Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 12–23)
1. | Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 01–11). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan. |
2. | Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 12–23). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan. |
3. | Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 24–38). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan. |
4. | Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 39–52). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan. |
5. | Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 53–66). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
12. Dhandhanggula
1. nêngna wau sarkara gumanti | kawarnaa ing arinya Sukra | ping sanga likur tanggale | maksih nunggil sitèngsu | wancinira wus gagat enjing | gumyah swaraning sata | myang sawung kaluruk | cing-cing goling mawurahan | amêlingi lir mungu kang samya guling | dening wus mèh raina ||
2. binarungan ocèhing sri gunting | mencok anèng pucuking wit soka | amunya sru cêthithuthèt | mawèh lamlaming kalbu | wus byar enjang purwèngrat kèksi | sumirat hyang aruna | marbangbang kadulu | lir soroting sandyakala | anyunari saisining bawana tri | yêkti wèh yêming driya ||
3. iyêg para ri sanggyaning janmi | mèngêt dera mangudi pakaryan | wijah-wijah pamandume | tan ana galap gangsul | jamakira manambut kardi | pra bakul sambiwara | pan samya lumaku | anglur-sêlur maring pasar | janma tani samya lumaku mring sabin | lawan mring patêgilan ||
4. samya nuntun rajakaya sapi | wênèh ana kang nuntun maesa | lan mikul garu lukune | ana kang nyangking pacul | dhampyak-dhampyak dera lumaris | sinambi sêsindhenan | lêlagon ing dhusun | kêmbang blimbing kula eman | maya-maya wong ayu kang lêncir kuning | nolèha kowe ya mas ||
5. wus mangkana sapraptaning sabin | kêbo sapi pan samya pinasang | ing garu lan walukune | sampun pinasang rampung | gya kinarya magawe sabin | kalawan patêgilan | pêcutnya munya sru | cêthèr-cêthèr sinêndhonan | hir yog hir yog ulêr kambang sabèng sabin | satitahe we ya mas ||
6. wênèh ana kang sindhèn nambungi | golak-galok sora swaranira | kêmbang gêdhang kula radèn | patute kowe gêndhuk | yèn manganggo asarwa [a...]
--- 59 ---
[...sarwa] lurik | jarike galondhongan | kêmbên kêmbang suruh | kulambine têlu lima | gêlung gondhèl gumandhul tumibèng gigir | ngalèwèr adhuh ya mas ||
7. dènya sindhèn samya gênti-gênti | wèh asrine kanang patêgilan | myang padesan apadene | sabin-sabin sadarum | rarasira amilangoni | nênangi jroning driya | dening miyat sagung | tata caraning padesan | para janma samya sayuk nambut kardi | ingkang kadi mangkana ||
8. wus mangkana sapangu hyang rawi | kawistara mungup graning arga | sru kumênyar sêsorote | dirgantara kadulu | anarawang sumilak wêning | wênèh ana kawuryan | kadya sisikipun | minarda jroning samudra | ngombak banyu ting jalèrèh myang kaèksi | mega malang ngragancang ||
9. yèn sinawang saking ing pratiwi | mega malang satuhu kawuryan | lir kali Sarayu mangke | nulya wontên kadulu | mega seta pindha rasêksi | ngrêgunuk lumaksana | ngalor wênèh ngidul | saèsthane kang mangkana | lir nambrama ing gusti jêng sri bupati | dènira apêpara ||
10. linulusna maharjaning aji | anjrah maring para kang tut wuntat | winantu mong sukèng tyase | ngantya salaminipun | pan kalêbêt ingkang manggurit | ywa kênèng sambekala | lulusa rahayu | yuwana gung parisuka | kaayoman pambèbèring bandera ji | ing praja Surakarta ||
11. ya ta mangkya winarna sang aji | pungun-pungun wungu saking nendra | myang sori dalêm pamase | tanapi sanggyanipun | para garwa dalêm paminggir | sampun wungu sadaya | sawadyèng sang prabu | enggaling kang cinarita | wusnya lênggah sami sêsarapan roti | ingkang mawi martega ||
12. lan winoran irisaning bêstik | ulam [u...]
--- 60 ---
[...lam] lêmbu myang kèju irisan | wênèh ana sêkul gorèng | komplit pangruktinipun | pangunjukan wedang tan kari | kopi kalawan prêsan | myang wedang tèh sampun | waradin sawadyabala | wus mangkana jêng sang prabu lawan sori | jumênêng samya têdhak ||
13. maring kamar pandadosan aji | myang sorindra ugi wus mangkana | sowang-sowang ing kamare | kalawan sanggyanipun | pra garwendra paminggir sami | sampun manjing sadaya | dhatêng kamaripun | padandosannya priyăngga | para wadya narendra jalu lan èstri | wus malbèng têngganira ||
14. myang wus sami samêkta migati | yun tut wuntat ing gusti sang nata | ya ta wau sri pamase | apan sampun mangrasuk | busana di cara Walandi | general mayor seta | myang agêm sang prabu | bintang sinotya kancana | ordhê saking oranyê nasao grutkris | myang ingkang rêrèntèngan ||
15. plak oranyê nasao lan malih | plak komandhuring leyo nèdêrlan | tan ngagêm sabêt pamase | sêpatu dalêm pingul | sampun datan anguciwani | sang prabu duk samana | dènira mangrasuk | busana wus paripurna | nulya lênggah satata nèng jroning loji | siniwèng sori nata ||
16. miwah putra myang garwa paminggir | sapandhèrèk wus samya sumewa | kawuryan supênuh andhèr | prasamya makidhupuh | tarab wontên ngarsèng narpati | sang prabu rum ngandika | mring risang kasumbung | sumbaga ngêntasi karya | Dyan Mas Bèi Sujanapura wêwangi | dhawuh sabdèng narendra ||
17. Janapura rêngênta sirèki | mêngko sira ywa umiring ingwang | nanging karsaningsun kowe | lawan adhi-adhimu | ingkang padha sakolah kaki | nèng Bandhung kene padha | ngêtutna bibèkmu | kang
--- 61 ---
wus sun dhawuhi padha | nonton pasar lan padusan Cipaganti | samêngko ge budhala ||
18. ingkang antuk sabdaning narpati | marikêlu kalawan wotsêkar | nuwun sandika ature | datan winarnèng ênu | wus budhalan prasamya nitih | otomobil sadaya | lêpas lampahipun | nêngna gantya kacarita | têdhak dalêm ing kantor dhepartêmèning | pan orloh yun pêpanggya ||
19. lawan sira risang èksêlènsi | nênggih lègêr komandhaning para | wadyatăntra samoane | sudirèng pêrang pupuh | Kangjêng Tuwan Krusên wêwangi | winarna duk samana | kangjêng tuwan sampun | samêkta jroning kantoran | sagotranya sami arsa anampèni | rawuh dalêm sri nata ||
20. jêng sri mulki sakalihan sori | dhinèrèkkên sira narpatmaja | rayi dalêm sri pamase | risang narendra sunu | kasub ing rat ingkang wêwangi | Jêng Pangran Cakraningrat | lawan kang kasumbung | siwi bantyaning narendra | Jêng Pangeran Arya Mataram sarimbit | tanapi malihira ||
21. Tuwan Dhoktêr Balnêr kang wêwangi | sami ngrasuk cara Wlandi ingkang | warni seta samoane | myang para wadyèng prabu | sadaya wus samêkta sami | samya nganggya sadaya | ing rasukanipun | winastan atelah seta | kêkomplitan sampun datan nguciwani | dupi wus jam sadasa ||
22. dyan umarêk titihan narpati | puspaka di ingkang sinung aran | Kyai Rara Kumênyare | sopir myang kênèkipun | lulus datan mawa ginanti | ya ta mangkya winarna | Rahadèn Tumênggung | Atmadiningrat anulya | ngrênggêp songsong agêm dalêm jêng sang aji | pinrada byur binara ||
23. satêpining songsong apan mawi | pinandara kancana plintiran | sêkar sêdhah ing wastane |
--- 62 ---
ngarompyoh têpi têpung | winêgarkên kawuryan kadi | kumênyaring baskara | tan katawêng mêndhung | sru sumirat mrabangkara | sinongsongkên ing gusti jêng sri bupati | lawan jêng pramèswara ||
24. kanthèn asta tumêdhak sang aji | sampun nitih puspaka narendra | myang sagung para pandhèrèk | wus wahana sadarum | ring oto kang măngka pangiring | anulya tan darana | wau kang jêjuluk | Dyan Mênggung Atmadiningrat | wus tumamèng sopiran rata narpati | enggale wus lumampah ||
25. lampahira ponang otomobil | lon-alonan mung madya kewala | totêr klatson myang somprète[1] | samya munya sadarum | bêbarungan umyung kapyarsi | samana para janma | kang sami kayungyun | yun wikan gusti narendra | wiwit hotèl Homan janma kang ningali | rèntèp têpining marga ||
26. tanpa pêdhot jêjêl jalu èstri | bêbusêkan samya rêbut papan | lir tawon kambu swarane | pan ngantya praptanipun | dhepartêmèn pan orloh maksih | ajêjêl yêl-uyêlan | samya rêbut dhucung | pra polisi gung prayitna | jagaruna wiyos dalêm jêng sang aji | tata lir sabênira ||
27. nêngna wau mangkya jêng sang aji | sampun rawuh ing kantor samana | Tuwan Krusên sagotrane | duk wikan mring sang prabu | sampun rawuh amaksih têbih | pan sami gurawalan | lumaksana gupuh | malajêngi mring sang nata | sampun tundhuk têtangkêpan asta sami | Tuwan Krusên nambrama ||
28. sarawuhnya paduka sang aji | sakalihan gusti pramèswara | sami sugêng sri pamase | dhawuh sabdèng sang prabu | inggih kula sami basuki | paranta saudara | prasamya rahayu | Tuwan Krusên aturira |
--- 63 ---
pangèstunta kawula sami basuki | langkung suka sri nata ||
29. Tuwan Krusên gya tumundhuk nganthi | ring paduka gusti sri duhita | de paduka sri pamase | amunggwing kananipun | ing paduka jêng pramèswari | tan mawi kanthèn asta | tindak dalêm prabu | lamun tinon kawistara | rantap-rantap kawuryan ta ngrêspatèni | karsa dalêm narendra ||
30. mariksani saidêring panti | tinut wuntat pra wadyèng narendra | wus binuka kantorane | sagatra-gatranipun | wontên ingkang măngka têtindhih | wontên palinggih jendral | myang sawênèhipun | kolonèl palinggihira | lan sawênèh oprêstê kanang palinggih | kawaratan sadaya ||
31. sabên gusti kangjêng sri bupati | mariksani wênèhing kantoran | ingkang măngka têtindhihe | sami gupuh tumundhuk | ring paduka jêng sri bupati | tuwin tangkêpan asta | ge-binage hayu | gantya-gantya patrapira | ri wusira mangkana samya tut wuri | ring tindak dalêm nata ||
32. sarwi sambèn ngandikan sang aji | wêwijanging ulah prajuritan | myang palagan sêsamine | Tuwan Krusên turipun | tan tumpang suh turut patitis | nistha madya utama | wus katur sadarum | jêng sang prabu kawuryannya | dahat dera karênan jroning panggalih | Tuwan Krusên sagotra ||
33. ugi samya karênan ing galih | midêr-midêr ngidêri suyasa | mriksani liya- liyane | prantining kantoran gung | ingkang sampun samya rinukti | tinata bêbanjêngan | tan kuciwèng sêmu | wus waradin sadayanya | Tuwan Krusên nulya matur ngacarani | ing gusti sri pamasa ||
34. dhuh sang prabu paran wus dumugi | gèn paduka mriksani punika | lamun sayah sayogine | ngaso lênggah rumuhun | duk sang
--- 64 ---
prabu sampun nampèni | aturing sang sudira | nulya ngandika rum | lah inggih ta saudara | katuwone kaliwat kapasang yogi | margi kula wus sayah ||
13. Sinom
1. jêng sri nata sakalihan | gusti jêng sri juwita ji | wus lênggah kursi satata | lawan para ri sanggyaning | risang wira nung sami | sumawana sanggyanipun | sadhèrèk myang sutendra | kang winênang munggwing kursi | tharik-tharik nganan ngering bêbanjêngan ||
2. samadyanirèng suyasa | rêgêng kawuryan raras sri | yèn rinaras esthanira | kadi duk caritèng nguni | Narendra Maèspati | Sang Aprabu Sasrabahu | nuju lênggah sewaka | siniwèng para sagunging | wadyanira narendra sèwu nagara ||
3. anggênu gènyarsa nglawan | sayêmbara ingajurit | mring nagari ing Manggada | para sagunging narpati | sèwu nagara sami | dahat gambiraning kalbu | makatên pindhanira | nalika jêng sri bupati | lênggah kursi wontên madyaning suyasa ||
4. sinewa ring sanggyanira | wira nung manggalèng jurit | widagda ulahing yuda | maksih tangèh yèn winarni | pêpindhaning sang aji | lawan wira di sawêgung | pinunggêl mung cinêndhak | dupi gusti jêng sri mulki | sampun lênggah lan para manggalèng yuda ||
5. tan antara dangunira | wus têngange sang hyang rawi | kawistara prabanira | mangkara-kara mawrêdhi | sumirat maratani | saindênging bawana gung | marêngi ungêlira | tabuh sajuga kapyarsi | sung pratăndha jam satêngah kalih wêlas ||
6. sang aprabu rum ngandika | ring sira manggalèng jurit | Tuwan Krusên wahyanira | babo saudara mugi | ywa cuwa jroning kapti | rèh mangkya wus ragi dangu | kalawan wus warata | nutug gèn kula pêpanggih | lan sudara sumrambah sagotranira ||
7. marma [mar...]
--- 65 ---
[...ma] mangke saudara | kula sadaya minta mit | arsa wangsul saudara | nulak nulyarsa palêsir | midêr-midêr ngidêri | sajroning kutha sadarum | Tuwan Krusên duk myarsa | dhawuh sabdaning narpati | anoraga jumurung karsèng narendra ||
8. gya umarêk ngarsèng nata | sagotrane gênti- gênti | dènira tangkêpan asta | sampun palastha waradin | Tuwan Krusên nambung ling | adhuh lae jêng sang prabu | ing mangkyamba sadaya | sakalangkung nuwun sami | gèn paduka karsa têdhak ring kantoran ||
9. mariksani wontênira | upakartining ajurit | botên langkung sri narendra | kawula sadaya sami | atur pudya sêsanti | kondurira jêng sang prabu | myang rinta pramèswara | tumrah sapandhèrèk sami | dhèrèkakên widadaning kasugêngan ||
10. jêng sang prabu rum ngandika | inggih sangêt trima kasih | kantuna sami raharja | Tuwan Krusên atanapi | sagotranira sami | dupi antuk sabdèng prabu | umanthuk sêsarêngan | myang umatur saurpaksi | sabdèng tuwan dahat ing panuwun kula ||
11. Tuwan Krusên wus mangkana | anulya tumundhuk nganthi | ring gusti jêng pramèswara | sampun datan siwah kadi | duk têdhakira nguni | wau ta enggaling wuwus | mung cinêndhak kewala | wus kondur jêng sri bupati | sawadya wus praptèng Sapêlkul sadaya ||
12. amborong barang dagangan | nêngna wau dyan winarni | anênggih ri sanggyanira | ing garwa dalêm paminggir | ingkang kinèn palêsir | ngidêri saidêripun | pasar toko jro kitha | myang padusan Cipaganti | wus kawratan ngantya têpung têmu gêlang ||
13. ri sampunnya kang mangkana | sagungira otomobil | kinèn laju lumaksana | gêgancangan jujug maring | toko Sapêlkul [Sa...]
