Sri Utama, Purbadipura, 1930, #471

JudulCitra
Terakhir diubah: 14-05-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

P.B. X

Sêrat Sri Utama

Panêmbrama ngiras pèngêtan, nalika Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana, katamuan Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Monsir Piyèr Pas Kwir, gupêrnur jendral ing Indhosina, ingkang kadhawuhan ngarang Radèn Tumênggung Purbadipura

Ing nagari Surakarta Adiningrat

Kaêcap ing pangêcapan N.V. Budi Utama ing Surakarta
1930

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

P.B. X

Sêrat Sri Utama

Panêmbrama ngiras pèngêtan, nalika Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana, katamuan Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Monsir Piyèr Pas Kwir, gupêrnur jendral ing Indhosina, ingkang kadhawuhan ngarang Radèn Tumênggung Purbadipura

Ing nagari Surakarta Adiningrat

Kaêcap ing pangêcapan N.V. Budi Utama ing Surakarta
1930

--- [0] ---

[...]

--- 1 ---

Bêbuka Sêkar Agêng Surarêtna lampah 12 wangsul kaping 4 dhawah pada agêng.

1. Sri Narendra Pakubuwana minulya | ping sadasa litnan jendral wicaksana | ri punika nampèni pisungsung bintang | grutkris saking ing nagari Indhosina ||

1. Kinanthi

1. pèngêt panambramèng atur | ri Salasa tanggal kaping | nênêm wulan Dulkangidah | Alip sangkalaning warsi | trus tata naganing nata |[1] lan kaping nêmbêlas April ||

2. nênggih sangkalaning taun | bingah myat sotyaning bumi |[2] yèku kangjêng naranata | Pakubuwana mandhiri | ping sadasa wicaksana | litênan jendral pinundhi ||

3. ing Surakarta praja gung | ratrine ingkang winarni | jroning kadhaton rinêngga | paripurna sarwa-sarwi | abyor prabaning panjuta | padhang lir rina măngsa tri ||

4. palênggahan kursi bludru | pangarak tinata apik | munggyèng sasana sewaka | parasdya paningrat tuwin | ing sasana andrawina | palataran gumarining ||

5. tan ana sasana lindhuk | pradăngga sampun cumawis | salendro pelog gilapan | manisrêngga kadukmanis | sêpêt madu pinasthika | tuwin sêtrik orkès musik ||

6. pasugatanira sampun | sampêt mawarni miranti | sarêng ing wanci jam sanga | sri narendra anampèni | tamu agung saking praja | Indhosina malbèng puri ||

7. pangkatnya sang amartamu | gupêrnur jendral pinuji | jêng tuwan kang wicaksana | asma Monsir Piyèr [Pi...]

--- 2 ---

[...yèr] Pas Kwir | martamu mring dhatulaya | dene ta ingkang angirit ||

8. sira jêng tuwan gupêrnur | M.B. Pandhêryah wêwangi | saha para tuwan-tuwan | militèr amtênar ngiring | pra agêng Jawi sumewa | sadaya mangagêm kostim ||

9. sarawuhe pandhapa gung | sang tamu saha kang ngirit | nyêlak tanggap têtabean | rumêsêp sami ngurmati | sawusnya bagya-binagya | karaharjanira sami ||

10. ganti têtabean sagung | wau kang sami tut wuri | waradin rêsêping driya | ingancaran lênggah sami | wus mapan sapangkat-pangkat | anut darajating singgih ||

11. urmat pradăngga tinabuh | orkès musik muni gêndhing | marsèl yès tambur slomprètnya | prêsêntirirèng prajurit | swaraning urmat kapyarsa | lir mudyastuti sang prapti ||

12. wusnya pakurmatan suwuk | pra tamu lan kang sumiwi | wus tata lênggah sadaya | ya ta sampanyê lumadi | wus sami angasta gêlas | nuli kangjêng narapati ||

13. kundhisi wilujêngipun | Kangjêng Sri Mahraja Putri | Wilhèlminah ing Nèdêrlan | gya kundhisi kaping kalih | jêng tuwan gupêrnur ingkang | ngandika lêlah rum manis ||

14. wilujêngnya sang linuhung | Presidhèn Republig Prangkrik | kundhisi kang kaping tiga | sang prabu ngandika malih | wilujêngnya Kangjêng Tuwan | Gupêrnur Jendral Pyèr Pas Kwir ||

15. nênggih ping sakawanipun | ingkang mahya ngandika ris | sang martamu kangjêng tuwan | gupêrnur jendral kundhisi | wilujêng dalêm Sri Nata | ing Surakarta nagari ||

16. kundhisi ping catur wau | samya jumênêng ngurmati | sêtrik orkès musig[3] găngsa | carabalène tan kari | barung munya sami urmat | mangayubagya ngamini ||

17. wus wangsul lênggah sadarum | cêp kèndêl tanna kalêsik | ya ta jêng gupêrnur

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

Sri Utama, Purbadipura, 1930, #471: Citra 1 dari 3
1. Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping X wontên Sasana Sewaka ing karaton Surakarta Adiningrat, amanggihi rawuhipun Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral ing Indhosina Kangjêng Tuwan Mêsye Pièr Pa Kwie

--- [0] ---

[...]

--- 3 ---

jendral | jumênêng saking ing kursi | sumawana sri narendra | ugi jumênêng tan têbih ||

18. lan kangjêng tuwan gupêrnur | anut kang sami sumiwi | jêng tuwan gupêrnur jendral | ngandika marang sang aji | prapta kula ing puraya | kapanggih sami basuki ||

19. kula ngaturi pisungsung | awarni bintang grutkrèis | pan hèt kèsêrik pan anam | katampia rênèng galih | kaagêma wayah kula | mugi ingkang ngantos lami ||

20. kajawi punika wau | kula inggih angaturi | pratăndha mring wayah kula | garwanta sri pramèswari | Gusti Kangjêng Ratu Êmas | katur asarêng puniki ||

21. awarni bintang komandhur | nênggih irstê klas kimbui | pan anam pêpuji kula | kagêma kang ngantos lami | ya ta wau sri narendra | mangsuli sabda rum manis ||

22. panjênêngan kula matur | pasihanira puniki | katampèn lan sukarêna | sakalangkung trima kasih | mugi dumadosa tăndha | rakêting pamitran jati ||

23. sakalihanira manggut | lan sami sumèh sêmu sih | ya ta bintang gya mangarsa | kaagêmakên sang aji | pita rêta sèrèt jênar | cêtha sumarempang ngering ||

24. sadaya tyas suka sokur | urmat kang para prajurit | tambur salomprèt tinêmbang | găngsa sêtrik orkès musik | sarêngan munya lir suka | muji lulusa basuki ||

25. dene gusti ratunipun | saya wêwah-wêwah malih | luhuring asma sri nata | kawêntar mring liyan nagri | mèh kêbak sapramosita | kawratan kadarman aji ||

26. kèndêl tan pantara dangu | kalangênan dalêm mijil | sarimpi ingkang abêksa | gusti dyan ayu wêwangi | Sêkar Kadhaton Kustiyah | putri dalêm kang sinung sih ||

27. rampunging matayanipun | ladèn dhaharan mangarsi |

--- 4 ---

waradin kawan rambahan | pra lênggah rêsêp ngrahabi | sinambi ngunjuk inuman | kêras anis warni-warni ||

28. saunduring ladèn wau | lajêng têdhak mariksani | dalêm agêng prabayasa | ing Argapura tan têbih | mring kadhaton kilèn nama | ing prabasana miranti ||

29. sawusnya punika laju | sami wangsul lênggah malih | munggyèng sasana sewaka | katon sami rênèng galih | tinungka badhaya mahya | bêksa nèng ngabyantara ji ||

30. kang dados pambatakipun | priyantun dalêm sang aji | ingkang sinambating nama | Rahadèn Laksitarugmi | gêndhing kabor lir ngla-êla | nglamlami rarasing gêndhing ||

31. wau ta kangjêng sang prabu | ngaturi waluyaning sih | misungsung warni wangkingan | warăngka candhana sari | kandêlan kancana mulya | sêlut barleyan byur pèni ||

32. myang tungkat giligan alus | sinotya êmbanan rukmi | katur ingkang wicaksana | Gupêrnur Jendral Pyèr Pas Kwir | tungkat mring pisê atmiral | lan malih warni paniti ||

