Sri Mataya, Padmasusastra, 1898, #47

JudulCitra
Terakhir diubah: 17-07-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

SRI MATAJA

Sri Mataya

Yasan Dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram ingkang Kaping V saha Litnan Kolonèl saking Genêralênsêtap ing Surakarta.

Albert Rusche & Co.

SOERAKARTA 1898.

--- [1] ---

Sri Mataya

--- [2] ---

SRI MATAJA

Sêrat Sri Mataya

Yasan Dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram ingkang Kaping V saha Litnan Kolonèl saking Genêralênsêtap.

Kaêsahan Kasusastranipun dening Ki Padmasusastra Tiyang Mardika ingkang Amarsudi Kasusastran Jawi ing Surakarta.

Albert Rusche & Co.

SOERAKARTA 1898.

--- 3 ---

1. Dhandhanggula

1. mangastawa wêdharing palupi | lêlêpihan pèngêt sri mataya | nênggih cariyos wiyose | tanggal ping pitulikur | wulan Sawal malêming ari | Rêbo Kaliwon Maktal | Jimawal lumaku | Kunthara angkaning warsa | angawruhi nyandra saliraning gusti = 1813 | nalika ri punika ||

2. winursita sajêroning puri | sasuruping Sang Hyang Diwangkara | ginantya sênên sunare | sêtrali pan dêlar krun | kêncar-kêncar sinulêd sami | parasdya myang paningrat | sewakaning prabu | andrawina winatara | tarap ingkang pasugatan wus miranti | sarêng wanci jam astha ||

3. para gusti wus sami sumiwi | kangjêng pangeran putra santana | munggèng paningrat ingkang lèr | lan para kawula wus | kang kalêrês sowan prasami | manggèn gone priyangga | ing sadunung-dunung | acaos bêkti tingalan [tinga...]

--- 4 ---

[...lan] | padintênan sri narendra miyos saking | sajroning prabayasa ||

4. para paricara ngampil-ampil | nulya lênggah pojoking pandhapa | sewaka sakaning èmpèr | kang kidul kilèn mungguh | majêng ngalèr kinasur sari | sawingking dalêm găngsa | niyaga kang nabuh | pasindhèn jalu wanita | pêpak sami amidhêndhèng gêndhèng gêndhing | cumadhang ing sakarsa ||

5. tan pantara dangu kang umijil | saking ing pandhapa andrawina | kalangênan dalêm wirèng | abêksa Jayèngsantun | wusireka rambah ping kalih | wirèng Karna Janaka | kang bêksa puniku | putrèndra durung diwasa | nulya Wirun lan Narantaka kaping tri | anênggih ingkang bêksa ||

6. kangjêng gusti pangeran dipati | lawan ingkang raka Jêng Pangeran | Pakuningrat kêkancuhe | ing rambah kaping catur | wirèng Siyungwanara rakit | kalawan Jaka Sêdhah | abêksa winêtu | Jêng Pangeran Cakraningrat | lan Jêng Pangran Kusumadilaga [Kusumadila...]

--- 5 ---

[...ga] nuli | rambah kang kaping gangsal ||

7. Dananjaya lan Sri Gardapati | Jêng Pangeran Kusumadiningrat | rêspati pangagêmane | lan Kangjêng Pangran Prabu- | ningrat ingkang abêksa malih | Kangjêng Pangeran Arya | Purbadiningrat trus | lan Jêng Pangran Cakraningrat | bêksa Panji lan Panjitiron ing Bali | ya ta kang kaping sapta ||

8. Dyan Sêmantri lan Srimaospati | ya Prabu Arjuna Sasrabuja | sang sri mataya gustine | jêng narèswara sunu | lan Jêng Pangran Kusumaadi- | ningrat sang amardawa | rambah kaping wolu | kang anjogèd wirèng kasar | Kumbakarna tandhing lawan Sugriwa ji | tan ana kang kuciwa ||

9. cèplês tinulad rêngganing ringgit | kadya ta kang gêlung sapit-urang | miwah makuthaning rajèng | myang kang jêjamang amung | saupama tinraju rukmi | nora silir sasaga | plêng nyamlênging wujud | sadayanira mangkana | busananing wayang kang tinêdhak sungging | amung Siyungwanara || [Si...]

--- 6 ---

[...yungwanara ||]

10. lawan Jaka Suruh kang kairib | dhapur wayang Angăngkawijaya | nahan ta kang jinalèntrèh | mithat cariyosipun | bêksa nomêr kang kaping katri | miwah kang kaping sapta | rinumpakèng wuwus | supadya dadya darsana | sri mataya dinerah dinoradasih | carita winisudha ||

11. mêmanise sang ambêksa rangin | Wirun lawan Răngga Narantaka | tuhu murwendah wiyose | saking drawina dunung | majêngira tayungan ririh | gêndhing Ayak-ayakan | kalamun wus rawuh | gyaning made sri mataya | gangsanira sinuwuk nulya ginanti | pathêtan nêm kumuda ||

12. gêndèr barung gambang banyu mili | suling ngêlik ngalukluk sumêla | rêbab nyundari rarase | lêlah angêntul-êntul | rêbut wilêt enak pinyarsi | biyantu moring raras | pathête wus suwuk | buka gêndhing Erang-erang | sampyêng rêmpêg rampak barêng barung muni | niyaga panabuhnya ||

13. wirèng sarakit [saraki...]

--- 7 ---

[...t] sarêng ngastuti | tata-tinata wiwit abêksa | nêmbah sarêng gong unine | ebah pacak jăngga lus | wus jumênêng wau sang kalih | atanjak suku kanan | kiwasta dinudud | ririh mingsêr rêp-arêpan | sondhèr kering jinêpit sêlaning jari | kêkêjêr wil-awilan ||

14. asèbêt byar wau ta kang sami | solah raga wiraga karana | doran tinangi adêge | apacak jăngga manglung | wêntis malang mêrak kasimpir | ngoyog jaja alêlah | ing solah mawèh kung | kang buja kanan pinênthang | ganthêng maya-maya anggandhewa gadhing | wida kadya parada ||

15. jênar riyu-riyu sêmu wilis | lusing sarira rurus rinaras | sri kawaca sinarojèng | jêjamang mas tinatur | têturutan ginêmpur ngrawit | pamêkak grudha yaksa | binggêl kêlat bau | badhong kancana sinotya | ngrajapèni ponang kiswa lus sinuri | tinêkuk păncawalan ||

16. ngokong ngongkang sacêngkang ing wingking |

--- 8 ---

kukuh saking paniti kukila | rinêmbug wrata tasike | mănda imba sinêmbuh | mimbuh godhèg angudhup turi | runtut sumping barliyan | rinonce mucuk bung | sri sangsangan nagaraja | pêthit pathak kapêtha gathuk kinanthi | angathung tutuk naga ||

17. kadya gêgêt mêmangsan kumanthil | istha surya sasăngka sudama | sumirat-sirat sorote | tiba madyèng pambayun | pêthit sirahing bujăngga ji | ngaluwêng lunging jăngga | wijang ngruji timun | rangkêp naman songa krêsna | têpi têpung pita mas sêkaring sêmprit | tinon saking mandrawa ||

18. lir naga nèng bondhot ambêlandhit | wêwangkingan warăngka linadrang | rêspati ladak wangune | byur sinalorok murub | mirib patra rumambat ing wit | ron sêkar binarleyan | lumayan turut lung | jadham ijo dhêdhasarnya | adu manis kandêlan suwasa murni | naleram sêsanglingan ||

19. anjinging antup-antupan pipit | rapêt pêpêt sarambut tan rênggang [rêng...]