--- 66 ---
[...pêlkul] sami | nusul ring gusti sang prabu | sigra wus samya mêsat | sanggyanira otomobil | gung sinêru sêsandêran lampahira ||
14. enggalira sampun prapta | anèng don ingkang kinapti | yeka anèng sangajêngnya | toko Sapêlkul winarni | sagung kang samya nitih | ing otomobil pan sampun | tumêdhak saking rata | myang wus malbèng toko sami | dyan umarêk ing ngarsa dalêm sang nata ||
15. sampun samya ngèstu pada | tan ana sangsayèng galih | tut wuntat ring jêng sang nata | ya ta wau jêng sang aji | nalika udani mring | garwendra paminggir sagung | kang kinèn palêsiran | kawuryan ta jêng sri mulki | dahat dènya karênan jroning wardaya ||
16. myang sarwi rum sabdanira | babo kabèh bae sami | mau padha tuku apa | kang antuk sabdèng narpati | sumungku tur wotsari | kula nuwun jêng sang prabu | abdi dalêm sadaya | dhuh gusti rêtnaning bumi | samya tumbas băngsa suwèk balapêcah ||
17. atanapi sawarninya | lisah ingkang wangi-wangi | duk gusti jêng sri narendra | tumiling myarsa aturing | garwa dalêm paminggir | kang mangkana jêng sang prabu | dahat pirênèng driya | puwara rum dènira ngling | lah mara ge tumuli padha miliha ||
18. ing kene paran sêdyanta | apa kang sira sênêngi | matur nêmbah kang liningan | nuwun sandika sang aji | anulya mundhut sami | paran kang sinêdyèng kalbu | bêbadhenan busana | băngsa sutra myang sêmbagi | sumawana barang liya-liyanira ||
19. maksih tangèh yèn winarna | sakèhing borongan sami | wus pinunggêl ananira | borongan dalêm sang aji | ing mangkya wus dumugi | nulyarsa kondur sang prabu | dhatêng pakuwon nata | ing hotèl Homan winarni | jêng
--- 67 ---
sang prabu dhawuh samêktaning lampah ||
20. kang antuk sabdaning nata | tur sandika myang wotsari | titihan dalêm narendra | myang rata pandhèrèk sami | sampun samêkta sami | datan kuciwa ing sêmu | wus sampat paripurna | mangkana jêng sri bupati | sakalihan gusti jêng narpadayita ||
21. sampun tindak kanthèn asta | tinut wuntat ri sanggyaning | garwendra paminggir samya | myang wadyendra jalu èstri | gung alit wus tan kari | gumarêdêg lampahipun | sang prabu sakalihan | gusti jêng narpamaisi | tuwin garwa dalêm paminggir sadaya ||
22. wus nitih oto sadaya | myang para wadyèng narpati | ugi wus sami wahana | ing sakatha otomobil | sapangu wus lumaris | galur sêlur lampahipun | ing marga tan winarna | karsa dalêm jêng sri mulki | mrantun têdhak dhatêng toko wastanira ||
23. Moris Wolêp kang winarta | sade sotya kancana di | wus tanpa wis yèn winarna | ananing dagangan sami | mung cinêndhak ing tulis | nihan gusti jêng sang prabu | tuwin jêng sri dayita | sampun rawuh têdhak mampir | manjing jroning toko Moris Wolêp ingkang ||
24. sampun winarna ing ngarsa | para garwendra paminggir | myang sagunging wadyabala | sadayanggung atut wuri | umiring jêng sang aji | ya ta wau jêng sang prabu | borong barang dagangan | kang binorong ring sang aji | warni karsèt kêncana gangsal kèhira ||
25. karsa dalêm sri narendra | pinaringakên dumadi | ganjaran dalêm sang nata | mring pulunan dalêm aji | ingkang samya marsudi | kasidaning budya sadu | sêsadon mardi basa | basukining kang sastra di | mrih widada dumadining kang parasdya ||
26. lawan maring sanggyanira | wayah dalêm sri bupati | myang para atmajanira | wadyendra ingkang prasami | kêkuwu anèng [a...]
--- 68 ---
[...nèng] panti | pawiyataning pangawruh | nistha madya utama | kang tumancêp nèng pratiwi | sajronira ing kutha Bandhung prajarja ||
27. de kang antuk gêgancaran | kang puruhita kariyin | myang urut awuning wrêdha | winarna ingkang kariyin | pulunan dalêm aji | Dyan Mas Suripta jêjuluk | yaiku putranira | suwargi sang narpasiwi | Jêng Pangeran Ariya Prabu Mijaya ||
28. yeka rayi dalêm nata | anulya malih winarni | wayah dalêm sri narendra | ingkang dahat listyèng warni | pantês pinudyèng krami | sira Radyan Mas Tamtanus | anênggih putranira | sang narpatmaja wêwangi | Kangjêng Pangran Ariya Kusumayuda ||
29. kang wus kasub asmanira | warata ring lèn nagari | widagda mangulah budya | budyambêk santosèng galih | gung marta amartani | mring sama-samèng tumuwuh | marsudi pangawikan | wikan wadining sastra di | tur lêgawa bèrbudi bawa lêksana ||
30. layak wus pantês kewala | pinarcayèng jêng sri mulki | wau risang narpaputra | pinulung têtêp dumadi | pramodaning jro puri | anênggih pangagêngipun | parentah dhatulaya | labêt dening narpasiwi | dahat dera măndraguna ing aguna ||
31. lawan malih katrinira | Dyan Mas Iskak awêwangi | wêkaning wadya narendra | kaliwon gêdhe palinggih | golong nayaka Jawi | bakuning têtabonipun | tur maksih wandawendra | pinudyèng krama wêwangi | sira Dyan Mas Ngabèi Sumadipura ||
32. nulya malih kacarita | wadya dalêm sri bupati | ingkang samya kapatêdhan | ganjaran dalêm sang aji | ya karsèt kancana di | Walandi sêsupiripun | oto titihan nata | ingkang wus winarnèng ngarsi | Tuwan W.H. Isêman sakênèkira ||
33. myang para wadyèng narendra | kalawan lènira sami | ugi samya kapatêdhan |
--- 69 ---
gancaran [2] tan siwah kadi | kang wus winarnèng ngarsi | waradin ganjaran prabu | satuhu kang mangkana | ingkang samya ananggapi | sih kadarman ganjaran dalêm sang nata ||
34. sakamantyan sukaning tyas | marwata suta tan sipi | munjuk nuwun sru kalingga | ing murda pinundhi-pundhi | cinêndhak dyan winarni | gusti kangjêng sang aprabu | tuwin jêng pramèswara | sampun nitih swandana di | otomobil sapangu wus lumaksana ||
35. kêbut saha wadyabala | ing ênu wus tan winarni | gêgancangan lampahira | samantara sampun prapti | pakuwon dalêm aji | ing hotèl Homan sadarum | mangkana sri narendra | sakalihan pramèswari | sampun sami tumêdhak saking ing rata ||
36. ginarêbêg sanggyanira | para garwendra paminggir | myang sagunging wadyabala | rêroncène tan winarni | muhung pinèt gampiling | caritanirèng pangapus | palastha jêng sri nata | sapandhèrèkira sami | sampun manjing pakuwon dalêm sadaya ||
37. lulus lastari raharja | sawadyabalèng narpati | gung suka myang parisuka | sukanting tanpa ngêndhani | tan ana ing sawiji | nir sambekalaning kalbu | baya ta kang mangkana | ingkang mangriptèng palupi | dahat dènya kasmaran jroning wardaya ||
14. Asmaradana
1. sumambunge kang winarni | nênggih maksih ari Sukra | wanci gathita nêm sore | lampu èlêktris sadaya | sampun sami sumalad | pakuwon dalêm sang prabu | kaliwat byor kawuryannya ||
2. dupi wus jam pitu muni | wimbuh wêning urubira | ing marga gung sangsaya byor | kawuryan madyaning marga | kumênyar lir raina | narawang padhang sumunu | ing ngawiyat kawistara ||
3. rarase sru milangoni | lintang anjrah byor kawuryan |
--- 70 ---
ting pancorong ujwalane | sumilir kang samirana | ngirid gandaning sêkar | gung anggadag marbuk arum | ngambar ngèbêki sasana ||
4. mawèh êntyarsaning kapti | ya ta mangkya winursita | karsa dalêm sri pamase | yun kontrah pisitê marang | sira lègêr komandhan | Jêng Tuwan Krusên jêjuluk | samana jêng sri pamasa ||
5. mangagêm cara Walandi | klintêni dhin sêkudêrnya | ngagêm bintang samoane | gudhên plis rodhê adhêlar | leyopol sumawana | ingkang winastan komandhur | Nèdêrlansên leyonira ||
6. myang sinotya kancana di | mindêng kênyaring sêsotya | ngilat thathit ujwalane | pranajanta sri narendra | sawastu kawistara | mangkara-kara sumunu | sumunar andingwangkara[3] ||
7. lan mangagêm jêng sang aji | sabêt leyo lêlarakan | ajênar byur warangkane | sangkêp busanèng narendra | samêndhang tan kuciwa | dahat rêspati dinulu | wèh erame kang tumingal ||
8. yèn cinăndra jêng sri mulki | kurang căndra luwih warna | kawarnaa ing samangke | gusti jêng sri naranata | lawan jêng sri duhita | dènira sami mangrasuk | busana wus paripurna ||
9. para garwendra paminggir | myang para cèthi parêkan | datan samya kinon dhèrèk | mung kinèn lêrêm kewala | nèng jroning hotèl Homan | sapalih kang wadya jalu | pan kinèn kantun rumêksa ||
10. wadya jalu kang sapalih | samya kinèn atut wuntat | dhèrèk gusti jêng sang katong | duk ing wau wancinira | marêngi tabuh astha | paduka jêng sang aprabu | pan sampun lênggah satata ||
11. lan gusti jêng pramèswari | wontên jroning hotèl Homan | siniwèng para pandhèrèk | marikêlu lungguhira | kawuryan bêbanjêngan | tinata sajuru-juru | samya [sa...]
--- 71 ---
[...mya] wontên ing ngarsendra ||
12. samantara jêng sang aji | sung sasmita majêngira | motor titihan sang katong | Kiyai Rara Kumênyar | kang antuk sasmitendra | tur sandika myang wotsantun | wus mêsat sing ngarsèng nata ||
13. dhawuhkên karsaning aji | majênging rata samana | wus kacakup sadayane | nahênta wusnya mangkana | datan dangu anulya | titihan dalêm sang prabu | lawan rata pangiringnya ||
14. wus samya marêk cumawis | samakta nèng sangajêngnya | paretaning ponang hotèl | sigra wau cundakendra | wus marêk ngarsèng nata | amabukuh nêmbah matur | samêktaning ponang rata ||
15. jêng sang prabu duk miyarsi | nulya têdhak sri narendra | sakalihan sori katong | kanthèn asta lampahira | wau ta pandhèrèknya | pra wadyendra gung tut pungkur | gumarêdêg lampahira ||
16. kawuryan ta ngrêspatèni | ya ta wau kawuwusa | wus mangkana jêng sang tong |[4] sakalihan pramèswara | pan sampun nitih rata | titihan dalêm sang prabu | kiyai rara kumênyar ||
17. ri sampunnya nitih sami | Dyan Mênggung Atmadiningrat | gya trangginas wus tumamèng | supiran rata narendra | mangrênggêp ampilannya | songsong dalêm jêng sri mulku | sri narendra rum ngandika ||
18. mring wadya Walandi sopir | nênggih sira Tuwan Isman | mangkana ta ing dêlinge | uwis Isman lakokêna | Tuwan Isman sakala | duk nampèni sabdèng prabu | aturnya nuwun sandika ||
19. nulya ponang otomobil | sapangu pinutêr sigra | anggêrêng ririh swarane | dyan lumampah tinut wuntat | sagunging ponang rata | kang măngka pandhèrèkipun | rut-urutan lampahira ||
20. anglur-sêlur urut margi | lampunira [lampu...]
--- 72 ---
[...nira] ponang rata | sampun sumalad sagunge | gumêbyar andiwangkara | ing ênu kawistara | narawang nglangut sumunu | datan pae lan raina ||
21. para janma kang ningali | arèntèp têpining marga | pipit tan ana sêlane | jalu èstri bêbusêkan | pan samya rêbut papan | dening samya tyas kayungyun | yun wikan jêng sri narendra ||
22. nêngna wau kang winarni | mangkya gantya kacarita | anênggih ta ing anane | jro palising sang sudira | manggalaning ayuda | lègêr komandhan jêjuluk | Jêng Tuwan Krusên samana ||
23. ing palis sampun rinukti | ing saupakartinira | sajuru-juru tatane | tangèh lamun winuwusa | endahing rêrêngganya | enggaling pangruktinipun | sampun sampat paripurna ||
24. tan kuciwa jroning palis | sumalading kang panjuta | èlêksêtris kawuryan byor | ambyaring ponang ujwala | satuhu lir raina | papan ingkang siluk-siluk | sumilak padhang sadaya ||
25. Jêng Tuwan Krusên winarni | lan para Walandi nyonyah | ting jaligut tumamèng don | jroning palis asamêkta | nampèni rawuhira | ing paduka sang aprabu | Narendra di Surakarta ||
26. ing netyasmune kaèksi | mangayun-ayun sadaya | ing rawuh dalêm sang katong | wus mangkana samantara | anulya kapiyarsa | suwaraning uluk-uluk | slomprèt klatson myang totêrnya ||
27. wurahan umyung kapyarsi | sung pratăndha kang mangkana | lamun gusti jêng sang katong | wus andungkap rawuhira | sagunging para janma | ingkang samya kapiluyu | yun wikan gusti sang nata ||
28. orêg satêpining margi | pating craèk minta papan | amrih cêtha tumontone | wênèh guyu cukakakan | sawênèh gundam-gundam |
--- 73 ---
liwung dening mambu êntut | êntut tani bêntil desa ||
29. wênèh ana kang grunêngi | wong wêtênge lagi lara | têka nganggo bisa nonton | yake bae wonge ika | gudhigên ususira | wong ngêntut pèh ora tuku | ambune langu blarongan ||
30. irungku lah nganti pêrih | tak pithês ênggêng-ênggêngan | saka tan bêtah ambune | iki êntut karanjingan | gèk marine suk apa | apa ora tau jamu | bok ngombe cabe lêmpuyang ||
31. ya ta malih kang winarni | saguning kang para janma | ingkang kapiluyu nonton | saurut têpining marga | winulat sing mandrawa | anênggih saèsthanipun | kadyangganing sètubanda ||
32. jalu èstri pit-pinipit | anggung jêjêl yêl-uyêlan | datan ana ing sêlane | nêngna wau kawarnaa | lampahing ponang rata | titihan dalêm sang prabu | lawan rata pandhèrèknya ||
33. wus lêpas dènya lumaris | sapangu praptèng udyana | sangajêngnya ing palise | Jêng Tuwan Krusên sakala | lan pra tuwan myang nyonyah | gurawalan lampahipun | malajêngi ring sang nata ||
34. gupuh-gupuh ananggapi | rawuh dalêm sri narendra | wus tumêdhak jêng sang katong | sami têtangkêpan asta | myang sami kawistara | dahat suka jroning kalbu | binarunging pakurmatan ||
35. musik bataliyun muni | sru gumuruh gêndhingira | pan Wilhèlmês pan nasao | wèh gambiraning driya |[5] satuhu kang mangkana | lir rogantuk usada nung | nulya waluya nirmala ||
36. gêdêr kang samya ningali | liru papan rêbut papan | nèng ngajênging palis mangke | samya jêjêl yêl-uyêlan | tan ana sêlanira | dening samya sêdyanipun | yun wikan jêng sri narendra ||
37. maksih [ma...]
