Lampah-lampah Krama-dalêm P. B. X, Anonim, 1915, #833

JudulCitra
Terakhir diubah: 12-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Lampah-lampah Krama Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana, Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama Ingkang Kaping Sadasa.

Ing taun Jimawal: 1845 utawi taun 1915.

--- 1 ---

Pranatan lampah-lampah krama dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga, Ngabdurahman Sayidin Panatagama, ingkang kaping: 10, komandhuring ordhê Nedêrlansên leyo. grut opisiring ordhê ing oranyê nasao. Grutkrèising ordhê ing nagari Kamboja. grutkrèising krun, ordhê ing nagari Siyêm. Grut krèis twedhên grad, pan dhê ordhê pan dhèn dhubêlêndrak, ing nagari Cina. Grut opisiring ordhê leyopol, ing nagari Bèlgi. Riddêr twedhê klas, mètdhêstèr dhèrkonênglêkê ordhê pan fêrdhinastên pan sinmigaèl, ing nagari Beiyêrrên. Riddêr twedhê klas, mètdhêstèrdhèr ordhê pan dhên rodhên adhêlar, ing nagari Preissên. Komandhur mètdhêstèrdhèr ordhê pranês yosèp, ing nagari Ostênrik. Komandhur mètdhêstèr indhê ordhê pan Hèndrik, dhê leyo pan, brinnêswèik. Saha jendral mayoring wadya balanipun kangjêng sri maharaja putri ing nagari Nedêrlan, ingkang akadhaton nagari Surakarta Adiningrat, dhaub[1] akalihan Gusti Bandara Radèn Ajêng Mur Sudarinah, putri dalêm ingkang Sinuwun Kangjêng Sultan Hamêngkubuwana Senapati ing Ngalaga, Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalipatullah, ingkang kaping pitu, komandhuring ordhê Nedêrlansên leyo, grut opisir dhêr ordhê pan, oranyê nasao, grutkris dher ordhê pan dhê krun, ing nagari Siyêm, grut komandhur dher istê klas, pan dhê hertogêlêkê brinswikkên, ordhê pan hèndrik dhê leyo, saha jendral mayoring wadya balanipun kangjêng sri maharaja putri ing nagari Nedêrlan, ingkang angrênggani kêdhaton ing nagari Ngayogyakarta Adiningrat, benjing ing dintên Rêbo Wage tanggal kaping: 17, wulan Dulkijah (Bêsar) ing taun Jimawal, angkaning warsa:1845: ijab paningkah saha panggih dalêm wontên kadhaton ing Surakarta Adiningrat.

--- 2 ---

Bab 1

Ing dintên Sênèn tanggal sapisan wulan Dulkijah (Bêsar) ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, utusan dhumatêng nagari Ngayogyakarta, maringakên raja kaputrèn saha ampilan, punapa dene upacara kaprabonipun badhe pramèswari dalêm, mênggah ingkang sami kautus, punapa dene lampah-lampahipun, kados carangan kanthinipun pranatan punika.

Bab 2

Ing dintên Rêbo tanggal kaping 3, pêpatih dalêm ing Ngayogyakarta angangkatakên ampilanipun badhe pramèswari dalêm, sapanunggilanipun boyongan, ingkang ngirid abdi dalêm bupati anèm wadana galadhag, Radèn Tumênggung Jaganagara, kakasisihan abdi dalêm bupati anèm rèh kapatihan, Radèn Tumênggung Mangundipura, ingkang ngampil abdi dalêm panèwu mantri panèkêt galadhag sarta lurah bêkêl saos siti, tuwin panandhon sabêbaunipun. Dumuginipun ing Sêtasiyun Balapan Surakarta wanci jam: 9, 48 mênit, kapêthukakên abdi dalêm wadana ngajêng, Radèn Mas Arya Padmanagara, sakaliwonipun Radèn Mas Ngabèi Rajadipura, karerehanipun panèwu mantri kawan golongan. Pêthukan kareta saking kapatihan, lajêng anjujug ing kapatihan, katampèkakên dhumatêng pêpatih dalêm. Sasampunipun katampèn saparlunipun, sami kaparingan patêdhan dalêm sarapan. Sarampungipun, abdi dalêm ing Ngayogyakarta wau lajêng wangsul dhumatêng nagari Ngayogyakarta, numpak sêpur saking Balapan wanci jam: 1 siyang, langkung: 39 mênit. Dene ampilanipun badhe pramèswari dalêm sapanunggilanipun wau, sasampunipun katampèn saha dipun priksani pêpatih dalêm, pêpatih dalêm andhawuhakên dhumatêng abdi dalêm wadana ngajêng Radèn [Ra...]

--- 3 ---

[...dèn] Mas Arya Padmanagara, lajêng ngladosakên malêbêt ing kadhaton, sadumuginipun srimanganti, abdi dalêm wadana ngajêng Radèn Mas Arya Padmanagara mêlingakên abdi dalêm wadana èstri ingkang tampi, angunjukakên ampilanipun badhe pramèswari dalêm sapanunggilanipun wau, sasampunipun katampèn saha sampun kaparnahakên manggènipun, abdi dalêm wadana kaliwon ngajêng sakarerehanipun lajêng sami mundur.

Bab 3

Ing dintên Sênèn tanggal kaping: 8, wulan Dulkijah (Bêsar) abdi dalêm ngajêng, kalang, anarubi saha anggêdhègi gêdhong-gêdhong ingkang kangge ngrukti lêladosan, saha panggenan sakatèn, ing dintên Jumungah tanggal kaping: 12, sampuna rampung.

Bab 4

Ing dintên ijab paningkah, panggih saha sapêkên dalêm, kirang tigang dintên sadèrèngipun dintên ijab paningkah dalêm, sampeyan dalêm utusan bandara pangeran putra kêkalih, sami mangagêm basahan mawi rasukan burdiran, anyêdhahi Kangjêng Tuwan Residhèn, Predêrik Paul Sollêwein Gèllêskê, opisiring ordhê ing oranyê nasao, malêbêt dhatêng kadhaton, ing dintên ijab paningkah panggih saha sapêkênan dalêm wau, mangagêm kostim, kadhèrèkakên Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sasêntananipun, tuwan militèr komandhan, sarta para amtênar, opisir tuwin sanès-sanèsipun kadon[2] adat.

