Wedhamadya, Padmasusastra, 1906, #1633

JudulCitra
Terakhir diubah: 26-05-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

WEDOMADIJO

Sêrat Wedhamadya

Karanganipun ingkang sinandi.

Kaêcap ingkang kaping kalih, Kawêdalakên sarta kaêsahan kasusastranipun dening Padmasusastra. Tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastran Jawi ing Surakarta.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan Albert Rusche & Co, Soerakarta, 1906.

--- [0] ---

WEDOMADIJO

Sêrat Wedhamadya

Karanganipun ingkang sinandi.

Kaêcap ingkang kaping kalih, Kawêdalakên sarta kaêsahan kasusastranipun dening Padmasusastra tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastran Jawi ing Surakarta.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan Albert Rusche & Co, Soerakarta, 1906.

--- [0] ---

WEDOMADIJO

Sêrat Wedhamadya

Karanganipun ingkang sinandi.

Kaêcap ingkang kaping kalih, Kawêdalakên sarta kaêsahan kasusastranipun dening Padmasusastra tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastran Jawi ing Surakarta.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan Albert Rusche & Co, Soerakarta, 1906.
Diperlindoengi auteursrecht menoeroet Stbl.188. No. 199 dan Stbl. 1912 No. 600.

--- [0] ---

[Grafik]
S. K. de Soesoehoenan, van Soerakarta.

--- 1 ---

1. Sinom

1. pangaranging rèh ron kamal | ngeman amrih lumastari | raning pra luhur kang samya | arsaya mèt tyas sasami | yayah măngka mèngêti | satataning tindak-tanduk | sranane mrih kotaman | ninging cipta kang linuri | rat kumondhang sinidikara widada ||[1]

2. darung kadêrêng derarsa | mèstu sakridhaning kapti | ketang duk nalikanira | pasamuwan miwahani | tingalan dalêm sang sri | jêng sang siniwi sinuhun | ing praja Surakarta | ngiras pantês amèngêti | lampah-lampahing tamu saking Ngayogya ||

3. ya ta wuryaning ruwiya | Jêng Gusti Pangran Dipati | Kolnèl Ridêr Pakualam | nalikanira sumiwi | ring ngabyantara aji | narendra dibya linuhung | Sinuwun Jêng Susuhunan |[2] Pakubuwana ngrênggani | ingkang kaping sadasa ing Surakarta ||

4. nuju tingalan taunan | yuswa dalêm jêng sang aji | tanggap tigang dasa tiga | ing warsa Alip puniki | ing dintên Kêmis Lêgi | Rêjêp tanggal ping 21[3] |[4] jêng gusti tindakira | dhinèrèkkên putra kalih | Jêng Pangeran Ariya Natakusuma ||

--- 2 ---

5. mayor inpantri pan sêtap | sakalihan ingkang swami | rayi Jêng Pangeran Arya | Natadiraja Kapitin | putra pulunan kalih | sasadhèrèk ingkang sêpuh | Jêng Pangran Kaptin Arya | Purwa Saputra wêwangi | ingkang anèm Pangran Kaptin Sasraningrat ||

6. bidhalnya saking Ngayogya | wanci jam 10 enjing | Rêjêp kaping 20 | sami anitih sênèl trin | praptèng Balapan wanci | jam sawêlas pitung mênut | nèng ngriku mandhapira | saha kinurmatan dening | para pangran putra santanèng narendra ||

7. akanthi para manggala | abdi dalêm up opisir | litnan kolnèl mayor samya | mahargya ungêling musik | dahat ngênganyut ati | panambramèng pambagya yu | santana panji riya | gantya-gantya marêpêki | sanggyanira akadang sung pambagyarja ||

8. pra tamu nuwun aturnya | saksana dipun aturi | malbèng kamar pangêntosan | lênggah sakêdhap dyan nitih | rata pêthukan saking | karsa dalêm jêng sang prabu | pangirid kuda pelag | nyarakit wêton Ostrali [O...]

--- 3 ---

[...strali] | para tamu wus tata lênggah nèng rata ||

9. Kangjêng Gusti Pakualam | jèjèr lênggah ing bak wingking | lan Jêng Pangran Prabuningrat | mayor ajudannya sang sri | kang pratisthèng bak ngarsi | para pangeran têtamu | Jêng Pangran Kaptin Arya | Purwa Saputra pituwin | Jêng Pangeran Kaptin Arya Sasraningrat ||

10. Jêng Pangran Natakusuma | tunggil sarata lan swami | Jêng Pangran Prabu Mijaya | sarta Jêng Pangeran Panji | Priyêmbada anunggil | lawan jêng pangeran tamu | Pangran Natadiraja | nulya kang sumambung wuri | tumpukane pra upsir myang pra sêntana ||

11. bidhal saking ing Balapan | datan winarna ing margi | rawuhe nèng Kapatihan | mandhap sangajêng pandhapi | tamu putri tumuli | malêbèng dalêm cumundhuk | ngarsèng sori sang patya | tamu kakung ring pandhapi | dyan dipati satata sung pambagyarja ||

12. tandya ingacaran samya | wus tata lênggah ing kursi | samantara pinahargya | ungêling pradăngga nuli | lêlagon dèn bukani | munya gêndhing mardawa rum | linud ing pustakarja | sêrat [sê...]

--- 4 ---

[...rat] caritane swargi | Kangjêng Radyan Dipati Sasranagara ||

13. pêpatih dalêm narendra | ing Surakarta nagari | misuwur suwarginira | manjrahkên jrênihing budi | pasaksène ngyaktèni | yèku nguni sang misuwur | winarga sinung tăndha | ing jêng gupêrmèn Walandi | bintang ridêring ordhê leyo Nèdêrlan ||

14. iku tumusing kotaman | têmah pinasthika dadi | têtêngêr kang munggyèng jaja | nuduhkên arjaning kapti | marma mangkya linuri | riniptèng kata mrih tulus | ananing martotama | mrih tumular minangkani | têtuladan panilasing rèh susila ||

15. ya ta pra tamu winarna | sawusira ananggapi | satataning pasugata | minuman maneka warni | tumulya sami kerid | dening risang mantringayun | pinanggihakên lawan | sori sang anindya mantri | sanggyanira sinambramèng pambagyarja ||

16. prasami nuwun aturnya | saksana dipun aturi | marang panglêrêpanira | Jêng Gusti Pangran Dipati | Pakualam pituwin | kalih pisan putranipun | anèng panti wibawa |

--- 5 ---

yèku dalêm kang umunggying | sakilèning pandhapa ing Kapatihan ||

17. dene Jêng Pangeran Arya | Purwa Saputra lan rayi | wontên ing Sasradipuran | griya lojèn nêmbe dadi | wêwangunane pèni | komplit sabêkakasipun | maksih sarwa lugasan | lasar mula dèn yasani | sapraboting panti atunggal garapan ||

18. pra tamu ing sawusira | ngaso sakêdhap tumuli | nglêmpak nèng panti wibawa | suka lêlênggahan sami | nulya dipun aturi | kêmbul dhahar lan pra luhur | pra putra santanendra | sadene para wadya ji | wau ingkang mahargyèng tamu rawuhnya ||

19. mangkatên salajêngira | pra tamu Ngayogya nagri | wontên prajèng Surakarta | sinubakrama mênuhi | kadarmanta sang aji | gêgiliran para luhur | pra putra santanendra | para nayaka bupati | amartuwi samya mrih suka pirêna ||

20. para tamu winursita | sontênira amartuwi | marang ing karesidhenan | jam pitu rawuhnya sami | kangjêng tuwan marêngi | manggihi para têtamu |

--- 6 ---

tuwan lan nyonyah-nyonyah | tuwin priyagung bupati | kitha Bandhung Dyan Mênggung Martanagara ||

21. myang ing Madiun Bupatya | Rahadyan Mas Adipati | Bratadiningrat lan garwa | jêng tuwan dènnya manggihi | munggyèng galadri ngarsi | saha garwa putranipun | patraping têtamuan | rumêsêp tan walangati | sanetyasa nêtêpi rèh silakrama ||

22. mangkana pra tamu nulya | kerid sami mariksani | pasang rakiting suyasa | myang uparêngganing panti | para têtamu sami | dahat kacaryan ing kalbu | myat ing raras rumira | kanang suyasa sarwa sri | sumawana ing papan panti bojana ||

23. kawuryan angilak-ilak | jinobin ing mamêr[5] mawi | cinêplok-cêplok pinulas | măncawarna angarawit | sasêlanirèng sungging | gilap kumaca dinulu | kadyanggyaning pigora | pra tamu sawusnya sami | mamriksani dyan wangsul alêlênggahan ||

24. ing wanci kèndêl jam astha | Jêng Gusti Pangran Dipati | Pakualam apamitan | tinut sadaya têtami | tumulya sami pamit | samana bibaran [bi...]