--- 74 ---
[...ksih] tangèh yèn winarni | untaping para sujanma | ingkang kapiluyu nonton | nêngna mangkya winuwusa | mangsuli ananira | rawuh dalêm jêng sang prabu | Kangjêng Tuwan Krusên sigra ||
15. Kinanthi
1. nganthi jêng sri narawadu | dene jêng sri narapati | tumamèng sakananira | ing gusti jêng pramèswari | tindak dalêm sri narendra | rarasira ngrêspatèni ||
2. bayak-bayak gumarudug | sakeca gènnya lumaris | jroning palis kawistara | rêgêng dadakan raras sri | sagung para wadyabala | gung tut wuntat ing sang aji ||
3. wusnya manjing jêng sang prabu | wontên jroning parsadadi | anulya ge ingacaran | ring Tuwan Krusên sang aji | wus lênggah kursi satata | atarap madyaning palis ||
4. anggênggêng kawuryanipun | samya sarju jroning galih | sagunging kang wadyabala | prasamya marêk sumiwi | ing ngarsa dalêm sang nata | gumuruh swaraning musik ||
5. minăngka pahargyanipun | ing rawuh dalêm sang aji | rarasing lêlagonira | dahat dènya milangoni | ing satuhu kang mangkana | wèh rêsêpe kang miyarsi ||
6. nêngna wau kang winuwus | sumambunge dyan winarni | kang sami mangayubagya | manggihi rawuh narpati | yèku jendral ingkang măngka | manggala aguling jurit ||
7. kasub ing rat ajêjuluk | Tuwan Pantèn Saldham nanging | tan kalawan nyonyahira | muhung lawan tinut wuri | ajudanira kewala | nulya malih kang winarni ||
8. jendral dhoktêr kang palungguh | sira Tuwan Nip wêwangi | mung kalawan ajudannya | sajuga kang mracihnani | dahat sudiraning yuda | mumpuni kridhaning jurit ||
9. samubarang sarwa saguh | sagah datan pindho kardi | pamungkase kawarnaa | kolonèling kapalêri | Tuwan [Tu...]
--- 75 ---
[...wan] Têrgas lan nyonyahnya | ajudane gung tut wuri ||
10. bêbanjêngan katonipun | nèng ngarsa dalêm sang aji | nganan ngering lênggahira | lêlajuran sêlang-sêling | pangruktining palênggahan | sampun datan nguciwani ||
11. wus mangkana dupi sampun | sinaroja munggwing kursi | sasuwukirèng pahargyan | Jêng Tuwan Krusên nulya glis | nambrama ring jêng sang nata | mangkana ta dènira ngling ||
12. kula nuwun dhuh sang prabu | kawula sadaya sami | ngaturakên kasugêngan | ing rawuh paduka aji | sakalihan sri dayita | tumrah sapandhèrèk sami ||
13. ya ta wau jêng sri mulku | dupi miyarsa aturing | Jêng Tuwan Krusên mangkana | angliring rum dènira ngling | inggih sugêng saudara | sambramanta trima kasih ||
14. lah saudara sadarum | paranta inggih basuki | Jêng Tuwan Krusên turira | kula nuwun dhuh sang aji | ing barkah pangèstu tuwan | kawula sami basuki ||
15. tan wontên sangsayanipun | nir sambekalèng sakalir | labêt dening kang mangkana | kapraban prabawèng aji | laju mangkya kacarita | tinungka sêgah lumadi ||
16. mêminuman tuwin srutu | myang sigarèt wus waradin | sawadya tan kaliwatan | myang wus rinêsêpan sami | ri sampunnya kang mangkana | ya ta wau jêng sang aji ||
17. sarwi sambèn jêng sang prabu | pangandikan sawatawis | maring para tuwan-tuwan | ingkang samya amanggihi | wigatining pangandikan | gêgujêngan warni-warni ||
18. ingkang rèmèh myang kang pêrlu | linalar dahat mranani | maring tyase ingkang samya | kapanduk sabdèng narpati | gêr gumêr gumujêng samya | gumarênggêng jroning palis ||
19. nahan mangkya dupi sampun | sêsampate gènnya sami | wawan sabda gêgujêngan | ngandika rum jêng sang aji | dhumatêng jêng sri dayita | mangkana sabdèng narpati ||
20. dhuh
--- 76 ---
dhi ajêng karsaningsun | lah rêngênta ing samangkin | wêkanira saudara | Tuwan Krusên ingkang maksih | kênya iku yogyanira | ingsun paringi liyontin ||
21. măngka tăndha cihnanipun | pusara trêsnaning kapti | gusti kangjêng sri dayita | duk tampi sabdèng narpati | tur sêmbah mangayubagya | ing karsa dalêm sang aji ||
22. sung sasmita jêng sri wadu | dhumatêng wadyèng narpati | kang ngampil kagungan nata | liyontin kancana murni | pinatik sêsotya endah | anarètès têpung têpi ||
23. ing têngah mawa panunggul | maniking manila wêning | wus katur ponang sangsangan | ingasta jêng pramèswari | anulya sutèstrinira | Tuwan Krusên dèn timbali ||
24. umarêk ngarsèng sang prabu | wus tumundhuk mangastuti | ing ngarsa dalêm narendra | sigra jêng sri juwita ji | jumênêng masang sangsangan | mring janggane kang antuk sih ||
25. ri wusnya pinasang rampung | kawuryan ta gêng kênya di | dahat sukaning wardaya | wus linilan sang kênya di | wangsul malih mring donira | karya erame kang sami ||
26. lênggahan wau sawêgung | wikan liyontin warna di | dening kênyaring sêsotya | datan pae yayah kadi | lintang ingkang tan kalingan | ing ngimarda manaputi ||
27. mancorong ujwalanipun | para nyonyah myang Walandi | ingkang samya lêlênggahan | gupuh-gupuh marêpêki | maring done sang kênyendah | kang antuk sih dalêm aji ||
28. kumêrap pating jaligud | rubungan jumênêng sami | ing sawênèhira ana | mangrênggêp ngiling-ilingi | lan wênèhnya malih ana | mung anjêngêr datan mosik ||
29. wurandhungan tyas mangungun | katêmbèn dènya umèksi | endahing suwarnanira | liyontin ingkang cinawi | pinatik sotya kancana | satuhu ngebat-ebati ||
--- 77 ---
30. wus waradin dènyandulu | warnanira kang liyontin | nulya wangsul tata lênggah | dènira sabilik-bilik | ri sampunnya kang mangkana | nihan wau sang wirasti ||
31. Jêng Tuwan Krusên umatur | ing gusti jêng sri bupati | wêdharing kang saddhawara | kula nuwun dhuh sang aji | sih kadarmanta sangsangan | kancanarda kang pinatik ||
32. sotya di mawa panunggul | maniking manila wêning | satuhu endahing warna | dhumatêng sutamba èstri | adhuh lae jêng sang nata | atur kawula saswami ||
33. sami sakalangkung nuwun | tuwin pamintamba mugi | dumadia ing jêjimat | ngantya praptaning salami | widada măngka sarana | pisaratirèng basuki ||
34. tumraping amba sadarum | mangkana ta jêng sri mulki | duk miyarsèng aturira | Jêng Tuwan Krusên sayêkti | kawuryan pirênanira | panggalih dalêm sang aji ||
35. sanadyanta sang wira nung | Jêng Tuwan Krusên anênggih | ing netyasmu kawistara | kasok kasuking kanang sih | sukèng tyas marwata suta | ya ta mangkya sampun wanci ||
36. atabuh sadasa dalu | anulya jêng sri bupati | sung sasmita arsa budhal | kondur mring pakuwon aji | ing hotèl Homan enggalnya | titihan dalêm narpati ||
37. myang rata pandhèrèk sagung | pan sampun samêkta sami | jêng sang prabu rum ngandika | dhumatêng risang wirasti | mangkana sabdèng narendra | dhuh babo sudara mugi ||
38. sampun cuwa jroning kalbu | kadarpaning tyas samangkin | rèh wus nutug pêpanggihan | lawan wus samya basuki | kula arsa wangsul nulak | kantuna lulus basuki ||
39. Jêng Tuwan Krusên umanthuk | dyan umarêk ngarsèng aji | prasami tangkêpan asta | patrapira gênti-gênti | wus waradin sadayanya | ri
--- 78 ---
wusnya mangkana nuli ||
40. Jêng Tuwan Krusên umatur | ing gusti jêng sang siniwi | kula nuwun jêng sang nata | kawula sadaya sami | dahat ing panuwunira | karawuhan jêng sang aji ||
41. botên langkung amba sagung | jumurung pudya sêsanti | ing kondur paduka nata | myang rinta jêng pramèswari | tumrah mring wadya sadaya | linulusna maharjanti ||
42. ya ta wau jêng sang prabu | dupi miyarsa aturing | Jêng Tuwan Krusên mangkana | dahat karênaning galih | apuwara rum ngandika | dhuh sudara ing sayêkti ||
43. pamudyanta kang kadyèku | sakamantyan trima kasih | datan liwat kang mangkana | inggih namung sami-sami | babo mugi kinabulna | ngantya praptaning salami ||
16. Mijil
1. mangkya gantya kang sêkar pamijil | wau jêng sang katong | sakalihan sori dalêm mangke | wus jumênêng saking jroning palis | gya lumampah aris | anggung tinut pungkur ||
2. sanggyanira pra wadyèng narpati | tan têbih gumolong | sira Kangjêng Tuwan Krusên age | tan lênggana wus mangrênggêp nganthi | ring sang duhita di | nênggih sori prabu ||
3. para tuwan tuwin nyonyah sami | anggarubyug bodhol | dhèrèkakên gusti sri pamase | muhung prapta sangajênging palis | anjirap kaèksi | posisi sadarum ||
4. wênèh ana ingkang maksih kari | rêrubungan katon | wontên jroning palis wigatine | dugèkakên kadarpaning kapti | prasamya ningali | ing liontinipun ||
5. sutèstrinya risang èksêlènsi | kang wus kacariyos | nèng asmara andana wiyose | samya maksih eram jroning galih | dening kang liyontin | endah warnanipun ||
6. amangsuli kang winarnèng ngarsi | gusti jêng sang katong | sakalihan sori dalêm mangke | sampun nitih ponang otomobil |
--- 79 ---
sagung kang umiring | satata tut pungkur ||
7. wus lumampah sanggyèng otomobil | rut-urutan alon | para ingkang samya dhèrèkake | muhung prapta sangajênging palis | nyonyah myang Walandi | pan samya umanthuk ||
8. jêng sang prabu sakalihan sori | animbangi gêntos | otomobil wus lulus lampahe | swaranira janma kang ningali | jalu lawan èstri | bêbusêkan umung ||
9. rêbut papan dènira ningali | pipit sok-dhinosok | rog-jinorog dènira arsa mèt | papan ingkang wikantuk sayogi | ginawe ningali | kondur dalêm prabu ||
10. wênèh ana janma anggarbini | ambalêndhang nonton | dupi oto titihan pamase | lumaksana prapta sangajênging | janma kang garbini | nulya janma wau ||
11. asru muwus wêtêng dèn kêbuki | jabang bayi galo | tumontona jêng sang prabu kae | nyuwun sawab gusti jêng sang aji | benjang lamun mijil | jabang bayi jalu ||
12. sinungana warna kang linuwih | kadi jêng sang katong | bagus brêgas rêspati wèt anèm | myang winantu mong suka basuki | pan ngantya salami | tan ana rêridhu ||
13. sanadyana kowe jabang bayi | benjang mijil wadon | rinobana kowe ing sawabe | gustinira kangjêng sri bupati | karêbèn sirèki | dumadya dyah ayu ||
14. marma jabang bayi dèn sangèni | mèt sawabing katong | akarana sawiji kaole | kalamun wus sinangènan yêkti | benjang lamun mijil | jabang bayi wau ||
15. adat kang wus kasinungan benjing | ing warna kinaot | luwih saking sêsama-samane | pan mangkana wursitaning nguni | para sarjana di | tuwin para jamhur ||
16. nahan wau janma kang garbini | mangsuli cariyos | kondur dalêm gusti
--- 80 ---
sri pamase | lampahira ponang otomobil | sangsaya sumêbit | ngutu nyindhung riwut ||
17. tutêr klatson suwaranira tri | munya sru ting krêgog | soprètira munya ting tarutèt | sampun lêpas dènira lumaris | wus sangsaya têbih | tan winarnèng ênu ||
18. gêgancangan ponang otomobil | lampahnya wus katon | pêrak lawan hotèl Homan mangke | lampahira tinahan mung rindhik | rut-urutan aris | nèng madyaning ênu ||
19. sagung para janma ingkang maksih | manganti tumonton | kondur dalêm gusti sri pamase | wontên hotèl Homan kang kawarti | dupi samya myarsi | tutêr klatson umyung ||
20. swaranira janma kang ningali | gumrênggêng tumawon | wênèh ana ingkang jêlah-jêlèh | anyêluki rowangnya ningali | mrih ywa pisah sami | nunggala gon kumpul ||
21. wênèh ana ingkang angulati | sutane tumonton | tan pêpoyan lawan wong tuwane | ngantya muyêng dènira ngulati | tan wignya pinanggih | têmahan mung jêtung ||
22. wênèh janma jalu angulari | kangsène wong wadon | bedhangane ingkang wus gêgambèn | wus pinanggih gènira ngulari | gapyuk gya kinanthi | maring gon kang lindhuk ||
23. jamakira wong mangkana yêkti | kalamun antuk gon | ingkang lindhuk dèn anggêp kamare | wus kinira tarêtip tan kèksi | maring lèning janmi | marma nir pakewuh ||
24. ting jagigik kang wadon murwani | anggablog anyêthot | ingkang jalu masang gêmblèngane | apilara ngadhuh pringas-pringis | kêkincêran sarwi | lambe nyêmbung langu ||
25. apuwara janma wau yêkti | kawuryan tan anggop | rênggang gula kumêpyur pulute | sing wus antuk papan kang sayogi |
--- 81 ---
ginawe ningali | kondur dalêm prabu ||
26. nêngna wau gantya kang winarni | mangsuli cariyos | kondur dalêm gusti sri pamase | otomobil titihan narpati | sapandhèrèk sami | lêpas lampahipun ||
27. tan winarna ing ênu wus prapti | hotèl Homan mêngko | kawarnaa gusti sri pamase | sakalihan gusti pramèswari | wus tumêdhak saking | titihan sadarum ||
28. sagung para wadyaning narpati | satata gumolong | pan sajuru- juru ing lampahe | gumarubyug tinon ngrêspatèni | wus lulus lumaris | tut wuntat sang prabu ||
29. jêng sang prabu sakalihan sori | wus manjing samêngko | maring hotèl Homan sawadyane | rêroncène jro hotèl ing ratri | wus datan winarni | gantya kang sumambung ||
30. rinuwiya rinya tumpak enjing | akiring pancorong | ping tri dasa anênggih wulane | maksih nunggil Mukaram ing warsi | sinida dumadi | karsa dalêm prabu ||
31. sakalihan jêng sang juwita ji | nênggih sori katong | arsa têdhak dhumatêng ing hotèl | hotèl Lembang yeka kang kawarti | têbihira saking | jroning kitha Bandhung ||
32. mung sadasa êpal datan luwih | miwah kacariyos | inggilira saking samodrane | kawan èwu sangang atus luwih | wolung dasa siki | kaki ukuripun ||
33. dumunungnya pan wontên sukuning | arga gêng kinaot | sing mandrawa amênggêr katone | wastanira wau ponang wukir | anênggih ing ngardi | Tangkuban Parahu ||
34. ênêngêna caritaning wukir | mangkya kacariyos | pangagêman dalêm sri pamase | mung cinêndhak busanèng narpati | ngrasuk cara Jawi | jas atelah klawu ||
35. kawuwusa kang samya umiring |
--- 82 ---
ring gusti sang katong | pra garwendra paminggir myang sakèh | ningkang para wadya jalu èstri | wus samya sumiwi | ngarsa dalêm prabu ||
36. sanggyanira wus samêkta sami | nulya jêng sang katong | sung sasmita mring wadya majênge | titihanta ponang otomobil | wus umarêk sami | sapandhèrèkipun ||
37. dupi sampun wanci jam sangenjing | gusti jêng sang katong | sakalihan sori dalêm mangke | kanthèn asta jumênêng lumaris | kang samya umiring | tut wuntat sadarum ||
38. gumarêdêg kawuryanira sri | tindak dalêm alon | ya ta wau gusti sri pamase | sakalihan gusti pramèswari | sampun samya nitih | otomobilipun ||
39. Kyai Rara Kumênyar winarni | wus lumampah alon | tinut wuntat oto pandhèrèke | rut-urutan lumaksana aris | samantara nuli | lampahnya sumêbut ||
40. ing bantala kadi gênjot gonjing | prakêmpa tumêmpoh | ing gurda gêng gumêrot swarane | gumarubug păncawăra tarik | sanggyaning kang ardi | katon monggat-manggut ||
41. kang mangkana saèsthane kadi | nambramèng sang katong | dènya karsa pêpara wiyose | pajampua widada arjanti | tan ana sawiji | sapandhèrèkipun ||
42. nêngna wau enggale wus prapti | hotèl Lembang mêngko | samangkana gusti sri pamase | sakalihan jêng sri dayita ji | wus tumêdhak saking | otomobil laju ||
43. kanthèn asta lumaksana aris | raras sri tinonton | sagung para pandhèrèk lampahe | atut wuntat gusti jêng sri mulki | gumarêdêg kèksi | ing sajuru-juru ||
44. ri sampunnya mangkana sang aji | lawan sori katong | sampun samya manjing [ma...]