Bab 5

Ing dintên Salasa tanggal kaping: 16, radèn pangulu tapsir anom kautus dhatêng ing Ngayogyakarta, kanthi abdi dalêm kêtib: 3, lurah kaji: 1, anampèni dhawuh dalêm ingkang sinuwun kangjêng sultan, pamasrahing paningkah. Numpak sêpur lêlahanan, [lê...]

--- 4 ---

[...lahanan,] saking Sêtasiyun Balapan wanci jam: 7 enjing langkung samênit, mangangge dodotan, kulambi sikêpan agêng cêmêng.

Wontên ing Sêtasiyun Tugu, kapêthukakên abdi dalêm pangulu ing Ngayogyakarta, lajêng sowan malêbêt ing kadhaton anjujug ing srimanganti, lumêbêtipun ngêntosi dhawuh timbalan dalêm ingkang sinuwun kangjêng sultan.

Bilih sampun sowan ing ngarsa dalêm, saha sampun rampung parlunipun, radèn pangulu lajêng mundur dhumatêng ing kapatihan, kaparingan sugata nêdha, ingkang tumut manggihi abdi dalêm bupati nayaka jawi lêbêt. Wangsulipun radèn pangulu dhatêng nagari Surakarta saking ing kapatihan.

Bab: 6

Ugi ing dintên Salasa tanggal kaping: 16, ingkang sinuwun kangjêng sultan, utusan para pangeran dhumatêng ing Surakarta, sowan anyumêrêpi badhe ijab paningkah dalêm, dene ingkang kautus, pangeran lurah, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Mangkubumi, kanthi para bandara pangeran: 4:

1. Gusti Pangeran Arya Buminata.

2. Gusti Pangeran Arya Pugêr.

3. Gusti Pangeran Arya Mangkukusuma.

4. Gusti Pangeran Arya Tejakusuma.

Abdi dalêm pangulu Kaji Mukamad kamaludiningrat

Abdi dalêm kêtib: 2:

Abdi dalêm bupati nayaka kakalih, lêbêt kaparak têngên, Radèn Tumênggung Brăngtakusuma, jawi têngên panumping Radèn Tumênggung Suryadi, abdi dalêm bupati ênèm kakalih, lêbêt kêparak kiwa Radèn Tumênggung Mangunnêgara, jawi têngên panumping Radèn Tumênggung [Tumêng...]

--- 5 ---

[...gung] Găndakusuma, dumugi wontên ing Sêtasiyun Balapan, wanci jam 6 sontên, langkung 34 mênit, dene ingkang mêthukakên wontên ing Sêtasiyun Balapan, wadananipun putra santana dalêm têngên, Kangjêng Pangeran Angabèi, kanthi Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma, Kangjêng Pangeran Arya Purbadiningrat, Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat, Kangjêng Pangeran Arya Natadiningrat, Bandara Pangeran Panji Singasari, Bandara Pangeran Jurumartani, Radèn Mas Arya Sinduningrat, Radèn Mas Arya Manguningrat, sami mangagêm rasukan Langênarjan cêmêng, abdi dalêm wadana lêbêt, Radèn Mas Arya Purwadiningrat, abdi dalêm wadana jawi Radèn Tumênggung Sasranagara, abdi dalêm radèn pangulu tapsir anom, kanthi abdi dalêm kêtib: 2, kareta pêthukan kagungan dalêm, Kyai Rêtna Puspaka, Kyai Puspaka Krêsna, rakitan Astroli cêmêng nyarakit, prabot kênèk kusir mêntèring cêmêng, kareta Dêmangan: 3, kareta pandhèrèk sacêkapipun, saking Sêtasiyun Balapan lajêng kemawon dhumatêng pondhokan (Hotèl Slir), Abdi dalêm pangulu sakancanipun kêtib, lajêng dhumatêng pondhokan ing pangulon.

Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma, Kangjêng Pangeran Arya Purbadiningrat, Kangjêng Pangeran Arya Mangkudiningrat, Kangjêng Pangeran Arya Natadiningrat, lajêng among tamu para bandara pangeran ing

--- 6 ---

Ngayogyakarta.

Radèn Mas Arya Purwadiningrat, saha Radèn Tumênggung Sasranagara, lajêng among tamu para bupati ing Ngayogyakarta. Wangsulipun dhumatêng ing Ngayogyakarta, para bandara pangeran, saha abdi dalêm wadana wau sami ngêtêrakên dumugi Sêtasiyun Balapan.

Nunggil ing dintên Salasa wanci jam: 8, enjing, kagungan dalêm gamêlan Kyai Kuthawindu, Windusana, sampuna sami katata wontên ing bangsal pradăngga, kagungan dalêm gamêlan Sêkatèn sampuna katata wontên ing sitinggil êlèr, kagungan dalêm gamêlan Kyai Sukasih, Pamêdharsih, katata ing bangsal pamagangan, sadaya wau lajêng mungêl siyang dalu ngantos dumugi malêm Salasa tanggal kaping: 23.

Bab 7

Nunggil ing dintên Salasa, wanci jam: 10, enjing, pêpatih dalêm, abdi dalêm wanana[3] kaliwon jawi lêbêt saanon-anonipun, kadipatèn, pamajêgan, galadhag dhusun, pangrêmbe, sami wiwit makajangan, abdi dalêm jawi lêbêt, kalang, kadipatèn, sami wontên ngalun-alun lèr. Abdi dalêm lêbêt kadipatèn, panji urdênas, ranan, gindês, kanoman, ajidan, tugur wontên pasowananipun piyambak-piyambak. Niyaga kadipatèn nabuh gamêlan wontên ing bangsal pamagangan. suranata, pradikan kadipatèn, tugur wontên ing Masjid Pudyasana. Abdi dalêm pamajêgan galadhag dhusun pangrêmbe, sami makajangan wontên ing sitinggil kidul. Abdi dalêm pangulu katib,[4] ngulama muadin, pradikan, juru kunci, sami sowan tugur wontên ing surambi Masjid Agêng. Abdi dalêm suranata, juru, ngulama pamijèn, pradikan mijèn, sami sowan tugur wontên surambi Masjid Paramasana. Abdi dalêm ngulama sapanunggilanipun wau, sabên dalu sami tilawat [tila...]

