Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 01–11)

Judul
Sambungan
1. Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 01–11). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
2. Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 12–23). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
3. Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 24–38). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
4. Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 39–52). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
5. Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 53–66). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
Citra
Terakhir diubah: 05-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Sri Papara

Anyariyosakên nalika Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping X ing Surakarta Adiningrat, têdhak dhumatêng ing Bètênsorêh sapanunggilanipun, parlu ngaturakên panuwun dhumatêng ingkang eyang agêng, Kangjêng Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhèlminah, lumantar ingkang eyang, Kangjêng Tuwan Bêsar Guprênur General Mistêr Dhepok, anggènipun sampun nampèni bintang ridêr grut krèis indhê ordhê pan oranyê nasao mètdhês wardhên.

Saha sampun kaêsahakên dhumatêng Radèn Tumênggung Purbadipura, Prayagung Bupati Anom Gêdhong Têngên, ing Surakarta, ingkang amarsudi kasusastran Jawi.

Kaêcap ing pangêcapan Budi Utama, Surakarta, 1928.

--- [0] ---

[...][1]

--- [0] ---

Sêrat Sri Papara

Anyariyosakên nalika Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping X ing Surakarta Adiningrat, têdhak dhumatêng ing Bètênsorêh sapanunggilanipun parlu ngaturakên panuwun dhumatêng ingkang eyang agêng, Kangjêng Sri Bagendha Maharaja Putri Wilhèlminah, lumantar ingkang eyang, Kangjêng Tuwan Bêsar Guprênur General Mistêr Dhepok, anggènipun sampun nampèni bintang ridêr grut krèis indhê ordhê pan oranyê nasao mètdhês wardhên.

Saha sampun kaêsahakên dhumatêng Radèn Tumênggung Purbadipura, Prayagung Bupati Anom Gêdhong Têngên, ing Surakarta, ingkang amarsudi kasusastran Jawi.

Kaêcap ing pangêcapan Budi Utama, Surakarta, 1928.

--- [0] ---

[...][2]

--- [0] ---

[Grafik]

--- [0] ---

1. Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana, Senapati ing Ngalaga, Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping X, mangagêm pangagêman dalêm Litênan Jendral. Angagêm ridêr grut krèis indhê ordhê pan oranyê nasao mètdhês wardhên. Komandhuring ordhê Nèdêrlansên leyo. Grut krèising ordhê ing nagari Kamboja. Grut krèising krun ordhê ing nagari Siyêm. Grut krèis twèdhên grad pan dhê ordhê pan dhèn dhubêlêndrak ing nagari Cina. Grut opisiring ordhê leyopol ing nagari Bèlgi. Ridêr twèdhê klas mètdhêstèr dhèr konênglêkê, ordhê pan pêrdhinslên pan sin migaèl ing nagari Bèiyêrên. Ridêr twèdhê klas mètdhêstèr dhèr ordhê pan dhên rodhên adhêlar, ing nagari Prèisên. Komandhur mètdhêstèr dhèr ordhê pranês Yosèp ing nagari Ustênrik. Komandhur mètdhêstèr in dhê ordhê pan Hèndrik. Dhê leyo ing nagari Brinêswèik. Angagêm bintang krajan Jawi Kangjêng Kyai Suryawisesa. Bintang Kangjêng Kyai Kasenopatèn. Bintang Kangjêng Kyai V.O.C. Pakubuwana I, Kangjêng Kyai W, Pakubuwana kaping IV, Litênan Jendraling wadyabalanipun Kangjêng Sri Maharaja Putri ing nagari Nèdêrlan, ingkang akadhaton ing nagari Surakarta Adiningrat.

--- [0] ---

[...]

--- [1] ---

P.B. X.

1. Dhandhanggula

1. ing sakala pinurwèng mêmanis | kang supadi kasidening[3] sêdya | amung mamèt salintire | mangun wênganing kayun | ngayam-ayam dera ngulari | rangkèning lukitarja | putêg jroning kalbu | nilar maring parikrama | kamanungsan nèng pustaka kang jinarwi | yaiku Sri Pêpara ||

2. rarasing tyas pindha sarjana di | dènira mrih mardawaning basa | ngawikani rungsiting rèh | berawèng sêdyanipun | ilang sagung kanang rêrênggi | mangkana winursita | kumawignyanipun | dinadar dumadinira | puwarane dahat dènya mudha pingging | rasa rarase brastha ||

3. kawangwang wus sirna kang mêmanis | limut marang sawadining sastra | wonda minggu nir angêne | gêgaraning tyas punggung | rap-urapnya tanpa palupi | kasdu ngriptèng lukita | manular kayungyun | dumadia lir sarjana | supayantuk [supayantu...]

--- 2 ---

[...k] pangalembananing janmi | katuwon tanpa karya ||

4. nanging maksih kadêrêng mangrêpi | gagap-gagap pangruktining basa | riwut lagu mardawane | sunya mring lukita nung | rangu-rangunira ngranuhi | karkate wus tan ana | tatane tan ketung | amung mèt sarjuning driya | dinulurna ngantya praptèng têmbe wuri | ning Sang Hyang Kang Murwèng Rat ||

5. ngrat kawuryan tidhêm mratandhani | sakamantyan kawêkèning driya | labêt dening pangapuse | kapêsaning raras rum | ruming basa kinosok bali | pan balilu balaka | sarasaning kalbu | wagugên darunanira | tyas kumawi tan wrin ing rèh kramaniti | tiwas wosing pangripta ||

6. marma sagung kang samya umèksi | suraosing pustaka punika | ingkang agung aksamane | dhumatêng kang mangapus | karana mung kinarnya nglantih | aywa ta kongsi nendra | ing saderengipun | bêdhug ratri wancinira | sayêktine pênêd lungguh myang anyambi | manitra sinung sêkar ||

7. ri sampunnya purwakaning kawi | kawarnaa kadarmaning driya | ngêla-êla pamangune | rumênggèng jêng sang prabu | ingkang wicaksana mandhiri | ping sadasa minulya | ing Surakarta nung | kang kaonang tri bawana | sudibyambêk paramarta amartani | lumintu dananira ||

8. mring sanggyaning pra dasih gung alit | kawaratan datanpa sangsaya | tyas sumungku puwarane | karana jroning kalbu | sanggya para wadya gung alit | gung ketang kadarmanta | ing gusti sang prabu | marma samya tyas gambira | dening samya kapraban prabawèng aji | anjrah sapraja pala ||

9. maksih tangèh kalamun winarni | kasusilaning gusti sa[4] nata | wus pinugêl[5] gya enggale | mangkana jêng sang prabu | sakalihan jêng pramèswari | Gusti Jêng Ratu Êmas | samana winuwus | karsa têdhak apêpara | mring laladan ing Bètênsorêh [Bètê...]

--- 3 ---

[...nsorêh] nagari | ngluri ananing lampah ||

10. mung minăngka sriyatnaning kapti | duk sang prabu pêpara samana | nuju ari Budha Wage | tanggal ping pitu likur | ing Mukaram kang Sitarêsmi | Kulawu wukunira | Dewa dinanipun | Dèwi Sri paringkêlannya | Tungle nulya pandangonira nanggapi | dangu sêngkan turunan ||

11. nênggih cèlèng têmbalung kawarti | catur awaling pranata măngsa | myang Sangara ing windune | Jimawal warsanipun | sinangkalan angkaning warsi | amulad tatanira | mangèsthi sang prabu |[6][7] utawi ping kalih dasa | ing Sèptèmbêr sangkalanira jinarwi |[8] nêmbah-nêmbah trusing tyas ||

12. ya ta wau kang kocap kariyin | mangkya karsa dalêm jêng sri nata | brêtyapati ingkang kinèn | laju budhal rumuhun | wontên arinira Somènjing | yeka risang widagda | kang pindha ing dangu | sira Rahadyan Suwănda | ya Sumantri Patih Nagri Maèspati | yêkti labuhanira ||

13. kang ginêlung nênggih tri prakawis | guna kaya purun antêpira | trah utama satuhune | yeka Radyan Tumênggung | Atmadiningrat kang wêwangi | myang kinèn bêkta bala | pinèta kang mungguh | lawan kang cakêp ing karya | amangrukti wontên pakuwoning aji | mijia wrahatbala ||

14. Marduyadnya samana wus sami | asamêkta ingkang wrahatbala | budhal kêbut ing lampahe | gumolong atut pungkur | ring Sang Pindha Radyan Sumantri | ing ênu tan winarna | gantya kang winuwus | pra cèthi kang kinèn budhal | ngrumiyini ing arinya Anggarènjing | golong panatus kiwa ||

15. pinilihan kang panèwu mantri | samya kinèn ngrênggêp majibana | amangrukti saparlune | supatha dalêm prabu | anèng paran tan madal sumbi | sambada kas ing karya | yèku kang jêjuluk |

--- 4 ---

Nyai Lurah Mangunarja | lawan malih sira Nyi Lurah Cêpuri | kinèn ngrênggêp rumagang ||

16. marang wajibira amangrukti | pangagêman dalêm jêng sri nata | cara Jawi samoane | nulya malih winuwus | ingkang kinèn ngrênggêp majibi | sajroning kamarira | pusakèng sang prabu | sambita dalêm narendra | nyai lurah among sri nata wêwangi | mangkya sumambungira ||

17. parêkannya sori dalêm aji | nyai lurah rêksa busana myang | sinungan kanthi pamijèn | mung sajuga winuwus | Bratawilapa kang wêwangi | nulya para parêkan | kang kinèn tut pungkur | prayantun dalêm narendra | kèhira mung pinanci sanga ananging | arane tan winarna ||

18. dyan sumambungira sang apêkik | yèn cinăndra listyaning kang warna | yayah kadya caritane | ing nguni sang kinasub | Narpatmaja ing Dwarawati | purèng Paranggarudha | Dyan Sămba kasumbung | sumbaga tur parikrama | tyas mumpuni kêna pinarcayèng kardi | mungguh lan wastanira ||

19. yèku sira Radyan Mas Ngabèi | Sujanapura kala samana | dhawuh dalêm sri pamase | wau risang binagus | kinèn ngiring parêkan cèthi | kang budhal Anggarènjang | myang kinèn anjujug | lêrêm nèng pakuwon nata | nulya mangkya sumambunge kang winarni | sagung para wadyendra ||

20. ingkang ugi kinèn ngrumiyini | budhal anèng ri Anggara enjang | palinggih panèwu gêdhe | maksih wandawèng prabu | Prajamartana Dyan Ngabèi | tanapi wadya puspan | bakuning palungguh | pratiwa mantri ordhênas | Mas Ngabèi Atmadimêja wêwangi | myang lurah panakawan ||

21. Lurah Atmahartana wêwangi | tuwin Bêkêl Wignyaprawira lan | Wignyacundaka wus dene | ingkang sumambung laku | wadya dalêm jêng sri bupati | golong rêksa sugata | kang ngrukti sadarum | dhahar [dha...]

--- 5 ---

[...har] dalêm jêng sang nata | Mas Ngabèi Kartadirasa wêwangi | wau sagung wadyendra ||

22. samya kinèn budhala tut wuri | ing lampahnya kang cèthi parêkan | ingkang budhal ing arine | Anggarenjang sadarum | wus gumolong sabilik-bilik | dupi wus Anggarènjang | budhalan gumuruh | ing ênu wus tan winarna | sampun lêpas dènira samya lumaris | malih kang winursita ||

23. dhawuh dalêm jêng sri narapati | maring sanggya para wrahatbala | ingkang samya kinon dhèrèk | têdhak dalêm sang prabu | kang palungguh panèwu mantri | lurah atma busana | punika sadarum | samya kinèn manganggoa | mantèring kang langking lan sangua sami | mantering ikang jênar ||

24. nèsêlira aywa kongsi kari | ingkang tampi dhawuh dalêm nata | nêmbah sandika ature | kalawan samya sampun | amangèstu sabdaning aji | wus sangkêp sadayanya | nêngna kang winuwus | mangsuli caritèng ngarsa | karsa dalêm gusti kangjêng sri bupati | mangkana winursita ||

25. satatanya paparèng narpati | dupi sampun ari Budha enjang | abusana sri pamase | cara Jawi winuwus | rasukannya atelah kasmi[9] | dhêdhasar seta mêmplak | kawuryan ta mênthur | binalodir kang rasukan | tur kinomplit lawan agêm dalêm topi | gumêbyar lir baskara ||

26. ngagêm bintang gusti jêng sang aji | grutkris saking ing nagari Cina | myang oranyê nasaone | lan ridêr kang kadulu | rêrentengan pitanya alit | karsèt sotya gêgêlan | ing êmbananipun | winastan kancana mulya | wor sêsotya ujwalanya ngilat thathit | agêm dalêm narendra ||

27. kang wastra di sawitan cuwiri | kyai sangupati paningsêtnya | ting parêlok kawuyane[10] | ing nguni agêmipun | Sang Sudibya Radyan Pamadi | Satriya Madukara |

--- 6 ---

duk nalikanipun | pininta srayèng Hyang Endra | ingabên prang tandhing lawan sang yaksa ji | Sri Niwatakawaca ||

28. yun mangrurah Kaendran nulya glis | tinanggulang mring Sang Pandhuputra | yaksa ji sedèng madyane | palagan wadya larut | wus tan ana kang măngga pulih | têtêp unggul ing yuda | Risang Pandhusunu | tinimbalan mring Kaendran | katarima nulya jinunjung palinggih | dumadi narèswara ||

29. ajêjuluk Sang Prabu Kalithi | binusanan kaprabon agêmnya | Hyang Endra praptèng samangke | tumêrah run-tumurun | maring ingkang jumênêng aji | praja di Surakarta | winênang anggadhuh | marma ngagêm jêng sang nata | kang paningsêt wau kyai sangupati | agêmnya Batharendra ||

30. pan mangkana aluraning nguni | amangsuli busanèng narendra | ri sampunya paningsête | sinayut èpèk rambut | cêmêng mêlês kadya mingnangsi[11] | agêm dalêm katimang | sêsotya linuhung | ingêmbanan kancanarda | papasêkan winastan jagung sapipil | kumênyaring sêsotya ||

31. yèn sinawang sing mandrawa kèksi | tan kawuryan kalamun las-lasan | nyêmlok muncar lir srêngenge | myang agêm jêng sang prabu | jêjêndhitan ingkang sotya di | winastan balencongan | kalamun dinulu | kadi lintang panjêr rina | amancorong sêsorote anêlahi | saindênging bawana ||

32. sumawana kangjêng sri bupati | amangagêm kalpika minulya | sotya pusakèng pamase | măngka jimat linuhung | mirah ingkang sinungan nami | Jêng Kyai Manjangan bang | Jêng Kyai Jumêrut | Sêkar Kêdhaton wastanya | myang mangagêm kaos rêkta jêng sang aji | pada dalêm kacarma ||

33. seta kadi kapuk dèn wusoni | mêmplak jinjing wêwangunanira | ing ngarsa sinungan kongslèt | pinindha sarpa gadhung | sisik wilis [wi...]

