Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 39–52)

Judul
Sambungan
1. Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 01–11). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
2. Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 12–23). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
3. Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 24–38). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
4. Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 39–52). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
5. Sri Papara, Purbadipura, 1928, #469 (Pupuh 53–66). Kategori: Arsip dan Sejarah > Kasunanan.
Citra
Terakhir diubah: 05-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

39. Sinom

1. tindak dalêm jêng sri nata | sakalihan pramèswari | kanthèn asta wus tan siwah | lan duk rawuhirèng nguni | ya ta wau winarni | gusti kangjêng sang aprabu | myang gusti pramèswara | sampun lênggah dhahar sami | Kangjêng Tuwan Idhêlhir Harlop sanyonyah ||

2. ugi samya dhèrèk dhahar | ing gusti jêng sri bupati | rêroncèning pasugatan | datan [da...]

--- 181 ---

[...tan] winursitèng tulis | cinêndhak gènnya sami | abojana sampun nutug | tan ana sangsayanya | tan antara dangu nuli | sabibaring dhahar jumênêng sadaya ||

3. jêng tuwan idhêlhir sigra | nganthi ring sri juwita ji | gusti kangjêng sri narendra | kinanthi nyonyah idhêlhir | tindak dalêm sang aji | mlampah-mlampah nèng jronipun | suyasa samantara | midêr- midêr saidêring | suyasa di ngantya praptèng têmu gêlang ||

4. ri sampunnya kang mangkana | gya lênggah kursi prasami | tan pae lan duk têdhaknya | sapangu gusti sang aji | wawan sabda rum maring | jêng tuwan idhêlhir namung | sêsambèn gêgujêngan | sawontênnya sawatawis | samya dahat karênan jroning wardaya ||

5. dènya samya mangun suka | wus nêlas myang wus dumugi | gènira măngka onêngan | datan dangu jêng sri mulki | angandika rum malih | maring sira sang kasumbung | idhêlhir kangjêng tuwan | saudara rèh samangkin | wus pêpanggih lawan samya karaharjan ||

6. sinartan wus sawatara | marmèngsun sadaya sami | arsa nulak bêbudhalan | wangsul mring hotèl Bèlêpi | botên langkung prasami | kantuna lulus rahayu | dupi wau jêng tuwan | ananggapi sabdèng aji | anoraga asarwi rum aturira ||

7. kula nuwun dhuh sang nata | sabdanta mangkana yêkti | dahat ing panuwun kula | myang ulun sasemah sami | sung pudya mantrastuti | ing paduka jêng sang prabu | tuwin jêng sri dayita | tumrah para ri sanggyaning | wrahatbala jalu tanapi wanita ||

8. mugi-mugi linulusna | karaharjanira sami | winantu sukaning driya | nir sambekalèng sakalir | sang prabu duk miyarsi | atur mangkana satuhu | dahat sukaning driya | myang ngandika trima kasih | gya tabean waradin agantya-gantya ||

9. wus mangkana

--- 182 ---

kacarita | tindak dalêm jêng sri mulki | tan pae lan duk rawuhnya | enggalira jêng sang aji | wus nitih otomobil | sawadya wus datan kantun | samana sanggyanira | yeka ingkang otomobil | katon gêtêr anggêrêng sora swaranya ||

10. datan dangu gya lumampah | kawistara maksih rindhik | tinut wuntat sanggyanira | ing oto pandhèrèk sami | dupi wus sawatawis | saonjotan lampahipun | sumêbut sêsandêran | tuwin mawa dèn jajari | ing pit motor pijèn pan muhung sajuga ||

11. kang sasisih sinungan bak | dumunungnya anèng kering | gung ginandhèng datan ginggang | tinumpakan prawira di | kêkalih ingkang munggwing | ing bak wau wastanipun | palungguhirèng wira | pan Walandi komasaris | myang Walandi pèl polisi wastanira ||

12. lawan malih kang sajuga | nênggih samya pèl polisi | wira nung jawi walaka | panumpakira anèng pit | sadaya wau sami | kawuryan samya mangèstu | rumêksa jagaruna | sajronira ngrênggêp kardi | kinalisna sagunga kang sambekala ||

13. winarna ananing marga | sajronira otomobil | lampahira sêsandêran | ing dirgantara kapyarsi | kumarusuk tan sipi | yeka tumêrahing kang truh | dahat drêsing warsaya | têmah kang para wira di | ingkang munggwing ing pit motor katonira ||

14. kalocut sranduning angga | labêtnya katêmpuh dening | tumêrahing kang warsaya | nanging tan rinasèng kapti | yêkti samya kaèksi | dahat gambiraning kalbu | gumrêgut solahira | labanira jroning kapti | amituhu ing ayahanirèng praja ||

15. nahan gantya kang winarna | para garwendra paminggir | tuwin sagung wadyabala | kang kinèn [kinè...]

--- 183 ---

[...n] bojana sami | nèng hotèl Konêng sêplin | duk samana ananipun | dènira abojana | wus sampat sadaya sami | mung cinêndhak enggaling ponang carita ||

16. wus nitih oto sadaya | dyan samêkta anèng jroning | èrêping hotèl samoa | mangantyèng kondur narpati | sapangu wus kaèksi | titihan dalêm sang prabu | lampahe sêsandêran | dupi prapta sangajênging | konêng sêplin lampahira kawistara ||

17. sinayut aris kewala | nulya kèndêl sawatawis | nanging gusti jêng sang nata | datan tumêdhak pan maksih | munggwing wontên sajroning | rata titihan sang prabu | asarwi rum ngandika | nimbali wadya kêkasih | sira Radyan Ngabèi Atmasuwida ||

18. mangkana sabdèng narendra | Atmasuwida sirèki | payo ge sira manjinga | mring konêng sêplin dèn aglis | ingsun tukokna nuli | konyak kèhe têlung gêndul | kalawan pilihêna | ingkang enak nomêr siji | yèn wus antuk banjur nuli paringêna ||

19. marang komasaris ika | sakancanira polisi | binagia kang warata | rampakkên dènirambagi | siji-sijining janmi | paringana anyagêndul | kang antuk sabdèng nata | tur sandika myang wotsari | dyan umêsat sing ngarsa dalêm sri nata ||

20. mangèstu dhawuh narendra | cinêndhak kewala nuli | konyak sampun tinanggapan | myang sampun dinum waradin | samana komasaris | sakancanira sadarum | prasamya sêsarêngan | matur sora saurpaksi | dahat nuwun pinundhi kalingga murda ||

21. myang sampun ingombe samya | anyadhasar gya kaèksi | ambaranang mukanira | rumasantuk usada di | ingkang umijil saking | kadarman [kadar...]

--- 184 ---

[...man] dalêm sang prabu | puwara ing samangkya | ponang saranduning dhiri | tan katisên prêbêng-prêbêng raosira ||

22. ri sampunnya kang mangkana | titihan dalêm rata di | dyan sumêbut lampahira | kêbut sawadya tan kari | pit motorira maksih | anjajari mugwing[1] ngayun | wus datan sêmang-sêmang | lampahe lulus anggêndring | waringutên sumiyut tan tolih wuntat ||

23. sangsaya drêsing warsaya | sinrang păncawăra tarik | sumawur sumyaring warsa | mawèh limênganing margi | ananging komasaris | dalah pèl polisinipun | tan ketang pringgabaya | malah latah-latah sami | samya suka parisuka urut marga ||

24. nêngna malih kacarita | lampahe ponang rata di | titihan dalêm narendra | andêdêr madyaning margi | sumiyut ngilat thathit | sapandurat tan kadulu | gancanging kang carita | ing mangkya jêng sri bupati | sampun rawuh ing Bèlêpi saha bala ||

40. Kinanthi

1. kanthi êntyarsaning kayun | kawuryan kangjêng sang aji | sakalihan pramèswara | dènya sampun kondur saking | pisitê ring Kangjêng Tuwan | Idhêlhir Harlop wêwangi ||

2. tuwin mring panti musiyum | myang toko kang dèn wastani | Ondêrling Hèlêp samana | sapandhèrèkira sami | winantu ing karaharjan | lawan sukaning panggalih ||

3. mangkana kangjêng sang prabu | sakalihan pramèswari | wus tumêdhak saking rata | tindak dalêm jêng sang aji | nganthi mring jêng sri dayita | yun manjing hotèl Bèlêpi ||

4. ginarubyug sanggyanipun | ing garwa dalêm paminggir | tuwin para wadyabala | myang parêkan para cèthi | gumarêdêg lampahira | rarase sru ngrêspatèni ||

5. ya ta mangkya enggalipun | tindak dalêm jêng sang aji | wus umanjing

--- 185 ---

sajronira | ing kamar hotèl Bèlêpi | sagunging kang wadyabala | lan parêkan para cèthi ||

6. sowang-sowang lampahipun | ugi wus samya umanjing | jroning kamar têngganira | dumunung sabilik-bilik | wus lêrêm samoanira | anane wus tan winarni ||

7. kunêng mangkya kang sumambung | sontênira amarêngi | gumiwanging hyang aruna | sumilêm mring jalanidhi | ri sêdhêngnya kang mangkana | sumalading pandam sami ||

8. loji-loji lurung-lurung | kawuryan byor maratani | datan ninang lir raina | ing ngawiyat kawuryan sri | kênyaring kartika sumyar | sumirat ngumala wêning ||

9. sumêrang sumiliripun | samirana amangidit | ngirid gandaning puspita | marbuk aruming sêsari | mawèh rêsêping wardaya | yayah nèng jroning pura di ||

10. wus pinunggêl kang raras rum | nahan mangkya amangsuli | ingkang wus winarnèng ngarsa | anênggih jêng sri bupati | sakalihan pramèswara | arsa plêsir angidêri ||

11. sajronirèng kitha têpung | têmu gêlang mung migati | ngenggar-enggaring wardaya | kawarnaa jêng sang aji | mangrasuk lugas kewala | abusana cara Jawi ||

12. sêsawitan latar pingul | cêplok dhêmpêl ngrêspatèni | kalawan ngagêm rasukan | jas atelah ingkang warni | kalawu mêlês kawuryan | yêkti wus tan pindho kardi ||

13. dene sori dalêm prabu | abusana dèn wastani | muhung padinan kewala | ukêl kondhe sang suputri | tuwin mawi sinayutan | susuk ukêl kancana di ||

14. pinatik sotya linuhung | amangapit nganan ngering | narètès traping sêsotya | pêpasêkan tan ngowani | ing têngah mawi sinungan | panunggul mirah rêspati ||

15. sumirat mancorong mancur | ting pancurat ngilat thathit |

--- 186 ---

yèku prabaning sêsotya | sru sumawur maratani | ingukêlnya sri dayita | lir kartika asêsiring ||

16. tuwin ngagêm sang sri wadu | nyamping ingkang dèn wastani | garis miring latar seta | sêsêratan udan riris | rasukan kêbayak cêkak | sutra di ngangrangan wilis ||

17. ing ngarsa sarwi sinayut | tinutupan ing paniti | sêsotya di nawa rêtna | ingêmbanan kancana di | sinalaga karawangan | pindha kudhuping sêsari ||

18. rinukti jinajar têlu | mangandhap traping paniti | amalipis rêrentengan | kumênyaring sêsotya di | winoring ujwalanira | êmbanan ta kancana di ||

19. rêbut sorot katonipun | anggung dènya silih ungkih | datan ana kang kasoran | yèn rinaras-raras kadi | ingkang taranggana sumyar | ujwalaning sêsotya di ||

20. maksih tangèh yèn winuwus | busananta sang suputri | wus pinunggêl enggalira | kang para pandhèrèk sami | sampun samêkta sadaya | nèng ngarsa dalêm sang aji ||

21. ngèstu pada amabukuh | siyaga dera sang aji | karsa dalêm arsa têdhak | midêr-midêr angidêri | saidêrirèng jro kitha | wus mangkana dyan winarni ||

22. titihan dalêm sang prabu | swandana di otomobil | Kiyai Rara Kumênyar | myang sagung rata pangiring | ugi wus sami siyaga | anèng don sabilik-bilik ||

23. yeka ingkang wus tinamtu | titihan dalêm narpati | dumunung nèng bale rata | ngajênging hotèl Bèlêpi | sagung rata pangiringnya | nèng wuri ragi kapering ||

24. ri saksana kang winuwus | dupi wus samêkta sami | sigra têdhak sri narendra | sakalihan pramèswari | kanthèn asta tindakira | sumambunge kang umiring ||

25. garwendra [garwe...]