--- 83 ---
[...njing] jroning hotèl | sapandhèrèk tan ana kang kari | jroning hotèl kèksi | rêgêng myang raras rum ||
45. dyan winarna kang nuju marêngi | anunggil umanggon | wontên jroning hotèl Lembang mangke | Wlandi mèstêr dhoktêr kang wêwangi | Tuwan Soman nguni | kang satuhu sampun ||
46. têpang sae lawan jêng sang aji | marma dupi anon | wikan maring gusti sri pamase | Tuwan Soman agupuh sumiwi | ngarsa dalêm aji | ing mangkya wus tundhuk ||
47. sakalihnya kawuryan prasami | karênan ing batos | têtabean rumakêt katone | ri sampunnya abage-binagi | maharjanta sami | sakalihanipun ||
48. nulya sami lênggah munggwing kursi | enggaling cariyos | Tuwan Soman nulya rum ature | kula nuwun anggèn paduka ji | lêrêm wontên ngriki | paran maksih dangu ||
49. sang aprabu arum dènira ngling | kula ing samêngko | botên nyare namung tulak bae | lêrêm wontên hotèl Homan malih | pakuwon ing nguni | ing Kutharja Bandhung ||
50. Tuwan Soman dupi amiyarsi | sabdaning sang katong | kang mangkana malih rum ature | botên langkung kalamun sang aji | kondur ing samangkin | amba tur pudya yu ||
51. salêbêting pêpara sang aji | lulusa kemawon | karaharjan tumrah sapandhèrèk | kadugèna sabarang kinapti | gung sukaning galih | ing salaminipun ||
52. jêng sang prabu arum dènira ngling | dahat sukaningong | kula ugi muji salamête | maring saudara ing salami | lan kula asung sih | nênggi[6] gambar ingsun ||
53. minăngkaa pêpèngêting ati | Tuwan Soman gupoh | anampèni dahat nuwun ture | datan dangu nulya nyuwun pamit | linilan [lini...]
--- 84 ---
[...lan] wus tabik | gya bibaran sampun ||
17. Sinom
1. ya ta malih jêng sri nata | sakalihan pramèswari | duk wontên ing hotèl Lembang | karsa dalêm jêng sang aji | mlampah-mlampah ngidêri | jroning hotèl Lembang wau | myang mriksani wêngkonnya | têpis wiringing kang wukir | muhung tinon saking mandrawa kewala ||
2. tinut wuntat sanggyanira | para garwendra paminggir | tuwin para wadyabala | jalu myang parêkan cèthi | gumarêdêg kaèksi | mangkana ing lampahipun | rêspati kawuryannya | nahanta têpis wiringing | ponang arga myang hotèl mangkya winarna ||
3. kèh pêthètaning puspita | argulo kalak saruni | lawan liya-liyanira | kawuryan bang seta wilis | myang biru wungu kuning | ting parêlok warnanipun | sinranging samirana | sagunging kang puspita di | gung anggadag marbuk arum gandanira ||
4. ananduki maring grana | manjing jroning sanubari | mawèh sarjuning wardaya | lawan mobahing sêsari | rikala sinêranging | samirana miyat-miyut | sawênèh ting karoyag | saèsthane rêbut ngarsi | suk-êsukan pan kadi asung sasmita ||
5. bok tumuli pinêthika | ing gusti jêng sri bupati | pinaringkên sri dayita | myang para garwa paminggir | pratignyanirèng sari | baya ta kinarya cundhuk | paranta mung kinarya | sêbaran ing tilamsari | mung sumăngga ing karsendra tan lênggana ||
6. makatên kawuryanira | pasêmoning puspita di | mindêng sung sugandanira | gănda rum kang maratani | mangambar milangoni | mring sanggyaning kang para rum | tangèh yèn winarnaa | raras srining ponang wukir | myang rêrênggan sajronirèng hotèl Lembang ||
7. nulya malih winuwusa | gusti kangjêng sri bupati | sakalihan [sakali...]
--- 85 ---
[...han] pramèswara | myang garwa dalêm paminggir | wus sampat dènya sami | mriksani saidêripun | ing hotèl sawêngkonnya | karsa dalêm jêng sang aji | lêrêm wontên palênggahan hotèl Lembang ||
8. salêbêtirèng lênggahan | lawan gusti pramèswari | tanapi para garwendra | kang paminggir samoaning | anulya dèn ladosi | pangunjukannya sadarum | sampanyê myang minuman | limunadhê toya Wlandi | wus waradin nulya ingunjuk sadaya ||
9. gusti kangjêng pramèswara | lawan garwendra paminggir | sumawana para wadya | jalu myang parêkan cèthi | tan kantun samya manjing | jroning kamar hotèl sampun | pininta sowang-sowang | sajuru-juru mantêsi | wus mangkana nêngna gantya kacarita ||
10. dupi wus antaranira | kèndêl jam sadasa enjing | dhirèkturing hotèl Lembang | wêwarta kinèn mangrukti | dhahar dalêm sang aji | nèng meja kang wus tinamtu | tinata bêbanjêngan | wowohan maneka warni | amêpêki tharik-tharik katonira ||
11. ri wusing pangruktinira | kênyaring baskara wanci | tabuh kalih wêlas siyang | dhirèkturing hotèl nuli | sampun atur udani | ing saupakaryanipun | dhahar dalêm narendra | wus sampat dera mangrukti | ya ta mangkya gusti jêng sri naranata ||
12. sakalihan sri dayita | tan dangu têdhak lumaris | tinut wuntat sanggyanira | para garwendra paminggir | wau ta jêng sang aji | ing mangkya enggaling wuwus | sampun lênggah satata | kalawan jêng pramèswari | tuwin garwa dalêm paminggir sadaya ||
13. datan kantun para wadya | jalu lan parêkan cèthi | nanging pangruktining meja | tan nunggil mejèng narpati | nihanta jêng sang aji | sampun laju dhahar kêmbul | sagunging wadyabala |
--- 86 ---
jalu lan parêkan cèthi | ugi sampun anadhah kêmbul sadaya ||
14. rêroncèning lêladosan | wus datan mawa winarni | gancanging ponang carita | gènnya dhahar jêng sang aji | sapandhèrèknya sami | pan sampun sampat sadarum | samana wancinira | jam kalih siyang wus muni | karsa dalêm gusti kangjêng sri narendra ||
15. nulya arsa kondur nulak | dhatêng pakuwon narpati | anênggih ing hotèl Homan | dhawuh sabdaning sang aji | ring wadya kang sumaji | ngabyantarèng jêng sang prabu | kang wus nimpunèng karya | bêbasan tan madal sumbi | sira Radyan Tumênggung Atmadiningrat ||
16. mangkana wêdharing sabda | Atmadiningrat sirèki | warahên pra wadyaningwang | kon padha samêkta sami | sarta Si Isman nuli | warahên ngajokke laju | yaiku rataningwang | sun arsa kondur saiki | dyan tumênggung tur sêmbah nuwun sandika ||
17. dyan tumênggung wus umêsat | saking ngarsa dalêm aji | trangginas tur parikrama | wèh rêsêpe kang ningali | anulya sung pawarti | dhawuhakên sabdèng prabu | dhumatêng sanggyanira | para wadyaning narpati | wus kacakup waradin sadayanira ||
18. sagunging kang wadyabala | duk sampun sami nampèni | dhawuh timbalan narendra | kang mangkana nulya sami | sarêngan saurpaksi | nuwun sandika wotsantun | kalawan kawuryan ta | samya êntyarsaning kapti | sampun mêpak gambira solahing bala ||
19. dyan tumênggung gya cangkelak | wangsul marêk ngarsèng aji | angrêpèpèh lampahira | pan kadya mêrak kasimpir | puwara wus sumiwi | ing ngarsa dalêm sang prabu | mabukuh myang wotsêkar | umatur dera tinuding | pan mangkana wêdharing kang saddhawara ||
20. dhuh gusti jêng sri narendra | kawula
--- 87 ---
nuwun pun dasih | sampun mastutyèng sabdendra | dhawuhkên timbalan aji | dhumatêng ri sanggyaning | pra wadya dalêm sadarum | ing mangkya para wadya | pan sampun samêkta sami | ngèstokakên dhawuh dalêm sri narendra ||
21. sang aprabu duk miyarsa | atur mangkana kaèksi | karênan jroning wardaya | sigra gusti jêng sang aji | tuwin jêng pramèswari | samantara nulya laju | jumênêng kanthèn asta | wus têdhak lumampah aris | tinut wuntat para pandhèrèk sadaya ||
22. wun[7] nitih oto sang nata | sakalihan pramèswari | para pandhèrèk sadaya | wus tumamèng otomobil | datan dangu lumaris | titihan dalêm sang prabu | gumlêsêr lon-alonan | kang oto pandhèrèk sami | gung tut wuntat titihan dalêm narendra ||
23. dupi wus antuk samadya | lampahira otomobil | sru sumêbut pindha kilat | anggêrêng sora kapyarsi | sinranging bajrapati | amêsês kadya pinusus | sumêmbur ngering nganan | lir nambrama ring sang aji | linulusna sagotra sami raharja ||
24. ananing ênu samana | wus ênêngna tan winarni | nênggih gancanging carita | lampahira otomobil | sangsaya sru sumêbit | sinêru tan tolih pungkur | mangkya gantya kinăndha | pakuwon dalêm sang aji | hotèl Homan wus pêrak myang kawistara ||
25. sanggyèng sopir gung prayitna | dènira mangrênggêp sêtir | sêpitdêrnya tan pinidak | darapon kang otomobil | lampahnya dimèn rindhik | dening mangkya wus kadulu | parêk lan hotèl Homan | wau ta kang otomobil | ting saliri lampahnya rindhik sadaya ||
26. wus datan antara lama | yeka ponang otomobil | titihan [titi...]