--- 9 ---

[...gang] | wanguning warăngka adèn | parigêl nora kidhung | widhêng sêdhêng anggodhong pakis | kabèh ginêbêg gilap | jêjêran sinêlut | uga byur sotya barliyan | nama Kangjêng Kiyai Rêsi Basuki | ingkang kagêm punika ||

20. ginombyok sêkar ngathepyah ngrawit | soring kolong kalih argulo bang | mèdêm malathi kaonce | pucuk cêpaka pingul | rêbut găndawida myang sari | jêbad kasturi ngambar | ambabar rum-arum | supe rong rakit gumilar | lir tranggana gênah sêlèn panjêr enjing | mancorong mawa cahya ||

21. kampuh rapèk parangrusak klithik | sidhangplangi wilis têngah rêkta | talanjêr rumajak barjèn | kêpuh sinêkar suruh | panji-panji lancingan trincing | ing jêngku kinaspêran | trap paningsêtipun | cindhe biru nom binara | kanan kering rong têbak tiba ing cêthik | sumêkar èpèk renda ||

22. anggêdhèdhèr sondhèr cindhe wilis | amradapa wutuh [wu...]

--- 10 ---

[...tuh] mandhalendra | lindri ing pungkas ginardhe | renda mas ngulêr lulut | datanpa lêt gumilar kèksi | pucuk nrampat ing kisma | saengga lêlayu | kunca ngandharah kalangsrah | kamarutan anjèrèng kadya suwiwi | manyura raras driya ||

2. Mijil

1. branyak cèplês lanyapan nèng kêlir | lir ringgit karongron | Răngga Narantaka lan Wirune | kinakêmbar busananira di | jêng gusti sinigit | kang tansah dinulu ||

2. kang tumingal kongsi netra ngwarih | kêtêmbèn tumonton | ingkang durung prapta age-age | palayune miyak-miyak mamrih | ing goning palinggih | mênawa wus wêruh ||

3. mring kang bêksa mênêng tan cumuwit | dhat eling ing batos | ngarah bisa nèng ngarêp linggihe | ngangsêg-ngangsêg kesodan dera mrih | tamat ing pangèksi | ywa kalingan kayun ||

4. yayah ngayuh sumuyud miyat ing | sang sri mataya nom | siring janmèstri priya tan pae | jroning nala nalika ningali | mring wirèng rinakit |

--- 11 ---

lir rikat rinangkut ||

5. rasaning tyas kadya wong angimpi | diya dika tonton | miyarsa gêndhing nganyut-anyute | angrêrangin ngês tuntum mring ati | rarase gumrining | mulêt wilêtipun ||

6. panabuhe sajanturing ringgit | nul tabuh mung nyenggol | ngêgoling tyas kang miyat dêngèngèk | ngungak-ungak mring kang bêksa maksih | apacak rêspati | sèdhêt lir tumambuh ||

7. sènggrêng luwês parigêl ukêling | asta mradapèng ron | lêlah ngoyog udaya mandayèng | sêsêkaran tingtingan ngicat lir | parênjak tinaji | manêngên angêsut ||

8. gajah-gajahan asta nyakêthing | pacak jăngga alon | ngayat tarincing sêring tarècèt | jègrêg mucang kanginan sumilir | êngkyèk kadya srimpi | anyêblakkên sampur ||

9. naga wangsulan ebat tarisik | sumèhing pasêmon | sêmu mèsêm mung samănda bae | sri mataya kèndêl angêntosi | wau ta kang gêndhing | Erang-erang suwuk ||

10. ya

--- 12 ---

ta muni kêprak nyasmitani | narunthung tan anggop | ada-ada garêgêt saute | sawusira salêpêgan ririh | sumbar nguwuh tandhing | manabda Dyan Wirun ||

11. sapa sira aranmu prajurit | bagus maksih anom | ambaranyak parigêl solahe | pantês dadi kondhanging pawèstri | mundura wong pêkik | eman praptèng lampus ||

12. kocap sumbar-sinumbaran gênti | ya têmbang pamiyos | piniyarsa surasèng sabdane | lan sinambi bêksa anglêlêntrih | sawusnya dumugi | sapada winangsul ||

13. lamun sira takon aran mami | Narantaka ingong | Sri Kalana pan ingsun kadange | manggalèng prang munah satru sêkti | lah ta sira iki | saparanirèku ||

14. nora pae iya kang sêsisih | maksih bêksa alon | sabên ingkang amiyarsakake | ing sêsumbar sinambi taya ris | gya mangsuli malih | winaspadèng dulu ||

15. wruhanira sun pinudyèng kawi |

--- 13 ---

Dyan Wirun ran ingong | Surèngkewuh Dyan Panji kadange | kalokèng rat Wirun sarwa sêkti | pamadyaning siwi | Jênggala Sang Prabu ||

16. ingkang samya nirbaya ing jurit | prawirèng palugon | wus surarsa mingkis ing kasêktèn | Narantaka amangsuli malih | maksih sêkar mijil | pangandikanipun ||

17. lah ta apa kang sinêdyèng kapti | gêgaman prang pupoh | datan cuwa sakarsanta radèn | apan ingsun wus ginulang jurit | wiwit saking alit | parabot prang pupuh ||

18. găngsa sampun munya sêsêg saking | kêprak lir cariyos | kongas mingis mêkaring karsane | ganti dhadhap ingastasta kering | winga-winga wêngis | wungu sumung-sumung ||

19. asta kanan midih tunggaksêmi | narik curiga lon | sang sri mataya umajêng kènjèr | sêdya caruk wor wiraga ngungkih | suraya patitis | waskitha tur tangguh ||

20. caruk mangsah tan ngêsah sumisih | kasêsêr nora sor | ruk-cinaruk adangu[1] siyunge | Bathara Kala

--- 14 ---

măngka linuwih | tapaning prajurit | nèng pucuk gunung hru ||

21. kêncranging panangkis mijil agni | pyur-pyur cumalorot | janmèstri samya kuwatir tyase | kang samya myat mar-maras marinding | ciptaning pawèstri | dhuh kapriye iku ||

22. ingkang larih-linarih authik | curiga caruk wor | yèn kongsia salah sawijine | kadrawasan tiwas kênèng kêris | dhuh eman wong sigit | yèn ngantia tatu ||

23. nanging wus sami putus patitis | tatas trusing batos | wruhna gêndhinging mungsuh gêlare | indha mindha andhadhap lumaris | prayitnaning batin | sinamur sinamun ||

24. yakti sakti jaya wijayanti | widigda ya wiro- | tama tuman santak santikane | surèng laga lêgawa mumpuni | ing rèh girisari | sri mataya putus ||

25. nora daya curiga wus manjing | waluya ing ngênggon | mring warăngka wus datanpa gawe | maribawa bawa ambawani | wêning winong maksih | sri mataya mungkur ||

--- 15 ---

3. Pangkur

1. awiraga sri mataya | sakalihan ririh nolih mring wuri | santun warastra sinambut | kumitir ngêmbat watang | winatara prayitnanira umaju | mangandika têmbung têmbang | ya pangkur sêkaring jurit ||

2. lah ta Wirun tadhahana | tumbak ingsun kang aran Sulanjari | iki margane patimu | mulih marang dêlahan | hèh mulane dèn prayitna panganggêpmu | ing sastra jendrayuningrat | kang matitisakên pati ||

3. sawusira sumbar-sumbar | sira Radyan Narantaka tumuli | bêksa miragèng pandulu | manis saparipolah | angrêraras rarasing sarira rurus | mêmêt kadya ingongotan | ya ta Dyan Wirun mangsuli ||

