Nah Kuwi, Jayasayana, 1954, #1059
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Sêrat Nah Kuwi
--- 1 ---
1. Dhandhanggula
1. Ri Sêtu Kliwon manitrèng manis | wêktu injing wanci pukul sanga | kaping nêm likur tanggale | Dulkangidah sutèngsu | warsa Wawu sêngkalanèki | jalma pat ngèsthi nata |[1] Landi wulanipun | Nopèmbêr kaping wolulas | angka sèwu sangang atus sawlas nênggih | Srat Nah Kuwi namanya ||
2. sri narendra yèn lênggah pandhapi | rare papat angadhêp sadaya | tan kêna pisah rowange | nulya ingabên gêlut | ababintèn sakawan sami | rare gulung-gulungan | kalinthingnya umyung | yèn wis samya ginanjaran | pêpanganan utawa lan wedang kopi | langkung suka sang nata ||
3. yèn garwane tumut nèng pandhapi | rare papat kinèn pêpenekan | srikaya miwah manggise | samya alênguk-lênguk [alêngu...]
--- 2 ---
[...k-lênguk] | ting pathangkrong amangan sami | dinulu lir rangutan | sawênèh lir lutung | gya ginitik mring sang nata | ingkang kêna akagèt jumbul kapati | aniba galundhungan ||
4. rowangira kumrutug nulungi | nulya cinandhak binayang-bayang | binêkta ngarsa sang rajèng | nulya ginanjar gupuh | pêpanganan lan wedang kopi | langkung suka sang nata | miwah garwanipun | amijêt wardayanira | aningali rare tiba saking nginggil | gumlimpang lir rangutan ||
5. nulya kinèn adus marang bèji | patamanan sagaran kang para | nulya adus sadayane | ya ta ingkang winuwus | sri narendra dipun aturi | marang ing residhenan | sang nata gya rawuh | pan wus ingaturan koran | koran saking nagari ing tanah Jawi | residhèn Surakarta ||
6. jroning [jro...]
--- 3 ---
[...ning] koran apan iku muni | lamun arine jêng sri narendra | Pangran Natadiningrate | binêktèng marang laut | dosanira iku anênggih | arsa nusul sang nata | ing Ambon arsa wruh | sang nata dupi miyarsa | dhêlêg-dhêlêg sapandurat tan bisa ngling | kumêmbêng waspanira ||
7. asru katon warnane kang rayi | saha kagagas wardayanira | mangunadika galihe | dhuh nyawa ariningsun | têka dadak kangên mring mami | bote sadulur lanang | ing Ambon arsa wruh | ing mangke kadi punapa | ariningsun anêmu papa lir mami | katuhon têmên sira ||
8. luwih adoh nagri tanah Jawi | lawan Ngambon arsa wruh ing kadang | têmahan dadi lupute | dhuh nyawa ariningsun | sapiraa yèn panggih mami | nadyan dadi lêlakyan [lêla...]
--- 4 ---
[...kyan] | yèn karo sadulur | ya talah sira yayi mas | durung măngsa sira anêmoni sakit | abela kadang tuwa ||
9. pra Kompêni duk miyat sang aji | yèn kumêmbêng nênggih socanira | anggraita sadayane | nulya rinămpa gupuh | lan sinamur-samur dènnya ngling | wus lilih sri narendra | residhèn lon matur | yèn dhangan panduka nata | benjing enjing anggèr sami akuliling | mubêng pacinan anyar ||
10. sri narendra nulya nyuwun pamit | tuwan rêsidhèn ngatêrkên njaba | nata wus praptèng dalême | panggih lan garwanipun | sri narendra tan arsa angling | tuwin tan arsa nendra | mèh tutug sadalu | jêng ratu mèh salah tămpa | sang aprabu tinarka arsa nimbali | marang para dyah liya ||
11. ya ta wau kawuwusa enjing | tuwan residhèn sampun parentah [pa...]
--- 5 ---
[...rentah] | marang cina kapalane | lamun mangke jam têlu | kinèn mêtu sadaya sami | nèng ngarsa pintunira | lawan nonahipun | apan arsa pinriksanan | milanipun Cina lanang wadon sami | kinèn mêtu ing lawang ||
12. wus watara undhange Kumpêni | yèn wong cina kinèn asêdhiya | ing mêngko pukul têlune | ya ta ingkang winuwus | sri narendra sampun miranti | pan mèh têkan sêmaya | wus satêngah têlu | kinèn ngabahi turăngga | sri narendra arsa ngagêm cara Landi | nolèh mundhut busana ||
2. Pangkur
1. Sang nata sampun busana | apan nênggih angagêm cara Landi | ngagêm mojah lan ondêrbut | ijo lancinganira | alibasan apan ta angagêm sênur | tali janggane sutra bang | rasukan cêmêng bislodir[2] ||
2. kêmbang tanjunge
--- 6 ---
sakawan | ngagêm mojah polèt boliyun sami | topi gèpèng bulu-bulu | iku kucire cangak | ngagêm marsèt rêspati ing astanipun | yèn tinon saking mandrawa | kaya jendral angêjawi ||
3. sang nata wus nitih kuda | kuda tèji busananira asri | anulya umangkat gupuh | usar papat tut wuntat | sampun prapta ing ngajêng pajagènipun | kagyat Kumpêni kang jaga | tinarka yèn komisaris ||
4. dangu-dangu tiningalan | yèn sang nata usar papat kang ngiring | kang jaga ngurmati gupuh | residhèn nulya mêdal | dupi tundhuk sang nata ngurmati gupuh | nulya sami têtabean | wus sami tata alinggih ||
5. tan dangu gya linarihan | tigang gêlas jinèwir lan branduwin | residhèn mundhut kuda wus | sumaos [sumao...]
--- 7 ---
[...s] anèng ngarsa | nulya budhal residhèn lawan sang prabu | ajajar dènnya lumampah | residhèn lawan sang aji ||
6. usar kêkalih nèng ngarsa | kang sakawan umiring anèng wuri | lampahnya mubêng nèng kampung | kampungnya sudagaran | ing ênggone juragan kang agung-agung | kang samya adarbe palwa | sadaya tiniti titi ||
7. mungguh asal-usulira | wus prang taun olèhe anèng ngriki | juragan prasamya matur | ature sowang-sowang | wontên matur sawêg angsal kalih taun | sawênèh angsal sawarsa | juragan kathah turnèki ||
8. dene asale juragan | saking pulo ingkang atêbih-têbih | ana saking pulo Krimun | sawênèh pulo Gêdhah | ing Banjarmas ana kang pinangkanipun | wênèh
--- 8 ---
pulo Siyêm săngka | ana saking pulo Ngacih ||
9. sadaya pan tinulisan | lan sang nata ture jragan ji-siji | sawusnya sang nata laju | marang kampung pacinan | para Cina sadaya wus ana lurung | amung nonahe sadaya | manglong-manglong anèng kori ||
10. sang nata wus praptèng ngarsa- | nira gone kang manglong anèng kori | sadaya samya andulu | marang Jêng sri narendra | gya dinulu samya asung kurmatipun | ya ta wau osiking tyas | pra nonah sadayanèki ||
11. apa iki jendral anyar | lagya têka saka nagri Batawi | apa ta Kangjêng Gupêrnur | saking nagri Nèdêrlan | lagi iki ana jendral luwih bagus | anglungit sariranira | kêkuwunge anyunari ||
12. sajêg ingsun durung miyat | jendral bagus ingkang kadya puniki | rurus pasariranipun [pa...]
--- 9 ---
[...sariranipun] | ladak nora lêlewa | baya iki trahing kasnêng[3] kang satuhu | rowange nambungi ujar | itu jendral lêbih moi ||
13. nulya na bojon kapala | kapalane kampung pacinan prapti | alon ing pamuwusipun | apa sira tan wikan | ika mau kang ngagêm polèt boliyun | kêmbang tanjunge sakawan | ingkang nitih kuda tèji ||
14. ya ika mau narendra | ratu têka săngka ing tanah Jawi | pasthi iku luwih bagus | jêr ratu tanah Jawa | trahing nabi kusuma rêmbêsing madu | wijile wong mara tapa | têdhake andanawarih ||
15. duk anèng nagrine kana | kala maksih amêngku tanah Jawi | sugih bala santana gung | kasub kaunang-unang | wus kasusra ing nagara liyanipun | iku pulo tanah Jawa | ênggoning wong bêcik-bêcik ||
16. sauri
--- 10 ---
kang sinung ujar | layak bênêr ika mau nêrpati | yèn jendral mripate bawur | lan siwêr sawatara | ika mau umilar sêsocanipun | pacak-pacake wadana | muncar-muncaring pangèksi ||
17. apan dadya rêrubungan | sakathahe pra nonah samya prapti | punika tanya sadarum | marang kapalanira | yèn idhêpa ika mau jêng sinuhun | dak sêngguh jendral kewala | tiwas nora tamat mami ||
18. kapalane malih ngucap | iya ika mau jêng sri bupati | iya kang akarya bagus | sajroning Ambon praja | lan maninge kumêndhane ika mau | wus residhèn pangkatira | nguwasani Ngambon nagri ||
19. gumrumung sakèhing nonah | angrasani marang jêng sri bupati | nora talah jêng sinuhun | lagi kliling sapisan | jêr wus lawas nèng kene
--- 11 ---
wus pirang tahun | warnane pan durung têrang | amung iku kang pawarti ||
20. yèn kene ana narendra | ratu têka nagari tanah Jawi | malah ta sagarwanipun | apa warnane baya | bojon ratu apa luwih warnanipun | apa bedane lan nonah | kapriye gonku udani ||
21. sigêgên gonku rêrasan | kawuwusa wau jêng sri bupati | aririh dènnya lumaku | angrungak arêringa | kang dèn ungak ing pinggire lurung-lurung | angiras ngraras rêrupan | dadya rangu-rangu ririh ||
22. aririh mangunadika | nagri kene bobote lagi dadi | kèh warnane para arum | mèh padha tanah Jawa | apan kabèh nêracak ing warnanipun | mèh kacaryan sri narendra | duk wau dipun kurmati ||
23. residhèn lon aturira | yèn sêmbada anggèr suwawi nuli | punika pan sampun surup [su...]
--- 12 ---
[...rup] | benjing malih kewala | lamun arsa bêsiyar tindak kang esuk | sakarsa-karsa paduka | kula batên[4] amalangi ||
24. pan lajêng asêsandêran | tan kawarna lampahira nèng margi | sampun prapta dalêmipun | wus samya tata lênggah | sri narendra gya nimbali abdinipun | rare powa-powa papat | amundhut inuman aglis ||
25. tan dangu gya linarehan | kalih gêlas janèwêr lan branduwin | residhèn sawusnya ngunjuk | apamit mundur sigra | sri narendra ngatêrkên jawi gya wangsul | kasaru surup Hyang Arka | aminggah sare sang aji ||
26. asare lan garwanira | sri narendra dalu tan antuk guling | awit saking onêngipun | para garwa lan putra | kang tinilar nèng nagri Surakartèku | rinasa saya karasa | ginugu saya ngranuhi ||
27. lan pra nonah lan[5] sung kurmat [kur...]
--- 13 ---
[...mat] | iku ingkang dadya manggugah galih | nonah sakalangkung bagus | kang luwih ing garwanya | nonah iku datan ana saminipun | nonah wêton nagri Cina | durung ana kang momori ||
28. sang nata amundhut priksa | nonah iku lan apa duwe laki | yèn lêgan jawabên gupuh | măngsa bodhoa sira | anggawaa dhuwit anggonên têtuku | gawaa pêcah kewala | limang kampil bae bibi ||
29. tukang pênatu tur sêmbah | yèn makatên karsa dalêm sang aji | botên wontên lêpatipun | amasthi kalampahan | pan ing riki sadaya anteronipun | kawula sadaya têpang | kados kawula kadugi ||
30. ananging atur kawula | yèn sêmbada kadhahar turing abdi | punika pan tiyang tanggung | tan pantês kinarsakna | jêng pukulun wus kaojat tuhu [tu...]
--- 14 ---
[...hu] ratu | lamun galih kirang prênah | tan pantês tinon ing janmi ||
31. yèn dhahar atur kawula | ngriki wontên nonah kang lagya prapti | sêmbada warnane ayu | pantês dadya pingidan | botên têbih lan garwanta kangjêng ratu | sabarangipun mèh padha | mung kaot netrane gusti ||
32. punika suthup kang netra | sampun limrah bangsane kucir gusti | lawan kaot sukunipun | alit tlapakanira | tigang nyari gusti êwatawisipun | punika sampun warata | wêdalan Cina nagari ||
33. punika duk lahirira | pan ginodhi sukune kalih sami | botên kenging ucul-ucul | kongsi mèh prapta pupak | duk lahirnya kadya rare sakit lumpuh | punika pan sampun limrah | yèn nonah makatên gusti ||
34. lamun botên makatêna | yêkti dede wêdalan Cina nagri | yêkti prasakan puniku | wêdalan tanah Jawa [Ja...]