--- 7 ---

[...lis] ngalêkêr kèksi | manthèngèl murdanira | ing saisthanipun | kadi sarpa ingkang lagya | tapa lawan nungku pudya mrih dumadi | mulyane jiwanggana ||

34. agêm dalêm wangkingan sang aji | kangjêng kyagêng kang ăngka satunggal | Maesanular asmane | sawiji kaolipun | para wrêdha ing nguni-uni | sanggyaning wadya nata | sakawulanipun | aywa kongsi amarnaa | asmanira kangjêng kyagêng kang sajati | sinojar datan kêna ||

35. darunane kalamun ta nganti | amarna mring asmane kang nyata | tan sayogya dumadine | sangsara têmahipun | apêsira lamun gêgrami | tan bisa sakolehan | mung tuna tinêmu | sisip-sisip têmbirira | tan widada dènya mêngkoni pêpanti | tiwas tan măngga mulya[12] ||

36. pan mangkana sojare pun kaki | ingkang sampun muksa ing dêlahan | têpêt suci dumununge | dene ing mangkya ulun | tyas sumêngka dahat kumawi | mêdharkên asmanira | jêng kiyai wau | awit saking wus linilan | atas dhawuh dalêm jêng sri narapati | yêkti tanpa daruna ||

37. nêngna wau busananing aji | laju mangkya gantya kang winarna | sori dalêm sri pamase | ya ta sri narpawadu | Gusti Kangjêng Ratu Mas sarwi | mangagêm rêrasukan | pusakèng pura rum | Kyai Gondhil kamulanya | agêmira andika Gusti Jêng Nabi | Mukhamad Rasullulah ||

38. kang satuhu nayakaning bumi | salallahu ngalai wasalam | myang sori dalêm pamase | ngampil pusakèng prabu | kalpika di kangjêng kiyai | Sotyèngampal purwanya | pan pusakanipun | narendra bêk martătama | kasub ing rat Sang Aprabu Palgunadi | Paranggêlung prajanya ||

39. kalpika di wau duk ing nguni | pêparinge Rêsi Dhahyang Durna | sogatanya sri pamase |

--- 8 ---

Palgunadi Sang Prabu | wus tan samar Sang Pandhusiwi | dupi wikan kalpika | pinaringkên sampun | maring sang bêk martătama | yèku sira Sang Aprabu Palgunadi | mosik Sang Pandhuputra ||

40. rèh rumasa jroning tyas prasami | siswanira Rêsi Dhahyang Durna | gya mangrukêt Dyan Pamade | mring sira Sang Awiku | Dhahyang Durna wêlas ningali | dhumatêng pamintanya | Risang Pandhusunu | sigra Rêsi Dhahyang Durna | mundhut kanang kalpika maring sang aji | rinênggêp sampun kêna ||

41. duk mangrênggêp kalpika sang rêsi | dening samya ing prakosanira | ngantya dêdrêg sakalihe | têmahan jarinipun | Sri Palguna punggêl sawiji | kerut maring kalpika | mangkana winuwus | Sri Palguna sanalika | dahat dènya angadhuh têmah ngêmasi | sigra ponang kalpika ||

42. pinaringkên mring Sang Pandhusiwi | trah-tumêrah praptaning samangkya | măngka pusakèng pamase | wus nêngna dyan winuwus | sang kinasub prawirèng jurit | manggalaning alaga | yèku kang jêjuluk | Kangjêng Pangran Adipatya | Arya Prabu Prangwadana asarimbit | kalawan swaminira ||

43. Gusti Kangjêng Ratu Timur sarwi | tinut wuntat ing kaptin ajudan | kang wus kasub kadibyane | putus mring agal lêmbut | myang gêgêlar mangkara wêrit | wirotèng tyas sanyata | sira kang rum-arum | Dyan Mas Arya Nataningrat | myang Radyan Mas Arya Sugyanta angampil | pusakèng sang dipatya ||

44. golok Kangjêng Kyai Gogor nguni | antukira pusaka mangkana | saking sira suwargine | Jêng Gusti Dipatya Nung | Arya Mangkunagara nênggih | sapisan Sambêrnyawa | duk mangun prang pupuh | anèng nagari Samarang | aprang rame lawan Untung Surapati | gantya liru prabawa ||

45. wirotèng tyas Untung Surapati | ngantya musthika wijayanira | kinêtog [kinê...]

--- 9 ---

[...tog] kanuragane | nging cabar tanpa kiwul | kaprawiranira tan dadi | wus nungkul tan sawala | anulya pinundhut | golok kang kinarya nglawan | wus kadarbe jêng gusti pangran dipati | tumrah praptèng samangkya ||

46. pan mangkana caritaning nguni | nêngna wau ingkang winursita | mangkya gantya sumambunge | nênggih ri sanggyanipun | wadyanira Risang Wirasti | Nararya Prangwadana | jalu èstri wolu | samya dhèrèk atut wuntat | gustinira tumutur arsa nyarêngi | têdhak dalêm narendra ||

47. tuwin sampun sinamêktan sami | garêbonging kang rata pawaka | ingkang măngka titihane | sira sang arya prabu | sawadyane jalu lan èstri | klas sajuga kalawan | klas kalih winuwus | apan sami anyajuga | nêngna gantya para garwendra paminggir | kang dhèrèk jêng sri nata ||

2. Sinom

1. kang umiring jêng sri nata | para garwendra paminggir | mangkya ingkang winursita | rumuhun sang sadu budi | mindêng tyas ngumala di | yeka ingkang asmanipun | ngasturi sugandanya | nyagara têbaning galih | Radyan Ayu Adipati Sêdhahmirah ||

2. sawastu layak kewala | antuka sih dalêm aji | jinunjung palinggihira | pinangkating adipati | masesa jroning pura |[13] gung alit sanggyaning wadu | rinèh sang sadu budya | tan ana winalanggalih | siyang dalu gung suka myang parisuka ||

3. dening mèngêt kotamanya | ing sira sang ngumala di | marma kang para wanita | agung alit jroning puri | prasamya wêdi asih | sihing tyas ambapa babu | ing lair batinira | ingayahan tan sumingkir | mung lêgawa cumadhang sumanggèng karsa ||

4. labane samya rumasa | tan ana ginondhang kasih | sumawana tan rumasa | rinêngatan ing panggalih | satuhu [sa...]

--- 10 ---

[...tuhu] jroning kapti | prasamya rumasanipun | mung anggung kagunturan | ing sabda marta-martani | nir sangsaya kayoman sang martotama ||

5. maksih tangèh yèn winarna | susilaning sang martani | mangkya enggaling carita | wau dyan ayu dipati | angampil gandhaga di | mèsi pusakèng sang prabu | lêluri trah-tumêrah | maring kang jumênêng aji | ing praja di Surakarta Adiningrat ||

6. duk jaman kamulanira | ngantya praptaning samangkin | kang jumênêng narèswara | têtêlênging nuswa Jawi | winêlêngakên sami | mangagêm pusaka wau | anênggih kang winarna | anèng jroning gandhaga di | asmanira Kangjêng Ki Agêng Baruwang ||

7. caritaning purwanira | măngka pusakèng narpati | Sang Prabu Kalanasalya | wau ta kangjêng kiyai | asmanira ing nguni | Jêng Kyai Jaka Piturun | kinarya ananggulang | ring putra Jênggalamanik | kang jêjuluk Sang Prabu Suryawasesa ||

8. ananging ta duk samana | maksih nyatriya linuwih | dahat prawirèng agala[14] | bêbisike duk ing nguni | Dyan Panji Jayèngsari | anênggih Sêmarabangun | ya Kuda Rawisrêngga | ya Dyan Inokartapati | maksih kathah bêbisike sang nararya ||

9. wau ta caritanira | putra ing Jênggalamanik | duk prang tandhing lan Sri Salya | mangagêm pusakèng aji | ingkang tan madal sumbi | pamungkas kampuhanipun | kaonang ing bawana | pusakèng Jênggalamanik | Kangjêng Kyai Kagadaru wastanira ||

10. Sang Prabu Kalanasalya | lan putrèng Jênggalamanik | wus têmpuh prang băndawala | dahat ramening ajurit | rok băndawala pati | satêmahan aprang pupuh | Sang Prabu Klanasalya | pinarjaya angêmasi | sang nararya akantu tibèng [ti...]

--- 11 ---

[...bèng] bantala ||

11. gupuh-gupuh Hyang Naradha | tumurun saking wiyati | dumrojog madyèng palagan | marêpêki ring Dyan Panji | rinênggêp Radyan Panji | gya cinatu tatunipun | mangkana sang nararya | dupi wus cinatu nuli | sakala wus waluya jati nirmala ||

12. Sri Salya lulus palastra | curiga pinundhut aglis | maring Hyang Kanekaputra | pinaringkên mring Dyan Panji | curiga wus tinampi | lawan êntyarsaning kalbu | pinundhi ing mustaka | măngka pusakèng Dyan Panji | trah-tumêrah ngantya praptèng putra wayah ||

13. pinèngêtan kamulanya | duk Sang Hyang Kanekasiwi | maringakên wêwangkingan | agêmnya Sri Salyapati | dhumatêng Radyan Panji | sangkala angkaning taun | dumadi warnanira | candraning putra ing nguni |[15][16] samuksane nararya putrèng Jênggala ||

14. wau ta ponang curiga | Jaka Witurun[17] Jêng Kyai | iya Jêng Kyai Baruwang | nulya sumèrèn dumadi | gêgadhuhaning siwi | Sang Prabu Suryamiluhur | nulya malih tumêrah | mring Prabu Banjaransari | putranira Suryamiluhur Narendra ||

15. amarêngi duk samana | Sang Prabu Banjaransari | manambut silaning krama | kramantuk putrining êjim | ing Sigaluh nagari | samuksanira sang prabu | anulya ginêntosan | putrèng Sri Banjaransari | yeka Prabu Mundhingsari Pajajaran ||

16. duk ing nguni pinèngêtan | căndrasangkalaning warsi | trusthaning paningalira | manêmbah mring sri bupati |[18][19] wau Kangjêng Kiyai | Baruwang winarnèng ngayun | kantun anèng jronira | kadhatoning sang putri jim | ing Sigaluh ngantya lami tan winarna ||

17. ya ta duk caritanira | Jêng Sultan Agung mandhiri kalêsik |[20] Sang Prabu Nyakrakusuma | ing Mataram [Matara...]

--- 12 ---

[...m] nagara di | sangkalanirèng warsi | winarna pangriptanipun | ing tata rasanira | marganing bumi kawarti |[21][22] sri narendra dahat kasmaraning driya ||

3. Asmaradana

1. dening wau pusaka ji | Kangjêng Ki Agêng Baruwang | ya Jaka Piturun mangke | sampun kondur mring jronira | ing kadhaton Mataram | makatên aluranipun | ing nguni caritanira ||

2. duk narendra ing Matawis | Sang Prabu Nyakrakusuma | mendra sing jroning kadhaton | Jumungahan maring Mêkah | samana kasarêngan | kalawan satunggalipun | êjim ing Kêndhêng prabata ||

3. apan ta sarwi nyangkêlit | curiga di kawuryannya | sang aprabu ngandika lon | dhuh kisanak muga aywa | dadya rêngating driya | kula mung takèn salugu | paran baya darunanta ||

4. dene sira satunggiling | băngsa alus lêlimunan | têka dadak sira nganggo | anyangkêlit kang curiga | mugi ta jarwanana | paran mulabukanipun | jim andhêku rum turira ||

5. kula matur kang sajati | mênggah mulabukanira | mila kula têka mangke | mawi nyangkêlit curiga | makatên purwanira | kula punika satuhu | anênggih kadange priya ||

6. jim Dayita ingkang nguni | ginarwèng Jêng Sri Narendra | Banjaransari juluke | kawula lan jim Dayita | pan sami putranira | sri nata jim ing Sigaluh | duk samana praptanira ||

7. salin ing jaman Narpati | Mundhingsari Sri Narendra | pindhah dhatêng ing kadhaton | Pajajaran prajanira | pusakaning pamasa | Prabu Mundhingsari wau | kang kula wangking punika ||

8. anênggih Kangjêng Kiyai | Jaka Piturun wastanya | pan tinilar nèng kadhaton | ing Sigaluh praja kula | sarèhning kang curiga | punika pusakèng prabu | pamungkas kampuhanira ||

9. gêgaman sanuswa Jawi | datan ana kang miripa |

--- 13 ---

kajawi ta pusakane | Sri Mundhingsari priyăngga | kang saking eyangira | Jênggalamanik sang prabu | măngka pamungkasing yuda ||

10. lamun kula botên lali | ya ta wau kang curiga | pusakane Jêng Sang Katong | Jênggalamanik nagara | rumuhun wastanira | Jêng Kiyai Kaladaru | ampuhe kagila-gila ||

11. sampun ingkang ngantya kêni | kataman ing lungitira | wau pusakèng pamase | sanadyan bêbasanira | mung kabapan kewala | dhatêng sintêna kang têguh | jinara mèntèr palastra ||

12. botên namung ingkang nami | sipating janma manungsa | sanadyan jim sêsamine | saugi katon kewala | pinarjayèng pusaka | wau yêkti têmah lampus | malonyoh kuwandhanira ||

13. gèn kawula amastani | pusaka kalih punika | mênggah ta ing kampuhane | lah sampun sami kewala | labête kang sajuga | Jêng Kiyai Kaladaru | pusakèng Nata Jênggala ||

14. yasanira kang linuwih | musthikanirèng jawata | Bathara Wisnu juluke | sêdene ta kang sajuga | kang kulangge punika | yasanira sang linuhung | risang Hyang Bathara Kala ||

15. raosing tyas ulun yêkti | lamun datan kulanggea | mêlang ulun bok kêtèwèr | kinarya dolanan bocah | namane masang walat | wit saking jêng kyai wau | gawate kaliwat-liwat ||

16. marmanira jêng kiyai | laju kulangge punika | makatên wau purwane | enggaling atur kawula | muhung saking kabêkta | pangatos-atosing ulun | ngaosi pusakèng nata ||

17. sampun têlas aturing jim | Sang Prabu Nyakrakusuma | dahat gènnya nilingake | kawuryan gawoking driya | ananging duk samana | mung sinamun jroning kalbu | karsendra ywa kawistara ||

--- 14 ---

18. datan dangu sri bupati | mêsat napak jumantara | kondur jujug jro kadhaton | ing samodra gung tursina | panggih lan sori nata | karan Kangjêng Ratu Kidul | Sang Dewi Rêtna Suwida ||

19. ri sampunnya apêpanggih | sang aprabu rum ngandika | babo nimas dhuh riningong | mungguh praptaning rakanta | ana ing ngarsanira | kajaba onêng kalangkung | maring sira lan rakanta ||

