Pakubuwana VI, Anonim, c. 1920, #122 (Pupuh 17-25)

17. Pangkur

1. ya ta wau sri narendra | wus angrasuk ngagêm cara Kumpêni | akêkaos asêpatu | rasukan lawis tiga | bêlah jaja alêlungsir ing mas tatur | mojah sinoji toya mas | pan asri kinitir-kitir ||

2. kêmbang tanjunge sakawan | têtirahe sinawur ing rêtna di | bra maksa ujwala murub | rêspati topi jangkang | tinatrapan ing mas jingga dikara wus | yèn tinon saking mandrawa | kadya guprênur ngajawi ||

3. anyuriga pêdhang usar | anggarnya bra binrayut ing mas adi | têbah jaja tali rukun | rinante ing mas jingga | sinêlanan ing mas kumala di murup | polèn burliyun gumêbyar | kêkuwunge anêlahi ||

4. gya budhal nitih turôngga | tèji dhawuk busananira asri | ginarbêg ampilanipun | wuri pra mantri sapta | usar papat kang cakêt wuri sang prabu | kalih kang jajari ngarsa | sadaya wahana wajik ||

5. mêdal saking paregolan | urmat sagung para garningson jagi | salomprèt tambur gumuruh | kumêndhir pangkat litnan | pan wus lêpas lampahira sang aprabu | wus prapta paresidhenan | gugum[1] jêng tuwan rèsidhin ||

6. mêthuk taritising talundhag[2] | satêdhake sang prabu saking wajik | tinampèn ing residhèn sampun[3] | sigra sarêng lumampah | kanthèn asta manjing jroning loji agung | wus tata dènira lênggah | ing kursi madyaning panti ||

7. tan dangu gya linarihan | tigang gêlas [gêla...]

--- 120 ---

[...s] janèwêr lan branduwin | residhèn mundhut kuda wus | sumaos nèng ngayunan | nulya budhal sang nata kang munggèng ngayun | kalih wus nitih turôngga | residhèn lawan sang aji ||

8. usar kêkalih nèng ngarsa | kang sakawan umiring nèng wuri[4] | samya mubêng marang kampung | kampunge sudagaran | ing ênggone juragan kang agung-agung | kang samya adarbe palwa | sadaya dèn titi-titi ||

9. mungguh asal-usulira | pirang taun gonira anèng ngriki | juragan prasamya matur | ature sowang-sowang | wontên ingkang lagya kalih taun[5] | sawênèh angsal sawarsa | juragan kathah turnèki ||

10. dene asale juragan | saking pulo ingkang têbih-têbih[6] | ana saking pulo Krimun | Mêntok tuwin Sumatrah | ing Borneo Banjarmas pinangkanipun | Kote Kêdhuri lan Siyak | Sukadana miwah Acih ||

11. sadaya pan tinulisan | ing ature juragan siji-siji | sawusnya sang nata laju | marang kampung pacinan | para Cina sadaya wus anèng lurung | amung nyonyahe sadaya | manglong-manglong anèng kori ||

12. panglocitaning wardaya | iki jendral anyar saking Batawi | layake kangjêng guprênur | saking nagri Nèdêrlan | lagi iki tumon ana jendral bagus | anglutit pacriranira | kêkuwunge anêlahi ||

13. sajêk ingsun durung mulat | jendral bagus ingkang [ing...]

--- 121 ---

[...kang] kadi puniki | lurus pasariranipun | ladak nora lêlewa | baya iku trahing konêng satuhu[7] | wênèh kancane angucap | iku jendral tanah Jawi ||

14. lamun jendrala Walônda | môngsa nganggo ampil tumbak bêdhil[8] | payunge bara pinanggung | anèng luhur turôngga | tamèng pêdhang binalongsong ing mas murup | nulya na bojon kêpala | kampung anyambungi aris ||

15. yaiku mau narendra | ingkang sôngka pulo Jawi[9] | mulane luwih abagus | jêng ratu tanah Jawa | trahing nabi kusuma rêmbêsing madu | wijiling wong maratapa | têdhaking andana warih ||

16. duk anèng prajane kana | kala maksih mêngkoni tanah Jawi | sugih punggawa bala gung | kasob kaonang-onang | wus kasusra marang praja liyanipun | yèn karaton tanah Jawa | ênggone wong bêcik-bêcik ||

17. kancane malih angucap | iya bênêr iku mau narpati | yèn jendral matane bawur | asiwêr sawatara | iku mau gumilar sêsocanipun | sawang-sawunging wadana | muncar-muncar anêlahi ||

18. apan dadya rêrubungan | sakathahe pra nonah samya prapti | samya têtanya sadarum | marang kapalanira | yèn idhêpa iku mau jêng sinuhun | sun sêngguh jendral Walônda | tiwas nora tamat mami ||

19. yaiku kang yasa kutha | nagri kene ya kang

--- 122 ---

gawe bêcik[10] | nora talah jêng sinuhun | lagi kliling sapisan | jêr wus lawas nèng kene wus pirang taun | warnane manèh idhêpa | amung iku kang pawarti ||

20. yèn kene ana narendra | iya ratu saking ing tanah Jawi | malah lan sagarwanipun | apa rupane baya | bojon ratu apa luwih warnanipun | apa bedane lan nyonyah | kapriye gonku ngudani ||

21. sigêgên ingkang rêrasan | kawuwusa wau sri narapati | wusnya mubêng nulya kondur | angrurak arêringa | kang dèn ungak ing iringan pinggir lurung | angiras ngraras rêrupan | kadya rangu-rangu ririh ||

22. aririh mangunandika | nagri kene bobote lagi dadi | kèh warnane para arum | mèh padha tanah Jawa | sarta kabèh naracak ing warnanipun | mèh kacaryan sri narendra | duk wau dipun ormati ||

23. residhèn lon turira[11] | yèn kaparêng anggèr swawi nuli[12] | punika mèh sampun surup | benjang malih kewala | lamun arsa bêsiyar tindaka esuk | sakarsa-karsa paduka | kula botên amangêni ||

24. nulya liniru lampahnya | sri narendra praptanira puri[13] | têdhak sing wahana sampun | tata lênggah pandhapa | lan residhèn sampun linarihan minum | branduwin miwah sapanya | sarutu miwah tèh kopi ||

25. ingkang ngladèni

--- 123 ---

urdênas | Lônda papat pêpancèning Kumpêni | residhèn wus pamit mundur | kangjêng sri naradipa | ngatêrakên nèng taritis nulya wangsul | suruping arka wus sigra | minggah sare sri bupati ||

26. kalawan ing garwanira | sri narendra dalu tan antuk guling | awit saking onêngipun | ing garwa kang tinilar | dadya putêk ing tyas sangsaya margiyuh | rinasa saya karasa | linali-lali tan lali ||

27. awit kang samya sung urmat | iku ingkang dadya panggugah galih | ana èmpêr-èmpêripun | pra garwa kang tinilar | wontên ingkang mirib para arum-arum | mila sajroning anendra | kaèpi kadya kaèksi ||

28. kunêng kawuwusa enjing[14] | sri narendra wungu lajêng mring gadri | animbali apdinipun | wauni tukang mangsak | lan pênatu kalihnya wus munggèng ngayun | gya binêktèng gêdhongira | prasami dipun timbali ||

29. bibi apa sira wikan | ing warnane nonah pinggiring margi | ika kang marêp mangidul | kang ênêr gok-enggokan | lawan pojok kang wetan mung lêt rong surup | yèn sira wus padha wikan | sandinên tuku sêmbagi ||

30. bibi nyatakna kewela[15] | apa lêgan apa duwe laki[16] | yèn lêgan jawabên gupuh | môngsa bodhoa sira | anggawaa dhuwit anggonên tuku[17] | ngijolna kêrtas kewala | limang atus bae bibi ||

--- 124 ---

31. tukang pênatu tur sêmbah | yèn makatên karsa dalêm sang aji | botên wontên lêpatipun | amêsthi kalampahan | pan sadaya ing ngriki antaronipun | kawula sadaya têpang | kados kawula kadugi ||

32. ananging atur kawula | yèn sambada dhahar aturing abdi | pan punika tiyang tanggung | tan pantês kinarsakna | jêr pukulun wus kaloka ratu agung | lamun agalih kirang prênah[18] | tan pantês tinon ing jalmi ||

33. yèn dhahar atur kawula | ngriki wontên nonah kang lagya prapti | sêmbada warnane ayu | pantês wadya pingitan | datan têbih lan arinta kangjêng ratu | sabarangipun mèh padha | mung kaot netrane gusti ||

34. punika suthup kang netra | pan wus limrah bangsane kucir gusti | lawan kaot sukunipun | alit dlamakanira | tigang nyari gusti ing antaranipun | punika sampun warata | wêdalan Cina nagari ||

35. punika duk lairira | pan ginodhi sukune kalih nami | datan kenging ucul-ucul | kongsi mèh praptèng pupak | duk larene kadya lare sakit lumpuh | punika pan sampun nrimah | yèn nonah makatên gusti ||

36. lamun botên makatêna | yêkti dede wêdalan Cina nagri | yêkti pranakananipun | wêdalan tanah Jawa | lawan kaot gusti lampah-lampahipun | yèn wêdalan nagri Cina | lampahe lir kênèng angin ||

37. punika sakilim moyang [mo...]

--- 125 ---

[...yang] | mung satunggal anak juragan sugih | tambuh gone bandhanipun | rêmên maiti dagang | miwah petang padinan nèng wismanipun | agawe miwah anêbas | wus kalih warsa samangkin ||

38. lêncêng pawakane lênjang | amarada kuninge amêncêning | mêlês rambut irêng mulus | pun Kuwi namanira | bapakipun nama pun Kèhing pukulun | anyewa gêdhong sakawan | satunggaling dipu[19] gèni ||

39. kang tiga panggenan barang | gih punika gusti pun Nonah Kuwi | botên kenging mêtu-mêtu | sinung unggyan priyôngga | sabên dintên kawula dhatêng ngriku[20] | kêpanggih lênggah piyambak | anèng gêdhong lagya nyungging ||

40. punika wignya sabarang | botên wontên pagawean tinampik | sabarang karya wus putus | lan wiknya barang sastra | Lônda Jawa Arab mumpuni sadarum | ambalodir miwah nyulam | amangsak sinambi bathik ||

41. limpat pasanging graita | nadyan juwèh saya mimbuhi manis | sêmbada wiraga tanduk | boja tur parikrama | gonas-ganès nènèse kapara patut | prasaja lamun lêlewa | luwês parigêl mrakati ||

42. pantês dêdêge pidêksa | ngolan-olan janggane angalêngking | lir paès bêbathukipun | pundhake nraju mas[21] | prêmbayune mamuyuh dênta sacakup | mintir-mintir tur sumunar | kuninge bêngle kengis[22] ||

43. nyurêmkên gêbyaring wulan | layak kadi carita jroning tulis | pramèswarine sang

--- 126 ---

prabu | Ngastina Banuwatya | kang ngiribi lir Nah Kuwi warnanipun | tan ana sarupi nulat | kadi musthikaning èstri ||

44. alinggih mundhak sêmbada | ngadêg lumaku mandhêk mundhak manis | amarêngut wimbuh patut | ayune wêwilêtan | dhuh bekane ingsun emut duk rumuhun | wayah sore ingsun sawang | panuju wungu aguling ||

45. sun sawang wuwuh manisnya | mendahane lamun busana adi | baya sèwu mono iku | ayune tanpa sama | sira iku dene lamun tangi turu | sun sawang lir mêdi sawah | gumujêng sri narapati ||

46. wau ta sri naranata | duk miyarsa ature abdi kalih | ing tyas sangsaya margiyuh | kèksi ing sanalika | sri narendra dadya nurut abdinipun | kêmanisên ing wicara | kathah dènira ngimbuhi ||

18. Gambuh

1. wau ta sang aprabu | myarsa ature tukang pênatu | dhêlêg-dhêlêg sanalika datan angling | krasa kèlu nandhang wuyung | kasmaran dening pawartos ||

2. osiking tyas sang prabu | kapengin bangêt sun arêp wêruh | mring Si Kuwi citranira ingkang warni | yèn tuhu bêcik sun pundhut | nadyan wijile wong asor ||