33. mawi gambar dalêm prabu | mring kongsul jendral kang nami | Tuwan Budhar sanèsira | wontên ingkang dèn paringi | piring tembok plangkan gambar | saking salaka sinangling ||

34. anênggih sadaya wau | sami mawi dèn paringi | gambar dalêm sri narendra | kang tampi sih sukèng galih | maluya sabda raharja | manggut matur trima kasih ||

35. enggale carita sampun | para tamu sami pamit | gênti-gênti ngabyantara | nyêlak kangjêng narapati | tabean tangkêpan asta | mundur manggut angurmati ||

36. sanggyaning kang para tamu | mêdal saking jroning puri | dèn urmati lir duk prapta | sri nata angênyapuri | para sumewa bibaran | trus gati ngèsthi narpati |[4]|

--- 5 ---

2. Sinom

1. samangke sêkar sri nata | nyambêti cariyos nginggil | tamu agung sarawuhnya | anèng nagari Batawi | dina Salasa Paing | tanggal kaping 28[5] | mawulu wuku Sungsang | wulan Sawal warsa Alip | ongka 1859[6] |[7]|

2. rinangkêpan titimăngsa | titimangsaning Walandi | puniku pinuju tanggal | kaping 9[8] sasi April | petung warsa lumaris | ongka 19[9] | 29[10] duk mandhap | saking kapal api prapti | nèng Batawi kapanggih sang wicaksana ||

3. jêng tuwan gupêrnur jendral | kang winênang misesani | ing tanah Indhonesia | agêng gènira ngurmati | sukèng tyas sang martami | cinêkak caritanipun | anèng ing Batawiyah | amung nyare tigang ratri | Sukra tanggal kaping kalih Dulkangidah ||

4. April tanggal kaping rolas | têdhak mring Bogor mriksani | kantor dhepartêmènira | lanbao kalawan malih | kang pantês dèn tingali | sêsampunira puniku | ri Sêtu kaping tiga | lan tiga wêlasing April | têdhak marang ing Bandhung miyos gêgana ||

5. anitih kapal udara | plih masin saking ing andhir | kamot sapandhèrèkira | mariksani saking nginggil | ngêlangut têbih kèksi | wus mandhap rawuh ing Bandhung | ri Akat tanggal ping pat | wulan Sawal maksih Alip | nunggil April tanggal kaping tiga wêlas ||

6. wontên ing Bandhung mariksa | pabrik lisah kang darbèni | gupêrmèn ingkang iyasa | nèng Bandhung nyare dwi latri | ri Sênèn tanggal kaping | gangsal Dulkangidah tèngsu | lan April ping patbêlas | têdhak mring Samarang prapti | amung sipêng sadalu nuli bidhalan ||

7. ing dina Anggara Krêsna | tanggal kaping nêm kang tampi | lèking sasi Dulkangidah | tuwin ping nêmbêlas April | wau risang martami | sapandhèrèk nora kantun | bidhal saking

--- 6 ---

Samarang | samya nitih otomobil | arsa rawuh ing nagari Surakarta ||

8. mêdal kitha Salatiga | tan ana sangsayèng margi | mawi kèndêl lênggah dhahar | nèng Kopèng dipun wastani | rampung dènira bukti | wangsul mring titihanipun | yèku tanggal nêmbêlas | April sangkalaning warsi | 1929[11] prapta ||

9. ing wanci sore jam lima | rawuh ing Surakarta di | anjujug ing gupêrnuran | pêpak priyagung Walandi | dene priyagung Jawi | ingkang mêthuk anèng ngriku | kathahnya mung sakawan | pêpatih dalêm sang aji | tuwin Kangjêng Pangran Arya Cakraningrat ||

10. kalawan Kangjêng Pangeran | Jatikusuma lan malih | Pangeran Arya Mataram | sami jumênêng nèng galdri | ngalêmpak angurmati | mring wau kang lagya rawuh | duk maksih lumaksana | nèng jro praja dèn urmati | pra prajurit baris satêpining marga ||

11. tuwin jroning palataran | gupêrnuran amiranti | prajurit kang badhe urmat | lèsiyun garneson tuwin | tambahan sami nunggil | urmat mring sang lagya rawuh | sawusnya têtabean | tata lênggah sawatawis | ingancaran ngaso malêbêt ing kamar ||

12. sarêng wanci pukul sapta | nuli miyos anèng galdri | wus ngrasuk busana seta | jumênêng sami anitih | kareta sapangiring | ing lampah nora kêsusu | rawuh Mangkunagaran | kangjêng gusti angurmati | laju lênggah anèng madyaning pandhapa ||

13. tata ing sapangkat-pangkat | katon rênaning panggalih | sang tamu paring pratăndha | supêkêting pamitran sih | marang ing Kangjêng Gusti | Mangkunagara ping pitu | iku awarni bintang | anama kumandhur saking | pan dhê konêng klêkê ordhê pan Kamboja ||

14. pinusara pita rêta | têpi mawi sèrèt wilis | Jêng Gusti Mangkunagara |

--- 7 ---

sawusira anampèni | majêng manggut ngurmati | matur sakalangkung nuwun | kaagêm sanalika | sumangsang ing jăngga nglênging | sami suka kang paring kang pinaringan ||

15. sadaya wus wangsul lênggah | nuli pasugatan mijil | mawi lêlangên wirengan | sarambahan dèn wastani | wira pratama sami | mintonkên kawignyanipun | mataya mawi sara | rampunging wirèng tumuli | risang tamu jêng tuwan gupêrnur jendral ||

16. gya jumênêng têtabean | pamitan wangsul sang tami | maring loji gupêrnuran | rawuh ngaso sawatawis | gya santun busana di | mangagêm kustim sadarum | rampung lênggah ngalêmpak | alon dipun ancarani | maring galdri wingking samya lênggah dhahar ||

17. rampung dènira bujana | jam sanga kirang sakêdhik | wus miyos nèng galdri ngarsa | satata lênggah ing kursi | utusan dalêm katri | ingkang minăngka pamêthuk | yèku Jêng Pangran Arya | Cakraningrat tuwin malih | Jêng Pangeran Ariya Jatikusuma ||

18. Pangeran Arya Mataram | bupati kêparak kalih | Dyan Mas Arya Jayaningrat | lan Dyan Mas Arya wêwangi | Wuryaningrat puniki | ugi kinèn dhèrèk mêthuk | ngampil bèri kancana | sinasaban kêsting abrit | ing jro kuning pinalisir sêkar sêdhah ||

19. punika kinarya wadhah | pisungsung bintang grutkrèis | miwah kumandhur irstê klas | kang badhe konjuk sang aji | songsong gilap sumandhing | wus tinampèn bintangipun | pinundhi pangampilnya | maksih sami lênggah kursi | nuli dhawuh titihan kinèn mangarsa ||

20. kusire matur sandika | kareta majêng cumawis | nyêlak anèng balerata | têdhak sang arsa martami | sadaya sampun nitih | kareta nora lumayu | lumampah alon-lonan | sauruting [sau...]