--- 7 ---

[...baran] sampun | tamu Ngayogyakarta | kang para pangeran sami | jam 10 mariksani pakajangan ||

25. ngalun-alun lèr winarna | untabe wong tanpa wilis | jalwèstri suka nêningal | pèt-pètan pupu apipit | pêpêt ing margi-margi | jêjêl uyêl elur[6] sêlur | kaprah mosik ing manah | mêmpêng mumpung amêningi | sakèhing wong satêmah lir samayanan ||

26. dene sagung pakajangan | rinêngga-rêngga sarwa sri | gapura panjuta sasra | bêbanjêngan milangêni | saking mandrawa kèksi | lir rêsmining lintang wuluh | ngrompol pating galêbyar | kalamun dipun cêlaki | sri kawuryan padhange pindha raina ||

27. wit saking sumilakira | lampu triyum ingkang munggwing | jroning panti pakajangan | mila sajêroning kapti | ngalela saking jawi | sarwa sri pinatut-patut | pinlisir myang binuntalan |[7] grim corak bandera Wlandi | tinon kadi kêkuwung wor lan wangkawa ||

28. kawana[8] sri naranata | nitih rata mariksani | kalawan jêng

--- 8 ---

pramèswara | kering pra wadya turanggi | usar Wlandi sasèksi | kang sakawan munggèng ngayun | dene wadya tamtama | kalawan miji pinilih | anggarêbêg nèng wurine usar Wlănda ||

29. gadêbêgirèng turăngga | wor lan krincinging kêndhali | miwah karopyaking pêdhang | amrabawa ring pamyarsi | wong nonton cingak sami | sanalika nuli dulu | kretadi sinongsongan | cinipta tan ana kalih | yèn sang nata wong nonton myat mangarcana ||

30. mangkana jêng sri narendra | sabên sarawuhnya munggwing | sangajênging pakajangan | tandya kèndêl amriksani | maksih nèng rata nuli | pra abdi dalêm ing ngriku | sami amangastawa | nambramèng kidung palupi | angêngudang luhuring kaprabon nata ||

31. mêmuji panjanging yuswa | linulusna ambawani | kawibawaning narendra | sarta lêstaria dadi | pangaubaning dasih | kinasih marang Hyang Agung | ugi kang para wadya | sabiyantu amêmuji | karaharjanira kangjêng pramèswara ||

32. ya ta jêng sri naradipa | dupi sampun [sampu...]

--- 9 ---

[...n] mariksani | satataning pakajangan | ngalun-alun lèr tumuli | karsa têdhak mriksani | marang ngalun-alun kidul | ing ngriku unggyanira | pakajanganing prajurit | myang wadana pangrêmbe sakancanira ||

33. sang nata sarawuhira | ing pakajangan prajurit | pra upsir ngadêg ngarcana | mahargya ungêling musik | dupi dungkap ing wanci | jam 12 sang prabu | kondur marang jro pura | para pangran tamu nuli | lir kasmaran maluyèng pamondhokannya ||

2. Asmaradana

1. dintên Kêmis Lêgi enjing | jroning pura kang winarna | wus miranti sadayane | pandhapa sanasewaka | dahat rinêngga-rêngga | turut ing taritis sinung | plisir grim bandera Lănda ||

2. corak biru rêkta putih | pinatut praptaning saka | sinindhêt-sindhêt pindhane | klambu rêngganing pasaryan | ngrukup rekan bintangan | saha saantaranipun | paningrat sinung rêrênggan ||

3. bandera karajan Jawi | tuwin karajan Nèdêrlan | sarta ing têngah-têngahe | tinulis ing sastra Jawa | pinulas măncawarna | pratela dintên puniku [pu...]

--- 10 ---

[...niku] | tingalan dalêm sang nata ||

4. kèh rêrênggan sastra Wlandi | tumrap têbênging gapura | têmbung Malayu ungêle | salamêt ari taunnya | sri paduka suhunan | yang kasapuluh satuju | usya tiga puluh dhua ||

5. sinisihan sastra Jawi | tan pae suraosira | mêmudya karaharjane | wiyosan dalêm sang nata | kathah yèn winursita | uparêngganing kadhatun | pêpasrèn amăncawarna ||

6. muhung sang pratamèng kawi | myang para paramèng sastra | kang tan kewran pangriptane | ya ta kangjêng sri narendra | ing wanci jam 10 | wus ngrasuk busana luhung | miyos saking prabayasa ||

7. para parêkan nèng wuri | angampil upacarendra | nulya kangjêng sang akatong | siniwèng sanasewaka | munggyèng dhampar kancana | mênggêp nèng madya sang prabu | majêng mangalèr lênggahnya ||

8. dhampar rinêngga sarwa di | kasur baludru binara | abyor têpung ing têpine | tumeja angkara-kara | jumbuh lan busanendra | ukêl kêling kang panutup | pêthan paksi lar mutyara ||

9. sarta kiwa têngên mawi | kinancing

--- 11 ---

sotya barleyan | pating karanthil ingonce | sotya puniku winastan | intên tètèsing toya | tinon kang ujwala gumyur | lir tumètès tibèng jaja ||

10. makutha kanigara sri | rasukan sangkêlat krêsna | binaludir dahat abyor | ngagêm nyamping latar seta | sêratan lung kusuma | apaningsêt cindhe biru | komplit dalah baranira ||

11. angathepyah turut wêntis | èpèknya sangkêlat krêsna | binaludir mas isthane | kanang lung-lungan rumambat | agêm dalêm wangkingan | jêng kyai agêng puniku | warăngka lugas kewala ||

12. kaos karèt krêsna adi | mawi lung-lungan bênang mas | pantês kalawan panpuse | baludru krêsna rinêngga | ing koslèt kang sinotya | lir timang sinom puniku | singsim rong rakit barleyan ||

13. sadaya bandhilan sami | nèng panuduh kering kanan | myang jêjênthik pangagême | sarta agêm dalêm bintang | sami kagêm sadaya | satunggal bintang kumandhur | ring ordhê leyo Nèdêrlan ||

14. tuwin bintang grut opisir [opi...]

--- 12 ---

[...sir] | krun ordhê Siyêm karajan | miwah sapanunggalane | têngêring karajan Jawa | saking Sri Maharaja | Suryawisesa ing dangu | myang saking Jêng Panêmbahan ||

15. Senapati ing Matawis | myang saking Kangjêng Suhunan | Pakubana[9] kapisane | saking Jêng Tuwan Marsêkal | Dhandhlês Gupêrnur Jendral | sanyata jêng sang aprabu | wimbuh wimbaning prabawa ||

16. bintang sing karajan Jawi | wèh tăndha lamun sang nata | trah-tumrah lurining katong | ambawani kawibawan | kang saking măncapraja | minăngka tăndha puniku | supêkêting pawongmitra ||

17. ing waktu wau sang aji | abra abyoring busana | tangèh ngupaya iribe | ngirup rêsmining ujwala | tan dangu antaranya | lan lênggah dalêm sang prabu | para rakendra mangarsa ||

18. satata sumiwèng kursi | nèng kilèn parêk ngarsendra | sapiturute mangalèr | ingkang sêpuh munggyèng kanan | sumosor urut yuswa | para rayi dalêm sagung | sarta pangeran santana ||

19. nèng ngandhap dènnya sumiwi | sisihan kilèn lan wetan | wontên [wontê...]