3. ngandika sang aprabu | yèn mangkono sira ingsun utus | amênyanga ing panggonane Nah Kuwi | jawabên bibi dèn gupuh | aywa jalma kang wêroh[23] ||

4. ing mangke pukul têlu | paduka kliling kula rumuhun | pan kula abêkta tatêngêr gusti[24] | sêkar

--- 127 ---

taluki kang sungsun | kagungan dalêm sang katèng[25] ||

5. sokur sagêd kapangguh | botên wontên rencangipun lungguh | bokmanawi wontên rencangipun linggih | pundi ingkang mawi cundhuk | gih punika kang rinaos ||

6. gumujêng sang aprabu | iya bênêr karêpirèku[26] | wis ta bibi sira pangkata kariyin | ing mêngko satêngah têlu | sêdhêng adhangên nèng kono ||

7. abdi kalih wotsantun | yèn sampun têlas wêling ulun[27] | pan kawula badhe pangkat mupung enjing | mugi angsala pangèstu | inggih gusti sang akatong ||

8. nulya umangkat gupuh | tukang mangsak lan tukang pênatu | lanthang-lanthang gawa dhuwit têlung kampil | apan sarwi bêkta cundhuk | sêkar taluki nèng conthong ||

9. kunêng wau winuwus | sri narendra wus siyaga sampun | miyos têgar kang dhèrèk urdênas katri | ngampil upacara prabu | pêdhang tamèng lawan songsong ||

10. dragundêr kanêm pungkur | kêkalih kang jajari ing ngayun | sri narendra amangagêm cara Jawi | nyamping latar putih kawung | paningsête wungu gêdhog ||

11. èpèk sulaman biru | rasukan jubah sutra ijo byur | asangsangan marêjan abrit inganggit | bawang sabungkule sungsun | têtiga nèng jaja katong ||

12. atudhung bulu-bulu | wungu nglèwèr lir buntuting manuk | malêngkung tibèng pêpilingan kering[28] | miyos saking jro kêdhatun | gumuruh urmating [ur...]

--- 128 ---

[...mating] katong ||

13. salomprèt miwah tambur | para garnison kang jaga nglurung | sri narendra sapraptane ngarsèng loji | kampir residhenan rawuh | tuwan sidhèn gupoh-gupoh ||

14. pamêthuke wus tundhuk | satêdhake kuda sang prabu[29] | wus kinanthèn binêkta[30] | jro loji wus tata lungguh | residhèn umatur alon ||

15. tuwin ngaturi wêruh | koran saking Nèdêrlan praja gung | sri narendra sigra dènnya bukak tulis | winaos suraosipun | botên lyan jendral sung wartos ||

16. yèn padhang dèrèng gêmpur | maksih rame dènira prang pupuh | ing samangke Kumpêni lagya batoni[31] | praptèng padhang lajêng pupuh | nanging dèrèng wontên kasor ||

17. wus têlas koranipun | sri narendra kèndêl lajêng ngunjuk | gya sinamur gêgujêngan sra[32] Kumpêni | dangu sang nata mit kondur | yèn badhe kliling sang katong ||

18. residhèn alon matur | yèn suwawi dhahara rumuhun | sri narendra sigra dhahar anèng loji | wusnya dhahar lajêng kundur | residhèn ngatêrkên gupoh ||

19. gya nitih kudanipun | arsa mubêng ing pacinan kidul | pan sinigêg sang nata dènnya lumaris | gantya wau kang winuwus | dutanira sang akatong ||

20. èstri tukang pênatu | sampun prapta ing pacinan kidul | sampun dangu dènnya panggih lan Nah Kuwi | dangu dènira [dè...]

--- 129 ---

[...nira] mrih rêmbug | Nah Kuwi manahe luloh ||

21. dhasar tukang pênatu | sarwa wilêt wasis barang rêmbug | Nonah Kuwi wus kasmaran ing mêmanis | tur durung wruh mring sang prabu | pangrosa kaya wis wêroh ||

22. awit tukang pênatu | apan kathah dènira mrih rêmbug | mirapêti dènira angambil galih | mamrih lumunturing kayun | marma kathah dera ngomong ||

23. sêkar taluki wau | apan kathah ing sêngadinipun | wus sinungkên wau dhatêng Nonah Kuwi | kêkalih kinarya cundhuk | kang siji tansah cinakot ||

24. nanging katujunipun | botên wontên rencangipun lungguh | dadya tutug pangimurira wong kalih | nulya na nyonyah kang rawuh | dadya kèndêl gènnya omong ||

25. gya tinakonan gupuh | ni pênatu mring kang lagya rawuh | sêngadine atuku barang sêmbagi | kathah dènira nyalamur | mrih sampun kênèng rêraos ||

26. nyai tukang pênatu | dangu dènnya anganti sang prabu | gya sinamur sêsambène tuku lotis | sigêgên wau sang prabu | saking katêbihan katon ||

27. ngêtepang kudanipun | ni pênatu sigra nguwuh-uwuh | wêwadine ngajak ningali sang aji | pra nonah kabèh gumrudug | nom tuwa mèlu nênonton ||

28. ana kang manguk-manguk | anèng pipi kori ting parungup | ana ingkang anjèhèh pinggiring [pinggir...]

--- 130 ---

[...ing] margi | miwah nèng dhêdhasaripun | ana ingkang manglong-manglong ||

29. amung Nah Kuwi bingung | dadak ngowahi gêgêlungipun | apan sinjang sutra Banyumas rêspati | klambi kurung sutra wungu | susuk kondhene sajêmpol ||

30. mirah panunggulipun | pinatik sasotya abra murup | pan ingapit wau sêkaring taluki | dene kang satunggalipun | maksih ginêlut cinakot ||

31. dêpèpèl anèng pintu | cêlak lawan ni tukang pênatu | yèn dinulu Nah Kuwi ngebat-ebati | lir sudama tumalawung | rêspati canela kinclong ||

32. wau ta sang aprabu | sampun cêlak ing panggenanipun | turanggane sêsirik maripit pinggir | lir miraga solahipun | wèh eram marang kang nonton ||

33. nonah saurut lurung | samya goyang ing kêpalanipun | mitênggêngên mulat marang sri bupati | sami ciptane kayuyun | kasmaran marang sang katong ||

34. para nonah sadarum | amicara jroning tyas mangadhuh | nyata bagus brêgas ratu tanah Jawi | baya trahing Nabi Yusup | dadi kêkêmbange Ngambon ||

35. mambu gandane arum | baya ing sajagad iki suwung | kabèh para ratu salumahing bumi | môngsa miriba sarambut | warnane iku sang katong ||

36. wênèh ana sumambung | nonah tuwa wus bênêr sirèku | tanah sabrang sagunging para narpati | môngsa miriba

--- 131 ---

sang prabu | cahyane mancur mancorong ||

37. miwah wibawanipun | duk ing maksih mêngkoni praja gung | ing wartane mung anèng pandhapa linggih | atusan kang ngayap pungkur | para cèthi anom-anom ||

38. nadyan anèng kêdhatun | jroning omah tan pisah kang payung | yèn siniwi nuju dina Sênèn Kêmis | balane lubèr malêdug | pasebane saênggon-ênggon[33] ||

39. miwah ta garwanipun | ingkang tunggil jênêng kangjêng ratu | nganti papat warnane lir Larasati | sejene pra sêliripun | ayu-ayu patang puloh ||

40. wuwuh kang para manggung | kêtanggung myang kang jaja kajangkung | seje lawan palara-laraning aji | myang bêdhaya srimpinipun | pêpingitan cèthi anom ||

41. ewon jroning kadhatun | para kênya cèthi ayu-ayu | kabèh kagêm marang kangjêng sri bupati | gèdhèk-gèdhèk kang samya ngrungu[34] | layak wong kaya mangkono ||

42. sugih garwa lan manggung | katanggung myang sêlir jaka jangkung | plara-lara badhaya kalawan srimpi | dhasar ratu nom tur bagus | nora maido wak ingong ||

43. bêjane kang winêngku | yèn akua nadyan ora karuh | wus narima sok wêruh manising lathi | miwah gêbagusanipun | sêgêr marang awak wutoh ||

44. wênèh nyambungi wuwus | ya talah dene sang aprabu[35] | kuwat têmên dhahare marang pawèstri | nganti atusan puniku [pu...]

--- 132 ---

[...niku] | mangrubut rêsmining kawong ||

45. beda têmên lan ingsun | ijèn padha ijèn bae tamtu | ora êntèk sajêg urip kêthip-kêthip | son ngadêga pulih wutuh | nora krowak nora krowok ||

46. gêr padha sru ginuyu | ing rowange kang padha dêdulu | si maloto têka gawe guyu iki | kaya krambil pangan wangwung | nganggo krowak nganggo krowok ||

47. wau ta sang aprabu | mulat marang nonah nganggo cundhuk | osiking tyas baya iku Nonah Kuwi | bênêr bok tukang pênatu | pangalême nora adoh ||

48. saking panawang ingsun | siji iki sayêkti pipunjul[36] | sêdhêng têmên wong iki dhasare bêcik | sun watara misih wutuh | durung kongsi kolang-kalong ||

49. sanadyan ingsun pundhut | pantês nora dadèkke kusut[37] | durung tumon wong manis mêmanas ati | pindha musthikaning arum | dadi kêmbange kadhaton ||

50. wau sarêng andulu | Nonah Kuwi marang sang aprabu | sêsarêngan kumleram tibaning liring | Nah Kuwi mèsêm tumungkul | merang marang sang akatong ||

51. langkung dènnya kumêpyur | riwe kumyus ing saliranipun | tan adangu anulya liniring malih | tarung liringe sumaput | kasaputên sru wirangrong ||

52. sang nata wus kapungkur | Nonah Kuwi pan lajêng sumaput | amarlupa ing tyas sangsaya ngranuhi | bayuning ôngga alarut | dadya sumaput [su...]

--- 133 ---

[...maput] kang panon ||

53. dangu nulya rinangkul | Nonah Kuwi marang ni pênatu | gya binêkta lumêbu mring gêdhong aglis | ingusapan pojok pinjung | rikmane dèn sosok[38] ||

54. wau ta sarêng emut | Nonah Kuwi lungguh sarwi jêtung | apan lirih Nah Kuwi dènira nangis | bênêr bok tukang pênatu | pituture marang ingong ||

55. dadya sun ora tanggung | angawula marang sang aprabu | nadyan silih têkên janggut sun lakoni | wus pantêse raganingsun | yèn pantês sihe sang katong ||

56. lamun ta nora tulus | kayapriye ya raganingsun[39] | sri narendra têka bisa awèh wingit | duk ningali marang engsun | balungku kadya dèn lolos ||

57. agumêtêr wak ingsun | larut bayuku badan ngalumpruk | têrataban tyas ingsun asênik-sênik | baya kêna sawan dhuyung | sawane Jêng Sunan Ngambon ||

58. apa usadanipun | ênggon ingsun kêna sawan ratu | lês-lêsan tyas ingsun kadya jinait[40] | si bibi tukang pênatu | iku wajibe katêmpoh ||

59. ngambila jampinipun | iya sêpah gantène sang prabu | arsa ingsun bonyokkên sarira mami | dimèn inggal mari wuyung | kang kênèng sarkarèng katong ||

19. Dhandhanggula

1. ni pênatu agung tuturi[41] | masalahe ing karsa narendra | prasaja jinarwan [jinar...]