20. minta tulung marang yayi | muga na sih wilasanta | timbalana wadyantage | êjim têtêlukanira | kang ngratoni jronira | ing gunung Kêndhêng riningsun | kinon sumiwèng ngarsanta ||

21. enggalira sang sudèwi | wus mangèstu sabdèng nata | sang jim wus marêk sumaos | nèng ngarsane sri duhita | makidhupuh wotsêkar | samantara nulya laju | Sang Prabu Nyakrakusuma ||

22. ngandika rum dhumatêng jim | dhuh babo jim mitraningwang | muga ywa cuwa ing batos | lumuntura ing sihira | ya marang mitranira | kang dahat trêsna satuhu | kalamun pinujwèng driya ||

23. sumitranta minta gênti | mangrênggêp pusakanira | dèn rila ing lair batos | minăngka pusakèng nata | salami-laminira | ngantya tumrah run-tumurun | ring narendra nuswa Jawa ||

24. dupi risang jim miyarsi | dhawuh sabdaning sri nata | kang mangkana sayêktine | dahat kumêl ing wardaya | kalamun tan ngaturna | puwara osiking kalbu | bingah lamun kang curiga ||

25. pinundhut sri narapati | măngka pusakèng pamasa | nuswa Jawi salamine | sampun kondur wastanira | sigra ponang curiga | sinaosakên pan sampun | tinampenan jêng sang nata ||

26. kalawan wus dèn salini | wastaning ponang curiga | sinangkaya lan warnane | mupakat lan sri juwita | Dèwi Rêtna Suwida | dhinawuhkên wastanipun |

--- 15 ---

Kangjêng Ki Agêng Baruwang ||

27. wus kabyawara waradin | karsendra ingkang mangkana | pan makatên caritane | dadya etang laminira | Jêng Ki Agêng Baruwang | wontênira prajèng Galuh | praptaning nagri Mataram ||

28. sampun tigang atus luwih | tigang dasa ênêm warsa | kang mangripta pangetange | marmanira kang mangkana | bok sisip pangetangnya | aparinga wiyaripun | samodraning pangaksama ||

29. mangkya malih amangsuli | panunggilaning pusaka | Jêng Kyai Boji wastane | Kyai Panthêlêng goloknya | wus nêngna kang winarna | wau ta sumambungipun | yeka sang bêk sadu budya ||

30. mardawèng tyas ngumala di | mindêng kasusilanira | tur ayêman wardayane | kasambadan sêdyanira | sira risang susanta | santosa bêk tyas marta yu | Dyan Ayu Rêtna Purnama ||

31. satunggiling duhita di | satuhune kang mangkana | pantês măngka darsanane | sagunging para wanita | agung alit sadaya | ing jro jawining pura rum | mrih widada dumadinya ||

32. nyatantuk nugrahèng Widhi | kasidèn[23] sidaning karsa | karsa dalêm jêng sang katong | Dyan Ayu Rêtna Purnama | kinèn ngampil pusaka | camêthi ingkang linuhung | Kangjêng Kyagêng Sapujagad ||

33. Dyan Ayu Sumarna rukmi | angampil pusakèng nata | Kangjêng Kyai Jayengkatong | duk ing nguni kang kagungan | sira Sang Pandhuputra | ya Dananjaya jêjuluk | warni lisah duk samana ||

34. lamun Risang Pandhusiwi | arsa wikan brakasakan | kang anggung karya pakewoh | angganggu gawe kewala | lisah Jayèngkatongnya | nulya sinipatkên gupuh | mring netranira Sang Parta ||

35. para sanggyaning dhêdhêmit | gya kawuryan wêwentehan | Sang Aparta sukèng tyase | lawan tan winalang driya |

--- 16 ---

barabat lampahira | nanggulang mring kang kadulu | para dhêmit brakasakan ||

36. satêmahan para dhêmit | tuwin para brakasakan | tambuh-tambuh palayune | samya ajrih mring Sang Parta | mangkana ananira | caritanira ing dangu | lawan malih winursita ||

37. wau garwendra paminggir | Dyan Ayu Rêtna Purnama | ingkang măngka darsanane | sagunging para wanita | ing jro jawining pura | mrih lulus dumadinipun | lawan sira kang pêparab ||

38. Dyan Ayu Sumarnarukmi | ingkang wus winarnèng ngarsa | budyambêk prasêtyèng katong | lêgawèng tyas paramarta | martani mring sanggyanya | sêsaminirèng tumuwuh | lawan pracayaning driya ||

39. karsa dalêm jêng sang aji | samya kinèn mangrênggêpa | srana jimat tosan jêne | supadi samya widada | basuki salaminya | puwaranggung maharja yu | yuwana lir jêng sri nata ||

4. Sinom

1. wuwusên sumambungira | Dyan Ayu Kumudarukmi | amajibi kang ampilan | êdus kancanarda murni | Radyan Pradaparukmi | angampil sabêt linuhung | anênggih namanira | Kangjêng Kyai Agêng Panji | Dyan Suprabarukmi ngrênggêp ampilannya ||

2. bèri sês dalêm narendra | karanipun rokok wangi | wus sinampat pra garwendra | aminggir kang ngampil-ampil | nulya mangkya winarni | pusaka dalêm sang prabu | kang ingampil wadyendra | pilihan prawirèng wèsthi | sira Dyan Mas Ariya Suryanagara ||

3. palinggih bupati ngarsa | ngrênggêp ngampil sabêt tamsir | Jêng Kyagêng Rêmêng wastanya | nulya Radyan Angabèi | Purbadipura nênggih | wadyendra gusti sang prabu | kaliwon gêdhong kanan | ngampil pusakèng narpati | tamèng Kangjêng Kyai Sêsotya Kancana ||

4. kliwon carik [cari...]

--- 17 ---

[...k] kasêpuhan | sira Radyan Angabèi | Jayadipura pêparab | nongsongi jêng sri bupati | amila dyan ngabèi | gung pêrak gusti sang prabu | karana bok manawa | wontên timbalaning aji | wus sumaji nanggapi dhawuh narendra ||

5. kaliwon ing kadipatyan | sira Radyan Mas Ngabèi | Padmadipura pêparab | tan lênggana wus angampil | pusakaning narpati | rotan Kangjêng Kyai Pamuk | nulya wadya narendra | mantri dhoktêr kang wêwangi | yèku sira Ngabèi Mangunusada ||

6. ngampil pusakèng narendra | towok ingkang sinung nami | Kangjêng Kyagêng Saramaya | yeka caritaning nguni | têkênnya Sang Maharsi | Bathara Maya jêjuluk | ya Kyai Badranaya | ya Kyai Sêmar wêwangi | wulucumbu satriya di Madukara ||

7. gancaring ponang carita | pusaka dalêm winarni | Kangjêng Kyagêng Saramaya | karsaning Hyang Mayarêsi | têkên wau kawarti | gya pinaringkên mring sunu | kang aran Sang Hyang Surya | anèng Sang Hyang Surya nuli | pinaringkên putra Hyang Rawiatmaja ||

8. saking Hyang Rawiatmaja | nulya pinaringkên maring | putra Dèwi Nawangwulan | anèng Nawangwulan nuli | pinaringakên maring | Sang Dèwi Nawangsih laju | Dèwi Nawangsih prapta | pinaringkên mring kang siwi | Kyagêng Gêtas Pandhawa ran Sèh Ngabdulah ||

9. karsanira Seh Ngabdulah | pusaka wau sumilih | pinaringkên mring atmaja | Ki Agêng Sela bêbisik | ya Ngabdurrahman nguni | ri wusnya mangkana wau | pinaringkên mring putra | kang kêkasih Ki Agêng Nis | kawarnaa kang pusaka duk samana ||

10. nulya pinaringkên marang | putranira kang wêwangi | nênggih Kyagêng Pamanahan | sumèrèn pinaringkên mring | atmaja ingkang sakti | măndraguna [măndragu...]

--- 18 ---

[...na] prawira nung | kaonang tri bawana | Panêmbahan Senapati | wus mangkana dadya pusakaning putra ||

11. Prabu Nyakrawati nulya | pinaringkên maring siwi | ratu wali ngejawantah | karamate mratandhani | samubarang kinapti | dumadi saciptanipun | ingugung mring Hyang Suksma | sang sinuhun awêwangi | Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ||

12. pusakendra duk samana | sampun pinaringkên maring | Sinuhun Prabu Mangkurat | Prabu Mangkurat sumilih | pinaringakên maring | Putra Jêng Ingkang Sinuhun | Paku Buwana sapisan |[24] gya sumèrèn maring siwi | kang jêjuluk Kang Sinuhun Jêng Suhunan ||

13. Prabu Amangkurat Jawa | sampun pinaringkên nuli | mring Sinuhun Jêng Suhunan | Paku Buwana ping kalih | Paku Bwana ping kalih | nulya pinaringkên sampun | Sinuhun Jêng Suhunan | Paku Buwana ping katri | Paku Bwana kaping tiga kawarnaa ||

14. laju pinaringkên marang | Jêng Sinuhun Kang Mandhiri | Paku Buwana kaping pat | Paku Bwana ping pat nuli | pinaringakên maring | anênggih Ingkang Sinuhun | Paku Buwana ingkang | kaping gangsal amandhiri | Paku Bwana ping gangsal tumrah mring putra ||

15. Sinuhun Jêng Susuhunan | Paku Buwana mandhiri | ping nêm kasub Banguntapa | anulya pusakèng aji | pinaringakên maring | anênggih Ingkang Sinuhun | Paku Bwana ping sanga | kaping sanga duk ing nguni | pinaringkên kang Sinuhun Jêng Suhunan ||

16. narendra di wicaksana | Paku Buwana mandhiri | ping sadasa Surakarta | têtêlênging nuswa Jawi | winarna jêng sang aji | kasub ing rat ambêk sadu | sudibya martotama | martani samèng dumadi | mindêng dera mardi maharjaning praja ||

17. winênangkên jêng sang nata | ngagêm myang kagungan [ka...]

--- 19 ---

[...gungan] maring | Kangjêng Kyai Saramaya | marma wau jêng kiyai | dahat dera pinuji | pinuja mantra satuhu | ywa kongsi kalimputan | oncat sing ngarsèng sang aji | dening măngka pusaka ingkang sudibya ||

18. ing pratăndha cihnanira | lamun gusti jêng sang aji | karsa miyos apêpara | saparanta pundi-pundi | sawastu jêng kiyai | ingampil parêk sang prabu | makatên salaminya | ngantya praptaning samangkin | maksih lulus sumaos ngarsèng sang nata ||

19. karsa dalêm jêng sang nata | lamun manggih păncawèsthi | kêni kinarya sarana | panulaking satru sakti | kang malang-malang pasthi | pinusthi têmahan putung | kang rawe-rawe rantas | tatas sakti tanpa dadi | dumadya nir kang sangsaya sinangsaya ||

20. pusakendra praptèng mangkya | sampun pinetang dumugi | kaping rorikur turunan | nêngna nulya Dyan Ngabèi | Atmasuwida nênggih | wadya dalêm jêng sang prabu | panèwuning ordhênas | ngampil sanjata Kiyai | Cundhamani ing mangkya sumambungira ||

21. maksih panèwu ordhênas | yèku sira Mas Ngabèi | Atmasutikna samana | kaparêk jêng sri bupati | piniji angladosi | nahan gantya kang winuwus | para dasih narendra | parêkan myang para cèthi | kang umiring sarêng gusti sri narendra ||

22. golong panatusan kanan | Nyai Kaliwon palinggih | Harjawinangun pêparab | lawan kênya puspita di | Radyan Bêkêl Sriyati | ngampil pangunjukan prabu | ingkang wus winadhahan | wontên jroning termos barlin | tinut wuntat parêkan sori narendra ||

23. kêkalih kang kawistara | pantês nyèthi angladosi | wontên ngarsaning sorindra | jêr cakêt cakuping kardi | yêkti tan nguciwani | sanggya kang rinênggêp rampung | tangèh yèn winuwusa | cakêp cakuping pra cèthi | wus ênêngna ananing dasih narendra ||

24. dyan winarna sumambungnya | wau sang narendrasiwi | kang umiring atut wuntat | ing gusti jêng sri bupati |

--- 20 ---

rayi dalêm sang aji | kang susilambêk marta yu | Jêng Pangran Cakraningrat | satriya nung nuswa Jawi | dhasar bagus karêngga dening busana ||

25. lawan siwi bantyèng nata | lir satriya Jodhipati | gung luhur gumbala capang | anggêmbulêng ngulêr warsi | jênggurêng mêrak ati | ing netya kawuryan saguh | nya: dhadha êndi dhadha | sêdhêng kaojating bumi | Jêng Pangeran Arya Mataram sagarwa ||

26. ya ta wau sang pangeran | abusana cara Wlandi | militèr wilis kalawan | mawa sikêp sabêt tamsir | tuwin samêkta sami | busana kang măngka sangu | cara Walandi ingkang | militèr krêsna kinardi | lamun nuju abusana grut nigala ||

27. lan militèr ingkang seta | tanapi cara Walandi | Walandi cara mardika | wus sangkêp tan nguciwani | gantya wadyèng narpati | kliwon bupati sadarum | ugi sangu samêkta | rasukan atelah wilis | myang atelah langking pètcisira krêsna ||

5. Pangkur

1. mangkya pangkur paripurna | amangsuli ingkang winarnèng kawi | mangkana ta dyan winuwus | nênggih wadyèng narendra | kang umiring têdhak dalêm jêng sang prabu | marêngi ing ari Budha | sanggyaning panèwu mantri ||

2. yeka panèwu ordhênas | pinurwaka sira Radyan Ngabèi | Atmamarsana rum-arum | anulya sumambungnya | kang palinggih mantri ordhênas jêjuluk | Ngabèi Atmawirada | lawan lurah kang wêwangi ||

3. Mas Lurah Atmabusana | samya datan têbih lan jêng sang aji | siyaga pakaryanipun | ing ngarsa dalêm nata | samya datan kumêdhèp ing katonipun | bok wontên dhawuh narendra | aywa kongsi nguciwani ||

4. nêngna wau winuwusa | para narpaputra kang dhèrèk prapti | samadyaning sêtatsiun | ing Tugu Yogyakarta | ingkang măngka pramodanira ing laku | yèku Kangjêng Pangran Arya | Prabuningrat kang wêwangi ||

5. dene ingkang atut wuntat | kang mahambêk susanta tyas maladi | mardika sidaning sadu | sinida sêdyanira | mrih utama dyan umanjing jaman maju | nênggih Kangjêng Pangran Arya | Kusumadiningrat [Kusumadiningra...]