4. lah ta sira Narantaka | lamun adrêng caruk rok ingajurit | tandhing lawan jênêng ingsun | kêtogên prawiranta | agêming prang ombèr rukêt miwah alus | sun turut sakarsanira | gêgaman kang luwih mandi ||

5. tinêmbang têmbunging sumbar | kang binabar swara linud ing gêndhing |

--- 16 ---

kang waos kaêmbat sampun | sinolah sri mataya | yun-ayunan sami pasang prayitna wus | amayat jêjêring watang | nginggil kang kaasta kering ||

6. kanan anyêpêng ing ngandhap | lawan tunjung rong kilan winatawis | wus tumiyung sêr tumanduk | tinumbak ngering nganan | myang trakadhang trangginas panangkisipun | cikat nora kumasura | tèplêk tangkis kosok godhi ||

7. mêksa mangrusak misesa | santosa sang watang-winatang gênti | tan ana kang kapituju | saking wus wirotama | wasis sampêt samepanirèng prang pupuh | sinêlan caritanira | sagunging kang aningali ||

8. wau wong sadalêm pura | sangsaya suk-ingêsuk pit-pinipit | mèh tan pakering umaju | nyêngkah prawira jaga | kêrah-kêrèh pamênging tan pinaèlu | nekad mung kudu mangarsa | gumarumung swarèng janmi ||

9. saking ing tyas paripêksa | miyata trang mring sang sri mataya ris | gogot maksih matang sêngru [sêng...]

--- 17 ---

[...ru] | tan ana kaprajaya | ing pamatang tan migunani ing pupuh | wus ambuwang sakalihan | sami ngalih silih ungkih ||

10. cêngkah-cinêngkah tan kongkah | sêr binuwang cumlorot wangsul malih | karuwêl lir kupu tarung | têrang tarampil nyandhak | cêg-cêg dêdêr-dinêdêr dumudur mundur | anandêr midêr kèdêran | sang mrih jaya-jayèng jurit ||

11. pyuh-sampyuh mundur igêlan | sripit ebat kalewas ngewas miring | rangu-rangu mêmalat kung | raras kumyuswèng angga | gung ginagas saengga parêntuling bun | nèng pradapa marawayan | turut godhèg ngudhup turi ||

12. tètès tumiba ing jaja | kadya-kadya sang pinarjayèng jurit | ludira nyamburat rikuh | risi sang manguning prang | riwe ingkang sumrambah mring angga sagung | kang umiyat sri mataya | kamiwlasên aningali ||

13. kaya age lumayua | kayungyun tyas kumudu angusapi | riwe kang pating parêntul | nèng jaja ingkang wijang | pan mangkana ciptaning janmèstri jalu |

--- 18 ---

nanging tangèh kalakona | yèn bisaa angusapi ||

14. cupêt gagase tan prapta | dadya nimpên driyasmara sumandhing | kandhêg nèng dhadha mung ngadhuh | dhuh-adhuh sanalika | katitisan dening jawata tukang kung | kung wawangkawèng sungkawa | kawawas murcita matis ||

15. titising tyas sanityasa | sotya karna (sêngkang) risang wanara putih | (Anoman) sapa kang nora wulangun | miyat sinom sudibya | tambang jara (jangêt) jare jêram anggănda rum | (jêruk purut) rumakêt èngêt ing driya | tan mirut lênging pangèksi ||

16. muhung mring sang sri mataya | sumur samar ingkang binasa kawi (guskara) | katonton bae wong bagus | ginagas-gagas ing tyas | marga dhustha (babahan) panjuta pinrih sumunu | (mungal) lêbura anèng ngabahan | nora bosên aningali ||

17. sênêng miyat sri mataya | rêrantaman pandriya tan kawingkis | (anggagas) gagasing solah mawèh kung | kongas sanyiptasmara |

--- 19 ---

ron usada (lênglêngan) srana panariking kalbu | (dhêsthi) sinung binglêng kalanglangan | nginglung lir kêna ing dhêsthi ||

18. dhêsthine sang sri mataya | guwaning we (rong) wit-witan katrêsan gring | (ngarang) rongèh ringa rangu-rangu | wirangrong karungrungan | raning ratri (dalu) sasananing jawata gung | (kahyangan) baya yèn dalu tan nendra | rinahuyang poyang-paying ||

19. kayungyun mring sri mataya | warah wira (aba) warana tawing ringgit | (kêlir) iba bisa andum dumuk | salir mring sri mataya | kang umiyat mangkono nanging sinamun | sêmu mung miyat kang bêksa | maksih wiraga nglêlêntrih ||

20. gêndhing santun Walagita | binarung ing langênswara ngrêrangin | para pasindhèn ambarung | sang bêksa sakalihan | liyu liyan wus kadya wiwitnya wau | wangsuling gyan mênthang ngingkrang | junjung gantung suku kering ||

21. sêr galeyah mingsêr nganan | sami ngênêr majêng mangilèn sami | tanjak asta ngruwêl sampur | lêr lêsah alon mêndhak | suku kanan [kana...]

--- 20 ---

[...n] pan kadya jinjit tinêkuk | wangkong sasisih sinăngga | jêngku sumèlèh ing siti ||

22. suku kang kering tumapak | katumpangan ing asta ngudayèng ri | nyakithing dariji ngrayung | lir hyang-hyang sri mataya | anyarêngi kênong munyasta kinumpul | lêr alon wolak-walikan | êgong muni dèn sarêngi ||

23. mangastawa risang nata | wus alênggah sang sri mataya ririh | Walagita wus sinuwuk | salin Ayak-ayakan | gya jumênêng tayungan kang bêksa runtung- | runtung wangsul mring drawina | ngaso lir kanthèn dariji ||

4. Kinanthi

1. mangkana langgêng lumintu | paladènira lumadi | rumambah-rambah botêrham | cinaosakên waradin | mring para gusti pangeran | ingkang pra sami sumiwi ||

2. miwah kang mêntas puniku | bêksa sami dèn caosi | jroning dalêm prabayasa | ladosan sampun rinakit | para nyai lurah ingkang | anampèni saking jawi ||

3. lumadi gili lumintu | kawaratan [kawarata...]

--- 21 ---

[...n] para putri | kangjêng sri narpadayita | lênggah kaadhêp pra putri | nora nana kang kasukan | amung lênggah aningali ||

4. wirèng kang lagi winêtu | sinawung ing gêndhèng-gêndhing | ngêndhungdhung gandhang ngumandhang | dhangan sadhawuh ginati | kêkalih rêbab byur ponthang | munggèng palangkan sinungging ||

5. pacaosan dalêm prabu | myang agêm dalêm sumandhing | kêndhang cakêt munggèng ngarsa | para parêkan angampil | jungkat sabêt tamèng juga | sampêt katonton rêspati ||

6. kang ngladèni jêng sang prabu | pra nyi lurah kalung samir | dene kang para sumewa | sadaya dipun ladosi | tan ana ingkang kacuwan | sanggyaning kang para gusti ||

7. sinudhiyan ing sakayun | caosan ingkang binukti | nora ngêmungkên botêrham | paring dalêm sugatèng sih | inuman mawarna-warna | kang kumênyus lêgi wangi ||

8. para panakawan sagung | sripat-sripit angladèni | cikat nanging tan kaliwat |

--- 22 ---

yèn inuman kang mangarsi | ya panakawan inuman | ingkang sami angladèni ||

9. lamun botêrham kang maju | winot ing bèri barêlin | pra panakawan santana | tarampil sami ngladèni | marma sagung kang umiyat | thikil panggagasing batin ||

10. mandar prasami kawêtu | têtakon kancane linggih | botên ta niki tingalan | pangrasa kula pribadi | èntên undhake lan adat | lah napa ta ingkang mawi ||