--- 7 ---

[...wat] Kuran, ngantos dumugi malêm Salasa tanggal kaping: 23.

Bab: 8

Ugi ing dintên Salasa wau wanci sontên, utusan dalêm ingkang mêthuk pramèswari dalêm sami mangkat dhatêng ing Ngayogyakarta, kapundhutakên sêpur lêlahanan, mangkat saking Sêtasiyun Balapan, wanci jam: 5 langkung: 24 mênit, mênggah ingkang kautus, punapa dene lampah-lampahipun, kados carangan kanthinipun pranatan punika.

Bab 9

Dalunipun malêm Rêbo tanggal kaping: 17, midadarèni, wanci jam ½ 9, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, wadananipun putra santana dalêm saha para bandara pangeran putra santana kalêbêt para bandara pangeran ing Ngayogyakarta, riya nginggil, riya ngandhap sagarwanipun, sami sowan malêbêt, jujug ing ngèmpèr nguntarasana, riya ngandhap, panji wayah buyut, sami sowan ing palataran. Garwanipun para bandara pangeran putra santana, riya nginggil, malêbêt ing kadhaton. Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga mangagêm dhêstharan, rasukan langênarjan cêmêng, dene para bandara pangeran, riya, sami kampuhan, rasukan sikêpan agêng cêmêng.

Pêpatih dalên,[5] abdi dalêm wadana kaliwon jawi lêbêt, anon-anon, pulisi pamajêgan, pangrêmbe, radèn pangulu tapsir anom, kalêbêt abdi dalêm bupati pangulu ing Ngayogyakarta, sami sowan ing bangsal srimanganti kilèn, garwanipun pêpatih dalêm saha rabinipun abdi dalêm wadana kaliwon sadaya sami marak malêbêt ing kadhaton. kolonèl, litnan kolonèl, mayor kaptin upsir, polênter, sami sowan ing srimanganti ingkang wetan. Rabinipun [Ra...]

--- 8 ---

[...binipun] kolonèl, litnan kolonèl, mayor, sami marak malêbêt ing kadhaton.

Abdi dalêm musik, sowan ing bangsal ingkang lèr piyambak, sêtrik orkès manggèn wontên paningrat sakilèn andrawina, kagungan dalêm gamêlan Kyai Kadukmanis, Manisrêngga, sa-Carabalènipun, Kyai Sêpêtmadu, Madu Pinasthika, gong Kyai Gurnita Kyai Pradhah, sampuna katata ing paningrat sasana sewaka, kapalih êlèr kidul, ungêlipun gêntosan akalihan kagungan dalêm gamêlan ing bangsal pradăngga.

Wanci jam: 9, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan miyos lênggah ing sasana parasdya para bandara pangeran lajêng katimbalan majêng, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga saha para bandara pangeran ikang[6] sêpuh sami sowan ing sasana parasdya. Ingkang ênèm sowan ing sasana sewaka, kalêbêt para bandara pangeran ing Ngayogyakarta sapanunggilanipun.

Sawiyos dalêm, abdi dalêm wadana èstri kadhawuhan nimbali pêpatih dalêm, saabdi dalêm wadana kaliwèn,[7] kolonèl, litnan kolonèl, mayor kaptin upsir, sapanunggilanipun, lajêng sowan ing sasana sewaka, saha sami kalilan rasukan, riya ngandhap ugi lajêng sowan ing sasana sewaka, abdi dalêm kaliwon sami sowan ing paningrat ingkang wetan, lêbêt wontên êlèr, jawi wontên kidul, sami kasambêtang[8] abdi dalêm kaptin, upsir wontên wingking, dene santana panji wayah buyut, sowan wontên ing ngèmpèr nguntarasana, santana riya panji ngiras angladosi kados adat.

Manawi sampun sawatawis lajêng lumados pangunjukan dalêm wedang, saha srutu, inuman. Salêbêtipun lênggah dalêm, kagungan dalêm gamêlan mungêl gêntosan kaliyan [kaliya...]

--- 9 ---

[...n] sêtrik orkès. Wanci jam: 11 dalu, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, jêngkar angadhaton. Sadaya lajêng kaparingan dhahar wontên ing sasana andrawina, wilujêngan majêmukan, meja dhepok, mawi dipun dongani abdi dalêm radèn pangulu tapsir anom. Sarampungipun dhahar sadaya sami kalilan bibaran.

Bab: 10

Ing dintên Rêbo tanggal kaping: 17, wanci jam: 6 enjing, utusan dalêm ingkang wontên ing Ngayogyakarta sami sowan malêbêt ing kadhaton, bilih ingkang sinuwun kangjêng sultan sampun andhawuhakên kalilanipun bidhal, pramèswari dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan lajêng kakanthi Kangjêng Ratu Alit akalihan Gusti Kangjêng Ratu Madurêtna, kairid garwanipun pêpatih dalêm ing Ngayogyakarta, kadhèrèkakên para putri sapanunggilanipun sadaya wau, dene para putra santana dalêm ing Ngayogyakarta, putri saha kakung, punapa dene abdi dalêm èstri saha jalêr ingkang kakarsakakên andhèrèkakên dhumatêng Surakarta, pangeran lurah, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi, kanthi bandara pangeran sakawan, Gusti Pangeran Arya Adikusuma, Bandara Pangeran Arya Adinêgara, Bandara Pangeran Arya Suryadiningrat, Bandara Pangeran Arya Adisurya.

