang ngêtumbar bagus | mangsi irêng daluwang putih | adangiyah lir adat | mawi tata prunggu | punika kang srat pratăndha | tulus miyos saking iklasing tyas suci |

--- 4: 269 ---

saking Jêng Susuhunan ||

11. sapiturutnya asmaning aji | Pakubuwana kaping sadasa | bintang-bintang sasamine | sadaya wus sinêbut | myang jêjuluk dalêm sang aji | jendral mayoring wadya | balanira prabu | musthikaning pura Dhênhah | sri bagendha kangjêng maharaja putri | ing nagari Nèdêrlan ||

12. ingkang angadhaton ing nagari | nênggih Surakarta Adiningrat | mangkana ing salajênge | sêrat dalêm sang prabu | ingkang katur dhatêng Batawi | sadaya tan sinêkar | ing panurunipun | amung pêthikan kewala | pan mangkana sêsambêtaning panulis | kalayan kaurmatas[10] ||

13. ingkang tabe kathah-kathah mugi | katur mring kang eyang kangjêng tuwan | ingkang wicaksana ing rèh | gupêrnur jendral luhung | Alèksandhêr Wilêm Prèdêrik | Idhênbarêh kang asma | angagêm kumandhur | ring ordhê pan dhèn Nèdêrlan | sêleyo grutkrèising ordhê pan hèndrik | dhê leyo bronswik praja ||

14. lawan grutkrèising ordhê saking | pan dhèn ilêgêsêkat ing Yapan | mugi rahayua kabèh | panjanga yuswanipun | ginanjara wilujêng sami | sanggyaning [sanggya...]

--- 4: 270 ---

[...ning] paprentahan | sakawulanipun | sadaya ing Gusti Allah | ing salami-laminira amandhiri | ing Indhia Nèdêrlan ||

15. sasampune kang kadya puniki | suraose ngaturi uninga | sarèhdene ing samangke | kang wayah sang aprabu | apan dèrèng kagungan siwi | kang mijil saking garwa | dalêm Kangjêng Ratu | Pakubuwana têtela | angèl sagêdipun inggih anggarbini | amargi ingkang yuswa ||

16. sampun ngancik 53 warsi | mila ingkang wayah sang natarsa | krama malih ing samangke | dhaup lan putrinipun | ingkang rama Sri Narapati | Jêng Sultan kaping sapta | Ngayogya puniku | ingkang mijil saking garwa | Kangjêng Ratu Kancana sinambat ing sih | Gusti Mur Sudarinah ||

17. kaagêm pramèswari taruni | ing pirêmbag wus condhong kalawan | kang bapa jêng tuwan resdhèn | ing Surakarta rujuk | ing Ngayogyakarta pan sami | ing mangke sri narendra | lagya amêmangun | anglajêngakên pirêmbag | kalampahanira badhe jatukrami | kalihan Kangjêng Sultan ||

--- 4: 271 ---

18. ingkang punika kangjêng sang aji | nyuwun pangèstunira kang eyang | kangjêng tuwan bêsar mangke | mugi-mugi Hyang Agung | Gusti Allah robil ngalamin | nêmbadanana karsa- | nira sang aprabu | kalihan malih kang wayah | Kangjêng Ratu Pakubuwana utawi | Jêng Ratu Madurêtna ||

19. sakalihanira wau sami | kintun tabe ingkang kathah-kathah | kaatura sadayane | marang ingkang linuhung | kangjêng tuwan bêsar mandhiri | ing nagri Batawiyah | saèsthining kayun | wus kawrat ing dalêm sêrat | titi nagri Surakarta tanggal kaping | 17 ari Soma ||

20. Rabingulawal ing taun Alip | ăngka sèwu wolung atus lawan | kawan dasa tri sirahe | asma dalêm sang prabu | wus tumètès tumrap ing nginggil | wau ingkang nawala | tinutup barukut | ingulêsan kêsting jênar | winadhahan bèri mas sinasap kuning | binakta mring resdhenan ||

21. dèn aturkên marang ing Batawi | enggaling crita jêng tuwan bêsar | sêrat dalêm wus katampèn | sinuksma jroning kalbu | suraose ingkang kintaki | nuli paring wangsulan | jêng tuwan gupêrnur | jendral ingkang wicaksana | mring kang wayah Sri Nata Surakartadi | mangkana surasanya ||

--- 4: 272 ---

22. punika kang sêrat tulus mijil | saking iklasing manah nirmala | pawongsanak salamine | kang têmên-têmên rujuk | tuwin ingkang eyang maringi | tabe akathah-kathah | saking sang linuhung | Jêng Tuwan Gupêrnur Jendral | Idhênbèrêh Alèksandhêr Wilêm Prèdrik | nênggih salajêngira ||

23. dhumatênga kang wayah sang aji | nagri Surakarta Adiningrat | asma dalêm sadayane | kang mugi wayah ingsun | pinanjangna yuswaning aji | kalawan ginanjara | kasarasan tulus | punapadene sinabda | wilujênga panjênênganing narpati | salami-laminira ||

24. sasampuning kang kadya puniki | wiyosipun wayah kula nata | ngaturakên nawalane | laju kinosok-wangsul | kadya sêratira sang aji | ingkang punika wayah | kula ngaturi wruh | dhatêng panjênêngan kula | badhe karsa krama malih antuk putri | Gusti Mur Sudarinah ||

25. inggih saklangkung sangêt dumadi | suka rênaning panggalih kula | lan pamuji kula mangke | marang Gusti Allahu | anggènipun wayah ngong aji |

--- 4: 273 ---

derarsa palakrama | mugi-mugi tulus | rahajênga sakalihan | amanggiha suka bingahing salami- | lami apalakrama ||

26. wusnya panjênêngan kula tuwin | garwa kula angintuni urmat | akathah-kathah lan tabe | dhumatêng kang sinuhun | tuwin dhatêng garwaniraji | Ratu Pakubuwana | lan dhatêng kang ibu | inggih Ratu Madurêtna | sinêrat ing nagri Bogor tanggal kaping | 25 wulanira ||

27. nuju Marêt angkaning kang warsi | 1913 | wus tamat ing pamaose | nênggih kangjêng sang prabu | dahat dènnya suka ing galih | dene ta ingkang eyang | jêng tuwan gupêrnur | jendral nagri Batawiyah | marêngakên lan suka pirênèng galih | mring karsaning kang wayah ||

28. wau sêrat kang saking Batawi | sinimpên nèng sasana wilapa | winor lan panunggalane | malih dhawuh sang prabu | marang sira kaliwon carik | kinèn nyêrat nawala | kang badhe lumaju | marang nagari Ngayogya | kadya adat adangiyah ing panulis | mungêl pèngêt kang sêrat ||

29. saha ingkang salam taklim saking | ingkang Sinuhun Jêng Susuhunan | asma dalêm salajênge | bintang-bintang sinêbut | kongsi prapta jendral mayoring | wadyabalanira [wadya...]

