Têgalgănda
1. Dhandhanggula
1. ascaryambêk Jêng Pangran Dipati | Prangwadana myat ing pacangkraman | kamantyan têlêng rêsmine | marma kinuswèng kidung | minardawa sarkara wrêdi | mandarsanèng kawarja | rikala mangapus | Radite dwi dasanawa | lèk Rabingulawal ri sêdhêng Be warsi | sangkala kang winarna ||
2. waudadi astha sabdèng aji |[1][2]
--- 66 ---
wuryaning kalangyan saking praja | kidul kilèn ing prênahe | kang yasa Jêng Sinuhun | Pakubwana Surakarta ping | sapta ran Têgalgănda | sakilèn marga gung | kang dhatêng Ngayogyakarta | pinurwendah sampat srining kang wadari | rakit pura pêpara ||
3. majêng mangetan amangku margi | mujur ngilèn capurining pura | nêmatus kaki panjange | mangalèr mung tri atus | pagêr banon kinăntha kêlir | saguthêk pinilaran | linepa ring pingul | rininggit amadung têmpak | puput papak praptèng gapura ing wingking | kang anjog mring narmada ||
4. sinung marga mubêng nut capuri |
--- 67 ---
pirit lawan têpining têgalan | kinalang lèpèn kalihe | sakiwa têngênipun | lir jêjagang larèn ngidêri | pinggiring pasanggrahan | kinambêng ing ranu | longkanging jawi prasada | talun dadya pacangkraman sri bupati | terong timun watêsan ||
5. prênah ngarsa cakêt lan capuri | sakiduling marga sêsimpangan | ingkang saking lurung gêdhe | salèring marga sinung | wisma panjang lajuran tunggil | kêstalan yèku măngka | parèrènanipun | sagung rata myang rakitan | titihane sadaya kang para putri | cèthi miwah parêkan ||
6. pinrih pupul ing papan sapanti |
--- 68 ---
dadya sapetak payon atêpan | cêpak puspaka prênahe | pagêr capuri ngayun | banon pandhak pinancaksuji | jinênêng pêpilaran | talajug tinunjung | banjêng pagut ing wiwara | tanpa wrana mrih bawera ing pangaksi | sagung kang kawistara ||
7. madyèng natar mawa langên adi | sakêmbaran kang candhi gupita | tinanêman saubênge | sari sawarninipun | sasêlane candhi kêkalih | kulah kilenan toya | mimba saking umbul | maju pat munggèng pojokan | madya sinung wot mangetan prapta maring | panjêraning bandera ||
8. kering kanan pagêring capuri |
--- 69 ---
lêlajuran ginêdhong salirang | bêlah binilik palihe | kang lèr kilèn gyanipun | sagung koki dhaharan sami | kang olah sêsaosan | rinukti nèng ngriku | sagêdhong malih gyanira | pra rêdênas kang samya anglêladosi | wedang lawan minuman ||
9. nênggih wetan malih kang sapalih | panggenane titihan kareta | myang pangirid turanggane | agêm ingkang sinuhun | nunggil gène kênèk lan kusir | wontên malih wangunan | pagêr banon kidul | samya kinarya timbangan | lawan kang lèr ginêdhong salirang anging | kaot tan mawi kamar ||
10. unggyaning kang dasih ngampil-ampil |
--- 70 ---
sakaprabon upacaranira | para pangeran sakèhe | longkang sawetanipun | gêdhong slirang sinungan malih | wisma panggonan găngsa | kalih nunggil dunung | saidêring palataran | tinanêman taru-taru sarwa saking | kang mêntas pinutêran ||
11. pandhapa gêng mujur tundha kalih | kampung bali balungan lis-lisan | rêspati lan sêsadone | pilihan kang rèng usuk | anaracak paniyung sami | pamatuting rapêtan | lir ginănda maru | umpak sinami lan saka | agêngira kinarah ingadu manis | kuningan sinangsaya ||
12. tinaratag turut ing taritis |
--- 71 ---
têpung lawan têpining suyasa | panirat jawi jajare | rakite kang wêwangun | capurining pura pinalih | saduman palataran | kang sadumanipun | pindha gupit pamingitan | panggenaning para dyah pawongan cèthi | kinêlir pagêr bata ||
13. kanan kering watêsing capuri | ujung jujugan mawi wiwara | butulan praptèng jawine | kang pagêr banon agung | têkèng marga ingkang ngidêri | jroning kêlir laleyan | sinungan manguntur | pêrak kori bêbutulan | kalih samya ngapit kang manjing mring puri | gapura lit rinêngga ||
14. inêb-inêb pinulas cèt wilis |
--- 72 ---