11. kang tinakonan lon muwus | adhi mulane puniki | tingalan dalêm padinan | rada mundhak sawatawis | pajagongane lan adat | ngiras pantês angurmati ||

12. binarêng tingalanipun | taunan jêng umi mulki | kangjêng ratu agêng ingkang | pinundhi-pundhi pinuji | dening wong sadalêm pura | awèta têngga putra ji ||

13. miwah ing sadayanipun | mangsuli kang sinung angling | lo gajêge èngêt kula | botên nuju tanggal niki | lêrês yèn wulane

--- 23 ---

Sawal | nanging tanggale kang sasi ||

14. adate tanggal rolikur | lah ta măngka bêngi niki | ping pitu likur tanggalnya | dadi gèsèh lan ingkang wis | gumuyu kang winangsulan | banjur kasusu si adhi ||

15. ngarani gèsèh mak clêbung | jamake rak takon dhisik | dadi nora amiyagah | ing pangawruh tur patitis | kang sinêndhu anoraga | ngucap lêrêse dospundi ||

16. kang tinanya malih muwus | mungguh ajat kang umijil | ginawa têng pagêlaran | kănca gladhag ambaoni | kang dhawuhake timbalan | didalêm gandhèk kêkalih ||

17. sawusira gya kinêpung | munggèng jroning păncaniti | dening mantri panèwunya | kaliwon tuwin bupati | kangjêng radèn adipatya | mas pangulu andongani ||

18. wêtune puniku wau | yèn bênêri tanggal kaping | rolikur ing sasi Sawal | tanggale kinarya pasthi | tingalan dalêm taunan | jêng ratu agêng puniki ||

--- 24 ---

19. amung pajagonganipun | sing dibarêngake niki | tingalan dalêm sri nata | supaya tan mindho kardi | wahyaning kang pakurmatan | rèhne botên pati têbih ||

20. nglèrèg tanggal pitulikur | ênggih ing bêngi puniki | sampeyan napa pun dhamang | ngrungu olèh kula criwis | manthuk ingkang sinung sabda | sukèng tyas angusap wèni ||

5. Sinom

1. kang durung wruh ing pawarta | wong jaba rêrasan ririh | botên ta wau sing bêksa | kabèh ênggih sigit-sigit | nanging pangrasa mami | sing tas mêtu niku wau | salêkêring wadana | sumunu sumilak wêning | kêkuwunge numeja-teja ngujwala ||

2. jrahning naya mawa cahya | sorot sumirat nyoroti | busana tur ta kinêmbar | tata pita katon miji | sampeyan kadipundi | punapinggih lir tyas ulun | nauri kang sinung jar | o o dadi durung ngêrti | dika niku kabangêtên tantuk warta ||

3. kasamaran mring kang bêksa | Sang

--- 25 ---

Narantaka sinigit | mangsuli minta panjarwa | sintên nèh bok dikandhani | nauri kang sinung ling | sing dika rasani niku | pangarsa gung wêkendra | sri nata kangjêng sang aji | kang ginadhang-gadhang kondhanging buwana ||

4. nênggih kathaha kusuma | kang kasăngga ing pratiwi | kang kongkulan ing akasa | baya boya na kêkalih | nagri Surakartadi | pinuji arja inastu | pinundhi wong sajagad | prasamya anggusti-gusti | yèku Kangjêng Gusti Pangeran Dipatya ||

5. Anom Amêngkunagara | Sudibya Rajaputradi | Narendra nagri Mataram | jêpluk ingkang sinung angling | tobat kathik kok tan wrin | nora anyana salugut | ampuna dika kăndha | tan duwe graita thithik | dadi wirèng dudu wirèng sok wirènga ||

6. samya ting klêsik rêrasan | nyênyamur sêngsêming ati | tan ngêmungake wanita | sanadyan priya makingkin | kalair siking ati | mring rowangira alungguh | tyas kula

--- 26 ---

bangêt suka | dene kang bêksa pun wasis | mrih pasêmon manggoning ulat-ulatan ||

7. wêlasan pangon nglêlaga | nalika lagine wiwit | mawut ngês wilêting ulat | mêmalat pasêmon manis | nènès anjinjit alis | têlas manahe kang dulu | nglêlaga wèh wigêna | basa ajêng majêng jurit | pasmon rêngu lir jaja bang winga-winga ||

8. garêgêt agêgêt waja | kumêjot padoning lathi | tan ana baya kaetang | ketang mung mungsuhe jurit | nuli angadu sêkti | kadya ge anyuduk kêcrus | tan măntra sri mataya | lêlangên ing girisari | lir sanyata mangun asmara dilaga ||

9. basa wus mari pêrangan | curiga watang winuri | myang rukêt cêngkah-cinêngkah | nuli pasêmon mlas asih | nglêlêntrih ngrontok ati | truh runtuh pating talêdhug | dhadhari tyase wêlas | marang wirèng sang rinakit | jêprah têmên sadaya pra sinatriya ||

10. mèh tamtu [ta...]

--- 27 ---

[...mtu] abaud bêksa | nauri rowange linggih | dhasare ênggih sanyata | arang kang botên binakit | malah ta kang linuwih | pitung prakara kacakup | botêne salah juga | nauri kang sinung angling | lèhirojar sing pundi pitung prakara ||

11. sumaur lire punika | têmbung têmbang gêndhèng gêndhing | wiraga lawan trapsila | jangkêp pitung tatakrami | niku turene adhi | praboting awirya luhur | lungguhing kasatriyan | lamun tinilara sêpi | salah siji prayoga kudu kanggonan ||

12. amangsuli minta tanya | têgêsipun kadipundi | wijange sajuga-juga | kula sampeyan kandhani | sumaur e e adhi | ampun ngucap sêru-sêru | mênawa kapiyarsa | sing watak ewaning ati | ta sing cêdhak mriki gone lêlinggihan ||

13. kesodan ingkang sinabdan | ngangsêg nyêdhak ing palinggih | nutugkên pamintanira | têgêse sawiji-wiji | sapisan têmbung uni | kang manis ywa [y...]

--- 28 ---

[...wa] kongsi saru | sarana winaskithan | thukule dèn amatitis | tatas buntas rarase basa mardawa ||

14. têmbang têgêse suwara | kang mawa lagu manut ing | petang cacahing aksara | gêndhèng swara kang ngêmori | êmbating raras kang ris | gêndhing têgêse kang wêruh- | ira marangkêp lămba | bênêr luputing panjawil | kinawruhan sêsêgan lawan janturan ||

15. wiraga puniku solah | solah kang luwês ing dhiri | dumunung ganggasing bêksa | trapsila tatraping linggih | Nitisastra wus muni | kadya ta wong ingkang lungguh | ana ing pasamuwan | priyayi kalawan abdi | dèn abêcik ywa carub paworing lênggah ||

16. dene ta kang kaping sapta | têgêse kang tatakrami | minta prênah ing bêbasan | tuwa anom gêdhe cilik | ywa ngawag angarani | makotên surasanipun | ingkang pitung prakara | puniku arane adhi | kaluwihan langên olah karawitan ||

17. wit saking [sa...]

--- 29 ---

[...king] para jawata | lêluhuring nata Jawi | praptèng risang widayaka | rêmêne olah rêrawit | tumêrah kongsi mangkin | dadya busanèng kaprabun | Sri Nata Surakarta | mumpuni pitung prakawis | kawistara adoh saking ngayawara ||

18. nauri kang inujaran | lêrês lêpat kula tan wrin | ananging ta kacondhongan | tyas kula ambiyantoni | kadi kang dera angling | sumaur rowange lungguh | puniku kang minăngka | paèsing kamulyan Jawi | karawitan sêsêkaring praja wirya ||

19. sanadyan saking kabudan | sadasa-dasa dospundi | bêtuwah kina-makina | nora bisa aninggal wit | ya janji angluhuri | pangawruh ingkang linuhung | parentah sang nuringrat | utama têtêp nglakoni | supayane tan pêgat tingaling Suksma ||

6. Mêgatruh

1. kang kawuwus malih bêksa nomêr pitu | jêng gusti wus busanadi | paraboting wirèng ruruh | tata tatrape rêspati | tumrap [tu...]