--- 21 ---

[...t] nuli ||

6. paduka ingkang sudira | wirotèng tyas puwara amartani | mring sanggya samèng tumuwuh | tuwuhing kasudarman | mahanani susilaning sang kasumbung | yèku Kangjêng Pangran Arya | Natapura awêwangi ||

7. winarna sumambungira | yeka risang paramèng kramaniti | putus maring lukita nung | susilèng tyas ngumala | anênangi tyasira kang mudha punggung | nênggih Kangjêng Pangran Arya | Suryabrata awêwangi ||

8. dyan sira kang kasub ing rat | ingkang sih mring dasih ingkang kaswasih | sanggyèng pawongmitranipun | dèn anggêp lir sudara | wus sirnanting sagunging rèh sigan-sigun | yèku Kangjêng Pangran Arya | Kusumabrata wêwangi ||

9. winangun malih winarna | sanggyanira wau sang narpasiwi | ingkang samya atut pungkur | umiring sri narendra | apan samya mangrasuk busana sagung | militèr Walandi warna | wilis mawa sabêt tamsir ||

10. gya kliwon kaparak kanan | kang umiring tut wuntat narpasiwi | kang kawahyèng ngarsa wau | ingkang nimpunèng basa | Dyan Mas Bèi Yasadipura kasumbung | nênggih mung praptèng Ngayogya | nahan gantya kang winarni ||

11. para siwi bantyèng nata | ingkang kinèn tut wuntat jêng sang aji | praptèng Kutharja praja gung | yeka kang listyèng warna | Dyan Mas Arya Padmanagara rum-arum | sakalihan ingkang garwa | myang siwi bantyèng narpati ||

12. Mayor Radyan Mas Ariya | Cakrawinata lan ingkang suwami | sumawana wadyèng prabu | kliwon kaparak kiwa | Dyan Ngabèi Bujadipura gung luhur | sambada sugih wiraga | wiragane madal sumbi ||

13. sinêmbuh busananira | muhung sarwa barès kurès kaèksi | sabarang rèh tindak-tanduk | kauwagune ngayang | yèn nyampingan jigranga kae kalangkung | sabuk èpèke kawuryan | pangêtape tan malipis ||

14. kulambine anggêdhobyah | kombor landhung bêdhahan cara Jawi | lir mantolan katonipun | mungguh lan lampahira | kadya nguni satriya ing Banjarjungut | Radyan Arya Dursasana | hèh man wrêta hèh man wrêti ||

--- 22 ---

15. lèmbèhane sarikutan | yèn ngandika he rak groyok ngranuhi | tur garabah ulonipun | ananging labanira | wrêddha kolot wimbuh dahat bêntilipun | nyawabi sarandunira | ing angga grêng ngrêspatèni ||

16. lah ya wus tan andupara | duk ngunikèh bakul pitik kêkinthil | dening dahat bêntilipun | yèn rinèh tan suwala | nirbita nut nêngna wau dyan winuwus | dhawuh sabdaning narendra | sadaya pan kinèn sami ||

17. mawi rasukan atelah | lawan topi kinomplit samya putih | dhuwung gayaman sinêlut | kang wastra madubrangta | wus mangkana mangkya gantya kang winuwus | para tuwan ingkang samya | tut wuntat ing jêng sang aji ||

18. dhèrèk myang mêthuk kondurnya | ing sang prabu pan namung kinèn prapti | madyèng sêtatsiun Tugu | ing nagri Yogyakarta | mrih tan kidhung wontên jroning grêbong sêpur | lawan kinèn mangruktia | aywa kongsi pindho kardi ||

19. yèku Tuwan Dhêlanowah | kang pinacak kuwajiban tut wuri | andhèrèk jêng sang aprabu | karana sira tuwan | pramodaning sanggya punggawaning sêpur | anênggih rata pawaka | N.I.S. Matsêapèi ||

20. myang wadanèng kartipraja | Tuwan Radhê Makêr ingkang wêwangi | ugi tut wuntat sang prabu | têdhak lan kondurira | muhung kinè[25] praptèng sêtatsiun Bandhung | mangkana dhawuh narendra | musthikaning nuswa Jawi ||

21. nahanta sumambungira | kawuwusa Kangjêng Radyan Dipati | Jayanagara nindya nung | kalawan ingkang garwa | andhèrèkkên têdhak dalêm jêng sang prabu | miwah mêthuk kondurira | saking pêpara sang aji ||

22. mring sêtatsiun Balapan | amangrasuk busana cara Wlandi | jas calana pètcis pingul | sêdene ingkang garwa | namung ukêl kondhe myang rasukanipun | winastan kêbayak cêkak | dhasar sutra sêkar wilis ||

23. wastra unthêr latar seta | ngagêm mojah lawan sêpatu [sê...]

--- 23 ---

[...patu] langking | wus mangkana gya winuwus | para wadya narendra | wadana myang kaliwon ingkang tut pungkur | ing sira sang mantri muka | dhèrèk têdhaknya sang aji ||

24. mring sêtatsiun Balapan | Dyan Mas Arya Purwadiningrat tuwin | sira Rahadyan Tumênggung | Bujanagara lawan | Dyan Tumênggung Wăngsanagara jêjuluk | Dyan Mas Arya Suryaningrat | kaliwonira winarni ||

25. Dyan Bèi Martadipura | lawan sira Radyan Mas Angabèi | Sumadipura rum-arum | tuwin sira Rahadyan | Angabèi Pringgadipura jêjuluk | Dyan Bèi Wignyadipura | ri wusira kang mungkasi ||

26. nênggih sira kang pêparab | Prawiradipura Radyan Ngabèi | ya ta wau kang sumambung | para wadyèng narendra | kang tut wuntat têdhak dalêm jêng sang prabu | gambira kawuryanira | cancut taliwănda sami ||

27. yèku ingkang kawuwusa | sagung para wadya dalêm narpati | ordhênas kang anung-anung | samya wahana kuda | kalanthungan panganggonirèng wira nung | kulambi atelah seta | topinira pètcis putih ||

28. kêris warăngka gayaman | komplit samya congklangan ngrumiyini | dhumatêng ing sêtatsiun | Balapan lan prasamya | amangrênggêp ampilan dalêm sang prabu | talêmpak towok kalawan | limpung tamèng sabêt tamsir ||

29. gêgiliran pangampilnya | sapraptane ing Balapan prasami | samapta ing rawuhipun | Gusti Jêng Sri Narendra | jagaruna anèng ngarsa dalêm prabu | wus ênêngna kang winarna | pocungira kang gumanti ||

6. Pocung

1. kang winuwus pra wadyendra kang tut pungkur | nênggih duk samana | têdhak dalêm jêng sang aji | sagung para prajurit kang pêpilihan ||

2. gya winuwus kang dumadya lajêripun | Rahadyan Mas Arya | Priyawinata [Priya...]

--- 24 ---

[...winata] palinggih | nênggih litnan kolonèl twèdhê komandhan ||

3. nadyan sampun wrêdha nanging sêmunipun | maksih kawistara | kêngkêng lir caritèng nguni | duking purwa lir satriya Nglesanpura ||

4. agêngipun datan sapintêna namung | ing prakosanira | datan siwah lan ing nguni | risang Bima nênggih Arya Bratasena ||

5. marmanipun Arya Sêtyaki karuhun | sinungan pêparab | nênggih Arya Bima Kunthing | dening Bungkik prakosane lir Sang Bima ||

6. rawisipun sakêpêl sisih kadulu | anyarapang kadya | angganing kang sarpa nglangi | wadana bang saradane kêrot waja ||

7. tăndha lamun dahat wantering tyasipun | marma caritanya | lamun kongsi kasaliring | tan sarănta nulya bêkuh myang milara ||

8. mangkya sampun pinunggêl ing candranipun | sumambunging kata | mayor tamtama wêwangi | Rahadyan Mas Arya Kusumawinata ||

9. sarta laju Wirajayataka Mayur | Rahadyan Mas Arya | Yudawinata wêwangi | nulya sira ritmistêr wiratamtama ||

10. iya iku ingkang prawirambêk sadu | myang pinudyèng krana | sawastu wus amantêsi | sira Dyan Mas Apanji Sumadarsana ||

11. dyan sumambung Kaptin Jayasura anung | nimpuna ring sanggya | ulah kridhaning ajurit | Rahadyan Mas Apanji Dipatênaya ||

12. gya winuwus irstêlitnaning wira nung | nênggih kang ingaran | prajurit mijipinilih | Dyan Mas Panji Prawira pinilih nulya ||

13. kang sumambung ya ta irstêlitnanipun | Wirajayataka | yeka kang pinudyèng krami | sira Radyan Apanji Purbasaputra ||

14. nulya laju twèdhêlitnan tamtama nung | sudirèng ngalaga | kaswarèngrat awêwangi | sira Dyan Mas Apanji [Apa...]

--- 25 ---

[...nji] Căndrasaputra ||

15. dyan winuwus mangkya twèdhêlitnanipun | Wirajagasura | sira ingkang awêwangi | Dyan Mas Panji Trimurda gya twèdhêlitnan ||

16. iya iku Jayataka aranipun | wadya kang ginala | ginulang wantêring jurit | sira Dyan Mas Apanji Nêrangkusuma ||

17. mangkya laju winarnaa kang sumambung | nênggih twèdhêlitnan | Jagabraja kang wêwangi | sira Radyan Apanji Brajasasmaya ||

18. kang sumambung minăngka pamungkasipun | ya ta twèdhêlitnan | ajudan ingkang wêwangi | sira Dyan Mas Apanji Jayaprawira ||

19. puwara wus sampat para prawira nung | kang samya tut wuntat | têdhak dalêm jêng sang aji | anjrah samya kawuryan busananira ||

20. amangrasuk cara Wlandi warna jamus | anamung kewala | sêkudêrnya datan mawi | wus pinunggêl kasmaran raosing driya ||

7. Asmaradana

1. nêngna wau kang winarni | mangkya gantya winursita | wadya dalêm sri pamase | musik prajurit manggènnya | anèng samadyanira | ing sasana sêtatsiun | Balapan wigatinira ||

2. samêkta myang angurmati | rawuh lawan têdhakira | ing gusti jêng sang akatong | myang kagungan dalêm nata | găngsa ing kadipatyan | Kodhokngorèk wastanipun | tinut wuntat niyaganya ||

3. dhawuh sabdaning narpati | kinèn mêpak mangruktia | ywa kaliru dumununge | nèng sêtatsiun Balapan | migati ananira | mahargyèng jêng sang aprabu | rawuh lawan têdhakira ||

4. nulya wadyendra undhagi | samêkta apanataran | ingkang kagêm sri pamase | măngka lantaran tindaknya | nitih rata pawaka | anèng jroning sêtatsiun | ing Balapan ywa kuciwa ||

5. wus mangkana dyan winarni | kagungan dalêm gamêlan | kang winastan Kodhokngorèk | kawadananing pra putra |

--- 26 ---

santana dalêm kanan | dhawuh sabdaning sang prabu | kinèn mangrukti samêkta ||

6. wontên sanginggiling panti | panti palangitanira | ing panggungan talangpatèn | tuwin wadya dalêm nata | sêtat musik samana | pan kinèn ngrukti dumunung | nèng panggung sănggabuwana ||

7. mahargyèng têdhak narpati | lawan benjang kondurira | ing gusti jêng sang akatong | nulya mangkya winuwusa | kagungan dalêm nata | motor kang tinutkên pungkur | mring Bètênsorêh prajarja ||

8. kèhnya namung tiga iji | Kiyai Rara Kumênyar | kalawan kyai idêlèr | myang Kiyai Sugihwaras | supirira wadyendra | Walandi pan wastanipun | yèku Tuwan W.H. Hisman ||

9. satuhu wus amumpuni | maring ulah kridhanira | ing motor tan pindho gawe | gawe gawoke kang mulat | kalamun ngrênggêp karya | pinutêr sêtir sinambut | gya sumêbut pindha kilat ||

10. naratas madyaning margi | sru kumêbul kang bantala | wor asêping ponang motor | sinêranging bayu bajra | ngêndhanu apan kadya | jaladharsa nêrahkên truh | ing măngsa labuh kasapta ||

11. anggamêng urut ing margi | kêkayon têpining marga | sinêrang daya lakune | ing otomobil samana | gumêrot swaranira | kadya tinêmpuh ing lesus | mêsês wèh marasing driya ||

12. ana wênèhing sujanmi siji |[26] kêpêthukan sarwi mulat | ing otomobil lakune | gurawalan solahira | têmahan kapêlajar | anggêndring tan tolih pungkur | mêlanging tyas bok kêtabrak ||

13. dupi wus antara têbih | nulya nolih myang amulat | ing motor wau lampahe | wikan lamun jêng sri nata | ingkang nitih samana | lan para pandhèrèkipun | samya anjêtung sadaya ||

--- 27 ---

14. gêtuning tyas tanpopami | nulya samya kaconthalan | nututi lampahing motor | nging tan bisa kasambadan | mung kari karênggosan | napasira ngangsur-angsur | myang andheprok ing bantala ||

15. mangkana ananing nguni | nêngna mangsuli carita | têdhak dalêm jêng sang katong | sakalihan pramèswara | kang wus winarnèng ngarsa | dupi sampun wancinipun | jam satêngah sadasenjang ||

16. mijil saking jroning puri | ginarêbêg para putra | putri dalêm sêpuh anèm | kalawan ri sanggyanira | garwa dalêm ampeyan | sumawana sanggyanipun | kang para cèthi parêkan ||

17. gumarudug ngrêspatèni | bayak-bayak kawuryan ta | wirandhungan ing lampahe | miyos madyaning wiwara | talangpatèn samana | gusti kangjêng sang aprabu | sakalihan pramèswara ||

18. enggalira sampun nitih | titihan dalêm narendra | rata motor kang wastane | kyai raja pèni ingkang | sinupiran wadyendra | yeka ingkang arum-arum | Mas Lurah Atmasakatha ||

19. wus têdhak gusti sang aji | sagung ingkang para putra | putri dalêm sêpuh anèm | kalawan ri sanggyanira | garwa dalêm ampeyan | sumawana sanggyanipun | kang para cèthi parêkan ||

20. ingkang grêbêg ing sang aji | sadaya winarnèng ngarsa | ingkang datan kinon dhèrèk | mung tuguran jroning pura | sampun wangsul sadaya | umanjing jroning pura rum | puwara mangsuli kata ||

21. têdhak dalêm jêng sri mulki | sakalihan sri dayita | kawarnaa ing lampahe | titihan dalêm narendra | mung samadya kewala | tinut wuntat sanggyanipun | pra putra kadang wandawa ||

22. lawan para brêtyapati | pan samya wahana rata | myang turăngga samoane |

--- 28 ---

ing netyasmune kawuryan | wus datanpa sangsaya | samya iyêg tyas gumrêgut | gambira untaping bala ||

23. găngsa lawan sêtap musik | samya urmat bêbarungan | sru gumuruh ing swarane | Kodhokngorèknya angangkang | wor Wilhèlmês swaranya | ting tarêdhung ting carêngklung | dahat umyung kapiyarsa ||

24. para janma kang ningali | jalu lawan pra wanita | agung alit kawuryane | samya jêjêl yêl-uyêlan | tan ana sêlanira | ing samarga-marga pênuh | kawarnaa duk samana ||

25. ingkang liwêt tilar kêndhil | ingkang adang tilar dandang | kang adus tilar wastrane | mung rangkêpannya kewala | ingkang maksih sinandhang | kang nusoni tilar sunu | milalu samya lumampah ||

26. kusung-kusung aningali | ing têdhak dalêm narendra | gumarênggêng suwarane | gung sêsanti maharjanta | ing gusti sri narendra | sagarwa putra sadarum | myang kadang wadya sadaya ||

27. linulusna ing basuki | salêbêting apêpara | winantua sukèng tyase | myang kalis ing sambekala | ngantya praptèng kondurnya | samya manggiha rahayu | kayuwanan salaminya ||

28. ana wênèh ing sujanmi | andhodhok lan ngapurancang | ana ngadêg myang wotsinom | pating kracung sêsedhokan | mangarsèng jêng sri nata | mênggah kang mangkana wau | tăndha cihna sungkêming tyas ||

29. ing gusti jêng sri bupati | marma gusti sri narendra | dupi uninga mangkono | solahing janma kang miyat | rêbut dhucung mangarsa | marma wau jêng sang prabu | kawuryan pirênèng driya ||

30. enggale mangkya sang aji | sampun rawuh ing Balapan | wus tumêdhak saking motor | pinêthukkên dening sira | ingkang nimpunèng karya | asistèn [asistè...]