--- 15 ---
[...wa] | lawan kaos[6] gusti lêlampahanipun | yèn wêdalan nagri cina | lampah mucang kênèng angin ||
35. punika saking Kuwitang | mung satunggal anak juragan sugih | tambuh gone bandhanipun | tate maiti dagang | nanging lanjar ing nguni lakinya lampus | wus pitung tahun samangkya | têmah lanjar loncang-lancing ||
36. ing mangke brănta mring priya | dèrèng wontên gusti ingkang ngrasani | awit saking ambêgipun | tiyang sêpuhe gadhah | milanipun kang anèm èwêt kalangkung | arsa nêmpuh mring juragan | dèrèng wontên kang ngrasani ||
37. lamun gusti sri narendra | arsa mundhut punika kang prayogi | dene gusti namanipun | Nonah Kuwi wastanya | bapakipun pun Kèhing pêparabipun | anyewa gêdhong sakawan | satunggal kang dipun gèni ||
38. kang tiga panggenan [pang...]
--- 16 ---
[...genan] barang | gih punika gusti pun Nonah Kuwi | botên kenging mêtu-mêtu | sinung panggenan pyambak | sabên dintên kawula dhatêng ing ngriku | kapanggih lênggah piyambak | wontên gêdhong lagya nyungging ||
39. punika wignya sabarang | botên wontên sabarang kang tinampik | sabarang karya wus putus | kalawan wignya sastra | Lănda Jawa sampun mumpuni sadarum | ambludir miwah anyulam | amangsak sinambi bathik ||
40. limpad pasang graitanya | nadyan juwèh nanging datan katawis | sêmbada warnane ayu | alise nagal[7] pisan | sinomira ting parênthêl wontên bathuk | prêmbayun amuyuh dênta | mênthêg-mênthêg lindri-lindri ||
41. asurêm lambanging wulan | kasorotan kuninge anêlahi | kadya kancana pinusus | baunya lir winêjang | alus rurus sarira kadya binubut |
--- 17 ---
salêlewane prêsaja | tan wontên saru sathithik ||
42. alinggih mundhak sêmbada | ngadêg pantês lumaku mundhak manis | amarêngut wimbuh patut | ayunya wêwilêtan | dhuh bekane sun emut tanduk rumuhun | wayah sore ingsun sawang | pinuju awungu guling ||
43. sun sawang wuwuh manisnya | mendahane lamun busana adi | baya sèwu mono iku | aluse tanpa sama | sira iku dene lamun tangi turu | sun sawang lir mêdi sawah | gumujêng sri narapati ||
44. kalane wau miyarsa | sri narendra mring ature kang abdi | ing tyas sangsaya margiyuh | kèksi ing sanalika | sri narendra dadya nurut abdinipun | kêna manising wicara | kathah dènira ngimbuhi ||
3. Gambuh
1. Wau ta sang aprabu | duk miyarsa ature pênatu | dhêlêg-dhêlêg sanalika datan angling [a...]
--- 18 ---
[...ngling] | krasa mèlu nandhang wuyung | kasmaran dening wêwartos ||
2. osiking tyas sang prabu | kapengin èmên sun arsa wêruh | mring Si Kuwi citranira ingkang warni | yèn tuhu bêcik sun pundhut | nadyan lanjar maksih anom ||
3. angandika sang prabu | yèn mangkono sirèku sun utus | amênyanga mring panggonane Si Kuwi | jawabên bibi digupuh | aja na janma kang wêroh ||
4. sandinên kang alêmbut | dèn aririh aja kongsi luput | undurana bibi yèn sêkira sungil | pirantinên kang alêmbut | malah mrih bisaa kenggoh ||
5. nanging ta karsaningsun | kapriye bibi sun arsa wêruh | abdi kalih umatur saha wot sari | gampil ing sasalahipun | jêng paduka arsa wêroh ||
6. ing mangke pukul têlu | paduka têdhak kula rumuhun | pan kawula ambêkta têtêngêr gusti | sêkar taluki kang sungsun |
--- 19 ---
kagungan dalêm sang katong ||
7. sokur sagêt kapangguh | botên wontên rencangipun lungguh | bok mênawi wontên rencangipun linggih | pundi ingkang mawi cundhuk | gih punika kang rinaos ||
8. gumujêng sang aprabu | iya bênêr ing karêpirèku | wis ta bibi sira umangkata dhingin | ing mêngko satêngah têlu | sêdhêng adhangên nèng kono ||
9. abdi kalih wodsantun | yèn sampun têlas wêling pukulun | pan kawula badhe umangkat rumiyin | mugi angsala pangèstu | inggih gusti sang akatong ||
10. nulya umangkat gupuh | tukang masak lan tukang pênatu | lanthang-lanthang gawa dhuwit limang kampil | apan sarwi bêta cundhuk | sêkar taluki nèng conthong ||
11. sigêgên lampahipun | tukang masak lan tukang pênatu | ya ta wau kasaru wontên srat prapti | sing tuwan [tuwa...]
--- 20 ---
[...n] residhènipun | katur dhumatêng sang katong ||
12. mangkono ungêlipun | sri narendra ingaturan wêruh | lamun tuwan residhèn arsa kapanggih | lawan kangjêng sang aprabu | wontên koran lagya rawoh ||
13. saking Nèdêrlanipun | tuwan komasaris kang asung wruh | sri narendra ingaturan têdhak loji | sang nata mundhut kuda wus | angrasuk busana gupoh ||
14. nyamping sêmbagi wungu | paningsêtnya sêmu kuning patut | rasukannya kêbayak ijo rêspati | timang pinatik bra murub | gêbyare intên ting clorot ||
15. paningsêt dhêstharipun | gêmbaya di prêsulamanipun | canelane baludru ijo mantêsi | tinon lir Hyang Asmarèngkung | baguse saênggon-ênggon ||
16. anitih kuda sampun | asri busanane kudanipun | sigra budhal usar papat ingkang ngiring | turangganya nyongklang lêmbut |
--- 21 ---
kudane usar anjojrog ||
17. prapta ing loji sampun | kagyat Kumpêni kang jaga gupuh | angsung kurmat tuwan sidhèn mêdal aglis | sang nata tumêdhak sampun | gya cinandhak asta katong ||
18. wus sami tata lungguh | tuwan sidhèn kalawan sang prabu | tan adangu kang inuman gya umijil | sapanya[8] branduwin anggur | nulya ngunjuk sang akatong ||
19. wusnya ngunjuk sang prabu | tuwan sidhèn angaturkên gupuh | nênggih koran kang sangking Nèdêrlan nagri | winaos suraosipun | tan liyan jendral sung wartos ||
20. yèn Padhang dèrèng gêmpur | maksih rame dènira prang pupuh | ing samangke Kumpêni lagya bantoni | praptèng Padhang lajêng pupuh | nanging dèrèng wontên kawon ||
21. wus tamat ungêlipun | sri narendra pan lajêng angunjuk | pan sinamur
--- 22 ---
gêgujêngan dènira ngling | angandika sang aprabu | mring tuwan rêsidhèn alon ||
22. apamit arsa kondur | nanging pinêksa dhahar rumuhun | sri narendra dadya dhahar anèng loji | wusnya dhahar nulya kondur | residhèn ngaturkên gupoh ||
23. ing jawi nulya wangsul | ya ta wau lampahe sang prabu | apan lajêng mring kampung Pacinannèki | pan sigêgên lampahipun | wau dutane sang katong ||
24. èstri tukang pênatu | sampun prapta ing Pacinanipun | sampun dangu dènnya panggih lan Nah Kuwi | dangu dènira mrih rêmbug | Nah Kuwi manahe luloh ||
25. dhasar tukang pênatu | sêmu wilêt wasis barang rêmbug | Nonah Kuwi wus kasmaran ing mêmanis | tur durung wêruh sang prabu | pangrasa kaya wus wêroh ||
26. awit tukang pênatu | kathah-kathah dènira mrih rêmbug | mêrapêti dènira mangambil galih | dènnya mrih lunturing [luntur...]
--- 23 ---
[...ing] kalbu | marma kathah dènnya ngomong ||
27. sêkar taluki wau | apan kathah ing sangadènipun | wus sinungkên dhatêng wau Nonah Kuwi | kang kalih kinarya cundhuk | kang siji tansah cinakot ||
28. nanging ta tujonipun | botên wontên rencangipun lungguh | dadya tutug pangimurira wong kalih | nulya na nonah kang rawuh | dadya kèndêl dênnya ngomong ||
29. gya tinakonan gupuh | ni pênatu mring kang lagya rawuh | wêwadine atuku barang sêmbagi | kathah dènira nyalamur | mrih sampun kênèng wiraos ||
30. wau ta ni pênatu | dangu dènnya ngêntèni sang prabu | ni pênatu dadya namur tuku lotis | ya ta wau kang winuwus | wau lampahe sang katong ||
31. ngatepang kudanipun | ni pênatu sigra angênguwuh | wêwadine ngajak ningali sang aji | pra nonah sadayanipun | apan samya [sa...]
--- 24 ---
[...mya] tumut nonton ||
32. para nonah sadarum | samya ningali pating parungup | ana ingkang amêtu saka ing kori | ana nèng dhêdhasaripun | ana ingkang manglong-manglong ||
33. dene Nah Kuwi wau | dadak ngowahi gêgêlungipun | sinjangira kuning dinulu mantêsi | rasukannya kêsting wungu | susuk kondhene sajêmpol ||
34. mirah panunggulipun | pinatik ing sêsotya bra murup | pan dèn apit dening sêkaring taluki | taluki satunggilipun | mêksih cinêkêl cinakot ||
35. dêpèpèl anèng pintu | cêlak lawan ni tukang pênatu | yèn dinulu Nah Kuwi ngebat-ebati | dene amawi cêcênthung | rêspati canela kinclong ||
36. wau ta sang aprabu | sampun cêlak ing panggenanipun | turanggane anyirik maripit pinggir | wiraga turangganipun | wèh eram marang kang nonton ||
--- 25 ---
37. nonah sadayanipun | duk tumingal marang sang aprabu | mitênggêngên tan kêdhèp dènnya ningali | sarwi goyang sirahipun | sawênèh ana kang jomblong ||
38. para nonah sadarum | amicorèng jroning kalbunipun | nyata bagus ratune wong tanah Jawi | kaya trahing nabi Yusup | dadi kêkêmbanging Ngambon ||
39. wau ta sang aprabu | duk tumingal mring Nah Kuwi wau | turanggane dèn lon-lonkên lampahnèki | datansah pamandêngipun | usare tumingal jomblong ||
40. osiking tyas sang prabu | iku nonah kang anganggo cundhuk | pasêmone wong iki anggêgirisi | bênêr si tukang pênatu | pangalême nora adoh ||
41. saking panduluningsun | siji iki sayêkti pinunjul | sêdhêng têmên wong iki dhasare bêcik |
--- 26 ---
sun watara maksih wutuh | durung kongsi kolang-kalong ||
42. sanadyan ingsun pundhut | uwong iki pantês lawan ingsun | durung tumon wong manis mêmanas ati | pantês liruning para rum | dadi kêkêmbanging Ngambon ||
43. wau ta sarêng dulu | Nonah Kuwi marang sang aprabu | gya winalês liniring marang sang aji | Nah Kuwi mèsêm tumungkul | sêmu isin mring sang katong ||
44. langkung gènnya kumêpyur | riwe kumyus ing sariranipun | tan adangu liniring malih mring aji | tyasira kadya jinumput | Nah Kuwi nandhang wirangrong ||
45. sang nata nulya laju | Nonah Kuwi pan lajêng sumaput | amarlupa tyasira saya ngranuhi | bayune ăngga alarut | sumaput wau kang panon ||
46. dangu nulya rinangkul | Nonah Kuwi marang ni pênatu | gya binêkta mring gêdhongira nulya [nu...]
--- 27 ---
[...lya] glis | ingusapan pojok pinjung | rikmane dèn êsog-êsog ||
47. wau ta sarêng èmut | Nonah Kuwi lungguh sarwi jêtung | apan ririh Nah Kuwi gènira nangis | bênêr si tukang pênatu | pituture marang ingong ||
48. dadya ngong nora tanggung | angawula marang sang aprabu | nadyan silih suku janggut sun lakoni | wus pantêse raganingsun | yèn lulus sihe sang katong ||
49. lamun ta nora tulus | kaya priye iya raganingsun | sri narendra têka bisa awèh wingit | duk andulu marang ingsun | balungku kadya dèn lolos ||
50. gumêtêr awak ingsun | larut bayuku badan ngalumprug | têrataban tyas ingsun asênig-sênig | baya kêna sawan wuyung | sawane Jêng Sunan Ngambon ||
51. apa usadanipun | ênggon ingsun [ingsu...]