Putri dalêm, garwanipun pêpatih dalêm:

1. Gusti Kangjêng Ratu Ayu,

2. Gusti Kangjêng Ratu Madurêtna,

3. Gusti Kangjêng Ratu Dèwi,

--- 10 ---

4. Bandara Radèn Ayu Mangkuyuda,

5. Bandara Radèn Ayu Adiwinata,

Putri wayah dalêm:

1. Radèn Ayu Purbakusuma,

2. Radèn Ayu Mangunkusuma,

3. Radèn Ayu Prawiradirja,

4. Radèn Ayu Driyapura.

Pêpatih dalêm, Pangeran Arya Adipati Danurêja, kanthi abdi dalêm bupati nayaka kêkalih, lêbêt kaparak kiwa, Radèn Tumênggung Mangkuyuda, jawi maos enggal, Radèn Tumênggung Kêrtanêgara, sarta abdi dalêm bupati ênèm wadana prajurit, Radèn Tumênggung Wijil, Radèn Tumênggung Mangunkusuma, Radèn Tumênggung Sindurêja, Radèn Riya Purbasêputra, abdi dalêm bupati ênèm sakawan, jawi lêbêt pêthilan, Radèn Tumênggung Purbadirja, Radèn Tumênggung Prawiradirja, Radèn Riya Prawiraharja, Radèn Riya Kartanadi, abdi dalêm panewu kaparak kiwa kalih, mantri sakawan, panèwu maos enggal kalih, mantri sakawan, panèwu rèh kapatihan sakawan, mantri nênêm.

Bab 11

Ugi ing dintên Rêbo tanggal kaping: 17 wau wanci jam: ½ 6 enjing, abdi dalêm urdênas damêl, abdi dalêm niti, sampuna anggêlari babud, wiwit ing sasana parasdya dumugi ing sasana sewaka.

Ondêr mayor sakarerehanipun kaliwon, saha panèwu mantri urdênas, pangrêmbe nagari dhusun, sami sowan ing palataran, lurah bêkêl panèwu jajar panakawan, saha urdênas Walandi, panakawan sewaka, ingkang badhe ngladosi sadaya, [sa...]

--- 11 ---

[...daya,] sampuna sowan, mangangge garêbêgan.

Abdi dalêm kaliwon lêbêt ing kadipatèn sakarerehanipun, panji, urdênas, ranan, gindês, kanoman, ajidan, panakawan, abdi dalêm panèwu mantri pêthilan, abdi dalêm panèwu mantri lurah bêkêl jajar kadipatèn, sampuna sowan ing palataran, mangangge garêbêgan.

Abdi dalêm sêtrik orkès saungêl-ungêlanipun, sampuna sowan wontên ing sasana andrawina, mangangge pameran.

Abdi dalêm musik, abdi dalêm prajurit jawi lêbêt sadaya sami mangangge pameran, badhe urmat mangkat saking magangan.

Abdi dalêm prajurit tamtama, miji pinilih, wira utama, prawiranom, sami baris wontên palataran sisih wetan majêng mangilèn, kados tingalan dalêm wiyosan taun saha jumênêngan, pandhêl Kangjêng Kyai Slamêt. Panggih dalêm, pandhêl Kangjêng Kyai Barêkat, sapêkênan dalêm, pandhêl Kangjêng Kyai Slamêt.

Abdi dalêm prajurit truna kêmbang baris wontên palataran ingkang lèr majêng mangidul.

Abdi dalêm saragêni baris wontên palataraning srimanganti ingkang wetan.

Abdi dalêm prajurit jayatanantaka, baris wontên palataraning kamandhungan, sisihan akalihan prajurit trunasura.

Abdi dalêm prajurit jayasura, suratêtana jayatêtana, jagabraja, baris wontên ing alun-alun, mayor ingkang kumêndhir namung kalih, sanèsipun mangangge cara Jawi sowan manut kolonèlipun.

Abdi dalêm prajurit jagasura, baris wontên salèripun pagêlaran, mirantos badhe ungêlipun mariyêm Kyai Swuhbrastha Kyai Sagarawana, saha mariyêm palayangan. [pa...]

--- 12 ---

[...layangan.] Abdi dalêm prajurit Jawi wêdalipun sami mêdal palataran kados adat.

Gamêlan Kodhokngorèk ing kadipatèn sampuna katata wontên ing sitinggil kados manawi garêbêg, ingkang nabuh niyaga kadipatèn.

Kagungan dalêm gamêlan Monggang Kyai Udanarum, sampuna katata wontên ing bangsal srimanganti ingkang sisih wetan.

Kagungan dalêm gamêlan Kyai Kadukmanis Manisrêngga, sampuna katata wontên ing paningrat, sakidul sasana sewaka sapalih, salèr sasana sewaka sapalih.

Bab: 12

Wanci jam: 6 enjing, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, mangagêm cara Walandi, saha wadananipun putra santana dalêm têngên, para bandara pangeran putra dalêm sêpuh anèm, kalêbêt para bandara pangeran ing Ngayogyakarta, saha pangeran santana riya nginggil sagarwanipun sami sowan malêbêt, mangagêm garêbêgan, anjujug ing ngèmpèr nguntarasana, riya ngandhap, panji wayah buyut sowan ing palataran, garwanipun para bandara pangeran putra santana riya nginggil, malêbêt ing kadhaton.

Nunggil wanci jam: 6 enjing, pêpatih dalêm, saha abdi dalêm wadana kaliwon jawi lêbêt, anon-anon, pulisi pamajêgan pangrêmbe, kalêbêt abdi dalêm ing Ngayogyakarta, abdi dalêm radèn pangulu sakancanipun, kalêbêt abdi dalêm pangulu katib ing Ngayogyakarta, abdi dalêm panewu mantri jawi lêbêt saanon-anonipun, pulisi pamajêgan, sami sowan pêpak wontên ing bangsal srimanganti ingkang kilèn kados adat, abdi dalêm lurah bêkêl jajar sowan wontên pasowananipun piyambak-piyambak. Pangagêmanipun pêpatih dalêm kados [ka...]