--- 29 ---

[...n] residhènipun | ing Bayalali Kutharja ||

31. jêjuluk Tuwan Popêlir | ri sampunnya têtabean | tindak dalêm jêng sang katong | lulusa lêbêting tindak | sêsambèn pangandikan | ingkang rèmèh myang kang pêrlu | tuwan asistèn kawuryan ||

32. sru rumêsêp marêpêki | ing gusti jêng sri duhita | umarêk dhawah keringe | kacarita duk samana | tuwan asistèn nulya | asta kanan tumanggap wus | kanthèn lan jêng sri duhita ||

33. ya ta wau jêng sang aji | sakalihan pramèswara | myang sira tuwan asistèn | laju manjing mring jronira | ing wahkamêr irstê klas | satata lênggah sang prabu | sumawana sanggyanira ||

34. para garwendra paminggir | ingkang samya atut wuntat | ing gusti jêng sri pamase | ugi wus manjing sadaya | mring wahkamêr samana | anane wus tan winuwus | ri sampunnya kang mangkana ||

35. gusti kangjêng sri bupati | nimbali sang narpaputra | ajudan dalêm pamase | anênggih raka narendra | Jêng Pangran Prabuningrat | wus marêk ngarsèng sang prabu | dhawuh sabdaning narendra ||

36. kangmas marma sun timbali | ngabyantara ngarsaningwang | mungguh kangmas wigatine | gya warahên sakèhira | wadyèngsun kang tut wuntat | marang panjênêngan ingsun | samya kinèn asamêkta ||

37. krana mêngko pan wus wanci | lakuning rata pawaka | sang narpaputra ature | andhêku nuwun sandika | wus mentar narpaputra | saking ngarsa dalêm prabu | gya dhêdhawuh mêpak bala ||

38. tur sandika kang sinung ling | lawan wus sami samêkta | titihan dalêm sang katong | dhirèksi rata pawaka | kalawan ingkang kanggya | para pandhèrèk sadarum | sagarêbong klas sajuga ||

39. tuwin sagêrbong klas kalih | lah sampun sami samêkta | rinukti pan wus ginandhèng |

--- 30 ---

lawan èksêprès samana | nulya sang narpatmaja | Kangjêng Prabuningrat matur | ing gusti jêng sri narendra ||

40. dhuh gusti jêng sri bupati | dhawuh timbalan paduka | sampun amba dhawuhake | ing samangke wus samêkta | saupakartinira | umèsêm jêng sang aprabu | myang asung sasmita budhal ||

41. wus miyos jêng sri bupati | saking wahkamêr samana | tinut wuntat pra pandhèrèk | enggale jêng sri narendra | myang sanggyaning pra wadya | wus samya nitih sadarum | mring gêrbong rata pawaka ||

42. dupi wus antara wanci | munya jam sadasa enjang | langkung tiga mênitane | myang loncèng kang măngka tăndha | lumaksananing rata | tinabuh loncèng swara sru | cumarêngkling kaping tiga ||

43. para punggawèng ratagni | wus ngrênggêp rèm kinêndhonan | mrih rata lulus lampahe | kondhèkturnya gya trangginas | sung sasmita sarana | anyêbul sêmpritanipun | thurwit-thurwit swaranira ||

44. kang ratagni gya lumaris | gumaludhug swaranira | maksih lon-lonan lampahe | kinurmatan ungêlira | musik lawan pradăngga | bêbarungan swaranipun | sru gumuruh kapiyarsa ||

45. ingkang nèng jroning ratagni | samya ngacungakên asta | mawa kacu klèbèt-klèbèt | winalêsan sanggya para | wadyendra kang tut wuntat | kantun anèng sêtatsiun | rumêksa arjaning praja ||

46. astanira ngacung sami | myang kumitir kawuryannya | miwir kacu klèbèt-klèbèt | yèku măngka sung pratăndha | pambagèning raharja | binarung surak gumuruh | ambalan ambata rêbah ||

47. wus mangkana kang ratagni | gya sinêru lampahira | sapandurat wus tan katon | nahanta para wadyendra | ingkang kantun samana | pan wus [wu...]

--- 31 ---

[...s] samya nulak wangsul | lumaksana sowang-sowang ||

48. ananira tan winarni | nahan malih kawuwusa | salêbêtnya kang èksêprès | nyindhung riwut lampahira | dhawuh dalêm narendra | dhumatêng wadyèng sang prabu | Dyan Bèi Jayadipura ||

49. mangkana ta sabdèng aji | majua Jayadipura | marang ngarsaningsun kene | tampanana dhawuh ingwang | lah Tuwan Dhêlanowah | paringana picis iku | kèhe salawe rupiyah ||

50. sarta warahên tumuli | kinèn maringke sakala | marang sagung punggawane | masinis kang nambut karya | majibi ananira | sêpur iki kang lumaku | kang mangkono karsaningwang ||

51. dimèn saya ngati-ati | tinitia kang têtela | lulusa bêcik lakune | kalawan ta dèn araha | ing mêngko praptaningwang | anèng sêtatsiun Bandhung | mrih ywa kongsi lalumăngsa ||

52. kang antuk sabdèng narpati | amabukuh ngèstu pada | nuwun sandika ature | dyan umêsat pêpanggihan | lan Tuwan Dhêlanowah | andhawuhkên sabdèng prabu | purwa madya myang wasana ||

53. Dhêlanowah wus sinung ling | tan lênggana jroning driya | myang sandika ing ature | ardana wus tinampenan | nênggih sami sakala | wus dèn dhawuhkên sadarum | ring masinis irsêtêklas ||

54. masinis dupi nanggapi | dhawuh myang kadarman nata | malèngèh petruk corèke | myang sandika aturira | kadarman dalêm nata | kalingga murda ing ngêmbun | dadya sarat kayuwanan ||

55. Dhêlanowah duk wus tampi | atur waluyan mangkana | nulya wangsul asêmparèt | gupuh-gupuh lampahira | tan dangu gya sajarwa | lawan dutaning sang prabu | Dyan Bèi Jayadipura ||

56. sung warta dera tinuding | purwa madya myang wasana | sampun [sa...]

--- 32 ---

[...mpun] sami sinojarke | Dyan Bèi Jayadipura | trangginas ngabyantara | ring ngarsa dalêm sang prabu | mabukuh myang awotsêkar ||

57. matur solahe tinuding | purwa madya lan wasana | wus tan ana ingkang cèwèt | jêng sang prabu duk miyarsa | atur ingkang mangkana | dadya sukanya sang mulku | kawuryan pirênèng driya ||

58. wus ênêngna kang winarti | ya ta enggaling carita | titihan dalêm èksêprès | wus praptèng Tugu Ngayogya | mangkana sri narendra | sarawuh dalêm ing Tugu | kinurmatan ungêlira ||

59. musik saking jroning puri | puradi Ngayogyakarta | Wilhèlêmês pan nasao | lawan para narpaputra | ing nagri Yogyakarta | kang samya mêthuk sang prabu | pan sami angguladrawa ||

8. Dhandhanggula

1. kawarnaa wau narpasiwi | Kangjêng Gusti Pangran Adipatya | Arya Pakualam dene | ingkang nunggil winuwus | Kangjêng Gusti Pangran Dipati | Angabèi pêparab | lan ingkang jêjuluk | anênggih Gusti Pangeran | Arya Pugêr myang gusti sang narpasiwi | Arya Mangkukusuma ||

2. nulya ingkang sumambung ing wuri | sira Gusti Pangeran Ariya | Tejakusuma juluke | myang gusti narpasunu | Arya Adikusuma nênggih | wau sang narpatmaja | wus samya tumundhuk | umarêk manjing jronira | kang ratagni titihan dalêm sang aji | ngaturkên maharjendra ||

3. sang aprabu pan sampun nanggapi | myang umasung waluyan pambagya | dahat suka sri pamase | anulya datan dangu | linadosan sêsêgah saking | ngarsa dalêm sang nata | minuman myang srutu | wus waradin kang sêsêgah | lawan sampun angunjuk minuman sami | myang sês srutu samana ||

4. sri narendra ngandika [ngandi...]

--- 33 ---

[...ka] rum maring | para sanggyaning kang narpaputra | mangkana ta pamêdhare | dhuh rama Pugêr sagung | para kadang atmaja mami | sapungkur ingsun têdhak | kariya rahayu | aywa ana sambekala | linulusna dènira mong sukèng kapti | sanggyaning narpaputra ||

5. duk wus tampi sabdaning narpati | Arya Pugêr andhêku turira | dahat nuwun sri pamase | myang para narpasunu | marikêlu atur wotsari | sabda tuwan narendra | kang makatên wau | anuwun kalingga murda | gung pinundhi ing ngêmbun praptaning wuri | dadyaa ing pisarat ||

6. yuwananta ing kawula sami | mila mangkya kawula sadaya | datan nanggop sawastune | siyang pantara dalu | samya nungku pudya samadi | munajad ing Hyang Suksma | mugi jêng sang prabu | linulusna karaharjan | anjrah praptèng kukuban dalêm sang aji | duk myarsa jêng sang nata ||

7. mèsêm nulya ngandika rum maring | siwi bantyaning gusti narendra | kang pinudya krama mangke | jêng pangran dipatya nung | Arya Pakualam wêwangi | mangkana sabdèng nata | dhuh babo putrèngsun | sapungkure jênêng ingwang | sira kulup sakukubanira sami | padha kari raharja ||

8. ingkang antuk sabdaning narpati | gung sumungku kalawan wotsêkar | dahat nuwun ing ature | sabda dalêm sang prabu | gung kalingga murda pinundhi | ingêmbun salaminya | tumêrah tumurun | dadya sarat kayuwanan | mahanani bawa lêksananing siwi | tarlèn sing sabdèng tuwan ||

9. dahat dènya karênan sang aji | wus mangkana gantya kang winarna | nanging maksih sumambunge | ya ta utusanipun | Kangjêng Ratu Kancana tuwin | utusaning putrendra | Gusti Radyan Ayu | Adipati Pakualam | tan darana pan samya manjing sajroning |

--- 34 ---

grêbong rata pawaka ||

10. sarwi ngrênggêp saosaning gusti | dhêdhaharan lêmpêr lêlintingan | myang sêpekuk apadene | kang winastan konêng krun | kèhnya ngantya dahat mênuhi | jroning grêbong samana | dhêdhaharan wau | sampun sinaoskên măngka | sangu dalêm sajronira nèng ratagni | enggale wus tinampan ||

11. dening wadya narendra kang wajib | myang wus katur ngarsaning narendra | dhawuh dalêm sri pamase | dhaharan sing kang ibu | wus tinampi sabdèng narpati | dahat sukaning driya | myang saosanipun | putri dalêm sabdèng nata | ugi sampun tinampi tarima kasih | duta wus mêsat nêmbah ||

12. samantara sanggyèng narpasiwi | wus linilan mentar sing ngarsendra | nêmbah mijil saking jrone | garêbong rata latu | sinarêngan pra narpasiwi | ing nagri Surakarta | saandhahanipun | ingkang samya atut wuntat | ing sang prabu wus winarnèng ngarsa prapti | ing Tugu Yogyakarta ||

13. brubul saking jronirèng ratagni | kawistara datanpa sangsaya | sumaringah ing netyane | sagatra-gatranipun | angrêpèpèh dera lumaris | mêndhak-mêndhak andhadhap | rêspati dinulu | ri sampunnya kang mangkana | para narpaputra jumênêng pusisi | myang nguncupakên asta ||

14. dumunung nèng samadyaning panti | sêtatsiun ing Tugu tan têbah | lawan rata titihane | gusti jêng sang aprabu | laju munya loncèng kang dadi | pratăndha lampahira | ponang rata latu | thèng thèng thèng sru swaranira | kondhèkture gupuh dènya anyêmpriti | rata dyan lumaksana ||

15. maksih alon dènira lumaris | sagung para risang narpaputra | sami ngunjukkên astane | kalawan manthuk-manthuk | myang

--- 35 ---

gumujêng malèngèh sami | sang prabu duk uninga | kang mangkana wau | kawuryan pirênèng driya | sanggya para wadyendra jalu lan èstri | kang dhèrèk sri narendra ||

16. wontên jroning rata latu sami | samya pating klawe astanira | andum sugêng pradikane | ya ta kang rata latu | saya têbih dera lumaris | kumrangsang swaranira | kukusnya kumêlun | sapangu wus kêthap-kêthap | lampahira sumêbut apindha thathit | mêsês mawa prakêmpa ||

17. nêngna wau winarna sri mulki | dupi mangkya kang rata pawaka | lampahira sampun praptèng | sakilèning praja gung | ing Ngayogyakarta nagari | pangagêman narendra | karsa dalêm prabu | asantun ngagêm rasukan | winastanan atelah kang santung kuning | myang agêm sri narendra ||

18. Ridêr Nèdêrlansên leyo alit | bintang oranyê nasao plaknya | maksih lulus pangagême | nulya mangkya winuwus | pra wadyendra ingkang majibi | sangu dalêm dhaharan | mangrukti sadarum | lumados ingkang dhaharan | nama arêm-arêm atanapi tarcis | wus sumaos ngarsendra ||

19. myang ngarsaning jêng sang pramèswari | lan garwendra paminggir sadaya | pra pangeran sapandhèrèk | jêng Pangran Arya Prabu | Prangwadana kalawan swami | yeka sang sri duhita | Gusti Ratu Timur | gya sami dhahar sadaya | wus mangkana limun myang toya walandi | linadosakên nulya ||

20. sêsampating minuman lumadi | ya ta mangkya enggaling carita | lampahira kang èksêprès | sangsaya sru sumêbut | sampun datan winarnèng margi | samantara wus prapta | wontên sêtatsiun | ing Maos kèndêl sakêdhap | amanganti ratagni kang arsa prapti | nut pranataning lampah ||

21. nêngna wau ananing [ana...]