--- 28 ---
[...n] kêna sawan ratu | lês-êlêsan tyas ingsun kadya jinait | si bibi tukang pênatu | iku wajibe katêmpoh ||
52. ngambila jampenipun | iya sêpah gantèning sang prabu | ingsun karya balonyo salira mami | dimèn inggal mari wuyung | kênèng mêmanising katong ||
4. Dhandhanggula
1. Pan sigêkên wau Nonah Kuwi | kawuwusa kangjêng sri narendra | dènnya kondur mêdal kilèn | alon ing lampahipun | datan ana kaciptèng galih | mung Nonah Kuwi ika | sang nata mèh wangsul | apan agung sinayutan | sri narendra dadya kambuh amimbuhi | kambah brănta mring nonah ||
2. rangu-rangu dènira lumaris | ngulap-ulap kang samya nèng lawang | lam-lamên kang kari bae | sang nata andêdulu | wontên jalma langkung satunggil |
--- 29 ---
dhodhok pinggiring marga | sang nata andangu | hèh sira iku wong apa | kang dinangu umatur saha wodsari | amba gusti juragan ||
3. inggih saking pulo tanah Jawi | kesah dagang dhatêng tanah sabrang | ingkang abdi kawijile | mêntas lumakyèng laut | saking pulo sêlat agrami | akilak rêracikan | kawula pukulun | wau ta kyai juragan | duk tumingal dhumatêng sri narapati | matur sêmu karuna ||
4. inggih gusti kawula Mêntawis | kitha agêng nanging bawah Sala | dhèrèk paduka sang rajèng | sang nata ngandi rum |[9] hèh ta paman juragan grami | yèn lêga lumêbua | marang dalêm ingsun | pan ingsun arsa têtanya | pakabaran iya pulo tanah Jawi | juragan matur nêmbah ||
5. adhuh gusti inggih benjing-injing | pan ing
--- 30 ---
mangke sontên têngga barang | yèn wilujêng benjing êmbèn | sowan paduka prabu | sri narendra ngandika aris | paman sira karia | ingsun arsa kondur | gya laju sri naranata | lampahira wus prapta dalêmirèki | ya ta gênti winarna ||
6. dutanira wau sri bupati | ni pênatu lawan tukang masak | kang kari nèng Pacinane | dangu dènira nglipur | mring Nah Kuwi amituturi | têmêne kautaman | ing wêkasanipun | manah mrih dadya tuladha | tinulata dèn bisa ngayom-ayomi | mring băngsa-bangsanira ||
7. nonah Kuwi manahe wus kongkih | nora kukuh malah mèh kapokah | rinasa bênêr tuture | ing tyas saya margiyuh | kang ginugu-gugu ing galih | tan liya tukang masak | lawan ni pênatu | kalihe gya sinungkêman | ingsun bibi nora duwe biyung [bi...]
--- 31 ---
[...yung] malih | liyane saking sira ||
8. pacêt agung bibi munggèng sabin | nora bêtah pisah lawan sira | yèn awèt kaya mangkene | dhuh bibi kukus gunung | kinapakna ingsun lakoni | pira bote wong lara | nadyan têkèng lampus | bèbèk rawa dhaon mudha | wis tak pupus tingalku tan ana malih | bibi mung tuturira ||
9. pêksi krêsna kang amăngsa mayit | sayêktine ingsun ngagak-agak | yèn tan panggih lan sang rajèng | ilèr têgal wak ingsun | kênthang-kênthang ingsun êntèni | lamun datan kapanggya | bibi lan tuturmu | kêthèk langking saupama | datan kuntung nanging ing panuwun mami | bibi mring sri narendra ||
10. aparinga usadaning agring | suling dami bibi raganingwang | ya dimèn aglis warase | gon ingsun kênèng wuyung | buron wastra kang măngsa jalmi | lagi tumon sang nata | dulu [du...]
--- 32 ---
[...lu] maringsun |[10] têka dadak anyikara | raganingsun liniring kongsi marinding | saprene durung waras ||
11. ni pênatu anambungi aris | nonah jangan banyak-banyak susah | saya nyang cari obate | kaluk saya misidhup | pasthi dhapêt obat nyang baik | obat dhari Jêng Sunan | botol lêbih bagus | tapi saya kira saja | kaluk sudhah obat iku nonah pakik | musthi têrlalu sukak ||
12. sêbab itu obat lêbih moi | masuk dhi badhan têrlalu enak | carik lagi tidhak bole | obat bêsarkên pêrut | Nonah Kuwi mèsêm jiwiti | si bibi itu gila | apa bibi sunggu | bicaramu tidhak justak | kaluk sungguh baik bibi besuk pagi | kumbali lêkas-lêkas ||
13. jangan sampik tahu orang [o...]
--- 33 ---
[...rang] lain | dhiyêm saja kaluk ada orang | dhudhuka kêluar bae | jadhi trak kreja malu | kaluk orang sudhah apigi | si bibi lêkas saja | bolih bilang têrus | itu bicara sungguhan | ni pênatu mèsêm sarwi bilang baik | itu sudhah dha saya ||
14. tukang masak anambungi aris | adhuh anggèr wus sun sêdyèng manah | wong tuwa têtulung bae | wèh prênah anak putu | supayane ing wuri-wuri | kênaa ginondhelan | ingsun wong wis sêpuh | Nah Kuwi aris angucap | ingsun bibi nora duwe biyung malih | liyane saking sira ||
15. lan maninge sira iku bêcik | donya kerat pan antuk ganjaran | iku ta bibi jarene | tinikêl ping sapuluh | wong sok rêmên agawe bêcik | pênatu malih ngucap | ing satêmênipun [satêmêni...]
--- 34 ---
[...pun] | ing lair duwe gondhelan | buh patine tan wêruh dhase têrasi | mung mikir kabêcikan ||
16. langkung thrusthanira wau sami | ni pênatu lawan tukang masak | rumăngsa akèh untunge | dènnya dinutèng prabu | ni pênatu anulya pamit | arsa matur sang nata | rèhning sampun dangu | Nah Kuwi malih angucap | iki bibi aturna marang sang aji | agêm paningsêt pita ||
17. pita ijo biru lawan kuning | nulya wau sampun tinampanan | Nonah Kuwi kêkintune | nulya amangkat gupuh | Nonah Kuwi lajêng mring kori | dangu angungak-ungak | lampahe pênatu | wus lêpas datan katingal | pan sigêgên Nah Kwi kang kari mong kingkin | gantya kang kawuwusa ||
18. sri narendra kang lagya nèng gadri | dangu dènnya tumungkul mangandhap | lênggah nèng kursi nglêgèyèh [nglê...]
--- 35 ---
[...gèyèh] | tan ana kang kaetung | amung wau pun Nonah Kuwi | dangu lênggah piyambak | pan sinamur-samur | ningali rêca pinulas | ingkang sami sèndhèn witing nagasari | kabèh rêca wanudya ||
19. kadya padha angadhêp sang aji | katon cahyane kadya manungsa | dènnya pinulas marngèngèh | sang nata saya wimbuh | dahat trênyuh kagagas galih | marma anglir ginugah | sang nata tan ketung | ginugu saya kagagas | agung katon kayungyun ing tyasirèki | gugur kalih anggagar ||
20. lagya lêrêp linarabing galih | pan kasaru wau praptanira | dutèstri kalih tumamèng | ing ngabyantara prabu | cèthi kalih lajêng wotsari | nulya sami ngandikan | cêlak sang aprabu | sang nata alon ngandika | kaya priye sirèku padha sun tuding |
--- 36 ---
cèthi kalih tur sêmbah ||
21. malah amba gusti dèn rungkêbi | pan kawula tan sagêd tumingal | lir cintaka sêsambate | sangêt anandhang wuyung | duk kawula dipun rungkêbi | tan liyan jêng paduka | kang sinambat kayun | amba kinèn angaturna | ing paduka gusti abdinta pun Kuwi | ature mring kawula ||
22. anyikara gènipun mastani | kala paduka nolih mring lawang | pun Kuwi gumêtêr tyase | nuntên paduka dulu | apan sangêt gumêtêrnèki | manahe têrataban | asênik sumêntug | mèh larut bayuning angga | pan kawula gusti asangêt kuwatir | ajrih yèn katêmpahan ||
23. angandika kangjêng sri bupati | kaya ngapa ing sapungkur ingwang | Si Kuwi rêrasanane | abdi kalih wotsantun | kathah-kathah mring amba gusti |
--- 37 ---
kula kinèn ngambila | sêpahnya sang prabu | kinarya panglipur brănta | malah mandar gusti pun Kuwi ngaturi | agêm paningsêt pita ||
24. pita ijo biru lawan kuning | pan sadaya sinulam toya mas | punika gusti warnine | pinang[11] pita wus konjuk | angandika sri narapati | si bibi duwe kaya | ngêpèk bae ingsun | tukang masak matur nêmbah | yèn puruna gusti kawula nampèni | langkung saking punika ||
25. ni pênatu umatur wot sari | inggih gusti pan kawula eram | para nonah sadayane | inggih saurutipun | apan samya kasmara[12] gusti | ningali jêng paduka | samya nandhang wuyung | kawula mirêng piyambak | wicantêne sadaya anêdha ngabdi | gumujêng sri narendra ||
26. angandika kangjêng sri bupati | lah ta sira dèn abisa |[13] aja
--- 38 ---
kongsi kajuwarèh | rêgsanên tingkah ingsun | aja na wong ingkang udani | nulya kondur sang nata | manjing dalêm agung | sampun dalu antaranya | sri narendra sadalu tan antuk guling | awit paningsêt pita ||
27. ya ta wau kawuwusa injing | sri narendra gya pinarak |[14] nèng kursi lawan garwane | ningali orgêl barung | samya munya agênti-gênti | sang nata langkung suka | myarsa orgêlipun | lagya eca mamrih swara | pan kasaru wontên utusan kang prapti | nênggih saking kang uwa ||
28. Radèn Cakradipura tur pêksi | yèn ing mangke arsa mangun krama | atur uninga wiyose | marang gusti sang prabu | nênggih ingkang dipun kramani | anake lurah jagal | sugihnya kalangkung | sang nata alon ngandika | kèlingane si uwa amêmarahi [amêma...]
--- 39 ---
[...rahi] | mamengin mangun krama ||
29. sri narendra angandika malih | lah ta yayi sira paringana | si uwa iku wragate | rupiah limang atus | lawan sinjangira sakodhi | dadya panjurung ingwang | patukone apu | lan ingsun jurung pandonga | supayane gêlisa amomong siwi | tumulara maring wang ||
30. garwa nata aturira runtik | mbok inggiha jêng paduka krama | mumpung wontên panutane | botên kirang dyah ayu | singa ingkang kinarsèng aji | suka nêdya punapa | kêsdu momong maru | wus jamak wong tanah Jawa | praptèng Ngambon pan winayuh marang laki | bote suwitèng nata ||
31. botên gingsir pan botên kuwatir | botên uwas lawan botên panas | ujêr ta wus tau tate | winayuh patang puluh | duk kalane nèng tanah
--- 40 ---
Jawi | malah padha bandara | jêjêr samya ratu | kabèh saisining pura | sayêktine dadi garwane nêrpati | prajane tan suminggah ||
32. mangkya malih wus wontên ing ngriki | măngsa kula dadak malangana | lamun wus dadya karsane | wus jamake wong kakung | nandhing milih marang pawèstri | dhasar paduka nata | rat Jawa winêngku | dadi musthikèng bawana | lah punapa margane tumêkèng ngriki | jêr kurang panarima ||
33. sri narendra duk wau nêrpati | mring ature nênggih garwanira | têka anjlog wardayane | ing tyas sêmu kaduwung | pangandikanira nêrpati | yayi age maringa | dimèn nuli mundur | tan adangu pinaringan | punang duta sigra dènira nampèni | masêmbah nulya mentar ||
34. garwa nata maksih sêmu runtik [runti...]