--- 8 ---

[...ruting] margi-margi | pra prajurit anhai pusisi urmat ||

21. jêng tuwan gupêrnur jendral | lawan jêng gupêrnur nunggil | sakareta lan ajidan | pêthukan saking jro puri | agêm dalêm sang aji | wastane kareta iku | Kyai Garudhaputra | pangirid kuda Ostroli | kawan rakit kêmbar sami ulês krêsna ||

22. mawi purlèdêr ing ngarsa | kênèk kusire jas abrit | sêpaton calana seta | dene kareta ing wingking | tuwan kungsul ing Prangkrik | lan pisê admiral kumpul | Kyai Rêtnasewaka | rakitan cêmêng dwi rakit | gya kareta Kiyai Wimanarêtna ||

23. iku ingkang tinumpakan | bupati kêparak kalih | ngampil agêm dalêm bintang | dèn songsongi gilap pèni | ing wingkingira nuli | kareta lumaku urut | montor tumpakanira | para tuwan-tuwan tuwin | nyonyah-nyonyah kang sami dhèrèk mring pura ||

24. gumarubyug atut wuntat | tanpa sangsayèng lumaris | sarawuhirèng bacira | găngsa kodhokngorèk muni | kang ana ing sitinggil | lir surak muji pudya yu | rawuh ing kamandhungan | nèng maderata sarênti | mandhap saking kareta dèrèng lumampah ||

25. ngêntosi kang anèng wuntat | nanging amung sawatawis | wus ngalêmpak sami prapta | gya laju manjing ing puri | urmat para prajurit | tambur salomprèt munya sru | asri risang lumampah | ing pura sami ngurmati | kadya kang wus kasêbut ing panêmbrama ||

26. mangsuli caritanira | maksih sajêroning puri | sri paduka wicaksana | sampeyan dalêm sang aji | nalika amanggihi | rawuhnya sang tamu agung | munggèng sanasewaka | saking mandrawa kaèksi | mawa praba ambawani sabuwana ||

27. saking adining busana |

--- 9 ---

nyamping parang rusak klithik | paningsêt singsêt binara | cindhe puspita kêtangi | èpèk renda smu kuning | katimang rêtna winangun | jagung sapipil rampak | rasukan baludru wilis | binalodir kadya lung rone rumambat ||

28. rumpi seta saking sutra | rangkêp kamejan sinêtrik | akancing panunggul mirah | karsèt sêsotya rinukmi | sêsupe silih-asih | catur nèng jênthik panuduh | panunggul kanigara | kancana wrêda cinawi | sêsanglingan gilap dhasar kastur krêsna ||

29. kèsya alus kinajuman | palintiran ukêl kêling | turut sêrat pênyu kêmbang | winangun jêram sajuring | lir nyêngkah angêkahi | susuk ukêle tumungkul | adhapur nagaraja | mripatnya rakit sotya lit | kanan kering panêtêp sotya barleyan ||

30. mèpèt kapipit puspita | argulo bang alit-alit | madyaning ukêl kêlingan | pinati paniti rukmi | ngêmbani rêtna katri | intên mirah lan jumêrut | wangun kupu kirab lar | lir milar ngumbarèng langit | suwiwi ro pijêr kêkêjêr tan bêjar ||

31. pidaking pada sinungan | sêpatu baludru wilis | alus kaos sutra rêta | runtut kotlète tumitih | barleyan dèn êmbani | kancana wrêda estha lung | tinon kadya katimang | tumamèng pada tarincing | ngagêm grutkris oranyê nasao miwah ||

32. agêm dalêm bintang-bintang | grutkris kumandhur grut upsir | kèhnya winilis nêmbêlas | kajawi karajan Jawi | myang ridêr-ridêr sami | kaagêm tinata urut | nèng jaja pinandara | ing sotya nawa rêtna di | sunarira muwuhi nuring nurbuwat ||

33. ngagêm wangkingan pusaka | saking para nata nguni | Kangjêng Kyai Agêng Janglat | sarungan candhana sari | jêjêran èdi-pèni | lugasan cahya ngênguwung |

--- 10 ---

rêsik ginêbêg gilap | kêlap-kêlap balêrêngi | prabanira kandêlan suwasa mulya ||

34. sêdene para pangeran | lan pêpatih dalêm tuwin | pra bupati anom tuwa | kolonèl dumugi upsir | saradhadhu kang baris | pameran panganggenipun | sadaya garêbêgan | sumawana kang sumiwi | nambut karya anèng jroning dhatulaya ||

35. nahanta ri Rêbo enjang | gupêrnuran insêtlansi | Jêng Tuwan Gupêrnur Jendral | Indhosina animbali | ingkang badhe tampi sih | wusnya ngalêmpak puniku | sowan nèng galdri ngarsa | kang lênggah jumênêng ririh | amaringi tăndha sih mring kang kinarsan ||

36. anyaosi bintang marang | jêng tuwan pramodèng nagri | Gupêrnur M.B. Pandêryah | kumandhuring indhê saking | ordhê pan èt kèsêrig | pan Anam sang tampi nuwun | malih kang kaparingan | pêpatih dalêm sang aji | Kangjêng Radèn Dipati Jayanagara ||

37. lan Kangjêng Pangeran Arya | Cakraningrat tuwin malih | Kangjêng Pangeran Ariya | Jatikusuma tri sami | bintang kang dèn wastani | opisir pan ordhê iku | pan Dhèn Dhêrag pan Anam | malih ingkang dèn paringi | Kangjêng Pangran Ariya Kusumayuda ||

38. lan Pangran Arya Mataram | sakalihanira sami | opisir pan dhê winastan | konêng klêkê ordhê saking | pan Kamboja lan malih | ingkang dèn paringi iku | Pangeran Nataningrat | kaprênah ramanira lit | lan jêng gusti kang jumênêng sapunika ||

39. ugyantuk sih bintang nama | ridêr in dhê ordhê saking | maili ondhu olêpan | ridêr sampun dèn tampèni | tumuntên kang mungkasi | awasta Radèn Tumênggung | Widaningrat punika | kêkasih dalêm sang aji | dadya abdi dalêm bupati urdênas ||

40. antuk sih bintang

--- 11 ---

ingaran | opsir pan dhê ordhê saking | sowatara pan Kamboja | wau kang sami nampèni | noraga matur aris | ulun sakalangkung nuwun | pinundhi pasihanta | sumèh manggut kang maringi | sawusira kalilan mundur bibaran ||

41. saking loji gupêrnuran | sami katon rênèng kapti | ya ta jêng gupêrnur jendral | lan jêng gupêrnur tumuli | malêbèng dalêm loji | lêlênggahan anèng pungkur | mangke pukul sadasa | kawarti badhe martami | têdhak marang pasanggrahan Pracimarja ||

42. sakalihan kangjêng tuwan | gupêrnur lan sapangiring | tamu sadayarsa priksa | pasanggrahan dalêm aji | kaloka dèn wastani | Pracimaharja dumunung | sakilèning nagara | lambunging ardi Marapi | pasitène arêsik karisik dhahas ||

43. nora kakurangan toya | bêning gumaladhag mili | kinalèn kinulah-kulah | sinilah jalu lan èstri | marma sagung pra tami | liyan praja ingkang rawuh | ing nagri Surakarta | tamtu nyuwun mariksani | saking konus mênos-mênos manisira ||

3. Dhandhanggula

1. nunggil wanci ari Rêbo enjing | maksih April tanggal ping pitulas | gêntos cariyos wiyose | kèndêl satêngah wolu | abdi dalêm jalu lan èstri | sampun sami sumewa | samudayanipun | titihan dalêm kareta | otomobil Kiyai Rêtnapamêling | miwah pangiringira ||

2. sampun pêpak sadaya miranti | pra pandhèrèk wus sami siyaga | anèng kori talangpatèn | bêbêg jibêg supênuh | kawistara migati kardi | ya ta sarêng jam sanga | kangjêng sang aprabu | miyos lênggah sawatara | mungging kursi pandhapi sasana adi | dhawuh kinèn mangkata ||

3. pra priyantun dalêm ngrumiyini | myang parêkan para nyai

--- 12 ---

lurah | wus kamot nèng oto kabèh | gya lumaksana mamprung | dene para priya pan maksih | nèng kori talangpatyan | gêng alit ngalumpuk | wus sami ngrênggêp ampilan | upacara dalêm sami kalung samir | lir sabên apêpara ||

4. nuli wau kangjêng sri bupati | alon miyos nyêlak mring kareta | kang wus dèn sudhiyakake | anèng sangajêngipun | kori talangpatèn wus nitih | gya têdhak alon-lonan | angurmati sagung | wadya ingkang têngga praja | ingkang dhèrèk numpak motor myang otobis | gumrêdêg atut wuntat ||

5. wus lêstari lampahnya sang aji | ngrumiyini mring Pracimaharja | samarga-marga arame | jalwèstri samyandulu | wiyos dalêm kangjêng sri mulki | andhodhok sedhok nyêmbah | sêmune jumurung | marang ingkang lumaksana | sri narendra pangagêmanira kèksi | anyamping latar krêsna ||

6. sêsêratan cuwiri sinawit | lawan dhêsthar têngah cêmukarang | aruntut tata wirone | jênthitan sêsotya gung | balencongan nêtêp ngêtrêpi | paningsêt ijêm mudha | dhasar gunung guntur | sinulam dening bênang mas | èpèk wungu cinitra patra lan sari | têpi kauntu walang ||