--- 13 ---

[...dos] manawi sowan garêbêg, para abdi dalêm sadaya panganggenipun ugi kados sowan garêbêg.

Abdi dalêm mayor upsir ingka[9] botên nindhihi baris sami sowan ing bangsal srimanganti ingkang wetan kados adat.

ajad dalêm sampun katata wontên ing pamagangan. Abdi dalêm ngajêng kaliwon panèwu mantri jajar sasikêpipun, sami sowan pêpak wontên pamagangan, badhe bêkta saha ngapit-apit ajad dalêm.

Bab 13

Wanci jam: ½ 7 enjing, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan miyos ing sasana sewaka, palênggahan dalêm dhampar salaka Kyai Maesadanu, lênggah dalêm majêng mangetan, kados manawi tingalan dalêm jumênêngan saha wiyosan taun, pangagêman dalêm basahan, ampilan dalêm, upacara dalêm, manggènipun kados manawi tingalan dalêm jumênêngan saha wiyosan taun. Pakurmatan dalêm kados adat, para bandara pangeran putra santana riya nginggil namung mandhap ngapurancang, lêbêtipun kangjêng tuwan residhèn mêthuk kados adat.

Bab 14

Wanci jam: 7 enjing, kangjêng tuwan residhèn tindak dhumatêng kadhaton, kadhèrèkakên Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sasêntananipun, tuwan militèr komandhan, saha para antênar opisir tuwin sanès-sanèsipun kados adat, pakurmatanipun kados adat, pêpatih dalêm saha abdi dalêm wadana kaliwon, mayor upsir ingkang botên nindhihi baris, radèn pangulu sakancanipun, sami sowan malêbêt, dalah abdi dalêm ing Ngayègyakarta.[10]

Pêpatih dalêm, radèn pangulu, abdi dalêm wadana, kalêbêt abdi dalêm pangulu [pangu...]

--- 14 ---

[...lu] saha wadana ing Ngayogyakarta, riya, sami sowan ing sasana sewaka, kaliwon sowan ing paningrat, saha malige, kêtib ngulama pradikan sami sowan ing palataran, kalêbêt abdi dalêm kêtib ing Ngayogyakarta.

Manawi sowanipun abdi dalêm sampun tata, sampeyan dalêm andangu dhumatêng pêpatih dalêm, punapa samaptanipun sampun mirantos. Unjukipun pêpatih dalêm: sampun mirantos. Sampeyan dalêm tumuntên andhawuhakên dhumatêng pêpatih dalêm ingandikakakên majêng, pêpatih dalêm lajêng majêng ing ngarsa dalêm, abdi dalêm bupati bêkêl, abdi dalêm pangulu, saha abdi dalêm pangulu kêtib ing Ngayogyakarta, kaliwon suranata, lurah kaji, kêtib kêkalih sami andhèrèk majêng, abdi dalêm kêtib sanèsipun saha ngulama pradikan, sami sowan dhumatêng malige, wontên sawingkingipun kaliwon, badhe ngamini, para panji wayah buyut sami majêng ing paningrat sasana sewaka ingkang lèr, manawi sadaya sampun sami tata saha sarèh sawatawis, pêpatih dalêm lajêng andhawuhakên dhumatêng abdi dalêm pangulu.

Tumuntên ijab paningkah dalêm. Sapragating paningkah, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan tatabean akalihan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, tuwan militèr komandhan, para tuwan asistèn residhèn, para tuwan presidhèn landrat, tuwan sèkrêtaris, tuwan juru basa. Pêpatih dalêm, abdi dalêm pangulu sakancanipun, panji wayah buyut, sami wangsul ing pasowananipun.

Bilih ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sampun lênggah, lajêng paring sasmita dhumatêng abdi dalêm kaliwon kaparak, andhawuhakên ungêlipun Monggang saha gamêlan Kodhokngorèk, dhumatêng abdi dalêm kabayan niyaga ingkang sampun sadhiya wontên ing kori srimanganti lèr, aparing sasmita dhumatêng abdi dalêm kaliwon gêdhong andhawuhakên [a...]

--- 15 ---

[...ndhawuhakên] wiyosipun ajad dalêm, dhumatêng abdi dalêm kaliwon ngajêng ingkang sampun sadhiya wontên ing kori srimanganti kidul, manawi Monggang saha gamêlan Kodhokngorèk mungêl, sadaya gamêlanipun abdi dalêm ingkang sami makajangan urmat mungêl. Kèndêlipun manawi sampun mungêl mariyêm agêng Kyai Syuhbrastha Sagarawana.

Bab: 15

Sasampuning sawatawis, lajêng lumados pangunjukan dalêm sampanyê, ngunjuk wilujêng dalêm, kaurmatan ungêling musik sarta drèlipun abdi dalêm prajurit ingkang baris ing palataran, kasauran drèlipun abdi dalêm prajurit ingkang baris ing srimanganti, tumuntên drèlipun abdi dalêm prajurit ingkang baris ing kamandhungan, tumuntên drèlipun abdi dalêm prajurit ingkang baris ing alun-alun, sami nigang rambahan. Lajêng kasauran ungêlipun mariyêm, Kyai Syuhbrastha, tumuntên mariyêm palayangan kados adat, anjawi ingkang minăngka nyêlani drèl. Lajêng kasauran ungêlipun mariyêm Kyai Sagarawana.

Tumuntên dipun sauri ungêlipun mariyêm ing loji bètèng Pastênbèrêh.

Sakèndêlipun ungêling mariyêm, tumuntên abdi dalêm kaliwon kaparak andhawuhakên dhumatêng kabayan niyaga suwukipun Monggang Kodhokngorèk, saha lajêng lumadosipun pangunjukan dalêm wedang, ingkang ngladosakên pangunjukan dalêm, santana riya, manawi kirang wêwah abdi dalêm kaliwon pangrêmbe, saunduripun wedang, kangjêng tuwan residhèn kondur, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara akalihan para tuwan-tuwan sapanunggilanipun sami andhèrèkakên kados adat, pêpatih dalêm akalihan abdi dalêm wadana kaliwon, sami mêdal, pêpatih dalêm akalihan wadana kaliwon jawi sapanunggilanipun saha abdi dalêm radèn [ra...]