lis-lisane saka myang panilan | linut seta pêpulase | tan wênèh wangunipun | lan gapura purèng nagari | winarna rêngganira | sasanèng sang prabu | pinandara ing sarwendah | kamar kalih pinalih anapit kori | kang nrus mring pêpungkuran ||
15. tèbènging têbêng têngah ingukir | pindha sorot baskara umimba | saking udaya isthane | cinawi gêdhah pingul | pêpangule aciri èsthi | kuningan pinartima | lawan sratinipun | punika măngka sangkala | ing nalika adêging kang suyasadi | saking sabda sang nata ||[3]
--- 73 ---
16. candhelanira mubêng umunggwing | jro panirat madyaning suyasa | saput sauparênggane | cinitrèng wungu wimbuh | mangun srining amardapèng jring | ujwala ngandakara | rok angupu tarung | tawuran katrangan kaca | byur parada mradipta tulya ngulapi | lir sunaring sasăngka ||
17. jêrambah jro pinalêstèr radin | tanpa kajog-joganing witana | tandhês panirat jêmbare | tumuntur pinggir batur | sêsakane pilar ginilig | ginêgêl gêlang sweda | têtirah tinurut | balandar ngidêri wisma | pantog bata kêkêlir ing kanan kering | pagut pipi gapura ||
--- 74 ---
18. purwa gêdhong salirang sinami | pan kinirtya mara tri sakăntha | sanggya para dyah unggyane | malih wontên wêwangun | sakilèning suyasa wuri | sinungan made pelag | joglo wangunipun | kinubêng taratag rambat | jêjêglagan jinumbuh warnaning sungging | lan sanggyaning sasana ||
19. sêsaosanira sri bupati | lamun karsa lêlangên mariksa | ing udyana saisine | lan pramèswari prabu | miwah putra sang juwitaji | myang kang para parêkan | siniwi nèng ngriku | têpi jawining taratag | pêpêthètan banjêng jambu lan balimbing | pêlêm sawo dalima ||
--- 75 ---
20. sêling silih luhurira lagi | duk sadêdêg ingkang tiris dênta | taru mradapa rumêmbe | wilis salin ronipun | wênèh lagya wanci ngalilir | kaleyang kang wus laya | katub angin runtuh | lata kang susulan anyar | sêmi pulih alume waluya saking | daut ngalih panggonan ||
21. lêlongkanging kilèn binotrawi | kawan dasa kaki wiyarira | pitu dasa pamanjange | wijile toyanipun | saking pojok lèr kilèn puri | sinung têlih tinalang | iline lumêbu | binêbêg jroning pratala | rinèh dening paekan kêkalih dadi | kanthi umbuling tirta ||
--- 76 ---
2. Kinanthi
1. muncar kawuryan kang ranu | udale kang umbul kalih | saking gunging pra wadara | cacab ngalèbi botrawi | sumilak tanpa kalesa | sumunu masêmu wilis ||
2. kasongan baskara nawung | luruh lumirap kang warih | sorot katawang lumenggang | pindha lalaban lumindhih | kèlu tumibèng jro toya | lumembak katub ing angin ||
3. tarap urut tinarutus | tut têmbing pinancaksuji | jêjêg panjang ngalih asta | binêlah minăngka kori | pulas wilis tunjung seta | lêlangêne kang pra putri ||
4. yèn arsa siram nèng ngriku |
--- 77 ---
lêlumban si dadal warih | rineka pojok kang wetan | pangurase mawa kori | lak kalih pambukanira | kêkirih pintuning warih ||
5. têkèng jawi banon têrus | marga sadhasaring siti | kikis jro pagêr katingal | mili nut lêlarèn alit | malipir turut laleyan | ilir raning sarah kèli ||
6. tumibèng têgal tumuruh | ngalèr myang mangidul têbih | têmpur tulaking talunan | kentar saking antaraning | balowartining udyana | palunturaning kang warih ||
7. wontên wisma lit dinunung | kêkalih rinêngga asri | pratistha samipèng taman |
--- 78 ---
ayun-ayunan kang kori | kinuswèng warna masdrawa | rakit lan banon capuri ||
8. yeka pasiramanipun | ing kangjêng sri narapati | lawan sang narpadayita | wisma lit ingkang satunggil | Jêng Gusti Sêkaring Pura | pêrak guskara mawêning ||
9. tulya rêsmining kalangun | wêwangunaning wadari | pinardikèng rèh mardawa | darunaning udyana sri | sêla-sêlaning gêgulan | pinunggêl sinungan margi ||
10. sêsimpangan mara catur | cakêt ngubêngi botrawi | nganan ngering têtêpungan | sêsipatan praptèng pinggir | satêpining pagêr bata |
--- 79 ---
kèdêran puput malipir ||
11. têngah-têngahe pinatut | pininta taman rêspati | sangkêp warnaning puspita | sumyar amrêdu mênuhi | kataman ing samirana | kongas rume maratani ||