--- 36 ---

[...ning] ratagni | mangkya gantya ingkang winursita | para janma ingkang anèng | madyaning sêtatsiun | agung alit jalu lan èstri | arsa manjing jronira | ponang rata latu | samya jêjêl yêl-uyêlan | samadyaning sêtatsiun kapiyarsi | umyung ing swaranira ||

22. ting caraèk kageyaning kapti | kusung-kusung untaping sujanma | rêbut dhucung ing lampahe | sandeaning jro kalbu | bok kêpancal tan bisa manjing | jroning rata pawaka | ingkang wus kadulu | lumaksana sing mandrawa | wus mèh prapta sêtatsiuning ratagni | ing Maos duk samana ||

23. nulya ana sawênèhing janmi | palang-palang tan wikan tinunjang | dening dahat kuwur tyase | daruna duking wau | arsa numpak ponang ratagni | ingkang sampun mèh prapta | nanging jroning kalbu | kanggêg kayungyun yun wikan | ing paduka gusti kangjêng sri bupati | ing nagri Surakarta ||

24. maksih tangèh kalamun winarni | ananira kuwuring sujanma | enggalira sumambunge | nihanta kang winuwus | sang nararya ingkang dumadi | bupati Kuthaarja | yeka kang jêjuluk | Rahadyan Tumênggung Arya | Purba Hadikusuma apan sarimbit | kalawan swaminira ||

25. ingkang sampun wontên samadyaning | sêtatsiun ing Maos dunungnya | nèng wahkamêr sakalihe | kadarpanirèng kalbu | yun mahargyèng gusti sang aji | marmane duk samana | dupi jêng sang prabu | wus rawuh Maos sakala | sang nararya sarimbit sigra lumaris | mijil saking jronira ||

26. ing wahkamêr gupuh marêpêki | mring ratagni titihan narendra | parikrama sakalihe | manganti dhawuhipun | gusti kangjêng sri narapati | samana jêng sang nata | karênaning kalbu | anulya rum sabdanira | hèh tumênggung sayogya payo sirèki | kalawan [ka...]

--- 37 ---

[...lawan] swaminira ||

27. ywa pakewuh dèn kaparèng ngarsi | prasamia umanjing jronira | ing rata pawaka kene | wau radyan tumênggung | tur sandika lawan wotsari | wus manjing ing jronira | garêbonging sêpur | titihan dalêm narendra | sang nararya sarimbit sampun sumiwi | ing ngarsa dalêm nata ||

28. lawan dahat mabukuh wotsari | jêng sang prabu nulya rum ngandika | babo sira sakarone | praptanta ngarsaningsun | apa baya padha basuki | sang nararya tur sêmbah | dhuh gusti sang prabu | kawula sadayanira | saking barkah pangèstu dalêm sang aji | sami lulus raharja ||

29. duk miyarsa gusti jêng sri mulki | ring turira nararya mangkana | sru karênan sri pamase | tan dangu dyan tumênggung | tur wotsêkar nambramèng aji | wêdharing saddhawara | dhuh gusti sang prabu | dènyamba dahat kumawa | kamipurun sumêngka mapag sumiwi | ing ngarsa dalêm nata ||

30. botên saking punapaa gusti | namung labêt saking jrih kawula | ing alit jêng sri pamase | datan katêntèng atur | mung walaka sumiwèng gusti | bêgya dene sang nata | myang gusti sri wadu | karsa miyos apêpara | kasambadan kawula sasemah sami | sagêd marêk punika ||

31. nadyan namung saclèrètan gusti | ananging ta raosing wardaya | sampun marêm sawastune | amila dhuh sang prabu | ing mangkyamba sasemah sami | siyang ratri satata | atur pamudyayu | anggènira jêng sang nata | sakalihan gusti jêng sri juwita ji | karsa miyos pêpara ||

32. mugi-mugi lulusa arjanti | kalis sagung ingkang sambekala | ngantya praptèng sakondure | satata mung winantu | sukarêna jroning panggalih | tumêrah maring para | pandhèrèk sadarum | kasambadan sêdyanira | duk [du...]

--- 38 ---

[...k] miyarsa atur mangkana sang aji | dahat sukaning driya ||

33. lawan paring waluyan sang aji | dhuh tumênggung mungguh aturira | kang mangkana satuhune | wus sun tămpa sadarum | sakamantyan tarima kasih | wus karia raharja | saanak swamimu | tumrah sakukubanira | mung rêngênta rèh mêngko wus dungkap wanci | ratagni arsa budhal ||

34. ywa cuwèng tyas mundura dèn aglis | dyan tumênggung sumungku wotsêkar | nuwun sandika ature | dhuh gusti jêng sang prabu | sabdèng tuwan dahat kapundhi | ingêmbun salaminya | panuwuning ulun | mugi-mugi dumadia | pisarating kawula saanak rabi | yuwana salaminya ||

35. ya ta radyan tumênggung sarimbit | ngèstu pada anulya ge mentar | sing ngarsa dalêm pamase | wus mijil sing jronipun | garêbonging ponang ratagni | titihan dalêm nata | gantya kang winuwus | ratagni wus lumaksana | karsa dalêm gusti kangjêng sri bupati | dhawuh mundhut dhaharan ||

36. resturansi sajroning ratagni | wus rinukti sumaos ngarsendra | waradin para pandhèrèk | sampun datan winuwus | ananira ingkang lumadi | winarna duk samana | loncèng wus tinabuh | kaping tiga sarosanya | kondhèkture tumaranggal anyêmpriti | ratagni gya lumampah ||

37. kawuryannya sêmuning ratagni | kaya-kaya ge-agea prapta | ing pundi dunung wêkase | winarna paminipun | kasinungan jiwita yêkti | ngangsur ngunjal uswasa | sarèhning ta sêpur | wijiling asêp kewala | kapiyarsa mêsês ngèsès datanpa wis | lawan dandanganira ||

38. ingkang măngka tutuking ratagni | anggung mênggah-mênggah swaranira | wijiling ponang kukuse | datan wignya kumêlun | muhung pêgat-pêgat kaèksi | ananging lampahira |

--- 39 ---

pan maksih angutu | anggung anggêndring kewala | sampun datan mawa tolèhing wuri |[27] winarna ananira ||

39. salêbêting ratagni lumaris | gêgancangan ing mangke wus prapta | haltê Ciawi wastane | samana wanci nuju | tabuh gangsal sawêlas mênit | hyang arka wus lumarap | mèh tumamèng gunung | nêngna gantya kacarita | dhahar dalêm rêmikan tarcis lumadi | myang wedang tèh anungka ||

40. wus waradin linadosan sami | gya dhinahar lan ngunjuk sadaya | saya sêngkut ing lampahe | nênggih kang rata latu | mung satata ngutu kapati | tan taha lampahira | dupi sêtatsiun | ing Bandhung wus kawistara | ploitira munya galur cumalêring | puwara sampun prapta ||

41. sira Kangjêng Pangran Adipati | Arya Prabu Prangwadana lawan | swaminya lumampah kanthèn | umarêk ing sang prabu | bayak-bayak angrêspatèni | myang matur ngèstu pada | ing gusti sang prabu | dhuh rama jêng sri narendra | mugi sampun dumadya cuwaning galih | rèh amba sêlak sayah ||

42. kula nuwun rama jêng dewa ji | amba nyuwun pamitan wuntat |[28] dhèrèk manjing sri pamase | dhatêng pakuwon prabu | hotèl Homan kangjêng rama ji | kawula kalilana | lumaksana laju | anjujug pakuwon amba | ing Preyangêr hotèl kang sampun rinukti | sri nata rum ngandika ||

9. Sinom

1. adhuh babo putraningwang | kulup Pangran Adipati | Arya Prabu Prangwadana | mungguh pamintanta kaki | tan bisa atut wuri | marang panjênêngan ingsun | umanjing sajronira | pakuwon ingsun ing panti | hotèl Homan dening kulup sêlak sayah ||

2. marmanira putraningwang | minta pamit arsa nuli | anjujug pakuwonira | ing hotèl [hotè...]

--- 40 ---

[...l] Priyangêr kaki | lah ya prayoga kaki | nora dadi ngapa kulup | malah ta yogyanira | ing samêngko sira kaki | parlu kudu angasokake sarira ||

3. sanadyanta sarirèngwang | lah uga mangkono kaki | kudu ngasokke sarira | ana sajronirèng panti | pakuwon ingsun kaki | ing hotèl Homan karuhun | kalamun tan mangkana | sayêktine tan sayukti | yèn ta kasok sayahe mindêng kewala ||

4. karana darunanira | kalakone laku iki | maksih tangèhe kaliwat | kalawan ingsun sayêkti | mêsakke mring sirèki | dening dahat katonipun | lah iya sayahira | kajabane iku kaki | karêbène angaso kang wadyabala ||

5. dadi benjang lamun ana | pakaryan sawanci-wanci | rumaganging wadyabala | nora bakal nguciwani | wau pangran dipati | duk nampèni sabdèng prabu | andhêku tur wotsêkar | kula nuwun jêng rama ji | kaluhuran karsa dalêm kang mangkana ||

6. kawula cumondhong karsa | sang prabu ngandika malih | dhuh kulup pangran dipatya | kajaba tyasira kaki | mungguh lakunta iki | lah saka pamawas ingsun | prayoga putraningwang | dhingini kewala nuli | ywa andadak manganti sariraningwang ||

7. karana sariraningwang | maksih mawa amanganti | ajuning rata pawaka | kang ingsun titihi iki | lumaku ngantya prapti | dumununge kang tinamtu | kangjêng pangran dipatya | anoraga myang wotsari | tur sandika sagarwa sigra budhalan ||

8. akêbut sawadyanira | ing ênu wus tan winarni | mangsuli rata pawaka | titihan dalêm sang aji | tan dangu gya lumaris | samantara sampun rawuh | dununging pakèndêlan | sêtatsiuning ratagni | ing Bandhung [Ba...]

--- 41 ---

[...ndhung] wus wanci silêming hyang surya ||

9. amarêngi tabuh astha | duk samana jêng sri mulki | myang gusti jêng pramèswara | wus tumêdhak sing ratagni | sagung wadyèng narpati | jalu èstri gumarubyug | rêgêng asri kawuryan | bayak-bayak ngrêspatèni | lampahira tut wuntat gusti sang nata ||

10. mangkana ta sri narendra | sakalihan pramèswari | datan dangu tindakira | pan ing mangkya sampun nitih | yeka kang otomobil | kagungan dalêm sang prabu | ingkang sampun samêkta | cumawis tan nguciwani | wastanira kiyai rara kumênyar ||

11. sinupiran dening sira | Walandi wadyèng narpati | ingkang wus winarnèng ngarsa | Tuwan Isman awêwangi | wus datan madal sumbi | ulahing panyupiripun | sagunging wadyabala | gumolong sabilik-bilik | lan wus samya wahana oto sadaya ||

12. titihan dalêm narendra | wus lumampah tinut wuri | sagung otoning wadyendra | galur sêlur urut margi | sanggyaning para supir | samya ngrênggêp tutêripun | wênèh ngrênggêp klatsonnya | umyangan samargi-margi | sapandurat sampun lêpas lampahira ||

13. winarnaa para janma | ingkang samya aningali | jalu èstri kawistara | rèntèp satêpining margi | wênèh ana lumaris | gêgancangan rêbut dhucung | kalawan rêbut ngarsa | sapraptaning pinggir margi | nganan ngering bêblêg jêjêl yêl-uyêlan ||

14. datan ana sêlanira | tumawon swaraning janmi | kumarusuk wênèh ana | nyabawa santak kapyarsi | toh ayo maju lagi | toh ini orang kampiyun | tidhak bêrdhuli apa | krana ini laki-laki | mau apa bêrsama-sama bêrlihat ||

15. wus ênêngna para janma | ingkang samya aningali | mangsuli caritanira | titihan dalêm sang aji | yeka [ye...]

--- 42 ---

[...ka] kang otomobil | myang oto pandhèrèkipun | sinêru lampahira | samantara sampun prapti | hotèl Homan pakuwon dalêm narendra ||

16. ya ta wau jêng sang nata | sakalihan pramèswari | kalawan ri sanggyanira | para garwendra paminggir | myang sagung narpasiwi | sawadyabala sadarum | enggaling kang carita | sampun prasamya umanjing | sajronira ing hotèl Homan sadaya ||

17. dhirèkturing hotèl Homan | Tuwan Dhêyong wus nanggapi | ing rawuh dalêm narendra | wus mangkana jêng sang aji | tuwin jêng pramèswari | nulya lêrêm nèng jronipun | prasadadi panggungan | umênggêp nèng wetan kèksi | agung mênggêr sarwendah pangrêngganira ||

18. tan kantun ri sanggyanira | para garwendra paminggir | gumolong samya tut wuntat | umiring jêng sri bupati | nunggil nèng prasadadi | anênggih dumunungipun | myang sampun sinamêktan | kamarnya sabilik-bilik | datan têbih lan kamar dalêm narendra ||

19. dene para narpatmaja | myang sagung wadyèng narpati | gung alit jalu wanita | pan sampun linilan sami | angaso mundur maring | pakuwonira sadarum | wus mêsat ngèstu pada | saking ngarsa dalêm aji | lampahira gumarubyuk sowang-sowang ||

20. mangsuli caritanira | Kangjêng Pangran Adipati | Arya Prabu Prangwadana | sakalihan ingkang swami | sawadyanira sami | sampun lêpas lampahipun | ing ênu tan winarna | enggale kang otomobil | lampahira wus lulus tanpa sangsaya ||

21. ya ta mangkya sampun prapta | hotèl Priyangêr kawarti | sampun manjing mring jronira | ing kamar sabilik-bilik | sampun datan winarni | ananing hotèl sadarum | mung cinêndhak kewala |

--- 43 ---

sadaya wus lêrêm sami | tan sangsaya gung suka mong parisuka ||

22. nêngna malih kang winarna | sanggya para ingkang sami | umiring jêng sri pamasa | mung praptèng Bandhung nagari | myang Kuthaarja nagri | lan ingkang mung praptèng Tugu | ing nagri Yogyakarta | ingkang wus winarnèng ngarsi | sampun sami anulak wangsul sadaya ||

23. ing marga wus tan winarna | enggalira sampun prapti | wismanira sowang-sowang | myang samya lulus arjanti | winantu sukèng kapti | tan ana sangsayanipun | siyang ratri satata | prasamya anduming kardi | kadi kang wus kalampahan sabênira ||

24. wênèh ana têtuguran | rumêksa kang mrih dumadi | widada arjaning praja | wênèh ana ingkang sami | kantoran nambut kardi | tumindaking sanggyanipun | prakara pangadilan | kriminil kalawan sipil | myang undhagi pandhe tukang sêsaminya ||