--- 13 ---

[...n] ing pananggap kang lèr | dene sang mantri wisesa | tuwin para nayaka | myang para bupati sagung | rèh jawi majêgan desa ||

20. sakalerehannya sami | sumewa nèng pagêlaran | dene para bupati jro | myang para panêkarira | wontên ing sri mangantya | riya panji wayah buyut | sowan anèng jro kadhatyan ||

21. sapangkat sabilik-bilik | tunggal gêgolonganira | saya asri lamun tinon | kang para prajurit samya | pacak baris satata | sabên sagolonganipun | kinêmbar busananira ||

22. irêng abang tuwin wilis | rèh jro baris sri mangantya | tuwin anèng jro kadhaton | dene prajurit rèh jaba | baris ing kamandhungan | tuwin anèng ngalun-alun | sakidul waringin kêmbar ||

23. jèjèr mangidul dumugi | salèring taratag rambat | pra prajurit banderane | linud ing maruta mănda | tinon akêlap-kêlap | wênèh kumitir lir atur | pudyarcana ing narendra ||

24. kunêng gantya kang winarni | ing dalêm karesidhenan |

--- 14 ---

pra luhur Jawi sadene | kang para tuwan amtênar | militèr myang mardika | pra lanhir myang para tamu | saking ing liyan nagara ||

25. sarta sanggyanira sami | ngrasuk busana pameran | wus pêpakan sadayane | yun malêbu ring kadhatyan | dene pra luhur Jawa | yèku panjênênganipun | Jêng Gusti Mangkunagara ||

26. saha dhinèrèkkên dening | raka-raka pra pangeran | myang rayi-rayi sadene | upsir ing Mangkunagaran | dene tamu Ngayogya | gangsal pisan yun malêbu | sumewa marang jro pura ||

27. ya ta winursita dupi | wanci satêngah sawêlas | tandya jêng tuwan residhèn | sarta para tuwan-tuwan | myang para luhur Jawa | awahana rata sampun | bidhalan malbèng kadhatyan ||

28. jêng tuwan residhèn tuwin | Jêng Gusti Mangkunagara | satata lir ing adate | kering prajurit turăngga | datan winarnèng marga | jêng tuwan residhèn sampun | praptèng kidul wringin kêmbar ||

29. prajurit urmat prèsèntir | tambur ropul sarambahan | nulya jêng tuwan residhèn | rawuh [ra...]

--- 15 ---

[...wuh] ing taratag rambat | mandhap saking kareta | kèndêl sakêdhap ing ngriku | ngêntosi tamu lyanira ||

30. kang maksih kantun nèng wuri | tan adangu wus ngalêmpak | tandya jêng tuwan residhèn | nglajêngakên tindakira | nèng ngarsa sinongsongan | kapit-apit para luhur | Jêng Gusti Pangran Dipatya ||

31. Mangkunagara pituwin | Kangjêng Gusti Pakualam | wau wong agung kalihe | ugi sami sinongsongan | prabaning songsong gilap | jênar sumunar dilu |[10] lir pendah purnama kêmbar ||

32. pra tamu garbyêg ing wuri | samantara kapiyarsa | ungêling salomprèt apèl | nèng panggung sănggabuwana | nulya para pangeran | ingagnya dening sang prabu | mêthuk residhèn lêbêtnya ||

33. para pangeran tumuli | mijil saking jroning pura | ya ta jêng tuwan residhèn | wus rawuh ing sri mangantya | panggya lan pra pangeran | nulya ingacaran sampun | jêng tuwan malbèng kadhatyan ||

34. myang para pangran dipati | duk arsa malêbèng pura | ingingkupakên songsonge | ing ngriku

--- 16 ---

para pangeran | myang pra tamu sadaya | wus sami malbèng kadhatun | ya ta kangjêng sri narendra ||

35. saking mandrawa kaèksi | kêkuwungirèng ujwala | mimbuhi prabèng kaprabon | priksa rawuhnya kang bapa | dyan jumênêng sing dhampar | jêng tuwan residhèn sampun | minggah ring sanasewaka ||

36. tumamèng byantara aji | nulya sami cundhuk asta | myang para amtênar lyane | miwah militèr kumêndhan | gantya-gantya mangarsa | sadaya tabean sampun | para tuwan sanèsira ||

37. muhung sami angaturi | kurmat atundhuk mustaka | dene kangjêng sang akatong | asasmita marudasta | nulya atata lênggah | jêng residhèn lênggahipun | nèng kering dalêm sang nata ||

38. cakêt apratisthèng kursi | Jêng Gusti Mangkunagara | nèng kanan dalêm sang katong | ing kursi larikan ngarsa | mangilèn ajêngira | nulya wau kang sumambung | tuwan militèr kumêndhan ||

39. Jêng Gusti Pangran Dipati | Pakualam nuli para | tuwan asistèn residhèn | kang nom pangkate

--- 17 ---

nèng kanan | dyan tuwan juru basa | sarta sanggyanira wau | kapara parêk ngarsendra ||

40. nisihi para raka ji | kursi ing sawingkingira | maksih tigang larik dene | ngajêng palênggahanira | para putra santana | Mangkunagaran myang tamu | pangeran saking Ngayogya ||

41. sarta para opsir Wlandi | larikan têngah myang wuntat | kongsi praptèng pananggap lèr | ing ngriku pisowanira | pra lanhir myang mardika | tanapi pra tuwan tamu | saking ing liyan nagara ||

42. para pangeran putra ji | myang pangran santana samya | wus sowan lir ing waune | tan antara dangu lawan | lênggah dalêm sang nata | tumulya nyai tumênggung | marêk marang ing ngarsendra ||

43. sinasmitan dyan wotsari | mundur saking ngarsa nata | kering pra karerehane | tan adangu wêdalira | wadanèstri tumulya | wangsul marêk ngarsa prabu | munjuk dènira dinuta ||

44. nyai tumênggung wotsari | sarèh kêdaling wacana | sora mintir tan alêdhok | dhuh pukulun sri narendra | wit saking jrih kawula | kaabdèkkên ing sang prabu [pra...]

--- 18 ---

[...bu] | nuwun abdi dalêm kula ||

45. dhawuhkên timbalan aji | ing Radyan Purwadarsana | abdi dalêm kliwon gandhèk | dhawuh dalêm sapunika | Radyan Purwadarsana | dhawuh dalêm sang aprabu | pakênira andhawuhna ||

46. dhumatêng sang nindyamantri | Dyan Pati Sasradiningrat | ajad dalêm ing sawuse | dinonganan binagea | lir adat kang warata | sandika tur sêmbahipun | Dyan Bèi Purwadarsana ||

47. titi aturing dutèstri | wotsari tampi sasmita | mundur saking ngarsa katong | mijil saking jroning pura | yun nampèni aturnya | kliwon anggandhèk kang sampun | dhawuhkên timbalan nata ||

48. tan antara dangu nuli | wangsul tumamèng ngarsendra | wotsari mangkana ture | awit saking jrih kawula | kabdèkkên ing narendra | abdi dalêm kula sampun | anampèni unjukira ||

49. Purwadarsana Ngabèi | sampun nglampahi dinuta | dhawuhkên timbalan katong | dhumatêng mantri wisesa | bab ing pambagenira | ajad dalêm sang aprabu | lir adat kang kalampahan [kalampah...]