--- 187 ---

[...ndra] paminggir sagung | gung tut wuntat ring sang aji | ginarubyug sanggyanira | kang para pandhèrèk sami | gung alit jalu wanita | katonira ngrêspatèni ||

26. mangkya gusti jêng sang prabu | sakalihan pramèswari | sampun nitih suwandana | kang para pandhèrèk sami | ugi wus samya wahana | manjing jroning otomobil ||

27. samantara nulya laju | titihan dalêm narpati | tan darana wus lumampah | sapandhèrèk datan kari | ing ênu wus tan winarna | cinêndhak mangkya sang aji ||

28. dènya amêng-amêng sampun | têmu gêlang angidêri | saidêrirèng jro kitha | karsa dalêm jêng sang aji | gya dhawuh kondur kewala | dhumatêng hotèl Bèlêpi ||

29. gêgancangan lampahipun | sagunging kang otomobil | sampun lêpas tan kawuryan | samantara sampun prapti | pakuwon dalêm narendra | nênggih ing hotèl Bèlêpi ||

30. mangkana ta jêng sang prabu | sakalihan pramèswari | wus tumêdhak saking rata | ingayap kang para cèthi | myang sagunging wadyabala | datan dangu wus umanjing ||

31. dhumatêng ing sajronipun | kamaring hotèl Bèlêpi | rêroncène tan winarna | sadaya wus lêrêm sami | saratri tanpa sangsaya | widada ayu arjanti ||

41. Dhandhanggula

1. dyan winarna kang sêkar artati | ya ta rinya Wrahaspati enjang | kaping pănca lèka lèke | Sapar ingkang lumaku | ing Jimawal sangkalèng warsi | mung pinèt gampilira | mantri tatanipun | mangèsthi jêng sri narendra |[2][3] karsa dalêm sakalihan pramèswari | yun têdhak umbul Comal ||

2. tuwin têdhak dhatêng batu tulis | mangkya ingkang winursitèng basa | gusti kangjêng sri pamase | mangrasuk busana nung | sinangkaya ing cara Jawi | sawitan latar

--- 188 ---

krêsna | sêsêratanipun | winastan rêngga puspita | tumapaking ponang canthing angarawit | awig pakirtyanira ||

3. pukiraning têtembokan kèksi | lir puspita malathi sumêbar | ting parêlik kawuryane | warata soganipun | kandêl tipisira pan sami | maya-maya sumringah | ing babaranipun | kalawan wêdêlanira | cêmêng mêlês dumêling kadya minangsi | anggalès katonira ||

4. myang mangagêm paningsêt sang aji | dhêdhasarnya sutra kuning maya | sinayuting ponang èpèk | baludru krêsna mungguh | sinulam ing bênang sutra di | pinindha sêsêkaran | argulo myang mênur | wênèh ana katonira | sampun mudhar sing salaga rêkta putih | sawênèhira ana ||

5. maksih kudhup warnaning sêsari | pan piningit salaganing patra | patrapnya mingis pucuke | ting prêlok yèn dinulu | sumawana pating parêlik | kawuryan mănca warna | rêkta wilis pingul | jambon kuning maya-maya | pan cinathok cathokan cangkoking simping | ingêmbanan kancana ||

6. lan pinatik ing nawa rêtna di | lir uliran maju pat trapira | myang têngah rapêt pasange | pinindha lunging gadhung | ting talolèr ponang cêcawi | tumeja amangkawa | kawangwang umancur | mancoronging ujwalanta | wus tan pae lan kartika kang sêsiring | myang ngagêm jas atelah ||

7. bêbadhenan sing ruslenah putih | tuwin ngagêm kang minăngka tăndha | bêbintang kasenapatèn | sinotya mas umancur | mancurating ujwala kadi | prabaning hyang aruna | tan kalingan mêndhung | nèng pranaja dalêm nata | gung mangkara anyunari bawana tri | makatên pindhanira ||

8. ri sêdhêngnya sumambunging tulis | muhung amèt gancanging carita | ya ta wau sri pamase |

--- 189 ---

myang gusti jêng sri wadu | sampun sampat dènira sami | busana duk samana | sapandhèrèk sagung | ugi wus sami samêkta | ngabyantara anèng ngarsa dalêm aji | mabukuh ngèstu pada ||

9. samantara ponang otomobil | swandana di titihan narendra | wus marêk ngajênging hotèl | kalawan sanggyanipun | oto ingkang măngka pangiring | ugi wus asiyaga | myang dumunungipun | wus ingangkah sayogyanta | tarap wontên ing natar ragi kapering | mangkana kacarita ||

10. sri paduka gusti jêng sang aji | sakalihan jêng sang pramèswara | sampun têdhak ing samangke | tindak dalêm sang prabu | anganthi mring jêng pramèswari | ingayap sanggyanira | kang para raras rum | garwa paminggir narendra | putri dalêm lan rayindra narpasiwi | myang siwi bantyèng nata ||

11. sumawana para brêtyapati | agung alit jalu lan wanita | tan pae lan kamulane | ingkang sampun winuwus | anênggih duk jêng sri bupati | têdhak mring Batawiah | sawadya sawêgung | ya ta wau sri narendra | sakalihan gusti jêng sang pramèswari | wus nitih rata dibya ||

12. samangkana yèku kang rata di | sigra laju lumampah kewala | sagung kang rata pandhèrèk | ugi sampun lumaku | gung tut wuntat ratèng narpati | sapangu lampahira | sangsaya sumêbut | gancangan tan tolih wuntat | sampun datan winarna ananing margi | wus lêpas lampahira ||

13. datan dangu kang sinêdyèng galih | yeka umbul Comal wus kawuryan | anggarêmbêl kêkayone | lampahing rata laju | sinayutan ing sawatawis | nulya lon lampahira | lawan uluk-uluk | tutêr klatsonira munya | bêbarungan kapiyarsa amêlingi | nahan gantya winarna ||

--- 190 ---

14. para janma kang samya pêpanti | têpis wiringira umbul Comal | dupi ngrêngên suwarane | tutêr klatson sru umyung | bêbarungan dahat mêlingi | jalu lawan wanita | gung alit sadarum | samya gupuh gurawalan | wus anyipta yèn gusti jêng sri bupati | èstu arsa tumêdhak ||

15. dhatêng umbul Comal kang kawarti | marma para sanggyaning sujanma | kang pêrak têpis wiringe | ing umbul Comal wau | ting balêbêr gumêdêr sami | sami gêndra dadakan | wênèh ngalor ngidul | tambuh-tambuh sêdyanira | paran ingkang rinênggêp têmah grègèli | mangkana ananira ||

16. ingkang samya ngliwêt tilar kêndhil | ingkang samya adang tilar dandang | kang nusoni atmajane | nilar pasusonipun | ingkang lagya adus prasami | agupuh têtapihan | mung anggêr kacakup | kacêkaping parlunira | wus tan mawi ngupasanta anjêkining | kasêlak tan sarănta ||

17. kaconthalan dènira lumaris | dening dènya katêmbèning driya | yun tumingal sri pamase | rèntèp nèng têpinipun | ing marga gung jalu lan èstri | prasamya bêbusêkan | mèt rêbut ing ngayun | gumrênggêng swaraning janma | pindha kumbang kambu yun mangisêp sari | ri sampunnya mangkana ||

18. ri saksana titihan narpati | datan dangu anênggih wus prapta | ing umbul Comal samangke | rata pandhèrèk sagung | wus tan kari samya tut wuri | titihan dalêm nata | ya ta jêng sang prabu | sakalihan pramèswara | wus tumêdhak saking rata gya lumaris | aris tindak narendra ||

19. ginarubyug pra pandhèrèk sami | bayak-bayak ing kawuryanira | wus tumamèng sri pamase | dhumatêng sajronipun | capurining umbul kawarti | gusti jêng sri narendra | myang sri narawadu | midêr-midêr [midêr-...]

--- 191 ---

[...midêr] tindakira | wus waradin dènira samya mriksani | nulya gusti sang nata ||

20. sakalihan ingkang pramèswari | lêrêm lênggah ing kursi satata | sagung kang para pandhèrèk | wus marêk ngarsèng prabu | datan têbih sabilik-bilik | mabukuh ngèstu pada | duk nalika wau | kawuryaning jêng sri nata | sakalihan gusti jêng sang pramèswari | dahat sarjuning driya ||

21. dupi sampun lêrêm sawatawis | karsa dalêm gusti jêng sang nata | arsa kondur ing samangke | myang laju arsa mrantun | mariksani mring batu tulis | marma nulya dhêdhawah | mêpak wadya sagung | kang samya tampi sabdendra | tur wotsêkar sandika sampun miranti | saupakartinira ||

22. wus jumênêng gusti jêng sang aji | kanthèn asta lan jêng sri duhita | cinêndhak mangkya enggale | gusti jêng sang aprabu | sakalihan jêng pramèswari | pan sampun nitih rata | sawadya tan kantun | wus samya tumamèng rata | sampun sami lumampah kang otomobil | ing ênu tan winarna ||

23. sampun lêpas dènira lumaris | datan ana sangsayaning marga | sapandurat bêbasane | ing mangkya sampun rawuh | kang winastan ing batu tulis | mangkana sri narendra | myang sri narawadu | wus tumêdhak saking rata | sagung para pandhèrèk samya umiring | tut wuntat ring sri nata ||

42. Sinom

1. wau ta jêng sri narendra | sakalihan pramèswari | tindak dalêm kanthèn asta | tinut wuntat ring sanggyaning | garwa dalêm paminggir | putri dalêm kang sumambung | rayi dalêm narendra | myang siwi bantyèng narpati | atanapi kang para cèthi parêkan ||

2. sumawana sanggyanira | para pratiwa kang sami | sampun winuwus ing ngarsa | rantap-rantap ngrêspatèni | samana jêng sang aji | satuhu kawuryanipun | dahat [da...]

--- 192 ---

[...hat] pirênèng driya | midêr-midêr angidêri | saidêrnya ing batu tulis sadaya ||

3. mangkana ta winuwusa | caritaning batu tulis | siti parêdèn kawuryan | wontên selanya sawiji | gêngira angranuhi | amênggêr munggul dinulu | sinêrat dhêdhêkokan | labêtnya tinatah sami | sastra kina kang winastan budhakala ||

4. anamung kuciwanira | dene kang mangriptèng kawi | datan wikan wardinira | sagung suraosing tulis | budhakala kang mungging | bêbadaning sela wau | labêting mudha dama | tangèh wikaning sastra di | botên langkung minta gunging pangaksama ||

5. dene wau ponang arga | sing Bètênsorêh kawarti | kalih têngah pal têbihnya | dupi wus samya dumugi | gènira mariksani | karsa dalêm jêng sang prabu | anulya adhêdhawah | arsa kondur nulak nuli | maring hotèl Bèlêpi gusti sang nata ||

6. sakalihan pramèswara | sampun nitih ing rata di | sagunging para pratiwa | jalu lan parêkan cèthi | tan ana ingkang kari | wus numpak rata sadarum | sapangu nulya sigra | sagunging kang otomobil | sru sumêbut gêgancangan lampahira ||

7. ing ênu wus tan winarna | samantara sampun prapti | hotèl Bèlêpi sadaya | wau ta jêng sri bupati | tuwin jêng pramèswari | wus tumêdhak sing jronipun | ing rata di samana | tindak dalêm jêng sang aji | kanthèn asta lan gusti jêng pramèswara ||

8. ingayap ing sanggyanira | para pandhèrèk prasami | araras sri kawuryannya | mangkana jêng sri bupati | tuwin jêng pramèswari | wus umanjing sajronipun | ing hotèl samoanya | para wadya kang umiring | wus umanjing mring tênggannya sowang-sowang ||

9. saari wus tan winarna | ananing hotèl Bèlêpi |

--- 193 ---

dupi mangkya wancinira | sampun silêming hyang rawi | ponang lampu èlêktris | ing loji myang lurung-lurung | sampun sami sumalad | padhang nrawang maratani | jroning loji myang urut madyaning marga ||

10. yèn sinawang sing mandrawa | sru kumênyar milangoni | dumipaning prabanira | sumilak nirmala wêning | kawuryan jroning loji | sumawana lurung-lurung | satuhu wus tan siwah | lawan raina sayêkti | ya ta mangkya enggaling ponang carita ||

11. karsa dalêm jêng sri nata | sakalihan pramèswari | pan ing mangkya arsa têdhak | pisitê ring sang palinggih | anênggih dhirèkturing | lanbao tanêm tumuwuh | iyeka Kangjêng Tuwan | Sibingah Muldhêr wêwangi | winursita pangagêman dalêm nata ||

12. cara Walandi wastanya | Halêp Keledhên yas langking | clana klawu ngagêm bintang | oranyê nasao tuwin | Nèdêrlansên leyo di | kalawan komandhuripun | Nèdêrlansên leyonya | tanapi bintang grutkrèis | ing oranyê nasao samoanira ||

13. ingêmbanan kancanarda | pinatiking sêsotya di | gumêbyar kadi baskara | mangkara-kara mawrêdhi | sumirat ngrêspatèni | maksih tangèh yèn winuwus | endahing sri narendra | gènnya ngrasuk busana di | dyan winarna dupi sampun wancinira ||

14. sontên nuju tabuh astha | gusti jêng sri narapati | sakalihan pramèswara | sampun sampat dènya sami | mangrasuk busana di | tan darana gya dhêdhawuh | samêktaning wadyendra | kang samya kinèn umiring | sampun sami siyaga kang wadyabala ||

15. sangkêp kapraboning lampah | sang prabu myang pramèswari | sampun têdhak nitih rata | swandana di otomobil | ingkang sampun cumawis | nèng paretan ngajêngipun |

--- 194 ---

ing hotèl duk samana | titihan dalêm narpati | kang ingagêm Kiyai Rara Kumênyar ||

16. sampun budhal lampahira | wau titihan narpati | tinut wuntat sanggyanira | ing oto pandhèrèk sami | kêbut tan ana kang kari |[4] sampun lêpas lampahipun | ing ênu tan winarna | nahan gantya kang winarni | ananira jroning loji pantinira ||

17. kaswarèng rat Kangjêng Tuwan | Sibingah Muldhêr wêwangi | rinêngga sagunging sêkar | kang dahat endahing warni | mawarna mănca warni | binokèt-bokèt linuhung | myang wontên kang agêngnya | satampah-tampah kaèksi | ting parêlok marbuk arum gandanira ||

18. yèn rinaras-rarasira | kang mangkana yayah kadi | jroning alam palemunan | suwarnaning kadhaton jim | kang kasub angratoni | pêri pêrayangan mungguh | tembok- tembok sadaya | sinungan puspita sami | pan mangkana pangrênggane tan kuciwa ||

19. labêt saking anggènira | arsa karawuhan aji | Narendra di Surakarta | kang ambêk tyas ngumaladi | marma tuwan dhirèktir | angêtog ri sanggyanipun | pasrèning lojinira | sawarnaning puspita di | pan minăngka pahargyan rawuh narendra ||

20. wus pinunggêl ananira | rêrênggan sajroning loji | laju mangkya kawuwusa | Sibingah Muldhêr Dhirèktir | sanyonyahira sami | kawistaranirèng sêmu | mangayun-ayun dahat | ing rawuh dalêm sang aji | tan antara dangu mangkya kapiyarsa ||

21. aloking para sujanma | ingkang samya aningali | lamun titihan narendra | sampun kawuryan lumaris | lampuning otomobil | sumalad byor katonipun | myang tutêr klatsonira | samya munya amêlingi | bêbarungan datan ana mêndhanira ||

--- 195 ---

22. duk samana Kangjêng Tuwan | Sibingah Muldhêr lan swami | dupi samya amiyarsa | tăndha cihnanta kang yêkti | tutêr klatson mêlingi | prasamya gitaning kalbu | puwara sakalihnya | prasamya ngadêg posisi | nèng ngandhaping taritis mêthuk sang nata ||

23. rata titihan narendra | datan dangu wus umanjing | jro èrêping lojinira | tuwan dhirèktur kawarti | ya ta kang otomobil | dumarojog wus dumunung | madyaning bale rata | sangajêngira ing loji | jêng sang prabu sakalihan pramèswara ||

24. wus tumêdhak saking rata | tinampèn tuwan dhirèktir | kalawan sanyonyahira | têtangkêpan asta sami | tumrêcêp wus waradin | nulya sang sri narpawadu | kinanthi Kangjêng Tuwan | Sibingah Muldhêr kariyin | Nyonyah Muldhêr gya nganthi mring jêng sri nata ||

25. bayak -bayak tindakira | kang para pandhèrèk sami | umiring samya tut wuntat | tindak dalêm jêng sri mulki | wau ta jêng sang aji | sakalihan narpawadu | wus manjing ing jronira | lojinya tuwan dhirèktir | kalawan wus samya ingaturan lênggah ||