--- 41 ---
[...k] | pan kasaru abdi tur uninga | yèn juragan pasar gêdhe | arsa marak sang prabu | apan lajêng kinèn nimbali | tan dangu nulya prapta | ki juragan wau | nulya ingawe sang nata | ki juragan lajêng sawetan pandhapi | manêmbah nulya lênggah ||
35. ki juragan duk wau ningali | mring sri nata lênggah lawan garwa | amicorèng jro kalbune | eman têmên gustiku | bêcik-bêcik nèng tanah Jawi | dadi musthikaning rat | amêngku praja gung | dahat arda puwa-puwa | têmahane nuruti pikir tan bêcik | nora angeman jagat ||
36. lali lamun musthikaning bumi | bumi kabèh kagungan narendra | iya ing tanah Jawane | datan ginalih iku | putêging tyas murca ing wêngi | dadak galih tirakat | asilib wadya gung | tan arsa nari punggawa | para kadang tan ana
--- 42 ---
dipun wartani | ginalih ngarah apa ||
37. iku têtêping Ratu Taruni | kaduk wani pan kurang wêweka | durung matêng panggilute | wong tinggal adat ratu | lagi tumon sri narapati | têka galih tirakat | tyasira pan bingung | kamuktèn sangalam donya | apan kabèh kagungan sri narapati | ing mangke têmah papa ||
38. katujune trahing senapati | têdhaking Sultan Agung Mantaram | kudu dhuwur dalajate | ika wis anèng laut | kamuktène magsih ngluwihi | kacèk tan mêngku jagat | marentah bala gung | lawan duk nèng tanah Jawa | datan beda karsane sri narapati | dènya tan mêgat suka ||
5. Mêgatruh
1. Sri narendra alon pangandikanipun | hèh paman juragan grami [gra...]
--- 43 ---
[...mi] | besuk apa nggonmu mundur | iya marang tanah Jawi | juragan nêmbah turnya lon ||
2. yèn wilujêng angsal pangèstu pukulun | kados tumuntêna gusti | kawula asowan sampun | utawi sampun alami | gèn kawula wontên Ngambon ||
3. pan kawula gusti sawêg akèn nêmpur | yèn wilujêng benjing-injing | kinintênakên mring laut | yèn wus apan antuknèki | inggih gusti ingkang uwos ||
4. ki juragan pinaringan kalih gêndul | madherah lawan brandhuwin | nulya dhinawuhan nginum | powa-powa kang nglarihi | linarehan gêlas dhepok ||
5. wusnya nginum sang nata andangu gupuh | hèh paman juragan grami | ingsun atakon sirèku | kabare ing tanah Jawi | iya ing sapungkur ingong ||
6. Surakarta
--- 44 ---
miwah nagara Mêntarum | apa ta padha basuki | juragan nêmbah umatur | sapirsa kawula gusti | sami wilujêng kemawon ||
7. kaotipun duk paduka sang aprabu | arame kala rumiyin | ing mangke kalamun samun | ing Sala miwah Mantawis | dhêdhêp sirêp kadya kayon ||
8. garwa nata alon gènira umatur | bok inggih andangu warti | putra paduka kang kantun | sang nata andangu malih | hèh juragan ingsun takon ||
9. apa sira wus wêruh mring putraningsun | manawa sira udani | juragan nêmbah umatur | kawula duk taun wingking | badhe Grêbêg arsa nonton ||
10. apan nuju inggih gusti wulan Mulud | wulan ping nêm praptèng nagri | pan nuju Sêkatèn mudhun | kawula lajêng ningali | nèng alun-alun alunggoh [a...]
--- 45 ---
[...lunggoh] ||
11. datan dangu nulya wontên rare gundhul | mêdal sakilèn sitinggil | sadaya amawi kalung | punika gusti jajari | ing wuri budhalan cebol ||
12. kang dèn iring putra kalih wontên pungkur | apan samya nitih bèndi | pan asri busananipun | sagung kang samya angiring | samya sumping karang mêlok ||
13. amba gumun aningali rakitipun | bandara kalawan abdi | aberag-berag kalangkung | kawula pitakèn inggih | putra ngabeyan kang wartos ||
14. datan dangu ing wuri wontên sumambung | rare kathah cilik-cilik | inggih samya mlayu-mlayu | sagung kang samya ningali | sadaya samya andhodhok ||
15. jinaganan êmban kalih wontên pungkur | ginarêbêg para abdi [a...]
--- 46 ---
[...bdi] | punika kawula gumun | putra kalangkung apêkik | cahyane sirat cumlorot ||
16. awangkawa gumawang anguwung-uwung | mangawang-awang ngiwêngi[15] | soca lir baskara murub | gumilar anggêgilari | kula tumingal anjomblong ||
17. ulun takèn rencang kawula alungguh | putra sinongsongan kuning | gih punika Gusti Timur | putrane sri narapati | mêdali jalu sawiyos ||
18. mula bagus jêr punika ibu ratu | wayah Pangran Mangkubumi | iku jangêt tinatêlu | dhasare pinundhut siwi | marang kangjêng sang akatong ||
19. ingkang rama dènnya asih akêlangkung | tan kenging pisah sakêdhik | pan kinanthi siyang dalu | langkung sihe sri bupati | kadya putra dènnya wêroh ||
20. sri narendra duk miyarsi aturipun | wau
--- 47 ---
ki juragan grami | ribêng tyasira matrênyuh | karasèng wartane siwi | dadya mangunadika lon ||
21. sri narendra angandika jroning kalbu | yèn mangkono awak mami | duwe putra wus gêng luhur | durung kongsi amirsani | tiwas têmên raganingong ||
22. sri narendra alon pangandikanipun | hèh paman juragan grami | kaya pa suwarnanipun | putra ingkang songsong kuning | juragan nêmbah turnya lon ||
23. warnanipun putra inggih langkung bagus | lawan paduka tan kalih | kaot ênèm lawan sêpuh | kadya jambe nèm pinalih | tan sagêt milih sawiyos ||
24. sariranya wêwêg paduka pukulun | punika bênjing awingwing | pan kadya gambar winangun | iba yèn diwasa malih | tuhu kalamun winaot ||
25. sri narendra miyarsa ing aturipun [a...]
--- 48 ---
[...turipun] | kagagas wartaning siwi | marlupa sariranipun | wau ki juragan grami | asru manêhên sang katong ||
26. langkung putêg wau ing panggalihipun | riwe kumyus anêlêsi | awit saking onêngipun | sêkêdhap sri narapati | sapandurat tan bisa non ||
27. apan sangêt sang nata dènnya matrênyuh | sinunduk lawan prayogi | ing èmpêre putranipun | pinindha kadya kaègsi |[16] kumlebat kadya na katon ||
28. datan têbih ature juragan wau | tan wontên gèsèh sakêdhik | ing èmpêre putranipun | sang nata waspanya mijil | garwane mèlu rawat loh ||
29. sanalika sang nata mèh kala mabur | yèn aja lêta jaladri | tanah Jawa mèh kadulu | saking onêngira siwi | asru manêbut sang katong ||
30. wus luwaran sang nata dènnya [dè...]
--- 49 ---
[...nnya] matrênyuh | dadya gung narimèng batin | sumendhe karsèng Hyang Agung | pinupus kalamun takdir | dènira dadi lêlakon ||
31. sri narendra alon pangandikanipun | hèh paman juragan grami | ya bangêt tarimaningsun | gonmu kabar marang mami | gya kinon maringi gupoh ||
32. ki juragan nulya pinaringan sangu | tigang atus rupyah putih | lan lorodannya sang prabu | kêbayak kalawan nyamping | nulya pinaringkên gupoh ||
33. ki juragan manêmbah sarwi umatur | inggih nuwun-nuwun gusti | patêdhan dalêm sang prabu | dadosa jimat paripih | lorodan dalêm sang katong ||
34. yèn kaparêng abdi dalêm nyuwun mundur | mantuk dhatêng tanah Jawi | mugi angsala pangèstu | amrih wilujêng ing margi | gya manêmbah mundur alon ||
35. pan sigêkên undure juragan wau | nulya wontên sêrat prapti [pra...]
--- 50 ---
[...pti] | nênggih saking jendral laut | srat saking Nèdêrlan nagri | katur dhumatêng sang katong ||
36. wus tinampan marang wau sang aprabu | binuka sinukmèng galih | kang sêrat suraosipun | têmbunge kang ponang tulis | datan lyan namung sang katong ||
37. lamun arsa ingaturan bintang agung | nênggih saking Raja Landi | ing mangke sawêg rinêmbug | lawan sagung pra Kumpêni | kados pitung wulan dados ||
38. sri narendra alon pangandikanipun | nganggo bintang awak mami | kapriye pangagêm ingsun | kaya mendah mêngku bumi | nadyan ratu ngong wis dhongkol ||
39. pan sinamur onêngira marang sunu | nanging sangsaya kaègsi | sang nata sangsaya emut | karasèng wartane siwi | dadya mangunadika lon ||
40. yèn mangkono putraningsun ya Si Timur | mungguh luhur awak mami | magsih [ma...]
--- 51 ---
[...gsih] amêngku praja gung | wus dadi pangran dipati | yèku dadi kanthiningong ||
6. Kinanthi
1. Mangkana wau sang prabu | pan arsa nglêlipur galih | arsa têdhak mring Pacinan | nanging datan bêkta abdi | mung usar kalih binêkta | sigra dènnya nitih bèndi ||
2. saking lèr kilèn mangidul | tan arsa mêdal ing loji | narabas mubêng mangetan | apan arsa nêningali | barang toko kang dah-endah | lampahnya pan sampun prapti ||
3. wong Pacinan samya gugup | dene têdhake sang aji | pan samya orêg sadaya | kapalane Cina prapti | anèng ngarsane sang nata | manawa dipun pundhuti ||
4. nanging sang nata tan ayun | amung arsa amirsani | sakèh toko binukakan | kabèh samya dèn pirsani | kathah Cina ingkang prapta | anèng ngarsane sang aji ||
--- 52 ---
5. pan dadya umyung gumuruh | pra nonah ingkang ningali | ajêjêl uyêl-uyêlan | kongsi tan bisa lumaris | sangking gunging para nonah | supênuh jalu lan èstri ||
6. labêt ningali sang prabu | miwah barang pèni-pèni | lir barang arsa dèn lelang | milane kathah ningali | pra nonah ingkang tumingal | akathah mêdal sing kori ||
7. ana ingkang mungup-mungup | nèng candhela nêningali | ting karêtèp tap-êtapan | anaritis samya ngintip | pinggiring lawang ya ana | tuwa anom aningali ||
8. warata saurutipun | sadaya samya ningali | pra samya ngêpang akêpang | akêpung mapan apipit | gêbyaring kang para nonah | anglir robing jalanidhi ||
9. dadya asrining marga gung | sorote ingkang ningali | sang nata kalangkung suka | myat ingkang samya ningali [ning...]
--- 53 ---
[...ali] | aririh mangunadika | têka pêpak têmên niki ||
10. nanging ta panduluningsun | iki kaya kurang siji | nonah ingkang omah wetan | nora mèlu nêningali | boya lagi ewuh apa | kurang prêlune mring mami ||
11. dene iki mung rong surup | lan panggonane Si Kuwi | apa têmên nora wikan | yèn ingsun têdhak nèng ngriki | mokal yèn nora wikana | apa isin marang mami ||
12. dangu dènira dêdulu | nanging mêksa tan kaègsi | ribêng tyasira sang nata | myat ingkang samya ningali | wus tita datan katingal | dadya tyase angunduri ||
13. anulya kondur sang prabu | gone padha aningali | ingsun bibi buk barang |[17] barang toko sun bukaki | barang ginêlar lir lelang | marma akèh kang ningali ||
--- 54 ---
14. nanging Si Kuwi tan mêtu | êmbuh wadine ta bibi | wus suwe gonku tumingal | nanging mêksa tan kaègsi | iku bibi tilikana | manawa lara Si Kuwi ||
15. yèn lara tunggunên gupuh | mêsakake iku bibi | lamun waras timbalana | warahên ingsun antèni | aja kongsi wruh wong kathah | jujugna ing taman sari ||
16. bok ratu aja kongsi wruh | poma dipun ngati-ati | lakua sandi kewala | sêdhêng mêngko eyub bibi | nanging aja suwe sira | barênga lakumu bibi ||
17. cèthi kalih nêmbah matur | yèn dhahar aturing abdi | gusti lamun arsa enggal | kawula ambêkta bèndi | tur rêmit wontên ing marga | tan wontên jalma udani ||
18. gusti kaping kalihipun |
--- 55 ---
parlu sangêt angurmati | nadyan jêng paduka nata | mêngku sariraning abdi | tan kucêm tinon ing kathah | wus jamake narapati ||
19. nadyan kasusra praja gung | sêdhêng sinêbut utami | sang nata alon ngandika | ya bênêr karêpmu bibi | nadyan ingsun nut ing sira | dèn aglis gawaa bèndi ||
20. cèthi kalih awot santun | angsala pangèstu gusti | kawula darma lumampah | bêja wontên sri bupati | mugia kalampahana | sakarsa paduka gusti ||
21. anulya umangkat gupuh | tiyang kalih bêkta bèndi | wus lêpas ing lampahira | sigêgên ingkang lumaris | kunêng ta kang nèng Pacinan | Nah Kuwi kang lagya guling ||
22. duk wau têdhak sang prabu | datan tumut nêningali | lagya sakeca anendra | labêt karipan ing wêngi |
--- 56 ---
yèn dalu bludir anyulam | mila siyang eca guling ||
23. nah Kuwi anulya wungu | mêtu dêpèpèl nèng kori | durung wruh wartane njaba | nulya na nonah marani | têtiga samya alênggah | gumuyu jawil-jinawil ||
24. sira Kuwi nora wêruh | mau mau kangjêng sri bupati |[18] têdhak mring toko Pacinan | pra nonah kabèh ningali | ingsun dhewe ingkang cêdhak | nèng ngiringane sang aji ||
25. sira mau apa ewuh | dene tan milu ningali | Nah Kuwi sarêng miyarsa | gêtune kêpati-pati | kaduwung nutuh sarira | gya manjing kamarira glis ||
26. angrungkêpi gulingipun | pan sarwi ambrêbês mili | solah tambuhe karuna | gêlunge dipun lukari | sarwi nêkuk-nêkuk tangan | sêsambate amlas asih ||
27. wadung pari ni pênatu | nganiayane [nga...]
