Pasanggrahan Langênarja
1. Langên-gita
1. marna pasanggrahan Langênarja | kang mayasa jêng sinuhun kaping sanga | têbihira tigang pal sakidul praja ||
2. kăntra[1] mangetan ajênging pura | pinarsada capuri wingking kewala | menggok prapta dalêm agêng ingkang madya ||
3. mawa wiwara măngka gapura | kanan kering kang lumêbèng jroning pura | lamun dalu margine kang nganglang pringga ||
4. wisma kang munggul kiduling pura |
--- 4 : 106 ---
măndhakiya pandayanirèng pamuja | ngandhap karya pakuwoning para putra ||
5. ngarsa datan mawi pinarsada | amung sinung laleyan inggil saasta | pinandara pindha ombaking samodra ||
6. nyăngga pot bêling wadhah puspita | tarap prapta ujung pagut lan gapura | sinung dwaja munggul asri kawistara ||
7. marga pirit mubêng pagêr bata | ngalèr prapta simpangan kang marang praja | mangidule dumrojog anjog narmada ||
8. gyanya giyota maneka warna | ana kumba naga liman myang cakarwa | wahanane sang nata lamun cangkrama ||
9. saha sori putra myang wandawa | mudhik prapta pakuwoning Parangjara | alêlana lêlangên misaya mina ||
10. kadya ruwiyaning jaman kina | duk Narendra Maispati apêpara | lan pra garwa mring sawanganing samodra ||
--- 4 : 107 ---
11. purna cinitra ari Raditya | tri wêlas ing Saban Jimawal kang warsa | gatinira ngluhurkên sarira raja |[2][3]|
1 | § katawis = katingal. (kembali) § katawis = katingal. |
2 | § Taun Jawi 1805 taun Walandi 1876, wulan Sèptèmbêr. (kembali) § Taun Jawi 1805 taun Walandi 1876, wulan Sèptèmbêr. |
3 | Tanggal: Raditya (Ngahad) tri wêlas (13) Saban (Ruwah) Jimawal: gatinira ngluhurkên sarira raja (AJ 1805). Tanggal Masehi: Minggu 3 September 1876. (kembali) Tanggal: Raditya (Ngahad) tri wêlas (13) Saban (Ruwah) Jimawal: gatinira ngluhurkên sarira raja (AJ 1805). Tanggal Masehi: Minggu 3 September 1876. |