26. gusti kangjêng sri narendra | sakalihan pramèswari | wus lênggah kursi sadaya | myang sagunging brêtyapati | jalu lawan pawèstri | wus samya nêmbah mabukuh | sumiwi ngarsèng nata | ginatra sabilik-bilik | wus mangkana tuwan dhirèktur nambrama ||

27. kula nuwun sri narendra | sakalihan pramèswari | kawula kalihan semah | ngaturkên maharjèng aji | sang prabu rênèng galih | asarwi ngandika arum | lah inggih saudara | sakamantyan trima kasih | saudara punapa sami raharja ||

28. Tuwan Muldhêr aturira | kula nuwun dhuh sang aji | saking pangèstu paduka | kawula sasemah [sase...]

--- 196 ---

[...mah] sami | samya lulus basuki | tan wontên sangsayanipun | sang prabu duk miyarsa | aturnya tuwan dhirèktir | kang mangkana dahat pirênaning driya ||

29. sêsampating pangandikan | bage-binage basuki | tan antara dangunira | sêsêgah nulya lumadi | minuman warni-warni | toya Wlandi tuwin limun | kalawan ès putêran | srutu sigarèt tan kari | wus waradin sampun sami rinêsêpan ||

30. dupi sampun sawatara | dènira jêng sri bupati | onêng tuwin ingonêngan | lan sira tuwan dhirèktir | anulya ngandika ris | dhumatêng tuwan dhirèktur | dhuh babo saudara | rèhning ta wus sawatawis | anggèn kula panggihan lan saudara ||

31. kula arsa wangsul nulak | dhatêng ing hotèl Bèlêpi | sami kantuna raharja | andhêku tuwan dhirèktir | kalawan turira ris | nuwun inggih jêng sang prabu | kawula tuwin semah | sangêt panuwuning kapti | tuwan dahat suka bingahing wardaya ||

32. anggèn paduka sang nata | sakalihan pramèswari | anênggih ratri punika | tumêdhak rawuh mariki | amila jêng sang aji | botên langkung mangkya ulun | kalihan semah samya | andhèrèkakên basuki | sapandhèrèk winantua sukarêna ||

33. jêng sang prabu duk miyarsa | aturing tuwan dhirèktir | kang mangkana kawistara | dahat pirênaning galih | puwara ngandika ris | dhuh saudara dhirèktur | sagunging pamudyanta | lah sampun kula tampèni | sakamantyan trima kasih saudara ||

34. wus mangkana sri narendra | adhêdhawuh mring wadya ji | pan kinèn mêpak samêkta | kondur dalêm jêng sang aji | wadyabala gung alit | pawèstri kalawan jalu | sampun sami samêkta | rata titihan narpati | wus siyaga nèng

--- 197 ---

madyaning bale rata ||

43. Pangkur

1. gantya pangkur paripurna | kawarnaa wau jêng sri bupati | myang gusti sri narawadu | wus samya nitih rata | sanggya para pandhèrèk èstri lan jalu | wus mungging rata sadaya | titihan dalêm narpati ||

2. sigra laju lumaksana | tinut wuntat sagung rata pangiring | tri gumuruh swaranipun | lir tumrahing warsaya | ingkang dahat tinêmpuhing ponang lesus | gora rèh bajra prakêmpa | sumêrang kang angin-angin ||

3. umêsês samarga-marga | lêbu-lêbu kombul katiyup ngangin | pêtêng dhêdhêt lir pinusus | binarung swaranira | tutêr klatson datan ana mêndhanipun | pindha cumêngèring kidang | myang kadya panggrênging èsthi ||

4. sêsandêran lampahira | lulus datan ana sandeyèng margi | ing marga wus tan winuwus | wus lêpas lampahira | dupi sampun sawatara dangunipun | lampahing rata narendra | myang rata pandhèrèk sami ||

5. ing samangkya sampun prapta | jroning èrêpira hotèl Bèlêpi | titihan dalêm sang prabu | lon-alonan lampahnya | sampun prapta ngajênging hotèl dumunung | samadyanirèng paretan | kang rata pandhèrèk sami ||

6. nèng natar dumunungira | pan sajuru- juru ragi kapering | kang para pandhèrèk sagung | wus tumurun sing rata | dyan marêki titihan dalêm sang prabu | jêng sang nata saha garwa | wus tumêdhak sing rata di ||

7. tindak dalêm sri narendra | kanthèn asta lawan jêng pramèswari | ginarêbêg sanggyanipun | para kang wadyabala | agung alit jalu èstri gumarudug | ginatra sapangkat-pangkat | bayak-bayak ngrêspatèni ||

8. ya ta gusti sri narendra | sakalihan gusti jêng pramèswari | wus umanjing sajronipun |

--- 198 ---

kamaring hotèl samya | sumawana para pandhèrèk sadarum | ugi wus manjing jronira | têngganya sabilik-bilik ||

9. wus lêrêm sadayanira | apan ngantya dumugi ing saratri | tan ana sangsayanipun | widada sukarêna | rêroncène wus datan mawa winuwus | pinunggêl kanang carita | mangkya gantya kang winarni ||

10. ing arinya Sukra enjang | nuju tanggal kaping nêm sitarêsmi | awaling Sapar lumaku | maksih warsa Jimawal | pan cinăndra sangkala angkaning taun | mantri tata ngèsthi arja |[5][6] amarêngi jam nêm enjing ||

11. karsa dalêm sri narendra | arsa pindhah nglèrèg mring Sukabumi | mênggah Sukabumi wau | kawarti têbihira | apan saking ing Bètênsorêh praja gung | nênggih kawan dasa êpal | inggilira sing jaladri ||

12. wus ingukur duk samana | sèwu sangang atus sadasa kaki | nêngna wau dyan winuwus | busana dalêm nata | amangrasuk cara Jawi kang linuhung | sêsawitan latar seta | sêsêratan udan riris ||

13. paningsêt cindhe puspita | dhêdhasarnya wilis maya kaèksi | lung-êlungan corakipun | pinindha sêsêkaran | rêkta kuning seta lawan dadu wungu | angrawit muyêg kawuryan | ting parêlok ngrêspatèni ||

14. sinayuting èpèk dibya | bludru sutra wungu noja dumêling | sêsimping cathokanipun | ingêmbanan kancana | pinatiking sêsotya endah linuhung | mungging madyaning cathokan | myang narètès urut têpi ||

15. dêringing ponang sêsotya | pan winangun winastan ginosok mis | adu pojok adu pucuk | pinatar pêpingulan | mahanani ujwalaning sêsotya nung | sumunu pating pancurat | lir kartika kang sêsiring ||

16. ri sampuning [sampu...]

--- 199 ---

[...ning] kang mangkana | sumambunge mangkya ingkang winarni | mangrasuk jêng sang aprabu | êjas atelah seta | bêbadhenan pan saking kasmir linuhung | kawuryannya seta mêmplak | kadi kapuk dèn wusoni ||

17. tuwin ngagêm jêng sang nata | bintang Nèdêrlansên leyo tanapi | Pranês Yosèp miwah linut | grutkris mikaèl lawan | bintang sela sangsangan mirah linuhung | ngarompol endahing warna | nèng pranaja dalêm aji ||

18. tinon saking ing mandrawa | kawawanging[7] pranaja dalêm aji | apindha baskara murub | marab- marab mangkara | sru gumêbyar kadi wanarga tinunu | wèh erame kang tumingal | dening endahing sotya di ||

19. nêngna gantya winuwusa | rêroncèning gusti jêng pramèswari | busana sri narpawadu | ukêl kondhe kewala | sinayuting susuk ukêl kancana nung | pinatik sotya barliyan | anarètès gosokan mis ||

20. traping susuk ukêlira | amangapit rapêt nèng kanan kering | rinaras lamun dinulu | kadya sêkar sapasang | dening dahat endahing sêsotyanipun | kênyaring ujwalanira | kadi kartika sêsiring ||

21. myang mangagêm wastra dibya | latar seta winastan udan riris | kêkêmbaran lan sang prabu | sinayuting kasmêkan | sêsutra di palangi dhasarnya wungu | sinêkaring jêjumputan | seta dadu jambon kuning ||

22. amangagêm kang rasukan | sutra wilis maya-maya kaèksi | winangun bêdhahanipun | nênggih kabayak cêkak | tinutupan paniti rèntèng têtêlu | êmbanan kancana mulya | pinatiking sêsotya di ||

23. pinindha-pindha ginatra | apan kadya angganing puspita di | argulo bang ingkang sampun | mudhar saking salaga | saesthane rumamba karondhonipun |

--- 200 ---

sirunging ron tumaruna | lir mingit kang puspita di ||

24. maksih tangèh yèn winarna | pangagêman dalêm jêng sri bupati | tuwin jêng sri narpawadu | ing mangkya enggalira | muhung mamèt gampiling caritanipun | dupi jêng sri naranata | sakalihan pramèswari ||

25. wus sampat dènya busana | gya dhêdhawuh majênging otomobil | titihan dalêm sang prabu | kang antuk sabdèng nata | nêmbah mêsat dhawuhakên sabdèng prabu | samêktaning ponang rata | titihan dalêm narpati ||

26. samantara wus samêkta | swandana di titihan dalêm aji | sumaji sampun dumunung | paretan ngajêngira | nênggih hotèl Bèlêpi ingkang winuwus | sagung rata pangiringnya | ugi wus samya cumawis ||

27. nèng natar dumunungira | pan sajuru-juru ragi kapering | wus mêpak sawadya sagung | sigra jêng sri narendra | sampun têdhak kanthèn asta lampahipun | lan gusti jêng sri dayita | sagung wadya kang umiring ||

28. jalu lan para wanita | agung alit sampun samêkta sami | mangkana kangjêng sang prabu | myang gusti pramèswara | sampun samya anitih rata sadarum | myang sanggyaning wadyabala | wus tumamèng otomobil ||

29. sapangu rata narendra | wus lumampah satata tinut wuri | ring rata pandhèrèk sagung | sumêbut sêsandêran | sampun kêbut datan ana ingkang kantun | klatson lawan tutêrira | anggung munya amêlingi ||

30. janma ingkang samya mulat | bêbusêkan gung alit jalu èstri | rèntèp satêpining lurung | gumrênggêng swaranira | lir bramara mara amangrêngih kambu | brêngêngêng madyaning taman | yun mangisêp madu sari ||

44. Dhandhanggula

1. kang rata di titihan narpati | tuwin rata pandhèrèk sadaya | sampun lêpas ing lampahe |

--- 201 ---

datan winarnèng ênu | Krunê mangkya gantya winarni | ananing pantinira | nênggih lojinipun | Tuwan Krunê kang pêparab | sampun samya rinêsikan myang rinukti | saupakartinira ||

2. nyamêktani dènira sang aji | arsa têdhak mampir mring lojinya | Tuwan Krunê ing samangke | kalawan sanggyanipun | atmajane jalu lan èstri | wus sami asiyaga | nèng têpining ênu | sangajênging lojinira | mêthuk rawuh dalêm jêng sri narapati | netyasmu kawistara ||

3. sakamantyan pirênaning kapti | sumawana ngayun-ayun dahat | ring rawuh dalêm pamase | Tuwan Krunê myang sagung | atmajane jalu lan èstri | anggèning tyas mangantya | rawuh dalêm prabu | apan sarwi mlampah-mlampah | wola-wali wontên satêpining margi | ngajênging lojinira ||

4. wus mangkana winursita malih | têdhak dalêm gusti jêng sang nata | ya ta wau ing lampahe | titihan dalêm prabu | myang sagunging rata pangiring | satata sêsandêran | tutêr klatson umyung | sampun lulus lampahira | samantara ing mangkya pan sampun prapti | wontên dhusun winastan ||

5. ing Cituruh nulya têdhak mampir | mring lojinya Tuwan Krunê mangkya | kawarna mung mèt enggale | gusti jêng sang aprabu | sakalihan jêng pramèswari | wus rawuh mring lojinya | Tuwan Krunê wau | wus tumêdhak saking rata | tinampenan mring Tuwan Krunê sasiwi | laju tangkêpan asta ||

6. gantya-gantya pan sampun waradin | tan darana Tuwan Krunê sigra | umarêk tumundhuk age | nganthi mring jêng sri wadu | gusti kangjêng sri narapati | kinanthi sutèstrinya | Tuwan Krunê sampun | bayak-bayak lampahira | tinut wuntat sagunging pandhèrèk sami | mangkana kacarita ||

7. tindak dalêm gusti jêng sang aji |

--- 202 ---

sakalihan jêng sang pramèswara | kalawan sagung pandhèrèk | sampun manjing sadarum | maring jroning loji winarni | ananing sanggyanira | lulus tindakipun | amriksani saidêrnya | loji wau têmu gêlang wus waradin | sawadya gung tut wuntat ||

8. jêng sang prabu sakalihan sori | samya dahat karênaning driya | sira Tuwan Krunê age | matur ring jêng sang prabu | kula nuwun sri narapati | tuwin jêng pramèswara | pamintaning ulun | botên ketang mung sakêdhap | mugi karsa alênggah lêrêm rumiyin | suwawi sri narendra ||

9. sri narendra karênan nampèni | nênggih atur kang kadi mangkana | nambadani puwarane | lawan sukaning kalbu | sigra gusti jêng sri bupati | tuwin jêng pramèswara | wus lênggah sadarum | munggwing kursi asatata | para wadya wus umarêk ngarsèng aji | mabukuh ngèstu pada ||

10. pan ginatra ing sabilik-bilik | Tuwan Krunê kawistarèng netya | sakalangkung sukèng tyase | karana sajronipun | lojinira rêgêng raras sri | wau ta kacarita | dupi sanggyanipun | wus sami lênggah satata | tan antara dangunira pan tumuli | lumadosing sêsêgah ||

11. mêminuman limun toya Wlandi | sumawana linut ès prongkolan | wus waradin sadayane | myang wus ngunjuk sadarum | dupi mangkya wus sawatawis | karsa dalêm narendra | arsa bidhal laju | mring kang wus winarnèng ngarsa | nênggih têdhak dhumatêng ing Sukabumi | mangkana winursita ||

12. ya ta wau gusti jêng sang aji | rum ngandika maring sira tuwan | Krunê mangkya pamêdhare | dhuh babo sudarèngsun | aywa dadya cuwaning kapti | rêngênta saudara | rèhning ta mangkya wus | sampat myang wus sawatara | anggoningsun mriksani sagunging panti | lojine [lo...]