7. gim barintik gilab binarêji | kang katimang gendhong byur barliyan | rasukan-kan seta dhasare |[12] kasmir lus putih mênthur | binalodir ing janggan tuwin | widhangan pucuk asta | bêdhahan winangun | atela[13] kinancing sotya | kèhnya gangsal gêngnya sakamiri bungkik | supe catur bandhilan ||

8. kaos rêta sêpatu prakêntin | kotlèt sotya êmbanan salaka | sarakit nèng pada mèpèt | karsèt kancana sêpuh | gêgiligan kadi tumali | mila lir lung rumambat | mubêt nêkak-nêkuk |

--- 13 ---

ambêkuk têngah sinotya | sêling mirah lit-alit kadya angapit | êjam astan katingal ||

9. ngagêm kumandur ing jangga kèksi | krisira lit mèh tan kawistara | têngah pranaja unggyane | kanan kering kadulu | ngagêm bintang nèng jaja kering | pêpak ridêr rentengan | ing sangandhapipun | cakêt pinasangan bintang | bintang tènis plag bintang enggal kèsêrig | kagêm sagrut krisira ||

10. sumangsang ing widhangan mangering | sutra ombak toya amrêngangah | yayah kang mirah pinèpèh | ing kanan bintang têlu | plap Kamboja nuli jêng kyai | bintang surya wasesa | Purtêgal plagipun | pinasang ngencos mangandhap | urut têpining pita grutkris kasêrig | yèku kang anyar prapta ||

11. awangkingan pusakèng narpati | asma Jêng Kyai Agêng Balabar | candhana wrêda rangkane | gayaman wangunipun | kinandêlan suwasa murni | jêjêranira kadya | akik yahman wungu | sanadyan amung lugasan | ing têgêse tanpa sinotya sapêlik | prandene mawa cahya ||

12. mratandhani agêming aluwih | tuhu lamun nata wicaksana | sasana-sana sênêne | mrabawa angênguwung | angawêngi kawangwang kèksi | saking waspadèng driya | kangjêng sang aprabu | kaping sadasa punika | angluwihi kamulyaning nguni-uni | winongwong ing Hyang Suksma ||

13. têdhak dalêm ing samargi-margi | kapiyarsa unining têngara | tutêr klatson sru swarane | prèt gog-gog gakug-gakug | gumalêdhêg tanpa sarênti | wong kampung wong padesan | mêtu gumarubyug | nonton têdhak dalêm samya | rèntèp anèng pinggir lurung jalu èstri | tuwa nom miwah bocah ||

14. andêngèngèk ungak-ungak kèksi | kang durung wruh ngungun ing wardaya | têtakon marang kancane |

--- 14 ---

kang kang sing dhèrèk wau | kathah têmên kang ontên wingking | nitih montor kulukan | kanigara sagung | napa ta pêngantèn anyar | kinèn dhèrèk sampeyan dalêm sang aji | têdhak mring Pracimarja ||

15. kang tinanya nyêntak amangsuli | ambakna wong tan darbe gagasan | dudu pêngontan-pêngantèn | iku para tumênggung | tuwa anom ingkang umiring | akuluk kanigara | kulambi rinasuk | putih bêdhahan atelah | kêris ladrang sêlut nganggo wêdhung samir | komplit busananira ||

16. kang kulukan irêng ika mantri | lan panèwu lurah punakawan | ingkang piniji andhèrèk | nyangkêlit pêdhang suduk | ana wêdhung samir tan kari | mèlu ngampil-ampilan | nunggal pra tumênggung | busanane nora beda | padha ngrasuk kulambi atela putih | bedane kuluk krêsna ||

17. têdhak dalêm praptèng Bayalali | montor maksih laju lumaksana | nglangkungi Ngrancah gya Pule | Maliwis menggok ngidul | tutêr klatson munya kapyarsi | pra abdi dalêm ingkang | ngrumiyini laku | sudhiya nèng pasanggrahan | Pracimarja sampe sampêt amiranti | tan ana kang kuciwa ||

18. palataran rêsik gumarining | ya ta rawuh jêng sang wicaksana | urmat pra prajurit kabèh | munya salomprèt tambur | myang pradăngga dipun sindhèni | kang sami linggih obah | andhodhok tumungkul | tangane angapurancang | wus katingal kathah ingkang ngrumiyini | sudhiya pasugatan ||

19. mangangge lir ingkang wus winuri | ya ta wau lampahing titihan | dalêm gya kinèndêlake | anèng sangajêngipun | ing pandhapi cakêt taritis | korine kang kareta | wus binuka laju | umandhap sri naranata | sapandhèrèk mudhun saking otomobil | sami [sa...]

--- 15 ---

[...mi] tata sumewa ||

20. sri narendra têdhak mariksani | ing pandhapi tataning plênggahan | ing dalêm lajêng mangilèn | marang pandhapi pungkur | sampun sami dipun tatani | kang meja papan dhahar | mangke lan pra tamu | wangsul lênggah ing pandhapa | para putri malêbèng dalêm sumiwi | kêkalih putri nata ||

21. yèku ingkang asilih wêwangi | Bandara Radèn Ajêng Kusiyah[14] | lawan Kusrinah rayine | priyantun dalêm wolu | nama Radèn Ayu Dipati | Dipati Sêdhahmirah | lawan malihipun | Dyan Ayu Rêtna Purnama | tuwin sira Dyan Ayu Sumarnarugmi | thèrèk dènira lênggah ||

22. nama Dyan Ayu Kumudarugmi | Radèn Purnamarugmi Rahadyan | Sudamarugmi Rahadèn | Ismayarugmi laju | nama Radèn Lagsmitarugmi[15] | gantya abdi wanita | kang dhèrèk winuwus | Nyai Lurah Adisana | sakanthine nyi lurah sedhahan nyamping | lurah kamar satunggal ||

23. kênya puspita bêkêle kalih | jajaripun ingkang lami tiga | kang enggal tiga cacahe | jajar ajidanipun | kadi sabên ingkang umiring | abdi dalêm badhaya | ingkang atut pungkur | Dyan Ajêng Nêmlik wastanya | tuwin malih anama Dyan Ajêng Kamti | Mas Jati Mas Jumirah ||

24. yèku badhe abêksa sarimpi | tuwin malih badhaya pinjungan | sakawan iku cacahe | kalawan malihipun | abdi dalêm badhaya nami | Radèn Rara Sumirah | sadaya puniku | nêtêpi ing kawajiban | nora nana andaleya maring wajib | santun sêkare lonthang ||

4. Lonthang

1. winursita kang dhèrèk para pangeran | sira jêng pangeran angabèi lawan | Kangjêng Pangran Arya Kusumadiningrat ||

2. Kangjêng Pangeran Ariya Cakraningrat | Kangjêng Pangran Ariya Kusumayuda | Jêng

--- 16 ---

Pangeran Ariya Adiwijaya ||

3. Jêng Pangeran Ariya Jatikusuma | Jêng Pangeran Arya Surya Amijaya | lawan malih Pangeran Kolonèl Arya ||

4. Purbanagara kalihan ingkang garwa | lawan Dara Pangeran Arya Mataram | kang kasêbut ing nginggil wau busana ||

5. ngagêm cara Walandi militèr seta | topi pêthak lan mawi sabêt larakan | tuwin Radyan Dipati Jayanagara ||

6. ngagêm cara Walandi amtênar pêthak | abdi dalêm bupati ingkang tut wuntat | Rahadyan Mas Ariya Wiryadiningrat ||

7. tuwin sira Dyan Tumênggung Widaningrat | Bupatyanom Tumênggung Bujadipura | lawan Radèn Mas Arya Jayacundaka ||

8. miwah Radèn Tumênggung Mangundipura | lan Radèn Mas Tumênggung Patmadipura | tuwin Radèn Tumênggung Jayadipura ||

9. bupatyanom mangke kang ngladosi dhahar | iku Radèn Mas Arya Yasadipura | kanthi Radèn Tumênggung Atmadipura ||

10. lawan Radèn Tumênggung Wiryadipura | sira Radèn Mas Arya Bratadipura | tuwin Radèn Tumênggung Puspadipura ||

11. pra bupati kang dhèrèk busananira | arasukan atela pêthak sêtrikan | dhuwung ladrang sami kuluk kanigara ||

5. Balabak

1. sinantunan samangke sêkar balabak | sambunge | abdi dalêm panèwu mantri winarna | namane | Rahadèn Mas Ngabèi Prajabusana | samine ||

2. ingkang nama Ngabèi Prajasusastra | lan manèh | gya Panèwu Ngabèi Atmasutikna | arane | pangkat Mantri Ngabèi Wignyakesawa | jênênge ||

3. dene ingkang pinatah ngampil ampilan | urute | abdi dalêm panèwu mantri urdênas | kanthine | lurah bêkêl punakawan tigang dasa | cacahe ||

4. langkung nênêm sami angrênggêp ampilan | wajibe | ngampil kangjêng kyai [kya...]