--- 57 ---
[...niayane] kêpati | manggis kuning isi jênar | têka maleca ing janji | sabrangane wot tambangan | dene nora nana bali ||
28. gêmbili kang awoh dhuwur | gêdêbugan awak mami | jangkrik gung munggèng kêbonan | mung sang nata kula siri | kimpul gunung saupama | mati anglês sun lakoni ||
29. gănja tumbak dhuh sang prabu | bale kuda sun wastani | manah kula têrataban | yèn kapêthuk lan sang aji | wilangan mindho lêlima | puluh-puluh awak mami ||
30. kawine powan cinandu | tega têmên sri bupati | kawine suta pangarsa | sun ayun-ayun kapati | gubug dhuwur jroning pura | gawe agung lara branti ||
31. trêsăndha durjana lampus | manah kula kêtir-kêtir | yèn tan panggih lan sang nata | pêparikan pondhoh cêngkir |
--- 58 ---
kapriye polah manira | yèn tan tulus sri bupati ||
32. dhuh Têpikkong mintak tulung | tulungên ragèng sun iki | gonku brănta lan sang nata | muga sira anulungi | yèn sira anulungana | tanpa gawe sun sêsaji ||
33. yèn sira bisa têtulung | iya marang awak mami | sun sajèni dupa-dupa | sun sojahi kaping katri | sun rêsiki ênggonira | sun sajèni rina wêngi ||
34. ênêngna kang nandhang wuyung | tukang mangsak nulya prapti | anguwuh saking ing jaba | mari nonah naek bèndi | saya dhisuruh jêng sunan | panggil nonah suruh prapti ||
35. Nah Kuwi kagyat sumahur | sabêntar bibi bêrnanti | nulya mudhun tukang mangsak | lan pênatu saking bèndi | nulya manjing jroning kangmar | Nah Kuwi alon [a...]
--- 59 ---
[...lon] dènnya ngling ||
36. bibi saya mandhi dhulu | pênatu aris nahuri | nonah pakik-pakik saja | tidhak usah nonah mandhi | nanti mandhi sama saya | dhisana aèrnya bêning ||
37. Nah Kuwi nauri wuwus | bêtul bicaramu bibi | Nah Kuwi gya manjing kamar | ngrasuk busana di-adi | ngagêm sinjang polos sulam | rasukannya kêsting kuning ||
38. apêndhing kancana murub | pinatik sinilih asih | thothok barleyan nêlung blah | panunggile mirah abrit | ngagêm binggêl nagaraja | maripate intên bumi ||
39. ngagêm kalung sungsun têlu | pinatik sinilih asih | susuk kondhene rineka | argulo intên kinardi | karbu gondhèle barleyan | sêmêkannya sutra wilis ||
40. angagêm cênela patut | baludru ijo binludir | ngagêm [ngagê...]
--- 60 ---
[...m] supe kêkinjêngan | ingapit kalawan lintring | bandhilan rêdi sarêmbat | tajuge munggèng panuding ||
41. angagêm gănda widarum | cinampur jêbat kasturi | hèr pèndhêl kalawan mawar | sakèh ingkang wangi-wangi | ambune angudubilah | mulêge amêratani ||
42. nulya mêdal saking pintu | dêngongok anèng ing jawi | anyangking gêmbaya sulam | warnane ngebat-ebati | lir widadari kaendran | Dèwi Supraba kang warni ||
43. pênatu mèsêm amuwus | bêja têmên sri bupati | antuk nonah ngudubilah | ayune ngudubilahi | bênêr tan pantês sak wonga | kang darbe liya narpati ||
44. Nah Kuwi arsa alungguh | nèng kursi pênatu angling | mari nonah mari nonah | lantas saja naek bèndi | ni sudhah satêngah ampat | jêng sunan lama bêrnti [bêr...]
--- 61 ---
[...nti] |[19]|
45. Nah Kuwi nahuri wuwus | saya kira takut bibi | nanti kaluk adha sana | saya bêlun amangêrti | pigi mana pigi mana | saya bêlum anjalani ||
46. pênatu mèsêm amuwus | jangan takut nonah nanti | jangan malu-malu nonah | itu tadhi tidhak baik | dhak dhikêrja sêmbarangan | dhipiara krêja binik ||
47. nanti kaluk sudhah putus | nonah bolihnya brêjanji | nti kaluk adha sana |[20] main-main naek bèndi | kabêtulan têrang bulan | nanti malêm plêsir-plêsir ||
48. Nah Kuwi mèsêm amuwus | sabêntar bibi bêrnanti | mau saji-saji saya | sigra dènnya saji-saji | mring Pikkongnya ngobong dupa | nulya sojah kaping katri ||
49. wusnya sojah pangkat gupuh | têtiga anitih bèndi | sampun lêpas lampahira | sigêgên ingkang lumaris | kunêng [ku...]
--- 62 ---
[...nêng] ta jêng sri narendra | kang anèng ing tamansari ||
50. dangu dènya ngayun-ayun | mring abdi dangu tan prapti | osiking tyas sri narendra | kapriye ika si bibi | apa ta wadine baya | dene suwe nora prapti ||
51. apa lunga apa ewuh | apa ta nora kapanggih | mokal yèn iku lungaa | apa wêdi mring sudarmi | apa ta wus anèng marga | salah wèng-wèng anèng margi ||
52. pasewakane tumênggung | apa gêlar marang mami | gêgaman munggèng sanjata | angkuh têmên Nonah Kuwi | wastra adi kalamangsa | têka pamèr marang mami ||
53. ulêr kang mangsa bêlatung | Si Kuwi apa ngêndhoni | dêk saka lit mănca warna | gawe sumêlanging ati | putra dyah nata Ngajêrak | apa isin marang mami ||
54. sêndhang alit [ali...]
--- 63 ---
[...t] pinggir gunung | apa nglêlaga mring mami | banyak putra saupama | angur aja amiwiti | cilike dyan Surapatya | durung untung awak mami ||
55. lagyeca osiking kalbu | kasaru wau kang prapti | pênatu lan tukang masak | ing ngabyantara nêrpati | sang nata alon ngandika | dene suwe sira bibi ||
56. cèthi kalih nêmbah matur | punika gusti wus prapti | kèndêl kori patamanan | nanging taksih wontên bèndi | yèn parêng gusti piyambak | nimbalana mring pun Kuwi ||
57. sang nata sigra amêthuk | cèthi kalih atut wuri | sampun prapta prênahira | sigra dènya ngancarani | Nah Kuwi arsa tumêdhak | kadangon dènira mijil ||
7. Mijil
1. Gya cinandhak astane Nah Kuwi | dhumatêng sang
--- 64 ---
katong | pan binêkta manjing jro tamane | abdi kalih tansah atut wuri | lawang tamansari | sadaya tinutup ||
2. pan binêkta midêr tamansari | gèn sêkar kang abyor | gène sêkar taluki srunine | sri narendra angambil taluki | pinaringkên aglis | sinangsangkên gêlung ||
3. amuwuhi ayune Nah Kuwi | mênggah sang akatong | babondhetan saparan-parane | astanira pan sarwi kinanthi | nulya mring botrawi | dulu mina agung ||
4. pan sumunar toyaning botrawi | kuwunge mancorong | kasorotan ing surya toyane | sulaking toya mina kaègsi | tuman dèn pakani | mina ting jaligut ||
5. langkung sukanira Nonah Kuwi | myat mina mathongol |
--- 65 ---
apan kadya anyuwun cadhonge | ana mina guyon jalu èstri | pan kadya mêmengin | mring kusumaning rum ||
6. nulya mubêng done puki anjing | godhonge ngrêmpoyok | sêdhêng wohe matêng-matêng kabèh | Nonah Kuwi suka angundhuhi | nulya ngundhuh manggis | balibar dèn undhuh ||
7. abdi kalih kang samya gimboli | binêkta mring gêdhong | sri narendra nulya mubêng age | Nonah Kuwi pan sarwi kinanthi | tansah dèn arasi | sak gèn-ênggènipun ||
8. tan sarănta galihe sang aji | Nah Kuwi pinondhong | gya binêkta manjing jro gêdhonge | Nonah Kuwi ature mlas asih | mangke-mangke gusti | adhuh kula nuwun ||
9. botên ilok kawula pawèstri [pawè...]
--- 66 ---
[...stri] | ajrih ing sang katong | ujêr ratu pan agung walate | ila-ila pan kula pawèstri | ngungkuli sang aji | tan sae tinêmu ||
10. sri narendra angandika aris | adhuh mirah ingong | sun ngapura sadurung-durunge | malah sira sun wênangkên ugi | luputa ing sêrik | walang sangkêripun ||
11. gya binêktèng manjing jinêm wangi | abdi kalih dhodhok | samya nata ing pasareane | abdi kalih sami nyingkir têbih | ya ta sri bupati | tansah dènnya ngungrum ||
12. trahing sabda tansah ngarih-arih | dhuh kusumaningong | apuranta bae nahku anggèr | tumutura ing dasih ta gusti | dene dahat wani | mangrêbasèng gêlung ||
13. sainggane raganingsun iki | anglir brêmarandon | mring puspita kang lagya rumêmbe | nanging sêkaripun maksih kidhip | paran lamun nganti |
--- 67 ---
kongsia samênut ||
14. amangrurah rumira ta gusti | rêknaning paturon | munggèng sêlan anèng gêgulinge | pan datan wrin darunaning gusti | prangên lêlungiding | tingalira masku ||
15. sukarêna sabêtkên kincanging | aglis ta mas ingong | nugrahaning hyang tumrap siranggèr | labêt ardanira masku ari | sumaput tyas mami | lir sumpêna ulun ||
16. anon cahyanira anêlahi | tansah karya lamong | amanêkung tyas munêng-munênge | kênèng tungtunging driya wiyadi | lamun ingsun yayi | tumêkèng ing lampus ||
17. larungêna tilam sari gusti | campurên kang layon | lurubana sinjangira anggèr | kang wus kagêm lungsuran ta gusti | ikêtên wak mami | sêmêkanta masku ||
18. dhuh kusuma mirahing wong kuning | tanpanon rat ingong | anglir
--- 68 ---
muksa yèn kinêdhèpake | sasat sang hyang hyang kusuma adi | sariranirèki | anging purnama gung ||
19. cahyanira sayêkti nêlahi | kapriye wak ingong | aparinga usada nah anggèr | yèn tan kwawa jiwaningsun gusti | amilalu lalis | yèn sira tan asung ||
20. kêmanisên Nah Kuwi kênyaring | pangungrume katong | trustha ing tyas srah jiwa ragane | kagunturan mêmanising aji | aluwara kingkin | kadya apilangkung ||
21. alon mangunadika ing galih | wau ta sang sinom | apa iki wus kala mangsane | raganingsun kudu anglakoni | tingkah kang sayêkti | rinabasèng prabu ||
22. ujêr ingsun pan darma nglakoni | jamake wong wadon | kudu-kudu pan apês duwèke | pan wus kocap ila jaman dhingin | wiyahing pawèstri | imane têkiyur ||
23. Nonah [No...]
--- 69 ---
[...nah] Kuwi ature mlas asih | dhuh gusti sang katong | lamun dhangan utusana mangke | amundhuta gusti mring kang abdi | rèhning kula gusti | gadhah tiyang sêpuh ||
24. sri narendra mèsêm ngandika ris | adhuh mirah ingong | aja susah mangko ta nah anggèr | malah mêngko ngong têdhak pribadi | dimèn tutug benjing | ing sakarsanipun ||
25. nata kathah dènnya ngarih-arih | pangrapih pangrempon | dene amrih lipura galihe | pinarsudi rumira mlas asih | sang prabu tyasnèki | grêgêt-grêgêt suruh ||
26. dèn aungkih musthikaning wèsthi | kutha rêkna kaot | pan kinudang-kudang prêmbayune | apan sarwi ngêngidung kêkawi | tansah ngaras pipi | sung gantèn sang prabu ||
27. dadya wau sang rêknaning manis | tansah ing paturon | asung sêpah mring sri bupatine [bupati...]