--- 134 ---

[...wan] kabèh | kambah-kambuh kabubuh | Nonah Kuwi kadya jinait | ing driya tan widada | nahên ing kung wuyung | uyang kadi kapêryangyang | sruning cipta lênglêng tyas agung tan eling | linglung lir kalanglangan ||

2. ngungak-ungak nginguk kanan kering | mung katongton anèng jro paningal | sasolah bawaning rajèng | rêncêming driya namung | marêm ngèstu amung manggalih | tuture tukang mangsak | lawan ni pênatu | kalihe gya sinungkêman | ingsun bibi nora duwe biyung malih | liyane saking sira ||

3. sri narendra kondurira saking | saking têgar mubêng-mubêng ing pacinan[42] | miyos bêbutulan kilèn | aloning lampahipun | datan ana kaciptèng galih | mung ingkang manguk lawang | sang nata mèh wangsul | nanging agung sinayudan | sri bupati dadya kambuh amimbuhi | kambah brôngta mring nonah ||

4. tinahên tyas lampahira aris | ngulap-ulap kang samya nèng lawang | lam-lamên kang kering bae | sinamur andêdulu | wontên jalma jalu sawiji | andhodhok pinggir marga | sri narendra dangu | hèh sira iku wong Jawa | ngêndi gonmu umatur saha wotsari | amba gusti juragan ||

5. tanah Jawi inggih ing Mantawis | kitha agêng ingkang bawah Sala | abdi paduka wijile | mêntas saking

--- 135 ---

ing laut | pulo Sêlat gusti akrami | akilak rêracikan | kawula pukulun | wau ta kyai juragan | duk tumingal marang kangjêng sri bupati | kumêmbêng waspanira ||

6. karasèng tyas lir jinait[43] | dene iku gusti ratuningwang | tan jimpe panggih nèng kene | sang nata ngandika rum | hèh ta paman juragan grami | yèn lêga lumêbua | marang jro kadhatun | ingsun arsa minta warta | ing kabare ing nagara tanah Jawi | juragan matur nêmbah ||

7. adhuh gusti inggih benjing enjing | pan ing mangke sontên nêngga barang | yèn wilujêng benjing êmbèn | sowan paduka prabu | sri narendra anêmbani[44] | ing ature juragan | sigra laju kondur | sapraptane pura rekan | sri pamasa lênggah nèng gadri pribadi | gantya kang kawuwusa ||

8. dutanira wau sri bupati | ni pênatu lawan tukang mangsak | kang kèri nèng pacinane | dangu dènira nglipur | mring Nah Kuwi amituturi | yêktine aku taman | ing wêkasanipun | malah mrih dadya tuladha | tinulada ing bôngsa ingkang basuki | mring bôngsa-bangsanira ||

9. Nonah Kuwi manahe wus kongkih | nora kukuh malah mèh kapokah | rinasa bênêr tuture | ing tyas saya margiyuh | kang ginugu-gugu panggalih | tan liya tukang mangsak | lawan ni pênatu [pê...]

--- 136 ---

[...natu] | kalihe gya sinungkêman | ingsun bibi nora duwe biyung malih | liyane saking sira ||

10. pacêt agung bibi munggèng sabin | nora bêtah bibi raganingwang | yèn awèt kaya mangkene | dhuh bibi kukus gunung | kinapakna ingsun lakoni | pira laraning lara | nadyan têkèng lampus | bèbèk rawa dhaon mudha | wis tak pupus tatingalku ana kalih | bibi mung tuturira ||

11. pêksi krêsna kang amôngsa mayit | sayêktine ingsun ngagak-agak | yèn tan panggih lan sang rajèng | êlèr têgal wak ingsun | kênthang-kênthang nganti si bibi | lamun datan kapanggya | bibi lan tuturmu | kêthèk langking saupama | lamun dadan[45] kuntung ing panuwun mami | bibi mring sri narendra ||

12. aparinga usadaning branti | suling dami bibi raganingwang | ya dimèn aglis warase | gon ingsun kênèng dhuyung | buron wastra kang môngsa jalmi | lagi tumon narendra | duk dulu maring sun | têka dadak asikara | raganingsun liniring kongsi marinding | saprene durung waras ||

13. ni pênatu anambungi ris[46] | nonah jangan sampik susah-susah | saya nyang carik obate | kaluk saya misih dhup | têmtu dhapêt obat yang baik | yang padha ri tuwan raja[47] | obat lêbih bagus | tapi saya kira saja | kaluk sudhah obat itu nonah pakik | têmtu têrlalu

--- 137 ---

sukak ||

14. sêbab itu obat lêbih moi | dhari badan itu lêbih enak | cari lagi tidhak bole | obat bêsarkên pêrut | Nonah Kuwi sarwi jiwiti | si bibi itu gila | apa dhia sungguh | bicaramu tidhak justak | kaluk sungguh baik bibi besuk pagi | kêmbali lêkas-lêkas ||

15. jangan sampik tau orang lain | baik dhiyêm kaluk adha orang | dhudhuka dhi luwar bae | jadhi tak kêrja malu | nanti kaluk ya sudhah pigi | kaluk tak adha orang | bolih bilang bêtul | itu bicara sungguhan | ni pênatu mèsêm sarwi bilang baik | nah sudhah adha saya ||

16. tukang masak anambungi aris | adhuh anggèr wus sun sêdyèng manah | wong tuwa têtulung bae | wèh prênah anak putu | supayane ing wuri-wuri | kênoa ginondhelan | ingsun wong wis sêpuh | Nah Kuwi malih angucap | ingsun bibi ora duwe biyung malih | kajaba mung sira[48] ||

17. lan maninge sira iku bêcik | dunya kerat pan antun[49] ganjaran | iku ta bibi jarene | tinikêl ping sapuluh | wong sok wong dhêmên agawe bêcik[50] | pênatu malih ngucap | ing satêmênipun | ing lair duwe gondhelan | bupatine tan wêruh dhasing trasi[51] | mung mikir kabêcikan ||

18. langkung trusthanira wau sami | ni pênatu lawan tukang masak [ma...]

--- 138 ---

[...sak] | rumôngsa olèh untunge | dènnya dinutèng prabu | ni pênatu anulya pamit | arsa matur sang nata | rèhning sampun dalu | Nah Kuwi alon angucap | iki bibi aturna marang sang aji | agêm pêningsêt pita ||

19. pita ijo biru lawan kuning | nulya wau sampun tinampenan | Nonah Kuwi wêwêlinge | nulya umangkat gupuh | Nonah Kuwi ngatêr ing kori | dangu angungak-ungak | lampahe pênatu | wus lêpas datan katingal | sigêgên Nah Kuwi kang arimong kingkin | gantya kang kawuwusa ||

20. sri narendra lagya lênggah gadri | dangu dènnya ngêntosi utusan | lênggah nèng gadri gêlèyèh | tan ana kang kaetung | amung ingkang manglong nèng kori | korine ing pacinan | sinandi dêdulu | rêca-rêca kang pinulas | ingkang sami sèndhèn witing nagasari | kabèh rêca wanodya ||

21. kadya sami angadhêp sang aji | katon cahyane kadya manungsa | dènnya pinulas mangèngèh | mêngês kadya mêmangun | ngungun sami anganggit sari | pindha kadya mangkana | ing sadayanipun | karênan tyasing narendra | mulat sagung gupala kadya sayêkti | pra cèthi nganggit sêkar ||

22. lagya lêrêm lanarap[52] ing galih | pan kasaru wau praptanira | duta èstri gya tumamèng | ing ngabyantara prabu | cèthi kalih lajêng wotsari | nulya sami ngandikan | cêlak lan sang prabu | sang nata alon ngandika | kayaparan sirèku

--- 139 ---

padha sun tuding | pawongan matur nêmbah ||

23. malah amba gusti dèn rungkêbi | pan kawula tan sagêd tumingal | lir calapita sambate | sangête nandhang wuyung | duk kawula dipun rungkêbi | tan lyan mung jêng paduka | sinambat ing wuyung | amba kinèn angaturna | prasêtyane Kuwi mring paduka ji[53] | pêjah gêsang suwita ||

24. dunya kerat lêbura wor siti | tan sumêdya cipta ing wong liya | suci salair batine | manjinga gêni murup | agêbyura têlêng jêladri | tan ana lyan kacipta | mung kangjêng sinuhun | ing siyang dalu tinêdha | mung paduka kenginga dipun antêpi | ing donya ngariloka ||

25. mung kanggêpa narimah nyênyèthi | nora ketang mung dadia padang | miwah tukang pamangsake | sok wontên ngarsa prabu | kathah-kathah ature gusti | ulun kinèn ngambila | sêpahe sang prabu | kinarya panglipur brôngta | malah mangke gusti pun Kuwi ngaturi | agêm paningsêt pita ||

26. ijêm biru wungu lawan abrit | pan sadaya sinulam toya mas | punika gusti warnane | punang pita wus kunjuk | sri narendra ngandika aris | si bibi duwe kaya | darma ngêpèk ingsun | tukang mangsak atur sêmbah | yèn puruna gusti kawula nampèni | langkung saking punika ||

27. tukang mangsak sigra matur aris | inggih gusti pan kawula eram | para nonah sadayane | inggih saturutipun [saturuti...]

--- 140 ---

[...pun] | apan sami kasmaran gusti | ningali jêng paduka | samya nandhang wuyung | kawula mirêng piyambak | wicantêne sadaya anêdha ngapdi | gumujêng sri narendra ||

28. apan sarwi angandika aris | lah bibi sira dèn abisa[54] | aja kongsi kajuwarèh | rêksanên tingkah ingsun | aja ana ingkang udani | gya kondur sri narendra | manjing dalêm agung | asare lan garwanira | sri narendra sadalu tan antuk guling | saking paningsêt pita ||

29. ya ta wau kawuwusa enjing | sri narendra wungu gya pinarak | nèng kursi lawan garwane | ningali orgêl barung | apan munya agênti-gênti | sang nata langkung suka | myarsa orgêlipun | lagya eca mamrih swara | pan kasaru nyai rudita wotsari | matur atur uninga ||

30. abdi dalêm madana kang kêmit | Radèn Ngabèi Atmawiryana | anampèni kèngkènane | andika dyan tumênggung | sigra sampun dipun timbali | kerit wadana jaga | duta nêmbah matur | kalamun atur uninga | abdi dalêm Dyan Mênggung Cakrapurèki | badhe amangun krama ||

31. angsal anakipun jagal sugih | kapanggihe tur ambubak kawah | nyuwun pangèstu wiyose | ing paduka sang prabu | benjang lamun wus kanêm ari | kalih lan kênyowana | ngabêkti sang prabu | sri bupati angandika | kalingane si uwa mêmarahi[55] | mêmengin mangun krama ||

32. mèsêm narendra [nare...]

--- 141 ---

[...ndra] nolih kang rayi | lah ta yayi sira pêparinga | si uwa iku wragade | rupiyah limang atus | myang sawitan jarik sakodhi | dadi panjurung ingwang | patukoning apu | lan ingsun paring pandonga | supayane tumulia momong siwi | tumulara maring wang ||

33. kangjêng ratu matur sarwi runtik | bok inggih lajêng paduka krama | mupung wontên panutane | botên kirang dyah ayu | sintên ingkang kinarsan aji | suka nêdya punapa | kêsdu momong maru | wus jamake wong wanudya | lara-lapa nglabuhi sabaya pati | praptèng sabrang sumêbrang ||

34. nora kadang miwah bapa bibi | kuwanuhan bae nora pisan | dhasar wus adoh prajane | prasaja nora tanggung | ngêgungakên padhaning èstri | ngèstu ngèstokkên wulang | dhasare wus tau | nate kinêmaru kathah | nora suthik kathik nganggo mêmarai | ing karsa padukendra ||

35. botên gingsir lan botên kuwatir | botên maras lawan botên panas | jêr nguni wus tautate | winayuh patang puluh | duk kalane nèng tanah Jawi | maru padha bandara | jênêng padha ratu | kabèh sining dhatulaya | sayêktine dadi garwaning narpati | prandene tan suminggah ||

36. mangke malih sampun wontên ngriki | môngsa dadak mêmalangana[56] | lamun wus dadi karsane | wus jamake wong kakung | tan narima pancèn pribadi | dhasare jêng paduka [pa...]