--- 17 ---

[...i] camêthi pusaka | namane | pramugari waos Kyai Kalanadhah | lan manèh ||

5. Kyai Lawang lawan Kyai Rugmakala | sabête | waos pegon anama Kiyai Lawang | urute | tuwin Kyai Jêngking awarni talêmpak | gya manèh ||

6. towok Kyai Maesa panêpi nama | tunggale | limpungira anama Kiyai Macan | patute | rotan nama Kiyai Paksinugraha | sambunge ||

7. sanjatane nama Kyai Sarotama | karone | Kyai Kencakarupa sapirantinya | wus êntèk | abdi dalêm golongan Rêksabusana | kang dhèrèk ||

8. namanira Ngabèi Atmabusana | kanthine | aran Lurah Atmasasana kalawan | kancane | punakawan mung sacukupe kang nyăngga | ing gawe ||

9. abdi dalêm prikănca Rêksasugata | kang dhèrèk | pangarêpe Ngabèi Kartadirasa | jênênge | sacukupe andhahanira prayoga | gawene ||

10. lawan malih di dalêm Rêksapanjuta | wajibe | nyumurupi lan angrêksa pandam-pandam | sakabèh | tindhih mantri abdi dalêm pra niyaga | kanthine ||

11. nunggal ênggon lan pangêprak wiraswara | pasindhèn | badhut miwah talèdhèk wus sami pêpak | athèrèk | abdi dalêm mêtêngan anabuh jès bèn |[16] kancane ||

12. dèn tambahi abdi dalêm kănca ingkang | adate | tukang nabuh orkès kêkalih kathahnya | gêgêntèn | lan pradăngga munya nganyut-anyut driya | rarase ||

13. abdi dalêm pra prajurit kang winarna | kang dhèrèk | pangagênge puniku pangkat litênan | kolonèl | nama Radèn Mas Arya Priyawinata | kanthine ||

14. ajidane sawiji kang atut wuntat | lan manèh | wira trunasura satus [sa...]

--- 18 ---

[...tus] kalih dasa | cacahe | tindhih mayor myang kapitan upsirira | pandhêle ||

15. nora pisah salomprèt tambur musiknya | barise | saking dhusun Mliwis praptèng pasanggrahan | athèrèk | anhai nèng kiwa têngên pinggir marga | ajèjèr ||

16. saragêni kêparak lan nyangkrag nyana | lan manèh | sinambungan barise kănca kanoman | kidule | gya panyutra samya manganggo grêbêgan | lir wirèng ||

17. mêngko lamun tamu agung lumaksana | nèng kene | ingkang baris anhai prasami urmat | kabèhe | yèn wun[17] lênggah nèng pandhapa pasanggrahan | tatane ||

18. pra panyutra lumaku ngidul tayungan | ngarêpe | sinung găngsa carabalèn muni ngangkang | tan lèrèn | têtayungan mêtu sangarêp pandhapa | malige ||

19. ing Maliwis sinungas[18] wisma pagongan | tan gêdhe | wadhah găngsa carabalèn lan niyaga | ladène | Bayalali Kabopatèn pangrèh praja | arane ||

20. wiwit ngêkrun dumugi ing pasanggrahan | rinontèk | umbul-umbul daludag sami pinasang | thinèrèk | urut marga ingkang badhe kalangkungan | tamune ||

21. ing pandhapa pinalisir gula klapa | wastrane | sami obah kasiliring samirana | kumlèbèt | nyabêt bat-bêt ibut mubêt kadi asta | angawe ||

22. yèn ngucapa bok ya tumulia prapta | tamune | kaya ngapa wong agung ing Indhosina | samangke | karsa rawuh pasanggrahan Pracimarja | ayake ||

23. tanpa cuwa boya malah sukarêna | galihe | awit saka sampeyan dalêm sri nata | adate | marang tamu asih nguja bojakrama | tanduke ||

24. marma iki pananggrahan[19] Pracimarja | katone | wus miranti pasugatan warna-warna |

--- 19 ---

anane | tan kuciwa sadaya sarwa prayoga | sakabèh ||

6. Gambuh

1. sinantun sêkar gambuh | winangsulan malih kang winuwus | gupêrnuran nalika samana wanci | satêngah sapuluh esuk | sadaya sampun mirantos ||

2. ngajêngan wus kadulu | otomobil nênêm kathahipun | paring dalêm pêthukan saking jro puri | Kyai Căndrarêtna bagus | lan rajapèni sumaos ||

3. malih katiganipun | nama Kyai Sampeati patut | sakawane Kiyai Rêtna Kulingling | gangsale ingkang sinêbut | Kyai Marasănja sengoh ||

4. jangkêpe nêm puniku | Kyai Puspakawilis wus kumpul | sopir kanthi sakênèke anyêlaki | sarêng wanci jam sapuluh | sang tamu agung gya miyos ||

5. saking ing loji laju | nitih oto sapandhèrèkipun | kangjêng tuwan gupêrnur jendral wus nitih | sakalihan Jêng Gupêrnur | Pandêryah nunggil samontor ||

6. nênggih sawingkingipun | montor ingkang nitihi puniku | sang admiral saha kungsul jendral nunggil | nyambêti kang atut pungkur | urut samya nitih alon ||

7. wus mapan lênggahipun | nèng kareta montor duk lumaku | saking loji gupêrnuran maksih rindhik | langkung ngajêng bètèng ngidul | ing Galadhag menggok ngulon ||

8. puniku lampahipun | radi santêr tutêr munya sêru | gag gog gag gog lir wêwarah pra lumaris | kinèn minggira ing laku | mumpung maksih kapara doh ||

9. ingkang sami karungu | suwara srumingkir[20] sajak gugup | age-age tumulia têkèng pinggir | mandhêg nonton sarwi ngungun | akèh têmên montor ngulon ||

10. kang wus wruh nambung wuwus | niku tamu agung nêmbe rawuh | ontên praja dalêm Surakarta [Su...]

--- 20 ---

[...rakarta] ngriki | turene duk wau dalu | martamu dhatêng kadhaton ||

11. agêng pasmuanipun | dene enjing niki amartamu | mring Pracimaharja arsa panggih malih | kalihan kangjêng sang prabu | mulane montor mangulon ||

12. kang tanya malih muwus | criyos dika ture wau dalu | pun malêbêt mring pura panggih sang aji | wusanane tamu agung | gumarêdêg nitih montor ||

13. napa kangjêng sang prabu | êmpun têdhak têng Praci puniku | wangsulane pun miyos dhèk wau enjing | wanci jam sanga nêm mênut | saha wadyabala bodhol ||

14. kang dhèrèk sadayèku | nitih montor sarêng atut pungkur | anggarêbyêg samua dipun tingali | amangagêm sarwa luhung | kapraban surya sumorot ||

15. kang takon sêmu gêtun | dene nora wêruh mau esuk | têdhak dalêm mring Pracima ngrumiyini | wong ingkang rêrasan iku | wus pisah nora nunggal gon ||

16. ananging maksih krungu | lamat-lamat suwaraning gakug | titihannya tamu agung kang lumaris | tan aris sampun sumêbut | kêbat lakuning kang montor ||

17. sampun nglangkungi iku | Purwasari Kaleca saya sru | ing Gêmbongan Kartasura Ngasêm prapti | Bangak Banyudana Pundhung | pratêlon Pêngging trus ngulon ||

18. nglangkungi Kêbontutup | ing Bondalêm Têras Ngrandhusantun | Majasanga Butuh kutha Bayalali | Ngrancah dhusun Pule laju | supir mèjèt tutêr klatson ||

19. ya ta kang sami ngrungu | pra prajurit anhai nèng lurung | dèn abani dening tindhih kaptin upsir | tinata linajur urut | godhage amung sak uwong ||

20. ngadêg jêjêg tan bêngkuk | tungkak gathuk dhangak sirahipun | badan kêncêng makêngkêng kadya kaywaking | kang urmat [urma...]