--- 203 ---

[...jine] saudara ||

13. mêngko ingsun arsa budhal nuli | maring Sukabumi saudara | lan ingsun parlu mêdharke | sarasaning jro kalbu | anggonira wus nambadani | karsèngsun kalaksanan | anon warnanipun | lojinira saudara | kang mangkana sakamantyan trima kasih | lan dahat sukaning tyas ||

14. nora liwat kariya basuki | Tuwan Krunê duk tampi sabdendra | andhêku rum ing ature | kula nuwun sang prabu | sabda tuwan dahat kapundhi | mugi dadya jêjimat | ing pisaratipun | kayuwanamba sadaya | ingkang ngantya tumêrah salami-lami | antuk pangèstu tuwan ||

15. milanipun jêng sri narapati | pan ing mangkya kawula sadaya | matur paran saraose | gêng sukaning jro kalbu | karawuhan jêng sri bupati | pan kadi kagunturan | ing prabata santun | marbuk aruming puspita | angèbêki saindênging bawana tri | makatên sanepannya ||

16. apuwara kawula myang siwi | sami matur anuwun sadaya | botên langkung sri pamase | kawula tuwin sunu | dhèrèkakên sugêng sang aji | tumrah mring garwa putra | sapandhèrèk sagung | winantuwèng sukarêna | lulus ngantya dumugining têmbe wuri | kalis ing sambekala ||

17. jêng sang prabu maluyèng sabda ris | lah ya trima kasih saudara | wus mangkana sri pamase | jumênêng bidhal laju | tindak dalêm jêng sri bupati | myang sorindra tan siwah | lan duk rawuhipun | prasamya anitih rata | dyan sumêbut lampahing kang swandana di | kêbut sawadyabala ||

18. sampun lêpas tan winarnèng margi | kunêng mangkya gantya kacarita | Sukabumi kahanane | ing hotèl Selabatu | ingkang badhe dipun rawuhi | minăngka palêrêman | ing gusti sang prabu | wus rinukti myang rinêngga | sampun [sa...]

--- 204 ---

[...mpun] datan ana ingkang nguciwani | saupakartinira ||

19. tuwin ingkang măngka dhirèkturing | hotèl Tuwan Dhêli wastanira | myang Tuwan Bos sanyonyahe | mênggah Tuwan Bos wau | duk ing nguni dadya palinggih | asistèn residhènnya | bawah dalêm prabu | ing Bayalali prênahnya | kitha têpis wiringing ardi Marapi | ing mangkya sira tuwan ||

20. wus tan ngrênggêp ulahing praja di | pinènsiyun lawan kaurmatan | sami mêthuk sri pamase | nèng hotèl Selabatu | samya katon mangarsi-arsi | ing gusti sri narendra | tumuntêna rawuh | dèrèng dangu anggènira | samya katon mangarsa-arsa ing kapti | rawuh dalêm narendra ||

21. nulya sami miyarsa pramati | ingkang măngka tăndha cihnanira | rawuh dalêm sri pamase | tutêr klatson gumuruh | wantu-wantu dahat mêlingi | myang horêk para janma | kang samya andulu | rawuh dalêm sri narendra | alok lamun gusti jêng sri narapati | wus rawuh saha bala ||

22. tan darana sira Tuwan Dhêli | tuwin sira Tuwan Bos sanyonyah | gupuh-gupuh ing lampahe | nulya kèndêl dumunung | paretaning hotèl kawarti | prasami asiyaga | kadarpaning kayun | mêthuk rawuh dalêm nata | ya ta mangkya titihan dalêm sang aji | wus manjing mring jronira ||

23. èrêpira ing hotèl nulya glis | kang rata di wus praptèng paretan | ingkang para mêthuk age | sigra sami tumundhuk | jêng sang prabu kalawan sori | wus têdhak saking rata | tinampenan gupuh | mring Tuwan Bos sanyonyahnya | myang Dhirèktur Tuwan Dhêli nulya sami | tangkêpan astanira ||

24. gantya-gantya pan sampun waradin | nulya sira Tuwan Bos mangarsa | tundhuk astanira age | nganthi

--- 205 ---

mring jêng sri wadu | myang Nyonyah Bos tumundhuk aglis | nganthi mring sri narendra | tindak dalêm prabu | bayak-bayak wirandhungan | Tuwan Dhêli tut wuntat ragi kapering | kang para wadyabala ||

25. agung alit jalu lawan èstri | datan têbih tut wuntat sang nata | ya ta wau sri pamase | sampun manjing jronipun | up gêboning hotèl prasami | mangkana sri narendra | myang dayita prabu | wus lênggah kursi satata | lan Tuwan Bos sanyonyah tuwin dhirèktir | sagung kang wadyabala ||

26. sampun nêmbah marêk ngarsèng aji | pan sajuru-juru tapsilanya | sira Tuwan Bos nulya ge | nambrama ring sang prabu | kula nuwun sri narapati | kawula tuwin semah | myang Dhêli Dhirèktur | ngaturakên kasugêngan | rawuh tuwan sakalihan pramèswari | mèsêm jêng sri narendra ||

27. myang ngandika dahat trima kasih | lawan malih ngandika sang nata | mangkana ta pamêdhare | saudara sadarum | punapa ta sami basuki | kang antuk sabdèng nata | sami rum turipun | kula nuwun sri narendra | pangèstunta kawula sami basuki | ri sampunnya mangkana ||

28. pangunjukan sampanyê lumadi | wus waradin ing sadayanira | nulya gusti sri pamase | angasta gêlas sampun | lawan asung sasmita maring | Tuwan Bos sanyonyahnya | tumêrah sadarum | maring para kang sumewa | sêsarêngan dènira ngunjuk prasami | măngka tus kasugêngan ||

29. duk ing wau rèh wus sawatawis | karsa dalêm gusti sri narendra | arsa ngaso ing samangke | anulya ngandika rum | mring Tuwan Bos sabdaning aji | dhuh babo saudara | sarèhning mangkya wus | sawatawis dangunira | kula laju badhe angaso rumiyin | bibaran saudara ||

--- 206 ---

30. sira Tuwan Bos aturira ris | nuwun inggih suwawi bibaran | wus luwaran sri pamase | tuwin sri narpawadu | sampun manjing jro kamar sami | sagunging wadyabala | èstri lawan jalu | sampun malbèng têngganira | ingkang sampun tinata sabilik-bilik | wus lêrêm samoanya ||

31. pan saari wus datan winarni | ananira ing hotèl samana | mung pinunggêl mèt enggale | sajrone jêng sang prabu | amakuwon lulus basuki | tan ana sambekala | sawadya sadarum | gung suka myang parisuka | datan ana ngrasa sayah dènya sami | dhèrèk mring jêng sri nata ||

45. Sinom

1. kawarnaa ing arinya | malêm Tumpak tanggal kaping | sapta maksih nunggil wulan | Sapar kang winarnèng ngarsi | karsa dalêm sang aji | gusti kangjêng sang aprabu | tan miyos basiyaran | nglêrêmakên sarira ji | wontên jroning hotèl kewala sawadya ||

2. saratri tanpa sangsaya | saya wimbuh jroning galih | gung suka myang parisuka | sawadyabala gung alit | jalu lawan pawèstri | sadaya rêroncènipun | satuhu kang mangkana | maksih tangèh yèn winarni | mung pinunggêl enggaling ponang carita ||

3. ing arinya Tumpak enjang | maksih Sapar kang lumaris | karsa dalêm sri narendra | sakalihan dayita ji | umiyos mariksani | sajroning kitha sadarum | mangkana kacarita | pangagêman dalêm aji | cara Jawi sêsawitan latar krêsna ||

4. cêcêplokan wastanira | satriya wibawa sarwi | sinayuting paningsêtnya | sutra di palangi wilis | pinandara rêspati | pinindha kang puspita rum | jumputan mănca warna | rêkta seta dadu kuning | ting parêlok lir pendah sêkar sataman ||

5. sinasapan èpèk dibya [di...]

--- 207 ---

[...bya] | bludru wungu sinulaming | bênang sutra kang ginatra | kadyangganing puspita di | dinulu mănca warni | kuning rêkta jambon pingul | sirunging ponang patra | patrapira kadya mingit | ring puspita kang wus mudhar sing salaga ||

6. ijo royo rumambaka | witing patra ngêlung pakis | ting talolor pêpulêtan | ngarawit muyêk kaèksi | satuhu ngrêspatèni | labêt saking endahipun | pakirtyaning panyulam | sampun datan madal sumbi | sumbalinga pantês ingagêm sang nata ||

7. pinathêting cêcathokan | sêsimping endahing warni | ing têngah mèsi gambarnya | gusti kangjêng sri bupati | Pakubwana mandhiri | ping sadasa sudibya nung | kaonang tri bawana | mahambêk tyas ngumaladi | kang ngadhaton Surakarta Hadiningrat ||

8. ingêmbanan kancanarda | ing têpi sarwi pinatik | sêsotya di nawa rêtna | narètès sorote murni | kadya jagung sapipil | anênggih suwarnanipun | gumêbyar prabanira | lir kartika kang sêsiring | pêputêran kênyaring ujwala sumyar ||

9. mangagêm kanang rasukan | jas sakèt dhasaring warni | kalawu[8] mêlês kawuryan | badhenan moèr ing nguni | wêlingan dalêm saking | ing Paris nagari agung | ing mangkya wus ênêngna | gantya kang winarnèng kawi | winursita busananing sri dayita ||

10. mung ukêl kondhe kewala | sinayuting kanaka di | susuk ukêl pinandara | sêsotya di gosokan mis | mangapit kanan kering | arapêt pangagêmipun | kumênyaring sêsotya | ting pancurat ngilat thathit | ngagêm nyamping ugi cêplok latar krêsna ||

11. nênggih satriya wibawa | ngarawit tapaking canthing | kêkêmbaran lan sang nata | ngagêm sumêkan sutra di | palangi maya kuning | jêjumputan [jêjumpu...]

--- 208 ---

[...tan] corakipun | pinindha sêsêkaran | ting parêlok mănca warni | wilis rêkta biru dadu wungu noja ||

12. amangagêm kang rasukan | sutra di ngangrangan wilis | wanguning bêdhahanira | kêbayak cêkak pan sarwi | tinutupan paniti | datan pae lan ingkang wus | winarna anèng ngarsa | wus sampat busanèng aji | sakalihan gusti kangjêng sri dayita ||

13. ya ta wau kang pratiwa | agung alit jalu èstri | wus sami mêpak sadaya | ngabyantara ngarsèng aji | wus ngèstu pada sami | mabukuh sajuru-juru | ri sampunnya mangkana | titihan dalêm narpati | swandana di Kiyai Rara Kumênyar ||

14. sumawana sanggyanira | kang rata pandhèrèk sami | sampun mêpak asiyaga | anèng don sabilik-bilik | lawan sampun prasami | mangun kapraboning laku | mangkana kacarita | dupi mangkya sampun wanci | jam sangenjang gusti kangjêng sri pamasa ||

15. sakalihan sri dayita | sampun nitih swandana di | sagunging kang wadyabala | agung alit jalu èstri | tan ana ingkang kari | wus wahana rata sagung | titihan dalêm nata | samangkana wus lumaris | tinut wuntat ing rata pandhèrèk samya ||

16. wus kêbut budhal sadaya | gumuruh swaraning margi | sampun lulus lampahira | tan ana sangsayèng galih | ing marga tan winarni | sampun lêpas lampahipun | sapangu sampun prapta | wontên sangajênging panti | rèsturansi sêtit parêt sri narendra ||

17. sakalihan pramèswara | wus tumêdhak sing rata di | ginarêbêg para wadya | agung alit jalu èstri | bayak-bayak rêspati | wau ta jêng sang aprabu | tuwin jêng sri duhita | sampun manjing rèsturansi | saha bala gung tut wuntat ring sang nata ||

18. karsa dalêm sri narendra [na...]

--- 209 ---

[...rendra] | amborong sêsadeaning | rèsturansi sêsaminya | băngsa buwah myang kang warni | dhaharan băngsa roti | tuwin liya-liyanipun | namane tan winarna | pinunggêl enggaling tulis | sampun sampat pamborong dalêm sang nata ||

19. sigra gusti jêng sri nata | nimbali wadya kinasih | Dyan Mênggung Atmadiningrat | ingkang wus dinuking angling | gya ngabyantarèng aji | ngèstu pada amabukuh | dhawuh dalêm narendra | Atmadiningrat sirèki | gya warahên sagunging kang wadyabala ||

20. karsaningsun arsa budhal | kondur mring hotèl saiki | kon padha mêpak samêkta | sakapraboning lumaris | kang antuk ing sabda ji | awotsêkar rum turipun | nuwun dhatêng sandika | wus umêsat sing ngarsa ji | gupuh-gupuh gêgancangan lampahira ||

21. tuwin sampun mêdhar sabda | dènira dinutèng aji | maring sagung wadyabala | agung alit jalu èstri | kabyawara waradin | pan sampun sami kacakup | sagunging wadyabala | aturira saurpaksi | sampun sami sandika datan lênggana ||

22. dyan tumênggung duk samana | sêmparèt cangkelak bali | gung andhadhap lampahira | ngrêpèpèh-ngrêpèpèh kèksi | sarigak ngrêspatèni | sarwa cêpêt cikat-cakut | wêdharing saddhawara | tètèh titih ngati-ati | putusing rèh wêweka tur parikrama ||

23. dyan tumênggung tur wotsêkar | ing ngarsa dalêm sang aji | kula nuwun jrih kawula | kaabdèkakên sang aji | amba sampun mastuti | ing dhawuh timbalan prabu | pan kinèn dhawuhêna | kabayawara waradin | dhatêng para wadya dalêm sri narendra ||

24. dhuh gusti jêng sri narendra | para wadya dalêm aji | tur sandika tan darana | sampun [sampu...]