--- 142 ---

[...duka] | maksih nom abagus | ajaa gandhèng rèntènga | lah punapa margane tumêkèng ngriki | saking kirang narima ||

37. yèn darbea panarimèng galih | anêtêpi jangjine marang wang | môngsa ngantia mangkene | sayêkti misih luhur | amêngkoni karaton Jawi | jawane nora lana | lênging karsanipun | kalakon ninggal nagara | karanane karênan nyidrani jangji | wite nora narima ||

38. sri narendra kalane miyarsi | mring ature kangjêng pramèswara | têka anjog wardayane | ing tyas èsmu kaduwung | pangandikanira narpati | yayi age paringa | dimèn nuli mundur | datan dangu pinaringan | punang duta wus tampi paring narpati | pamit sampun kalilan ||

39. mundur saking ing ngarsa sang aji | pan kasaru lurah tur uninga | yèn juragan kutha gêdhe | sowan ngarsa sang prabu | apan lajêng kinèn nimbali | kerit tan dangu prapta | ki juragan gupuh | ingawe marang narendra | kinon minggah majêng marang pandhapi[57] | manêmbah nulya lênggah ||

40. ki juragan sarêng aningali | yèn sang nata lênggah lawan garwa | amicarèng jroning kalbune[58] | eman têmên gustiku | bêcik-bêcik nèng tanah Jawi | dadi musthikaning rat | amêngku praja gung | dadak arda puwa-puwa | têmahane anurut pikir tan bêcik | nora angêman praja ||

41. lali lamun musthikaning [musthika...]

--- 143 ---

[...ning] bumi | bumi kabèh kagungan narendra | iya ing tanah Jawane | dadak dinalih dudu | putêking tyas murca ing wêngi | dadak galih tirakat | anilib wadya gung | tan arsa nari punggawa | para kadang tan ana kang dèn jarwani | dinalih ngarah apa ||

42. iku têtêping Ratu Taruni | kaduk wani pan kurang wêweka | durung matêng panggilute | wong tinggal adat ratu | lagi tumon ana narpati | têka galih tirakat | panggalihe kuwur | kamoktèn sangalam donya | sayêktine tan ana kadya narpati | ing mangke têmah papa ||

43. katujune trahing senapati | têdhaking Sultan Agung ing Mataram[59] | kudu dhuwur dêrajade | iki wis anèng laut | kamuktène isih ngluwihi | kacèk tan mêngku jagad | marentah bala gung | lan duk anèng tanah Jawa | nora beda karsaning sri narapati | tan mêgatruh ing nata ||

20. Mêgatruh

1. sri narendra dadi angandika arum | hèh paman juragan grami | besuk apa gonmu mundur | iya maring tanah Jawi | juragan nêmbah turnya lon ||

2. lamun lujêng angsal pangèstu pukulun | kados tumuntêna gusti | kawula aso pan sampun | wus lami wontên ing ngriki | barang kawula wus mrantos ||

3. dawêk nganti baita kapal kang rawuh | saking pulo nagri Borni | kados kalih dintên prabu | dhatênge baita api | wontên palabuhan [pa...]

--- 144 ---

[...labuhan] Ngambon ||

4. ki juragan pinaringan kalih gêndul | madherah lawan branduwin | nulya dhinawuhan nginum | powa-powa kang nglarihi | linarihan gêlas dhepok ||

5. wusnya nginum sang nata andangu gupuh | hèh paman juragan grami | ngong arsa takon sirèku | pakabaran tanah Jawi | iya ing sapungkur ingong ||

6. Surakarta miwah nagara Mêntarum | apa ta padha basuki | ki juragan nêmbah matur | sapirsa kawula gusti | sami wilujêng kemawon ||

7. kaotipun duk paduka sang aprabu | arame kala rumiyin | ing mangke kalangkung samun | ing Sala miwah Mêntawis | dhêdhêp sirêp kadya kasok ||

8. garwa nata alon dènira umatur | bok inggih andangu warti | putra panduka kang kantun | sang nata adangu malih | hèh juragan ingsun takon ||

9. apa sira wus wêruh mring putraningsun | manawa sira udani | juragan nêmbah umatur | kawula duk taun wingking | badhe grêbêg arsa nonton ||

10. anuju gusti inggih wulan Mulud[60] | wulan ping nêm praptèng nagri | nyarêngi sakatèn mudhun | kawula lajêng ningali | nèng ngalun-alun alunggoh ||

11. datan dangu nulya wontên lare gundhul | mêdal sakilèn sitinggil | sadaya amawi kalung | punika gusti jajari | ing wuri bucu lan cebol ||

12. kang

--- 145 ---

dèn iring putra kalih langkung bagus | apan samya nitih bèndi | pan asri busananipun | sagung kang samya angiring | samya sumping karang mêlok ||

13. ulun tumud aningali rakitipun | bandara lawan abdi[61] | sakalangkung beragipun | pan ulun pitakèn inggih | putra ngabeyan kang wartos ||

14. datan dangu ing wuri wontên sumambung | lare kathah cilik-cilik | jèjèr-jèjèr ngurung-urung | sagung kang samya ningali | sadaya samya andhodhok ||

15. jinagenan êmban kalih munggèng pungkur | ginarêbêg para abdi | pan punika kula gumun | putra kalangkung apêkik | cahyane sirat cumlorot ||

16. awang-awang gumiwang anguwung-uwung | mangawêng-awêngi wêngi | soca lir baskara murub | gumilar agêgilari | kawula tumingal jomblong ||

17. pan kawula takèn rencang kula lungguh | putra sinongsongan kuning | gih puka Gusti Timur[62] | putrane sri narapati | kang jêngkar mring nagri Ngambon ||

18. mila bagus jêr punika ibu ratu | wayah Pangran Mangkubumi | lir jangêt pinara têlu | dhasare pinundhut siwi | marang kangjêng sang akatong ||

19. dinadama marang kangjêng sang aprabu | tan kenging pisah sanyari | pan kinanthi siyang lan dalu[63] | langkung sihe sri bupati | kadya putra dènnya ngêroh ||

20. sri narendra duk miyarsa aturipun | wau kang juragan grami | ribêt tyasira matrênyuh [matrê...]

--- 146 ---

[...nyuh] | karasèng wartaning siwi | dadya ngunandika alon ||

21. yèn mangkono apa wis gêdhe si kulup | dene wis anitih wajik | katuwone raganingsun | ora bisa amirsani | tiwas têmên raganingong ||

22. sri narendra alon pangandikanipun | hèh paman juragan grami | kaya pa suwarnanipun | putra ingkang songsong kuning | juragan nêmbah turnya lon ||

23. warninipun putra inggih langkung bagus | lawan paduka tan kalih | kaot ênèm lawan sêpuh | kadya jambe nèm pinalih | tan sagêd milih sawiyos ||

24. salirane wêwêg paduka pukulun | punika benjing pawingking | pan kadya gambar winangun | iba yèn diwasa malih | tuhu kalamun kinaot ||

25. sri narendra miyarsa ing aturipun | kagagas wartaning siwi | marlupa saliranipun | wau ki juragan grami | asru manahên sang katong ||

26. langkung putêg wau kangjêng sang aprabu | riwe kumyus anêlêsi | awit saking onêngipun | sidhakêp sri narapati | sapandurat tan katon wong ||

27. saking sabêt sang nata dènnya matrênyuh | sinunduk lawan prayogi | ing èmpêre putranipun | pinindha kadya kaèksi | kumlebat kadya na katon ||

28. datan cèwèt ature juragan wau [wa...]

--- 147 ---

[...u] | tan wontên gèsèh sakêdhik | ing èmpêre putranipun | sang nata waspanya mijil | garwane mèlu rawat loh ||

29. sanalika sang nata mèh kaya mabur | yèn aja lêta jaladri | tanah Jawa mèh kadulu | saking onêngirèng siwi | sru manêbut sang akatong ||

30. wus luwaran sang nata dènnya wulangun | dadya gung narimèng batin | sumendhe karsa sang agung | pinupus kalawan takdir | dènira dadi lêlakon ||

31. sri narendra alon pangandikanipun | hèh paman juragan grami | ya bangêt tarimaningsun | gonmu sung kabar mring mami | gya kêkinon maringi gupoh[64] ||

32. ki juragan agya pinaringan sangu | tigang atus rupyah putih | lan lorodannya sang prabu | kêbayak kalawan nyamping | nulya pinaringkên gupoh ||

33. ki juragan manêmbah sarwi umatur | inggih nuwun-nuwun gusti | patêdhan dalêm sang prabu | dadosa jimat paripih | lorotan dalêm sang katong ||

34. lamun parêng abdi dalêm nyuwun mundur | mantuk dhatêng tanah Jawi | mugi angsala pangèstu | amrih wilujêng ing margi | gya manêmbah mundur alon ||

35. kunêng wau kasaru ing praptanipun | upas ambêkta kintèki | sêrat saking jendral laut | saking nagari Walandi | wus katur marang sang katong ||

36. wus tinampèn [tina...]

--- 148 ---

[...mpèn] nawala marang sang prabu | binuka sinuksmèng galih | kang sêrat suraosipun | têmbunge atur prayogi | para jendral mring sang katong ||

37. kaparênga angaturi bintangipun | karsane Wilêm ping kalih | kinarya tôndha lumuntur | ing pamitran lair batin | kados tigang wulan dados ||

38. langkung ngungun osiking tyas sang aprabu | nganggo bintang awak mami | kapriye pangagêm ingsun | kaya pendah mêngku bumi | nadyan ratu wong wis dhongkol ||

39. pan sinamur onêngira marang sunu | nanging sangsaya kaèksi | sang nata sangsaya emut | karasèng wartaning siwi | dadya ngunandika alon ||

40. yèn mangkono putraningsun ya Si Timur | mungguh luhur awak mami | maksih amêngku praja gung | wus dadi pangran dipati | yèku dadi kanthiningong ||

21. Kinanthi

1. ya ta wau sang prabu[65] | karsa anglêlipur galih | têdhak marang ing pacinan | nanging ora ambêkta abdi[66] | amung kang nongsong kewala | miwah drahgundêr rong rakit ||

2. ngiring ngarsa miwah pungkur | sri narendra nitih bèndi | angasta tambang priyôngga | miyos bêbutulan wingking | wus laju lampahing rata | nora miyos ngarêp loji ||

3. saking lor kulon mangidul | miyos pakampungan Jawi | naratas mubêng mangetan | anjok kampung Koja Êncik [Ê...]

--- 149 ---

[...ncik] | sapraptaning pacinan[67] | gone toko dèn têdhaki ||

4. wong pacinan sami gugup | sarawuhe sri bupati | samya amêndhêt dagangan | kêpala Cina wus prapti | nèng ngarsane sri narendra | cêcaos cumadhang kardi ||

5. mubêng ing toko sang prabu | midêr-midêr mariksani | dagangan mawarna-warna | bôngsa gêlas bôngsa jarik | kathah Cina toko prapta | dhêrêg anèng ngarsa aji ||

6. anggêlar daganganipun | akèh nonah nêningali | jêjêl kêbak yêl-uyêlan | akèh pêparing narpati | mring kang nonton para nonah | karbu miwah ali-ali ||

7. wênèh bênting pêlangi mur | sarta kang bakal kulambi | susuk kondhe kalung gêlang | suka kang samya nampèni | paringe sri naranata | barang toko pèni-pèni ||

8. pan saya umung gumuruh | bêntêt nonah nêningali | dhêdhêsukan rêbut ngarsa | lir binêbêg pêpêt pipit | gunge kang samya tumingal | supênuh jalu lan èstri ||

9. suka para toko agung | kang rinawuhan narpati | pêpayon untunge kathah | tan ana nganyang sathithik | sabên ingkang pinirsanan | sadaya tan ngaping kalih ||

10. sayêkti lajêng kapundhut | sarêgane dèn dhuwiti | nanging tan ana binêkta | kondur marang pura sami | pinaringkên para

--- 150 ---

nonah | ingkang samya nêningali ||

11. milane saya gumruduk | tut wuri marang sang aji | saparanira kinêpang | ting saliring kanan kering | wêgah Walandine usar | panggêsahe tan tinolih ||

12. saya dangu saya agung | para nonah ingkang prapti | ningali jêng susuhunan | myang ngadhang paringaning sih | suka kajêng[68] sri narendra | kathahe para ningali ||

13. wênèh ana mungup-mungup | ing candhela miwah kori | ingkang cêdhak tundha-tundha | matambah-tambah tan têbih | pinggiring toko ajirap | dhêrak para nonah kuning ||

14. warata saurutipun | pacinan bêntêt matitip | lir baris kêpung akapang | kupêng saparaning aji | untaping kang pra nonah[69] | pindha robing jalanidhi ||

15. dadya asrining praja gung | lir rêrênggan pasrèn sari | langkung sukaning narendra | myat ingkang samya ningali | kèhing nonah endah-endah | samya mijil saking panti ||

16. wênèh ana kang kasusu | gêlung lukar tan tinolih | miwah kêmbên kaleweran | nora nêdya dèn rawati | prêmbayun sinôngga asta | kayungyun pesok kapipit ||

17. kadya nyaoskên prêmbayun | mring kangjêng sri narapati | wênèh lagya nganggit sêkar | akuleweran cinangking | kadya age sinaosna | marang kangjêng sri bupati ||

18. ana [a...]