--- 19 ---

[...an] ||

50. unjuknya pun nindyamantri | sandika tur sêmbahira | ing jêng paduka sang katong | nyai tumênggung wotsêkar | mundur saking byantara | tinungka lumadosipun | minuman măngka pudyarja ||

51. para sumiwèng ngarsa ji | sadaya wus linarihan | nulya jêng tuwan residhèn | kundhisi suraosira | wilujêng dalêm Ingkang | Sinuhun Jêng Sunan Paku- | buwana kaping sadasa ||

52. têtêping yuswa sang aji | tigang dasa kalih warsa | para prajurit nulya ge | sabên sagolonganira | kurmat drèl tri rambahan | sinêlanan ungêlipun | mariyêm ing kamandhungan ||

53. wusing pahargyan sang aji | kondur marang prabayasa | pra tuwan amtênar dhèrèk | miwah militèr kumêndhan | pra tuwan têtabean | lan pramèswari sang prabu | Jêng Ratu Pakubuwana ||

54. tuwin lawan ibu sori | Kangjêng Ratu Madurêtna | dene pra tamu kang dhèrèk | Jêng Gusti Mangkunagara | Jêng Gusti Pakualam | ya ta tan dangu sang prabu | miyos malih sinewaka ||

55. nulya

--- 20 ---

maringakên singsim | ring tuwan residhèn sarta | marang ing panjênêngane | Jêng Gusti Mangkunagara | dene wau kalpika | minăngka pangemut-emut | tingalan dalêm sang nata ||

56. sarta kalpika kang maring | tuwan-tuwan sanèsira | kasrah jêng tuwan residhèn | jêng tuwan residhèn nulya | pamit ing sri narendra | wus kaparêng sang aprabu | dyan sami acundhuk asta ||

57. para amtênar pituwin | tuwan militèr kumêndhan | wus tabean sadayane | ya ta para tuwan-tuwan | wus mijil saking pura | tuwin panjênênganipun | Jêng Gusti Mangkunagara ||

58. sasadhèrèk myang pra upsir | wus mundur saking ngarsendra | karsa dalêm sang akatong | maksih dugèkkên sinewa | sinowan para pangran | putra santana myang tamu | pangeran saking Ngayogya ||

59. mangkana jêng sri bupati | ngandikan sakaparêngnya | lan pra rakendra sadene | lawan Jêng Gusti Pangeran | Dipati Pakualam | pangandika dalêm prabu | kanthi dhanganing wardaya ||

3. Kinanthi

1. lir larabing [lara...]

--- 21 ---

[...bing] puspita rum | kengis manawung mêmanis | mila eyang Pakualam | samangke kula aturi | muhung mugi jumurunga | widadaning yuswa mami ||

2. kang liningan alon matur | kasambadana karsa ji | ngandika malih sang nata | punika kula ngaturi | kalpika minăngka tăndha | lumunturing sutrêsna sih ||

3. wusing ngandika sang prabu | nyi tumênggung dyan marêki | ring Jêng Gusti Pakualam | maringkên kalpika adi | wau paringnya sang nata | jêng gusti sampun nampèni ||

4. sarta para pangran sagung | myang pangeran tamu tuwin | kangjêng radyan adipatya | litnan kolnèl mayor kaptin | wadana kliwon sadaya | ugi samya anampèni ||

5. paring dalêm jêng sang prabu | awarni kalpika adi | saha para ingkang samya | tampi sih dalêm sang aji | suka sukur ing wardaya | dahat dènira mêmundhi ||

6. mênggah pêperanganipun | wau paring dalêm singsim | ingkang rinênggèng sêsotya | yèku pinaringkên maring | sadaya para rakendra | myang pra ngasta pangrèh nagri ||

7. wujuding

--- 22 ---

kalpika wau | pinêtha pari sawuli | sisihan lawan ron kapas | sarta têngahira mawi | sastra P.B.X yèka | purwakaning asma aji ||

8. saha saantaranipun | ujung ron kapas lèn pari | sinung tăndha krun karajan | dene êmbananing singsim | tinulis ing sastra Jawa | duk wiyosnya sri bupati ||

9. ăngka 17 |[11] 95 tuwin | sinisihan ăngka warsa | Alip kang lagya lumaris | nêdahkên yuswa narendra | mangkya tigang dasa kalih ||

10. nihanta jêng sang aprabu | jêngkar kondur ngênyapuri | pangeran putra santana | myang pangeran tamu tuwin | sadaya ingkang sumewa | wus kaparêng mundur sami ||

11. samana ing dalunipun | malêm Sukra ing jro puri | wontên pasamuwan dhansah | wanci suruping Hyang Rawi | ginantyan padhanging pandam | kawuryan yayah tan ratri ||

12. sunaring panjuta sèwu | anèng gapura tulya sri | turut tirahing plataran | kang wetan dumunung munggwing | ngajênging panti pangarsa | gêdhong kang anêmbe dadi ||

13. sakathahing lampu treyum | ing sanasewaka [sa...]

--- 23 ---

[...nasewaka] tuwin | ing suyasa liyanira | prasami dipun sumêdi | satêmah panjuta sasra | kang nèng wêwêngkoning puri ||

14. surêm sorote mawêlu | lir lintang katrangan sasi | dene ing sanasewaka | lamun tiningalan saking | ing gêdhong panti pangarsa | ngalela amilangêni ||

15. lênging tyas saya ngalangut | ngèngêti caritèng nguni | puraning Bathara Endra | padhanging panjuta kadi | soroting dipa nirmala | tuhu tanpa nguciwani ||

16. dupi andungkap jam 8 | para tuwan-tuwan prapti | tan antara dangu nulya | miyosnya jêng sri bupati | busana cara Walănda | jendral mayor amantêsi ||

17. miyos lawan kangjêng ratu | pramèswari dalêm tuwin | Kangjêng Ratu Madurêtna | myang băngsa luhur pra putri | pratisthèng sanasewaka | lênggah ing kursi sêtasi ||

18. dyan katungka lêbêtipun | jêng tuwan risidhèn tuwin | para militèr amtênar | para tuwan wau sami | kathah kang kanthi swaminya | dalah pra nonah kyèh prapti ||

19. angrasuk busana luhung | jorjoran [jor...]

--- 24 ---

[...joran] arêbut adi | adating para wanudya | mêmardi asrining dhiri | mila ing sanasewaka | saksat kambah widadari ||

20. sarta para băngsa luhur | Jêng Gusti Pangran Dipati | Ariya Mangkunagara | myang para sadhèrèk tuwin | upsir ing Mangkunagaran | wus sami malêbèng puri ||

21. Pakualaman pra tamu | myang bupati măncanagri | ing Madiun tuwin Blora | tamu băngsa luhur Wlandi | yèku risidhèn Ngayogya | ugi wus malêbêt sami ||

22. dene bupati ing Bandhung | pancèn tan sowan sang aji | praptanya ing Surakarta | mung pêrlu yun nêningali | mila ing wêktu punika | tan milu lumêbèng puri ||

23. wontên panunggilanipun | saking Madura nagari | Dyan Mas Arya Suryènglaga | kang pêrlu yun nêningali | kèlu wit kontaping warta | yèn Surakarta nagari ||

24. yèku sajumênêngipun | jêng sri narendra samangkin | karsa amangun karatyan | miwah rêrêngganing puri | tuhu kathah wêwahira | pantês măngka darsana di ||

25. mangsuli caritèng ngayun | jam [ja...]

--- 25 ---

[...m] pitu sontên ing wanci | wadana kliwon sadaya | sapanêkarira sami | pêpak anèng pasowanan | dupi jam 8 kang wanci ||

26. para pangagêng ing ngriku | anglairakên pamuji | saha kasusêtyanira | marang kangjêng sri bupati | sakèndêling pudyastawa | tinampèn surak mawanti ||

27. munya gêndhing mardawa rum | linud ing kidung pamuji | pra wadana kliwon nulya | sumewa marang jro puri | kang kèri karerehannya | kasukan nayub saratri ||

28. nihanta jroning kadhatun | wanci jam 9 lumadi | pasugatan dalêm wedang | samunduring wedang nuli | majêng minuman sapanyah |[12] tuwan risidhèn kundhisi ||

29. ing têmbung Lănda puniku | pinèt surasèng sêsanti | wilujêng dalêm Sri Nata | Pakubuwana mandhiri | kaping sadasa minulya | ing Surakarta nagari ||

30. ingkang jumênêng kumandur | ring ordhê Nèdêrlan saking | Leyo nagari Nèdêrlan | myang grut opisir saking |[13] ordhê ing nagari Siyam | saha jendral mayor saking ||

31. brêtya pamunahing [pamunah...]