--- 88 ---
[...han] dalêm sang nata | sapandhèrèkira sami | wus prapta dyan umanjing | marang jroning èrêpipun | hotèl Homan sadaya | jêng sang prabu lawan sori | gya tumêdhak sing oto rata narendra ||
27. kanthèn asta lampahira | sagung garwendra paminggir | tuwin para wadyabala | jalu lan parêkan cèthi | prasamya atut wuri | umiring jêng sang aprabu | gumrêdêg kawuryan ta | sakamantyan ngrêspatèni | wus umanjing jroning hotèl sadayanya ||
28. sampun datan winursita | rêroncène jêng sang aji | wontên jroning hotèl Homan | muhung cinêndhaking tulis | paduka jêng sang aji | tuwin sapandhèrèkipun | tan ana sangsayanya | lulus mong suka basuki | wus kapungkur raras srining hotèl Lembang ||
18. Pangkur
1. nêngna wau kang winarna | sêkar pangkur paripurna gumanti | ya ta mangkya kang sumambung | maksih nunggil ri Tumpak | hyang aruna sampun mracima kadulu | gumiwang tumamèng arga | mèh silêm mring jalanidhi ||
2. samantara hyang aruna | sêsorote wis sirna tan kaèksi | sanggya sato ing wana gung | wus mapan tilêm samya | sagung kaga samya mèt pencokanipun | cumêngèring kidang-kidang | sami arsa mapan guling ||
3. ting galêrêng kang sardula | lumaksana asarwi nolah-nolih | ngungak-ungak gon kang singup | ungaping kang sardula | bok kalamun wontên ing sêsatonipun | yun tinubruk dyan minăngsa | dening dahat dènira nglih ||
4. dirgantara kawistara | sru gumilang-gilang sumilak wêning | lintang anjrah byor kadulu | ting pancorong sorotnya | anyunari saisining bawana gung | sumilir kang samirana | ngirid gandaning sêsari ||
5. mênuhi jroning
--- 89 ---
sasana | sakamantyan wèh êntyarsaning kapti | lampu èlêktris sadarum | sampun sami sumalad | jroning panti pakuwon dalêm sang prabu | lawan samadyaning marga | sru gumilang milangoni ||
6. duk ing wau wancinira | kapiyarsa jam pitu sampun muni | karsa dalêm jêng sang prabu | lawan jêng sri duhita | arsa têdhak dhatêng Kabupatèn Bandhung | pisitê karsèng narendra | mring sira ingkang bupati ||
7. têtêping sumitra darma | amartuwi lulusnya basukining | sira Rahadyan Tumênggung | Wiranata Kusuma | lan swamine tumrah sakukubanipun | wus ênêngna kang mangkana | nihanta malih winarni ||
8. wau jêng sri naranata | amangrasuk busana cara Jawi | rasukan dalêm sang prabu | dhasar seta burdiran | bêdhahannya Langênarjan wastanipun | kinomplit mangagêm bintang | kancanarda kang pinatik ||
9. sêsotya di nawa rêtna | sumunaring tejanira ngranuhi | anênggih bintang komandhur | Nèdêrlansên leyonya | lan grutkrèis saking ing Cina radya gung | myang oranyê nasaonya | gya bintang ingkang mungkasi ||
10. Nèdêrlansên leyonira | sampun purna busananing narpati | nahanta enggaling wuwus | dupi sampun jam sanga | jêng sang nata lawan jêng sri narpawadu | datan dangu sigra têdhak | nitih rata otomobil ||
11. Kiyai Rara Kumênyar | tan darana para narendra siwi | rayi dalêm jêng sang prabu | tuwin putri narendra | sumawana siwi bantyaning sri mulku | wus nitih oto sadaya | myang sampun sami lumaris ||
12. nulya mangkya sumambungnya | sagung para garwa dalêm paminggir | myang wadyendra èstri jalu | sampun sami wahana | otomobil tut wuntat ing jêng sang prabu | rut-urutan lampahira |
--- 90 ---
wus lêpas dènya lumaris ||
13. ing ênu wus tan winarna | nahan mangkya gantya ingkang winarni | nênggih Kabupatèn Bandhung | sira ingkang bupatya | Dyan Tumênggung Wiranata Kusuma wus | samêkta dènira arsa | naggapi rawuh narpati ||
14. narendrambêk martotama | kang martani mring sanggyaning pra dasih | gung alit myang èstri jalu | kawaratan sadaya | pan mangkana labuhan dalêm sang prabu | Narendra di Surakarta | musthikaning nuswa Jawi ||
15. gêdêr jroning kabupatyan | para janma gung alit jalu èstri | samya usrêk swaranipun | dènira andum karya | sowang-sowang pininta sajuru-juru | rêrêngganirèng suyasa | sampun datan nguciwani ||
16. ting sariwêt para janma | ngetan ngulon ngalor ngidul lumaris | nyampatakên wajibipun | saupakaryanira | pahargyaning rawuh dalêm jêng sang prabu | dening mangkya wus antara | mèh rawuh jêng sri bupati ||
17. wus sampat sagung pakaryan | sanggyèng pandam-pandam sampun kaèksi | samya sumalad sadarum | kawuryan ting kalêncar | sumawana ting pancorong katonipun | sajronirèng kabupatyan | raras srine ngrêspatèni ||
18. punggawa rèh kabupatyan | jalu èstri sadaya kinèn sami | sarimbitan sowanipun | prasamya nèng pandhapa | lungguh kursi sowang-sowang dunungipun | ingkang jalu sisih wetan | sisih kilèn kang pawèstri ||
19. tangèh lamun winuwusa | raras srine kabupatèn samangkin | kunêng gantya kang winuwus | gancanging kang carita | jêng sang prabu ing mangkya pan sampun rawuh | dumugi ing kabupatyan | wau ta ingkang bupati ||
20. sarimbitan gurawalan | tinut wuntat para rèh jalu èstri | kawistara gumarubyug | wus marêk ngarsèng
--- 91 ---
nata | anampèni rawuh dalêm jêng sang prabu | sang aprabu kawuryannya | dahat pirênaning galih ||
21. wus tumêdhak sri narendra | sakalihan gusti jêng pramèswari | sing rata titihan prabu | lumampah kanthèn asta | tinut wuri para pandhèrèk sadarum | apêpanthan bayak-bayak | rarase sru ngrêspatèni ||
22. sumambunge kang tut wuntat | yèku sira dyan tumênggung sarimbit | lawan rèhnya èstri jalu | umiring sri narendra | sampun praptèng palênggahan jêng sang prabu | wontên sajroning suyasa | mangkana ingkang bupati ||
23. ngacarani ring sang nata | sakalihan gusti jêng pramèswari | lênggah ing kursi linuhung | sang prabu duk samana | wus nampèni aturnya radyan tumênggung | ri saksana tata lênggah | munggwèng kursi lawan sori ||
24. putri dalêm sri narendra | sumawana risang narendra siwi | siwi bantyaning sang prabu | kalawan sanggyanira | para garwa narendra paminggir sagung | wus umarêk ngarsèng nata | tan kantun parêkan cèthi ||
25. tatane gènnya sumewa | ing sajuru-jurunira mantêsi | sagung para wadya jalu | tarap sami sumewa | bêbanjêngan nèng madyaning pandhapa gung | pra punggawa kabupatyan | wus prasamya wangsul linggih ||
26. manggèn gènnya sowang-sowang | wênèh ana ingkang among manggihi | mring sanggya wadyèng sang prabu | jalu lawan wanita | wus pininta pênêde sajuru-juru | ing sêmu pasêmonira | sampun datan nguciwani ||
27. ing sakala kabupatyan | kawistara dènira ngrêspatèni | anggênggêng rêgêng kadulu | nahanta kawuwusa | sira radyan tumênggung marêk mabukuh | nèng ngarsendra tur wotsêkar | dhuh gusti pakuning bumi ||
28. dasih tuwan tuwin semah | cumanthaka sumêngka [su...]
--- 92 ---
[...mêngka] jroning kapti | atur kasugêngan prabu | sakalihan sorindra | tumrah dhatêng para pandhèrèk sadarum | duk myarsa jêng sri narendra | anulya rum ngandika ris ||
29. dhuh tumênggung aturira | kang mangkana iya wus sun tampani | bangêt panarimaningsun | lah samêngko ta sira | apa iya padha basuki sadarum | dyan tumênggung tur wotsêkar | dhuh gusti sotyaning bumi ||
30. barkah pangèstu narendra | nuwun inggih sami lulus basuki | botên nyana sagalugut | tuwin botên katênta | de paduka gusti kangjêng sang sri mulku | sakalihan sri dayita | myang garwa dalêm paminggir ||
31. kasambadan ing wardaya | tan sangsaya èstu têdhak sang aji | dhumatêng sudhunging ulun | lah sapintên kewala | bingah amba binabar sanepanipun | upami gurda mangarang | ngorong tan katrahan riris ||
32. wus sawarsa laminira | têmah ruru rondhonira gègrègi | anggung kasat mata kusut | ing mangkya dyan kawarsan | ing siyang myang ngantya pantaraning dalu | lumintu datanpa mêndha | lir măngsa kasapta gusti ||
33. samantara ponang gurda | dyan rumêmbe rondhonira kaèksi | rumamba kariyu-riyu | purna jati nimala[8] | sagung janma gung alit kawuryanipun | samya sarjuning wardaya | makatên sanepèng dasih ||
34. puwara raosing driya | apan kadya rinoban tasik sari | sakukuban marbuk arum | sagunging para janma | kang kataman sugandaning puspita rum | sru karênan jroning driya | kawuryan rumêsêp sami ||
35. mila mangkya tur kawula | pan kalingga ing murda gu [9] pinundhi | sumawana sangêt nuwun | dènira sri narendra | sakalihan gusti jêng dayita prabu | tumêdhak wismèng kawula | kalawan pirênèng galih ||
--- 93 ---
36. muhung panuwun kawula | lamun kirang parikramaning dasih | aksamanta jêng sang prabu | sampun kirang samodra | nadyan ngriki jroning kitha nanging lamun | tinimbang lan Surakarta | lajêng dados tani bêntil ||
37. èstunipun sarwa kirang | bêbasannya doh ratu pêrak wukir | tangèh wrin ing unggah-ungguh | mênggah ing parikrama | tatacara marêk ngarsa dalêm prabu | dhuh baya ta kang mangkana | botên sande nguciwani ||
38. wau ta jêng sri narendra | duk miyarsa aturirèng bupati | dahat pirênaning kalbu | anulya rum ngandika | kang mangkana sira aja walang kalbu | lah wus ora dadi apa | dyan mênggung dhêku wotsari ||
39. wus mangkana winursita | pasugatan ingkang măngka sêsaji | toya Wlandi tuwin limun | kalawan ès prongkolan | sês sigarèt sumawana rèk sarutu | sampun lumados sadaya | waradin sawadya aji ||
40. wus sami ngunjuk sadaya | wênèh ana ingkang sês srutu sami | tuwin sês sigarètipun | pinunggêl kang ladosan | nulya malih jêng sang prabu ngandika rum | lah tumênggung karsaningwang | lamun sira nambadani ||
41. ingsun pan arsa uninga | sajêroning èrêpira ing wuri | dadyèngsun wikan sadarum | ing kene ananira | ya ta wau dyan tumênggung aturipun | kawula muhung sumăngga | ing karsa dalêm sang aji ||
42. sigra têdhak jêng sang nata | sakalihan gusti jêng pramèswari | dhinèrèkkên sanggyanipun | kang samya lêlênggahan | jalu èstri sadaya wus anggarubyug | dyan tumênggung ingkang măngka | panuntunira ing margi ||
43. wus rawuh jêng sri narendra | nèng wurining wismanira bupati | mriksa pasang rakitipun | kèh pêthètan puspita | argulo [argu...]
--- 94 ---
[...lo] myang kalak saruni lan mênur | sagunging kang sêsêkaran | kawuryan ta măncawarni ||
44. wontên rêkta biru seta | jambon wungu wilis dadu myang kuning | ting parêlok warnanipun | sinêranging maruta | gung anggadag marbuk arum gandanipun | ananduki maring grana | sung suka rêsêping galih ||
45. mangkana kangjêng sri nata | langkung suka dènira wus udani | wus têlas pamriksanipun | gya wangsul mring sasana | ingkang sampun ingagêm lênggah rumuhun | kalawan samoanira | kang mêntas dhèrèk sing puri ||
46. wus prasami tata lênggah | datan pae lawan duk rawuh nguni | bêbanjêngan tan tumpang suh | dupi wus sawatara | kapiyarsa wanci jam sadasa dalu | karsa dalêm sri narendra | pan arsa kondur tumuli ||
47. andhawuhkên mêpak bala | ing sakala sampun samêkta sami | oto titihan sang prabu | myang rata pandhèrèknya | wus sumaos anèng don kang wus tinamtu | jêng sang prabu rum ngandika | mring sira ingkang bupati ||
48. wus tumênggung kari arja | sarirèngsun arsa kondur samangkin | dyan tumênggung tur wotsantun | nuwun inggih sang nata | dasih tuwan tuwin semah sangêt nuwun | ingêmbun mugi dumadya | sarat yuwananing dasih ||
49. botên langkung pamudyamba | siyang lawan pantaranirèng ratri | mugi gusti jêng sang prabu | dinirgakna ing yuswa | myang awèta ambawani ing kaprabun | praja di ing Surakarta | ngantya tumrah praptèng wuri ||
50. sang prabu malih ngandika | ya tumênggung sun bangêt trima kasih | sigra jumênêng sang prabu | lan gusti sri duhita | kanthèn asta tindak dalêm ginarubyuk | para pandhèrèk sadaya | gung tut wuntat ring sang aji ||
51. gumarêdêg kawuryan ta | tan sangsaya tindak dalêm narpati | tinon rêspati [rê...]
--- 95 ---
[...spati] satuhu | lawan duk têdhakira | wus tan siwah mangkana enggaling wuwus | wus nitih oto sadaya | samantara gya lumaris ||
52. datan dangu lampahira | sagung oto mobil samya sumêbit | ing marga datan winuwus | mung cinêndhak kewala | jêng sang prabu pan ing mangkya sampun rawuh | ing pakuwon hotèl Homan | sawadya samya basuki ||
19. Mêgatruh
1. mung dinuduk saratri wus tan winuwus | nahan mangkya kang winarni | karsa dalêm jêng sang prabu | ing arinya Dite enjing | malêthèke kang mancorong ||
2. nênggih nuju tanggal sapisan sitèngsu | Sapar maksih nunggil warsi | arsa têdhak jêng sri mulku | sakalihan pramèswari | mring Bètênsorêh samêngko ||
3. dyan winuwus pangagêman dalêm prabu | busana cara Walandi | dhasar wilis jendral mayur | ngagêm bintang kancana di | kang pinatik sêsotya byor ||
4. wastanipun wau ta bintang komandhur | Nèdêrlansên leyo tuwin | grutkrèin[10] bintang linuhung | saking Cina ing radya di | lawan malih kacariyos ||
5. kang sumambung maksih agêm dalêm prabu | bintang alit kang rinukti | ridêr rèntèng wastanipun | tuwin ngagêm jêng sang aji | bintang oranyê nasao ||
6. sumawana amangagêm jêng sri mulku | bintang kang măngka pangiring | wus datan kuciwèng sêmu | pasêmone ngrêspatèni | yèku Nèdêrlansên leyo ||
7. gudhên plis Hèndrêk dhê leyo pan bronswik wus | sampat agêmnya sang aji | nênggih sanggyèng bintang wau | ngagêm atêlas sri mulki | kinomplit katon kinaot ||
8. gya winuwus para pandhèrèk sang prabu | kêbut tan na ingkang kari | sampun samêkta sadarum | samya tapsilèng ngarsa ji | anjrah katon gung
--- 96 ---
gumolong ||
9. sadaya wus wotsari myang marikêlu | jalwèstri sabilik-bilik | ing netyasmu katonipun | manganti enggala nuli | praptèng wanci laju bodhol ||
10. wus pinugut samêktanya wadyèng prabu | sumambunge kang winarni | kang kaonang sudira nung | senapatining ajurit | ing Surakarta kinaot ||
11. Arya Prabu Prangwadana kang jêjuluk | ugi dhèrèk anyarêngi | ing rawuh dalêm sri mulku | mring Bètênsorêh praja di | dadakaning kang cariyos ||
12. jêng sang prabu sakalihan narpawadu | lawan garwendra paminggir | putri dalêm kang sumambung | sadhèrèk dalêm narpati | tuwin siwi bantyèng katong ||
13. sigra laju nitih otomobil sampun | sawadyendra jalu èstri | tan darana nulya sampun | gumarêdêg samya munggwing | sajronirèng rata motor ||
14. ya ta wau Jêng Pangeran Arya Prabu | Prangwadana lawan swami | sawadya wus mêpak sagung | sigra laju samya nitih | munggwèng jroning rata motor ||
15. dupi sampun jam satêngah gangsal esuk | karsa dalêm jêng sri mulki | têdhak dhatêng sêtatsiun | ing Bandhung winarnèng ngarsi | ri saksana sampun bodhol ||
16. enggalipun para pandhèrèk sadarum | sampun sami atut wuri | umiring ing jêng sang prabu | ing marga wus tan winarni | wau ta jêng sang akatong ||
17. sampun rawuh anèng jroning sêtatsiun | sanggyanira kang umiring | samya dhêrak makidhupuh | wontên ngarsa dalêm aji | sajuru-juru gumolong ||
18. wontênipun jroning sêtatsiun Bandhung | paduka jêng sri bupati | kinurmatan ungêlipun | musik saking kang bupati | ing Bandhung kang wus winartos ||
19. mangkana wus ananira sêtatsiun |
--- 97 ---
cinêndhak kewala nuli | dupi wus jam gangsal esuk | yeka ponang rata agni | sampun prapta dumarojog ||
20. gya dumunung anèng don kang wus tinamtu | wus samêkta kapiyarsi | kumarangsang swaranipun | pasêmone kang ratagni | lir nambrama ring sang katong ||
21. rawuhipun anèng jroning sêtatsiun | sapandhèrèkira sami | samya lulusa rahayu | tuwin enggala tumuli | anitih jêng sang akatong ||
22. dening sampun wancinira rata latu | datan dangu yun lumaris | samantara jêng sang prabu | sapandhèrèkira sami | sampun nitih munggèng grêbong ||
23. tan winuwus ananing grêbong sadarum | nahên mangkya kang winarni | sawontêning sêtatsiun | ri wusnya kang samya nitih | ya ta untaping ponang wong ||
24. katonira wus tan ana sêlanipun | jalu èstri pit-pinipit | swaranira kumaruwuk | kadya rijal wanci enjing | dening sêdyaning ponang wong ||
25. arsandulu suwarnaning gustinipun | musthikaning wong sabumi | bumintara kang wus kasub | ing Surakarta praja di | tangèh lamun kacariyos ||
26. untapipun sanggyèng para janma wau | amangsuli kang ratagni | dupi wus jam gangsal esuk | langkung sèkêt gangsal mênit | duk samana kacariyos ||
27. swaranipun rata latu yèn rinungu | saya wimbuh barêbêgi | kumarangsang sarwi mêngung | loncèng wus tinatap muni | kaping tiga laju bodhol ||
28. wontênipun salêbêting grêbong sêpur | pangunjukan dalêm aji | lumados myang tinut pungkur | minuman maneka warni | wus tan kari ès parongkol ||
29. nulya laju tinungka lumadosipun | roti sêkul ingkang mawi | martega myang mawi sinung | ulam pate [pa...]