--- 30 ---

[...mrap] ing sarira abyor ||

2. ajêjamang kancana sinungsun têlu | linud ing sêsungging wilis | sinawut sawit sumaur | muwêr jamang angubêngi | ijo têtaboning topong ||

3. trap tapsirih sarèh tundha undha-usuk | mancuting jamang tinitih | sêsotya kabèh sumunu | lêrêsing plaraban kèksi | mraba sêkar goyang amrok ||

4. maripating garudha yaksa ing pungkur | rêtna sakêmiri bungkik | dinulu kadya suryesuk | kêmbar ambabar pangèksi | byak manthêlêng kêlong-kêlong ||

5. cucuk mangap untu katon narucuk bung | ngarah siyung mingis-mingis | manglung kadya arsa naut | ukêl kang tumibèng gigir | rema tinêkuk katonton ||

6. dawane mung rong kilan luwih rong nyantun | dèn ulêsi sutra langking | supaya nora maruwun | lawan pinggire tinêpi | renda mas têpung praptèng pok ||

7. arja tibèng têpak têngah-têngahipun | ukêl amatra widuri [wi...]

--- 31 ---

[...duri] | pinati ing paniti krun | sumping gampèng sumalêmpit | ing karna ngisor ginombyok ||

8. ngacoconging sumping mring wingking rumêngkuh | cucuk garudha kacêpit | sangsangan rêtna istha lung | kumalung ing jăngga nglênging | tiba ing jaja sri katon ||

9. kêlat bau naga karangrang winangun | binggêl mas sigar panjalin | supe ing jênthik panuduh | barliyan panunggul siji | nyamping parangbaris nyarong ||

10. latar irêng ingkang tinembok iku mung | kêrisane katon putih | soga nyawo matêng wungu | têrusane anibani | gilap birone tan nocok ||

11. nyamping kiwa têngên cincingan anancut | dadya lancingan kaèksi | panji-panji bludru wungu | apaningsêt cindhe sari | ngathepyah bara borleyon ||

12. èpèk mompyor balodiran gim pinuntu | katimang sotya seta brit | karsèt cumanthèl malêngkung | sondhèr cindhe [ci...]

--- 32 ---

[...ndhe] ijo kuning | riyêp-riyêp mare-anom ||

13. pêpungkasing sampur sor sinêkar suruh | nginggil ingkang sumalêmpit | langkunganira winangun | nèng ngisor paningsêt wingking | lincip tumiba ing wangkong ||

14. yèn dinulu saking mandrawa ngênguwung | wadana sumilak kèksi | tasik wrata rêmu-rêmu | kadya wulan andhadhari | kaping patbêlas mancorong ||

15. sêsêmbuhan ngagêm gêmbala winangun | lèmèt lamat-lamat langking | sakyèhning kawaca murub | kênèng soroting sêtrali | sêsotya pating pancorong ||

16. ingkang kagêm sang sri mataya puniku | wangkingan nama Jêng Kyai | Dewata katon ing wuwung | kinatah kancana ngrawit | panatrape nora dhompo ||

17. răngka ladrang ladak anjalaprat bagus | wrêksa candhana magiri | dhasar dhorèng ngombak banyu | urip panggarape apik | gêgêbêgan kinclong-kinclong ||

18. ngakik Yahman jêjêran [jê...]

--- 33 ---

[...jêran] pamulu wungu | tayuman tinunggak sêmi | supit rakit lunge mulu | wus tanpa sêrat andêring | ing bungkul sinêlut abyor ||

19. rêtna sêling mirah myang salorokipun | êmbanan salaka putih | saistha lung-lungan mulur | tumalolor lir tumali | mulêt lumêkêt ngrangkul ron ||

20. lêmês dhèmês dhinasaran jadham biru | kandêlan kêmalon abrit | lir mirah dalima murub | pinèpèh pantês sinangling | wau gandar sinalorok ||

21. sêsotyane sabotor-botor gêngipun | dudu ingkang manungguli | yèn panunggule saklungsu | tan umuk caritèng tulis | nyatakêna yèn maido ||

22. na liyane wangkingan ingkang kawuwus | kabèh busanane sami | mèh nora gèsèh dinulu | sotya wastra gurudadi | lan ingkang raka wus cocog ||

23. Jêng Pangeran Kusumadiningrat mungguh | yèku minăngka narpati | Sri Arjuna Sasrabau | Jêng Gusti

--- 34 ---

Radèn Sêmantri | sawuse ngagêm kaprabon ||

24. marma iku kêmbar pangagêmanipun | ya ta pradăngga wus muni | Ayak-ayakan cumêngkung | pelog pathêt barang ngrangin | panabuhe alon-alon ||

25. sang ngarsa sri mataya sampun umêtu | saking drawina pandhapi | lan bêksa tayungan runtut | anut iramaning gêndhing | anjunjung suku yèn kênong ||

26. sarêng êgong tèplêk tumapaking suku | lamun kang têngên mangarsi | asta kang kiwa umaju | mênawa sampeyan kering | asta têngên kang rumojong ||

27. sarwi nyangking sondhèr pinidih panuduh | sabên patang gongan nuli | sinêlan tanjak tan sêru | asta kang têngên nyarêngi | nyêblakkên sondhèr ngadhodhor ||

28. ting karêtèp pangagêman yèn dinulu | analeram balêrêngi | wong nonton pating jarumbul | kang adoh angadêg jinjit | kang cêdhak pating dêngongok ||

29. ngungak-ungak marang kang nêmbe umêtu | milu pandêlênge

--- 35 ---

kinthil | nemplok nèng sariranipun | tinut saparan mring pundi | saparibawa katonton ||

30. pan mangkana sang tayungan lampahipun | nora sulaya lir siji | ing madetaya wus rawuh | wus lênggah wau sang kalih | sami ngaras majêng ngulon ||

31. Yak-ayakan kêprak wèh sasmita suwuk | rêbab ambukani malih | gêndhinge ladrang winangun | sarêng gong ricik nututi | maksih pathêt barang pelog ||

32. kapirungu sêmu nènès nanging ruruh | ruruh uga kaduk manis | manis nglangês nganyut-anyut | munyêt rarase mrak ati | gawe sarkaraning batos ||

7. Dhandhanggula

1. sampun wiwit abêksa rêspati | sakalihan angasta gandhewa | kalawan sajêmparinge | pinaribawèng tanduk | pinrayoga linuding liring | lumarap nuju prana | kang kêna kumênyut | kenyut tumancêp ing cipta | ciptasmara marang risang miragèng sih | jênak sami tumingal ||

2. katêtangi sakèhning sujanmi |

--- 36 ---

saya wuwuh arsayaning driya | krasan sami myarsakake | rarasing gong salulut | sinindhenan manut ing gêndhing | gandhang ngandhang ngumandhang | adhangan lon landhung | arêsêp sang ngingsêp gănda | arum-arum wangi kasilir ing angin | lumrang gănda kusuma ||

3. paningale ngêlêng aningali | mring rêrupan ingkang luwih endah | èdi gumêbyar sunare | sênên marang pandulu | sri mataya ingkang nglêlêntrih | parigêl karya solah | malah pamiwal kung | Sri Arjunasasrabuja | lawan Patih Suwănda Radèn Sêmantri | tuhu sambadèng warna ||

4. tur karêngga ing busana lêwih | dèn wujudi caritaning kuna | nalikanira prang rame | lawan Sri Sasrabau | sawusira ngêntasi kardi | kautus mring Manggada | bantu ing prang pupuh | munah nata ing Widarba | aran Prabu Darmawisesa linuwih | arsa anjatukrama ||

5. mring kusumaningrat Citrawati | nanging kasor Sri Darmawisesa | lawan Sêmantri pêrange | ing rana têmah lampus [la...]