--- 26 ---

[...ing] ripu | natendyah Nèdêrlan nagri | sakalihan pramèswara | sampating pudyarja nuli | kinurmatan ungêlira | musik lan mriyêm mawanti ||

32. jumêglug suwaranipun | lir ombaking jalanidhi | kumocak anêmpuh parang | datan antara tumuli | byar sêle kang nèng wit-witan | sinulêd abyor nêlahi ||

33. katon abang ijo wungu | satêmah sajroning puri | rêrupan ingkang kawuryan | nir warnane kang sajati | măncawarna maya-maya | yayah ngalam jroning ngimpi ||

34. mriyêm ing sakèndêlipun | sampanyah lumadi malih | nulya jêng sri narendra |[14] amahyakakên pamuji | mring risidhèn Surakarta | wahyaning pangandika ji ||

35. cinêkak ing têmbung Mlayu | ini kita minum êmbri | salamêt kapadha Tuwan | Wèdhêpodhêl Risidhènsi | Surakarta dhan swaminya | titining pangandika ji ||

36. tan antara kaparungu | ungêling mriyêm lan musik | lir pendah manadukara | jumurung suka basuki | sawusing pudya astawa | jumênêng jêng sri bupati ||

37. jêng nyonyah risidhèn [risidhè...]

--- 27 ---

[...n] laju | kêkanthèn lan jêng sang aji | dene risidhèn jêng tuwan | kanthèn lan jêng pramèswari | têdhak ing sanadrawina | pra tuwan garêbyêg sami ||

38. kanthèn lawan nyonyahipun | nulya sami amurwani | dènnyarsa lêlangên dhansah | polomès midêr ping kalih | sang nata dènnya mataya | kalawan Nyonyah Plingkêskil ||

39. tuhu sami lêbdanipun | tumindaking pada trampil | luwês pangrèhing sarira | manganan ngering pakolih | kalepat yayah yun pisah | wangsul cundhuk asta malih ||

40. kadyangganing kupu tarung | pra tamu sukanya ngênting | wontên kang tan dhèrèk dhansah | kasukan kêrtu pituwin | kapang sami lêlênggahan | sawênèh mung nêningali ||

41. uparêngganing kadhatun | kang satuhu milangêni | ya ta kangjêng sri narendra | sawusing dhansah tumuli | kondur marang prabayasa | tuwan-tuwan kèh umiring ||

42. panggya jêng ratu pambayun | para tuwan-tuwan dupi | wus watara têtabean | nulya kangjêng sri bupati | miyos alênggah kasukan | ombêr ingkang

--- 28 ---

angladosi ||

43. yèku para băngsa luhur | risidhèn Ngayogya tuwin | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Mangkunagara Jêng Gusti | Pangran Pati Pakualam | kèndêl kasukan sang aji ||

44. miyos lawan para tamu | marang magangan mriksani | langên komedhi winastan | Cahya Satambul marêngi | lampahan Sairusaman | carita ngês mêlas asih ||

45. tan adangu nuli kondur | karsa langên dhansah malih | lêlagon gantya-gumantya | Padhêkatêr lan Pulkakris | pantês pacaking sarira | lan rêngganing busana di ||

46. agêm dalêm sang aprabu | bintang amaneka warni | saha rinênggèng sêsotya | pating galêbyar upami | kartika rêbut sasana | mawèh lam-laming pangèksi ||

47. cinêndhak caritanipun | pasamuwan jroning puri | pahargyan dalêm sang nata | wêktu punika sayakti | sayuk datanpa kuciwa | sunggata maneka warni ||

48. andungkap ing wanci bangun | soroting aruna kèksi | sumirat nèng cakrawala | sang nata angênyapuri | para têtamu [tê...]

--- 29 ---

[...tamu] wus samya | mijil saking purayadi ||

49. para nangkil samya wangsul | ring pasowanane nuli | nutugakên suka-suka | alangên nayuban tuwin | minum brèndhi ngleyang tandhak | bibaran jam pitu enjing ||

50. ya ta mangkya kang winuwus | tamu Ngayogya nagari | dintên malêm Saptu samya | sinêdhahan ing Jêng Gusti | Pangeran Arya Mataram | yèku lênggahan rêsèpsi ||

51. jêng gusti wêktu puniku | nimbal-nimbali para ri | kang wus jumênêng pangeran | myang pra pangran santana ji | miwah para pratiwadya | tuwan-tuwan sawatawis ||

52. ing wanci kèndêl jam wolu | ingkang sinêdhahan sami | wus rawuh dyan ingacaran | satata lênggah ing kursi | Jêng Gusti Arya Mataram | kawuryan sênênging galih ||

53. yèku kacihna ing takduk |[15] rumakêt mikat mamèt sih | prasaja ing parikrama | sakramaning awirya di | marma para tamu samya | rumêsêp tan walang-ati ||

54. ya ta tan antara dangu | dènira lênggahan sami | tumuli lênggah bojana | sawusing dhahar prasami |

--- 30 ---

wangsul malih lêlênggahan | bibaran wanci jam kalih ||

55. winurcita para tamu | dintên Saptu siyang sami | ngandikan malêbèng pura | kèndêl jam sawêlas nuli | bidhal saking Kapatihan | ya ta wus tumamèng puri ||

56. para pangeran sadarum | putra santanèng narpati | ugi prasami sumewa | jujug ing nglojèn ngêntosi | dhawah dalêm sri narendra | tan antara wadanèstri ||

57. dinuta dening sang prabu | nimbali pra pangran sami | munjuk sandika wotsêkar | saking nglojèn laju kerid | minggah ing sanasewaka | dene kangjêng sang siniwi ||

58. anèng sanaparasdyèku | suyasa ingkang umunggying | sangajênging prabayasa | busana dalêm sang aji | ngagêm nyamping latar seta | sawitan tuhu mantêsi ||

59. apaningsêt limar wungu | èpèk bludru wilis mawi | sinulam ing bênang rukma | ing saturutira kadi | lung èrgulo isthanira | alancingan panji-panji ||

60. kinancingan sêsotyèku | rasukan dalêm sang aji | bludru biru langênarjan | kang wangkingan [wangking...]

--- 31 ---

[...an] rinêngga di | răngka sinlorok sêsotya | kawuryan abyor nêlahi ||

61. kataman baskara nrawung | amrabawa ri pangèksi | samana jêng sri narendra | lênggah sinewa ing kursi | Kangjêng Gusti Pakualam | myang pra pangeran raka ji ||

62. sadaya sampun mangayun | satata sumiwèng kursi | anèng kananing narendra | pra rayi myang santana ji | myang Pangran Pakualaman | nèng ngandhap dènnya sumiwi ||

63. nèng sanasewaka sagung | para rayindra ing ngarsi | pangran tamu myang santana | jajar nyambêti ing wuri | ya ta pangran tamu samya | ngandikan marang ngarsa ji ||

64. wotsari sarêng mangayun | prapta ing paningrat nuli | nyèlèhakên dhuwungira | dyan majêng saking satunggil | tumamèng byantara nata | gantya-gantya angabêkti ||

65. sangandhaping pada prabu | sabên sawusnya ngabêkti | dinangu ing jêng sang nata | têkamu padha basuki | kang dinangu atur sêmbah | pangèstu dalêm kapundhi ||

66. kawula sami rahayu | kangjêng sri narendra ugi | andangu sakaparêngnya | wahyaning