--- 98 ---
[...te] wênèh mawi | irisaning lidhah winor ||
30. lawan kèju sinarêng lumadosipun | tarcis ingkang warni-warni | makatên pangruktinipun | sajronira nèng ratagni | waradin sawadya katong ||
31. gumaludhug swarane kang rata latu | rèmnya maksih dèn kêncêngi | maksih rindhik lampahipun | dupi sampun sawatawis | sagung rèmnya wus kinêndhon ||
32. pan kumêlun wêdalira ponang kêbul | myang asêpnya ngèsès mijil | laju ponang rata latu | anggêndring tan tolih wuri | gung sumiyut lumayu por ||
33. sru ambêrung waringutên lampahipun | kadya ge-agea prapti | ing dunung kang wus tinamtu | aywa lalumangsèng wanci | praptanira anèng Bogor ||
34. tan winuwus lampahira anèng ênu | enggalira kang winarni | pan ing mangkya wancinipun | kawuryan ta sang hyang rawi | wus gumiwang amangulon ||
35. nênggih sampun wanci jam satunggal langkung | ploitira kang ratagni | munya sru sumênthit galur | pratăndha yèn kang ratagni | wus dungkap mèh praptèng ngêndon ||
36. milanipun lampahira saya mamprung | sapandurat sampun wanci | jam satunggal siyang langkung | sèkêt wolu mênit nuli | ratagni wus praptèng Bogor ||
37. kunêng wau mangkya gantya kang winuwus | dutanya sang èksêlènsi | ing paduka jêng guprênur | general ingkang wêwangi | kasub ing rat Mistêr Dhepok ||
38. kang jêjuluk Tuwan Kramswèngkêl wira nung | sudirèng prang kang palinggih | kapitin ajudanipun | paduka sang èksêlènsi | kang pinatah ing samêngko ||
39. gantung laku mêthuk ing gusti sang prabu | maring sêtatsiun nuli | wus sawega sang wira nung | myang wahana titihaning | tuwan bêsar Mistêr Dhepok ||
40. kareta gung lan [la...]
--- 99 ---
[...n] dhowêr pangiridipun | kuda Ostrali sarakit | tinut wuntat lampahipun | rata pandhèrèk sawiji | kang winastan rata motor ||
41. pan puniku minăngka pêthukanipun | Jêng Gusti Pangran Dipati | Prangwadana Arya Prabu | sadaya wus amiranti | samantara laju bodhol ||
42. tan winuwus lampahira anèng ênu | nulya wau sampun prapti | paretaning sêtatsiun | ing Bètênsorêh praja di | tan kantun kang rata motor ||
43. sang wira nung sampun mijil sing rata gung | tan darana laju manjing | sajronirèng sêtatsiun | manganti-anti rawuhing | paduka jêng sang akatong ||
44. datan dangu lampahira rata latu | titihannya jêng sang aji | sampun prapta gumaludhug | mênggah-mênggah kapiyarsi | asêpnya ngèsès tan anggop ||
45. dyan dumunung anèng don kang wus tinamtu | katon minggu datan mosik | sigra gusti jêng sang prabu | sakalihan pramèswari | wus tumêdhak saking grêbong ||
46. sanggyanipun para pandhèrèk sadarum | datan ana ingkang kari | jalu èstri katonipun | busêkan dènya lumaris | ambarubul saking grêbong ||
20. Dhandhanggula
1. kunêng ingkang winursitèng kawi | kawarnaa kang sêkar sarkara | maksih nunggil caritane | ya ta risang wira nung | kang sudira prawirèng jurit | anênggih sira Tuwan | Kramsuwèngkêl wau | duk wikan ring jêng sang nata | sakalihan gusti jêng sang pramèswari | sampun rawuh samana ||
2. gupuh-gupuh dènya malajêngi | sapangu wus marêk ngarsèng nata | mèsêm manthuk puwarane | gusti jêng sang aprabu | ugi nulya gantya nganthuki | laju tangkêpan asta | ge-binage hayu | Tuwan Kramsuwèngkêl nulya | nganthi maring gusti jêng sang pramèswari | lulus ing tindakira ||
--- 100 ---
3. karsa dalêm gusti jêng sang aji | sakalihan gusti sri dayita | manjing ing wahkamêr mangke | muhung lêrêm sapangu | tinut wuntat ing senapati | Jêng Pangran Adipatya | Sang Nararya Prabu | Prangwadana saha garwa | wus tan kantun manjing mring wahkamêr sami | samya lênggah satata ||
4. sagung para wadya jalu èstri | samya marêk wontên ngarsèng nata | dhêrak andhèr kawuryane | wus nêmbah marikêlu | lan gumolong sabilik-bilik | tan ana ngrasa sayah | malah katonipun | samya êntyarsaning driya | dening wikan saba paran lèn nagari | dhèrèk jêng sri narendra ||
5. wus mangkana sang sudirèng jurit | sira Tuwan Kramsuwèngkêl sigra | matur ing jêng sri pamase | dhuh gusti jêng sang prabu | dhawuhipun eyang ta gusti | jêng guprênur general | amba kinèn mêthuk | rawuh tuwan sri narendra | tuwin bêkta rata lan dhowêr sawiji | măngka titihan tuwan ||
6. myang sajuga rata otomobil | yeka ingkang măngka titihannya | pulunanta sri pamase | sira Sang Arya Prabu | Prangwadana ingkang wêwangi | ing mangkya samoanya | kula nuwun sampun | sami cumawis sadaya | jêng sang prabu langkung suka ngandika ris | iya kaptin prayoga ||
7. sri narendra angandika malih | lah ta kaptin ing mêngko ta ingwang | apadene sira thole | si kulup arya prabu | arsa lêrêp hotèl Bèlêpi | sun nèng up gêbo ngarsa | dene arya prabu | anèng up gêbo ing wuntat | sira Tuwan Kramsuwèngkêl turira ris | nuwun gusti sandika ||
8. samantara gusti jêng sri mulki | sakalihan jêng sri maèswara | pangran prabu lan swamine | wus jumênêng sadarum | budhal maring hotèl Bèlêpi | Tuwan Kramswèngkêl nulya |
--- 101 ---
marêk ngarsèng prabu | nganthi mring jêng sri duhita | sampun têdhak gusti kangjêng sri bupati | mangkana kacarita ||
9. sri narendra sakalihan sori | sampun nitih manjing jroning rata | Tuwan Kramsuwèngkêl age | laju manjing jronipun | ing ratendra manggèn bak ngarsi | enggaling kang carita | wus nitih sadarum | tan kantun kang wadyabala | sigra budhal urut-urutan lumaris | mangkana winursita ||
10. sagung janma kang samya ningali | bêbusêkan satêpining marga | wus tan ana ing sêlane | pan ngantya rêbut dhucung | dhêdhèncèngan jalu lan èstri | tèmbun tembak kawuryan | kalamun dinulu | kadyangganing wadyatăntra | ingkang arsa amangun ngadoni jurit | ngrabasèng satru dibya ||
11. swaranira gumrênggêng kapyarsi | wênèh ana ingkang rêrangkulan | saking dahat sukèng tyase | labêt bisa kêpêthuk | mitranira darma sajati | sawênèh janma priya | kapinujwèng kayun | wikan marang bedhangannya | wanodyendah kang dumadya woding ati | wus lama tan pêpanggya ||
12. gya pinasang ponang sambang liring | dumadakan pagut liringira | dadya sami sukèng tyase | kang priya balang anthuk | tinampenan anthuk mung ririh | myang mèncêp sawatara | reka apitambuh | labane wadon mangkana | dening maksih anyaran dènya nglakoni | murang sèdhèng dhêlikan ||
13. mêlanging tyas bok kongsi udani | mring janma kèh kang kadi mangkana | maksih mawa rikuh tyase | ananging wus kêtrucut | manjing alam musibat jati | jatine jroning driya | kêrasa kêduwung | nanging malih kadi paran | paran baya têmahane wus kajodhi | dening juru pangalap ||
14. gung kaleban têmbung arum manis | myang rinoban ing arta busana | wêdhak [wê...]
--- 102 ---
[...dhak] pupur esuk sore | kalawan puspita rum | kang winoran ing lênga wangi | kongasing gandanira | wèh brangtaning kayun | makatên ing purwanira | puwarane bisantuk bathi sathithik | mèbrèt sugih èsêman ||
15. ingkang priya dupi wus udani | pambalange anthuk tinampènan | dahat gambira solahe | kawêkèn jroning kalbu | kadi paran bisane panggih | kaliwat ewuhaya | ing darunanipun | kèh pra janma kang tumingal | rawuh dalêm gusti kangjêng sri bupati | têmahan katilapan ||
16. dadya manggung brăngta jroning kapti | karêrantan rêntênging wardaya | dening nirdeya sêdyane | mangunêng tyas wulangun | ngungun maring sira dyah adi | lah têka manggis jênar | maleca inganthuk | gèk nyang ngêndi bae baya | de tan wêlas mring janma kang nahên brangti | tiwas tan lêbda karya ||
17. karya èmêng myang onênging kapti | tinaliti têtela tan ana | wanodya kang gondrèng-gondrèng | mindêng dera wèh gandrung | kadêrênging driya tan dadi | kasidaning parasdya | mung kari ngalênthung | lumaku ambănda tangan | wirandhungan gung ketang kang mawèh brangti | tiniti wus tan ana ||
18. wus pinunggêl janma kang ningali | nulya mangkya mangsuli carita | têdhak dalêm sri pamase | ing marga tan winuwus | lampahira ratèng narpati | myang rata pandhèrèknya | tan sangsayèng laku | lulus samya rut-urutan | tan antara dangu dènira lumaris | ing mangkya sampun prapta ||
19. sapêraknya ing hotèl Bèlêpi | nahan mangkya gantya kang kinăndha | dhirèkturing ponang hotèl | Tuwan Wolêp jêjuluk | dupi wikan ring jêng sang aji | wus mèh rawuh samana | ing pasêmonipun | kawuryan sarjuning driya | dyan samêkta nampèni [na...]