--- 16 ---

[...dèn] pangulu sakancanipun kalêbêt abdi dalêm pangulu kêtib ing Ngayogyakarta lajêng sowan ing bangsal Sana Sumewa, wadana kaliwon lêbêt sagolonganipun, kalêbêt abdi dalêm ing Ngayogyakarta sami wangsul ing pasowananipun srimanganti kados adat. Tumuntên ingkang sinuhun kangjêng susuhunan utusan abdi dalêm wadana èstri, andhawuhakên dhumatêng abdi dalêm kaliwon anggandhèk, matêdhakakên ajad dalêm majêmuk dhumatêng pêpatih dalêm, lampahipun sawingkingipun abdi dalêm anggandhèk ajad dalêm, tumuntên abdi dalêm wadana kaliwon panewu mantri lêbêt sagolonganipun ingkang sowan ing srimanganti kados adat, kalêbêt abdi dalêm ing Ngayogyakarta. Manawi pêpatih dalêm saha abdi dalêm sadaya sampun rampung anggènipun ngêpang ajad dalêm, sami kalilan bibaran.

Manawi ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sampun jêngkar, para putra santana kalilan bibaran, para bandara pangera[11] putra santana ing Ngayogyakarta lajêng mêdal dhatêng pondhokanipun piyambak-piyambak, abdi dalêm ingkang sowan ing nglêbêt sadaya saha abdi dalêm kolonèl sakarerehanipun sami kalilan bibaran.

Bab 16

Ing wanci ngajêngakên dhatêngipun sêpur saking Ngayogyakarta ingkang katitihan pramèswari dalêm, wadananipun putra santana dalêm Kangjêng Pangeran Angabèi, akalihan para bandara pangeran putra santana ingkang botên mêthuk dhatêng Ngayogyakarta, sami mêthuk wontên ing Sêtasiyun Balapan, ingkang kagungan garwa sami sagarwanipun, pêpatih dalêm sagarwanipun, abdi dalêm wadana kaliwon panèwu mantri kolonèl komandhan, litnan kolonèl, mayor kaptin upsir ingkang botên mêthuk dhatêng Ngayogyakarta, sadaya wau ugi sami mêthuk wontên ing

--- 17 ---

Sêtasiyun Balapan. Pangagêmanipun para bandara pangeran putra santana dalêm, pêpatih dalêm, sarta panganggenipun para abdi dalêm, kados sowan ing dintên Kêmis, abdi dalêm prajurit tamtama sakumpêni tindhih mayor, pandhal[12] Kiyai Maesabasuki, dharat, miji pinilih sakumpêni tindhih mayor, pandhêl Kyai Maesadlajat, numpak kapal, sarta prajurit inpantri kalih kumpêni, jayatanantaka trunasura, anjajari saking sêtasiyun samusikipun, saha pandhêlipun, tindhih mayor numpak kapal, prajurit inpantri kawan[13] kumpêni baris Anèi saking Gladhag dumugi Kamandhungan.

Abdi dalêm prajurit jagasura, prajurit taruna kêmbang, baris wontên kamandhungan, prajurit prawiranom, baris wontên palataran srimanganti, samusikipun, prajurit wira utama baris wontên palataran, punapa dene mawi lêlayu gamêlan kadipatèn, lêlayu gamêlanipun putra santana dalêm, lêlayu gamêlanipun abdi dalêm sadaya, saha kagungan dalêm lêlayu kêmasan, sadaya wau katata wiwit saking sêtasiyun dumugi supit urang ingkang wetan, urutipun ingkang wontên supit urang kagungan dalêm lêlayu kêmasan, mangalèr kasambêtan lêlayu kadipatèn, lajêng lêlayunipun putra santana dalêm, lajêng lêlayunipun abdi dalêm sadaya, pungkasan ingkang wontên sêtasiyun lêlayu kapatihan.

Rawuhipun pramèswari dalêm wontên ing Sêtasiyun Balapan wanci jam: ½ 12, sasampunipun tumêdhak saking titihan sêpur, pêpatih dalêm ing Ngayogyakarta pratela dhumatêng pêpatih dalêm ing Surakarta saparlunipun, dene ingkang nampèni pramèswari dalêm, garwanipun pêpatih dalêm, saha lajêng nisihi ngirid wontên sisih têngên, garwanipun pêpatih dalêm ing Ngayogyakarta wontên sisih kiwa, pramèswari dalêm lajêng nitih pêthukan kareta Sêtaksi Kyai Grudha Kancana

--- 18 ---

pangirid kapal nênêm, akalihan ingkang nganthi. Garwanipun pêpatih dalêm ing Surakarta ing Ngayogyakarta nitih kareta piyambak dados satunggal, manggèn sangajênging titiyanipun pramèswari dalêm, dene para putri sami ngiringakên nitih kareta sarimbit kalihan kakungipun, kajajaran sarta kaurung-urung abdi dalêm panèwu mantri saha abdi dalêm prajurit, mawi kaurung-urung abdi dalêm kaparak sangkraknyana, pinilih, saha prajurit jayèngastra, kados manawi miyos dalêm têdhak ing dalêm paresidhènan, saha kaapit-apit abdi dalêm litnan kolonèl kêkalih numpak kapal prabot watangan, abdi dalêm mayor jayèngastra numpak kapal manggèn sawingking titihanipun pramèswari dalêm. Ingkang nongsong saking Ngayogyakarta, abdi dalêm panèwu ordhênas ran Mès[14] Ngabèi Atmakusuma, mangangge garêbêgan, mêthuk dhumatêng Ngayogya ambêkta songsong saking Surakarta. Lampahipun saking Sêtasiyun Balapan wau dumugi Pasar Lêgi mangetan, Warungpêlêm mangidul, ngajêng paresidhenan mangidul, lajêng mêdal supit urang ingkang wetan.