--- 32 ---

pangandika ji | tumamèng tyas lir kataman | tumrahing sarkara manis ||

4. Dhandhanggula

1. para tamu dahat amêmundhi | ing kadarman dalêm sri narendra | tan kasupèn salamine | wusing kalilan mundur | marang sanasewaka nuli | tinungka majêngira | bupati Madiun | tuwin bupati ing Blora | sakalihanira samya angabêkti | sangandhaping padendra ||

2. samundurnya kêkalih bupati | tandya Kangjêng Gusti Pakualam | munjuk ing jêng sri pamase | pukulun sang aprabu | sowan amba ing byantara ji | ngunjukakên uninga | sêrat yasanipun | Pakualam kang kapisan | nama Kyai Sujarah Darma pituwin | Kyai Jatipusaka ||

3. sri narendra nulya mariksani | andadoskên dhanganing wardaya | wus kapriksa sapêrlune | kang kawarta srat wau | wiwit yasa praptaning dadi | kongsi wolulas warsa | sêsêratanipun | miwah rêrêngganing sastra | prada sungging yèku sinariran dening | Jêng Gusti Pakualam ||

4. muhung garwa kang asring nyêlani | panyungginge tuwin pamarada |

--- 33 ---

kang ing jawi rêrênggane | yèku sinamak tatur | wau ingkang dipun wastani | Kyai Jatipusaka | ing salugunipun | pêpêthikan sêrat babad | cêcriyosanira jêng sinuhun swargi | Pakubana kapisan ||

5. salajêngnya sami dèn sambêti | candranira panjênêngan nata | wiwit saking Senapatèn | ing sapiturutipun | prapta ingkang sinuhun swargi | kang kapisan Ngayogya | dene kang kasêbut | ran Kyai Sujarah Darma | yeka Sêrat Menak awal praptèng ngakir | mangkana sri narendra ||

6. sawusira karsa mariksani | sêrat pusakèng Pakualaman | dyan karsa mitontonake | titihan dalêm prabu | yèku nguni saosan saking | Jêng Gusti Pakualam | duk lumadosipun | maksih ruci sawatara | nanging mangkya wus kêni dipun titihi | tutut tan wèh sumêlang ||

7. wêktu wau tinumpakan dening | Dyan Mas Arya Kusumawinata | abdi dalêm litnan kolnèl | nèng plataran ing ngriku | Kangjêng Gusti Pangran Dipati | Pakualam sru dènnya | kascaryan ing

--- 34 ---

kalbu | dene sêsaosanira | kagêm marang panjênêngan narapati | têmah sruh[16] sukur suka ||

8. ngiras pantês karsanya sang aji | kuda wau pinaringan nama | Kyai Danaraja rane | măngka pangemut-emut | pisungsunging pangran dipati | ring panjênêngan nata | nihanta ing ngriku | Dyan Mas Kusumawinata | mandhap saking turăngga nulya sang aji | karsa atêdhak têgar ||

9. Kyai Gunawan kang dèn titihi | kinurmatan ungêling pradăngga | pantês trepongan gêndhinge | turăngga gêng aluhur | ulês cêmêng asulak abrit | tandange akas dhangan | tan kuciwèng wangun | miraga sêmu gambira | tan antara dangu nulya jêng sang aji | têdhak santun turăngga ||

10. ulês dhawuk yèku dèn wastani | nênggih Kiyai Brataprayitna | pradăngga santun lagune | munya kang gêndhing pangkur | gawe gawok kang nêmbe mèksi | satandangirèng kuda | kadi kaduk bêsus | lir bisa nut ing irama | yèn pinêpêk gulu mapan ngukêl pakis | tuhu tanpa sambawa ||

11. sawatawis dangu sri bupati | nitih Kiyai

--- 35 ---

Brataprayitna | ing sakèndêlira age | kuda sinungan minum | tata ngayun kang asung warih | têdhak saking turăngga | sang nata dyan wangsul | lênggah nèng sanaparasdya | pra sumewa sadaya rumasa sami | sinuka ing sakarsa ||

12. sadangunya nèng byantara aji | miyarsakkên ungêling pradăngga | suwuk găngsa sêtrik orkès | munya anganyut-anyut | dahat mawèh gambirèng ati | tan dangu lan lênggahnya | kangjêng sang aprabu | klangênan dalêm badhaya | cacahira sanga satata umijil | saking ing prabayasa ||

13. marêk marang ing paningrat sarwi | lampahnya nut lagoning pradăngga | kinêmbar ing busanane | samantara dupi wus | marêp anèng byantara aji | pasindhèn bawa swara | sarèh rum aruntut | lan rarasirèng pradăngga | dyan tinampèn munya kêndhing[17] Doradasih | pra badhaya mataya ||

14. kèndêlira jam satêngah kalih | nulya kondur kangjêng sri narendra | marang prabayasa dene | kang sumewa sadarum | mundur saking sajroning puri | para tamu Ngayogya | ing

--- 36 ---

wanci jam 7 | yèku dintên malêm Akad | amartamu ring loji agêng kapanggih | lan militèr kumêndhan ||

15. nanging namung sakêdhap tumuli | martamu ring Kamangkunagaran | cinaran ing satatane | têtamu băngsa luhur | sarta ingkang sami-sami |[18] samana pinanggihan | nèng sasana ngayun | kangjêng gusti sakalihan | lênggahira cakêt satata ing kursi | mangidul ajêngira ||

16. Kangjêng Gusti Pangeran Dipati | Pakualam pinarnahkên kanan | nulya ing kanan keringe | pra pangran kang sumambung | lênggahira sinêlang-sêling | pangran Mangkunagaran | myang pangeran tamu | dyan para radyan mas arya | yèku para putra pangeran dipati | sumosor urut yuswa ||

17. sawuspira[19] lênggah sawatawis | lumadi kang sunggata minuman | dyan ngunjuk măngka pambage | rawuhing para tamu | sadangunya lênggahan sami | ing ngriku kawistara | wau para luhur | sami cumondhong ing karsa | sanetyasa tan kuciwa dènira mrih | sukarênèng wardaya ||

18. dupi kèndêl jam wolu Jêng Gusti | Pangran Adipati Pakualam [Pakua...]

--- 37 ---

[...lam] | sarta para tamu lyane | nulya pamitan kondur | ring pondhokanira pra sami | para tamu tumulya | mampir mara tamu | marang ing Natakusuman | wanci kèndêl jam sanga tumuli pamit | kondur mring pamondhokan ||

19. dintên Akad enjing kang winarni | para tamu ing Ngayogyakarta | kakung putri myang kang dhèrèk | jalêr èstri sawêgung | gêng alit samakta sami |[20] yun marang Parangjara | ing wanci jam 7 | sêdhêngnya arsa bidhalan | nulya samya miyarsa pawarta bilih | Jêng Ratu Timur seda ||

20. yèku uwa dalêm jêng sang aji | yuswa 73 warsa | pra tamu sapamyarsane | dahat dènira ngungun | mangu-mangu ingkang panggalih | kadyarsa sinandèkna | wau dènira yun | lêlangên ring Parangjara | têmah sami nyarantosakên manawi | dhinawahan alayad ||

21. dupi kèndêl jam 9 tumuli | para tamu lajêng abidhalan | maring Parangjara age | lampahing rata darung | tan winarnèng marga wus prapti | ing sabrangan bangawan | kang lajêng jumujug | pasanggrahan Parangjara | wontên [wo...]