--- 151 ---

[...na] dyah maksih anawung | ing anak-anakan gadhing | prapta pinggiring dêdalan | gumuyu golèk dèn lingling | lah mèlua bapakira | yaiku kang nunggang bèndi ||

19. sang nata suka gumuyu | osiking driya sang aji | pêpak isining nagara | ing Ngambon para pawèstri | akèh padha endah-endah | anêracak kuning-kuning ||

20. nanging ta pandêlêng ingsun | ika kaya kurang siji | nonah ingkang omah wetan | nora mèlu aningali | baya lagi ewuh apa | kurang prêlune mring mami ||

21. dene iku mung rong surup | lan panggonane Si Kuwi | apa têmên ora wikan | yèn ingsun têdhak mring ngriki | mokal yèn ora wêruha | apa isin marang mami ||

22. dadya tan milu dêdulu | prandene tan ana kèksi | ribêt tyasira sang nata | myat kang samya nêningali | wus tita mandayèng prana | dadya tyasira ngunduri ||

23. lajêng kondur sang aprabu | gumyak kang samya ningali | dene kondure sang nata | sadaya samya ngurmati | sang nata agêgancangan | wus prapta dalêmirèki ||

24. animbali abdinipun | pan kêkalih tiyang èstri | pênatu lan tukang mangsak | wus prapta ngarsaning aji | sang nata alon ngandika | paran karêpira bibi ||

25. ingsun iki [i...]

--- 152 ---

[...ki] lagi rawuh | saking ing pacinan mami | duk sira biyèn nèng kana | iya kang ingsun têdhaki | sandhinge mung lêt rong lawang | rada kulone sathithik ||

26. jêr iku gon toko agung | mulane ingsun têdhaki | nanging bibi kabênêran | cêdhak gone Nonah Kuwi | duk ingsun têdhak ing kana | Si Kuwi tan ana kèksi ||

27. môngka kèh nonah gumrudug | anênonton marang mami | gon ingsun têtuku barang | êntèk kalih èwu ringgit | tan ana sun gawa pulang | kabèh sun paringkên bibi ||

28. marang kang padha dêdulu | para nonah kèh tut buri | mung Si Kuwi nora nana | sasuwene sun êntèni | mara age tilikana | manawa lara Nah Kuwi ||

29. yèn lara tunggunên gupuh | karo aja mulih-mulih | lamun waras timbalana | warahên ingsun êntèni | aja kongsi wruh ing kathah | jujukna nèng tamansari ||

30. bok ratu ja kongsi wêruh | poma dipun ngati-ati | lakua sandi kewala | sêdhêng mêngko eyub bibi | bibi aja suwe sira | barênga lakumu bibi ||

31. gêdhong jambon pojokipun | kang kiwa tur rada têbih | nungganga bèndi kewala | kang mêntas ingsun tunggangi | supayane gêlis prapta | sandika parêkan kalih ||

32. mundur sing ngarsa sang prabu | wus wahana rata bèndi [bè...]

--- 153 ---

[...ndi] | mêdal kori pêpungkuran | tan wus ucapên nèng margi | wau ingkang cinarita | sira Nonah Ento Kuwi ||

33. duk wau têdhak sang prabu | nora mèlu aningali | lagya sakeca anendra | labêt karipan ing wêngi | ing wiyoga kawimbuhan | siyang lagya sagêd guling ||

34. sawungunya sang dyah ayu | mêdal dêpèpèl ing kori | durung wruh wartaning jaba | wontên nonah kang marani | têtiga sami alênggah | gumuyu asung pawarti ||

35. sira Kuwi nora wêruh | mau kangjêng sri bupati | têdhak toko kulon ika | akèh nonah nêningali | tur padha antuk ganjaran | wênèh kalung ali-ali ||

36. ana pênding ana sabuk | ana gêlang ana bênik | myang pêniti kêmbang goyang | krabu miwah bakal klambi | aku dhewe rada cêdhak | anèng ngiringan sang aji ||

37. dhasare nyata abagus | yèn kêna ingsun ngèngèri | sapa wani ngaturêna | sun opahi satus ringgit | aja tanggung gonku nyôngga | sinebrakkên bapa bibi ||

38. nora brêduli awakku | nadyan ngêmungna sawêngi | lowung minôngka usada | nyarati dimène laris | buwang sêbêling sarira | nora kusut gêlis laki ||

39. dhuh babo-babo sang prabu | ratuning wong tanah Jawi | anyata yèn bagus barêgas[70] | wimbuh balaba ngluwihi | tumeja cahyane muncar | manise [ma...]

--- 154 ---

[...nise] ngêbaki bumi ||

40. ewuh apa sira mau | dene nora nêningali | Nah Kuwi sarêng miyarsa | kumêpyur gêtun kapati | ketang anutuh sasira | sigra mantuk tutup kori ||

41. angrungkêbi gulingipun | Nonah Kuwi ringik-ringik | ririh têbah-têbah jaja | panglocitane tyas kadi | sêsambat winor ngrarêpa | rêrêpène Nonah Kuwi ||

42. puspa ranu dhuh sang prabu | paran watêsing pamilis | dhuh sinuhun kaya ngapa | pêthaning salira mami | wêkasaning ing pratingkah | pinguling tyas narapati ||

43. mati ngênês baya ingsun | sutejaning ima wêngi | sang nata anganiaya | dene têka angêndhoni | sasmita swara rêkasa | tan kêna dèn anti-anti ||

44. siyang dalu kang kinaruh | rêrupan sajroning guling | mung kèwi sadina-dina | wêkasan nora nimbangi | dene têdhak mring pacinan | dadak nglimpe wong aguling ||

45. lah ta dene ni pênatu | agung sikara mring mami | manggis kuning isi jênar | têka maleca ing jangji | sabrangane wong Blambangan | dene ora ana bali ||

46. gêmbili kang awoh dhuwur | gadêbugan awak mami | kimpul gunung wong awirya | mati anglês sun lakoni | jangkrik gung munggèng kêbonan | mung sang nata kula siri ||

47. gônja tumbak dhuh sang prabu | bale kuda sun lampahi | manah kula têrataban | yèn kêpêthun[71] lawan gusti | wilangan pindho

--- 155 ---

lêlima | puluh-puluh Nonah Kuwi ||

48. kawining powan cinandu | tega têmên sri bupati | kawining suta pangarsa | sun ayun-ayun kapati | gubug dhuwur jroning pura | anggung gawe lara branta ||

49. trêsôndha durjana lampus | manah kula kêtir-kêtir | yèn tan panggih lan sang nata | bantal dawa kang pangapit | kawal ijo ing karangan | gêguling ingsun kêloni ||

50. dhuh Têpekong mintak tulung | tulungên ragèngsun iki | gonku brônta mring sang nata | muga sira anulungi | yèn sira tan nulungana | tanpa gawe sun sêsaji ||

51. nêngna wau kang wulangun | sira Nonah Ento Kuwi | agung dènira sêsambat | wau parêkan kêkalih | ni pênatu tukang mangsak | prapta mudhun saking bèndi ||

52. kalih dhodhog-dhodhog pintu | sigra dènira mêngani | panggih sarêng rêrangkulan | Nonah Kuwi lingira ris | adhuh bibi sarpa ponthang | mêlang-mêlang ati mami ||

54. dene suwe nora rawuh | sun sêngguh cidra ing jangji | dhasar kangjêng sri narendra | sêmune niayèng mami | têdhake marang pacinan | dadak nglimpe wong aguling ||

55. kurang thithik turun apyuh | yèn ajaa nuli prapti | sira sakarone padha | layak nora amênangi | ni pênatu lon anabda | adhuh nonah aja nganti ||

56. mangkono tekatmu gêndhuk | nora bêcik kang

--- 156 ---

pinanggih | prayogi dèn sabarêna | praptaningong kene pasthi | nah dhipanggil tuwan raja | kaisêr sudhah bêrnanti ||

57. nonah pakik-pakik dhulu | jangan nonah lansas mandhi | lah baik mandhi dhisana | airnya têrlalu bêrsih | nanti mandhi sama saya | Nah Kuwi alon mangsuli ||

58. bêtul bibi bicaramu | sêbêntar bibi bêrnanti | Nah Kuwi nuruti sigra | ngrasuk busana nulya glis | asinjang sarung kusta bang | sinulam ing rinda kuning ||

59. baju kurung bata lumut | sulak ijo pupus bêning | panitine kêmbang goyang | munggèng jaja balêrêngi | rimong wal sutra bênang mas | têtasik lamatan kuning ||

60. canela baludir bludru | biru kaos sutra putih | kadi Dèwi Adaninggar | ukêle kondhe ingapit | susuk barleyan gumêbyar | wusing busana miranti ||

61. nitih bèndi katrinipun | datan winarna ing margi | lampahe wau wus prapta | sajabaning tamansari | ni pênatu wusing mandhap | manjing jroning tamansari ||

62. ni pêmangsak ingkang kantun | anunggu mring Nonah Kuwi | anèng sajabaning lawang | maksih nèng luhuring bèndi | Nah Kuwi mèsêm ngandika | lah ta bibi kadipundi ||

63. kawula ajrih kalangkung | marang kangjêng pramèswari | manah kula tarataban | kêtir-kêtir sênig-sênig | kayaparan yèn konangan | kinapakna awak mami ||

64. ni pamangsak aturipun |

--- 157 ---

dhuh aja agung kuwatir | anggèr mapan mung sadarma | karsanira sri bupati | miwah ta wus milih prênah | jroning tamansari dhêlik ||

65. kiwa adoh lan kêdhatun | dalême jêng pramèswari | tan wuwusên kang rêrasan | ni pênatu sampun prapti | ing ngarsa jêng sri narendra | tur sêmbah umatur aris ||

66. yèn Nah Kuwi sampun rawuh | maksih nèng jabaning kori | tan purun age manjinga | jroning taman langkung ajrih | yèn pukulun tan mêthuka | pribadi mring jawi kori ||

67. Nah Kuwi pilaur wangsul | ajrih kangjêng pramèswari | jumênêng sri naranata | babo dene sônggarunggi | yêkti ngong papak priyôngga | ayo têrna ngong mijil[72] ||

22. Mijil

1. wus pinêthuk marang sri bupati | jawi kori panggoh | Nonah Kuwi wus tinurunake | saking bèndi binêkta umanjing | jroning tamansari | kanthèn runtung-runtung ||

2. midêr-midêr jro taman kuliling | gèn kêmbang kang abyor | gyaning sêkar taluki srunine | sri narendra mêthik sêkar tluki | pinaringkên aglis | cinundhuk nèng gêlung ||

3. amuwuhi ayune Nah Kuwi | lawan sang akatong | gêgandhengan saparan-parane | astanira pan sarwi kinanthi | nulya mring botrawi | dulu mina agung ||

4. pan sumunar toyaning botrawi | kuwunge manjorong[73] | kasorotan raditya kênyare [kê...]