--- 4: 274 ---

[...balanira] sang | narendra linuhung | kangjêng sri bagendha maha | rajaputri tuhu musthikèng nagari | Nèdêrlan ing Eropa ||

30. kang ngadhaton Surakarta Adi- | ningrat dhumatênga ingkang rama | Sri Bupati Ngayogyane | nênggih salajêngipun | asma dalêm kangjêng sang aji | nagri Ngayogyakarta | Adiningrat tulus | mugi-mugi pinanjangna | ingkang yuswa dening Hyang Kang Mahasuci | sarta kasarasana ||

31. salami-laminira basuki | jroning donya rawuh ing akerat | nuli nawala wiyose | suraosnya sang prabu | mring kang rama atur upaksi | nalika sri pamasa | amartuwi rawuh | wontên kadhaton Ngayogya | wus waspaos dènira amariksani | sagung putrining nata ||

32. de kang dados panujuning galih | ingkang badhe kaangkah dumadya | pramèswari dalêm anèm | kang mijil saking ngayun | Kangjêng Ratu Kancana nami | Gusti Mur Sudarinah | lan nalikanipun | Sampeyan Dalêm Jêng Sultan | rawuh wontên pura Surakarta nguni | martuwi sri narendra ||

33. mratelakakên [mra...]

--- 4: 275 ---

[...telakakên] raosing galih | mring kang rama kalihan ijêman | kaparêng dalêm yêktine | kadya ing nginggil wau | ugi sampun anayogyani | amila sapunika | kangjêng sang aprabu | angrangkêpi pangandika | kados ingkang kawrat nawala puniki | kang rama Sri Ngayogya ||

34. mugi kaparênga nambadani | ing wusana sangêt ngarsa-arsa | wêwangsulan kaparênge | kalihdene puniku | ngintunakên kang salam taklim | pan saking ingkang putra | garwa dalêm prabu | Jêng Ratu Pakubuwana | dhumatênga garwa dalêm jêng sang aji | Kangjêng Ratu Kancana ||

35. saha malih ingkang salam taklim | saking Kangjêng Ratu Madurêtna | dhumatêng kang rayi mangke | Jêng Ratu Kancana rum | punapa saèsthining galih | kawrat ing dalêm sêrat | duk panyêratipun | ing nagari Surakarta | Adiningrat ri Rêbo Mulud kang sasi | tanggal kaping 19 ||

36. taun Alip ăngka sèwu tuwin | 843 |[11] asma dalêm wus tumètès | cêlak pada ing luhur | dèn ulêsi ing kêsting kuning | kinintunakên marang | resdhenan tan dangu | nuduh nglampahakên [nglampaha...]

--- 4: 276 ---

[...kên] sêrat | mring Ngayogya samana sampun nampèni | Sri Nata Kangjêng Sultan ||

37. wus sinuksma suraosing tulis | nuli dhawuh akarya wangsulan | rampung ramping panyêrate | binakta majêng konjuk | nawala wus dèn uningani | katiti tinetesan | asma dalêm prabu | tinutup sampun katampan | Kangjêng Tuwan Residhèn Ngayogya nuli | binakta ing cundaka ||

38. enggaling carita sampun prapti | anèng residhenan Surakarta | tumuli dèn lêbêtake | konjuk kangjêng sang prabu | gya binuka ingkang kintaki | kanthi salam pandonga | adangiyah laju | kinosok-wangsul sadaya | asma dalêm myang têtêmbunganing tulis | tan ana ingkang beda ||

39. suraose wangsulan puniki | sri bupati ing Ngayogyakarta | anêmbadani karsane | kang putra sang aprabu | kalihdene malih ngintuni | ingkang salam pandonga | saking ingkang ibu | Gusti Jêng Ratu Kancana | dhumatênga kang putra sang pramèswari | Jêng Ratu Pakubana ||

40. malih ingkang salam taklim saking | kang rayi Kangjêng Ratu Kancana | mring kangbok ayu asmane | anênggih Kangjêng Ratu | Madurêtna sang umi aji | punapa saèsthinya | ing panggalih [pangga...]

--- 4: 277 ---

[...lih] sampun | kawrat sajroning kintaka | sinêrat ing nagari Ngayogya ari | Sênèn tanggal sapisan ||

41. lèk Rabinguakir tunggil warsi | lawan wau kang sampun winarna | tamat têrang pamaose | panggalih dalêm prabu | suka sokur marang Hyang Widhi | miwah kang wus miyarsa | ing pawarta iku | muji nuli kalakona | sri narendra mêngku musthikaning putri | sri nata ing Ngayogya ||

128. Sinom

1. anuju dina Jumungah | ing wulan Rabinguakir | tanggal kaping dwi dasapta | anunggil warsa ing nginggil |[12] nyi lurah andhawuhi | marang wadana kang tungguk | ing dintên benjang-enjang | wontên nawala umijil | sudhiyaa gandhèk kang badhe lumampah ||

2. wangsulanira sandika | ya ta enjinge ri Kêmis | sadurunge sri narendra | umiyos lênggah pandhapi | ing sana sewaka ji | samênênge jam sapuluh | nyai tumênggung mêdal | marang bangsal srimanganti | ngampil sêrat sinapit singat andaka ||

3. nyai lurah atut wuntat | sapraptanira nabdaris | kănca gandhèk wangsulannya | nuwun kula gya mangarsi | srigak tandanging dhiri | sakêmbaran mundhuk-mundhuk | andhadhap sajak brêgas | laku dhodhok nuli linggih | rampak papak adoh cêdhake sêdhêngan ||

4. nyai tumênggung [tu...]

--- 4: 278 ---

[...mênggung] lon nabda | mring wau gandhèk kêkalih | Ngabèi Dutasudira | Prawiraduta Ngabèi | pakênira nampani | dhawuh dalêm sang aprabu | wiyose kang timbalan | matêdhakêna kintaki | mênyang Radèn Dipati Sasradiningrat ||

5. ature nuwun sandika | noraga maju kang siji | alon nampani nawala | nawala sampun pinundhi | têtêngêr kalung samir | gandhèk sakarone mundur | anglampahakên sêrat | jèjèr dènira lumaris | angliwati sitinggil mring pagêlaran ||

6. ing bangsal sana sumewa | kangjêng sang anindyamantri | dèrèng dangu dènnya sowan | kalawan para bupati | sapangisor rèh jawi | linggih urut undha-usuk | wau sapraptanira | gandhèk cundakaning aji | maksih ngadêg nèng ngarsa sang mantrimuka ||

7. uluk-uluk kadi adat | majêng ngapurancang sami | andhawuhakên timbalan | amaringakên kintaki | pan sampun dèn tampèni | nuli amangsuli atur | kangjêng radyan dipatya | mring gandhèk sabdaniraris | atur sêmbah kula anuwun sandika ||

8. ênggèh wêwangsulanira | gya ngadêg gandhèk kêkalih | lumaku bambang-bambangan | bali marang srimanganti | nyai tumênggung mijil | kang dèn utus sampun [sampu...]