--- 38 ---

[...ntên] ngriku pinapag dening Jêng Gusti | Pangran Arya Mataram ||

22. kanthi pangran santana wêwangi | Jêng Pangran Arya Adinagara | punapadene jêng rêgèn | dipati ing Madiun | saha garwanira wus sami | ngêntosi nèng sabrangan | samantara laju | samya mêdhak ring baita | dalah para abdi pangalit tan kari | jalwèstri sukèng driya ||

23. ponang baita alon amilir | sigra tumandang juru pambêlah | makolèhakên satange | tan dangu prapta sampun | dhak-undhakan kang minggah maring | sanggrahan Parangjara | saksana pra luhur | myang para pandhèrèkira | samya tilar baita dyan minggah maring | wêwêngkon pasanggrahan ||

24. para tamu lajêng mamriksani | nulya ngaso anèng pasanggrahan | pra putrine dalêm dene | kang para tamu kakung | samya lêgah[21] anèng pandhapi | têdhan dalêm minuman | dyan samya ingunjuk | tan antara dangu nulya | abidhalan baita malih umilir | marang ing Langênarja ||

25. baita kang ngamot para putri | yèku [yè...]

--- 39 ---

[...ku] titihan dalêm sang nata | sarwa adi rêrênggane | yèn ginagas satuhu | mirit reta tendha nèng warih | palênggahan ing têngah | jêng-ajêngan iku | lir pasang rakiting rêsban | ing wurinya wontên palênggahan malih | tan pae ajêngira ||

26. baita kang tinitihan dening | Kangjêng Gusti Pakualam miwah | para băngsa luhur lyane | lan para abdinipun | ingkang sami angampil-ampil | tan mawi sêsinggêtan | ginêlaran babut | kêmput sawiyaring jrambah | sakubênging tèdhèng tinatanan kursi | meja lit anèng têngah ||

27. wiyaring jrambah sadasa kaki | kalih dasa kaki panjangira | rinasa-rasa rarase | lir bale kambang iku | kang meja lit dipun tatani | dhaharan myang minuman | lan sêmbèn ing ngriku | miyarsakkên kalênengan | winotakên lyan baita mugèng[22] ngarsi | saya wèh arsayèng tyas ||

28. ing wanci jam 12 prapti | Nglangênarja sanggyanira samya | wus atilar baitane | ing ngriku para luhur | kinurmatan ungêling musik | lajêng tindaknya [tinda...]

--- 40 ---

[...knya] marang | sawêwêngkonipun | capurining pasanggrahan | mariksani pasang rakitirèng panti | myang rêngganing suyasa ||

29. andadoskên ascaryaning galih | nulya samya lênggah nèng pandhapa | ya ta tan dangu jêng rêgèn | dipati ing Madiun | pamitan yun angrumiyini | kondur saha garwanya | ring nagri Madiun | wus pamit nuli bidhalan | ing wanci jam 1 pra luhur ugi | bidhal sing pasanggrahan ||

30. sowang-sowang wus maluyèng panti | para tamu marang pamondhokan | ya ta winarna sontêne | wanci satêngah pitu | para tamu Ngayogya sami | anèng panti wibawa | yun manggihi tamu | jêng tuwan residhèn sarta | tamu Kangjêng Gusti Pangeran Dipati | Arya Mangkunagara ||

31. saha putra santanane sami | pinagihan[23] wontên ing pandhapa | dupi andukap[24] wancine | rawuhing para tamu | Kangjêng Gusti Pangran Dipati | Pakualam lan para | pangeran lyanipun | sami tumamèng pandhapa | lêlênggahan lan kangjêng radyan dipati | manganti tamunira ||

32. palênggahan kursi dènnya

--- 41 ---

ngrakit | ingkang tiga jinèjèr ing têngah | sami mangidul adhêpe | de panunggilanipun | jêng-ajêngan ing kanan kering | mangidul saturutnya | ing wanci jam 7 | pra tamu rawuh saksana | ingacaran wus tata lênggah ing kursi | jêng residhèn nèng têngah ||

33. lan ingapit-apit kanan kering | têngên Jêng Gusti Pangran Dipatya | Mangkunagara wondene | kang anèng kiwanipun | Kangjêng Gusti Pangran Dipati | Pakualam tumulya | kering kang sumambung | kangjêng radyan adipatya | Dyan Jêng Pangran Natakusuma tumuli | Pangran Purwasaputra ||

34. nulya para putra adipati | yeka pararya Mangkunagaran | kang nisihi lênggah kilèn | nèng lèr pyambak puniku | litnan kolnèl ingkang wêwangi | Pangran Găndasaputra | nulya kang sumambung | Jêng Pangran Dayasaputra | Dyan Jêng Pangran Natadiraja tumuli | Pangeran Sasraningrat ||

35. mênggah tatacara kang upami | tumrap pra luhur kang pêpanggihan | tan siwah lir ing adate | samangkana dupi wus | dungkap wanci jam 8 nuli | jêng residhèn [residhè...]

--- 42 ---

[...n] pamitan | tinut ing têtamu | Jêng Gusti Mangkunagara | saha putra santananira wus sami | kondur sing Kapatihan ||

36. dintên Sênèn enjing kang winarni | para tamu ing Ngayogyakarta | panggih jêng tuwan residhèn | wanci jam 9 laju | sêsarêngan alayad maring | dalêm ing Natabratan | yèku dalêmipun | Jêng Ratu Timur kang seda | winursita ing Natabratan wus mranti | rêngganing pantesawa ||

37. layon badhe sinarèkkên maring | ing astana Magiri Ngayogya | ya ta jêng tuwan residhèn | asêsarêngan rawuh | lan Jêng Gusti Pangran Dipati | Kolonèl Pakualam | kering para tamu | Pangeran Pakualaman | ya ta para putra santanèng narpati | myang jêng radyan dipatya ||

38. sarta para nayaka bupati | apêpakan sapanêkarira | rèhne nuju dintên Sênèn | ing ngriku para luhur | ingkang pancèn nuju sumiwi | abusana basahan | wit ing dintên wau | nuju dintên pasewakan | dene ingkang yun nguntapkên layon sami | mangagêm prajuritan ||

39. pra prajurit [praju...]

--- 43 ---

[...rit] kaayun umiring | miwah upacara wus samakta | nêtêpi ing satatane | putrining para ratu | ingkang miyos sing garwa padmi | myang para luhur Wlănda | wus pêpak ing ngriku | dyan rawuhnya sri narendra | jinajaran wira dragondêr sang aji | nitih Kyai Gunawan ||

40. lan ingurung-urung kanan kering | panèwu mantri myang punakawan | sarwi amandhi waose | miwah pra wadya sagung | ingkang ngampil upacara ji | garêbyêg munggèng wuntat | ing wêktu puniku | sang nata busananira | ngagêm nyamping truntum sawitan mantêsi | kalawan dhêstharira ||

41. arasukan bludru krêsna mawi | dulman pita krêsna lung rumambat | komplit dalah lancingane | panji-panji baludru | kinancingan sotya rêspati | gaspêr timang gandhosan | sinotya di luhung | karèt krêsna kaosira | panpus bludru krêsna koslèt sinotya di | paningsêt sutra krêsna ||

42. èpèkira bludru krêsna tuwin | kang wangkingan sinlorok sêsotya | sajagung-jagung agênge |

--- 44 ---

dene wangkingan wau | nama Kangjêng Kiyai Boji | slorok iku yasannya | ping sapta Sinuhun | yèn ginagas sri narendra | yayah kadi Sang Aprabu Arimurti | dyan têdhak sing turăngga ||

43. têrus marang pandhapa siniwi | dyan rawuhnya Jêng Pangran Dipatya | Arya Mangkunagara ge | tumamèng ngarsa prabu | nulya tata lênggah ing kursi | ing ngriku pra rakendra | mangarsa sadarum | Jêng Gusti Prabuwijaya | angunjuki uninga ing jêng sang aji | bilih pangruktinira ||

44. ponang pantesawa wus miranti | dhawuh dalêm kangjêng sri narendra | layon kalilan angkate | winiyosakên sampun | rinarămpa para priyayi | rêngganing pantesawa | sarwendah dinulu | ginordhin satinèt seta | ponang krêndha binuntal bukèt tulyasri | puspita măncawarna ||

45. kang pinêtha kang pari sawuli | anèng ngulon-ulon pamasangnya | tan winarna rêroncene | bidhaling layon wau | sri narendra nguntapkên prapti | sitinggil kidul nulya | layon menggokipun | prapatan [pra...]