--- 158 ---

[...nyare] | polahing mina sadaya kèksi | tuman dèn pakani | mina ting jaligut ||

5. langkung suka manahe Nah Kuwi | myat mina manthongol | yayah kadya anyuwun cadhonge | ana mina guyon jalu èstri | pan kadya mêmengin | mring kusumaningrum ||

6. nulya prapta ngisor kupu anjing | godhonge kumroyok | sêdhêng wohe matêng kabèh[74] | kusuma yu suka angundhuhi | nulya amèt manggis | balêbar dèn undhuh ||

7. abdi kalih prasamya gemboli | binêkta mring gêdhong | sri narendra nulya mubêng age | sang rêtna di datansah kinanthi | sarwi dèn arasi | sinome dèn êlus ||

8. tan sarônta galihe sang aji | sang rêtna pinondhong | gya binêkta manjing jro gêdhonge | sang rêtna di ature mlasasih | mangke-mangke inggih | gusti kula nuwun ||

9. botên ilok kawula tiyang èstri[75] | ngungkuli sang katong | mapan ratu pan agung walate | ila-ila kawula tyang alit | ajrih ing narpati | kawula pukulun ||

10. sri narendra angandika aris | adhuh mirah ingong | sun apura sadurung-durunge | malah sira sun wênangkên ugi | luputa ing sarik | walang sangkêripun ||

11. gya binêkta manjing tilamsari | abdi

--- 159 ---

kalih dhodhok | sigra nata ing pasareyane | ni pênatu sigra nyingkir têbih | ya ta Nonah Kuwi | pan tansah rinungrum ||

12. granging sabda tansah ngarih-arih | dhuh pêpujan ingong | apuranên paduka nah anggèr | lumuntura mring dasih kaswasih | sang nata ngarasi | pangrabasèng santun ||

13. saengganing raganingsun iki | lir brêmara andon | ngisêb sêkar kang lagya rumêmbe | sêkaripun inggih misih kincip | paran lamun kongsi | ya samênut[76] ||

14. tan sawiji baya ingsun iki | yêkti saya nglamong | baya mirah kawulane anggèr | amung nêdya atur pati urip | mring dewaning sari | rêtnaning tilamrum ||

15. amangrurah arumira gusti | rêtnaning paturon | kang munggèng sêlaning jajane[77] | anggrauta ing kanaka lungit | cancanganing liring | timbalana masku ||

16. suka lila sêbitên kincinging | imbalan ta mas ingong[78] | muga ana ngapuranira nggèr | aparinga usadaning brangti | mring dasih ta yayi | kang tansah mangun kung ||

17. kêmanisên andikaning aji | pangungruming katong | têka anglês raosing driyane | Nonah Kuwi tansah pongah-pangih | saluwaring kingkin | dadya kapirangu ||

18. alon mangunandika ing galih | wau sang lir sinom | apa iki wus têkèng mangsane | raganingsun kudu anglakoni | tingkah kang tan yukti | rinabasèng prabu ||

19. ujêr ingsun darma nglakoni [ngla...]

--- 160 ---

[...koni][79] | jamaking wong wadon | kudu-kudu pan apês duwèke | pan wus kocap ing jaman kariyin | sawiyah pawèstri | imane têkiyur ||

20. lamun ora ingsun rasa sayêkti[80] | jêr iku sang katong | wus linilan sakarsa-karsane | kalawan ginantungan ing pasthi | jodho miyatani | tan kêna ginayuh ||

21. luwih adoh nagri tanah Jawi | lawan pulo Ambon | ingsun iki ya mangkene manèh | takdiring Hyang tan kêna winanci | yèn jodho wus pasthi | sumandhing jumanggut ||

22. sang rêtna yu mèsêm turira ris | pukulun sang katong | lamun parêng utusana age | amundhuta babar pisan gusti | rèhning kula maksih | gadhah tiyang sêpuh ||

23. angandika wau sri bupati | adhuh mirah ingong | aywa susah manahta nah anggèr | malah-malah ngong têdhak pribadi | mring wismanirèki | panggih sudarmamu ||

24. sri narendra tansah ngarih-arih | mangrêpi mangepon | dènnya amrih luwara galihe | pinarsudi rumira mlasasih | sang prabu tyasnèki | grêgêd-grêgêd suruh ||

25. dènnya ngungkih musthikaning èstri | kutha rêtna kaot | pan kinudang-kudang prêmbayune | apan sarwi angidung kêkawin | tansah ngaras pipi | ngêlus sinomipun ||

26. dadya wau sang rêtnaning manis | canggèh ing paturon | lir walangkrèk sang dyah panggraute [panggrau...]

--- 161 ---

[...te] | nyêngkah jaja sarwi balang liring | sambat-sambat mati | adhuh nyuwun sampun ||

27. sri bupati tansah nucup lathi | kinuswa sang sinom | gêlung wudhar sumawur sakare[81] | panjrahing karangulu mêwahi | gandaning widadi | sumungsung mrik arum ||

28. lumungsuring kasmêkan sang dèwi | wonga-wonga kaot | pindha gadhing pinatar kênyare | pan saya drêng dènira mrih rêsmi | mirut nganan ngering | pêpadoning pinjung ||

29. katon wêntis pindha mas sinangling | mêmêt amancorong | sang dyah lêsah lêsu sarirane | miwal-miwal adangu tanpolih | sang ayu kapidih | rinoban pangungrum ||

30. kawaling kênya pinurwèng rêsmi | kagyat li[82] ginênjot | sang dyah saya asru panyêngkahe | dhuh-dhuh adhuh mangke gusti[83] | dhuh pêjah pun abdi | gusti lah bok sampun ||

31. sri narendra tansah dènnya ngungkih | angangkah tan rikoh | pinaripih dangu-dangu rapèh | liru laras jênêking karêsmin | pyuhing rasa jati | lir mucatmanipun[84] ||

32. balung sirna kari kulit daging | bayu otot pêdhot | anglêmpuruk lir kapuk anggane | sri narendra pan sami nungkêmi | ing jaja sang dèwi | salaning[85] prêmbayun ||

33. dhuh wungua mirah wong akuning | jimating paturon | kathah-kathah sang dyah sêsambate | dhasar bangkit pamilutaning sih | sihirèng karêsmin | rêsêping

--- 162 ---

alulut ||

34. linuwaran rarasing karêsmin | sang rêtna kalêson | kumyus kabèh wau sarirane | ingusapan nyampinging narpati | sarwi gung liniling | sirahe pinangku ||

35. wusing sami têdhak marang bèji | kinanthi sang sinom | abdi kalih sami dhèrèkake | sang kusuma siram nèng botrawi | luwaring wastra di | wuwuh ayunipun ||

36. samya suka parêkan kalih[86] | myat prabu karoron | kadi Kumajaya lawan Ratèh | tansah pating galigik wong kalih | mèsên[87] Nonah Kuwi | ngandikèng pênatu ||

37. kaya piye raganingsun kiyi | bibi toging ênggon | kayangapa ing benjang dadine | nora wurung wong tuwa nyrêngêni | marang awak mami | yèn ngantia wêruh ||

38. ing solahku kang wus ala iki | kalawan sang katèng | wus kalakon mangkene jêbule | ni pênatu anyauri ririh | dhuh anggèr wong cilik | sak darma lumaku ||

39. mung sumôngga karsaning narpati | wajib kang katêmpoh | wong wanodya pan apês duwèke | môngsa borong ngriku barang-bering | sadarma umiring | botên wêruh rêmbuk ||

40. Nonah Kuwi ature mlasasih | dhuh gusti sang katong | yèn satuhu asih mring cèthine | pinundhuta babar pisan dadi | parêkan nyênyèthi | ing pada sang prabu ||

41. botên tanggung kawulane gusti |

--- 163 ---

umiring sapakon | nadyan dadya padang pamasuhe | sok kagêma kawula nyênyèthi | rèh kawula maksih | gadhah tiyang sêpuh ||

42. angandika kangjêng sri bupati | adhuh mirah ingong | aywa susah tyasira nak anggèr | ingsun arsa nêdhaki pribadi | mring wismanirèki | panggih wong tuwamu ||

43. sun têmbunge dhewe sira masthi | manjinga kadhaton | sun pundhut dadi paminggire[88] | mula aja kuwatir wong kuning | payo sun atêr mring | sajabaning pintu ||

44. wus muliha ywa katarèng margi | ngatêra wong karo | Nonah Kuwi sandika ature | duk samana wus wahana bèndi | wong kêkalih ngiring | wanci pukul têlu ||

45. katri lêpas lampahe Nah Kuwi | wau ta sang katong | kari mangu nèng pipi korine | maksih lam-lamên solahing rêsmi | wasise Nah Kuwi | pamiluting lulut ||

23. Sinom

1. pinurwa sêkar ron kamal | wau kangjêng sri bupati | kundur manjing dhatulaya | ing pasareyan wus prapti | sare lan pramèswari | wau ta kangjêng sang aprabu[89] | datansah kalisikan | ing panggalih mêlik-mêlik | tyas kayungyun onêng don tingkahing nonah ||

2. lam-lamên mring warnanira | miwah mêmanising lathi | dènnya bisa nuju karsa | rêrêp wiraganing rêsmi | mêmikating trêsna sih | jroning raras tangkêp wimbuh | gandanira mangambar [ma...]

--- 164 ---

[...ngambar] | sumêbar kadi ngêbèri | ing sasana tamansari kêbak gônda ||

3. wau sang narpa dayinta | panglilire saking guling | kagyat dènnya mamêt gônda | mulêg jroning kamar asri | tinolih sri bupati | kang agônda marbuk arum | jêng ratu osiking tyas | wus nyana kalêbon sandi | kang pinandêng gènnya sare sri narendra ||

4. ririh kangjêng ratu lênggah | tan têbih lan sri bupati | osiking driya mangkana | baya kangjêng sunan iki | antuk bedhang sayêkti | katara ing gandanipun | lawan sabêne beda | seje têmên lan duk wingi | kayangapa kang binedhang sri narendra ||

5. nora kaya jêng suhunan | dene tan ngandikèng mami | bok ya dipun wêcakna[90] | aja rêmên laku silip | dibedakna sathithik | iya wis tarima ingsun | wau sri naradipa | dhasare pan dèrèng guling | wus uninga sasolahe pramèswara ||

6. tan sarônta sigra lênggah | ngrakêti sri pramèswari | arum dènira ngandika | punapaa nimas gusti | wungu dènira guling | dhêlêg-dhêlêg apitêkur | apa duhkitanira | ngandikaa marang mami | aywa nganti dadya susahing tyasira ||

7. kangjêng ratu lon aturnya | tan wontên kêrasèng ati | botên susah botên bungah | paduka dhewe kang sêdhih | sampun andika mukir | sawangane botên luput | katarèng solah gônda [gô...]

--- 165 ---

[...nda] | dipun prasaja sang aji | yèn mukira mindhan[91] dadi susah kula ||

8. sabab kawula uninga | sasolah paduka inggih | kacihna gêgônda ngambar | dudu gandaning narpati | sang prabu ngandika aris[92] | aja bêndu ni mbok ratu | sun jarwani sanyata | milèngsun gagônda wangi | bapa sidhèn nganti tumular kang gônda ||

9. kangjêng ratu bêkis turnya | sèwu kêmokalan inggih | residhèn gagônda sêkar | kaya nora tau mami | dikanthi si rêsidhin | mulêg gandane sarutu | tan kêmbang tan kêmbengan | iki wangi-wangi amis | kaya nganggo bêborèhe mêmêntahan ||

10. dudu gandaning kusuma | miwah priyayi lan putri | bok aja sinau dora | katawis paduka aji | ing cahya sêmu putih | ablong jiwa angalayung | kasoking sariranta | anutugi ing sakapti | gônda lênga utawi gônda salira ||

11. kadi pangantèn anyaran | mambu borèh rada amis | nora cinampur mêntahan | dhêlêg-dhêlêg sri bupati | ngartika jroning galih | awas têmên ni mbok ratu | lah luhung bêlakaa | mênawa tan dadi runtik | sokur bage mituruti karsaningwang ||

12. ngandika dhuh mirah ingwang | ngong prasaja awwa[93] runtik | yèn bêndua kêna sira | baya nora ingkang bêcik | jêng ratu matur inggih | sampun sumêlang sang prabu | wau kangjêng

--- 166 ---

susuhunan[94] | angandika sêmu ajrih | satêmêne ingsun arsa agarwaa ||

13. lêgakêna atiningwang | dimèn amèn awèt urip | mung dadia cèthinira | nora pisan-pisan maning | yèn arsa angêmbari | lawan sira mas mirahku | narimaa mawongan | nora isin dadi abdi | nanging yayi kuciwane seje bôngsa ||

14. bangsane wong kulit pêthak | nyonyah Cina iku yayi | Ento Kuwi namanira | yèn sira marêngke yayi | jêng ratu matur aris | sumôngga karsa pukulun | kawula tan lênggana | dhèrèk nanging nyuwun jangji | amanuta dhatêng saparentah amba ||

15. sèwu bingahing kang manah | wontên rewangnya ngladosi | jangji sampun sami nama | sang nata suka tan sipi | ya ta wuwusên enjing | miyos padhapa[95] sang prabu | ing èmpèr bale tundha | ingayap parêkan jèthi[96] | lênggah rêsban satata lan pramèswara ||

16. powa-powa kalangênan | mêthangkrong nèng kopi anjing | sisa kalong pinanganan | maripate amacicil | awake kuning manggis | gilap pindha pinalitur | untu maringis pêthak | mripat molèr mondar-mandir | kang durung wêruh dèn aniwa rangutan ||

17. pilih wonge kang tan gila | warnane ngênêk-ênêki | yèn caturan kang suwara [su...]