--- 4: 279 ---

[...n] lapur | nyai tumênggung sigra | malêbêt marang jro puri | sri narendra sampun miyos siniwaka ||

9. munggwèng madyaning pandhapa | sasana sewaka rêsik | alênggah dhampar padinan | sumewa pra narpasiwi | santana tuwin abdi | lir adat wiyosing prabu | nampèni palapuran | kang munjuk wadana èstri | wusnya rampung sri nata angênyapura ||

10. urmat pradăngga musikan | bêbarungan barêng muni | para sumewa bubaran | kadhaton ing srimanganti | mandhungan ing sitinggil | sana sumewa tan kantun | uga milu bubaran | kangjêng radèn adipati | sarawuhe ing dalêm buka nawala ||

11. dhawuh pangandikèng nata | wuryaning tulis kang dhingin | salam ingsun dhumawaha | marang sira Adipati | Sasradiningrat Patih | kapindhone sira iku | prasabêna arinta | Pangeran Arya Dipati | Danurêja kinèn matur rama nata ||

12. kang Sinuhun Kangjêng Sultan | karsaningsun palakrami | dhaup lan putrine rama | prabu adhiajêng Gusti | Mur Sudarinah benjing | ingsun tamtokakên lamun | ana sajrone warsa | Jimawal ing ngarêp iki | ing sawise candrama Rabinguawal ||

--- 4: 280 ---

13. dene ta katranganira | tanggal dina sarta sasi | pinilih ingkang prayoga | yèn wus katêmu ing buri | ingsun bakal ngaturi | nawala mring rama prabu | titi dhawuh timbalan | dalêm ing dintên Rêspati | tanggal kaping 28 nuju wulan ||

14. Rabinguakir kang warsa | Ehe angkaning kang warsi | sèwu wolung atus kawan | dasa sakawan lumaris |[13] asma dalêm nèng nginggil | cap rêta mungêl sang prabu | ing Surakarta măngka | sawusira nupiksani | Kangjêng Radèn Dipati Sasradiningrat ||

15. enggale lajêng utusan | angaturi sêrat maring | kang rayi sang mantrimuka | Jêng Pangran Arya Dipati | Danurêja wus tampi | dèn unjukakên sang prabu | Sinuhun Kangjêng Sultan | dhawuh pangandika aji | ing karsane anak prabu Surakarta ||

16. angagêm taun Jimawal | ingsun iya anyondhongi | nanging ingsun amitungkas | amung aja jroning sasi | Jumadiakir tuwin | dina Sêtu Lêgi iku | dina Kêmis Pon uga | kalawan pasaran Paing | patang warna iku sirikan Ngayogya ||

17. Kangjêng Pangran Danurêja | sawusira anampèni | timbalan dalêm sang nata | laju amangsuli tulis | katur jêng nindyamantri | ing Surakarta gya konjuk | kangjêng sri naranata | angèstokakên [a...]

--- 4: 281 ---

[...ngèstokakên] piwêling | botên badhe anganthi wau punika ||

129. Kinanthi

1. nêngêna ingkang winuwus | dintên Kêmis tanggal kaping | 26 Sapar Jimawal | sèwu wolung atus tuwin | kawan dasa langkung gangsal | ping patbêlas Januari ||

2. ăngka 19[14] | 15 ri puniki | karsa dalêm sri narendra | angintunakên dutadi | marang nagari Ngayogya | anênggih ingkang tinuding ||

3. raka dalêm sang aprabu | yèku kang cinambat[15] ing sih | Kangjêng Pangeran Ariya | Kusumadiningrat tuwin | rayi dalêm Jêng Pangeran | Arya Cakraningrat kanthi ||

4. abdi dalêm kliwonipun | gêdhong têngên Dyan Ngabèi | Purbadipura tut wuntat | angampil buk samak abrit | isi pawukon petungan | dina ala dina bêcik ||

5. sêrat kang dèn ampil iku | kagungan dalêm sang aji | kang anèng sana wilapa | rêksane prikănca carik | carik kasêpuhan ingkang | nyimpên sakèhning kintaki ||

6. dèn ulêsi lakên wungu | ingkang ngampil kalung samir | andhèrèk sang narpaputra | kang dadya cundakèng aji | sigra bidhal nitih kreta | saabdinira tan kari ||

7. numpak kareta nèng pungkur | kèhe niga ngampil-ampil | songsong mantol myang busana | wadhah sês binèri alit | ing sêtatsiun Balapan | prapta sami tumbas karcis ||

8. nuli minggah nitih sêpur |

--- 4: 282 ---

nèng garêbong nomêr siji | nunggil ingkang ngampil sêrat | dene wau para abdi | sami numpak nomêr tiga | rampung pra numpang wus wanci ||

9. enjing jam pitu samênut | kareta sêpur lumaris | rikat lir sawat tumiba | ing marga datan winarni | sampun prapta pakèndêlan | Tugu Ngayogya nagari ||

10. ing ngriku wontên kadulu | narendraputra kêkalih | Bandara Pangeran Arya | Adinagara lan malih | Bandara Pangeran Arya | Suryadiningrat dèn iring ||

11. awasta Radèn Tumênggung | Mangundipura bupati | anom rèhing kapatihan | sadaya punika sami | mêthuk risang cundakendra | katri pisan anyêlaki ||

12. marang ingkang lagya rawuh | sami sumèh sêmu manis | umangsah asta salaman | sang narpaputra dutadi | lan narpatmaja Ngayogya | bagya-binagya basuki ||

13. saha maringakên dhawuh | dalêm kangjêng narapati | ingkang Sinuhun Jêng Sultan | sakalihan dèn timbali | marang sajêroning pura | pamêthuk ingkang angirit ||

14. matur sandika mituhu | sakawan pisan lumaris | laju anitih kareta | sumawana pra pangiring | wus sami numpak sadaya | gya mangkat mangetan rindhik ||

15. amung Rahadèn Tumênggung | Mangundipura ngantuni | anumpak kreta priyangga | tan umiring marang puri | laju jujug kapatihan | sumiwi [sumi...]

--- 4: 283 ---

[...wi] sang nindyamantri ||

16. kang nitih kreta mangidul | têrus lumaksana manjing | ing alun-alun utara | sapiturang dèn langkungi | Ratajayan Suranatan | kèndêl ingkang dèn titihi ||

17. tumêdhak sadayanipun | saking kareta lumaris | palataran kamandhungan | malbèng kori srimanganti | myang kori danapratapa | praptèng palataran puri ||

18. sami ingancaran laju | sakawan pisan sumiwi | anèng ngisoring taratag | taratag wetan pandhapi | pandhapi bangsal kancana | mujur ngidul silastuti ||

19. dene ta ingkang tut pungkur | sira Rahadèn Ngabèi | Purbadipura pinarnah | dènira linggih sumiwi | anèng plataran lor wetan | maksih ngampil buk pinandhi ||

20. wau ta kangjêng sang prabu | wus lênggah ing gêdhong kuning | munggwèng èmpèr ingkang wetan | majêng mangetan kaèksi | palênggahan dalêm rêsban | kasur baludru kêtangi ||

21. ngarsa ginêlaran babut | myang kêcohan niga sisih | kacèk kêcohan narendra | mèpèt nèng rêsban ing kering | kering kanan sinung kênap | marmêr gilap kadya carmin ||

22. kang cakêt sowan ing ngayun | Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Amêngkunagara | Sudibya Mahrajasiwi | narendradi ing Mataram | nèng kanan dalêm tan têbih ||

23. rayi dalêm sang aprabu | lênggah wingkingnya sang pêkik | nênggih [nêng...]