12. lênglênging lunglungan lumung | lumungsir silar mawingkis | wêwangi kang sêkar mêkar | mênur taluki kênikir | prabusèt purbanagara | soka sridênta saruni ||
13. malathi argulo pingul | pacar cêpaka cêpiring | pirit kilèning balumbang | tumimbang kêmbang ngubêngi | ingkang samya jinêmbangan | tut imbang anjrah ngèbêki ||
14. sapasang-pasang sinungsun |
--- 80 ---
saplak prênahe kang sari | sakăntha pinara astha | pratistha unggyan jininggring | panjang ngalih têngah asta | sukuning jêmbangan sami ||
15. tarap lêlarikanipun | runtut tata tan lumirig | pêrak parigi gènira | têlih toya kang piningit | namar munggèng jroning kisma | kinêkêr tan kêna kèksi ||
16. nginggil taratag tinutup | balabag sinungan panti | joglo gêng tulya rinêngga | sêsunggingira sinami | sêmune kang wus winarna | tan siwah kang witana sri ||
17. dèn apit kêkalih umbul | alit munggèng kanan kering | minăngka panundhanira |
--- 81 ---
sunglon pangrantuning warih | kang manjing têlih balumbang | sêsirih toya ngalèbi ||
18. mêlêg iline lumintu | udale kang umbul alit | malêngkung saparon asta | luhure tumiba malih | nulak lumembak kambêngan | mulêt madyaning botrawi ||
19. ramya swarane kumucur | narawung ririh sênggani | kolêg ing we mawalikan | kasilir ing maruta ris | anrang kumala kumêlap | kèngêl kadya ngilayoni ||
20. srang-srangan kang sari katub | kontab rarase ngênani | naputi srining udyana | nrawung kang tranggana tistis | riris sirating brêmara |
--- 82 ---
rumêsêp mrih sari-sari ||
21. sarkara kèsêpan kusut | kongkih kudhupe kawingkis | wêkasan rungkat karantan | luntur tanpa teja sêpi | sirnaning sari katrêsan | sumawur tumibèng warih ||
22. sinrang kang sadpada kadung | turida dènnya mamrêdi | tumiling muluk maluya | mring tawang dènnya sêsandi | mulat mrawasa nèng sêkar | sumyar lumrangira kadi ||
23. sumêbar anèng jinêmrum | puspita ruru mrih tistis | kentar layone tumular | tut larèn pagêr ing pinggir | kikis wêkasing pungkuran | pêpanahaning capuri ||
24. madyaning laleyan sinung |
--- 83 ---
gapura winardi wilis | tinêpi mandara seta | siring lan gapurèng kêlir | kinêmbar pangapit pura | kaot gêng kang munggèng puri ||
25. kiwa têngên gapura gung | sinungan gupala warni | andaka rineka kadya | anjrum pratingkahe lagi | kèndêl saking asêsaba | sajroning taman duk lagi ||
26. wingit solahe lir tunggu | gapura kang dèn jagani | wêngane kori wêkasan | mring wuri parah apirit | rangkah wêwêngkoning taman | ajung juranging jahnawi ||
27. jawining lèpèn kang têpung | padhusunan kanan kering | pêrak măngka pakuwonnya |
--- 84 ---
pratiwa myang para gusti | samya karya pagubahan | papan polatan tan têbih ||
28. watês antaraning talun | katrêpan rinakit-rakit | miwah kang para wadana | kamot sawadyane sami | sabên padesan kèbêkan | kanggonan bala ngalèbi ||
29. nahên rawining kalangun | winarah wuryan ing nguni | anane kang pacangkraman | Têgalgănda kang bawani | Ondêr Mayor Jayaningrat | kêkasih jêng sri bupati ||
30. panji rêdênas kang lungguh | ingandêl tur misesani | salir pakaryan jro pura | kontab ing pranata titi | têtela têtêp rumêksa |
--- 85 ---
ing kaprabon sang siniwi ||
31. palastha dera mangapus | kapapas kapêsan budi | dumadi darwa paminta | mring sanggyaning kang mahapti | nungkara gita nir deya | tarlèn aksamanta sami ||
1 | § Taun Jawi 1784, taun Walandi 1855, wulan Dhesèmbêr. (kembali) § Taun Jawi 1784, taun Walandi 1855, wulan Dhesèmbêr. |
2 | Tanggal: Radite (Ngahad) dwi dasanawa (29) Rabingulawal (Mulud) Be: waudadi astha sabdèng aji (AJ 1784). Tanggal Masehi: Minggu 9 Desember 1855. (kembali) Tanggal: Radite (Ngahad) dwi dasanawa (29) Rabingulawal (Mulud) Be: waudadi astha sabdèng aji (AJ 1784). Tanggal Masehi: Minggu 9 Desember 1855. |
3 | § Taun Jawi 1784, taun Walandi 1855. (kembali) § Taun Jawi 1784, taun Walandi 1855. |