--- 210 ---

[...n] samêkta prasami | dupi jêng sri bupati | miyarsa ing aturipun | dyan mênggung kang mangkana | dahat karênaning galih | samantara rinaras enggaling kata ||

25. wus nitih rata sang nata | sakalihan pramèswari | saha sagung wadyabala | wus tan ana ingkang kari | ing marga tan winarni | titihan dalêm sang prabu | myang rata pandhèrèknya | sapangu pan sampun prapti | rawuh hotèl Selabatu sri narendra ||

26. sakalihan sri duhita | wus tumêdhak sing rata di | tindak dalêm kanthèn asta | ginarêbêg mring sanggyaning | wadyabala gung alit | gumarêdêg lampahipun | gusti jêng sri narendra | sakalihan pramèswari | saha bala wus manjing hotèl sadaya ||

27. wus lêrêm samoanira | saari wus tan winarni | rêroncèning ananira | cinêndhak kewala dening | muhung mamèt gampiling | amarna caritanipun | wus lulus parisuka | sukanting lawan basuki | paripurna wus kapungkur kang winarna ||

46. Pangkur

1. gantya ingkang winursita | anujwari malêm Dite tanggal ping | astha pan maksih sitèngsu | Sapar ingkang lumakya | karsa dalêm gusti kangjêng sang aprabu | sakalihan sri duhita | pan arsa pisitê maring ||

2. mitra dalêm sri narendra | sira Tuwan Rapênswai wêwangi | asistèn residhènipun | Sukabumi prajarja | myang pisitê maring Tuwan Bos jêjuluk | jinujuk enggaling kata | wuwusên jêng sri bupati ||

3. ya ta mangkya wus busana | cara Wlandi kinomplit ngagêm roki | bêbadhenan kasmir pingul | kalawan ngagêm bintang | pan oranyê nasao lan malihipun | Nèdêrlansên leyonira | myang bintang karajan Jawi ||

4. tuwin kang măngka pamungkas | tinrap anèng pranaja dalêm aji | sinaroja [sina...]

--- 211 ---

[...roja] katonipun | sami endahing warna | kawarnaa bintang wau wastanipun | gudhên plis rodhê adhêlar | sinotya ing kancana di ||

5. sinawang saking mandrawa | kawuryannya pranaja dalêm aji | pan kadi baskara murub | marab-marab mangkara | amrabani saindênging bawana gung | gêbyaring sêsotya sumyar | sumawur sumirat wêning ||

6. sayêktine kang mangkana | wèh eraming janma ingkang udani | mindêng dènira andulu | dening katêmbèn mulat | warna ingkang kaliwat endah linuhung | maksih tangèh yèn winarna | busana dalêm sri mulki ||

7. kunêng gusti sri dayita | ukêl kondhe tan siwah lan ingkang wis | ngagêm wastra latar pingul | garis miring wastanya | nênggih kagok parang suh brastha linuhung | wus datan rinênggèng basa | asangkêp tan pindho kardi ||

8. sagung kang para pratiwa | agung alit kalawan jalu èstri | wus samya mêpak sadarum | umarêk ngarsèng nata | makidhupuh lawan wotsêkar sumungku | ginatra sapangkat-pangkat | myang sampun samêkta sami ||

9. sakaprabonirèng lampah | swandana di titihan dalêm aji | myang rata pandhèrèk sagung | ugi wus asiyaga | nèng ngajênging hotèl ingkang wus tinamtu | dupi sampun wancinira | jam sanga jêng sri bupati ||

10. sakalihan sri duhita | sigra têdhak wus nitih swandana di | kang para pandhèrèk sagung | sampun sami wahana | otomobil wus tan ana ingkang kantun | titihan dalêm narendra | tan darana gya lumaris ||

11. tinut wuntat sanggyanira | otomobil ingkang măngka pangiring | sumêranging lampahipun | sumêbut pindha kilat | sapangu pan sampun lêpas tan kadulu | ing marga wus tan winarna | mangkya gantya kang kawarti ||

12. kaananing [kaa...]

--- 212 ---

[...naning] lojinira | yeka wau Tuwan Rapên Suwai | sumawana lojinipun | Tuwan Bos kang wus kocap | anèng ngarsa sadaya pan sampun rampung | rinêsikan myang rinêngga | saupakartining panti ||

13. tuwin wus sami samêkta | sanyonyahnya dahat dènya manganti | rawuh dalêm jêng sang prabu | mangkana winursita | duk samana tan antara dangunipun | kawuryan obah ing jaba | para janma kang ningali ||

14. gêdêring pawartanira | samya alok lamun jêng sri bupati | pan ing mangkya wus kadulu | tutêr klatson swaranya | bêbarungan dahat dènya tri gumuruh | ri sampunnya kang mangkana | sira Tuwan Rapên Swai ||

15. lawan nonah sutèstrinya | gupuh mêthuk rawuh dalêm sang aji | sumaji nèng ngajêngipun | lojinira priyăngga | kawuryannya samya karênaning kalbu | titihan dalêm sang nata | mangkya sampun rawuh prapti ||

16. manjing jroning èrêpira | lojinira Tuwan Rapên Suwai | lumampah sampun dumunung | wontên madyèng paretan | sampun kèndêl titihan dalêm sang prabu | wus tumêdhak saking rata | sakalihan pramèswari ||

17. sigra laju tinampenan | maring Tuwan Rapên Swai lan swami | myang sutèstrinya wus tundhuk | sarwi tangkêpan asta | gantya -gantya waradin sadayanipun | Tuwan Rapên Swai sigra | nganthi gusti pramèswari ||

18. gusti kangjêng sri narendra | tan darana laju nulya kinanthi | dhumatêng sutèstrinipun | Tuwan Suwai ingkang | maksih kênya lon- alonan lampahipun | gumolong kang wadyabala | tut wuntat gusti sang aji ||

19. tindak dalêm jêng sri nata | sakalihan gusti sri juwita ji | sampun manjing sajronipun | ing loji samangkana | Tuwan Rapên Swai ngacarani [ngacara...]

--- 213 ---

[...ni] gupuh | sang prabu myang sri dayita | ingaturan lênggah kursi ||

20. wus lênggah jêng sri narendra | sakalihan gusti jêng pramèswari | siniwèng wadya sadarum | andhèr ngarsèng sang nata | wus manêmbah sru sumungku makidhupuh | Tuwan Rapên Swai nulya | lênggahnya marêk sang aji ||

21. Nyonyah Swai sasutanya | ugi sampun marêk gusti sang aji | sêlang-sêling lênggahipun | lawan putri narendra | sumawana lawan sang narendra sunu | anulya sumambungira | siwi bantyaning narpati ||

22. dupi wus lênggah satata | tan darana Tuwan Rapên Suwai | sigra manambramèng atur | kula nuwun sang nata | amba tuwin semah samya tur pudya yu | sarawuhnya sri narendra | sakalihan pramèswari ||

23. tumrah dhatêng sanggyanira | para ingkang samya dhèrèk sang aji | gusti kangjêng sang aprabu | dahat sarjuning driya | duk nampèni sadaya ing aturipun | Tuwan Swai kang mangkana | rum ngandika trima kasih ||

24. lah ing mangkya saudara | punapa ta inggih samya basuki | Tuwan Rapên Swai matur | dhuh kangjêng sri narendra | pangèstunta kawula sami rahayu | tan wontên sangsayèng driya | wus mangkana gya lumadi ||

25. pahargyaning pasugatan | pait brèndhi limun toya Walandi | ès prongkolan datan kantun | kalawan tinut wuntat | lumadosing sês sigarèt tuwin srutu | komplit sampun tan kuciwa | lumadosa wus waradin ||

26. sampun samya rinêsêpan | tumrah praptèng wadya dalêm narpati | wus datan kuciwèng sêmu | samana kawistara | samya dahat sukarêna jroning kalbu | sesambèning pangandikan | kang mawèh rêsêping galih ||

27. dupi sampun sawatara | anggènira wawan sabda sang aji | laju malih [ma...]

--- 214 ---

[...lih] ngandika rum | umaring sira tuwan | Rapên Swai mangkana sabdèng sang prabu | adhuh babo saudara | rêngênta darmaning kapti ||

28. mangkya sira saudara | sun paringi warna têkên sawiji | sanadyan sapala namung | muga ta katampana | kang kalawan sukapirênaning kalbu | Tuwan Rapên Swai sigra | gurawalan anampèni ||

29. kalawan rum aturira | kula nuwun dhuh kangjêng sri bupati | pasihanta sang aulun | warni têkên sajuga | ingkang mawi sinotya kancana luhung | atur amba sri narendra | anuwun dahat kapundhi ||

30. duk gusti jêng sri pamasa | myarsa turing Tuwan Rapên Suwai | dahat karênaning kalbu | puwara kang mangkana | ngandika rum malih gusti jêng sang prabu | mung kewala saudara | ywa dadya cuwaning kapti ||

31. rèhning ta wus sawatara | lan wus samya pinanggih ing basuki | kula mangkya arsa mrantun | pisitê saudara | maring Tuwan Asistèn Bos kalamun wus | kula laju arsa nulak | wangsul mring pakuwon malih ||

32. kantuna sami raharja | Tuwan Rapên Swai dupi nampèni | dhawuh sabdaning sang prabu | andhêku parikrama | turira rum kula nuwun jêng sang prabu | kapundhi dhawuh narendra | andhèrèkakên basuki ||

33. kunêng gancanging carita | sampun budhal gusti jêng sri bupati | sapandhèrèk sampun kêbut | ing marga tan winarna | ponang rata sapandurat lampahipun | sampun praptèng lojinira | Tuwan Bos kang wus kawarti ||

34. ya ta ingkang winuwusa | dupi mangkya Tuwan Bos wus udani | kalamun ta jêng sang prabu | wus rawuh saha bala | gurawalan sanyonyahnya dènya mêthuk | wus tumundhut[9] ngarsèng nata | têtangkêpan asta sami ||

35. nulya laju kanthèn asta | tindalêm gusti

--- 215 ---

jêng sri bupati |[10] tan siwah lawan ingkang wus | winarna anèng ngarsa | anênggih duk rawuh dalêm jêng sang prabu | pisitê ring sira Tuwan | Rapên Suwai wêwangi ||

36. winangun wênganing basa | bêbasannya dènira mrih basuki | mangkana wênganing wuwus | Tuwan Bos nuli sigra | ngacarani ing gusti jêng sang aprabu | sakalihan sri dayita | ingaturan lênggah kursi ||

37. nambadani sri narendra | ugi sampun samya lênggah ing kursi | siniwèng wadya sadarum | tarap anèng ngarsendra | wus wotsêkar mabukuh sajuru-juru | rinasa rarasing driya | kadi mas kentaring warih ||

47. Maskumambang

1. wus mangkana Tuwan Asistèn Bos aglis | umatur nambrama | ing gusti jêng sri bupati | wêdharing kang saddhawara ||

2. kula nuwun dhuh babo sri narapati | kawula sasemah | ngaturkên pudya sêsanti | kasugêngannya sang nata ||

3. sakalihan rayinta sri juwita di | tumrah sanggyanira | kang para pandhèrèk sami | duk gusti jêng sri narendra ||

4. wus nampèni ing atur pudya sêsanti | kang kadi mangkana | dahat karênaning galih | puwara rum sabdanira ||

5. saudara pamudyanta trima kasih | mênggah saudara | punapa sami basuki | Tuwan Bos dhêku turira ||

6. kula nuwun barkah pangèstuning aji | kawula sadaya | prasamya lulus basuki | tan wontên sangsayanira ||

7. ri sampunnya sampat dènira prasami | ge-binage arja | datan dangu gya lumadi | sagunging ponang pahargyan ||

8. yeka porêt tuwin limun toya Wlandi | linut ès prongkolan | sigarèt srutu tan kari | sampun lumadi sadaya ||

9. sumawana sampun sumaos waradin | myang wus rinêsêpan | sawadya dalêm narpati | datan ana kaliwatan ||

--- 216 ---

10. dupi sampun mangkana Tuwan Bos nuli | malih rum turira | kula nuwun sri bupati | mênggahing tindak paduka ||

11. sanèsipun karsanta têdhak mariki | paran ta sang nata | arsa basiyaran malih | dhatêng liya-liyanira ||

12. sri narendra dupi miyarsa aturing | Tuwan Bos mangkana | ngandika rum jêng sri mulki | dhuh rêngênta saudara ||

13. satuhune sadèrènge sun mariki | malah wus basiyar | midêr-midêr mariksani | saidêrirèng jro kitha ||

14. mung kewala gèn kula badhe mariki | wau saudara | kula sampun mêntas saking | pisitê mring saudara ||

15. Tuwan Rapên Swai amung sawatawis | nulya bêbudhalan | amrantun dhatêng mariki | dene kadarpaning driya ||

16. kalamun wus sampat gon ingsun pêpanggih | lawan saudara | wus datan basiyar malih | nulak mring hotèl kewala ||

17. ya ta Tuwan Asistèn Bos duk miyarsi | sabdaning narendra | kang mangkana pan sayêkti | dahat sukaning wardaya ||

18. tuwin Tuwan Asistèn Bos matur malih | nuwun dhuh sang nata | mênggah anggèn paduka ji | pisitê ring saudara ||

19. Tuwan Rapên Suwai paduka aji | tuwin sri dayita | myang para pandhèrèk sami | paran samya sukèng driya ||

20. rum ngandika malih jêng sri narapati | duk wau sudara | kula sagotra prasami | dahat sarjuning wardaya ||

21. Asistèn Bos manggut-manggut turira ris | sokur sri narendra | kalamun ta sri bupati | samya sukaning wardaya ||

22. amba inggih dhèrèk bingah jêng sri mulki | mugi kang mangkana | linulusna praptèng wuri | gung suka myang parisuka ||

23. jêng sang nata sigra angandika aris | sagung pamudyanta | sakamantyan trima kasih | dhuh rêngênta saudara ||

24. pamudyèngsun [pamu...]

--- 217 ---

[...dyèngsun] marang sira praptèng wuri | samya linulusna | kasambadaning dumadi | mindênga tyas parisuka ||

25. wau Tuwan Asistèn Bos duk miyarsi | sabdaning narendra | andhêku rum turira ris | dhuh kangjêng sri narèswara ||

26. sabda tuwan kang mangkana sru pinundhi | kalingga ing murda | ingêmbun salami-lami | tumanêm jroning wardaya ||

27. mugi antuk barkah pangèstuning aji | pinuji kabula | dadya sarat kang pramati | manjing dhatêng maharjamba ||

28. tumrah praptèng sakukuban amba sami | mangkana winarna | dupi sampun sawatawis | anggènira wawan sabda ||

29. wus wanci mèh ri sêdhênging madya ratri | ya ta duk samana | ing dirgantara kaèksi | sumilak wêning nirmala ||

30. sêsadara pan maksih alpa sapalih | myang sampun gumiwang | amracima kawuryaning | sorotira tan sumirat ||

31. rêmu- rêmu mèh arsa sumilêm maring | jronirèng samodra | samantara wus tan kèksi | gya ginantyan sorotira ||

32. kartikabyor anjrah kawuryan ta sami | ing sêsorotira | sumirate milangoni | sumilir kang samirana ||

33. sarwi ngirit sagung gandaning kang sari | argulo capaka | kalak mênur myang saruni | marbuk aruming puspita ||

34. amangambar ngèbêki sajroning loji | anjrahing suganda | anggadag mindêng nanduki | maring sranduning jiwangga ||

35. sangsaya sru mawèh rumêsêping kapti | sapangu kapyarsa | suwaraning ponang mliwis | ting calêring angumbara ||

36. nèng ngawiyat sambêr-sinambêran sami | kêkalangan kadya | nambrama ring jêng sri mulki | dènira têdhak pêpara ||

37. winantua ing suka lawan basuki | ngantya praptanira | benjang kondurnya sang aji | mring praja di Surakarta ||

38. kinalisna sambekalaning [sambekala...]