--- 45 ---

[...patan] Gadhing sang nata | angadhaton dyan miyos lênggah siniwi | lir adat dintên Soma ||

46. tan ngêlirkên wajibing narpati | sri narendra ing sasampunira | nampèni palapurane | para kang nangkil sagung | nulya jêngkar angênyapuri | mangsuli kang winarna | layon bidhalipun | wanci satêngah sadasa | tamu tuwan-tuwan myang pra luhur Jawi | wus kondur sowang-sowang ||

47. lampahing layon datan winarni | winursita pra tamu Ngayogya | ing wêktu layon bidhale | yèku samya tumutur | nitih rata wontên ing wuri | nanging tumuli samya | ngrumiyini ayun | priksa lampah-lampahira | tan adangu sinru lampahing turanggi | praptèng sêpur Balapan ||

48. jam 11 layon dèrèng kèksi | măngka jêng gusti wus samadosan | lawan jêng tuwan asistèn | pêrlu badhe martamu | têmah datan sagêd ngantosi | praptaning layon nulya | jêng gusti ing ngriku | nglajêngkên mring asistenan | pêpanggihan jam 12 tumuli | kondur mring Kapatihan ||

--- 46 ---

5. Mêgatruh

1. lir mêgat sih malêm Salasa pra tamu | ngandikan malêbèng puri | mangkana sakèndêlipun | jam 9 wus sami kerid | tumamèng byantara katong ||

2. pêrlunipun ngandikan wit enjingipun | yun maluya ring nagari | Ngayogyakarta ing ngriku | sang nata dènnya manggihi | kadya kang nêmbe kalakon ||

3. satatane para kang sumewa sagung | myang pahargyaning têtami | tan pae duk ari Saptu | mung pra badhaya kang sami | mataya nèng ngarsa katong ||

4. sawatawis ragi wontên bedanipun | wêktu puniku pra sami | asikêp dêdamêl pistul | sarta gêndhing Doradasih | sinantunan lagu Ganggong ||

5. pra badhaya duk arsa ngungêlkên pistul | yayah ngarah mrih ngênani | lêlumbungan bêksanipun | dyan munya lir dèn abani | pistul sanga tan barondong ||

6. kapanujon sang nata ing wêktu wau | sinowan pra luhur Wlandi | duk myarsa ungêling pistul | sêmu mèsêm mratandhani | dahat ascarya ing batos ||

7. wanci kèndêl jam

--- 47 ---

11 găngsa suwuk | para badhaya dyan sami | kèndêl ing pambêksanipun | tata lampahira nuli | mundur sing byantara katong ||

8. para tuwan ngrumiyini nyuwun mundur | wus kaparêng nulya mijil | saking pura dyan ing ngriku | maksih dangu sawatawis | dènnya siniwi sang katong ||

9. Kangjêng Gusti Pakualam nulya munjuk | marang kangjêng sri bupati | nyuwun pamit enjingnya yun | bidhal ring Yogya nagari | winantua karahayon ||

10. wus dadoskên parênging galih sang prabu | maringi pudya basuki | ring sagunging para tamu | jam satunggal sri bupati | jêngkar kondur angadhaton ||

11. pra sumewa sumawana para tamu | wus mundur saking jro puri | winursita enjingipun | wau para tamu sami | sapandhèrèk wus mirantos ||

12. sarta badhe bidhalnya ring sêtatsiyun | tatacara tan salisir | lan duk kala rawuhipun | para pinatah ing kardi | anguntapakên tan seyos ||

13. yèku ingkang mêthuk kala rawuhipun | pra tamu tumulya pamit | ing jêng risang

--- 48 ---

mantringayun | pinanggihan nèng pandhapi | tandya sampanyah lumados ||

14. dyan ing ngriku sêsarêngan sami ngunjuk | minăngka andum basuki | suka sagung para tamu | kasok rêsêping tyas sami | sumungku sami patêmon ||

15. wanci kèndêl jam sadasa para tamu | kerid malbèng dalêm pamit | ing sori sang mantringayun | sanggyaning pra tamu sami | noragèng patrap ngalap sor ||

16. sarta tamu putri sêsalaman sampun | jinurung puja arjanti | sadayanya matur duwun |[25] saksana prasami nitih | rata kang sampun sumaos ||

17. sampun tata lênggah nèng rata pra tamu | bidhal tan winarnèng margi | tan antara dangu rawuh | ing sêpur ngriku kaèksi | jêjêl kadi tanpantuk gon ||

18. awit saking kathahira para luhur | pangran putra santana ji | kurmat bidhaling têtamu | sarta abdi dalêm upsir | para litnan kolnèl mayor ||

19. kangjêng radyan dipati sumusul rawuh | myang pra santanèng narpati | riya panji wayah buyut | kèh kang samya angurmati | tuwin [tu...]

--- 49 ---

[...win] abdi dalêm kliwon ||

20. ngajêngakên jam 11 para tamu | lan pra kang nguntapkên sami | salaman andum rahayu | nulya tamu putri saking | kamar pangêntosan miyos ||

21. para tamu wus minggah ring kreta latu | nèng klas satunggal pra abdi | munggah manggon ing klas têlu | santana angampil-ampil | kalilan anèng klas loro ||

22. dyan kapyarsa sêmpritan munya puniku | tăndha pangkating kretapi | para nguntapkên myang tamu | sarêng sami nyasmitani | mêmudya mrih ayuning don ||

23. tan antara kareta lêpas mandarung | enggaling carita prapti | Nglêmpuyangan wontên ngriku | pêthukan rata pangirid | turăngga sampun sumaos ||

24. kangjêng gusti mêdhak saking kreta latu | saputra santana nitih | rata pangirid kuda wus | bidhal kondur sar sami |[26] rahayu rawuhirèng don ||

25. myang parabdi sadaya sami rahayu | ing Pakualaman prapti | Rêjêp tanggal ping 26 | warsa Lip dèn sangkalani | suka nêmbah ngèsthi katong |[27]|

 


Bait ini mengandung sandiasma: Pangeran Arya Sasraningrat. (kembali)
Lebih satu suku kata: Sinuwun Jêng Suhunan. (kembali)
Baca: salikur (dan di tempat lain: digit sebagai penganti kata). (kembali)
Tanggal: Kêmis Lêgi 21 Rêjêp Alip: [AJ 1827]. Tanggal Masehi: Kamis 16 Desember 1897. Tanggal ini merujuk ulang tahun Pakubuwana X ke-33. Berdasakan tanggal lahirnya: Kêmis Lêgi 21 Rêjêp Alip 1795 (Kamis 29 November 1866), ulang tahun ke-33 ini jatuh pada tahun AJ 1827. Lihat juga tanggal di Pupuh 5.25.2-5 di bawah. (kembali)
marmêr. (kembali)
êlur. (kembali)
Lebih satu suku kata: pinlisir binuntalan. (kembali)
kawarna. (kembali)
Pakubwana. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: jênar sumunar dinulu. (kembali)
11 Baca: sèwu pitung atus. (kembali)
12 sampanyah. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: myang grut opisiring saking. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: nulya kangjêng sri narendra. (kembali)
15 tanduk. (kembali)
16 sru. (kembali)
17 gêndhing. (kembali)
18 Kurang satu suku kata: sarta ingkang pra sami-sami. (kembali)
19 sawusira. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: agêng alit samakta sami. (kembali)
21 lênggah. (kembali)
22 munggèng. (kembali)
23 pinanggihan. (kembali)
24 andungkap. (kembali)
25 nuwun. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: bidhal kondur sarta sami. (kembali)
27 Tanggal: 26 Rêjêp (Rêjêp) Lip (Alip): suka nêmbah ngèsthi katong (AJ 1827). Tanggal Masehi: 21 Desember 1897. (kembali)