Para bandara pangeran putra santana dalêm, pêpatih dalêm, saha abdi dalêm wadana kaliwon sapanunggilanipun sami numpak kareta, lampahipun sami wontên sangajênging jajaran, lajêng angrumiyini dhatêng ing kamandhungan. Dherekan ingkang saking Ngayogyakarta lampahipun wontên sawingkinging kareta, titihanipun pramèswari dalêm.

Wontên maderata kamandhungan, pramèswari dalêm samandhapipun saking kareta lajêng tindak dharat, kakanthi Kangjêng Ratu Alit akalihan Gusti Kangjêng Tu[15] Madurêtna, kairid garwanipun pêpatih dalêm sakalihan, ing Surakarta saha ing Ngayogyakarta, kagrubyug para putri, ingkang sampun mêthuk wontên ngriku dalah ingkang sami saking Ngayogya, tuwin Radèn Ayu Adipati Sêdhahmirah, kaurung-urung para rabinipun [ra...]

--- 19 ---

[...binipun] abdi dalêm wadana kaliwon, saha wadana kaliwon èstri sapangandhap dumugi lurah sarta êmban èstri, ugi ingkang sampun mêthuk wontên ngriku saha ingkang sami saking Ngayogyakarta, kajajaran upacara. Wontên paningrat salèr sasana sewaka, pramèswari dalêm kapêthukakên Kangjêng Ratu Madurêtna, saha para putri, lajêng kairid kakanthi malêbêt ing dalêm prabayasa, para putri sami anggarêbêg. Para bandara pangeran putra santana dalêm, pêpatih dalêm, saha abdi dalêm wadana kaliwon sapanunggilanipun, dalah ingkang saking Ngayogyakarta, sadaya lajêng sami sowan ing sasana sewaka.

Ing wanci ngajêngakên rawuhipun pramèswari dalêm wau, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan lênggah ing kajogan prabayasa, pangagêman dalêm kanigaran. Pramèswari dalêm lajêng angabêkti ing sampeyan dalêm, kadangu kasugênganipun saking Ngayogyakarta dumugi Surakarta, saha kasugênganipun ingkang sinuwun kangjêng sultan, tuwin Kangjêng Ratu Kancana, sasampunipun ngabêkti kaladosan wedang, lajêng kadhawuhan dhumatêng kamar sasana dayita kairid Kangjêng Ratu Madurêtna, para putri ingkang saking Ngayogya, saha putri dalêm ingkang among pangantèn.

Ing jawi sasampunipun satata ugi lajêng lumados pangunjukan wedang.

Sajêngkar dalêm, sadaya sami kalilan bibaran, para abdi dalêm sami mundur dhatêng makajangan, para bandara pangeran ing Ngayogyakarta sapanunggilanipun sami ngaso dhatêng pondhokanipun piyambak-piyambak. Para bandara pangeran sapanunggilanipun kaparingan pondhokan wontên Hotèl Slir, amung Pangeran Arya Adipati Danurêja kaparingan pondhokan wontên kapatihan, garwanipun para pangeran putra santana saha rabinipun para abdi dalêm wadana kaliwon wiwit tugur giliran.

--- 20 ---

Bab: 17

Sontênipun panggih dalêm. Ingkang kakarsakakên ngagêm kampuh sindur: Kangjêng Pangeran Arya Prabuningrat, Kangjêng Pangeran Angabèi, Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma, Kangjêng Pangeran Ar[16] Kusumadiningrat, Kangjêng Pangeran Arya Purbadiningrat, Kangjêng Pangeran Arya Cakraningrat, Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, pêpatih dalêm, saha abdi dalêm: kolonèl.

Wanci jam: 3 sontên, abdi dalêm urdênas damêl, niti, sampuna anggêlari babud kados ingkang mungêl bab: 11.

Wanci jam: 4, sowanipun ondêr mayor sakarerehanipun saha abdi dalêm kaliwon lêbêt ing kadipatèn sakarerehanipun, kados kala enjingipun.

Abdi dalêm sêtrik orkès manggèn wontên sawetan sasana andrawina, sêtap musik, musik prajurit jawi lêbêt, ingkang badhe urmat, saha barisipun abdi dalêm prajurit, ugi kados kala enjingipun, pandhêl Kangjêng Kyai Barêkat.

Panatanipun ta gung ndalêm[17] gamêlan Kodhokngorèk, Monggang, saha kagungan dalêm gamêlan sadaya, botên ewah kados bab:11.

Wanci jam: ½ 5 sowanipun Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, saha wadananipun putra santana dalêm kiwa têngên, para bandara pangeran putra santana dalêm sêpuh anèm, saha pangeran santana riya nginggil sagarwanipun, panji, wayah buyut, saha sowanipun malêbêt para bandara pangeran putra santana ing Ngayogyakarta. Pangagêman saha jujugipun kados kala enjing sowan paningkah dalêm.

--- 21 ---

Nunggil wanci jam: ½ 5, sowanipun pêpatih dalêm saha pêpatih dalêm ing Ngayogyakarta, abdi dalêm wadana kaliwon jawi lêbêt saanon-anonipun pulisi pamajêgan, pangrêmbe, punapa dene para bupati ing Ngayogyakarta sapanunggilanipun, kolonèl komandhan, litnan kolonèl mayor sami sagarwanipun, kaptin upsir ingkang botên nindhihi baris, saha abdi dalêm panèwu mantri lurah bêkêl jajar kados bab: 12, amung radèn pangulu sakarerehanipun sowan kados bab: 7, mangangge kados manawi sowan garêbêg. Abdi dalêm saragêni baris wontên palataran srimanganti sisih kilèn, prajurit jayèngastra nisihi wontên wetan.

Bab 18

Wanci jam: 5, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, miyos ing sasana sewaka, mangagêm basahan, pakurmatan dalêm kados adat. Para bandara pangeran putra santana riya nginggil namung mandhap ngapurancang, lêbêtipun kangjêng tuwan residhèn mêthuk kados adat.