--- 70 ---
[...ne] | apan sampun tinarimèng lathi | wau ta sang aji | dahat têrnyuhipun ||
28. pan cinucup-cinucup ing lathi | kinuswa sang sinom | tangkis wèni sumawur layone | kongah-kangih pan kongsi kaungkih | turida kaègsi | pamusthining lulut ||
29. wantuning dyah dèrèng anglampahi | rinabasèng turon | kathah-kathah wau sêsambade | lir cintaka lagya minta riris | kangjêng sri bupati | kathah wêlasipun ||
30. linuwaran wau ingkang rêsmi | sang rêtna kalêson | kumyus kabèh nênggih sarirane | ingusapan wastranya sang aji | sang rêtna di murti | sirahe pinangku ||
31. gya binêkta têdhak marang bèji | pan sarwi pinondhong | abdi kalih samya dhèrèkake | kusuma yu nulya dèn sirami | luwaring wastra di | wuwuh manisipun ||
--- 71 ---
32. wusnya siram anulya kinanthi | dhumatêng sang katong | babondhetan saparan-parane | kadya mintuna kalawan mimi | kangjêng sri bupati | lan kusumaning rum ||
33. sri narendra ngundhuh puki anjing | satunggal cinakot | datan têlas pinaringkên age | mring Nah Kuwi tinarimèng lathi | gantya angaturi | tinon kadya manuk ||
34. samya suka abdine kêkalih | myat gusti karongron | kadya Kumajaya lan Ratihe | rikalane nèng Suralaya di | ya ta Nonah Kuwi | ngandikèng pênatu ||
35. priye bibi raganingsun iki | iya toging êndon | kaya ngapa ing besuk dadine | nora wurung wong tuwa nyêngèni | ya mring awak mami | yèn kongsia wêruh ||
36. nanging nora ingsun rasa bibi | tingkah kang wus klakon | ya
--- 72 ---
wong tuwa nèng wuri rêmbuge | sok uwisa rujuk wong kêkalih | sayêktine dadi | yèn tulus sang Prabu ||
37. sri narendra mèsêm ngandika ris | adhuh mirah ingong | ingsun iki ya samono manèh | nora wurung bok ratu aruntik | ya mring awak mami | yèn ngantia wêruh ||
38. sira bae dèn bisa ngawruhi | iya mirah ingong | suwitaa yayi sapatute | Nonah Kuwi mèsêm turira ris | upamine gusti | gaman kuwi pacul ||
39. pundi ingkang alandhêp pribadi | sinilih dening wong | sri narendra gumujêng wuwuse | basakêna sira ari mami | pan wong laki rabi | kang upama pacul ||
40. suka sami gujêngira kalih | Nah Kuwi turnya lon | lamun dhangan ing karsa sang rajèng | pan punika jam gangsal wus muni |
--- 73 ---
lilanana gusti | kawula yun mantuk ||
41. mbokmanawi kawênangan gusti | ajrih têmên ingong | sri narendra alon andikane | iya bênêr karêpira yayi | pikirên ing wuri | wêlasa maringsun ||
42. nadyan sira ingsun pundhut benjing | adhuh mirah ingong | bisa sarèh lan bêcik dêlênge | witne ingsun nora bisa kari | lawan sira yayi | priye polah ingsun ||
43. Nonah Kuwi anulya kinanthi | pan binêkta miyos | arsa mantuk marang Pacinane | sri narendra ngatêrkên pribadi | gya anitih bèndi | nulya mangkat gupuh ||
44. tan winarna lampahe nèng margi | Pacinan wus rawoh | Nonah Kuwi tinilar pintune | sri narendra nulya kondur aglis | lampahe nèng margi | tansah mandhêg mangu ||
--- 74 ---
45. sampun lêpas lampahe sang aji | kang kari anjomblong | kadya rare tinilar biyunge | nulya manjing ing kamarira glis | ririh dènnya nangis | sambate mlas ayun ||
46. si mak si mak patènana mami | tan kêlar wak ingong | ingsun sêngguh pan nora mangkene | ya awakku obah ting sarênig | ngadêg kudu linggih | linggih kudu mlaku ||
47. ula dumung kang amănca warni | lang-mêlang tyas ingong | klapa ingkang datanpa kardine | lamun goroh kangjêng sri bupati | suku palwa milir | priye solah ingsun ||
48. jênang gula wohing arèn gusti | dhuh-adhuh sang katong | bok ya aja lali mring dasihe | nadyan lali pan nulia eling | nadyan nora eling | èngêta maringsun ||
49. wulu cumbune Radyan Prêmadi | kumlamar tyas ingong [ing...]
--- 75 ---
[...ong] | kolik priya kang munya ratrine | lamun nora tuhu sri bupati | pêksi agung langking | kudhandhangan ingsun ||
50. adhuh-adhuh iya awak mami | pijêr dadi lakon | ngêlu têmên dhuh sirahku kiye | pêparikan sêkar manggis gusti | nyênyongah mring mami | ika sang aprabu ||
51. sumbu lampu lampu lênga klêntik | susahku macêngoh | sabên dina tan ana kêndhate | tan wis-uwis pijêr gung prihatin | roning kacang gusti | kang akarya wuyung ||
52. cês cumêkut lir dèn untir-untir | rasaning tyas ingong | datan manggon sasolahku kiye | gojag-gajêg kang ingsun karêpi | mring paturon nuli | ya tan bisa turu ||
53. lêngak-lênguk sun gagas ngranuhi | tansah gung wirangrong | anggung katon lan sang nata bae | nganiaya têmên tan wis-uwis | sun suwun [su...]
--- 76 ---
[...wun] Hyang Widhi | iya sang aprabu ||
54. katulusna sihira mring mami | lahir batin condhong | ngantya benjang prapta ing kapatèn | aja kongsi winêngkang ingkang sih | awèta sarimbit | iya kang sun jaluk ||
55. nanging ingsun rasa-rasa ngati | tangèh yèn mangkono | yèn niyata mangun sihe manèh | pasthi uwis nimbali mring mami | dhuh èngêta gusti | dasihe kêmbong luh ||
56. bokya nuli kangjêng sri bupati | nimbalana ingong | pijêr apa ta sang nata kae | seje têmên karo ati mami | apa dèn dokani | ya mring kangjêng ratu ||
57. jêr sang nata lupute pribadi | wong wadon dèn êmong | lumuh têmên padu lan garwane | apa manèh iya garwanèki | wani amalangi | karsane sang prabu ||
58. cobak ingsun dadia narpati | tan wêdi mring wadon |
--- 77 ---
ya wong tuwa malangana kabèh | cinancanga tali sun pêdhoti | palangana wêsi | pasthi ingsun putung ||
59. ya wus lumrah anggone narpati | gandhèng rèntèng wadon | dudu lanang yèn wêdi garwane | nadyan lanang pan lanang kêmangi | dudu lanang yêkti | manah mongga-manggu ||
60. lir wong edan sambate Nah Kuwi | angalêm amoyog | mung sang nata kang sinambat bae | sabên dina tansah gung dalêming | gumuling nèng panti | sinome jalêbut ||
8. Sinom
1. Kunêng ta ingkang winarna | wau lampahe sang aji | tan winarna anèng marga | ing dalêmira wus prapti | wus dalu wancinèki | asare lan garwanipun | wau ta sri narendra | sêdalu tan antuk guling | kang kacipta Nah Kwi kalane rina |[21]|
2. ing dalu wanci
--- 78 ---
jam tiga | kangjêng ratu wungu guling | kagyat dènnya mambu gănda | amulêg gandane wangi | tinolih sri bupati | ingkang ngagêm gănda arum | jêng ratu grahitèng tyas | wus nyana kalêbon sandi | kang pinandêng gènnya sare sri narendra ||
3. ririh jêng ratu alênggah | atêbih lawan sang aji | osiking tyas pan mangkana | baya kangjêng sunan iki | antuk bedhangan masthi | katara ing gandanipun | lawan sarene beda | seje têmên lan duk wingi | wong kayapa iya kang dèn timbalana ||
4. nora talah kangjêng sunan | datan ngandika mring mami | bok iyaa dèn awêca | aja dhêmên laku sisip | bok ingsun dèn wêcani | dimène raharjèng laku | wau ta sri narendra | dhasare pan dèrèng guling | wus uninga sasolahe
--- 79 ---
garwanira ||
5. tan sakeca tyase nata | gya wungu dènira guling | alon dènira ngandika | punapaa nimas gusti | wungu dènira guling | têka alênggah pitêkur | apa kang dadi marga | ngandikaa marang mami | iya aja dadi susahe tyasira ||
6. kangjêng ratu lon aturnya | tan wontên karasèng galih | botên susah botên bingah | malah paduka kang sêdhih | sampun paduka mukir | kula sawang botên luput | katarèng solah gănda | lah ngandikaa dèn aglis | lamun mukir mindhak dados manah kula ||
7. sabab kula wus têtela | sumêrêp kang gănda wangi | saprapta paduka ngambar | amèsêm sri narapati | alon andikanèki | aja runtik nimas ratu | lan aja nyana sira | mulane sun ngagêm wangi | kaki risdhèn mau nganthi lawan ingwang ||
8. kangjêng ratu duk miyarsa | asugal [asu...]
--- 80 ---
[...gal] aturnya ririh | dhuh nyata paduka dora | punapaa ta sang aji | cahya paduka putih | tuntung ijo sêmunipun | lan ayit kang sarira | pasthi yèn gêpok pawèstri | gănda lênga utawa gănda sarira ||
9. kadya pangantèn gandanya | sumêrbêt tungtunge amis | lan cahya sampun katara | asigêg sri narapati | ngandika jroning galih | nora bisa dora ingsun | angur ingsun blakaa | dimène wêlas mring mami | muga-muga nurutana karsaningwang ||
10. iya nimas ratu sira | ingsun wêca aja runtik | yèn runtik nêmua sira | basa ingkang datan bêcik | jêng ratu matur inggih | sampun sumêlang ing kalbu | wau ta sri narendra | ngandikane sêmu ajrih | iya yayi têne sun arsa garwa |[22]|
11. lêgakêna ninamas sira |[23] ya dimène
--- 81 ---
dadi kanthi | angabdi mring yayi sira | iku săngka pikir mami | lan akèh kang pinurih | tanpa bayar ya wis patut | tur pantês warnanira | nora lingsêm ngaku abdi | malah bêcik sabab iku seje bangsa ||
12. iya bangsa kulit pêthak | nonah Cina iku yayi | kaya bênêr ujar ingwang | yèn sira parêng ta gusti | jêng ratu matur inggih | sakarsa paduka prabu | kawula tan lênggana | namung kula nyuwun janji | amanuta dhumatêng parentah kula ||
13. malah mindhak bingah kula | wontên ingkang ngajak gilir | ngladosi paduka nata | sang nata suka ing galih | ya ta warnanên enjing | miyos lênggah sang aprabu | nèng ngèmpèr gadri wetan | ingadhêpan cèthi kalih | lênggah jajar lawan wau garwanira ||
14. anak powa-powa papat | mêthangkrong nèng puki anjing | woh
--- 82 ---
sisa kalong pinangan | maripate katon putih | awake tan katawis | awit saking cêmêngipun | untune katon pêthak | maripate mondar-mandir | kang dèrèng wruh dèn arani yèn rangutan ||
15. pilih wong ngetang tan gila | rupane lir kêthèk langking | yèn caturan padha rowang | pating cruwit gêgilani | manthêlêng mripatnèki | Lănda jaga sami takut | kinira yèn drubiksa | cilik-cilike mêmêdi | kang sawênèh angarani buron wana ||
16. yèn lumaku ting cênanang | ting karêmbyah tudang-tuding | prandene yèn nambut karya | prigêle kapati-pati | pintêre angluwihi | bocah Jawa tikêl têlu | amila sri narendra | asangêt dènira asih | tinimbalan playune gulung-gulungan ||
17. pilih wong ngetang nta[24] gila | rupane lir kêthèk langking | nganggo klinthing ting karompyang [ka...]
--- 83 ---
[...rompyang] | yèn mènèk ngebat-ebati | tan wêgah praptèng ngginggil | pantês warna kadya lutung | patute omah ngalas | ya ta wau sri bupati | animbali nênggih dhumatêng kang uwa ||
18. rahadèn Cakradipura | wus prapta lênggah atêbih | gya ingawe mring sang nata | lah wa dèn kaparèng ngarsi | rahadyan majêng aglis | wus munggèng ngarsa sang prabu | sang nata angandika | mulane wa sun timbali | aja nyana yèn ingsun paring ganjaran ||
19. busana miwah sêsotya | kang uwa matur wodsari | adhuh gusti sri narendra | botên niyat nuwun paring | kucah dalêm sang aji | botên kirang malah langkung | kawula tur uninga | duk kawula wontên Jawi | ingandikan dhumatêng paduka nata ||
20. kagyat ing manah kawula | lir tinêbak ing mong tuni | nênggih kadya mêrang wrêksa | tanpa landhêsan [landhêsa...]