--- 37 ---

[...mpus] | dadya tuhu cundaka lêwih | gêgala nora gagal | mantri agul-agul | manggala golonganing prang | myang bicara putus musthika Sêmantri | sumèh ing pasamuwan ||

6. tan asamar sêmuning sasami | sumuking netya madya utama | tinaman krama pamète | susila dursilayu | kontap pinèt saking pakarti | marma Sang Citradarma | sumăngga ing kayun | sadulure kaatura | Dèwi Citrawati kang badhe kinapti | dadya narpadayita ||

7. ing paduka Jêng Sri Maispati | wus kabêkta dening dutotama | Radyan Sêmantri karsane | undhang mring para ratu | kinèn kèndêl makuwon sami | ing lampah ywa kasêsa | masanggrahan sagung | mangkana Patih Suwănda | mèpu ing tyas rangu-rangu dènira mrih | margane bisa aprang ||

8. lan gustinira Sri Maispati | anăndha kadibyaning alaga | apa sanyata titise | iya Bathara Wisnu | lan kuciwa anglamar putri | nora sarana

--- 38 ---

pêrang | mangkono tyasipun | Sêmantri wus anyundaka | winot tulis sakarêntêging driya mrih | atandhing wus sinuksma ||

9. pangungune Prabu Maispati | dènira wus têlas tangguhira | marang Sêmantri pêthèke | anom warnane bagus | ing pamulu alus awingit | pasang limpad ing krama | ing wiweka putus | sêmbada trahing atapa | lan wus katon kadigdayaning ajurit | amot amêngku bala ||

10. samana wus Prabu Maispati | sampêt kawot sakapraboning prang | arsa anglajur karsane | Sêmantri kang ingugung | nora sêdya ngucirèng jurit | sami ngabên kadibyan | nênggih punika wus | ginambar sang sri mataya | amiraga parigêl bêksa rêspati | patut yèn kasumbaga ||

11. kadya jambe nom sinigar kalih | Dyan Sêmantri lan Sri Maispatya | sagalugut mèh tan gèsèh | mung tundha tumaruntun | anyudara wrêdha taruni | plêng nyamlênging sawănda [sawă...]

--- 39 ---

[...nda] | samana wus suwuk | ladrang winangun gêndhingnya | nulya munya kêprak thinuthuk narithil | kadya kêtêg naratab ||

12. sumrêg têngara pasindhèn èstri | grêgêt saut suluk ada-ada | wus wilêt lulut ulone | ngêlik gumolong muluk | angaleyang nglèmprèh nibani | kalokor raras barang | gêndère biyantu | malih swarane marambat | anglêr lêlah blas ngêlik nèng têngah cilik | mudhun alon-alonan ||

13. anggalewang tibèng barang malih | kawuwusa risang sri mataya | yun-ayunan sakalihe | katon suraning kalbu | lir kumêjot padoning lathi | jaja bang winga-winga | slêpêgan munya wus | sang pindha Sri Sasrabuja | angandika lagu Banjêt Gulamilir | ebah asta tumêdah ||

14. mara payo yayi Mas Sêmantri | sakarêpmu sun turut kewala | mamrih katon utamane | dhasar andadar kawruh | rèh ta trahing jawata lêwih | aprang rêbut prabawa [pra...]

--- 40 ---

[...bawa] | nanging wêkas ingsun | dèn tartip tataning tingkah | têmah têmên prapta ing pati patitis | pratingkahing sujana ||

15. nalikane sumbar nguwuh tandhing | pradăngga slêpêgan ririh raras | sisihe bêksa ngalètèr | wiragasta nglung gadhung | kluwêr nêngên kaluwêr ngering | tindak ngidak irama | gong ambuwang sampur | asta kalih suku tanjak | pan mangkana sira Rahadèn Sêmantri | alon mangsuli sabda ||

16. adhuh gusti mung darma kang abdi | dadi jalaraning păncakara | wit punagi praptèng mangke | karsaning jawata gung | kang lumantar osiking dasih | nanging bok kawlasana | amba praptèng lampus | muga ta jinurungana | sakarêntêg tan nêdya pisah ing gusti | tumêrah sanityasa ||

17. sawusira atur piniyarsi | dening sang pindha Sri Sasrabuja | nulya linêksanan age | ngêmbat warastra manglung | pan winawas culing jêmparing | lumarap sêring sara | lir kilap sumêmprung | tuju-tinuju tan têna |[2]

--- 41 ---

ing panangkis tan ana ingkang kasilip | pupug papag-pinapag ||

18. saking sami wasising ajurit | katon ayême sêmu santosa | waskitha patitis antèr | ngadu warastra punjul | tan ana kang unggul katitih | warayang wus binuwang | lan salarasipun | salin gêlaring ayuda | miwir sondhèr angrok băndawala pati | mubêng nèng pabaratan ||

19. bujung-binujung unjungan jinjing | wijang janjang trajang-tinarajang | rumojong jumajar kènjèr | nora banjar lumajur | sinarojèng lumajêng jinjit | ginênjot mijang jaja | tumanjih jinunjung | kêkêjêng mubêng kalangan | samya sabêt-sinabêt sondhèr tumangkis | endha angering nganan ||

20. cêg-cêg candhak-cinandhak tarampil | têpung bau acêngkah-cinêngkah | wal kontal kauncalake | cumlorot kadyandaru | nora dhawah jègrêg gya bali | rikat rinangkut cikat | rukêt asta kukuh | têkêm-tinêkêm ingkêman | wus binuwang Sri

--- 42 ---

Narendra Maispati | katlèyèk ing ayuda ||

21. rada kasor kasêsêr ing jurit | karepotan dènira mrih papan | kêsuk saparan-parane | yèn aja Wisnu lugu | baya kasor dening Sêmantri | ya ta Sri Kartawirya | gut-gutên umagut | krodha madêg triwikrama | mintokakên tuhunira Wisnumurti | lir nyata ing pangrasa ||

22. jlêg sagunung Mahmèru mandhiri | mawa prabawa swara goraya | kocak samudra alune | wagyut-gyut sindhung riwut | wor prahara buwana gonjit | mandhêlong bumi molah | mangkono liripun | nanging sajrone punika | sajatine amung pradăngga tinitir | slêpêgan sampak barang ||

23. lawan kêprak narawung ngramèni | lawan sang sri matayèng palagan | angasta pistul karone | mubêng kalangan têpung | unining gong kang dèn êntosi | panitis wus winawas | manêngên tumiyung | jêdhot munya kang bramastra | kêprak mêkak [mêka...]