--- 4: 284 ---

[...gih] Jêng Gusti Pangeran | Adipati Mangkubumi | lan kangjêng gusti pangeran | adipati angabèi ||

24. sowan kering dalêm prabu | tan dangu dhawuh nimbali | para pangeran kang prapta | saking sêtatsiun sami | ngandikan kinon majênga | mring ngarsa dalêm sang aji ||

25. sandika sang tampi dhawuh | ingkang ngirit nyasmitani | sêsarêngan lumaksana | wanci jam sadasa enjing | duk praptèng undhak-undhakan | mêndhak alon mangastuti ||

26. gya majêng ing ngarsa prabu | alampah bocong mrak-ati | Kangjêng Pangeran Ariya | Kusumadiningrat tuwin | Kangjêng Pangeran Ariya | Cakraningrat anyambêti ||

27. alênggah sawingkingipun | Kangjêng Gusti Mangkubumi | dene Bandara Pangeran | Adinagara lan malih | Bandara Pangeran Surya- | diningrat dènnya sumiwi ||

28. nyambêti sawingkingipun | kangjê[16] gusti angabèi | kang cakêt kering narendra | punakawan kalung samir | ngampil wadhah sês kancana | sinăngga ing asta kering ||

29. kang sami nèng ngarsa prabu | sampeyan dalêm jêng gusti | lan wau para pangeran | pangagêmanira sami | lir sowan padinan macak | kasmaran ingkang ningali ||

130. Asmaradana

1. kang sami majêng ngarsaji | sawusnya tatrap susila | tatakramaning kadhaton | kèndêl tanpa paribawa | andhêku anoraga | nanging kawistarèng sêmu |

--- 4: 285 ---

sumèh sami pasang karna ||

2. ya ta kangjêng narapati | sakêdhap nujwèng paningal | nuli angandika alon | Pangeran Sumadiningrat | Pangeran Cakraningrat | padha bêcik satêkamu | kang dinangu matur nêmbah ||

3. pangèstu dalêm sang aji | sadaya sami raharja | kèndêl ing sawatarane | angingsêt dènira lênggah | kang sweda ngapurancang | tumênga nêmbah umatur | sabda pinardi mardawa ||

4. ulon alon alus ririh | ing rèh sarèh cêtha tamban | ananging norana lêdhok | rêna kang sami miyarsa | anilingakên karna | mangkana ing aturipun | kula nuwun sowan kula ||

5. kalihan dhimas puniki | Pangran Arya Cakraningrat | wontên ngarsa dalêm katong | nuwun sami cinundaka | ing putra padukendra | sampeyan dalêm Sang Prabu | Sinuhun Jêng Susuhunan ||

6. ngaturakên salam taklim | ingkang mugi kaatura | panjênêngan dalêm katong | miwah salam taklimira | Jêng Ratu Pakubana | kaatura ingkang ibu | inggih Jêng Ratu Kancana ||

7. kula ngaturakên malih | ingkang asalam pandonga | Jêng Ratu Madurêtnane | dhumatêng garwa narendra |

--- 4: 286 ---

Kangjêng Ratu Kancana | lan salam pandonganipun | dhumatêng putra paduka ||

8. Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Amêngkunagara | malih salam pandongane | mring rayi saha putrendra | sadaya anèm wrêda | ingkang kaping kalihipun | putra dalêm sri narendra ||

9. amitêpangakên ari | ingkang badhe kagêm ijap | paningkah myang kapanggihe | putra dalêm apitungkas | sumăngga karsa nata | amung ing panuwunipun | sagêda ing wulan Ruwah ||

10. lan Bêsar warsa puniki | kula sampun bêkta sêrat | pawukon simpênan kraton | punika ngêmot pratelan | dintên tuwin pêkênan | dewa ri pandangonipun | paringkêlan păncasuda ||

11. sêngkan turunan utawi | sangaran nahasing tanggal | taliwangke samparwangke | dhungulan dhêndhan kukudan | awon saening wulan | inggih sapiturutipun | bab petang pêpak sadaya ||

12. kewala kantun amilih | pundi ingkang kinarsakna | dintên awon dintên sae | sri

--- 4: 287 ---

narendra angandika | lamun mangkono gampang | ing samêngko layangipun | ana ing ngêndi unggyanya ||

13. jêng pangeran matur aris | kula nuwun sêratira | dipun ampil ing samangke | dening pun Ngabèi Purba- | dipura nèng plataran | sri nata ngandika arum | kulup pangeran dipatya ||

14. mara dhawuhna nimbali | iku ingkang gawa layang | kon maju ngarsèngsun kene | sandika kang dhinawuhan | angawe punakawan | wus dèn dhawuhi lon mundur | sapraptaning palataran ||

15. panggih lan radèn ngabèi | andhawuhakên timbalan | nêdha pakênira mangke | katimbalan umajênga | mring ngarsa dalêm nata | sandika kang tampi dhawuh | kèrid dening punakawan ||

16. ngampil kang sêrat pinandhi[17] | mêndhak nêmbah ngabyantara | kapering kidul linggihe | wingkinge para pangeran | Jêng Gusti Adipatya | Mangkubumi alon dhawuh | Purbadipura majua ||

17. layange ingkang koampil | iku ajokêna pisan | linggiha buriku kene | matur sandika mastawa | laku dhodhok mangarsa | sampun nyêlak linggihipun | lan Kangjêng Gusti Pangeran ||

18. Adipati Mangkubumi | ngandika mara unèkna |

--- 4: 288 ---

pawukon wacanên alon | ing sajrone sasi Ruwah | ing kono apa ana | dinane bêcik winuwus | tiba tanggal kaping pira ||

19. kang tampi dhawuh wotsari | umatur nuwun sandika | ambikak sêrat pawukon | Ruwah Jimawal winaca | wiwit tanggal sapisan | laju panupiksanipun | praptèng tanggal ping pitulas ||

20. ing Galungan Kêmis Lêgi | Dewa Sridadi Wrungkungnya | sumêngkaning Sri lajênge | păncasudane Satriya | wibawa nuntên rakam | sanggar waringin ngrêmbuyung | wulan Ruwah Kêmis sangar ||

21. jêng gusti ngandika malih | pinyarsa kabèh prayoga | basa sangar iku priye | kang dinangu matur nêmbah | inggih kirang prayoga | malih angandika arum | coba manèh golèkana ||

22. kang sêrat winaos malih | tanggale kaping wolulas | Jumungah Paing paningron | tunggaksêmi Dewa Endra | Dangu mantri saroja | nolih jêng gusti anyêndhu | ah yèn kene nora kêna ||

23. lamun nuju dina Paing | sirikane trah Banyumas | ayo golèkana manèh | tumungkul matur sandika | laju pamacanira | praptèng tanggal pitu likur | winaca tanpa sirikan ||

24. nanging tan cinirèn [ci...]