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

Sri Utama, Purbadipura, 1930, #471: Citra 2 dari 3
2. Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping X, wontên pasanggrahan dalêm ing Pracimaharja, amanggihi rawuhipun Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral ing Indhosina, Kangjêng Tuwan Mêsye Pièr Pa Kwie

--- [0] ---

[...]

--- 21 ---

[...t] anhai iku | kabèh ya padha mangkono ||

21. pradăngga Carawangsul | kang nèng dhusun Maliwis musnya[21] sru | anyuwara plak-plak dhung blang tholat-thalit | lir angsung warta mèh rawuh | tamu agung ing samêngko ||

22. titihan montor laju | lampahira alon menggok ngidul | ngambah krêtêg kang anèng wuri nututi | uga tan ana kasusu | rindhik salakuning uwong ||

23. praptèng sangandhaping krun | musik orkès pradăngga tinabuh | swara barung sarêngan sami ngurmati | munya sru salomprèt tambur | êrèng dhèng-dhèng tlotot titot ||

24. urmat prèsêntir gupuh | titihannya risang tamu agung | ngrumiyini kèndêl sangajêng pandhapi | sampeyan dalêm sang prabu | wus jumênêng anèng kono ||

25. gya mandhap ingkang rawuh | sakalihan jêng tuwan gupêrnur | manggut majêng têtabean rumêsêp sih | mingêr kanthèn asta laju | alon lumampah mangulon ||

26. rawuh sajêngipun |[22] palênggahan kursi binaludru | maksih sami jumênêng kèndêl ngêntosi | para pangiringing tamu | sami mandhap saking montor ||

27. ngalêmpak laju maju | marang ngarsa dalêm sang aprabu | têtabean sadaya sampun waradin | sanggyaning kang para luhur | santun gurisa winaos ||

7. Girisa

1. ya ta wus lênggah satata | nèng pandhapa Pracimarja | majêng mangetan sang nata | satêngên dalêm kang lênggah | Jêng Tuwan Gupêrnur Jendral | Indhosina Wicaksana | Piyèr Pas Kwir ingkang asma | sakiwa dalêm sang nata ||

2. puniku asma Jêng Tuwan | Gupêrnur M.B. Pandêyah | têpung urut kering kanan | apangkat pisê admiral | Tuwan Sêtot namanira | kungsul jendral Tuwan Bodhar | Jêng Gusti Mangkunagara | tumuli residhèn praja ||

3. Tuwan Lètêri [Lè...]

--- 22 ---

[...têri] sambêtnya | punika residhèn nama | Tuwan H.T. Amèn lawan | H.H. Dhêkok residhènnya | ing kutha Kêlathèn miwah | asistèn residhènira | Bayalali ingkang lênggah | W.D.B.H. Muldhêr nama ||

4. Residhèn Tuwan Kunêman | Kolnèl Tuwan Pitlo cêlak | lan tuwan kapitan nama | Komêrolamot tan têbah | kaptin ugi nama Tuwan | Barul gya malih Kapitan | Tuwan Dhêro sambêtira | Litnan Tuwan Badhên nama ||

5. lan dhirèktur Indhosina | nama Tuwan Lakom ingkang | nèng kantor pulitik lênggah | nunggil ing nginggil punika | sami dhirèktur pilênggah | Tuwan Nor kawajibannya | ing kantor kabinètira | kang nyambêti iku nama ||

6. sèkrêtaris Surakarta | K.A.E. Burês kalawan | presidhèn landrat kang lênggah | yèku Tuwan Mèstêr nama | W. Andri Wèlton lajêngnya | narpatmaja jêng pangeran | angabèi sambêtira | pêpatih dalêm sang nata ||

7. Kangjêng Radèn Adipatya | Jayanagara tumulya | Jêng Pangran Sumadiningrat | Jêng Pangeran Cakraningrat | Jêng Pangran Kusumayuda | Jêng Pangran Adiwijaya | Jêng Pangran Jatikusuma | Jêng Pangran Suryamijaya ||

8. Pangeran Kolonèl Arya | Purbanagara kalawan | Pangeran Arya Mataram | tumuli santananira | Jêng Gusti Mangkunagara | nama Pangran Nataningrat | lan Dyan Mas Suryasumarna | Tuwan Radhêmakêr lênggah ||

8. Mêgatruh

1. lajêngira sinantun sêkar mêgatruh | kang lênggah puniku sami | katon pirênaning kalbu | priksa pasanggrahan adi | sarwendah sagung tinonton ||

2. tan adangu kapyarsa pradăngga ngungkung | carabalèn muni gêndhing | pisangbali nora sêru | kang sami lênggah ing kursi [kur...]

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

Sri Utama, Purbadipura, 1930, #471: Citra 3 dari 3
3. Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping X, wontên pananggap pasanggrahan dalêm ing Pracimaharja, amanggihi rawuhipun Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral ing Indhosina, Kangjêng Tuwan Mêsye Pièr Pa Kwie

--- [0] ---

[...]

--- 23 ---

[...si] | ebah andhèrèk sang katong ||

3. sang nata wus jumênêng lan para tamu | majêng nyêlak mariksani | para wira kang lumaku | mangidul ngarsèng pandhapi | nèng soring malige katon ||

4. godhag patang tindak lawan găngsa wau | panyutra lumaku ngibing | têtayungan jèjèr catur | tindaking pada nibani | ing irama têtêp alon ||

5. kang minăngka dadi têtindhihe têlu | ingkang loro pangkat mantri | nama dyan ngabèi iku | Atmawidagda Dyan Bèi | Atmamarjana tan adoh ||

6. nèng wuri Dyan Lurah Atmautaya wus | tri pisan ngawat-awati | panyutra ingkang lumaku | kêndho kêncêng rikat rindhik | manut aba kang linakon ||

7. datanpa lêt ing wuri nyambungi laku | saragêni kanan kering | jèjèr loro-loro urut | kamituwa pangkat mantri | kèhe papat tuwa anom ||

8. mantri iku panêngran ingkang sinêbut | Suramuninggar Dyan Bèi | Surakartala ing ngayun | ngabèi tangkilan malih | lan Jayasuwarna amor ||

9. nuli nyangkrag nyana kamituwanipun | arane iku Ngabèi | Jayaratmaka dinulu | tanpa lêt dènya lumaris | kănca kanoman tan adoh ||

10. tindhihipun nama ngabèi puniku | Jayasewaya tan têbih | sinambungan wurinipun | dening kang para prajurit | trunasura tindhih mayor ||

11. Dyan Mas Arya Jayèngwinata pangayun | kaptine Radèn Mas Panji | Tăndhakusuma sumambung | Irstê Litnan Dyan Mas Panji | Trunasadewa rumojong ||

12. amrih ajêg jêjêg tumindaking laku | puniku nama Mas Panji | Trunasubrata saruntung | lan Twèdhê Litnan Dyan Panji | Trunamardawa kang anom ||

13. mayorira kang ngabani sadayèku | wau

--- 24 ---

kang para prajurit | pandhêl pinundhi nèng ngayun | tambur salomprèt myang musik | sarêngan munya tan anggop ||

14. kang lumaku nèng ngarsa dalêm sang prabu | dhiplirên dipun wastani | tuwin kang lumaku ngayun | tan măntra ana ing ardi | cèplês kaya nèng kadhaton ||

15. nora owah brêgasing tandang lan tanduk | barêng tumindaking sikil | sami sumringah ing sêmu | giranging tyas dèn priksani | pra tamu lan jêng sang katong ||

9. Pangkur

1. wus kapungkur kang lumampah | ya ta wau tamu dèn sasmitani | wangsul lênggah lir duk wau | sadaya sampun mapan | sinugata sês sigarèt lan sarutu | sarèke wadhah salaka | waradin kang dèn ladosi ||