--- 103 ---
[...mpèni] rawuh narpati | ya ta enggaling kata ||
20. ponang rata titihan narpati | sampun prapta ing hotèl tan taha | wus dumunung saparlune | rata pandhèrèkipun | gung tut wuntat mangkya wus prapti | dumunung sowang-sowang | ring don kang tinamtu | wau ta jêng sri narendra | sakalihan gusti jêng sang pramèswari | wus têdhak saking rata ||
21. găngsa ingkang tinata rinukti | anèng marga ing sacêlakira | ing hotèl Bèlêpi mangke | tinatap munya umyung | urmat rawuh dalêm narpati | wèh sêsêking pra janma | kang samya andulu | rawuh dalêm sri narendra | horêk samya salah tunjang rêbut ngarsi | nihan malih winarna ||
22. sira Tuwan Kramsuwèngkêl aglis | anganthi mring jêng sang maèswara | sigra tindak sri pamase | ginrubyug sanggyanipun | para wadya pandhèrèk sami | myang pangran adipatya | sira Arya Prabu | Prangwadana saha garwa | sumawana sapandhèrèkira sami | umiring sri narendra ||
23. dyan winarna dhirèktur Bèlêpi | yèku sira Tuwan Wolêp sigra | gupuh-gupuh pamêthuke | ing rawuh dalêm prabu | dupi sampun parêk sang aji | Tuwan Wolêp anulya | sung urmat umanthuk | gusti jêng sri naranata | ugi sampun sung sasmita anampèni | laju tangkêpan asta ||
24. Tuwan Wolêp nulya ngacarani | myang nambrama rawuh dalêm nata | mangkana ta ing ature | dhuh gusti jêng sang prabu | amba mangkya dahat kumawi | kumawa kumawignya | miguna ing atur | sumêngka pangawak braja | cumanthaka atur kasugêngan aji | tumêrah sadayanya ||
25. botên langkung kalamun ta gusti | amba sisip tan wrin parikrama | mugi gusti sri pamase | aparinga satuhu | samodraning kang pangaksami |
--- 104 ---
sang prabu rum ngandika | aturira iku | iya Wolêp wus sun tămpa | andadèkke sarjuning tyas trima kasih | lan ora dadi apa ||
26. balik sira apa ya basuki | Tuwan Wolêp umatur noraga | nuwun gusti sri pamase | barkah dalêm sang prabu | sakukuban kawula gusti | samya manggih raharja | tan sangsayèng kayun | yumana gung parisuka | botên sanès kang makatên wau gusti | saking pangèstu tuwan ||
27. sri narendra mèsêm sarwi ngliring | wus mangkana Kaptin Swèngkêl nulya | matur malih pamêdhare | dhuh gusti jêng sang prabu | rèhning mangkya risang maha ji | tuwin jêng sri dayita | sapandhèrèk sagung | sampun rawuh ing sasana | nênggih hotèl Bèlêpi miwah basuki | mila mangkya kawula ||
28. mugi wontên lilahnya sang aji | amba nyuwun madal ing pasilan | arsa lapu[11] sawontêne | anggèn amba ingutus | ring eyangta jêng èksêlènsi | umêthuk rawuh tuwan | duk gusti sang prabu | miyarsa atur mangkana | langkung suka lawan nulya ngandika ris | iya kaptin mundura ||
29. lan matura eyang èksêlènsi | praptaningsun ing kene sagotra | wus tan ana sangsayane | sinartan sukèng kalbu | labaningsun mêngko wus tampi | sih kadarmane eyang | lah iya ingkang wus | sira istokke rumagang | mêthuk ingsun sakamantyan trima kasih | Kaptin Suwèngkêl nulya ||
30. anoraga myang turira aris | nuwun gusti adhatêng sandika | dahat rêna sri pamase | wus mêsat sang wira nung | sing ngarsanta jêng sri bupati | gancanging kang carita | tan winarnèng ênu | ing mangkya sang sudirèng prang | sampun prapta laju manjing jroning palis | marêk jêng tuwan bêsar ||
31. myang wus matur solahnya tinuding | purwa madya praptaning wasana | wus kacakup sadayane |
--- 105 ---
kangjêng tuwan guprênur | duk miyarsa aturing dasih | cundaka di sudira | prawirèng prang pupuh | mangkana jêng tuwan bêsar | sakalangkung pirêna jroning panggalih | mèsêm manggut jêng tuwan ||
32. wus luwaran ing mangkya mangsuli | caritaning gusti jêng sri nata | wus manjing kamaring hotèl | nênggih up gêbo ngayun | ingkang sampun winarnèng ngarsi | cinêndhak sanggya para | pandhèrèk sadarum | ugi wus manjing sadaya | mring kamare priyăngga sabilik-bilik | tan ana sangsayanya ||
33. apan ngantya dumugi saratri | datan miyos basiyar sang nata | mung migati ngasokake | sarira dalêm prabu | sumarambah pandhèrèk sami | sampun ngaso sadaya | ananirèng dalu | sampun datan winursita | gya pinunggêl tan mawa rinênggèng kawi | winarna enjangira ||
34. nuju ari Soma Wage kaping | kalih Sapar maksih nunggil warsa | karsa dalêm sri pamase | nuhoni jroning kalbu | anêtêpi ubayèng galih | yun pisitê kang eyang | jêng tuwan guprênur | general ingkang misesa | saindênging bawana ing nuswa Jawi | kasub jêng tuwan bêsar ||
21. Gambuh
1. sêkar gambuh winuwus | pangagêman dalêm jêng sang prabu | abusana grut nigala cara Wlandi | akêlêm sêkudêripun | myang sabêltasnya kinaot ||
2. kulbag lan sèrêpipun | sampun datan kuciwa ing sêmu | sabêtira parapiye amantêsi | tuwin ngagêm jêng sang prabu | bintang oranyê nasao ||
3. myang bintang wastanipun | Nèdêrlansên leyo sarta sinung | sinaroja ing bintang karajan Jawi | duk ing nguni agêmipun | Sri Suryawasesa katong ||
4. rinukti wus pinatut | winor lawan bintang wastanipun | gudhên plis Hèndrêk dhê leyo pan bronsuwik |
--- 106 ---
myang bintang grutkris sumambung | bintang oranyê nasao ||
5. anulya kang winuwus | bintang ingkang măngka pungkasipun | Komandhuring Nèdêrlansên leyo murni | sadaya êmbananipun | samya kancana kinaot ||
6. kalawan samya sinung | sêsotya di kang endah linuhung | anarètès ing têpi têpung kaèksi | têngahnya mawa panunggul | sêsotya di gung mancorong ||
7. mangkana jêng sang prabu | pranajanta kawuryan dinulu | muncrat mancur ting pancorong angranuhi | kèbêkan teja ngênguwung | ngawêngi ing jêng sang katong ||
8. lir kartika kang nuju | kang katawêng ing ima sadalu | sêsorote sru sumirat maratani | saindênging bawana gung | panggêng dera sumunar byor ||
9. makatên pindhanipun | pranajanta ing gusti sang prabu | duk mangagêm sanggyèng bintang kancana di | pinatik sotya linuhung | tangèh lamun kacariyos ||
10. endahing bintang wau | kalawan ta ing rêspatinipun | saranduning sarira dalêm narpati | ya ta wau kang winuwus | winawas wosing lêlakon ||
11. wus lênggah jêng sang prabu | anèng kursi up gêbo ingayun | myang siniwèng rayi dalêm narpasiwi | tuwin siwi bantyèng prabu | ingkang sampun kacariyos ||
12. kalawan sanggyanipun | para wadyabala èstri jalu | tapsilanya tinata sabilik-bilik | tarap wontên ngarsèng prabu | amabukuh lan wotsinom ||
13. nêngna wau dupi wus | jam sadasa enjang wancinipun | ajudannya kangjêng tuwan èksêlènsi | lautan bagianipun | Tuwan Bolam wus sumaos ||
14. nampani dhawuhipun | ing paduka jêng tuwan guprênur | apan kinèn siyaga arsa tinuding | umêthuk ring jêng sang
--- 107 ---
prabu | mring hotèl Bèlêpi mêngko ||
15. kinèn wahana laju | maring rata gung titihanipun | ing paduka kangjêng tuwan èksêlènsi | dèn êblakna tendhanipun | pangiridnya turăngga ro ||
16. Ostrali tanahipun | piniliha kang sayogyèng laku | ri sampunya Tuwan Bolam anampèni | dhawuhira jêng guprênur | tur sandika sigra bodhol ||
17. ing marga tan winuwus | mung cinandhak ing rêroncènipun | Tuwan Bolam samangkya pan sampun prapti | ing hotèl Bèlêpi laju | sumiwi ring jêng sang katong ||
18. tangkêpan asta laju | kalawan wus ge-binage hayu | jêng sang prabu sung sasmita ngacarani | Tuwan Bolam mèsêm manthuk | mangèstu sasmitèng katong ||
19. rumêsêp sampun lungguh | anèng kursi marêk ring sang prabu | samantara umatur dera tinuding | ing paduka jêng guprênur | General Sang Mèstêr Dhepok ||
20. mangkana aturipun | dhuh sang prabu pisowaning ulun | pan ingutus eyangta jêng èksêlènsi | kinèn mêthuk ing sang prabu | ing mangkyamba wus mirantos ||
21. tanapi dhawuhipun | ing eyangta jêng tuwan guprênur | badhe rawuh paduka dhumatêng palis | kamantyan ingayun-ayun | kalihan sarjuning batos ||
22. wau ta jêng sang prabu | duk miyarsa sanggyèng aturipun | Tuwan Bolam kawuryan pirênèng galih | dening kapranan ing kayun | anulya rum ngandika lon ||
23. hèh Bolam sun mêngko wus | anampani aturira iku | sakamantyan kapasang yogya sajati | mungguh kadarpaning kayun | eyang guprênur maringong ||
24. kaliwat ngayun-ayun | sanadyan ta sajroning tyas ingsun | wus tan siwah lawan eyang èksêlènsi | tumulia apêpangguh |
--- 108 ---
lawan eyang karsaningong ||
25. marma Bolam karsèngsun | ing sarèhning mêngko sarirèngsun | lawan kadang sarta siwi bantyèng mami | apadene kadang ingsun | wus rumanti kari bodhol ||
26. tuwan litnan duk antuk | sabdanira ing gusti sri mulku | kang mangkana dahat êntyarsaning kapti | myang umanthuk aturipun | kaluhuran sabdèng katong ||
27. ya ta malih sang prabu | samantara angandika arum | marang Tuwan Bolam mangkana sabda ji | rêngên ta Bolam karsèngsun | lah samêngko payo bodhol ||
28. kang antuk sabdèng prabu | tur sandika trangginas umanthuk | sigra mêsat sing ngarsanta jêng sang aji | wêwarta samêktanipun | rata titihaning katong ||
29. wus samêkta sadarum | kalawan wus umarêk dumunung | nèng panggonan ingkang wus tinamtu sami | tuwan litnan wus umatur | anggènira wus rumantos ||
30. sakala jêng sang prabu | duk miyarsa maring aturipun | tuwan litnan kang mangkana pan kaèksi | dahat karênaning kalbu | ngusap wèni jêng sang katong ||
22. Sinom
1. ya ta mangkya winursita | kang umiring jêng sang aji | rayi dalêm sri narendra | anênggih sang narpasiwi | ingkang pinudyèng krami | kaswarèng rat ajêjuluk | Jêng Pangran Cakraningrat | myang siwi bantyèng narpati | ya ta Kangjêng Pangeran Arya Mataram ||
2. sampun sami abusana | sadaya cara Walandi | kang winastan grut nigala | de wadya kang ngampil-ampil | bupati mung kêkalih | kalawan kaliwonipun | cinukup muhung tiga | tanapi panèwu mantri | wus pinantês kêkalih tan pindho karya ||
3. kinomplit busananira | kulambi atelah langking | mawa topi pètcis krêsna | sampun datan nguciwani | sagung [sa...]
--- 109 ---
[...gung] wadyèng narpati | jalwèstri satirahipun | kinèn kantun sadaya | anèng pakuwon narpati | yeka hotèl Bèlêpi wigatinira ||
4. rumêksa maharjanira | sori dalêm sri bupati | kalawan putri narendra | sumawana ri sanggyaning | garwa dalêm paminggir | ingkang samya maksih kantun | nglêrêmakên sarira | wontên ing hotèl Bèlêpi | sampun sami mangèstu dhawuh sadaya ||
5. amangsuli wadyabala | ingkang badhe atut wuri | umiring jêng sri pamasa | wus pêpak sami sumiwi | kalawan sampun sami | mangrênggêpi wajibipun | pininta sowang-sowang | kadi wus tan madal sumbi | sambadaning pra wadya dalêm narendra ||
6. nahan wau winuwusa | wus sampat dera mangrukti | satataning sanggyanira | para wadyaning narpati | samana sampun wanci | jam sawêlas siyang laju | gusti jêng sri narendra | jumênêng têdhak lumaris | Tuwan Bolam gung tut wuntat jêng sri nata ||
7. sampun lulus lampahira | sanggya para kang umiring | tan têbih dera tut wuntat | ing gusti jêng sri bupati | kawuryan ngrêspatèni | pan ing mangkya enggalipun | gusti jêng sri narendra | sampun nitih kang rata di | Tuwan Bolam tan kantun dhèrèk sang nata ||
8. sampun munggwing jroning rata | nèng kering dalêm narpati | myang Jêng Pangran Cakraningrat | tan lênggana jroning galih | nulya wus manjing maring | rata titihan sang prabu | umanggèn ing bak ngarsa | saksana wadyèng narpati | sira Dyan Mas Ngabèi Sujanapura ||
9. mangrênggêp songsong narendra | winêgarkên sêblak kadi | soroting hyang bagaskara | mangkara-kara mawrêdhi | mawèh eraming kapti | prabanya sumunar mancur | mancorong gilar-gilar | dyan mas bèi sigra munggwing |
--- 110 ---
nèng goncengan nongsongi ring jêng sri nata ||
10. sagunging kang wadyabala | tan darana wus umanjing | jroning rata pandhèrèknya | wus tan ana ingkang kari | ri saksana lumaris | titihan dalêm sang prabu | satata tinut wuntat | ing rata pandhèrèk sami | rut-urutan mung samadya lampahira ||
11. nêngna wau kang carita | mangkya gantya kang winarni | para janma ingkang mulat | têdhak dalêm jêng sang aji | jalu lawan pawèstri | agung alit rêbut dhucung | tan ana sêlanira | arèntèp têpining margi | kut-sinikut bêbusêkan rêbut ngarsa ||
12. pinunggêl caritanira | para janma kang ningali | gancanging ponang carita | titihan rata narpati | sapandhèrèknya sami | sampun lêpas lampahipun | sagunging ponang rata | wus tan ana kang kaèksi | kalawan wus tan ana sangsayèng marga ||
13. nahan mangkya kacarita | ingkang wontên jroning palis | para tuwan kang sumewa | ing jêng tuwan èksêlènsi | dahat manganti-anti | ing rawuh dalêm sang prabu | Narendra Surakarta | kang ambêk tyas ngumaladi | dèrèng dangu mangkana dyan winursita ||
14. ya ta wau jêng sri nata | sampun rawuh ing samangkin | Tuwan pan dhêr Marêl sigra | gurawalan anampèni | ing rawuh dalêm aji | sapangu pan wus tumundhuk | umanthuk têtabean | wus mangkana jêng sang aji | laju kanthèn asta nulya lumaksana ||
15. sapraptane panataran | ingkang ngandhap jêng sang aji | maksih laju tindakira | praptèng kori kang kaping dwi | kinurmatan anhèi | prasamya jêjongosipun | ing kangjêng tuwan bêsar | dumunung nèng kanan kering | parabote kulambi atelah seta ||
16. tuwin sinungne sêlira | udhêng-udhêngan bêthithit | calanan sinayut wastra |
--- 111 ---
wastra congok cêkak kèksi | sinarungkên dumugi | sanginggiling dhêngkulipun | samangkya sri narendra | tindak dalêm wus dumugi | sangajênging kori palênggahanira ||
17. paduka jêng tuwan bêsar | porcèripun apan maksih | katon tinutup kewala | tindak dalêm jêng sang aji | laju kèndêl manganti | sawênganing porcèripun | puwara mangkya sira | Tuwan Brèwêr awêwangi | kang palinggih oprêstê ajudanira ||
18. paduka jêng tuwan bêsar | dupi wikan yèn sang aji | Nata di ing Surakarta | sampun rawuh praptèng palis | dahat gitaning kapti | datan taha dyan lumaku | kawuryan gurawalan | angutu tan tolih wuri | dening dènya mangèstu mring wajibira ||
19. gupuh-gupuh lampahira | wus prapta ngajênging kori | ingkang maksih porcèrira | kawuryan tinutup nuli | Tuwan Brèwêr turnya ris | wontên sajawining pintu | mangkana aturira | dhuh jêng tuwan èksêlènsi | kangjêng tuwan bêsar guprênur general ||
20. wayah dalêm sri narendra | ing Surakarta praja di | sampun rawuh kangjêng tuwan | datan dangu porcèr kèksi | arsa binuka dening | jongos kalih ingkang sampun | samêkta yun ambuka | porcèr sampun binuka glis | jêng sang prabu sampun wudhar kanthèn asta ||
21. samana jêng tuwan bêsar | sampun jumênêng kaèksi | para tuwan kang sumewa | samya nut ngadêg posisi | jêng tuwan èksêlènsi | kalawan jêng sang aprabu | prasami kawistara | langkung trusthaning panggalih | ing puwara gusti kangjêng sri narendra ||
22. maksih lulus tindakira | sapangu jêng sri bupati | sampun praptèng ngarsanira | kangjêng tuwan èksêlènsi | sung tăndha tanggap liring | samantara sampun tundhuk | anulya têtabean | salêbêting
--- 112 ---
gènnya sami | têtabean paduka jêng tuwan bêsar ||
23. mêdharakên sabdatama | nambrama mring jêng sang aji | tumanduking parikrama | linuding têmbung mêmanis | mangkana gènira ngling | wayah kula sang aprabu | punapa sarawuhnya | nèng ngriki sami basuki | tanggap sabda jêng sang prabu rum ngandika ||
24. inggih eyang pangèstunta | kula pan sami basuki | sasampating kang mangkana | kangjêng tuwan èksêlènsi | tuwin jêng sri bupati | maksih jumênêng sadarum | asarwi yun-ayunan | plênggahanta sang ayogi | kangjêng tuwan bêsar guprênur general ||
25. ing sasana kang rinêngga | sarwendah tan nguciwani | wontên madyaning suyasa | kangjêng tuwan èksêlènsi | nèng têngah sakiwaning | paduka jêng sang aprabu | nulya sampun alênggah | sumambunge kang sumiwi | ugi sampun satata lênggah sadaya ||
26. kang kaprênah keringira | ing jêng tuwan èksêlènsi | sampun pinèt pênêdira | satuhu wus amantêsi | yeka lit rad pan Indhi | sêdhêng ing bawana kasub | mumpuni sanggyanira | ing kagunan agal rêmit | Kangjêng Tuwan Idhêlir Harlop pêparap ||
27. nulya wontên kang tatanan | kursi malih nganan ngering | ambanjêng ngencong lajuran | kawuryannya tharik-tharik | manggèn radi kapering | ing ngarsanta jêng guprênur | kang manggèn sisih kanan | kangjêng tuwan kang wêwangi | pan dhêr Marêl residhèn ing Surakarta ||
28. kêkalih pangarakira | sêsêdhiyan kang nglênggahi | Kangjêng Pangran Cakraningrat | myang siwi bantyèng narpati | kang wus winarnèng ngarsi | rawis capang ngulêr jêdhung | sumêdhêng kasub ing rat | lir satriya Jodhipati | ajêjuluk Jêng Pangran Arya Mataram ||
29. kang sisih kering samana | sêsêdhiyan kang nglênggahi | sira [si...]