--- 4: 289 ---

[...nirèn] bêcik | ing dina Ngahat Sarkara | Dewa Guru Dangu Tungle | kalawan sumur sinaba | rakam macan katawan | kangjêng gusti sudibya nung | prabyanom alon ngandika ||

25. iku ta pancène bêcik | ananging rada kuciwa | sabab katuwan tanggale | pitu likur sasi Ruwah | tri ratri banjur Pasa | pasamuwane pakewuh | yèn nuju sasi Ramêlan ||

26. jêng pangran umatur aris | lêrês ingkang pangandika | pakèwêt pasamuwane | prayogi botên kewala | nênggih dintên punika | malih angandika arum | jêng gusti sudibyaputra ||

27. sae dèn padosi malih | Jêng Pangran Sumadiningrat | alon ing pangandikane | coba kakang Purbapura | tontonên sasi Bêsar | kang anunggal warsa iku | bokmanawa kono ana ||

28. Kangjêng Gusti Mangkubumi | anumpangi pangandika | iya wacanên Bêsare | ananging sawise bakda | tiba tanggal ping pira | dinane bêcik puniku | ra-orane aja ala ||

29. tan dangu sampun kapanggih | ing wulan Bêsar Jimawal | dèn wiwiti pamacane | tanggal kang kaping sawêlas | kongsi praptèng pitulas | ri Rêbo Wage kulawu |

--- 4: 290 ---

Dangu Tungle Dewa Kala ||

30. satriya wibawa mukti | rakame macan katawan | kangjêng gusti dipatyanom | alon pangandikanira | mênênga gonmu maca | kaya bêcik dina iku | kadospundi mênggah rama ||

31. Adipati Mangkubumi | ing panggalih dalêm rama | punapa ta inggih condhong | manggut dèrèng angandika | akèndêl sawatara | ginalih-galih tan dangu | nolih alon angandika ||

32. Kangjêng Gusti Mangkubumi | mungguh iku Dewa Kala | apa tan ana sirike | kang dinangu matur nêmbah | mirit wukon punika | Bathara Kala puniku | janji tan manggèn Galungan ||

33. tan dados punapa gusti | nanging yèn manggèn Galungan | ri Ngahat Paing Sênèn Pon | Salasa Wage tri dina | manjêr Bathara Kala | ing dintên puniku wau | dipun wastani dhungulan ||

34. myang dhêndhan kukudan yakti | sirikan agêng piyambak | mênggah petangan pawukon | botên kenging kaagêma | wau dintên têtiga | makatên cariyosipun | kawula nuwun sumăngga ||

35. jêng gusti ngandika malih | dadi iku Dewa

--- 4: 291 ---

Kala | manawa tan anèng kono | sajrone wuku Galungan | iku tan dadi apa | kang sinabdan nêmbah matur | inggih makatên ing petang ||

36. enggaling carita sami | amilih tanggal pitulas | wulan Bêsar Rêbo Wage | kang samya lênggah mupakat | nuli dhawuh anyêrat | carik Ngayogya kang sampun | sumewa ngabyantarendra ||

37. sawusira dèn sêrati | rampung ing panyukilira | gya konjuk kangjêng sang katong | têrang panupiksanira | dhawuh dalêm sang nata | apa ta wus padha rujuk | iki gonmu milih dina ||

38. pra pangeran kang sumiwi | alon munjuk mangastawa | nuwun inggih sampun condhong | angagêm dintên punika | sri nata angandika | sarèhne wus sabiyantu | ing rêmbug nora sulaya ||

39. iya ingsun anglilani | Kangjêng Gusti Adipatya | Mangkubumi matur alon | manawi parêng karsendra | punika srat cathêtan | kawula suwun rumuhun | badhe kawula pariksa ||

40. kacocogakên rumiyin | lan kagungan dalêm sêrat | pêpèngêtan wêwalêre | lêluhur dalêm ing kina | punapa tan narajang | cathêtan dintên [dintê...]

--- 4: 292 ---

[...n] puniku | lawan sirikan Ngayogya ||

41. rêna kangjêng narapati | midhangêt ing aturira | kang rayi pamrayogine | wahyèng dhawuh dalêm iya | iku luwih utama | malih ngandika sang prabu | Pangeran Sumadiningrat ||

42. dadi ing samêngko iki | sira durung bica[18] gawa | katêrangan ing dadine | rêmbug pamilihing dina | ngêntèni yèn wus dadya | rujuk lan pèngêtan ingsun | pratelan saka adhimas ||

43. Adipati Mangkubumi | iya sawatara dina | sun bakal utusan bae | marang nagri Surakarta | lan gawa katêrangan | jêng pangran sandika matur | tan pêgad angarsa-arsa ||

131. Mêgatruh

1. amangsuli carita duk rawuhipun | kangjêng pangeran dutaji | nalika wontên ing sêpur | nyarêngi Radèn Ngabèi | Nitipura pangkat kliwon ||

2. sakancane wong nêmbêlas atut pungkur | ugi dèn utus sang aji | ngaturakên gambaripun | Ngargapura dèn wujudi | ing têpi têpung wêwêngkon ||

3. janggêrênging ponang gunung angrênggunuk | mêndhak mandhukul katawis | lêlêngkèhing jurang trêjung | anjulêg miring ambambing | balumbang ngêmbêng we ngêmbong ||

4. nguwêng ngawêng wiwarèng guwanya lingup | asingup malêbèng [ma...]

--- 4: 293 ---

[...lêbèng] siti | satata tataran lungur | kang lêngar lêmpar waradin | marga bengkok menggak-menggok ||

5. wisma-wisma pagêr hèk kori malêngkung | kopêl loji rinêngga sri | kêkayon myang pêtir rumput | sêsêkaran nèng pot alit | tinonton rupane coplok ||

6. lan nyatane saking plêng nyamlênging wujud | mung kaot agêng lan alit | iku gumêlar nèng bangku | rong elo mètêr pasagi | lir Argapura sayaktos ||

7. baunira nêmbêlas wau kang ngusung | mandhêg nèng plataran sami | pratelanira wus konjuk | yèn gambar punika saking | kang putra kangjêng sang katong ||

8. sri narendra ing Surakarta kaatur | kang ibu sri pramèswari | Jêng Ratu Kancana amung | minăngka pratandhaning sih | warni gambar kang sumaos ||

9. sang aprabu sinuhun sultan sarêng wus | nampèni aturing dasih | makatên lajêng anuduh | animbali ingkang ngirit | sagambarira ginotong ||

10. sampun prapta ing ngarsa dalêm sang prabu | cakêt nora pati têbih | mujur mangalèr kang bangku | tancêp prênahe dèn plêki | ngungun rêna kang samyanon ||

11. saking gambar pêpêthan wau lir lugu | ing Ngargapura sayakti | wau ingkang ngirit maju | nênggih Rahadèn Ngabèi | Nitipura linggih amor ||

12. lan Dyan Bèi Purbadipura sadunung | dene bêbaune sami |

--- 4: 294 ---

kang ngusung wus sami mundur | saking palataran mijil | nganti kang sowan sang katong ||

13. duk ing wau patêdhan dalêm sang prabu | pasugatan wus mangarsi | pêrêsan wedang tèh bubuk | sarutu sigarèt tuwin | mêminuman sinarengkot ||

14. warna-warna ingkang kêras saha alus | komplit gêlas dhara alit | binèri salaka mênthur | kang agêm dalêm sang aji | duk lumaris mawi songsong ||

15. ingkang ngampil kalung samir cindhe wungu | pucuk tinêpi balodir | gombyok renda kêmbang suruh | panganggone kang ngladèni | padinan lir sowan saos ||

16. bêbêt udhêng bathik sabuk tanpa dhuwung | kulambi pranakan lurik | lêngên bêlah bantên pucuk | kacu abrit sumalêmpit | nèng sabukan ngisor wiron ||

17. brêgas-brêgas srigak ganggas sêmu ruruh | sangêt dènira jrih asih | mring sang musthikèng kadhatun | Ngayogyakarta sri mulki | praptèng ngarsa laku dhodhok ||