--- 84 ---
[...n] sayêkti | gêtêre manah kami | sarêng prapta ngarsa prabu | ingkang sumêlang ilang | mung nyaoskên pati urip | tan garantês sumanggèng karsa narendra ||
21. sang nata duk amiyarsa | arum pangandikanèki | si uwa jêro tampanya | boya pisan ingsun iki | nyikara mring sirèki | gawe manahmu kang dudu | malah-malah ta sira | saupama dosa pati | nora liwat sira mung sun ukum lara ||
22. lamun sira dosa lara | sun ngapura ingkang masthi | Rahadèn Cakradipura | manêmbah aturnya inggih | kapundhi dhawuh aji | pangandika dhatêng ulun | mugi kalampahana | sabda paduka sang aji | gih punapa animbali mring pun uwa ||
23. punapa wontên bicara | prakawis kang ragi rumpil | sangking gugupe pun uwa | dènirarsa anaur sih | tan sêlak barang [ba...]
--- 85 ---
[...rang] kardi | tan suminggah dados lêbur | rêmuka awor kisma | sinawatna balung mami | wus kasêdya nglampahi karsa narendra ||
24. duk miyarsa trustha ing tyas | pangandikane sang aji | mantêp têmên sira uwa | bangêt sokurku Hyang Widi | muga langgênga sami | mantêpmu kalawan ingsun | mula uwa sun undang | sun jak rêmbugan sayêkti | katularan mring sira sun arsa krama ||
25. yayi rêkna ya wus rêmbag | yèn ingsun kapengin nyêlir | wus rêmbug sakarsaningwang | nanging bocah seje jinis | nonah Cina rêspati | iku priye wa karêpmu | apa mêtu Walănda | rêmbuge dimène aglis | apa bêcik uwa dhewe lumakua ||
26. Radyan Cakra duk miyarsa | sapandurad[25] datan angling | osiking tyas pan mangkana | ewuh têmên ingsun iki | sun awaki pribadi |
--- 86 ---
kangjêng ratu mêsthi bêndu | lan Cinane tan suka | kapriye gonku mangsuli | ya bêcike amocung marang Walănda ||
9. Pocung
1. Nêmbah matur Radèn Cakradipurèku | adhuh sri narendra | sumangga karsa sang aji | yèn kawula kautus datan suminggah ||
2. ulun sokur sakêthi sangêt jumurung | nyadhong karsa nata | yèn dhahar aturing abdi | kang prayogi punika mêdal Walănda ||
3. sang aprabu duk miyarsa aturipun | kagagas ing driya | bênêr ture uwa iki | garwa nata sumambung bênêr Si Cakra ||
4. sang aprabu mèsêm pangandikanipun | nimas akaria | ingsun arsa marang loji | uwa Cakra karia atunggu pura ||
5. sang aprabu gya ngrasuk busananipun | nitih kuda usar | ulês dhawuk busana sri | praptèng jawi ginarêbêg usar papat ||
--- 87 ---
6. gupuh-gupuh lampahira sang aprabu | tan winarnèng marga | residhenan sampun prapti | ya ta kagyat Lănda jaga asung kurmat ||
7. mêdal gupuh tuwan rêsidhèn amêthuk | praptanirèng jaba | wus tundhuk lawan sang aji | têtabeyan nulya sami tata lênggah ||
8. tan adangu nggènnya lênggah kalihipun | nulya linarihan | munggèng gêlas dhepok kênit | nulya ngunjuk residhèn lawan sang nata ||
9. wusnya ngunjuk sang nata ngandika arum | kaki wruhanira | mulane ngong praptèng ngriki | iya arsa rêmbugan lan kaki sira ||
10. iya ingsun sayêktine jaluk tulung | marang jênêngsira | sun jaluk tan akèh kaki | ingsun jaluk momongamu nonah Cina ||
11. namanipun Nah Kuwi ayu pinunjul | kang darbe tanaya | iya kang
--- 88 ---
aran ki Kèhing | dipun enggal aja nganti nora kêna ||
12. dupi ngrungu residhèn osiking kalbu | saiki sang nata | wus kêna ingsun piranti | mundhut nonah Cina Lănda sun kaduga ||
13. jendral laut tètès têmên sabdanipun | yèn kusuma Jawa | gampang pinasangan pranti | iya sokur dimène krasan sang nata ||
14. lon umatur residhèn marang sang prabu | inggih ta sang nata | pun kaki ingkang nanggupi | nging paduka dèn krasan nèng Ngambon praja ||
15. inggih sampun mring tanah Jawi awangsul | dilalah sang nata | samana têka nuruti | iya kaki aja sumêlang tyasira ||
16. sampun rêmbug residhèn lawan sang prabu | golong gilig manah | pan sampun dados satunggil | sabiyantu [sabi...]
--- 89 ---
[...yantu] saeka saabipraya ||
17. kalihipun residhèn lawan sang prabu | rêmbug sampun dadya | ya ta tuwan residhèn glis | aparentah nimbali pla kampung Cina ||
18. lawan iku angirida Cina satu | Kèhing aranira | dèn aglis prapta ing loji | Kyai Kèhing yèn lunga kinèn jujula ||
19. lawan iku yèn lara kon gotong gupuh | sandika turira | kang dinuta mangkat aglis | gêgancangan lampahe wus praptèng Cinan ||
20. duta sampun kapanggih lan pala kampung | sampun dhinawuhan | miwah ta Kiyai Kèhing | kêkalihe pan sandika aturira ||
21. mangkat gupuh Ki Kèhing lan pala kampung | tan winarnèng marga | residhènan sampun prapti | sampun munggèng ngarsane residhènira ||
--- 90 ---
22. kèhing wau andharodhog badanipun | manahe trataban | ênar-ênar sênag-sênig | saya pucêt lir kadya lara sawarsa ||
23. osikipun pan mangkana Kèhing wau | sun iki tan dosa | tinimbalan marang loji | apa baya arsa dèn ukum palastra ||
24. ya ta wau residhèn ngandika asru | marang Kèhing ika | sêmune anggêgêtêri | hèh ta Kèhing saya dhisuruh jêng sunan ||
25. ya anakmu prêmpuan satu nyang aayu |[26] Nah Kuwi namanya | itu dhiminta narpati | bolih tidhak kowe bilanga sêkarang ||
26. Kèhing matur sarwi dhrodhog aturipun | kangjêng tuwan saya | punya nak prampuwan baik | ya sêkarang samaunya kangjêng tuwan ||
27. saya sungguh orang kêcil banyak takut | sama kangjêng tuwan | bêtul [bêtu...]
--- 91 ---
[...l] itu anak kami | saya bolih dhiambil sêkarang jugak ||
28. dupi ngrungu residhèn matur gumuyu | dhuh anggèr sang nata | punika pan sampun gampil | benjing napa anggèn paduka ambêkta ||
29. sang aprabu alon pangandikanipun | kaki karsaningwang | sesuk-esuk iku bêcik | ingsun têdhak mring Pacinan nggawa rata ||
30. karsaningsun kaki sun jaluk kancamu | Walănda mardika | sadaya kinèn angiring | lan suldhadhu jêjarana dimèn ramya ||
31. amung iku iya kaki wêkas ingsun | aja kêkurangan | lêlakone benjing enjing | tuwan sidhèn miyarsa gumujêng suka ||
32. dhuh sang prabu sampun sumêlanging kalbu | sun rêmbuge pyambak | lêlakone benjing enjing | lah ta sampun paduka nuntên kondura ||
--- 92 ---
33. ya ta wau sang nata anulya kondur | residhèn ngatêrna | praptèngnjawi nulya bali | gêgancangan sang nata wus praptèng pura ||
34. Kèhing wau maksih linggih andhêkukul | wau pun kapala | lênggah nèng wurine Kèhing | tuwan sidhèn aris dènira ngandika ||
35. hèh pla kampung mangko undhanga sirèku | kancamu wong Cina | lanang wadone dèn sami | kinèn ngiring Nah Kuwi dadi pangantyan ||
36. lawan iku Kèhing sun paringi lungguh | ya dadi kapitan | iku ya undhangna sami | angèstokna Kèhing dadine kapitan ||
37. pala kampung sandika ing aturipun | wau pun kapala | lawan Ki Kèhing gya mulih | pan sigêgên lampahe Kèhing kapala ||
38. gantya wau kocapa ingkang winuwus | ing kampung Pacinan | Nyai Kèhing lan Nah Kuwi | ting
--- 93 ---
salênggruk apan sami akaruna ||
39. sambatipun amung Kèhing kyahinipun | dèn irid kapala | mring sidhenan tana prapti | eca nangis kasaru kyahine prapta ||
40. gupuh-gupuh Nyai Kèhing mêthuk pintu | lawan Kuwi Nonah | wus samya atata linggih | kapat pisan lawan wau pun kapala ||
41. tan adangu wau dènnya sami lungguh | ya ta kawarnaa | Cina sapacinan prapti | lanang wadon tuwa anom samya prapta ||
42. pan gumrudug Cina prapta kadya sulung | samya takon warta | kêbak wismane Ki Kèhing | takon apa sababe ing tinimbalan ||
43. pala kampung aris dènira sumaur | iya wruhanira | Cina kabèh jalu èstri | ya mulane sun lan Kèhing tinimbalan ||
44. Kèhing iku karsane residhènipun |
--- 94 ---
pinaringan pangkat | kinèn adadi kapitin | amêngkoni mring Cina sa-Ngambon praja ||
45. marmanipun sakèhing Cina sadarum | ya padha ngèstokna | iya marang kaki Kèhing | dina sesuk têtêpe dadi kapitan ||
46. marmanipun iya kaki Kèhing iku | pinaringan dlajad | awit săngka anaknèki | Nonah Kuwi pinundhut marang jêng sunan ||
47. dina sesuk sang nata dènira mêthuk | têdhak mring Pacinan | amarani Nonah Kuwi | lan dèn iring sagunging para Walănda ||
48. dina sesuk Cina lanang wadonipun | padha angiringa | Nah Kuwi dadi pangantin | angiringna lakune marang jro pura ||
49. pala kampung wusnya prentah nulya mantuk | lan sakèhing Cina | lanang wadon milu mulih | samya mantuk mring wismane pyambak-pyambak ||
50. ya ta wau
--- 95 ---
Nah Kuwi dupi angrungu | lamun sri narendra | dina sesuk amarani | Nonah Kuwi ciptaning tyas sida durma ||
10. Durma
1. Ya ta wau kocapa ing residhènan | dhawuhi wong Kumpêni | sesuk jam satunggal | kinèn lumêbèng pura | angiringake sang aji | marang Pacinan | marani Nonah Kuwi ||
2. sagung Lănda amardika angiringna | kalawan nonahnèki | undhange wus rata | Walănda wus sadhiya | tukang rata dèn dhawuhi | kinèn sudhiya | dina sesuk jam siji ||
3. wus warata sadaya wus tampi undhang | ya ta warnanên enjing | anênggih jro pura | dalême sri narendra | tinata rinakit-rakit | pinasang tratag | badhe gèning prajurit ||
4. ingkang badhe ladèn tamu wus pinatah | kathahe tigang dèsi | dene panganggonya | apan cinara upas [u...]
--- 96 ---
[...pas] | kabèh pan sampun miranti | tan kêkurangan | dhasar dalême aji ||
5. apan saweg adados inggal-inggalan | langkung dening prayogi | sarwa rinarêngga | sagung kang indah-indah | yèn tinon lir kadya swargi | yêkti tan ana | Ngambon lir dalême ji ||
6. tata titi sampun prapta kalamăngsa | ya ta jêng sri bupati | angrasuk busana | sarwendah pangagêmnya | sagung ingkang adi-adi | dhêstare sulam | klambi cêmêng binludir ||
7. agêmira kang paningsêt cindhe sêkar | èpèk cêmêng binludir | tarètès timangnya | cumlorot ting karêtap | barong parangrusak nyamping | ngagêm wangkingan | Kyai Jaran Panolih ||
8. yèn sinawang sang nata lir Dananjaya | duk lagya aprang tandhing | lan Dipati Karna | punika ingkang memba | nora adoh angèmpêri | lamun manungsa | yêkti tanna tumandhing ||
9. nulya miyos mring jawi lan garwanira | lênggah [lêng...]