2. myang minuman warna-warna | kêras aris aèse nora kari | parigêl kang sami maju | ngladèni tan kuciwa | wus kulina tan suwe ingkang pinundhut | cekat-cèkêt karya lêga | sagung ingkang dèn ladosi ||

3. tan dangu antaranira | kapiyarsa suwarèng găngsa muni | slêpêgan kêprak ambarung | slendro pathêt manyura | gya katingal lêlangên dalêm umaju | wirèng sarakit tan kêmbar | gèsèh busana myang warni ||

4. yèku Sang Kapi Anila | lan Prahasta Patih Ngalêngka puri | nêmbah gya linggih tumungkul | nèng markis maderata | kêprak throthug sasmita slêpêgan suwuk | cêp mênêng ingkang pradăngga | nuli wiwit munya malih ||

5. gêndhing lere-lere tamban | wêwilêtan raras eca kapyarsi | nyêmbah wirèng jèngkèng maju | ngadêg anjogèt brêgas | Anilane lincak-lincak maju mundur | lir ngiwi-iwi lir mêngsah | mangsah mêndhak mindhik-mindhik ||

6. kang pindha Patih Prahasta | olah raga andhaplang junjung sikil | gela-gelo pancak gulu | gèbès-gèbès andhangak | ngungak-ungak ngiwa nêngên [nê...]

--- 25 ---

[...ngên] sêblak sampur | anjêgagig tanjak kalang | sondhèr dèn wiwir kumitir ||

7. sajak tan pati prayitna | mring mungsuhe Anila èndhèk cilik | kinias dèn dumuk ajur | măngsa mindhoa karya | mungsuh iku pasthi sirna marga layu | tutugna sagêndhingira | sêsadrah ngong tan kuwatir ||

8. payo dèn kaparèng ngarsa | lir mangkono sêmune Kyana Patih | Prahasta sêmbranèng tanduk | dènya ngadoni yuda | Sang Anila ngece cat-cut prucat-prucut | oncat endha yèn ginada | lamun malês mikênani ||

9. enggaling crita kang bêksa | wus arukêt caruk rok silih ungkih | găngsa munya sampak sêru | kasor Patih Prahasta | tinarancag Anila anggigit gulu | niba dhêpani bantala | Patih Prahasta ngêmasi ||

10. lincak-lincak Sang Anila | maju mundur midêr amilang-miling | nyunguk ngawasakên mungsuh | jênggilêng tawing asta | wus têtela Prahasta nêmahi lampus | găngsa suwuking wibaksa | sakarone mundur aris ||

11. suka kang sami miyarsa | jro wirengan kang lênggah dèn ladosi | majêng dhahar dalêm kaldhu | mawi bistik sadaya | malih majêng minuman kang adatipun | kaunjuk yèn badhe dhahar | sampun lumadi waradin ||

12. maksih jênak lêlênggahan | nèng pandhapa ing sêmu sami kèksi | suka sih rêna ing kayun | kayuyun mring sang nata | dera wignya ngecani tyasing pra tamu | miwah gunging bujakrama | pahargyanira mênuhi ||

13. ya ta malih kang mangarsa | kalangênan dalêm wirèng sarakit | mèh kêmbar busananipun | tan ana kang kuciwa | yèku ingkang pinindha nalikanipun | Radèn Jayèngsari pêrang | lawan Prabu Salyapati ||

14. sakaronira wus prapta | ngarsa dalêm sila sami ngastuti | nuli pradăngga [pra...]

--- 26 ---

[...dăngga] tinabuh | pelog pathêt nêm raras | rêbab buka munya gêndhing kêmbang tanjung | dhalang ngêprak wèh sasmita | wirèng dhèngèk nêmbah malih ||

15. gya ngadêg wiwit mataya | obah raga parigêl amantêsi | wirèng sarakit puniku | èstri cinara priya | asêsondhèr jamang badhong kêlat bahu | gêlang kana têbah jaja | kêroncong amangking kêris ||

16. sapirantining busana | sampe sampêt mèh tanpa nguciwani | duk nalika wirèng maju | kangjêng sri naranata | tampi atur palapuranira sampun | rampung panataning dhahar | kang munjuk jêng pangran bèi ||

17. sawusira piniarsa | gya jumênêng kang lênggah nèng pandhapi | andhèrèk kangjêng sang prabu | mring pandhapi pêngkêran | pan ing kono papan palênggahanipun | pamboja bogandrawina | orkès jès bèn găngsa musik ||

18. munya urmat têdhak dhahar | myang sanggyaning prajurit ingkang baris | urmat pandhêlnya tumiyung | salomprèt tamburira | swarambarung barêngan lir wahye ngatur | sung puji wilujêng dhahar | sang tami sang pinartami ||

19. sadaya wus sami lênggah | munggyèng kursi anut unining karcis | numpang nèng ngambêng kadulu | namane ingkang dhahar | ing saambêng-ambêngira tinartamtu | kang lênggah sami sakeca | pocung sêkare ginanti ||

10. Pocung

1. ya ta wau paladèn dhahar kasêbut | ing mêni pinasang | nèng cêlak ambêng nyawiji | apratela lumadi dhahar ping sanga ||

2. kang rumuhun mangayun warni sop sayur | kaping kalih dhahar | sêkul uwos sokanandi | dèn ladosi ulam-ulaman mawarna ||

3. kaping têlu rêmoladhê lidhah duduh | sayuran lan kênthang | kaongklok dèn martegani | ping pat êmpol palêm duduh krèm mirasa ||

4. wus ingundurakên kaping

--- 27 ---

lima maju | podhêng isinira | mêmanisan warni-warni | podhêng wau duduhe mawi tripêlsak ||

5. kang umaju kaping nêm ingkang winuwus | ès panili saha | binètêran mawi kokis | kaping pitu soklat lêlêgi mangarsa ||

6. kaping wolu wowohan ingkang mangayun | nênggih kaping sanga | wedang kopi dèn prêsani | lumadine mangke nèng pandhapi ngarsa ||

7. sajronipun para agung dhahar kumpul | mawi sinêlanan | kaping sakawan kundhisi | duk sapisan ingkang kundhisi sang nata ||

8. ngandika rum wilujêngnya tamu agung | ingkang wicaksana | Kangjêng Tuwan Piyèr Pas Kwir | Sang Gupêrnur Jendral tanah Indhosina ||

9. sadayèku ingkang dhahar sabiyantu | ngunjuk sêsarêngan | musik orkès angurmati | munya gêndhing marsèl yès eca kapyarsa ||

10. sawusira pangunjukanira sagung | dèn jogi sadaya | sampanyê sampun waradin | kang kundhisi jêng tuwan gupêrnur jendral ||

11. sabda ruruh wilujêng dalêm sang prabu | ingkang wicaksana | kaping sadasa mandhiri | nagara gung Surakarta Adiningrat ||

12. musik laju munya urmat gêndhingipun | Wilhèlmis araras | suwuking musik tumuli | pangunjukan malih dèn jogi sadaya ||

13. waradin wus kang ngladèni alon mundur | tumuli Jêng Tuwan | Gupêrnur Surakarta di | ngasta gêlas kundhisi wilujêngira ||

14. Jêng Gupêrnur Jendral Indhosina sampun | kèndêl sawatara | sang tamu agung kundhisi | wilujêngnya Jêng Tuwan M.B. Pandêryah ||

15. Sang Gupêrnur ing Surakarta rahayu | jangkêp ping sakawan | dènira mahya kundhisi | gya jumênêng saking kursi meja dhahar ||

16. laju wangsul marang ing pandhapi ngayun | kangjêng sri narendra | sadayanira umiring |

--- 28 ---

maksih sami jumênêng gya linadosan ||

17. majêng urut pangunjukan dalêm prabu | wedang kopi prêsan | sapangiringira wradin | sami ngunjuk tinungka malih ladosan ||

18. sês sarutu miwah sigarèt kohinur | sarwi mlampah-mlampah | munggyèng sajroning pandhapi | musik orkès jès bèn găngsa maksih munya ||

19. swara barung sêsarêngan nganyut-anyut | urmat bibar dhahar | sawusnya suwuk tan muni | sri narendra ngancarani wangsul lênggah ||