--- 43 ---

[...k] cêp mênêng sampak ginanti | jantur Ayak-ayakan ||

24. ya ta sampun tundhuk Dyan Sêmantri | nèng ngarsane Sri Arjunasasra | kadya srah jiwa ragane | wus katêkan sakayun | dènira mrih linawan jurit | sri nata ngêtog krodha | triwikramanipun | miyat kadya angrêsing tyas | alon mêndhak tumungkul lir mangênjali | ngrapu pucung turira ||

8. Pocung

1. dhuh dewa ji wus katon panuwun ulun | age binerata | triwikramanta sang aji | wêlasana rudahe sagung buwana ||

2. têmah samun yèn ilanga isinipun | sintên kailangan | tan lyan musthikaning bumi | dhuh jêmbara dimène amot buwana ||

3. wusnya matur gya tumungkul marikêlu | lir konjêm pratala | cakêt nora mobah-mosik | anoraga sêmu sumăngga ing karsa ||

4. anglêlipur pêpêra purwakèng bêndu | kumêl kumawula | mêmêlas sarira nglêntrih | lir pradapa kasêrang soroting surya ||

--- 44 ---

5. manglung mayung yayah rompyoh-rompyoh ngrayung | kang umiyat tumpa | tumpêg wêlase kapati | mring sang kadya ambruk kasambut ing rana ||

6. rasa-rasa rasaning driya sawêgung | mandhokol ing dhadha | ngondhok-ondhok gulu salit | tan sarănta sarêng miyat sang mradapa ||

7. cês cumêkut locana kabêndung ing luh | malah marawayan | umpêtan dipun usapi | ciptasmara aywa kongsi kawistara ||

8. gung sinamur caturan tutur-tinutur | mring gancaring crita- | nira Rahadèn Sêmantri | maksih mêndhak nèng ngarsa Sri Sasrabuja ||

9. saengga wus rucat triwikramanipun | sampun paripurna | malah luntur sutrêsnèng sih | Sri Arjunasasra lon mangsuli sabda ||

10. adhuh yayi sun trima aturirèku | mimbuhi raharja | sida dadining dumadi | rèh wus purna payo mangun kautaman ||

11. ya ta wau Sêmantri sang tampi dhawuh | katon sanalika | sukèng

--- 45 ---

tyas marwata siwi | wus jumênêng malih ngraras sri mataya ||

12. solah alus alon tumindaking suku | parigêl angasta | kêpêt kêsting garan gadhing | têngah sinung ngarompol bukèt puspita ||

13. sri dinulu kang sasisih sutra wungu | yèku kang kaasta | sang pindha Sri Maispati | sutra ijo Dyan Sêmantri kang kaasta ||

14. riyu-riyu kêpêt kumitir lumintu | mêtu samirana | sumaribit anggănda mrik | silir-silir sumilir marang sarira ||

15. kêpêt bagus ginagas lir kupu mabur | kêkêjêr nèng taman | angingsêp maduning sari | kawaratan sêkar kang lagyanjrah mêkar ||

16. anggănda rum sumrik sumarambah marbuk | kusumane malah | ngrêmbaka ambabar sari | sari-sari prabu sarining buwana ||

17. sami sêmu nglêlaga gawe wulangun | sang bêksa wus bênggang | praptèng gon jumênêng miring | majêng ngetan Dyan Sêmantri nèng tursina ||

18. Sasrabau majêng mangilèn dumunung | nèng prênah ngutara | kêprak [kê...]

--- 46 ---

[...prak] munya nyasmitani | kang pradăngga Ayak-ayakan kapyarsa ||

19. sampun suwuk gya muni pathêt barang rum | lir anglela-lela | cariyos dipun sêlani | anrang sêkar agêng căndrawilasita ||

20. malihipun wisatikandhêh puniku | lawan madurêtna | kusumawicitra sami | lampah ngalih wêlas petanging aksara ||

21. kathahipun samantên punika wau | ing sapada lingsa | pinerang sajrone mawi | palerenan swara ingaranan dirga ||

22. lire mulur durung sumèlèh ing petung | maksih lumaksana | mênawi sampun mangsuli | kalih wêlas kaping sakawan dhumawah ||

23. ing pada gêng makatên sadayanipun | pamêndhêting wanda | pangkating kêcap winilis | mênawi nêm myang wolu mêndhêt sakawan ||

24. lamun pitu tigang aksara winuwus | pamèting ukara | yèn lima anggantung siji | dadya ingkang nunggil lampah sanès sêkar ||

25. bedane mung angkat-angkataning lagu | myang angguru [ang...]

--- 47 ---

[...guru] dirga | wiwit agêng wiwit alit | ing sanadyan sêkar macapat tan beda ||

26. sami metung wanda wisesaning wuwus | wancah kawismaya | supaya tan kurang luwih | kisma rêngka (têla) kumawani nyêla-nyêla ||

27. botên awit saking punapa pan amung | rèh badhe kinarya | buka dhumawahing gêndhing | amangsuli wuse tutug pêpathêtan ||

28. malih matut nêming gêndèr kang thinuthuk | krung binarung barang | ginarambyang wus pakolih | ya ta Radyan Sêmantri miwiti bawa ||

29. sêkar agêng candrawilasita arum | minăngka turira | malih mring Sri Maispati | têmbungira kadi ta ingkang winahya ||

dhuh sri narendra kang tuhu musthikèng rat | panuksmanira Sang Bathara Kesawa | mugi aksama de ulun lumawan prang | saking ubaya arsa ngawulèng nata ||

30. maksih laju sambunganing sêkar Pucung | Sri Arjunasasra | mangsuli pangandika ris | iya winong sêkar candrawilasita || [candrawilasi...]

--- 48 ---

[...ta ||]

yayi Sêmantri ingsun uga mangkana | nora sumêdya gumingsir ubayanta | nanging sranaa taman ing Sriwadhari | sira putêra mring Maispati praja ||||

9. Sinom

1. tinampèn sêkar srinata | caritane lumastari | ing nalika tibèng pada | sêkar agêng ingkang kari | niyaga anampèni | minăngka bêbukanipun | dhumawah rarasmaya | kadya gêndhing Gunungsari | wiwit malih sri mataya angwibaksa ||

2. langêning rèh saniskara | murwendah hyang-hyanging bumi | tuhu wèh ascaryaning tyas | lêlewane milangoni | sang miyat tyas suka sih | mangsah tumpa tumpuk sungsun | sungsun timbun mêmalat | wilêting gêndhing ngrêrangin | rarasmaya muyêg winayang katawang ||

3. sakèhning kang amiyarsa | êmbat barang ris amanis | konus wênêse kinuswa | kênès parênès pan nas-nis | saniskara kapikir | tan mungkur karungu jênggung | êgonge guywèng Bima | sisihe ngalun jaladri | goning [go...]

--- 49 ---

[...ning] bonang ngênut nut manut irama ||

4. merong panruse imbalan | lêlamban dêmung nibani | bêning sarone sarana | nênêla kêmpul nêngahi | munah nêng mulêt ati | tètèh wilêting calêmpung | kêmpyang mangayubagya | giyak muluk suling ngêlik | ngaluk-aluk anglela ngêlong tutupan ||

5. pantês ricik balenderan | gêndèr nyupak gumarining | winong kênong kênèng tabah | tambah gambange katêmbing | berag ambanyu mili | liron patalon narunthung | kêthuk angentha-entha | canthoka kathathêr warih | ngarah-arah rêbabe ngrêngêng ruhara ||

6. kadya tangising kênyarsa | tinari jinatukrami | mogot durung condhong karsa | saking jrih dadya ngaringik | ngrêrantak ngêtog ati | antèring sindhèn binarung | dening pra langênswara | inguran-uran kinanthi | pêpêthikan carita bêdhah Ngastina ||

7. nalika Sri Nata Salya | mriyêmbada ngarih-arih | mrih

--- 50 ---

raras ruming paprêman | garwa Dèwi Sêtyawati | kalara-lara nangis | ambondhèt marang sang prabu | tan suka tinilara | sang nata arsa mêdali | bratayuda madêg senapatining prang ||

8. marma Sri Narendra Salya | ngrêrapu marang sang dèwi | punapa ta mirah ingwang | prihatin waspa gung mijil | makatên kang nyindhèni | nênggih sapiturutipun | wau ta sang abêksa | tinon kadya wus dumugi | alon mêndhak sakalihan ngaso lênggah ||

9. ngaras asta mangarcana | gêndhing suwuk wus ginanti | Ayak-ayakan atamban | jumênêng wau sang kalih | tayungan kadi nguni | linggar sakalihanipun | saking ing madetaya | wong nonton pating jarawil | aja ngantuk galo kae ingêtêna ||

10. sing bêksa mèh arêp wisan | byar mêlèk ingkang jinawil | mangsuli lah bakyu kula | botên ngontak-ngantuk taksih | nonton ras-rasên mulih | malah kula bangêt ngungun | kèh timên kang tumingal [tu...]