18. tan kuciwa rikat cukup kang pinundhut | ingkang sumewa waradin | mundhi sih dalêm sang prabu | pangunjukan warni-warni | eca-eca amiraos ||

19. sarêng sampun wanci ngajêngakên bêdhug | ing rêmbag sampun dumugi | jêng pangeran alon munjuk | kawula nuwun manawi | wontên lilah dalêm katong ||

20. abdi dalêm radèn ngabèi puniku | Purbadipura

--- 4: 295 ---

Dyan Bèi | Nitipura kula suwu- | nakên sami angabêkti | sampeyan dalêm sang katong ||

21. dhawuh dalêm kalilan wus kinèn maju | Purbadipura rumiyin | rampung Nitipura maju | samyantuk sabdèng narpati | salamêta praptaning don ||

22. sami munjuk nuwun kapundhi ingêmbun | wus wangsul dènira linggih | ya ta jêng sang prabu dhawuh | marang kang sami sumiwi | samangke kalilan ngaso ||

23. kangjêng pangran duta sakalihanipun | antuk dhawuhing narpati | kinon sipênga sadalu | anèng kapatihan sami | supados botên rêkaos ||

24. benjing-enjing kewala kalilan kondur | mring Surakarta nagari | malih dhawuh dalêm prabu | sesuk yèn padharsa mulih | tan susah malbèng kadhaton ||

25. sun lilani ambanjur bae sirèku | saka kapatihan mulih | mung salam pandonganingsun | aturna mring anak aji | lan bêktine prabu anom ||

26. miwah salam pandongane garwaningsun | Ratu Kancana wêwangi | mring garwane anak prabu | bok Ratu Pakubanadi | salam taklime garwèngong ||

27. marang bakyu Ratu Madurêtna iku | jêng pangeran awotsari | sandika ing aturipun |

--- 4: 296 ---

malih ngandika sang aji | sun nyangoni karahayon ||

28. sakarone saulihmu sesuk-esuk | wis padha mundura sami | matur sandika wotsantun | sêsarêngan pra sumiwi | wus mijil saking kadhaton ||

132. Mijil

1. rawuh Suranatan sami nitih | ing kareta alon | sakawan lir duk wau lêbête | jêng pangeran kêkalih dutaji | lan pangirit kalih | pandhèrèk tut pungkur ||

2. laju maring kapatihan panggih | lan warăngka katong | Jêng Pangeran Arya Dipatine | Danurêja anampèni tami | nèng kilèn pandhapi | lojèn agêng bagus ||

3. munggwèng ngèmpèr wetan lênggah kursi | wêwah kang nèng kono | Dyan Tumênggung Kêrtanagarane | sawusira pambagya basuki | kang nampèni tami | risang amartamu ||

4. rêsêping tyas nityasa among sih | katon sêmu condhong | sumaringah ing pasêmon sumèh | gya sugata minuman mangarsi | gêlas agêng alit | srutu sarèkipun ||

5. myang sigarèt wadhahe binèri | salaka baligon | angrêsêpi mring pasugatane | samya ngunjuk ingkang dèn karsani | ès toya Walandi | wèski anggur limun ||

6. myang janèwêr anèng gêlas alit | mahbètêre winor | maya-maya kuning nom sunare | baya

--- 4: 297 ---

sêgêr raose mring dhiri | lênggahe pra gusti | kupêng ngêpung bangku ||

7. jêng sang nindyamantri myang bupati | lan kaliwon loro | datan pae ing palênggahane | sami kursi goyang rupa siji | tatane tan têbih | satêbah lêtipun ||

8. pan sinambi angandikan ririh | gêgujêngan omong | tanya-tinanya karaharjane | gênti-gênti awarti-winarti | dènira lumaris | kautus sang prabu ||

9. sarêng wus wanci satêngah kalih | sang warăngka katon | matur marang Jêng Pangran Aryane | Kusumadiningrat dèn aturi | sarèhne wus wanci | ing prayoginipun ||

10. sami dhahar sawontêne ngriki | sadaya kemawon | risang antuk atur wangsulane | inggih nanging cikalan puniki | bètêran sakêdhik | prayogi dèn unjuk ||

11. rênèng driya ngasta gêlas sami | sarêng ngunjuk alon | gya jumênêng sadaya mangilèn | jroning dalêm lojèn dèn tatani | dhahar wus miranti | meja mujur ngidul ||

12. ingkang lênggah nèng wetan nyêpuhi | têngah majêng ngulon | Gusti Sumadiningrat keringe | iku Bandara Pangeran Adi- | nagara lan malih | lênggah têngênipun ||

13. Jêng Pangeran Cakraningrat nuli | kanannya tan adoh | Bandara Pangran Arya asmane | Suryadiningrat ingkang mungkasi | ing kilèn [ki...]

--- 4: 298 ---

[...lèn] winarni | kang lênggah puniku ||

14. majêng mangetan sang nindyamantri | têngah dènnya manggon | keringira kang lênggah Rahadèn | Tumênggung Kêrtanagara nuli | ingkang nanya malih | kangjêng sang nindya nung ||

15. Dyan Bèi Purbadipura linggih | cakêt nora adoh | Dyan Bèi Nitipura kidule | Dyan Tumênggung Mangundipurèki | sawusira sami | mapan lênggahipun ||

16. nulya wiwit dènira abukti | ngasta sendhok porok | angrêsêpi pambojakramane | Jêng Pangeran Arya Adipati | Danurêja bangkit | amanggihi tamu ||

17. tan bineda dènira nanduki | satata angêmong | ing sajrone dhahar asêsêmbèn | gêgujêngan murih rênèng kapti | prasaja ing angling | manis sêmu cucut ||

18. suka kabèh tanpa walang-galih | ingkang sami royom | panataning dhahar kadya dhine | maju undure nora sarênti | ingkang angladèni | wus kulina dangu ||

19. kajabane ladèn kang binukti | umidêr tan anggop | pangunjukan anggur bang myang aès | wedang tèh tipis alimun aris | toya tawa wêning | tan cuwa kang mundhut ||

20. wus dumugi ingkang dhahar nuli | sês srutu lumados | gya jumênêng wangsul marang ngèmpèr | ingkang wetan palênggahan nguni | amung sawatawis | lênggahnya tan dangu ||

21. narpaputra kang măngka pangirit | nyêlak [nyê...]

--- 4: 299 ---

[...lak] matur alon | pamit kondur kang sêpuh kang anèm | angsung pambagya lan rênèng galih | kalih sampun nitih | kareta wus laju ||

22. Dyan Ngabèi Nitipura ugi | pamit arsa bodhol | wangsul marang ing Surakartane | sakancanya sadaya umiring | sampun dèn lilani | mantuk numpak sêpur ||

23. ingkang kantun sampun dèn caosi | pondhok karya ngaso | kamar kalih jro lojèn têmbing lèr | sakalihan wus sami umanjing | dene Dyan Ngabèi | Purbadipura wus ||

24. sinung ênggèn pondhokan pribadi | nèng kilèn tan adoh | lawan lojèn lêt plataran bae | Jêng Pangeran Arya Adipati | Danurêja manjing | marang dalêm sampun ||

25. myang kang sowan wus bibaran sami | ingkang durung ngaso | pra paladèn anata pangane | para abdining tamu waradin | sêsarêngan bukti | gambuh ahli tuwuk ||

133. Gambuh

1. datan winarnèng wuwus | ingkang sami angaso puniku | sarêng wanci jam gangsal langkung sakêdhik | kangjêng sang mantrimuka wus | lênggah kursi majêng ngalor ||

2. nèng ngèmpèr lir duk wau | kang wus ngadhêp linggih keringipun | Dyan Ngabèi Purbadipura lan malih | sira Rahadèn Tumênggung | Mangundipura tan adoh ||

3. sami nèng kursi lungguh | tan pantara dangu ingkang rawuh | Dyan Tumênggung Sasranagara bupati | pamijèn sadhèrèk [sa...]