25. wus pinunggêl kang mangkana | amangsuli kang winarni | kaananing hotèl Homan | duk samana nuju ari | Wraspati wanci enjing | gusti kangjêng sang aprabu | myang gusti sri dayita | miyos basiyar ngidêri | saidêring jro kithèng Bandhung kewala ||

26. gusti kangjêng sri narendra | abusana cara Jawi | êjas atelah ruslena | myang ngagêm pusakèng aji | bintang karajan Jawi | lêluri aluranipun | ing nguni agêmira | Narendra Jênggalamanik | binathara Sang Prabu Suryawasesa ||

27. bintang wau warnanira | ing têpinya rèngkèh lungit | kawuryan sumorotira | sumirat-sirat pan kadi | kumênyaring hyang rawi | ingkang lagya amabangun | sing purwaning bawana | nyêrmomong mangkara wrêddhi | anyunari saisining tri bawana ||

28. tuwin ngagêm ingkang măngka | pangiringira awarni | bintang sinotya kancana |

--- 44 ---

ridêr saking ing praja di | sin migaèl prasami | tinata tinrap rinasuk | rinaras dumunungnya | nèng pranaja dalêm kering | yèn sinawang sing mandrawa kawistara ||

29. kawangwange amangkawa | kêkuwunge anêlahi | saindêngirèng bawana | rêbut prabanira sami | anggung asilih ungkih | ting pancurat muncrat mancur | satuhu kang mangkana | maksih tangèh yèn winarni | nêngna mangkya winarna sumambungira ||

30. titihan dalêm narendra | sakatha di otomobil | kyai idêlèr wastanya | supire maksih lastari | Tuwan Isman wêwangi | kaliwat prayitnèng kewuh | mangkana jêng sang nata | myang gusti sri juwita di | sampun samya anitih oto sadaya ||

31. sagung para wadyabala | wus wahana otomobil | tut wuri rata narendra | samadya dènya lumaris | umidêr angidêri | sajronirèng kutha Bandhung | wèh erame kang mulat | para janma jalu èstri | agung alit samya wor suh bêbusêkan ||

32. miyat ing gusti sang nata | rêbut papan dènya linggih | arèntèp têpining marga | samarga-marga kaèksi | supênuh nganan ngering | datan ana pêdhotipun | sapăntha-panthanira | samya tata dènya linggih | nadyan samya kêkênthang nora rinasa ||

33. labanira arsa wikan | maring gustinira sami | narendra di Surakarta | pêpundhèning nuswa Jawi | ya ta wau sang aji | myang gusti sri narawadu | arsa mampir tumêdhak | karsa dalêm jêng sri mulki | mariksani toko Dhêpris wastanira ||

34. lampahing rata narendra | datan dangu wus dumugi | ing toko Dhêpris winarna | titihan dalêm sang aji | wus kèndêl datan mosik | sigra gusti jêng sang prabu | myang gusti sri dayita | tumêdhak [tu...]

--- 45 ---

[...mêdhak] sing otomobil | ginarubyug para pandhèrèk sadaya ||

35. gusti kangjêng sri pamasa | sakalihan pramèswari | sampun manjing sajronira | ing toko Dhêpris winarni | sêsampating mriksani | jêng sang nata nulak kondur | anulya mrantun têdhak | dhumatêng toko Walandi | yeka toko abon Marse wastanira ||

36. karsa dalêm sri narendra | borong barang ingkang warni | gêgramèning băngsa sutra | myang sakèhing rajapèni | sêsotya kancana di | ingkang murni warnanipun | kalawan balapêcah | datan ana kang ngêmohi | duk samana sampun kawratan sadaya ||

37. wus mangkana jêng sang nata | sakalihan pramèswari | gya têdhak mring pawiyatan | pamulanganing sujanmi | ingkang wuta prasami | nênggih Blindhên Insêtitut | kawuryaning sang nata | dahat karênaning galih | ri sampunnya mangkana jêng sri pamasa ||

38. sakalihan pramèswara | rèhning wus sampat dumugi | gènnya ngidêri jro kitha | mangenggar-enggaring galih | ing mangkya jêng sang aji | sung sasmita arsa kondur | dhumatêng hotèl Homan | pakuwon dalêm sang aji | para janma kang mulat samya kasmaran ||

10. Asmaradana

1. ya ta mangkya dyan winarni | sampun kondur sri narendra | myang sori dalêm pamase | dhumatêng ing hotèl Homan | tumêdhak saking rata | kanthèn asta jêng sang prabu | lawan pramèswari nata ||

2. para garwendra paminggir | myang para cèthi parêkan | tut wuri jêng sang akatong | anggarubyug tindak nata | enggale wus tumama | sajroning hotèl sadarum | winarna pra narpatmaja ||

3. lawan para brêtyapati | kang mêntas saking tut wuntat | umiring jêng sri pamase | kang nèng jawi wus [wu...]

--- 46 ---

[...s] linilan | kinèn ngaso sadaya | linêrêmna ing sadalu | tur sêmbah sami sandika ||

4. datan dangu wus prasami | sigra mentar sowang-sowang | sampun ngaso samoane | anane wus tan winarna | mung cinandhak kewala | sadaya sami rahayu | lulus tan na sangsayanya ||

5. nêngna wau kang winarni | ya ta malih winuwusa | mangkya gantya sumambunge | sontênira ri Wraspatya | ing wanci tabuh hastha | nênggih gusti sang aprabu | sakalihan pramèswara ||

6. karsa dalêm jêng sang aji | akontra pisitê marang | sira residhèn kinaot | Jêng Tuwan Ikên parabnya | mangkana winursita | pangagêman dalêm prabu | busana cara Walănda ||

7. general mayor klintêni | dhêdhasarnya lakên krêsna | kêkêlêman sêkudêre | sumawana ngagêm bintang | sinotya kancanarda | rinukti trapira mungguh | mênggah warnendah ing bintang ||

8. nulya mangkya kang kariyin | kawarnaa yèku bintang | grutkris oranyê nasao | lan Nèdêrlansên leyonya | ordhê pêrdhinsêtên pan | sin migaèl bronswik laju | Pran Yosèp rodhê adhêlar ||

9. măngka pungkasing pangiring | nênggih bintang kang winastan | gudhên plis sên mikaèle | farapiye sabêtira | larês dalêm samana | komplit lan sêpatunipun | dhêdhasar prakêntin krêsna ||

10. wanguning sêpatu jinjing | mawa kinêspur ing wuntat | kaulap gilap katone | nêngna gantya kawuwusa | kang umiring tut wuntat | ing Gusti Jêng Sang Aprabu | Kangjêng Pangran Cakraningrat ||

11. lan siwi bantyèng narpati | Jêng Pangran Arya Mataran[29] | sakalihan lan garwane | Jêng Ratu Alit samana | dhawuh sabdèng narendra | maring wadya dalêm prabu | Dyan Mênggung Atmadiningrat ||

--- 47 ---

12. Atmadiningrat sirèki | lan sira Atmasuwida | ywa andhèrèk jênêng ingong | ananging ta sira padha | sun dhawuhi tut wuntat | ing garwa paminggir ingsun | kang sun dhawuhi basiyar ||

13. midêr-midêr angidêri | mring tokoning băngsa Cina | lan manèh marang liyane | mêngko ingsun yèn wus budhal | sira ambarêngana | nungganga oto sadarum | nèng wuriningsun kewala ||

14. nanging yèn wus praptèng margi | kang anjog maring Pacinan | otomu sidhatna age | kang tampi dhawuh tur sêmbah | nuwun dhatêng sandika | wus mangkana jêng sang prabu | mundhut majênging titihan ||

15. rata motor kang cumamis | kyai idêlèr wastanya | ingkang antuk sabdèng katong | tur sêmbah nuwun sandika | wus marêk ponang rata | myang rata pandhèrèkipun | sadaya sami samêkta ||

16. wus tur uningèng sang aji | samêktaning ponang rata | datan dangu jêng sang katong | jumênêng sing palênggahan | lawan sori narendra | kanthèn asta jêng sang prabu | ing mangkya sampun tumêdhak ||

17. nulya gusti jêng sang aji | sakalihan pramèswara | sampun nitih ponang motor | pra pandhèrèk wus prasamya | wahana otonira | dhawuh sabdaning sang prabu | wis Isman nuli lakokna ||

18. Tuwan Isman wus mastuti | ring dhawuh sabdèng narendra | nuwun sandika ature | kênèk nêmbah gya mangarsa | mangrênggêp suwèngêlnya | pinutêr sarosanipun | gya motor anggêrêng sora ||

19. sira Tuwan Isman nuli | sukunira kering mobah | mancat kopling sarosane | pêrsênèlêne anulya | rinênggêp tangan kanan | pan tinarik maju mundur | palastha tigang rambahan ||

20. wus mangkana ponang sêtir | rinênggêp tanpa sangsaya | nulya montor lumaku

--- 48 ---

lon | dupi antuk saonjotan | saya santêr lampahnya | sru sumêbut nyindhung riwut | rut-urutan lampahira ||

21. pating clorot pating sliri | ing ênu pan kawistara | angalangut kawuryan byor | labêt ambyaring sorotnya | èlêktris lampunira | ing motor kang anèng ngayun | nyêrmomong lir bagaskara ||

22. mangkara-kara kaèksi | gumarubug swaranira | sêk pêng karna sumiyute | slomprèt klatson myang totêrnya | munya sru bêbarungan | kapiyarsa tri gumuruh | otêr janma jroning kitha ||

23. gancangan dera lumaris | surak-surak kaconthalan | rêbut dhucung palayune | jalu èstri bêbusêkan | agung alit tan siwah | samya adrêng kapiluyu | yun wikan gusti sang nata ||

24. wontên wênèh ing janmèstri | nganthi sutèstri jumagar | nging marucut panganthine | tan rinasa mung lumajar | têmahan sutanira | kontrang-kantring tangisipun | dupi janmèstri wus prapta ||

25. sapêrake ponang margi | kang kagêm miyos sang nata | lagi ngrasa yèn sutane | marucut sing panganthinya | nulya anjrit karuna | toh mati mana anakku | lah saya tidak bêrasa ||

26. sakala cangkelak bali | mewak-mèwèk cangkêmira | anangis myang calathune | anak saya tadi mana | para janma kang mulat | sawênèh mung anggêguyu | sawênèh wêlas tumingal ||

27. saya suwe kapiyarsi | garong-garong tangisira | gêdrag-gêdrug akêkèjèk | kapinujon duk samana | ana janma jêjaka | ngadêg nèng pinggiring lurung | wikan rarèstri kêkitrang ||

28. anulya dèn parêpêki | myang tinanya mulanira | de kêkitrang panangise | rare èstri sung sajarwa |

--- 49 ---

kalamun panganthinya | ing biyunge amarucut | ananging ta tan rinasa ||

29. pun jaka kaduk miyarsi | sajarwane kang mangkana | gya angguguk gumuyune | kalawan calathu sora | makatên jawinira | kathik nganthi sutanipun | amarucut tan kêrasa ||

30. sasat wong satêngah mati | renea bèng wis mênênga | mêngko bokmu tak cêthote | hêh kok dadi ora gênah | anake kok ditinggal | wis mênênga bocah ayu | bokmu răndha apa somah ||

31. rare èstri gya mangsuli | răndha wong bapak pun pêjah | jalarane sakit êpès | gih dhèk sagêdhagan nika | jêjaka sru anjingklak | cangkêm ngêthêk manthuk-manthuk | lawan malih atêtanya ||

32. bokmu iku apa panci | isih nom lan rupanira | karo aku kapriye bèng | tuwa êndi kira-kira | rarèstri sung sajarwa | wong bok kula taksih ayu | lan sampeyan inggih babag ||

33. jêjaka latah tan sipi | jroning tyas lagya anggagas | kasaru mangkya praptane | biyunging rare samana | dupi wruh sutanira | kinanthi ing janma jalu | tan wikan purwa duksina ||

34. gupuh gènnya malajêngi | tan taha panubrukira | rinangkul dalah jakane | gapyuk rukêt rêrangkulan | si panubruk sru mojar | anèng ngêndi mau gêndhuk | tak golèki nora nana ||

35. maksih sami lara tangis | lare èstri sung sajarwa | kami sêsêgên tangise | magêp-magên[30] wuwusira | wong kowe ora gênah | la wong nganthi aku mrucut | isih mlayu bae hara ||

36. lah tujune bapak iki | amarani aku hara | anua gèk aku priye | duk samana biyungira | jroning tyas dhèr-êdheran | dening dènya sru kalimput | datan nyana

--- 50 ---

yèn katutan ||

37. janma jalu kang wus wanci | wancinira ambêkisar | langkung saking bakikuke | nanging labêting wanudya | sampun nate sêsuta | tur kandêl dalèrènipun | marèthèli kèwèkira ||

38. dadya rikuhnya sathithik | yèn calathu kêcap-kêcap | sumêlèt sambang liringe | lenggak-lenggok solahira | anulya ge sajarwa | maring sira sang binagus | kula nyuwun pangaksama ||

39. anggèn kula kumawani | angrangkul dhatêng andika | tanpa taha nubruk bae | kula èstu botên nyana | kalamun kêkatutan | andikane wong abagus | kula suwun anak kula ||

40. jêjaka rum anauri | êmpun botên dadi napa | janji padha-padha mawon | kula ênggih mang apura | gon kula tan sawala | de mangrangkul kêncêng nurut | lah andawêg anak dika ||

41. tujune kula parani | ontên satêngahing ratan | kula ajak minggir age | upamane tan mangkana | yêkti bisa kêtabrak | ing otomobil bok ayu | anua dadi layadan ||

42. êmbok gih kang ngati-ati | wong lagi akèh tontonan | ampun kok mung sapenake | ananging ta kang mangkana | wuwusira jêjaka | sarwi mèsêm angêcêmut | mahanani yèn sêmbranan ||

43. tanggap tarung răndhasari | yèn kadi karsa andika | bok gih kula mang têrake | dadi botên kêtanggungan | srimbitan kalih kula | aningali têdhakipun | Sri Nata ing Surakarta ||

44. margi kula dèrèng asring | wrin gusti pêpundhèn kula | yèn pun wikan ing sang katong | gèk banjur mantuk kewala | pêrlu mung nyuwun barkah | wak kula enggala payu | laki mêlih kabênêran ||

45. jêjaka rum amangsuli | upamane ing

--- 51 ---

samangkya | ontên kang kasdu nakokke | napa dhapur kabênêran | napa ta kaluputan | răndha kêmbang mèncêp landhung | myang malerok pêpolèran ||

46. maksih tangèh yèn winarni | paleroking răndha kêmbang | gya mangsuli caritane | têdhak dalêm sri narendra | wus lêpas lampahira | ing mangkya pan sampun rawuh | wontên èrêp residhènan ||

47. sarawuhnya jêng sang aji | Tuwan Ikên gurawalan | gupuh-gupuh sanyonyahe | mêthuk rawuh dalêm nata | manggèn têpining natar | sangajênging lojinipun | kawuryan pirênèng driya ||