--- 97 ---
[...gah] jajar nèng kursi | Dyan Cakradipura | alênggah munggèng ngarsa | yèn sinawang angajrihi | ngagêm prayoga | lir Baladewa Aji ||
10. kănca jaga panganggone sarwa abang | andhèr plataran linggih | ya ta kawarnaa | sagung Lănda mardika | kalawan sanyonyahnèki | wus nèng sidhenan | arsa malêbèng puri ||
11. kang suldhadhu sabètèng sampun amêdal | nèng alun-alun baris | ya ta kawarnaa | residhèn lan Walănda | wus budhal saking ing loji | malêbèng pura | wus panggih lawan sang aji |[27]|
12. tata tita atata arsa budhalan | ya ta kang ratu rugmi | wus sumaos ngarsa | sigra miyos sang nata | saking ing dalêm pandhapi | wus nitih rata | lan sagunging pra Landi ||
13. dene ingkang lumampah nèng ngarsa pisan | baris Lănda Kumpêni | lampahe aramtam | ajèjèr jajar-jajar | warata ngèbêki margi | rêsidhènira [rêsidhè...]
--- 98 ---
[...nira] | ingkang nindhihi baris ||
14. petak-petak ingkang jingga awor abang | irêng woworannèki | rata warna-warna | kèhe tanpa wilangan | akêpung kêpang apipit | jalma kang miyat | jalu tanapi èstri ||
15. pan sigêgên lampahe jêng sri narendra | kunêng ta kang winarni | ing kampung Pacinan | Cina sa-Ngambon prapta | nèng wismane Kyahi Kèhing | lan para nonah | tuwa anom pan prapti ||
16. amangagêm ingkang sarwa endah-endah | ting glêbyar ting karêtip | lan angagêm menyak | hèr pèndêl lan hèr mawar | sagung ingkang wangi-wangi | kadya prayangan | gandane mulêg ngidit ||
17. Kaki Kèhing wismane pan kadya suwak | saking kèhing kang tami | wus datanpa petang | janma ingkang umiyat | uyêlan pèpèt pinipit | barung swarannya | găngsa [găng...]
--- 99 ---
[...sa] lawan saruni ||
18. tigang dasa Cina edan ingkang karya | busana warni-warni | jênggi kalih bêlah | patahe kawan dasa | busanane abra sami | dhasar warnanya | sami ayu linuwih ||
19. Nonah Kuwi dinandanan para nonah | rasukan dhasar abrit | sulaman toya mas | tinulis raja Cina | sirah kêbak sêkar mlathi | intên kinarya | pan samya dèn roncèni ||
20. ngagêm pêndhing kêncana kêbak sêsotya | tapih polos ting krêtip | bak intên drijinya | mrabu lir lintang tiba | tanpa sêkar busana di | kang karya sêkar | sêsotya intên sami ||
21. dhasar ayu Nonah Kuwi namanira | lir kadya widadari | yêkti tanna timbang | lan Nah Kuwi warnanya | nadyan kang para absari | yêkti tan timbang | tuhu ayu linuwih ||
22. gandanira Nah Kuwi arum angambar | prabawa lênga wangi | lênga
--- 100 ---
jimat Cina | sakpal mambu gandanya | ambune lir trusing bumi | mananduk grana | kang pilêg banjur mari ||
23. ya ta wau Nah Kuwi rinămpa-rămpa | binêktèng marang njawi | Kyahi Kèhing mapag | lan sagung Cina tuwa | nyonyah tuwa ingkang nganthi | marang Pèkkongnya | sojah ping sanga sami ||
24. Nonah Kuwi ngarêp Pèkkong dènnya lênggah | pra sanake belani | kurmat dènnya ningkah | samya sojah ping sanga | kabèh Cina padha jêngking | dene têgêsnya | ngawruhi luhurnèki ||
25. nulya sojah kaping nêm iku têgêsnya | mundhi Têpèkkong nèki | dene kaping sanga | nyuwun slamêt ing donya | lan indhake kang rêjêki | kang para nyonyah | sadaya angamini ||
26. wus antara rampung dènira aningkah | nulya atata linggih | sagung para Cina | tuwa lan nyonyah [nyo...]
--- 101 ---
[...nyah] tuwa | ting calumik anjapani | mring Kuwi Nonah | dinamu-damu waknèki |[28]|
27. wus mangkono carane wong băngsa Cina | pangantèn dèn japani | dimèn kinasihan | iya mring lakinira | yèn runtut wong laki rabi | sayêktinira | aruntut kang rijêki ||
28. sanalika katrima pamujinira | prapta angin sumribit | mawa gănda ngambar | kèndêl kang samya muja | nulya sami majêng bukti | nênggih pêpanthan | wong sanga bangku siji ||
29. kacarita dhaharan mawarna-warna | sagung minuman mranti | rame swaranira | barung ponang gamêlan | laras gêndhing Gambirsawit | barung swaranya | saruni lawan musik ||
30. wus antara kèndêl dènira dhaharan | gya sami mêdal jawi | samya tata-tata | bèndi miwah kareta | ana kang nata turanggi | wus tata samya | kang badhe iring-iring ||
--- 102 ---
31. Kyai Kèhing lênggah nèng ngarêping lawang | jajar lan Nonah Kuwi | Nyai Kèhing lênggah | lan sagung Cina tuwa | nyonyah ingkang nini-nini | dènira lênggah | nèng wurine Ki Kèhing ||
32. ya ta wau wus katingal pangiringnya | kangjêng sri narapati | nênggih baris Lănda | Kumpêni kang nèng ngarsa | tambur salomprèt lan musik | munya barungan | wau Pacinannèki ||
33. barung-barung gamêlan kurmat jêng sunan | miwah gamêlan sruni | tanapi musikan | kalangkung ramenira | ya ta wau sri bupati | sampun aprapta | munggèng ngarsane kori ||
34. ya ta wau Kiyai Kèhing kapitan | anulya majêng aglis | mondhong putranira | dèn inggahkên ing rata | rukmi wus jajar alinggih | lawan jêng sunan | nèng kiwane sang aji ||
35. Kyai Kèhing Kapitan [Kapita...]
--- 103 ---
[...n] lan nyainira | wus nitih ratanèki | lan sakèhing Cina | miwah kang para nonah | wus anitih rata sami | wus tata samya | anggambuh kang ningali ||
11. Gambuh
1. Ya ta residhènipun | pêparentah budhalakên gupuh | marang wau barisan Lănda Kumpêni | tambur slomprèt munya dhrudhut | gamêlan munya ting jêngglong ||
2. lampahe baris urut | miwah Cina pangiringnya urut | ngajêng pyambak saradhadhu kathok putih | klambi wulung bênik sadhur | iya iku Lănda Ambon ||
3. amandhi bêdhilipun | apan sarwi kalung krêganipun | pating grandhul dinulu langkung rêspati | ing wuri ingkang sumambung | kêstabêle marong-marong ||
4. Ing wuri kang sumambung | musik munya suwarane umyung | wuri malih tuwan sidhèn kang
--- 104 ---
nambungi | anitih turangganipun | cahyanira abang marong ||
5. bajunya cêmêng mungguh | pan binludir tinon ting kalêpyur | usar papat nênggih ingkang anjagani | sarwi mandhi pêdhangipun | tinon pêdhange ting clorot ||
6. wuri malih sumambung | abiyola kalawan panjidhur | binarungan kalawan gamêlan sruni | wuri malih barung-barung | găngsa munya ting jarêngglong ||
7. ing wuri kang sumambung | Cina edan kèhe têlung puluh | warna-warna nênggih sêsandhangannèki | rupane abêngus-bêngus | gawe gila wong anonton ||
8. wuri jênggi sumambung | kalih bêlah sri busananipun | ingkang bêcik warnane ngebat-ebati | kang ala-ala kalangkung | gawe gumun kang anonton ||
9. wuri malih sumambung | wong rong atus bêta runtèkipun |
--- 105 ---
wuri malih jêng sinuhun kang nambungi | pan asri busananipun | pating galêbyar ting clorot ||
10. nitih rata prada byur | lênggah jajar lan Nah Kuwinipun | dhasar ayu Nonah Kuwi ingkang warni | amangagêm sarwa murub | wèh eram marang kang nonton ||
11. jinajaran usaripun |[29] kalih wêlas nênggih kathahipun | kang nêm ngarsa ingkang nêm umiring wuri | sarwi mandhi pêdhangipun | gilap pêdhange ting clorot ||
12. bèndi rong puluh nyambung | kang nitihi patah patang puluh | patah nonah Cina binusanan asri | samya ayu warnanipun | sadaya maksih nom-anom ||
13. ing wuri kang sumambung | sagung Lănda kang mardika wau | nitih rata jajar lawan Nonah Kuwi | wurinya ingkang sumambung | Radyan Cakradipura nom ||
14. anitih kudanipun [kudani...]
--- 106 ---
[...pun] | dèn iringkên marasêpuhipun | lurah jagal sakancane tumut ngiring | kudane kore kinarung | amangagêm sarwa kaot ||
15. ing wuri kang sumambung | sagung priyayi Ngambon sadarum | pan sadaya sami anitih turanggi | wuri malih kang sumambung | Ki Kèhing Kapitan Ngambon ||
16. anitih ratanipun | lênggah jajar lawan nyainipun | sinongsongan anênggih songsong kapitin | busananira apatut | pating kadhodhor ting klombroh ||
17. ing wuri pala kampung | Cina kalih nitih ratanipun | wurinira sagung Cina jalu èstri | anitih rata sadarum | amangagêm sarwa kaot ||
18. kalangkung ramenipun | jalma kang miyat atanpa petung | salamine anênggih sawêg samangkin | ing pulo
--- 107 ---
Ngambon puniku | atontonan sarwa elok ||
19. kunêng ta lampahipun | saradhadhu wus prapta lun-alun | samya tata watara dènira baris | tambur somprèt[30] munya dhrudhut | bêdhil muni ambarondong ||
20. kalangkung ramenipun | lir prahara obab[31] mawut-mawut | kadya obah kismanira gonjang-ganjing | mriyêmira ting jalêgur | gamêlan pating jarêngglong ||
21. Dyan Cakradipurèku | andhingini manjing pura gupuh | nitipriksa sagung dhaharan wus mranti | piring gêlas sampun urut | sagung minuman mirantos ||
22. peso sendhog porok wus | pan sadaya wus tinata urut | wus parigêl abdine kang nata bukti | tan kalèru urutipun | piring Jêpan [Jê...]
--- 108 ---
[...pan] tinon abyor ||
Têtêdhakan sêrat gadhahanipun Radèn Tarjan Hadijaya, Dhosèn Saraswati. Ingkang nêdhak Radèn Mas Jayasayana, wiwiting panyêrat, tanggal kaka:[32] 1 Jumadilakir 1885 rampung ing dintên Sên[33] kaping 27 Jumadilakir 1885.[34]
1 | Tanggal: Sêtu Kliwon nêm likur (26) Dulkangidah Wawu: jalma pat ngèsthi nata (AJ 1841). Tanggal Masehi: Sabtu 18 November 1911. (kembali) |
2 | binlodir. (kembali) |
3 | kanjêng. (kembali) |
4 | botên. (kembali) |
5 | kang. (kembali) |
6 | kaot. (kembali) |
7 | nanggal. (kembali) |
8 | sampanyê. (kembali) |
9 | Kurang satu suku kata: sang nata ngandika rum. (kembali) |
10 | Kurang satu suku kata: andulu maringsun. (kembali) |
11 | ponang. (kembali) |
12 | kasmaran. (kembali) |
13 | Kurang dua suku kata: lah ta sira nini dèn abisa. (kembali) |
14 | Kurang dua suku kata: sri narendra gya pinarak lênggah. (kembali) |
15 | ngawêngi. (kembali) |
16 | kaèksi (dan di tempat lain). (kembali) |
17 | Kurang satu suku kata: ingsun bibi bukak barang. (kembali) |
18 | Lebih dua suku kata: mau kangjêng sri bupati. (kembali) |
19 | Kurang satu suku kata: jêng sunan lama bêrnanti. (kembali) |
20 | Kurang satu suku kata: nanti kaluk adha sana. (kembali) |
21 | Kurang satu suku kata: kang kacipta Nah Kuwi kalane rina. (kembali) |
22 | Kurang satu suku kata: iya yayi têmêne sun arsa garwa. (kembali) |
23 | Lebih satu suku kata: lêgakêna nimas sira. (kembali) |
24 | tan. (kembali) |
25 | sapandurat. (kembali) |
26 | Lebih satu suku kata: ya anakmu prêmpuan satu nyang ayu. (kembali) |
27 | Lebih satu suku kata: wus panggih lan sang aji. (kembali) |
28 | Lebih satu suku kata: dinamu awaknèki. (kembali) |
29 | Lebih satu suku kata: jinajar usaripun. (kembali) |
30 | slomprèt. (kembali) |
31 | obah. (kembali) |
32 | kaping. (kembali) |
33 | Sênèn. (kembali) |
34 | Tanggal: Sênèn 27 Jumadilakir AJ 1885. Tanggal Masehi: Rabu 3 Maret 1954. Tanggal 27 Jumadilakir AJ 1885 jatuh pada hari Rabu dan bukan Sênèn. (kembali) |