--- 218 ---

[...ning] lumaris | pinunggêling basa | mangkya malih amangsuli | caritanira ing ngarsa ||

39. samangkana gusti jêng sri narapati | nulya rum ngandika | dhatêng Tuwan Bos sabda ji | dhuh rêngênta saudara ||

40. sarèhning ta samangkya wus sawatawis | gèn kula panggihan | lawan saudara sami | wus sami lulus raharja ||

41. ywa cuwèng tyas karsaningsun ing samangkin | yun nolak kewala | maring Selabatu nuli | kantuna sami raharja ||

42. sira Tuwan Bos andhêku turira ris | dhuh sri naranata | kawula sadaya sami | sakalangkung kasmarannya ||

48. Asmaradana

1. kula nuwun sri bupati | karsa tuwan arsa nulak | amakuwon ing samangke | nuwun inggih sri narendra | mênggah anggèn paduka | sampun karsa têdhak rawuh | dhumatêng griya kawula ||

2. atur amba sri bupati | dahat bingahing wardaya | myang anuwun sri pamase | puwaramba ing sagotra | sami jumurung suka | andhèrèkakên rahayu | ya ta wau jêng sang nata ||

3. dupi sampun anampèni | ing atur kadi mangkana | dahat karênan sang katong | gya jumênêng sakalihan | gusti jêng sri dayita | têtangkêpan asta sampun | waradin sadayanira ||

4. tindak dalêm jêng sang aji | satuhu wus datan siwah | kalawan duk ing rawuhe | gusti kangjêng sri pamasa | tuwin jêng sri duhita | sigra nitih rata sampun | sawatara lumaksana ||

5. tinut wuntat mring sanggyaning | rata pandhèrèk sadaya | gêgancangan ing lampahe | ing ênu wus tan winarna | wus lêpas tan kawuryan | sapangu pan sampun rawuh | ing Selabatu sadaya ||

6. jêng sang prabu lawan sori | wus tumêdhak saking rata | myang wus manjing jroning hotèl | ginarêbêg sanggyanira | para [pa...]

--- 219 ---

[...ra] ingkang pratiwa | agung alit èstri jalu | gumarêdêg lampahira ||

7. sampun lêrêm jêng sang aji | lawan gusti sri dayita | myang sagung para pandhèrèk | ananira duk samana | wus tan rinênggèng basa | mung pinunggêl kewala wus | saratri tanpa sangsaya ||

8. nêngna gantya kang winarni | ing ari raditya enjang | kaping astha ri kanang lèk | maksih Sapar kang lumakya | karsa dalêm sang nata | sakalihan narpawadu | arsa têdhak basiyaran ||

9. amêng-amêng mariksani | mring hotèl Selabintana | kang kawarti ing têbihe | saking pakuwon narendra | Selabatu etangnya | pan namung nêm pal winuwus | inggilira sing samodra ||

10. nênggih tigang èwu kaki | kunêng malih kacarita | gusti jêng sri narakatong | mangagêm busana dibya | cara Jawi samana | ngrasuk jas atelah pingul | kinomplit busanèng nata ||

11. myang gusti jêng pramèswari | sampun datan pindho karya | dènya ngrasuk busanane | sampun sampat paripurna | gusti jêng sri pamasa | tuwin jêng sri narawadu | wus sami lênggah satata ||

12. nèng up gêbo mungging kursi | pinarêk para pratiwa | agung alit lanang wadon | andhèr ngarsa dalêm nata | mabukuh tapsilanya | atarap sajuru-juru | ri sampunnya kang mangkana ||

13. ngandika rum jêng sang aji | maring risang narpatmaja | rayi dalêm sri pamase | mangkana wahyaning sabda | Adhi Mas Cakraningrat | dina iki karsaningsun | lah iya bok ayunira ||

14. ni mbok ratu lan sagunging | kakang-kakangira dhimas | garwèngsun paminggir kabèh | arsa sun jak palêsiran | mubêng-mubêng kewala | lan ingsun arsa andulu | ing hotèl Selabintana ||

15. rêngênta karsèngsun yayi | sira

--- 220 ---

lan atmajanira | Arya Mataram sakloron | apa manèh sutanira | yèku Si Janapura | nora dhèrèk sarirèngsun | ananging padha budhala ||

16. ing samêngko lah ta yayi | anontona ananira | Palabuhan Ratu kabèh | kang saka kene dohira | têlung puluh wolu pal | ingkang antuk sabdèng prabu | tur sêmbah nuwun sandika ||

17. myang wus mêsat sing ngarsa ji | wahana rata sadaya | sampun budhal ponang oto | sêsandêran lampahira | gumuruh swaranira | tutêr klatson amunya sru | bêbarungan urut marga ||

18. ing marga wus tan winarni | nêngna malih kacarita | gusti kangjêng sri pamase | sakalihan sri duhita | gya têdhak kanthèn asta | tinut wuntat sanggyanipun | garwa paminggir sadaya ||

19. lan parêkan para cèthi | myang sagunging wadyabala | arantap-rantap lampahe | gusti kangjêng sri narendra | tuwin jêng sri duhita | sigra nitih rata sampun | myang sagunging wadyabala ||

20. wus wahana oto sami | sapangu rata narendra | pan sampun lumampah alon | tinut wuntat sanggyanira | otoning wadyabala | rut-urutan lampahipun | dupi sampun saonjotan ||

21. lampahira otomobil | sinêru tan tolih wuntat | suwaraning tutêr klatson | tri gumuruh tanpa mêndha | umyangan urut marga | sampun lêpas lampahipun | ing ênu wus tan winarna ||

22. enggalira sampun prapti | ing hotèl Selabintana | duk samana sri pamase | sakalihan sri duhita | wus têdhak saking rata | dhirèkturing hotèl laju | gya tumundhuk ngarsèng nata ||

23. nampèni rawuh narpati | anulya tangkêpan asta | wus waradin sadayane | gusti [gu...]

--- 221 ---

[...sti] kangjêng sri duhita | sapangu nuli sigra | kinanthi tuwan dhirèktur | wus tindak jêng sri pamasa ||

24. wadyabala agung alit | jalu èstri gung tut wuntat | tindak dalêm sri pamase | rantap-rantap lampahira | puwara samoanya | sampun manjing sajronipun | ing hotèl Selabintana ||

25. tuwan dhirèktur nulya glis | ngacarani parikrama | ing gusti jêng sri pamase | sakalihan sri duhita | prasamya ingaturan | lênggah ing kursi sadarum | anulya lênggah satata ||

26. kang para pandhèrèk sami | wus sumiwi ngabyantara | ring ngarsa dalêm sang katong | amabukuh ngèstu pada | ri sampunnya mangkana | anulya tuwan dhirèktur | nambrama ring jêng sang nata ||

27. kula nuwun sri bupati | amba ngaturkên pambagya | kasugêngan sri pamase | sakalihan sri dayita | karênan sri narendra | apuwara ngandika rum | trima kasih saudara ||

28. paran ta sira dhirèktir | uga padha karaharjan | tuwan dhirèktur ature | ing barkah pangèstu nata | kawula sakukuban | pan samya lulus rahayu | datan wontên sangsayanya ||

29. mangkana kangjêng sang aji | nulya malih rum ngandika | ring tuwan dhirèktur mangke | dhuh rêngênta saudara | praptaningsun sagotra | mung migati arsa wêruh | ing kene kahananira ||

30. marma yèn sira dhirèktir | kapanujoning wardaya | karsaningsun ing samêngko | yun uninga saidêrnya | jroning hotèl prasamya | mangkana tuwan dhirèktur | duk tampi sabdaning nata ||

31. dahat karênaning kapti | aturnya nuwun sumăngga | kapasang yogi yêktine | suwawi jêng sri narendra | myang rinta sri dayita | amba dhèrèkkên sang prabu | gya jumênêng sri pamasa ||

32. sakalihan pramèswari |

--- 222 ---

tindak dalêm wus tan siwah | kalawan duk ing rawuhe | midêr-midêr saidêrnya | jroning hotèl sadaya | sampun kawratan sadarum | kawarnaa ananira ||

33. dahat dènya kawuryan sri | ing sapasang rakitira | bêbanjêngan ing ujure | adu cukit dêging wisma | ginatra kamarira | amaju pat rapêt têpung | anggênggêng rêgêng kawuryan ||

34. wimbuh endahing pangrukti | pêpasrèn sajroning wisma | pan mèbêlmèn sasamine | yêkti wus tan pindho karya | gusti jêng sri narendra | sakalihan narpawadu | dahat karênaning driya ||

35. maksih tangèh yèn winarni | endah srining ponang wisma | kunêng mêne jêng sang katong | sakalihan sri dayita | anulya ingacaran | ring sira tuwan dhirèktur | ing hotèl Selabintana ||

36. kula nuwun sri bupati | sakalihan sri dayita | kalamun ta ing samangke | wus dumugi anggènira | mriksani wontênira | salêbêting hotèl sagung | sumăngga jêng sri narendra ||

37. sayogi lênggah rumiyin | nglêrêmakên ing sarira | gusti kangjêng sri pamase | sakalihan pramèswara | duk myarsa aturira | ing sira tuwan dhirèktur | anulya lênggah satata ||

38. para wadya jalu èstri | gung alit wus ngabyantara | ring ngarsa dalêm sang katong | amabukuh ngèstu pada | atarap bêbanjêngan | lêlirangan katonipun | marikêlu lungguhira ||

39. sawusnya mangkana nuli | tuwan dhirèktur mangarsa | marêk ring gusti sang katong | nyuwun pamit yun rumagang | mangrênggêp nambut karya | ngrukti dhahar dalêm prabu | wus linilan gya umêsat ||

40. datan dangu gya lumadi | pangunjukan dalêm nata | sampanyê wus winoran ès | jêng sang prabu sakalihan | gusti jêng sri dayita |

--- 223 ---

myang garwa paminggir sagung | wus sami ngunjuk sadaya ||

41. dupi sampun sawatawis | gusti kangjêng sri pamasa | dhawuh mring wadya gêgambèn | Dyan Mênggung Atmadiningrat | mangkana winursita | wahyaning sabda sang prabu | rêngênta Atmadiningrat ||

42. mara priksanên dèn aglis | dhirèktur pangruktinira | dhahar ingsun lah samêngko | apa ta wus paripurna | sampat panatanira | dyan tumênggung nêmbah matur | kulok non dhatêng sandika ||

43. dyan tumênggung anulya glis | mêsat saking ngarsèng nata | gupuh-gupuh ing lampahe | kalawan wus asajarwa | dhatêng pramodanira | ing hotèl tuwan dhirèktur | purwa madya myang wusana ||

44. tuwan dhirèktur nauri | kalamun pangruktinira | sampun sampat sadayane | dyan tumênggung gya cangkelak | awangsul ngabyantara | ing ngarsa dalêm sang prabu | tur sêmbah dera dinuta ||

45. miwiti malah mêkasi | wus mangkana jêng sang nata | myang gusti juwita katong | wus jumênêng sigra têdhak | tindak dalêm narendra | kanthèn asta tinut pungkur | garwa paminggir sadaya ||

46. rêroncène tan winarni | muhung pinunggêl kewala | wus sampat bojana mangke | wau gusti sri narendra | ngandika maring wadya | kang wus marêk ngarsèng prabu | Dyan Mênggung Atmadiningrat ||

47. Atmadiningrat sira glis | warahên kang wadyabala | kinon mêpak samoane | pikirên prayoganira | aywa kongsi kuciwa | kalamun ta wus kacakup | ingsun arsa nuli nulak ||

48. amakuwon ing saiki | dyan tumênggung awotsêkar | nuwun sandika ature | kalawan wus sinambadan | sagung karsèng narendra | lulus tan kuciwèng sêmu | myang tan ancung jroning driya ||

49. Pocung

1. ya ta

--- 224 ---

wau enggalira kang winuwus | kang para pratiwa | agung alit jalu èstri | apan sampun sami samêkta sadaya ||

2. tuwin sampun manggèn gon kang wus tinamtu | mabukuh wotsêkar | jalu lawan para cèthi | lungguhira pan ginatra sowang-sowang ||

3. dupi sampun mangkana jêng sang aprabu | myang jêng sri dayita | anggènira aprasami | abojana sampun sampat paripurna ||

4. sigra laju jumênêng jêng sang aprabu | gusti pramèswara | gya kinanthi jêng sang aji | tindak dalêm aris lawan wirandhungan ||

5. tinut pungkur garwendra paminggir sagung | gumrêdêg lampahnya | kawuryan kangjêng sang aji | ing netyasmu karênan jroning wardaya ||

6. jêng sang prabu sakalihan narpawadu | lulus tindakira | pan ing mangkya wus dumugi | samadyaning up gêbo gusti sang nata ||

7. myang sri wadu sampun lênggah kursi laju | mangkya sanggyanira | para garwendra paminggir | sampun sami ngabyantara ngarsèng nata ||

8. tuwin sampun ngèstu pada marikêlu | dupi duk samana | lênggah dalêm sawatawis | animbali Dyan Mênggung Atmadiningrat ||

9. pan sapangu dyan tumênggung marêk gupuh | ngarsa dalêm nata | makidhupuh myang wotsari | sêsampunnya mangkana jêng sri narendra ||

10. ngandika rum Atmadiningrat rèh ta wus | sampat paripurna | ingsun arsa nolak nuli | kondur marang ing Selabatu samangkya ||

11. marmanipun sanggya para wadyaningsun | padha dhawuhana | kinon mêpaka cumawis | dyan tumênggung tur sêmbah nuwun sandika ||

12. nulya sampun mêsat saking ngarsèng prabu | myang sampun dhêdhawah | miwiti malah mêkasi | wus kacakup paran ta rèhing dinuta ||

13. pra wadya wus sami ngrênggêp wajibipun | kapraboning [kapra...]