48. myang sami ngadêg pusisi | mèsêm-mèsêm sarwi mulat | rawuh dalêm jêng sang katong | titihan dalêm samana | sampun praptèng paretan | sangajênging lojinipun | Tuwan Ikên residhènan ||

49. srok kèndêl kang otomobil | ponang kênèk gya trangginas | nêmbah gupuh mêngakake | korining oto sinêndhal | sakala wus umênga | sêblak nulya jêng sang prabu | sakalihan pramèswara ||

11. Sinom

1. wau gusti jêng sri nata | sakalihan pramèswari | wus tumêdhak saking rata | Tuwan Ikên lawan swami | prasamya ngacarani | tumundhuking jêng sang prabu | tuwin sori narendra | gupuh marêk ngarsèng aji | laju manthuk gya sami tangkêpan asta ||

2. myang sami gumujêng suka | kawuryan pirênèng galih | wus mangkana sira Tuwan | Ikên nulya amanganthi | ring gusti pramèswari | Nyonyah Ikên nulya tundhuk | nganthi ring jêng sang nata | dumunung nèng asta kering | bayak-bayak tindak dalêm kawistara ||

3. ginarubyug sanggyanira | para pandhèrèk sang aji | ingkang wus winarnèng ngarsa | gung tut wuntat ing sang aji | gumrêdêg ngrêspatèni |

--- 52 ---

ya ta mangkya jêng sang prabu | lawan sori narendra | sampun manjing jroning loji | sapandhèrèk ugi wus manjing sadaya ||

4. tan sangsaya lampahira | katon rêgêng jroning loji | anjrah madyaning sasana | sinorot pandam èlêktris | kumênyar jroning loji | kawuryannya angênguwung | narawang lir raina | sinranging maruta ngidit | jroning loji datan sumuk mung sakeca ||

5. tangèh lamun winuwusa | sakecane jroning loji | mangsuli rawuh narendra | ri sampunnya manjing loji | paduka jêng sang aji | sakalihan sori prabu | anulya ingaturan | ring Tuwan Ikên saswami | lênggah kursi ingkang sampun rinarêngga ||

6. ing jarambah ginêlaran | nênggih babut prangwêdani | lêlajuran patrapira | ambanjêng tan nguciwani | sampat kang upakarti | tinata rinukti patut | pantês tan pindho karya | karya rêsêping panggalih | jêng sang prabu pan sampun lênggah satata ||

7. kalawan jêng pramèswara | sapandhèrèk wus tan kari | Tuwan Ikên gya nambrama | mung mèt gampiling pangrukti | rinukti basa Jawi | mangkana ta aturipun | dhuh lae jêng sang nata | Narendra Surakarta di | sakalihan paduka jêng pramèswara ||

8. ing mangkyamba lawan semah | atur sênggang panakrami | tumrah dhatêng sanggyanira | pra pandhèrèknya sang aji | tanggap sabda sang aji | nulya angandika arum | dhuh saudara kula | sakamantyan trima kasih | saudara punapa sami raharja ||

9. Tuwan Ikên manthuk turnya | kula nuwun jêng sang aji | saking pangèstu paduka | kawula sami basuki | wusnya bage-binagi | tan antara dangunipun | anulya kang pahargyan | srutu sigarèt lumadi | gya

--- 53 ---

tinungka lumadosirèng minuman ||

10. anggur porêt lawan konyak | weski pait toya Wlandi | limunadhê ès prongkolan | ri wusnya lumados sami | samya kinèn bikaki | sampun binikak sadarum | ting krêplog swaranira | mawèh rêspatining panti | gya sinokkên jroning gêlas sowang-sowang ||

11. sampun sinokkan sadaya | Tuwan Ikên ngacarani | gya sami ngunjuk sadaya | waradin sawadya aji | wus datan nguciwani | Tuwan Ikên nambung atur | ing gusti sri narendra | dhuh paduka jêng sang aji | benjang enjang têdhak pundi karsa nata ||

12. sang aprabu rum ngandika | apan dintên benjing enjing | lamun sinambadèng driya | kula arsa amartuwi | risang prawirèng jurit | lègêr komandhan jêjuluk | Tuwan Krusên lan kula | wus pêpoyan jujug maring | kantor dhepartêmèn pan orloh kewala ||

13. marma pêpoyan mangkana | sun arsa ngiras udani | ring para kang nambut karya | wontên jroning sasana di | Tuwan Ikên nanggapi | pangandika dalêm prabu | amanthuk rum turira | mênggah karsanta sang aji | kang mangkana kawula mangayubagya ||

14. pancèn inggih kaluhuran | yèn paduka amigati | uninga kang nambut karya | wontên jroning sasana di | tuhu dahat sayogi | margi jroning kantor wau | para kang nambut karya | akathah myang warni-warni | pan ginatra-gatra wigatining yuda ||

15. ingkang nistha tuwin madya | sumawana kang utami | sampun cinakup sadaya | wontên jroning sasana di | sampun tan madal sumbi | anênggih bêbasanipun | kang rawe-rawe rantas | malang-malang putung yêkti | sang aprabu mèsêm manggut sru pirêna ||

16. lawan malih rum ngandika | yèn wus saking sasana

--- 54 ---

di | kula sêdyarsa basiyar | lawan wadya jalu èstri | midêr-midêr anuli | mampir ing toko Sapêlkul | ngupadi topi kulbag | Tuwan Ikên turira ris | pancèn parlu myang damêl sukaning wadya ||

17. mèsêm karênan sang nata | lawan ngandika rum malih | lamun wus saking basiyar | ratrinira kula ugi | yun kontrah pisitê mring | lojinira sang wira nung | Tuwan Krusên pêparab | Tuwan Ikên turira ris | kang mangkana saèstu kapasang yogya ||

18. kawula jumurung suka | iba bingahipun benjing | Tuwan Krusên sajendralnya | karawuhan jêng sang aji | sri nata sukèng galih | sanadyan kula satuhu | dahat sukaning driya | pêpanggih lan mitra jati | Tuwan Ikên matur inggih kaluhuran ||

19. Tuwan Ikên malih turnya | kula nuwun jêng sri mulki | kajawi saking punika | kula mangkya tur udani | ngriki punika yêkti | maksih kathah wananipun | satuhu kang mangkana | adahat kapasang yogi | yèn sang nata rêmên lêlangên nyanjata ||

20. sang aprabu rum ngandika | kula pancèn rêmên bêdhil | marmèngsun sabên pêpara | pasthi kula sangu bêdhil | marma ri benjing enjing | sudara sun sungi wêruh | sangu kula sanjata | aranira cundhamani | kang sajuga sara sangkali arannya ||

21. bêdhil kalih saudara | cobi ari benjing enjing | sami priksanên sadaya | lah awon punapa yukti | sudara ywa rêrênggi | benjang enjang wanci esuk | karêbène binêkta | siwi bantyèngsun mariki | yèku sira Pangeran Arya Mataram ||

22. Tuwan Ikên rum turira | dhuh karsanta jêng sang aji | sangêt nuwun atur kula | pancèn kawula kapengin | wikan kagunganta ji | sanjata ingkang linuhung | amila benjang enjang |

--- 55 ---

yêkti kula arsi-arsi | sang aprabu ngandika inggih prayoga ||

23. ri sampunnya kang mangkana | duk samana sampun wanci | ing dalu pukul sawêlas | ing dirgantara kaèksi | dahat sumilak wêning | lintang anjrah byor kadulu | kumênyar prabanira | ting pancorong ting karêlip | kawuryannya lir nambrama ring sang nata ||

24. sêmune sung pudya măntra | pajampuwa jêng sang aji | sakalihan pramèswara | sapandhèrèkira sami | linulusna arjanti | ngantya praptèng konduripun | winantu sukèng driya | dinulurna sapanginggil | pan makatên pangudarasaning driya ||

25. nêngna kang pangudarasa | amangsuli jêng sang aji | rèh gènnya mong kaonêngan | lan Tuwan Ikên saswami | sampun samya dumugi | tuwin sampun wanci dalu | anulya sri narendra | sung sabda mring narpasiwi | rayi dalêm Kangjêng Pangran Cakraningrat ||

26. mangkana wêdharing sabda | dhumatêng sang narpasiwi | dhuh Adhi Mas Cakraningrat | warahên wadyèngsun yayi | padha konên miranti | cumawis aywa tumpang suh | motore dèn ajokna | ingsun arsa kondur yayi | kangjêng pangran tur sêmbah nuwun sandika ||

27. wus mentar sing ngarsèng nata | gya dhawuh mring wadyèng aji | kang sumaji anèng ngarsa | Jayadipura Dyan Bèi | mangkana dènira ngling | Jayadipura sirèku | rêngênta ing samangkya | dhawuh sabdaning narpati | arsa kondur sira pan kinon samêkta ||

28. sakancanira samoa | kang sinung ling tur wotsari | kawula nuwun sandika | nulya wus samêkta sami | wau sang narpasiwi | sampun ngabyantarèng prabu | mabukuh wotsêkar |[31] kula nuwun jêng sang aji | amba sampun mèstuti dhawuh narendra ||

29. kinèn mirantos sadaya | pan sampun samêkta sami | ya ta wau [wa...]

--- 56 ---

[...u] jêng sri nata | datan dangu nulya ngliring | myang ngandika rum aris | maring sira kang kasumbung | Tuwan Ikên sanyonyah | saudara rèh wus wanci | kalawan wus pinanggih sami raharja ||

30. kularsa wangsul sudara | karia sami basuki | Tuwan Ikên lan swaminya | manthuk marêk ngarsèng aji | tangkêpan asta sami | myang umatur ring sang prabu | wêdharing saddhawara | dhawuh sabdanta sri mulki | kang mangkana kawula nuwun sadaya ||

31. botên langkung atur kula | andhèrèkakên basuki | sampun kirang pangaksama | sang prabu rum ngandika ris | inggih tarima kasih | dhuh babo sudaraningsun | satuhu kang mangkana | inggih namung sami-sami | wus mangkana sigra kondur jêng sang nata ||

32. kanthèn asta wus tan siwah | lan rawuh dalêm sang aji | rut-urutan kawuryannya | wus lulus tindak narpati | kang samya atut wuri | ing gusti jêng sang aprabu | ugi wus datan siwah | lan rawuh dalêm sang aji | gumarubyug dahat rêspati kawuryan ||

33. sampun miyos ing sasana | para janma kang ningali | wontên satêpining marga | marga sangajênging loji | dupi samya udani | kalamun gusti sang prabu | wus miyos ing sasana | horêg otêre tan sipi | tata-tata amèt papan kang sakeca ||

34. tambuh-tambuh solahira | rèt-ginèrèt wola-wali | ana ngulon ana ngetan | myang ngalor ngidul tanpa wis | anggabag pinggir margi | anggênggêng kadya tinanggul | gumrênggêng swaranira | wênèh ana jêlah-jêlih | nyêluk maring rowangira kêtilapan ||

35. wênèh ana kapiyarsa | têtangisira raryalit | darunane tan kawuryan | gènira samya ningali | winarna pra polisi | ingkang jagi ing marga gung | gung prayitna ing driya |

--- 57 ---

anjaga darunèng margi | mrih dumadi widadaning karaharjan ||

36. jajar-jajar patrapira | dumunung têpining margi | nganan ngering longkangira | antawis tri dasa kaki | kèhira ing polisi | kadi wontên kirang langkung | antawis tigang dasa | sami polisi ngurmati | kondur dalêm gusti kangjêng sri pamasa ||

37. ya ta wau kawuwusa | paduka jêng sri bupati | sakalihan pramèswara | sampun nitih otomobil | sapandhèrèk tan kari | wus numpak motor sadarum | mangkana sri narendra | sakalihan pramèswari | asung urmat mring Tuwan Ikên sanyonyah ||

38. Tuwan Ikên myang swaminya | ugi nulya urmat sami | wus mangkana Tuwan Isman | sakênèknya anulya glis | trangginas kadi kang wis | dupyantuk sasmitèng prabu | oto pinutêr sigra | anggêrêng laju lumaris | sapandhèrèk wus kêbut budhal sadaya ||

39. rut-urutan lampahira | gancangan dera lumaris | ing ênu wus tan winarna | enggale mangkya wus prapti | hotèl Homan sang aji | sakalihan sori prabu | wus manjing jroning kamar | sapandhèrèk datan kari | prasamya wus manjing kamar sowang-sowang ||

40. datan dangu gya tinungka | praptaning garwa paminggir | kang samya kinèn basiyar | midêr-midêr angidêri | toko winarnèng ngarsi | wus sami prapta sadarum | myang wus sami tumêdhak | saking jroning otomobil | dyan umanjing mring kamar dalêm narendra ||

41. anane tan cinarita | mung cinandhak jêng sang aji | sakalihan pramèswara | sapandhèrèkira sami | sami lulus arjanti | tan ana sangsayanipun | gung suka parisuka | mong sukan ting siyang ratri | dhahar kêmbul nèng hotèl sare sakeca ||

--- 58 ---

 


4 halaman kosong. (kembali)
2 halaman kosong. (kembali)
kasidaning. (kembali)
sang. (kembali)
pinunggêl. (kembali)
§ (= 1853). (kembali)
Tanggal: Budha (Rêbo) Wage pitu likur (27) Mukaram (Sura) Jimawal: amulad tatanira mangèsthi sang prabu (AJ 1853). Tanggal Masehi: Rabu 20 September 1922. (kembali)
§ (= 1922). (kembali)
kasmir. (kembali)
10 kawuryane. (kembali)
11 minangsi. (kembali)
12 pulya. (kembali)
13 Asli perlu diperiksa kembali: biasanya guru lagu i. (kembali)
14 alaga. (kembali)
15 § (= 1144). (kembali)
16 Tanggal: dumadi warnanira candraning putra (1144). (kembali)
17 Piturun. (kembali)
18 § (= 1229). (kembali)
19 Tanggal: trusthaning paningalira manêmbah sri bupati (1229 taun căndra). (kembali)
20 Asli perlu diperiksa kembali: lebih tiga suku kata. (kembali)
21 § (= 1565). (kembali)
22 Tanggal: tata rasanira marganing bumi (AJ 1565). Tahun AJ 1565 jatuh antara tanggal Masehi: 22 Maret 1643 sampai dengan 9 Maret 1644. (kembali)
23 kaidèn. (kembali)
24 Asli perlu diperiksa kembali: lebih satu suku kata. (kembali)
25 kinèn. (kembali)
26 Asli perlu diperiksa kembali: lebih dua suku kata. (kembali)
27 Kurang satu suku kata: sampun datan mawa têtolèhing wuri. (kembali)
28 Kurang satu suku kata: amba nyuwun pamitan mring wuntat. (kembali)
29 Mataram. (kembali)
30 magêp-magêp. (kembali)
31 Kurang satu suku kata: mabukuh awotsêkar. (kembali)