--- 4: 300 ---

[...dhèrèk] sêpuh | lan kangjêng warăngka katong ||

4. dèn ancarani sampun | nyêlak lênggah ing kursi lir tamu | dènnya sami lêlênggahan sawatawis | sakalihan narpasunu | sampun dandos alon miyos ||

5. saking kamar rêruntung | sami urmat ngadêg kang nèng ngriku | nuli lênggah nyêlaki sang nindyamantri | nênggih tan pantara dangu | wedang tèh prêsan lumados ||

6. sadaya sampun ngunjuk | gya samya sês sigarèt myang srutu | pasugatan mêminuman warni-warni | pinanggêng sadayanipun | lêlênggahan omong-omong ||

7. karya sukaning kalbu | para tamu ingkang pinartamu | tan parbeda mung amrih mulêting kang sih | sih-sinihan rêmbug rujuk | sajak sami condhong golong ||

8. tanpa sawalèng kayun | kayumananing kayun kayungyun | Jêng Pangeran Kusumadiningrat ngudi | mardi mardawaning têmbung | sambung rapêting wiraos ||

9. raosan nganti surup | sirêp soroting raditya siluk | sêlak pêtêng rêpêt-rêpêt saput siti | ginantyan panjuta triyum | gasulin sinulêt abyor ||

10. ing lojèn tanpa lindhuk | kang alênggah maksih rênèng kayun | sarêng wanci jam sanga dèn ancarani | kaaturan dhahar kumpul | manggut kang sinung sabda lon ||

11. jumênêng sadayèku | gya mangilèn ing meja wus rawuh | lir

--- 4: 301 ---

duk wau siyang panataning bukti | miwah palênggahanipun | pamanggon sami kemawon ||

12. ing wanci jam sapuluh | wus dumugi dènnya dhahar iku | gya bibaran sadaya angaso sami | datan winarna ing dalu | enjinge ingkang kacriyos ||

13. nênggih sasampunipun | sami dandos mêdal lênggah kumpul | para abdi sampun sudhiya miranti | cumêpak panggenanipun | bêbêktan ampilan songsong ||

14. tumuntên ingkang rawuh | nitih kreta sakalihanipun | narpatmaja duk wingi ingkang angirit | enjing punika awangsul | mring Kadanurêjan amor ||

15. lênggah wontên ing ngriku | wusnya bagya-binagya rahayu | lan sinambi angunjuk wedang tèh tuwin | sês sigarèt miwah srutu | matur sang warăngka katong ||

16. mring tamu myang kang rawuh | bilih parêng sadaya puniku | ngong aturi sêsarapan mupung enjing | rèhne badhe bidhal kondur | supados botên rêkaos ||

17. ing lampah nitih sêpur | kang alênggah asasmita manggut | amangsuli punika langkung prayogi | gya têdhak sadayanipun | mring meja ingkang mirantos ||

18. enggaling crita sampun | sami dhahar sadaya pikantuk | wus luwaran awangsul lênggah ing jawi | sarêng sampun jam sapuluh | titihan kreta sumaos ||

--- 4: 302 ---

19. kêkalih sami maju | nèng plataran arêpe mangidul | pangiringe kareta ugi kêkalih | sudhiya nèng balemangu | kênèk kusire mirantos ||

20. ya ta sang narpasunu | sakalihan lan sumèh ing sêmu | Jêng Pangeran Kusumadiningrat pamit | marang Surakarta wangsul | lapur ing kangjêng sang katong ||

21. rahayua kang kantun | sarta sangêt ing panuwun ulun | anggènipun adhi mas nampèni tami | botên kêkirangan sagung | pambojakramanta ngêmong ||

22. ngantos ambèr lumintu | marang rencang ingkang sami tumut | wangsulannya Jêng Pangran Arya Dipati | Danurêja inggih nuwun | pamujwanta karahayon ||

23. tan langkung kula amung | andhèrèkakên wilujêng kondur | sakalihan mugi manggiha basuki | nuli sêsalaman manggut | sami majêng gêntos-gêntos ||

24. gya nitih kreta laju | mangkat marang sêtatsiun Tugu | Jêng Pangeran Kusumadiningrat tuwin | Bandara Pangeran iku | Adinagara saênggon ||

25. kang linggih ing bak ngayun | Dyan Ngabèi Purbadipurèku | kreta ingkang satunggil malih kang nitih | Kangjêng Pangeran puniku | Arya Cakraningrat golong ||

--- 4: 303 ---

26. lan risang sinambat rum | sami lênggah bak wingking saruntung | Bandara Pangran Suryadiningrat nunggil | kreta pangiring tut pungkur | Pamedan menggok mangulon ||

27. ing margi agêng nêkuk | ngalor marang sêtatsiun Tugu | sampun rawuh para abdi tumbas karcis | saliyane sami rèktur | sarêng wis wancine bodhol ||

28. kangjêng kang arsa kondur | sami ngêtrap parikramèng têmbung | mring puniku ingkang nguntapakên kalih | pangeran sri narpasunu | winaluya ing sabda lon ||

29. sarwi noragèng tanduk | sami puji-pinuji rahayu | asalaman tangkêbing asta kêkalih | anungkulakên kang ulu | rahab rakêting patêmon ||

30. warata sadayèku | sêsalaman kang samyarsa kondur | ya ta wau têngara munya ping kalih | pra panumpang rêbut dhucung | mamrih gon munggah mring wagon ||

31. kang nomêr siji sampun | sarêng lênggah sarêng wancinipun | jam 10:37 mênit | kang sêpur wiwit lumaku | lawan ploite sumênthot ||

32. rikat lampahing sêpur | kadi kilat ing măngsa kawolu | cumalèrèt sakêdhèp netra tan kèksi | kareta sêpur lastantun | lampahe lir tanpa menggok ||

33. praptane sêtatsiun | ing Balapan mandhêg padha mudhun | jêng pangeran kang măngka dutèng narpati | sakalihanira

--- 4: 304 ---

laju | malêbêt marang kadhaton ||

34. gya lapor nyi tumênggung | canthèl atur konjuke sang prabu | matur inggih sandika laju umanjing | marang sajronging kadhatun | sampeyan dalêm sang katong ||

35. nuju lênggah ing gunung | Ngargapura nyi tumênggung lapur | ngunjukakên palapuranira saking | wau kang mêntas dèn utus | mring Yogya sowan sang katong ||

36. dhawuhna sabdaningsun | mring kakang mas lan adhi mas iku | ingkang padha mulih saka ingsun tuding | ingsun lilani rumuhun | padha muliha angaso ||