20. para tamu miwah kang sumewa sagung | sami dhèrèk lênggah | têtali nalika prapti | duk punika ing wanci jam kalih siyang ||

21. jêng gupêrnur jendral asasmita manggut | mring kangjêng sang nata | gya jumênêng nyuwun pamit | arsa laju mring nagri Ngayogyakarta ||

22. sang aprabu wangsulan dalêm jumurung | gya sami tabean | têkêman asta pêpuji | mugi sami tulusa raharjèng lampah ||

23. matur nuwun kantuna suka rahayu | gêntos têtabean | sadaya sampun waradin | miwah Kangjêng Lupêrnur[23] ing Surakarta ||

24. ugi nyuwun pamit kalilana mundur | kondur maring praja | lawan para tuwan sami | wus waradin dènira sami tabean ||

25. sampun maju titihan montor nèng ngayun | sor malige mapan | sang tamu agung wus nitih | sri narendra nguntapakên sang wisata ||

26. dyan lumaku titihannya tamu agung | sapandhèrèk tansah | sami nitih otomobil | pakurmatanira lir nalika prapta ||

27. wus kapungkur ing Pracimarja winuwus | kangjêng sri narendra | sapêngkêring para tami | gya malêbêt marang dalêm pasanggrahan ||

28. para agung Jawi kang sumewa sampun | kalilan bibaran | wangsul kondur mring nagari | ngasmarani pasanggrahan Pracimarja ||

11. Asmaradana

1. wau ta

--- 29 ---

ingkang winarni | kang maksih nèng pasanggrahan | andhèrèk kangjêng sang katong | para putri sadayanya | miwah para parêkan | agêng alit datan mantuk | majibi karya rumêksa ||

2. dene pra kakung kang maksih | Bandara Pangeran Arya | Purbanagara Kolonèl | Litnan Kolonèl Radèn Mas | Arya Priyawinata | kêkasih dalêm sang prabu | Dyan Tumênggung Widaningrat ||

3. bupati anom kang nami | Rahadèn Tumênggung Boja- | dipura kalawan manèh | puniku nama Radèn Mas | Arya Jayacundaka | lan malih Radèn Tumênggung | Mangundipura panêngran ||

4. tuwin radèn mas kang nami | Tumênggung Patmadipura | lan malih sira Rahadèn | Tumênggung Jayadipura | panèwu ran Radèn Mas | Prajabusana puniku | Ngabèi Prajasusastra ||

5. Atmasutikna Ngabèi | Dyan Bèi Wignyakesawa | lan mantri kamituwane | prikănca Rêksabusana | lawan Rêksasugata | sabêkêl jajare tumut | rumêksa migati karya ||

6. tuwin kang para prajurit | trunasura kawan dasa | irstêlitênan tindhihe | kanthi twèdhê litnan samya | kawot sapirantinya | ngloro salomprèt myang tambur | sajuga-juga giliran ||

7. niyaga pasindhèn tuwin | talèdhèk lan wiraswara | mêtêngan kang nabuh jès bèn | ampilan dalêm sang nata | sadaya maksih pêpak | nèng ênggon kang wus tinamtu | sumare miwah ing plangkan ||

8. sarina wêngine pasthi | ngarsa wuri kering kanan | gêdhong-gêdhong sêsamine | sadaya tansah jinaga | dening kang kawajiban | tan ana ênggon kang suwung | pasanggrahan Pracimarja ||

9. katon rêsik gumarining | wiwitan kabèh ngrêmbaka | gêdhe cilik padha bae | kêkêmbangan warna-warna | anjrah sêgêr sumringah | pradapa [pra...]

--- 30 ---

[...dapa] rone ngrêmbuyung | karok mèdêm sêkar mêkar ||

10. kasilir samirana ris | obah lir wiragèng baksa | katut kang sari gandane | sumrambah tumamèng grana | rêsêp sangingsêp gănda | ngambar sumrik marbuk arum | rum-arume sumarambah ||

11. sagung putra santanabdi | jalu wanita tan beda | kalamun dhèrèk sang katong | sami cipta sukarêna | dhasar nèng Pracimarja | kulit daging balung sungsum | otot bayu rah lumaksa ||

12. saking antuk hawa rêsik | bêcik adhême sêdhêngan | lêmahe dhahas tur wêdhèn | banyune mili gumladhag | rêrêgêd bisa sirna | tan ana ambu kang dudu | bawera katon sumêblak ||

13. sadaya para umiring | anêtêpi kawajiban | anut miturut sapakon | saking bêkti sungkêmira | marang jêng sang sinewa | sampeyan dalêm sang prabu | dènira nèng pasanggrahan ||

14. samangke wus sangang ari | arja tanpa sambekala | prapta malêm Rêpati[24] Pon | tanggal kaping gangsal wêlas | Mèi ping salawe prah | wulan warsa nunggil kang wus | samana wanci jam sanga ||

15. sampeyan dalêm sang aji | arsa kondur marang praja | sapandhèrèk nitih montor | budhal saking Pracimarja | wus rawuh jroning pura | tan ana sangsayanipun | pandhèrèk sami raharja ||

16. sanggyaning kang santanabdi | boya sami apratignya | tan suminggah rèh sang katong | bêbasane sampun ingkang | sakit tumêkèng pêjah | kalamun wus ngêmban dhawuh | ajur mumur awor kisma ||

17. mung kewala dèn lampahi | tan pisan selak suminggah | mangkono iku adate | kawula ingkang wus pana | nistha madya utama | upama angêmban dhawuh | sri narendra wicaksana ||

18. ulun kinèn amèngêti | rawuhe

--- 31 ---

gupêrnur jendral | ing Indhosina prajane | kadya kang wus winursita | nginggil wau sadaya | bok bilih wontên kang klèntu | mung mintaksama pinuja ||

19. rahayu dènya tumuli | mêngku gunging sêdya darma | purnamaning tyas wiyose | bagus awone katara | dinadar sida dadya | pulih milih amilalu | raga ragi anoraga ||

20. tuman tumêmên migati | wus watake pra pujăngga | thak-thik nyambi nyambut gawe | nora ketang sayah lungkrah | lêsu lêsah tinêmah | saking gone lumuh nganggur | anggêr sêgêr tyase rêna ||

21. titi tataning panulis | Kêmis Lêgi ping têlulas | Bêsar Alip sangkalane | gapamrêya lumaksana |[25] lan malih pinèngêtan | Mèi kaping tiga likur | sangkalane gayalêya |[26]|

Tamat

 


Tanggal: Salasa (Slasa) nênêm (6) Dulkangidah Alip: trus tata naganing nata (AJ 1859). Tanggal Masehi: Selasa 16 April 1929. (kembali)
Tanggal: nêmbêlas (16) April: bingah myat sotyaning bumi (1929 M). (kembali)
musik. (kembali)
Tanggal: trus gati ngèsthi narpati (AJ 1859). Tanggal AJ 1859 jatuh pada tahun Masehi: 20 Juni 1928 dan 8 Juni 1929. (kembali)
Baca: wolu likur. (kembali)
Baca: sèwu wolung atus sèkêt sanga. (kembali)
Tanggal: Salasa (Slasa) Paing 28 Sawal Alip AJ 1859. Tanggal Masehi: Selasa 9 April 1929. (kembali)
Baca: sanga. (kembali)
Baca: sèwu sangang atus. (kembali)
10 Baca: sanga likur. (kembali)
11 Baca: sèwu sangang atus sanga likur. (kembali)
12 Lebih satu suku kata: rasukan seta dhasare. (kembali)
13 atelah (dan di tempat lain). (kembali)
14 Kustiyah. (kembali)
15 Laksmitarugmi. (kembali)
16 Biasanya guru lagu a. (kembali)
17 wus. (kembali)
18 sinungan. (kembali)
19 pasanggrahan. (kembali)
20 sumingkir. (kembali)
21 munya. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: rawuh sangajêngipun. (kembali)
23 Gupêrnur. (kembali)
24 Rêspati. (kembali)
25 Tanggal: Kêmis Lêgi têlulas (13) Bêsar Alip: gapamrêya (AJ 1859). Tanggal Masehi: Kamis 23 Mei 1929. (kembali)
26 Tanggal: tiga likur (13) Mèi: gayalêya (1929 M). (kembali)