--- 225 ---

[...boning] lampah | sampun datan nguciwani | pan sajuru-juru ing dumunungira ||

14. ya ta wau dyan tumênggung sigra wangsul | ngabyantarèng nata | makidhupuh tur wotsari | purwa madya ngantya praptèng wusananya ||

15. wus kacakup gusti kangjêng sang aprabu | myang jêng sri dayita | wus jumênêng anulya glis | kanthèn asta tindak dalêm tinut wuntat ||

16. sanggyanipun garwa dalêm paminggir wus | lulus lampahira | rantap-rantap ngrêspatèni | wus tan pae kalawan duk tindakira ||

17. yèn winuwus rêspatining lampahipun | ing gusti sang nata | maksih tangèh datanpa wis | wus pinunggêl mangkya enggaling carita ||

18. jêng sang prabu sakalihan narpawadu | sampun nitih rata | sagung para brêtyapati | jalwèstri wus wahana oto sadaya ||

19. dupi sampun mangkana ta sigra laju | titihan narendra | gya lumampah tinut wuri | mring sanggyaning ponang oto pandhèrèknya ||

20. samana wus saonjotan lampahipun | pinêlak[11] kewala | sêsandêran urut margi | sampun lêpas ing ênu wus tan winarna ||

21. datan dangu ing mangkya pan sampun rawuh | pakuwon narendra | Selabatu myang wus sami | manjing jroning hotèl wus tanpa sangsaya ||

22. kunêng wau mangkya gantya kang winuwus | nênggih duk samana | ingkang saking mariksani | Palabuhan Ratu datan dangu nulya ||

23. sami rawuh ing hotèl Selabatu wus | umanjing jronira | kamaring hotèl prasami | rêroncène sampun datan winursita ||

24. mung pinugut enggalira sadaya wus | nglêrêmkên sarira | ing saari wus lastari | karaharjan lawan suka parisuka ||

25. nêngna wau sumambunge kang winuwus | winursitèng basa |

--- 226 ---

malêmnya ri Soma kaping | sanga maksih wulan Sapar kang lumakya ||

26. duking wau maksih nunggil warsanipun | karsa dalêm nata | sakalihan pramèswari | arsa têdhak Sukabumi kadipatyan ||

27. parlunipun yun pisitê jêng sang prabu | dhumatêng ing sira | bupati ing Sukabumi | Rahadyan Tumênggung Suryanatabrata ||

28. dyan winuwus pangagêman dalêm prabu | baya tan kuciwa | amangrasuk cara Jawi | nyampingira sêsawitan latar krêsna ||

29. wastanipun cuwiri sratannya bagus | cêcêg sawutira | katon muyêg myang ngarawit | awit saking endahing pakirtyanira ||

30. miwah wimbuh tembokaning lar dinulu | wêtah seta mêmplak | ting parêlok lir sêsari | malathi kang sampun mudhar sing salaga ||

31. pan sumawur awarata katonipun | lir sêkar sataman | kerut samadyaning warih | myang tinrapan paningsêt palangi rêkta ||

32. kang jinumput sêsêkaran wilis pingul | kuning kapurănta | sumawana biru langit | sinayutan èpèk bludru sutra krêsna ||

33. têngahipun binalodir katon pênuh | gim salaka seta | sumawana winoran sri | gim kancana silih-asih wastanira ||

34. pinindha lung nging gadhung sêdhêng alêdhung | ing rêrondhonira | rowe-rowe linur brêji | ting pancorong ujwalane lir kartika ||

35. ingkang nuju tan kalingan ponang mêndhung | ri sêdhênging măngsa | kacatur ing madya ratri | kawuryan byor pan makatên pindhanira ||

36. myang sinayut ing katimang kancana nung | pinatik sêsotya | barliyan kang ginosok mis | nênggih jagung sapipil wangunanira ||

37. muncar-mancur pancoronging sorotipun | tumeja mangkawa |

--- 227 ---

kawangwang sru ngrêspatèni | gung sêsiring sumunaring prabanira ||

38. myang mangrasuk rasukan atelah pingul | bêbadhenanira | kasmir saking nagri Paris | binalodir gim kancana kang minulya ||

39. tuwin sinung ing rêrênggan pratăndha nung | kaonanging jana | bintang ingkang dèn wastani | komandhuring Nèdêrlansên leyonira ||

40. lawan linut Nèdêrlansên leyo mungguh | winoring bêbintang | Pranês Yosêp ing Ostênrik | myang karajan Jawi prajèng Surakarta ||

41. kalawan grutkrèis Cina ing praja gung | kang măngka pamungkas | nèng pranaja dalêm aji | gudhên plisên migaèl samoanira ||

42. bananipun kanaka di luru sêpuh | pinatik ing sotya | sêsorote silih ungkih | lan êmbanan sru gumêbyar lir baskara ||

43. marab-murub amarkata katonipun | janma ingkang mulat | samya eram jroning kapti | mung satata ngêthêg-ngêthêk [12] tutukira ||

44. tangèh lamun pinandarèng basa sagung | busanèng narendra | wus sangkêp tan madal sumbi | sumambunge sêkar Pangkur paripurna ||

50. Pangkur

1. nêngna wau winursita | pangagêman dalêm jêng pramèswari | ukêl kondhe kang ingêlus | malipis pinandara | ing panêtêp kancana sinotya murub | marab-marab mrabangkara | ujwalaning sêsotya di ||

2. yèn tinon saking mandrawa | sru kawangwang sumorot ngilat thathit | lir kartika wanci dalu | sêsiring rêrukêtan | wênèh ana kang saestha lir kapupuh | sumyaring ponang ujwala | sumawur lir tibèng siti ||

3. wênèh malih kawuryannya | ujwalane tumètès myang kêkicir | kacurnan dera tumêmpuh | têmpuking rananggana | ting pancurat rêbut titih sorotipun |

--- 228 ---

puwara ri sanggyanira | pur tan ana kang katitih ||

4. têtela tilasing sotya | myang kancana samya pêlikan luwih | makatên satuhunipun | warnaning kang kancana | myang sêsotya agêmnya sri narpawadu | ngagêm nyamping latar seta | garis miring parang wèsthi ||

5. sumêkan palangi sutra | sutra wilis maya-maya kèksi |[13] jêjumputan pindhanipun | puspita di kawuryan | ting parêlok kuning rêkta dadu wungu | winangun sêkar sataman | sumawur amănca warni ||

6. rasukan kabayak cêkak | wungu noja badhenan sing sutra di | ngangrangan cêcorakipun | rineka sêsêkaran | argulo myang mênur katut rondhonipun | kang rumêmbe rumambaka | rowe-rowe ngrêspatèni ||

7. traping ngarsa tinutupan | pinathêting paniti sêsotya di | tinata jajar têtêlu | rèntèng rapêt mangandhap | kang pinindha kadyangganing puspita rum | kang wus mudhar sing salaga | mêkaring ponang sêsari ||

8. umêkrok kawuryanira | kadyangganing puspita rum saruni | kuning maya warnanipun | sawênèhira ana | maksih kudhup piningit ing rondhonipun | ingkang nêdhêng rumambaka | sagung kudhuping sêsari ||

9. samya mungup kawistara | mingis saking salaga ting parêlik | rompyoh-rompyoh katonipun | esthane kang mangkana | lir mangarsa-arsa tumrahing ponang truh | darapon enggala mêkar | saking salaganing sari ||

10. pan makatên pindhanira | sêsotya di ingkang măngka paniti | agêmnya sri narpawadu | satuhu yèn winarna | ananira endahing suwarnanipun | datan ana wusing basa | bêbasannya datanpa wis ||

11. wus pinunggêl dyan winarna | amangsuli kang wus winarnèng

--- 229 ---

ngarsi | dupi sampun wancinipun | silêming hyang aruna | amarêngi gathitastha wus tinabuh | titihan dalêm narendra | swandana di otomobil ||

12. wus cumawis asiyaga | nèng ngajênging hotèl wau kawarti | gusti kangjêng sang aprabu | tuwin jêng sri dayita | sigra têdhak anitih swandana sampun | sagunging kang wadyabala | wus wahana otomobil ||

13. sapangu rata narendra | wus lumampah kalawan tinut wuri | ing rata pandhèrèk sagung | tutêr myang klatsonira | tri gumuruh urut marga amunya sru | bêbarungan mawurahan | mawèh raras srining margi ||

14. ing marga wus tan winarna | sampun lêpas lampahing otomobil | nêngna wau kang winuwus | gantya kang winursita | Kabupatèn Sukabumi ananipun | wus rinukti tan kuciwa | sanggya sêsaputing panti ||

15. ya ta dupi wus mangkana | kacarita sira ingkang bupati | kalawan suwaminipun | ing mangkya wus samêkta | nèng madyaning pandhapa kawuryanipun | amangayun-ayun dahat | ing rawuh dalêm sang aji ||

16. laju gancanging carita | tan antara dangu nulya kapyarsi | swaraning klatson binarung | kalawan tutêrira | amêlingi umyunging swara gumuruh | gumêrah swaraning janma | ingkang samya aningali ||

17. lir tumrahing kang warsaya | măngsa labuh kasapta truh sêmèni | tinêmpuh ing ponang lesus | sumêmbur kang prakêmpa | kapiyarsa kumarasak-kumarusuk | suk-dhinêsuk solahira | dening yun wikan sang aji ||

18. wus pinunggêl ananira | sagung para janma ingkang ningali | cinêndhak mangkya winuwus | titihan dalêm nata | sumawana rata pandhèrèk sadarum | sampun lulus lampahira | ing ênu wus tan winarni ||

19. kunêng enggaling carita |

--- 230 ---

jêng sang prabu tuwin jêng pramèswari | pan ing mangkya sampun rawuh | wontên ing Kabupatyan | Sukabumi swandana di wun dumunung | nèng madyaning bale rata | Kabupatèn Sukabumi ||

20. dyan tumênggung myang swaminya | gurawalan gupuh- gupuh lumaris | malajêngi ring sang prabu | dènira ing samangkya | sampun rawuh sakalihan narpawadu | wus tumundhuk ngarsèng nata | ngapurancang myang wotsari ||

21. ya ta wau jêng sang nata | sakalihan gusti jêng pramèswari | samantara nulya sampun | tumêdhak saking rata | kanthèn asta tindalêm jêng sang prabu |[14] dyan tumênggung myang swaminya | samyandhêku mangastuti ||

22. duk samana sri narendra | sakalihan gusti jêng pramèswari | langkung karênaning kalbu | wus lulus tindakira | kalawan wus manjing jroning suyasa gung | dyan tumênggung parikrama | tur wotsêkar ngacarani ||

23. ing gusti jêng sri pamasa | sakalihan gusti jêng dayita ji | samya ingaturan laju | lênggah kursi sadaya | jêng sang prabu sakalihan narpawadu | wus lênggah kursi satata | para garwendra paminggir ||

24. lan para cèthi parêkan | sampun sami umarêk ring sang aji | ngèstu pada marikêlu | anulya sumambungnya | dyan tumênggung sarimbit lan swaminipun | wus umarêk ngarsèng nata | amabukuh myang wotsari ||

25. sanggyaning kang wadyabala | bupati myang kliwon panèwu mantri | sumiwi nèng pandhapa gung | mabukuh ngèstu pada | lungguhira atarap sajuru-juru | ri sampunnya kang mangkana | dyan tumênggung tur wotsari ||

26. manambrama parikrama | amêmangun wênganing lukita di | sumundhul ing jêng sang prabu | mangkana wêdharira | kula nuwun dhuh gusti jêng sang aprabu | dasih tuwan tuwin semah | sumaos ngarsa sang aji ||

27. ngaturakên kasugêngan |

--- 231 ---

rawuh dalêm gusti jêng sri bupati | sakalihan narpawadu | tanapi sanggyanira | para garwa dalêm paminggir sadarum | tumrah dhatêng para wadya | jêng sang prabu duk miyarsi ||

28. atur kang kadi mangkana | sakamantyan karênan jêng sang aji | anulya ngandika arum | dhuh babo aturira | wus sun tămpa bangêt trima kasih ingsun | jêng sri nata duk samana | sarwi ngliring ngusap wèni ||

51. Sinom

1. jêng sri nata rum ngandika | mangkana sabdaning aji | hèh ta Surya Natabrata | apa ta sira sarimbit | padha lulus basuki | dyan tumênggung tur wotsantun | dhuh gusti sri narendra | barkah pangèstu narpati | dasih tuwan sadaya sami raharja ||

2. sêsampating pangandikan | datan dangu dyan lumadi | sêsêgah măngka pahargyan | minuman mawarni- warni | limun toya Walandi | por tuwin lan malihipun | brèndhi tuwin bitêran | ès prongkolan datan kari | myang sarutu sigarèt wus tan kuciwa ||

3. sawatawis dangunira | gya tinungka kang lumadi | dhêdhaharan nyênyamikan | băngsa tarcis warni-warni | sumaos ngarsèng aji | waradin sadayanipun | myang sampun rinêsêpan | sawadyabalèng narpati | sampun datan ana ingkang kaliwatan ||

4. ya ta mangkya kacarita | dupi sampun sawatawis | lênggah dalêm sri narendra | myang wus sampating wigati | karsa dalêm sang aji | laju arsa nulak kondur | dhumatêng palêrêman | pakuwon dalêm narpati | hotèl Selabatu kang winarnèng ngarsa ||

5. ngandika rum sri pamasa | dhumatêng ingkang bupati | mangkana wahyaning sabda | linuting têmbung mêmanis | konusing lukita di | mawèh êntyarsaning kalbu | hèh Surya Natabrata | muga ywa cuwa ing kapti | rèh praptèngsun ing kene wus sawatara ||

--- 232 ---

6. lawan sira sakukuban | wus padha lulus basuki | mangkya ingsun arsa nulak | kondur mring pakuwon nuli | marmanta ora luwih | padha winantuwèng kalbu | gung suka parisuka | kariya bage basuki | kajabane kang mangkana karsaningwang ||

7. kalamun pinujwèng driya | sira mêngko sun paringi | măngka tăndha cihnanira | katrêsnèngsun mring sirèki | ya iku rupa kêris | mung sajuga dhapuripun | pasopati arannya | kêris mau sun paringi | jênêngira Kiyai Jaka Sarkara ||

8. warăngka ladrang sunggingan | mawa sèrêp mung sawiji | gayaman kayu timaha | paraboting ponang kêris | ukiran nunggak sêmi | kayune tayuman mulus | sinêlut ing barleyan | lawan sinêlang-sinêling | jumêrut lan mirah komplit samêndhaknya ||

9. ingêmbanan kancanarda | pêndhoke balewah rukmi | cinawi tinatah pindha | lunging pakis angarawit | lowung lamun kinardi | padinan bae wus patut | marma nadyan sapala | tampanên lan sukèng kapti | dyan tumênggung andhêku matur wotsêkar ||

10. kula nuwun jêng sang nata | musthikaning nuswa Jawi | pêpakuning praja wirya | ing Surakarta nagari | ila-ila punapi | kawula kumawèng atur | anggèning sri narendra | sakalihan pramèswari | karsa têdhak dhumatêng griya kawula ||

11. dhuh gusti jêng sri pamasa | kawula sasemah sami | matur raosing wardaya | agêngnya sawukir siwi | sumawana pan kadi | kagunturan wukir santun | ingkang dahat mangambar | marbuk aruming sêsari | angèbêki ing Sukabumi prajarja ||

12. satuhu atur kawula | botên lêlamisan gusti | tarlèn kang kadi mangkana | saking kotamaning aji | ingkang anggung ngalèbi | dhatêng sakukuban ulun | puwara atur [a...]