--- 113 ---
[...ra] wèltêr Kangjêng Tuwan | Algêmènês sèkrêtaris | pangaraknya kêkalih | anênggih ta sang wira nung | sira plat slêk komandhan | Tuwan Kildhê mistêr nuli | asistèning Residhèn Bogor pêparap ||
30. Tuwan pan His kang winarna | sawuntat tyas lênggahaning | paduka jêng tuwan bêsar | kang samya marêk sumiwi | ajudan mung kêkalih | prasamya ngadêg sadarum | sajuga sira tuwan | Kaptin Kramswèngkêl wêwangi | kang sajuga ajudan wadyèng lautan ||
31. yèku sira Tuwan Bolam | laju sira kang palinggih | nênggih oprêstê ajudan | Tuwan Brèwêr awêwangi | ngadêg nèng sisih kering | umarêk dumunungipun | satêngah-têngahira | plênggahan ta sang wirasti | Tuwan Kildhê mistêr plat sêlêk komandhan ||
32. myang satêngah-têngahira | ing kursi palênggahaning | kang wus winarna ing ngarsa | yèku sira Tuwan pan His | asistèn residhèning | jro kuthèng Bogor praja nung | sira jêng tuwan bêsar | sagotranya wau sami | amangrasuk grutni kostin baludiran ||
33. nahan mangsuli sang nata | mangkya ngandika rum malih | eyang mênggah prapta kula | ing palis ngriki migati | nuhoni jroning kapti | ngaturakên ing panuwun | katur paduka eyang | agung sri mahraja putri | Wilhèlminah nata di prajèng Nèdêrlan ||
34. kalawan katur ing eyang | anggèn kula ing samangkin | wus nanggapi sih kadarman | tăndha supêkêting kapti | myang măngka pusaraning | katrêsnan salaminipun | anênggih warni bintang | kang winastan ridêr grutkris | indhê ordhê pan oranyê nasaonya ||
35. mawi swardhên sumawana | kalangkung endahing warni | wênêsing teja mangkawa | kawangwang sru ngrêspatèni | pantês măngka tutusing |
--- 114 ---
katrêsnan salaminipun | rakêt-kumrakêt kadya | puluting widara putih | sayêktinya mawèh brangtaning wardaya ||
23. Asmaradana
1. duk jêng tuwan èksêlènsi | nanggapi sabdèng narendra | kang mangkana ing wiyose | sru karênan jroning driya | kalawan rum ngandika | dhuh wayah kula sang prabu | mênggah sagunging sabdanta ||
2. wus sami kula tampèni | botên langkung kang mangkana | lah sami-sami kemawon | dening kula mung sadarma | minăngka lêlantaran | dene benjang têmbenipun | kula arsa sung uninga ||
3. ring eyangta gung narpati | paduka jêng sri bagendha | mahraja putri wahyane | ngaturakên sanggyanira | aturing wayah kula | ingkang wus winahya wau | wus kapyarsèng jêng sri nata ||
4. mangkana jêng èksêlènsi | laju ngacarani lênggah | sampun lênggah samoane | jêng sang prabu lênggahira | wontên ing kananira | ing paduka jêng guprênur | de sagunging para tuwan ||
5. lawan risang narpasiwi | Jêng Pangeran Cakraningrat | myang siwi bantyèng pamase | Jêng Pangran Arya Mataram | samana lênggahira | sowang-sowang wus dumunung | nèng kursi winarnèng ngarsa ||
6. sang prabu ngandika malih | dhumatêng jêng tuwan bêsar | mangkana ta pamêdhare | kajawi saking punika | kula atur uninga | benjang jumênênganipun | eyang agung sri bagendha ||
7. Wilhèlminah nata dèwi | wus têtêp salawe warsa | dènnya ngasta pusarane | radya di prajèng Nèdêrlan | lulus tanpa sangsaya | dêrênging driya satuhu | kula badhe anyundaka ||
8. wêka kula kang wêwangi | Pangeran Kusumayuda | dhatêng Nèdêrlan badhene | sumiwi ing ngarsanira | eyang jêng sri bagendha | maharaja narpawadu | eyang mênggah kang mangkana ||
9. botên sanès mung migati |
--- 115 ---
ngaturakên kasugêngan | sumawana ngaturake | pisungsung warni panitran | sapala damêlannya | wadya kula kang palungguh | dumadya Bupati Kalang ||
10. ingkang kula sungi nami | Tumênggung Wrêksadiningrat | sumawana wadanane | wadya sarawèdi kula | sadhèrèk kula wrêdha | apalinggih narpasunu | Kangmas Kusumadiningrat ||
11. dene ingkang atut wuri | Pangeran Kusumayuda | ing benjang eyang badhene | wadya kula palungguhnya | bupati dhoktêr ingkang | kula sungi wastanipun | Tumênggung Wedyadiningrat ||
12. myang wadya kula palinggih | kaliwonirèng ordhênas | pulunan kula wastane | Ngabèi Sujanapura | lan benjang lampahira | ing cundaka kula wau | kula minta pitulungan ||
13. ing eyang sang èksêlènsi | kadi pundi pênêdira | kula mung nyumanggakake | sih pitulungipun eyang | ya ta jêng tuwan bêsar | duk nanggapi sabdanipun | ingkang wayah jêng sri nata ||
14. kawuryan pirênèng galih | nulya rum waluyanira | dhuh wayah kula sang katong | karsanira kang mangkana | eyangta sakamantyan | mangayubagya satuhu | myang dahat kapasang yogya ||
15. mangkana jêng èksêlènsi | nulya malih rum ngandika | ring paduka sri pamase | rawuhipun wayah kula | saking Bandhung praptanya | wontên ing Bogor sang prabu | lah punapa botên sayah ||
16. rum ngandika jêng sang aji | inggih eyang sangêt sayah | labêt dening darunane | kadangon nèng sêpur eyang | sumăngga kagaliha | anggèn kula numpak sêpur | dangunipun anèng marga ||
17. mirid wadya kula sopir | pun Isman nalikanira | anggènira nglampahake | motor kula duk samana | ri wusnya kalampahan |
--- 116 ---
bidhal kula praptanipun | sêtatsiun Bandhung eyang ||
18. pun Isman tan dangu nuli | nulak wangsul panyopirnya | motor kula dhatêng hotèl | hotèl Homan wartanira | nulya adus kewala | sasampating saking adus | datan dangu nulya dandan ||
19. rampung dènya dandan nuli | anêdha sarapanira | sarampungnya sarapane | ngrukti prabot kang binêkta | sapragating mangkana | samantara nulya laju | nglampahakên motor kula ||
20. dhatêng ing Bogor praja di | praptaning Bogor samana | rumiyin Isman dhatêngi |[12] lah samantên dangunira | anggèn kula anumpak | wontên jroning rata latu | umèsêm jêng tuwan bêsar ||
21. sang prabu ngandika malih | lènipun ingkang mangkana | kula pêrlu mêdharake | mênggah anggènipun eyang | ngwontêni tuwanggana | residhèn măngka panuntun | maharjaning Surakarta ||
22. sajuga ingkang wêwangi | Tuwan Arlop kang samangkya | winisudha palungguhe | pinantês tan pindho karya | kalawan kawignyanta | agal alus wus winêngku | dadya lid rad pan Indhia ||
23. kêkalihnya kang wêwangi | Tuwan pan dhêr Marêl eyang | kalih wau sajatose | saraosing manah kula | sami cocog sadaya | sanggya kang rinênggêp rampung | widadarja tan sangsaya ||
24. kangjêng tuwan èksêlènsi | duk myarsa sabdèng narendra | kang mangkana kawuryane | karênan jroning wardaya | myang ngliring mring sang nata | sarwi mèsêm manggut-manggut | ri sampunnya kang mangkana ||
25. antara dwi dasa mênit | jêng tuwan bêsar ngandika | dhuh wayah kula sang katong | sarèhning ta wayah kula | mangke sontên punika | badhe tindak malih wangsul | dhumatêng ing pura
--- 117 ---
kula ||
26. mila mangkya pan sayogi | wayah kula sri narendra | lajêng kondur dhatêng hotèl | jêng sang prabu tanggap sabda | puwara rum ngandika | lah inggih eyang guprênur | sayogi kadi karsanta ||
27. ya ta kangjêng èksêlènsi | sakalihan jêng sri nata | wus jumênêng sakalihe | pra tuwan ngadêg sadaya | wus sami têtabean | samyandum bage rahayu | Tuwan pan dhêr Marêl sigra ||
28. umarêk ngarsèng sang aji | kanthèn asta ananira | tan siwah lan duk rawuhe | tindak dalêm sampun prapta | doning rata narendra | gusti kangjêng sang aprabu | wus umanjing jroning rata ||
29. rayi dalêm narpasiwi | Jêng Pangeran Cakraningrat | ingkang kinarsakkên dhèrèk | nunggil titihan narendra | wus manjing jroning rata | kadi duk ing rawuhipun | wus budhal kondur sang nata ||
30. kang rata pandhèrèk sami | sampun samya atut wuntat | titihan dalêm sang katong | nêngna wau kawuwusa | para janma kang mulat | kondur dalêm jêng sang prabu | maksih rèntèp têpyèng marga ||
31. wontên janma jalu èstri | sêsomahan samya mulat | kondur dalêm sri pamase | dening duk rawuh narendra | janma wau tan miyat | datan wikan têdhakipun | ing gusti jêng sri pamasa ||
32. mila maksih amanganti | sakondur dalêm narendra | labêt kang wadon yêktine | apan dèrèng nate wikan | warna dalêm sang nata | ngucap maring lakinipun | pakne gêndhuk kaya paran ||
33. warnane gusti sang aji | musthikaning Surakarta | kok warna-warna kabare | sawênèhe ana janma | ngarani sarirendra | ajênar sumunar mancur | kadi wulan kapunarman ||
34. ana manèh kang ngarani | sarira dalêm sang nata |
--- 118 ---
sumringah bang pamulune | kêlumrahe kang ingaran | iya ambambang awak | kang mangkono pakne gêndhuk | lah ta êndi kang sanyata ||
35. lakinira sru nauri | kandhane wong kang wus wikan | warna dalêm jêng sang katong | ing praja di Surakarta | tan mêsthi ujarira | nora sok uwonga wêruh | sanadyan ta ya wêruha ||
36. nging kawruhe warni-warni | sawênèhe ana janma | ngarani jêng sri pamase | pamulu dalêm nyarkara | sawênèh ana janma | ngarani yèn jêng sang prabu | pidêksa pangadêgira ||
37. sarira ambêngle keris | ambaranyak tur sarigak | kanthèt rêspati katone | ana manèh kang wêwarah | yèn gusti jêng sang nata | asêmu jatmika ruruh | cêkakane warna-warna ||
38. pandulune para janmi | jamakira kang mangkana | sarira dalêm pamase | tan kêna dèn aranana | piniyagah kewala | ngene ngono ini itu | karana wursitanira ||
39. para jamhur jaman nguni | ratu iku nurbuwatnya | rong bagian lah jarene | lamun wiyahing sujanma | nurbuwate sajuga | siji bae dunungipun | sok durung pasthi karuwan ||
40. têgêse durung pinasthi | arang wong antuk mangkana | lamun tan mawi linakon | lawan mêsu tapa brata | ananging yèn narendra | bineda dumadinipun | lawan wiyahing sujanma ||
41. dadi ratu wus tan kêni | pinadha wiyahing janma | mangkono ta wursitane | para jamhur jaman kuna | mulane pra narendra | sinuyudan wadyanipun | praptaning kawulanira ||
42. ngidhêp ambathara sami | sumurupa wus têtela | yèn ratu iku kodrate | măngka musthikaning jagad | kalamun ta pinadha | lan wiyahing janma iku | iya padha-padhanira ||
--- 119 ---
43. nanging gèsèhe ngranuhi | ayake prêsènanira | ana samliyun kacèke | alah kăndha dene tăndha | dhèk aku isih mudha | wis tau dolan ngaluyur | nganti praptèng Surakarta ||
44. nuju Ramêlan marêngi | malsalikur samana |[13] aku mubêng sajêrone | ing praja nut ombyakira | priyayi bumi Sala | dhèk samana aku mlêbu | baluwartining kadhatyan ||
45. umume priyayi bumi | jêron bètèng karanira | gonku mubêng sêsayahe | wola-wali têmu gêlang | duk iku ananira | janma mubêng nganti pênuh | lanang wadon yêl-uyêlan ||
46. tontonan maneka warni | ana ting ingkang saèstha | kaji muji kawuryane | monthak- manthuk andêdonga | lan ana ting pinindha | pabrik bagus wêktu mau | wonge ingkang nambut karya ||
47. ginatra golekan cilik | pukirane lir Walănda | mobah kabèh gêgolèke | wênèh ana kang sarupa | anyrêmpêng nambut karya | mêmaloni ting karanthuk | nganggo graji kayu barang ||
48. mobahe saka piranti | ing jinăntra lakunira | sinêntor ilining kang we | ana manèh ting pinindha | para janma tayuban | sajak gobyog katonipun | nganggo gamêlan têmênan ||
49. lan gêndhinge solan-salin | boyong banjur pangkur barang | anganyut-anyut rarase | sawusira kang mangkana | anulya gêndhingira | ginanti kinanthi sandhung | mangkya gantya sêkarira ||
1 | slomprète. (kembali) |
2 | ganjaran. (kembali) |
3 | andiwangkara. (kembali) |
4 | Kurang satu suku kata: wus mangkana jêng sang katong. (kembali) |
5 | Kurang satu suku kata: mawèh gambiraning driya. (kembali) |
6 | nênggih. (kembali) |
7 | wus. (kembali) |
8 | nirmala. (kembali) |
9 | gung. (kembali) |
10 | grutkrèis. (kembali) |
11 | lapur. (kembali) |
12 | Asli perlu diperiksa kembali: biasanya guru lagu e(o). (kembali) |
13 | Kurang satu suku kata: malêm salikur samana. (kembali) |