--- 51 ---

[...mingal] | kêbak plataraning puri | ngantos bingung bakyu raose ti kula ||

11. sing di bae tak ingêtna | kae èdi kae pèni | kae brêgas kae ganggas | padha be ah ya mbuh ta wis | rowangira nauri | kowe kuwi apa nglindur | ambakna tan dhèngêran | pasthi bae iya apik | wong sing bêksa anom karênggèng busana ||

12. para gusti atmajendra | ngono kênès tak kandhani | mulane ki padha bungah | wong cilik padha sumiwi | sumaur e iya dhik | rada kêlalèn atiku | i tobat mèh we tiba | rêp kajêngkang tikku linggih | sampun prapta sang bêksa malbèng drawina ||

13. aso sami sinugata | dhaharan mawarni-warni | toya aès myang inuman | mangsuli carita malih | kang samya aningali | dadia caranging dhapur | mila malih winarna | kagunêm bolan-balèni | pan mangkana takon-tinakon rowangnya ||

14. yuswane ingkang abêksa |

--- 52 ---

jêng gusti pangran dipati | praptaning taun punika | pintên petunge winilis | nauri kang sinung ngling | warsa Lip wiyosanipun | jêng gusti sang sudibya | anuju angkaning warsi | 1795 ||[3]

15. andhangak tan calumikan | thêk-thêk ngetungi dariji | wus kapanggih petungira | malih amangsuli lirih | praptaning taun iki | Jimawal angkane 1 |[4] 813 |[5] dadi yuswane winilis | praptèng mangke wolulas warsa lumampah ||

16. anggalêdhis malih tanya | pintên yuswane saniki | Jêng Pangeran Pakuningrat | sumaur alon mangsuli | wiyosanipun warsi | Be nalika ăngka sèwu | pitung atus kalawan | sangang dasa langkung kalih | praptèng mangke wus yuswa salikur warsa ||

17. manthuk ingkang sinung sabda | lah malih kang bêksa kèri | sira Jêng Pangeran Arya | Kusumadiningrat sami | yuswa salikur warsi | lawan ingkang raka wau | Jêng Pangran Pakuningrat | tunggil warsa Be ngênggèni | namung [na...]

--- 53 ---

[...mung] kaot wulan Mulud lawan Rajab ||

18. makatên kèngêtan kula | sukèng tyas kang dèn kandhani | ya ta pêpungkasanira | wirèng kasar tan winarni | samana sampun wanci | pungkas dalu bangun esuk | kangjêng sri naranata | kondur marang kênya puri | prabayasa para ngampil upacara ||

19. anggarubyug atut wuntat | bibar sagung para gusti | mring dalême sowang-sowang | myang ingkang para sumiwi | mundur saking jro puri | sami mêdal anglur sêlur | kari kang kuwajiban | rêrêsik ngukud-ngukudi | palênggahan kêcohan pandam myang găngsa ||

20. sampêt saliring pakaryan | sampun rêpêt saput siti | maksih katon dirgantara | abyor lintang kêlip-kêlip | lir netra cowong saking | kalêson tan bisa turu | kênèng sambang srawungan | lam-lamên cumanthèl ngati | purwa katon tarontonging diwangkara ||

21. byak pêdhut tuwin jalada | dalêdêg samya sumisih | mangsah Hyang Raditya [Radi...]

--- 54 ---

[...tya] kadya | rikat dènira lumaris | kasêsarsa ningali | lêlangên jroning kadhatun | ngalokro drênging karsa | umiyat wus katon gusis | sêmu merang kacuwan gêla umpêtan ||

22. alingan ima ngêramyang | ngalêmêng lir tyas makingkin | ting salêbar bun tumiba | marêntul nèng patra wilis | sarupa sêsotya di | êmbanan kancana sêpuh | rinaja wêrdi wêrda | tumrap nèng angga rêspati | pang tumiyung yayah wiraganing solah ||

23. sumiliring samirana | ririh ngirid gănda minging | sribit-sribit mring sarira | lir kinêpêtan kumitir | kleyanging godhong kuning | wal saking sasana runtuh | èngêt kumênyuting tyas | sumringah lir borèh kuning | nèng sarira kang rurus kadya ongotan ||

24. kumitir gêtêr pradapa | kadya kêjêring jariji | anyakithing kolong karna | roning pisang raja wlingi | kumêclap gilap wilis | kaya sondhèr cindhe santun | sinêblakkên manganan | ingudyana [ingudya...]

--- 55 ---

[...na] sêkar kincip | mèdêm mêgar panjrah saliring puspita ||

25. wus saya ngrangsang Hyang Surya | sêru sorote tumitih | mring sêkar mêkar ing taman | kucêm sêmune kuwatir | kaparibawa dening | prabangkara tibra layu | tan pisan yèn lênggana | wantuning sêkar gănda mrik | maksih kadya kongah-kangehan mar-maras ||

26. kawingkis wus kawisesa | ngêsah cape tanpa budi | lêsu lêsah nora daya | alum pradapane nglêntrih | surya mulat tumiling | sari sarira ngalumpruk | lir wêlas mriyêmbada | ririh tinilar lumaris | rangu-rangu rêndhêt nora pati rikat ||

27. basa wus anjaladiyan | Hyang Surya sorote lirip | sêkar-sêkar saya ngambar | ambabar rum-arum amrik | sore kasiram warih | pantês katrêsnan bun esuk | nahanta winasana | sasana langêning tulis | tulus carêm cara caranging carita ||

28. ingaran Srat Sri Mataya | tèyèng tumiyunging pikir | pakaryan paguting kata [ka...]

--- 56 ---

[...ta] | katangi tangising ati | nganti tis ngatarani | rèhning kang dudu para nung | nênungku anung gita | gagating parama anggit | gatining tyas jrihning ulun kinawula ||

29. tinêdah jêng sang musthika | mêsthi pangandika mandi | mindakaa mring pawaka | wêngkang panase sumisih | sanadyan tukang dhangir | kinèn ngukira anggêmpur | purnèng tyas sida karya | iya pamigunèng nguni | nglêksanani saagnya jêng atmajendra ||

30. rasa pangrasaning driya | yayah sasarahing tasik | tan osik ombaking tirta | têrtamtu kang misesani | sèsining jati murti | marta martabatan sagung | sang anggung mangku brata | saputraning pra migati | ing pakaryan praja murih karaharjan ||

31. wus palêstha ri Jumungah | wanci lingsir ing suryenjing | tanggal kaping dwi dasastha | mangsaning kapat kaping tri | awuku Bala Dadi | dewa ri Yama Mawulu | ing wulan Dulkangidah | warsa myang windune sami | lan purwaka ika kurup Arbangiya

 


angadu. (kembali)
kêna. (kembali)
Dibaca: sèwu pitung atus sangang puluh lima. (kembali)
Dibaca: sèwu. (kembali)
Dibaca: wolung atus têlulas. (kembali)