37. ananging sesuk-esuk | jam sapuluh sebaa malêbu | têlu pisan lapura ing ngarsa mami | nyi tumênggung sawusipun | andhawuhakên mangkono ||

38. kang tampi dhawuh nuwun | tur sandika nuli sami mundur | sowang-sowang anjujug wisma pribadi | datan winarna ing kidung | kang mocung sami angaso ||

134. Pocung

1. kang winuwus enjangipun dintên Saptu | kaping dwi dasastha | nunggil wulan warsa nginggil | Jêng Pangeran Arya Kusumadiningrat ||

2. sawusipun dandos lir padinanipun | gya malêbèng pura | sêsarêngan dènnya prapti | lawan Kangjêng Pangran Arya Cakraningrat ||

3. jam sapuluh sakalihan laju jujug | ing Nguntarasana | ing ngriku dènnya sumiwi | dene Radèn Ngabèi Purbadipura ||

--- 4: 305 ---

4. dènnya lungguh seba ngisor sawo ngumpul | lan mantri pêthilan | utawi radèn mas panji | ingkang sami caos ing dintên punika ||

5. tan adangu sampeyan dalêm sang prabu | miyos laju lênggah | ing parasdya munggyèng kursi | nyai lurah ingkang ngampil upacara ||

6. kêcohan dus sabêt tamèng atut pungkur | miwah pangunjukan | wus mapan kang ngampil-ampil | kadi adat padinan wiyosing nata ||

7. nyi tumênggung ingawe sampun umaju | nèng ngabyantarendra | anuli dipun dhawuhi | animbali kang sowan nguntarasana ||

8. nêmbah mundur nyi tumênggung sampun dhawuh | mring kangjêng pangeran | sakalihan dèn timbali | matur inggih sandika gya lumaksana ||

9. praptanipun ing ngarsa dalêm sang prabu | mêndhak anoraga | kang sêpuh dèn ancarani | lênggah kursi kapering kapara ngarsa ||

10. wingkingipun majêng lampah bocong alus | Kangjêng Cakraningrat | lênggah ing babut gumrining | silastawa andhêku nèng ngabyantara ||

11. sarêng sampun sawatawis kang mangayun | sri nata ngandika | sakarone kang sun tuding | mring Ngayogya seba marang rama sultan ||

12. salakumu apa ta padha rahayu | matur sakalihan | pangèstu dalêm sang aji | sami manggih suka raharja sadaya ||

13. sang aprabu

--- 4: 306 ---

angandika sokur lamun | mangkono ananya | dènira padha nglakoni | dadi duta kakang mas mara tutura ||

14. alon matur jêng pangeran ingkang sêpuh | lawan parikrama | sabda lon cêtha patitis | purwa madya wusana katur sadaya ||

15. sang aprabu duk midhangêt aturipun | kang raka Jêng Pangran | Kusumadiningrat titih | tata tètèh têtela gatining duta ||

16. sukèng kalbu alon angandika arum | dadi rama nata | arsa angrangkêpi tulis | kêkênthêlan pamanthêng kênthinging dina ||

17. ing kiramu utusane rama prabu | ingkang gawa layang | besuk apa gone prapti | anèng kene prajèngsun ing Surakarta ||

18. kang dinangu alon matur kula nuwun | prasabênnya rama | Adipati Mangkubumi | bilih arsa utusan paring uninga ||

19. dhatêng ulun lajêng konjuk ing sang prabu | sri nata ngandika | yèn kangmas uwis nampani | prasabênan bae tumuli lapura ||

20. marang ingsun mêngko sapa kang dèn utus | lan pangkate apa | dadi gon ingsun nêmoni | nora kadung anduga prayoganira ||

21. matur nuwun [nuwu...]

--- 4: 307 ---

[...n] inggih sandika sang prabu | kèndêl sawatara | nuli angandika malih | mring kang rayi Jêng Pangeran Cakraningat ||

22. alon dangu nalikane rama prabu | sun caosi gambar | kang dèn gawa Si Ngabèi | Nitipura pêpêthaning Argapura ||

23. rama prabu apa katon rênèng kayun | kalawan arinta | dhimas pangeran dipati | Jêng Pangeran Cakraningrat matur nêmbah ||

24. kula nuwun rama dalêm sang aprabu | Jêng Sinuhun Sultan | katingal rêna kang galih | sumawana dhimas-dhimas ingkang sowan ||

25. sami ngungun saking plêk ing wujudipun | mèh sami kewala | namung kaot agêng alit | angraosi mring kang karya tuhu wignya ||

26. nadyan ulun piyambak inggih angungun | sangêt botên nyana | pêpêthaning gambar sami | botên siwah lan yêktine Ngargapura ||

27. sang aprabu mèsêm angandika arum | duk lagi ambabar | gambar iku sun priksani | sira ora nuju seba marang pura ||

28. dadi durung sira kongsi bisa wêruh | kasêlak ginawa | marang Ngayogya nagari | mèsêm nêmbah angliring marang [ma...]

--- 4: 308 ---

[...rang] kang raka ||

29. yakti lamun lir dhawuh dalêm puniku | kalajêng tan priksa | tujunipun anglêrêsi | kula tuwin kakang mas sami dinuta ||

30. ingkang sêpuh jêng pangran alon nabda rum | dhimas aku iya | nèng kene durung udani | padha bae sumurupku lan adhi mas ||

31. sang aprabu alon amaringi dhawuh | mring kangjêng pangeran | sakalihan dèn lilani | mundur saking ngarsa dalêm sri narendra ||

32. awotsantun sakalihan laju kondur | tan winarnèng marga | mangsuli jêng sri bupati | maksih lênggah munggyèng sasana parasdya ||

33. sarêng sampun wanci jam kalih sang prabu | jêngkar dènnya lênggah | kondur malbèng kênyapuri | para sowan anom myang wêrda bibaran ||

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

[...]

 


Tanggal: Anggara (Slasa) Wage astha likur (28) Rabyalakir (Rabingulakir) Jimawal: angèsthi jêng sang prabu (AJ 1845). Tanggal Masehi: Selasa 16 Maret 1915. (kembali)
Kurang satu suku kata: sudhiya arsa mangkat. (kembali)
Căndra. (kembali)
kèndêlipun. (kembali)
karaton. (kembali)
sukèng. (kembali)
Kurang satu suku kata: ping tigang dasa tanggale. (kembali)
lampahnya. (kembali)
§ (Dr. van Dorsten). (kembali)
10 kaurmatan. (kembali)
11 Tanggal: Rêbo 19 Mulud Alip AJ 1843. Tanggal Masehi: Rabu 26 Februari 1913. (kembali)
12 Tanggal: Jumungah dwi dasapta (27) Rabinguakir (Rabingulakir) [Alip AJ 1843]. Tanggal Masehi: Sabtu 5 April 1913. Perbedaan satu hari (Jumungah versus Sabtu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)
13 Tanggal: Rêspati (Kêmis) 28 Rabinguakir (Rabingulakir ) Ehe AJ 1844. Tanggal Masehi: Kamis 26 Maret 1914. (kembali)
14 Baca: sèwu sangang atus. (kembali)
15 sinambat. (kembali)
16 kangjêng. (kembali)
17 pinundhi. (kembali)
18 bisa. (kembali)