--- 233 ---

[...tur] amba | sasemah kawula gusti | sangêt nuwun tumanêm jroning wardaya ||

13. botên langkung sri narendra | kawula sasemah sami | dhèrèkakên kasugêngan | maharjanta jêng sang aji | tuwin jêng pramèswari | tumrah dhatêng sanggyanipun | para pandhèrèk samya | ngantya praptèng têmbe wuri | mugi-mugi kinalisna sambekala ||

14. tuwin paring dalêm tuwan | gêganjaran ingkang warni | wangkingan dhatêng kawula | pan sampun amba tampèni | dahat nuwun kapundhi | kalingga murda ingêmbun | pinurwèng ri punika | ngantya praptèng têmbe wuri | dumadosa pusakamba salaminya ||

15. myang dhawuh dalêm sang nata | alowung lamun kinardi | padinan amba kewala | kang makatên kosokwali | malah-malah dumadi | pusaka pêpundhèn ulun | botên kangge padinan | kanggenipun mung sawarsi | kaping tiga lamun amba nuju bakdan ||

16. tuwin sanès-sanèsira | bilih nuju wontên kardi | ingkang agung garêbêgan | kadi ta lamun marêngi | wiyosannya sang aji | kangjêng sri mahrajawadu | punika sêsaminya | ing sawastu amba wangking | lamun botên makatên pan botên mêdal ||

17. duk sang prabu amiyarsa | aturipun sang bupati | dahat karênaning driya | myang ngandika rum sang aji | turira sun jurungi | gya jumênêng jêng sri mulku | myang nganthi sri dayita | tindak dalêm jêng sang aji | wus tan siwah kalawan duk rawuhira ||

18. myang sampun anitih rata | sawadyabala tan kari | ri sampunnya kang mangkana | titihan dalêm narpati | tan dangu gya lumaris | tinut wuntat sanggyanipun | oto pandhèrèkira | pinêlak[15] dènya lumaris | sêsandêran sru gumuruh swaranira ||

19. kawangwang saking mandrawa | lêlampuning otomobil |

--- 234 ---

sumalad gumêbyar pindha | andaru ingkang sêsiring | sumorot pating sliri | lêliwêran sru sumunu | sunaring kang ujwala | mênuhi madyaning margi | wus pinunggêl enggaling ponang carita ||

20. sampun lêpas lampahira | ing ênu wus tan winarni | lampahing rata narendra | myang rata pandhèrèk sami | ing mangkya wus dumugi | nênggih hotèl Selabatu | titihan dalêm nata | sampun kèndêl myang wus mungging | samadyaning paretan hotèl samana ||

21. wus tumêdhak saking rata | sang prabu myang pramèswari | tindak dalêm wus tan siwah | lawan duk têdhak sang aji | para wadya gung alit | jalu èstri gumarubyug | pêpanthan rantap-rantap | tut wuntat gusti sang aji | sampun manjing sajroning hotèl sadaya ||

22. ananging ta ananira | ing hotèl bantya saratri | sampun tan rinênggèng basa | enggale sadaya sami | lulus suka basuki | wus samya lêrêm sadarum | tan ana sangsayanya | ngantya praptanirèng ari | Soma enjang widadarja parisuka ||

23. nêngna wau winursita | ing arinya Soma enjing | tanggal ping sanga candrama | maksih Sapar kang lumaris | karsa dalêm sang aji | sakalihan narpawadu | yun têdhak Sindhanglaya | ingkang têbihira saking | Selabatu tigang dasa kalih êpal ||

24. inggilira sing samodra | wun[16] dèn ukur duking nguni | dhatêng punggawaning praja | juru ngukur băngsa Wlandi | wus datan pindho kardi | tigang èwu kalih atus | salawe kaki kèhnya | nora kurang nora luwih | wus mangkana kunêng gantya winursita ||

25. pangagêman dalêm nata | abusana cara Jawi | sêsawitan latar seta | parang-parung garis miring | paningsêt cindhe sari | ting parêlok katonipun | sinayut [si...]

--- 235 ---

[...nayut] èpèk krêsna | bludru sutra kang tinêpi | untu walang saking gim kancana mulya ||

26. katimang maksih tan siwah | lawan kang winarnèng ngarsi | kancanarda kang sinotya | anênggih jagung sapipil | mangrasuk jêng sang aji | rasukan dhêdhasar pingul | ruslenah jas atelah | gantya kang winarnèng kawi | busananta gusti sri narpadayita ||

27. kalamun rinênggèng basa | bêbasan wus datanpa wis | marma cinêndhak kewala | mung mamèt enggaling tulis | ya ta wau sang aji | sakalihan narpawadu | sampun lênggah satata | nèng up gêbo munggèng kursi | animbali Dyan Mênggung Atmadiningrat ||

28. dyan tumênggung wus sumewa | ing ngarsa dalêm sang aji | amabukuh ngèstu pada | dhawuh sabdaning narpati | Atmadiningrat yêkti | lah ing mêngko karsaningsun | yun marang Sindhanglaya | nanging ingsun arsa mampir | iya marang hotèl Cianjur sadhela ||

29. marma kabèh wadyaningwang | lanang wadon gêdhe cilik | padha warahên dèn enggal | dimène samêkta sami | kang antuk sabdèng aji | marikêlu tur wotsantun | nuwun dhatêng sandika | wus umêsat sing ngarsa ji | kalawan wus awêwarta kabyawara ||

30. sagung para wadyabala | pan sampun samêkta sami | dyan tumênggung tan darana | wangsul marêk ring sang aji | mabukuh turira ris | purwa madya wusana wus | kacakup sadayanya | wau ta jêng sri bupati | sakalihan gusti sri narpadayita ||

31. wus jumênêng sigra têdhak | nitih rata otomobil | kêbut saha wadyabala | datan winarna ing margi | sanggyaning otomobil | sampun lêpas lampahipun | cinêndhak jêng sri nata | ing mangkya pan sampun prapti | wontên hotèl Cianjur angguladrawa ||

--- 236 ---

52. Dhandhanggula

1. jêng sang prabu sakalihan sori | sampun sami tumêdhak sing rata | nulya tindak sri pamase | tinut wuntat mring sagung | para wadya jalu lan èstri | gumrêdêg lampahira | ing sajuru-juru | ri saksana duk samana | dupi sira ingkang măngka dhirèkturing | hotèl sampun tumingal ||

2. rawuh dalêm gusti jêng sang aji | laju gupuh- gupuh lumaksana | dhirèkturnya mêthukake | sapangu wus tumundhuk | têtangkêpan asta sri mulki | sami dahat kawuryan | karênaning kalbu | sampun lulus tindakira | ya ta tuwan dhirèktur anggung tut wuri | umiring ring sang nata ||

3. sagung para garwendra paminggir | tuwin sagung para wadyabala | jalu èstri sêpuh anèm | lampahnya gumarubyug | pangkat-pangkat prasamya mungging | pêngkêran dalêm nata | rêspati dinulu | lulus tindaking narendra | amriksani sauparêngganing panti | myang sêsaputing wisma ||

4. wus tan ana ingkang nguciwani | tangèh lamun pinandarèng basa | sagunging uparênggane | cinêndhak kewala wus | wus mangkana sri narapati | myang gusti sri dayita | dènira kayungyun | mariksani wêwangunan | lan rêrênggan sêsaputirèng pêpanti | wus kèdêran sadaya ||

5. dhirèkturing hotèl anulya glis | matur ngasih-asih angrêrêpa | ing gusti jêng sri pamase | mangkana aturipun | kula nuwun sri narapati | sarèhning anggènira | paduka sang prabu | mariksani wontênira | dêging wisma rêrêngganing hotèl ngriki | sampun têpang kèdêran ||

6. mila lamun pinujwèng panggalih | tuwin sampun dumugi sadaya | kajawi karsèng pamase | saking panuwun ulun | mugi mangkya sri narapati | myang sri narpadayita | lênggaha rumuhun | anglêrêmakên [anglêrêma...]

--- 237 ---

[...kên] sarira | nèng jronira ing up gêbo sawatawis | wau ta sri narendra ||

7. duk miyarsa aturing dhirèktir | ing netyasmu karênaning driya | nambadani sri pamase | kalawan ngandika rum | aturira iku dhirèktir | trima kasih prayoga | sigra jêng sang prabu | sakalihan sri duhita | sampun manjing up gêbo lênggah ing kursi | sagunging wadyabala ||

8. agung alit jalu lawan èstri | sampun sami ngabyantarèng nata | myang wus nêmbah mênggêp andhèr | sampun datan winuwus | ananira ponang sêsaji | muhung mèt enggalira | dupi jêng sang prabu | sampun lêrêm sawatara | gya jumênêng sakalihan pramèswari | yun têdhak Sindhanglaya ||

9. tuwin sampun nitih otomobil | datan kantun sagung wadyabala | wus tan siwah duk rawuhe | sampun budhal gumuruh | swaranira kang otomobil | ing ênu tan winarna | samantara sampun | rawuh hotèl Sindhanglaya | dhirèkturing hotèl wasta Tuwan Prêkil | duk wikan yèn sang nata ||

10. sampun rawuh sawadya tan kari | gurawalan gupuh lumaksana | mêthukkên ring sri pamase | tan dangu sampun tundhuk | marêk ing jêng sri narapati | mulung asta tabean | prasamya kadulu | dahat sarjuning wardaya | ya ta wau sapangu tuwan dhirèktir | nganthi ring sri dayita ||

11. duk samana tindak dalêm aji | nèng ngarsanta gusti sri dayita | wadya dalêm sri pamase | gung alit èstri jalu | gumarubyug samya tut wuri | rantap-rantap kawuryan | tindak dalêm prabu | wus manjing jroning sasana | nênggih hotèl Sindhanglaya anulya glis | Tuwan Prêkil sajarwa ||

12. ngacarani ing gusti sang aji | sakalihan gusti sri dayita | kula

--- 238 ---

nuwun sri pamase | suwawi jêng sang prabu | kula turi lênggah rumiyin | nglêrêmakên sarira | lamun mangke sampun | lêrêm sawatawis nulya | laju têdhak mariksani saidêring | hotèl ngriki sadaya ||

13. duk sang prabu sampun anampèni | aturira dhirèktur mangkana | sru karênan sri pamase | anulya ngandika rum | aturira iku dhirèktir | iya bangêt prayoga | wau ta sang prabu | sakalihan pramèswara | sampun samya nambadani lênggah kursi | sagung para pratiwa ||

14. tandya samya ngabyantarèng aji | pan sajuru-juru tapsilanya | myang wus ngèstu pada andhèr | adhêrak marikêlu | wus mangkana tuwan dhirèktir | nambrama ring sang nata | mangkana turipun | kula nuwun dhuh sri nata | rawuh tuwan kawula atur sêsanti | maharjanta sadaya ||

15. jêng sang prabu ngandika rum aris | wus sun tămpa dhirèktir turira | iya bangêt andadèkke | tarima kasih ingsun | apa sira padha basuki | dahat sukaning driya | duk tuwan dhirèktur | nampèni sabdèng narendra | gya andhêku umèsêm sarwi tumiling | wêdharing saddhawara ||

16. kula nuwun jêng sri narapati | saking barkah pangèstu paduka | kawula sadaya mangke | sami lulus rahayu | botên wontên sangsayèng kapti | ya ta wau sang nata | duk myarsa turipun | tuwan dhirèktur mangkana | tuhu dahat karênan kangjêng sang aji | kunêng mangkya winarna ||

17. toya Wlandi limun ès lumadi | lan dhaharan tarcis myang rêmikan | pundhutan dalêm pamase | sampun sami angunjuk | tuwin dhahar rêmikan sami | waradin saha bala | tan kuciwèng sêmu | samana jêng sri narendra | dupi dènya lêrêm sampun sawatawis | karsa dalêm sang nata ||

18. mangkya arsa têdhak mariksani |

--- 239 ---

saidêre ing hotèl sadaya | jêng sang prabu rum dêlinge | maring tuwan dhirèktur | adhuh babo sira dhirèktir | rèhning wus sawatara | mangkya karsaningsun | arsa wikan saidêrnya | jroning loji ing kene payo dèn aglis | sira ge umiringa ||

19. duk dhirèktur nampèni sabda ji | tur sandika gupuh gurawalan | anjajari ing lampahe | wus têdhak jêng sang prabu | sakalihan jêng pramèswari | sagunging wadyabala | samya gumarubyug | tut wuntat ing jêng sang nata | wus kèdêran saidêring hotèl sami | tan ana kaliwatan ||

20. ri sampunnya mangkana sang aji | laju lênggah ing hotèl sadaya | lan para wadyabalane | anane tan winuwus | datan mawa rinênggèng kawi | winarna duk samana | wus lêrêm sadarum | lulus anggung parisuka | pan saari tan ana sangsayèng galih | gumolong paripurna ||

 


munggwing. (kembali)
§ (1853). (kembali)
Tanggal: mantri tatanipun mangèsthi sri narendra (AJ 1853). Tahun AJ 1853 jatuh antara tanggal Masehi: 25 Agustus 1922 sampai dengan 13 Agustus 1923. (kembali)
Asli perlu diperiksa kembali: kurang satu suku kata. (kembali)
§ 1853. (kembali)
Tanggal: Sukra (Jumungah) nêm (6) Sapar Jimawal: mantri tata ngèsthi arja (AJ 1853). Tanggal Masehi: Jumat 29 September 1922. (kembali)
kawangwanging. (kembali)
kulawu. (kembali)
tumundhuk. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: tindak dalêm gusti jêng sri bupati. (kembali)
11 ginêlak. (kembali)
12 ngêthêk-ngêthêk. (kembali)
13 Asli perlu diperiksa kembali: kurang satu suku kata. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: kanthèn asta tindak dalêm jêng sang prabu. (kembali)
15 ginêlak. (kembali)
16 wus. (kembali)