--- 167 ---

[...wara] | pating caruwèt amêdèni[97] | manthêlêng amêcicil | akèh Lônda jaga mlayu | tinarka yèn drubiksa | cilik-cilik gêgilani | wênèh kagèt dèn arani buron alas ||

18. yèn malaku ting jarêpat | sikil tangan tudang-tuding | wus rêmêne anggêgila | mêcucu angiwi-iwi | mèlèt ilat maringis | manthêlêng myang pacak gulu | gela-gelo lêlewa | juru taman lumaywa jrih | gya binuru ngênthar mlayu nunjang-nunjang ||

19. klinthinge pating karompyang | kumrompyong brêbêgi kuping | suka gumujêng narendra | kèlu kangjêng pramèswari | ya ta wau winarni | wontên upas ingkang rawuh | saking ing residhenan | sarwi amandhi kintèki | wus dèn irit lidnan Lônda kang jaga[98] ||

20. katur marang sri narendra | binuka sinuksmèng galih | bêbukane kang nawala | pun bapa atur udani | manawi benjing enjing | wontên pangeran kang rawuh | saking nêgri Ngayogya | putra Sultan Mangkubumi | apanêngran Jêng Pangeran Dipasana ||

21. garwane kalih binêkta | myang kalih putrane èstri | warnendah sami parawan | lêpating saking nagari | rêmên mêmangun tèki | amasuh sariranipun | brata amati raga | angungun sri narapati | prênah eyang buyut lagya naking-sanak [naking-sa...]

--- 168 ---

[...nak] ||

22. bab karaton Ngayogya[99] | kang maksih jumênêng aji | Sultan Timur jêjuluknya | Mêngkubwana kang pônca ji | kang eyang angêmongi | sultan sêpuh wusing kundur | saking nagari sabrang | ya ta wau kang winarni | sri narendra animbali mring kang uwa ||

23. Dyan Mênggung Cakradipura | tan dangu praptanirèki | tumamèng byantara nata | tur sêmbah majêng wus linggih | sang nata ngandika ris | siwa marmane sirèku | ngong timbali ngarsèngwang | sun minta gunêm sayêkti | satêmêne manirarsa mundhut garwa ||

24. ni mbok ratu uwis rêmbag | yèn ingsun kêpengin nyêlir | katularan dening sira | nanging bocah seje jinis | Nyonyah Cina rêspati | iku ki priye rêmbukmu | apa mêtu Walônda | panêmbunge dimèn gampil | apa bêcik sira dhewe lumakua ||

25. wagugên sêmanging driya | Cakradipura tan osik | sajroning cipta mangkana | ewuh têmên ingsun iki | mênawa ngong pribadi | yêkti tan wurung jêjuluk | sarta jêng ratu duka | sêrik tyase marang mami | ing bêcike amucung lawan Walônda ||

24. Pocung

1. ya ta Radèn Cakradipura umatur | pukulun narendra | sumôngga ulun umiring | yèn kawula kautus dhatêng sandika ||

2. inggih [ing...]

--- 169 ---

[...gih] sokur sakêthi langkung jumurung | ayahan narendra | nanging kaparênga gusti | ing karsendra prayogi mêdal Walônda ||

3. sri narendra duk miyarsa aturipun | kagagas ing driya | rinasa bênêr sayêkti | pramèswari sumambung bênêr Wa Cakra ||

4. sang aprabu mèsêm alon ngandika rum | wis yayi kondura | ingsun arsa maring loji | Cakrapura kèriya tunggu jro pura ||

5. tan winuwus sang nata busana sampun | têdhak nitih kuda | dhawuk busanira sri[100] | mantri pitu wus samya ngampil-ampilan ||

6. pêdhang tamèng towok talêmpak myang lawung | wiwah[101] songsong bara | wus sami wahanèng wajik | miwah usar kanêm miranti tut wuntat ||

7. gumaruduk garnison ngurmati tambur | tan winarnèng marga | ing rêsidhinan wus prapti | samya kagyat Lônda jaga asung urmat ||

8. upas gupuh umatur residhèn sampun | rawuhe sang nata | sigra mapak marang jawi | wusing tundhuk sang nata kinanthi lênggah ||

9. ing sarêsban residhèn nèng kering prabu | sampun linarihan | minuman sapanya kênit | nulya ngunjuk sang nata lawan jêng tuwan ||

10. ngantos dangu gêgujêngan sang aprabu | wusira ngandika | paran wartane nagari | ing Nèdêrlan apa ta padha raharja ||

11. sidhèn matur langkung ruwêt wartanipun | mêngsah lawan kraman | ing Bèlgi wus madêg aji [a...]

--- 170 ---

[...ji] | ajêjuluk Prabu Leyopol prakosa ||

12. prangjangji wus sami rêrukunanipun | sinêksèn pra raja | Bèlgi jumênêng pribadi | tan kawêngku ing paprentahan Nèdêrlan ||

13. sang aprabu kalangkung pangungunipun | wusana ngandika | dhuh bapa residhèn mami | têmu sira nora nganggo abêbeja ||

14. prêlunipun bapa ingsun mundhut tulung | rèh wus kawajiban | amanira amundhut rabi[102] | nonah Cina kang omah lor wetan pasar ||

15. jênêngipun Nonah Kuwi warni luhung | kang darbe tênaya | arane Si Babah Kèhing | iku poma aja nganti nora kêna ||

16. duk angrungu residhèn osiking kalbu | lah iki sang nawa[103] | karsane lir bocah cilik | mundhut nonah sêpi nora nganggo duga ||

17. tètès têmên andikane jendral laut | yèn kusuma Jawa | gampang pinasangan èstri | iya sokur dimène krasan sang nata ||

18. môngsa inggih lêpata karsa sang prabu | yèn mung makatêna | nanging tur kawula inggih | dipun eca ing panggalih padukendra ||

19. mapan ratu nuring rat ingkang satuhu | kinarya warana | dening Hyang kang murbèng bumi | lamun risak panggalihe tan prayoga ||

20. têmahipun anggringkên nagaranipun | kathah kang wêwêlak | nadyan ing

--- 171 ---

Eropah nagri | para raja kaisêr jêjulukira ||

21. lamun susah pagêbluk nagarinipun | môngka padukendra | trahing tapa gêntur tèki | yêkti langkung agêng ing prabawanira ||

22. milanipun paduka dipun aemut | luhung mangun suka | residhèn parentah nuli | animbali pala kampung bôsa[104] Cina ||

23. Babah Captu angirida Cina satu | enggal dipun prapta | ingkang aran Babah Kèhing | dèn kabêkta yèn lunga sira susula ||

24. dene lamun lara gotongên puniku | tan antara prapta | wus kerit tumamèng ngarsi | Babah Kèhing manahira têratapan ||

25. kêpyur-kêpyur larut babah bayunipun | biyas wadananya | osiking tyas ting sarênik | panyanane kêna prakara nagara ||

26. kinon maju andhêrêdhêg majêng gupuh | residhèn ngandika | pasêmone mêmêdèni | Babah Kèhing kita dhisuruh twan sunan ||

27. êlu punya anak prêmpuan nyang satu | Nonah Kuwi nama | itu dhiambil nêrpati | dhapêt tidhak kau bilanga sêkarang ||

28. Babah Kèhing alon dènira umatur | amba sri paduka | anak prêmpuan Nah Kuwi | têraturkên sri padhuka tuwan raja ||

29. saya ini orang kêcil lêbih takut | dhan padhuka raja | saya punya anak istri | tlalu

--- 172 ---

sukak diambil sama sêkarang ||

30. tuwan sidhèn gumuyu matur sang prabu | dhuh anggèr sang nata | punika pan sampun gampil | punapa inggih binêkta sarêng samangkya[105] ||

31. sang aprabu mèsêm angandika arum | iya karsaningwang | sesuk esuk bae bêcik | ingsun pêthuk mring Pacinan gawa reta ||

32. lan maninge karsaningsun sesuk esuk | Walônda sadaya | tuwa anom aja kari | miwah saradhadhu kabèh jajarana ||

33. rong brêgadhê komplit sanèn-unènipun | mayor nindhihana | sapandhêle de miranti | lan prajurit usar padha angiringna ||

34. ngiras gawe tontonan urut dêlanggung | aja kêkurangan | sadaya manganggo grutni | pakurmatan iya raja mangun krama ||

35. ing sakèhing lawang-lawang lurung-lurung | manjêra bandera | dèn asri kinitir-kitir | tuwan sidhèn angguguk gumujêng suka ||

36. dhuh sang prabu kawula inggih jumurung | ing karsa paduka | sri narendra kondur aglis | tuwan sidhèn ngatêr sajawining lawang ||

37. Babah Kèhing maksih linggih andhêkukul | lan kapalanira | wusing rêsidhèn kêmbali | lênggah kursi pangandikanira sora ||

38. parentahku hèh Cina kapala kampung | kancanira padha | dhawuhana besuk [be...]

--- 173 ---

[...suk] pagi | ngatêrna Nah Kuwi pinundhut nata[106] ||

39. Babah Kèhing saiki ngong junjung lungguh | dadia kapitan | hèh kapalanipun radin | bôngsa Cina ing Ngambon waratakna[107] ||

40. sandika wus pala kampung aturipun | undhang sanalika | Babah Kèhing sampun mulih | wus bubaran ngloji dalêm residhenan ||

41. gantya wau kocapa ingkang winuwus | kang anèng pacinan | Nyonyah Kèhing asru nangis | ting salênggruk Nonah Kuwi galangsaran ||

42. kang sinambat amung bapakne puniku | dèn irit kapala | tinarik kras marang ngloji | lagya nangis kasaru Bah Kèhing prapta ||

43. gumaruduk Cina akèh kadi sulung | Bah Kèhing gêdhobyah | langak-langak dèn payungi | wurinira Cina sakawan kêpala ||

44. ingkang muwun gugup samya mêtu mêthuk | sakêthi tan nyana | kalamun Si Babah Kèhing | kanugrahan jinunjung pangkat kapitan ||

45. sru gumuruh pawongmitranira rawuh | takon wartanira | dene banjur dadi kaptin | katrimane Babah Kèhing saka ngapa ||

46. Babah Kèhing sru dènira sumaur[108] | kabèh sanak ingwang | ngong tuturi ingsun iki | kawitane katrima anakku nonah ||

47. ya Si Kuwi pinundhut marang sang prabu | sèsuk pamêthuknya | pasamuaning Kumpêni | para Cina

--- 174 ---

kabèh padha ngatêrna[109] ||

48. karsaningsun agawe jênggi kang bagus | ginawe tontonan | ngiras ngurmati sang aji | wit narendra dèn arak cara karajan ||

49. Nonah Kuwi miyarsa suka kalangkung | dene wus sanyata | pangandikane sang aji | sru ginagas kalakon jingga nom-noman ||

25. Durma

1. gantya wau kocapa ing residhenan | parentah wong Kumpêni | sesuk jam satunggal | padha manjing jro pura | dhèrèkake sri bupati | marang pacinan | pamêthuke Nah Kuwi ||

2. kabèh Lônda bataliyun myang mardika | kêrik aja na kèri | ondhange warata | sadaya wus sanengga | tukang rata dèn dhawuhi | myang pakampungan | wong upas wira-wiri ||

3. tan winarna ing dalu wuwusên enjang | orêg wong sanagari | rame tata-tata | barising urut maga[110] | wong kampung kapang apipit | pêpêt ing dalan | pinggiring marga ngrawit ||

4. wus malatar barise wong pakampungan | jêjêl saurut margi | swarane mabyungan | sarwi mandhi bandera | barising Cik nyambungi[111] | mawarna-warna | busanira asri[112] ||

5. wus ngondhangan tan kêna wong nambut karya | ing dalêm pitung ari | kinèn mangun suka | apan tan winalêran [wina...]

--- 175 ---

[...lêran] | kabèh sakèhing wong bumi | samya ginanjar | arta lan busana di ||

6. wong Kumpêni wus budhal manjing jro pura | gumruduk tambur muni | slomprèt mawurahan | musik datanpa rungyan | dinulu inggêgirisi[113] | untabing bala | lir udan sinêmèni ||

7. ya ta wau kocapa jroning pura[114] | wus samya dèn prantèni | rinêngga busana | tan ana kang kuciwa | tratag dèn langse rêspati | binuntal-buntal | mubêng tritis pinlisir ||

8. sangajênge regol sampun pinasangan | palêngkung rinêngga sri | binuntal ing kêmbang | rinêngga ing bandera | gamêlane nganan ngering | ing palataran | banderanira salin ||

9. gula klapa bandera karajan Jawa | wau sri narapati | wus ngrasuk busana | sarwendah ing mas rêtna | songkok krêsna byur rêspati | gêlung kêlingan | pinatik sêsotya di ||

10. pangapite hèr gêni murub winunulat[115] | sumping mlathi sapêlik | rasukan sikêpan | baludru irêng tinrap | bintanging karajan Jawi | mubyar nèng jaja | paningsêt cindhe wilis ||

11. binara burliyun pinatik hèr kêmbang | murub bangkole kadi | garudha manglayang | timang sinom manganan | nyamping parangrusak klithik | pinrada mubyar | lancingan panji-panji ||

12. prajuritan pangagêmaning narendra [na...]

--- 176 ---

[...rendra] | nganggar wangkingan kering | sêlorok gayaman | gumêbyar gêbyar-gêbyar | prabane murub nêlahi | kang cinuriga | Ki Setankobêr luwih ||

13. tinarètès ing sêlut sinêling mirah | sêlop kaos rêspati | sêpatu tinrapan | paniti ting galêbyar | asêsupe kalih sisih | sri naranata | tinon mandrawa kadi ||

14. duk Bathara Cakra ngadoni ayuda | mubyar cahya nêlahi | kêkuwung kawangwang | lir murca kinêdhèsna | dhasar taruna apêkik | sêmana lagya | yuswa tri dasa warsi ||

15. lagya nêdhêng-nêdhêng birai wiraga | busana warna adi | nora môntra-môntra | yèn jalma ngarcapada | kadi Nabi Yusup swargi | manjalmèng nata | mani pasêmon wingit ||

16. sarêng sampun pukul kalih praptanira | pra tuwan anyêrimbit | sêlur tab-untaban | wuri gili tan pêgat | pinapak ajidan aglis | amanuhara | ngacarani mring tami ||

17. miwah bala Kumpêni sadaya prapta | gumuruh tambur muni | barise kalangan | ngêbaki palataran | kumêndhame[116] anindhihi | pangirit bala | samya manganggo grutni ||

18. kadi mêndhung kasorotan diwangkara | barise wong Kumpêni | atêtopi panjang | bulu-bulune [bulu-...]

--- 177 ---

[...bulune] mêgar | rasukan sangkêlat langking | clanane pêthak | polèt kuning rêspati ||

19. kumêndhame litnan kronèl pangkatira | gêng luhur angajrihi | topi jêjangkangan | bulu-bulune pêthak | tan antara prapta malih | baris mardika | tata jawining kori ||

20. sri narendra miyos kalawan kang garwa | orêg sagunging baris | urmate wurahan | tambur slomprèt mabyungan | balêbêg ngêbêgi kuping | kèhing suwara | yayah manêngkêr langit ||

21. mungsik hèlmis sauran lawan gamêlan | gong bèri manêngkêri | sagunging kang êjam | sadaya ginoyangan | pratôndha miyos sang aji | wau wus lênggah | ing dhampar sinom adi ||

Catatan kaki:

1. gugup (kembali)
2. Lebih satu suku kata: mêthuk tritising talundhag (kembali)
3. Lebih satu suku kata: tinampèn residhèn sampun (kembali)
4. Kurang satu suku kata: kang sakawan umiring anèng wuri (kembali)
5. Kurang dua suku kata: wontên ingkang lagya kalih taunipun (kembali)
6. Kurang satu suku kata: saking pulo ingkang têbih-têbih (kembali)
7. Kurang satu suku kata: baya iku trahing akonêng satuhu (kembali)
8. Kurang satu suku kata: môngsa nganggo ampilan tumbak bêdhil (kembali)
9. Kurang tiga suku kata: inggih ingkang sôngka ing pulo Jawi (kembali)
10. Kurang satu suku kata: nagri kene ya kang agawe bêcik (kembali)
11. Kurang satu suku kata: residhèn alon turira (kembali)
12. Kurang satu suku kata: yèn kaparêng anggèr swawi anuli (kembali)
13. Kurang satu suku kata: sri narendra praptanira ing puri (kembali)
14. Guru lagu seharusnya: 8a, kunêng kawuwusa enjang (kembali)
15. kewala (kembali)
16. Kurang satu suku kata: apa lêgan apa duwea laki (kembali)
17. Kurang satu suku kata: anggawaa dhuwit anggonên têtuku (kembali)
18. Lebih satu suku kata: lamun galih kirang prênah (kembali)
19. dipun (kembali)
20. Kurang satu suku kata: sabên dintên kawula pan dhatêng ngriku (kembali)
21. Kurang satu suku kata: pundhake anraju mas (kembali)
22. Kurang satu suku kata: kuninge abêngle kengis (kembali)
23. Kurang satu suku kata: aywa na jalma kang wêroh (kembali)
24. Kurang satu suku kata: pan kawula abêkta tatêngêr gusti (kembali)
25. Guru lagu seharusnya: 8o, kagungan dalêm sang katong (kembali)
26. Kurang satu suku kata: iya bênêr karêpira iku (kembali)
27. Kurang satu suku kata: yèn sampun têlas wêwêling ulun (kembali)
28. Kurang satu suku kata: amalêngkung tibèng pêpilingan kering (kembali)
29. Kurang satu suku kata: satêdhake kuda sang aprabu (kembali)
30. Kurang lima suku kata: wus kinanthèn asta binêkta umanjing (kembali)
31. bantoni (kembali)
32. pra (kembali)
33. Lebih satu suku kata: pasebane sanggon-ênggon (kembali)
34. Lebih satu suku kata: dhèk-gèdhèk kang samya ngrungu (kembali)
35. Kurang satu suku kata: iya talah dene sang aprabu (kembali)
36. pinunjul (kembali)
37. Kurang satu suku kata: pantês nora dadèkake kusut (kembali)
38. Kurang dua suku kata: rikmane dèn sosok-sosok (kembali)
39. Kurang satu suku kata: kayapriye iya raganingsun (kembali)
40. Kurang satu suku kata: lês-êlêsan tyas ingsun kadya jinait (kembali)
41. Kurang satu suku kata: ni pênatu agung anuturi (kembali)
42. Lebih dua suku kata: saking têgar mubêng ing pacinan (kembali)
43. Kurang dua suku kata: karasèng tyas kadya lir jinait (kembali)
44. Kurang satu suku kata: sri narendra anêmbadani (kembali)
45. datan (kembali)
46. Kurang satu suku kata: ni pênatu anambungi aris (kembali)
47. Lebih satu suku kata: yang padha ri twan raja (kembali)
48. Kurang satu suku kata: kajaba amung sira (kembali)
49. antuk (kembali)
50. Lebih satu suku kata: wong sok dhêmên agawe bêcik (kembali)
51. Kurang satu suku kata: bupatine tan wêruh êndhasing trasi (kembali)
52. linarap (kembali)
53. Kurang satu suku kata: prasêtyane Nah Kuwi mring paduka ji (kembali)
54. Kurang satu suku kata: lah ta bibi sira dèn abisa (kembali)
55. Kurang satu suku kata: kalingane si uwa amêmarahi (kembali)
56. Kurang satu suku kata: môngsa dadak amêmalangana (kembali)
57. Kurang satu suku kata: kinèn minggah majênga marang pandhapi (kembali)
58. Lebih satu suku kata: micarèng jroning kalbune (kembali)
59. Lebih satu suku kata: têdhak Sultan Agung ing Mataram (kembali)
60. Kurang satu suku kata: pan anuju gusti inggih wulan Mulud (kembali)
61. Kurang satu suku kata: bandara kalawan abdi (kembali)
62. Kurang satu suku kata: gih punika Gusti Timur (kembali)
63. Kurang satu suku kata: pan kinanthi siyang dalu (kembali)
64. Lebih satu suku kata: gya kinon maringi gupoh (kembali)
65. Kurang satu suku kata: ya ta wau sang aprabu (kembali)
66. Lebih satu suku kata: nanging ora bêkta abdi (kembali)
67. Kurang satu suku kata: sapraptaning ing pacinan (kembali)
68. kangjêng (kembali)
69. Kurang satu suku kata: untaping kang para nonah (kembali)
70. Lebih satu suku kata: anyata yèn bagus brêgas (kembali)
71. kêpêthuk (kembali)
72. Kurang satu suku kata: ayo têrna ingong mijil (kembali)
73. mancorong (kembali)
74. Kurang dua suku kata: sêdhêng uwohe amatêng kabèh (kembali)
75. Lebih satu suku kata: botên ilok kawula tyang èstri (kembali)
76. Kurang dua suku kata: pan iya samênut (kembali)
77. Kurang satu suku kata: ingkang munggèng sêlaning jajane (kembali)
78. Lebih satu suku kata: imbalan mas ingong (kembali)
79. Kurang satu suku kata: ujêr ingsun darma anglakoni (kembali)
80. Lebih satu suku kata: lamun ora sun rasa sayêkti (kembali)
81. sêkare (kembali)
82. lir (kembali)
83. Kurang dua suku kata: dhuh-dhuh adhuh-adhuh mangke gusti (kembali)
84. murcatmanipun (kembali)
85. sêlaning (kembali)
86. Kurang satu suku kata: samya suka parêkan kêkalih (kembali)
87. mèsêm (kembali)
88. Kurang satu suku kata: ingsun pundhut dadi paminggire (kembali)
89. Lebih satu suku kata: wau ta kangjêng sang prabu (kembali)
90. Kurang satu suku kata: bok ya dipun wêcakêna (kembali)
91. mindhak (kembali)
92. Lebih satu suku kata: sang prabu ngandika ris (kembali)
93. aywa (kembali)
94. Lebih satu suku kata: wau kangjêng suhunan (kembali)
95. pandhapa (kembali)
96. cèthi (kembali)
97. Lebih satu suku kata: pating cruwèt amêdèni (kembali)
98. Kurang satu suku kata: wus dèn irit lidnan Walônda kang jaga (kembali)
99. Kurang satu suku kata: bab karaton ing Ngayogya (kembali)
100. Kurang satu suku kata: dhawuk busananira sri (kembali)
101. miwah (kembali)
102. Lebih satu suku kata: manira amundhut rabi (kembali)
103. nata (kembali)
104. bôngsa (kembali)
105. Lebih satu suku kata: punapa gih binêkta sarêng samangkya (kembali)
106. Kurang satu suku kata: ngatêrna Nah Kuwi pinundhut sang nata (kembali)
107. Kurang satu suku kata: bôngsa Cina ing Ngambon waratakêna (kembali)
108. Kurang satu suku kata: Babah Kèhing asru dènira sumaur (kembali)
109. Kurang satu suku kata: para Cina kabèh padha ngatêrêna (kembali)
110. marga (kembali)
111. Kurang satu suku kata: barising Êncik nyambungi (kembali)
112. Kurang satu suku kata: busananira asri (kembali)
113. anggêgirisi (kembali)
114. Kurang satu suku kata: ya ta wau kocapa sajroning pura (kembali)
115. Lebih satu suku kata: pangapite hèr gêni murub winulat (kembali)
116. kumêndhane (dan di tempat lain) (kembali)