Wanci jam: ½ 6, kangjêng tuwan residhèn tindak dhumatêng kadhaton, kadhèrèkakên Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sasêntananipun, tuwan militèr komandhan, saha para amtênar, opisir tuwin sanès-sanèsipun kados adat, pakurmatanipun kados adat.

Pêpatih dalêm saha pêpatih dalêm ing Ngayogyakarta, abdi dalêm wadana kaliwon kalêbêt bupati ing Ngayogyakarta, saha santana riya ngandhap, sami sowan ing sasana sewaka saha ing paningrat kados bab: 14.

Bab: 19

Nunggil wanci jam: 5 sontên, pramèswari dalêm sampuna rampung anggènipun dandos, [da...]

--- 22 ---

[...ndos,] lajêng kalênggahakên ing prabayasa.

Bilih sadaya sampun sami satata, abdi dalêm wadana èstri majêng ing ngarsa dalêm, angunjuki uninga samaptanipun sampun mirantos.

Tumuntên ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, têdhak ing prabayasa, kanthèn akalihan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, kadhèrèkakên Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, tuwan militèr komandhan, para tuwan asistèn residhèn, tuwan presidhèn Landrad, tuwan sèkrêtaris, tuwan juru basa, sadhèrèk dalêm sêpuh saha para bandara pangeran ing Ngayogya, kaurmatan presantiripun abdi dalêm prajurit jawi lêbêt ingkang sampun sami baris saungêl-ungêlanipun, tambur salomprèt musik, saha ungêlipun kagungan dalêm gamêlan ing nglêbêt sadaya, Monggang Kyai Udanarum, Kodhokngorèk, tuwin gamêlanipun abdi dalêm ingkang sami makajangan sadaya.

Pramèswari dalêm kakanthi Kangjêng Ratu Alit, akalihan Gusti Kangjêng Ratu Madurêtna, garwanipun pêpatih dalêm ing Surakarta saha ing Ngayogyakarta ingkang manggihakên, kaayap jumênêng wontên ing korining prabayasa majêng mangetan, lajêng dhaub. Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sakalihan pramèswari dalêm lajêng tabean akalihan kangjêng tuwan residhèn, saha tuwan militèr komandhan, para tuwan asistèn residhèn, tuwan presidhèn Landrad, tuwan sèkrêtaris, tuwan juru basa, sarampungipun tabean, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan lajêng miyos lênggah ing sasana sewaka malih, manawi sampun satata lajêng lumados sampanyê, kangjêng tuwan residhèn milujêngakên panggih dalêm, lajêng drèl, bibar drèl lajêng lumados wedang, saunduripun wedang kangjêng tuwan residhèn kondur, Kangjêng Pangeran Adipati Arya

--- 23 ---

Mangkunagara, akalihan tuwan-tuwan sapanunggilanipun sami andhèrèkakên kados adat. Pêpatih dalêm saha abdi dalêm wadana kaliwon, kolonèl sakarerehanipun sami mêdal. Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan lajêng kondur angadhaton, lajêng lênggah wontên jarambah ingkang sisih wetan, dipun ngabêktèni pramèswari dalêm. Manawi sampun lajêng kanthèn asta têdhak dhumatêng patanèn, lajêng animbali Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, Kangjêng Pangeran Arya Prabuningrat, Kanjêng Pangeran Angabèi, Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma, Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, Kangjêng Pangeran Arya Purbadiningrat, Kangjêng Pangeran Arya Cakraningrat, Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, saha Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ngêbèi, dalah para bandara pangeran ing Ngayogyakarta sadaya. Sarampunging kacar-kucur lajêng kapangku Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ngêbèhi, ingkang matur garwanipun pêpatih dalêm ing Surakarta, para bandara pangeran lajêng wangsul sowan ing sasana sewaka, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan lajêng têdhak ing kamar agêng, pramèswari dalêm lajêng dhumatêng sasana dayita lukar. Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan lajêng dandos mangagêm kanigaran, sarampungipun lajêng miyos lênggah ing jarambah malih, jèjèr kalihan pramèswari dalêm.

Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, para bandara pangera[18] sadhèrèk dalêm sêpuh, saha para bandara pangeran ing Ngayogyakarta ingkang sêpuh, lajêng katimbalan dhumatêng ing sasana parasdya, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga saha para sadhèrèk dalêm, wontên kidul, para bandara pangeran ing Ngayogyakarta wontên êlèr, para bandara pangeran ingkang ênèm sowan ing sasana sewaka.

Pêpatih dalêm ing Surakarta ing Ngayogyakarta saha abdi dalêm wadana kaliwon,

--- 24 ---

abdi dalêm kolonèl, litnan kolonèl, mayor, kaptin upsir, sami katimbalan malêbêt, lajêng sowan ing sasana sewaka, saha ing paningrat kados adat, lajêng kaladosan minuman warni-warni, saha srutu.

Manawi sampun sawatawis, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan lajêng têdhak dhahar, dhahar dalêm wontên ing pandhapa sasana dayita mujur mangidul, lênggah dalêm wontên kilèn, ingkang katimbalan andhèrèk dhahar, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, para sadhèrèk dalêm sêpuh, saha para bandara pangeran Ngayogyakarta ingkang sêpuh, lênggahipun wontên wetan iring kidul, ingkang sisih êlèr para putri.

Satêdhak dalêm dhahar wau, Kangjêng Pangeran Angabèi saha para bandara pangeran ingkang ênèm, para bandara pangeran ing Ngayogyakarta ingkang ênèm, pangeran santana, riya, panji wayah, pêpatih dalêm ing Surakarta ing Ngayogyakarta, abdi dalêm wadana kaliwon, kolonèl, litnan kolonèl, mayor kaptin upsir, ingkang cara Jawi, kalêbêt abdi dalêm ing Ngayogyakarta, sami kaparingan dhahar wontên ing sasana andrawina, mayor kaptin upsir ingkang cara Walandi kaparingan dhahar larihan. Satêngahipun dhahar mawi ngunjuk kundhisi, ngunjuk sapisan wilujêngipun krama dalêm, ingkang kundhisi Kangjêng Pangeran Angabèi, kaping: 2, Pangeran Arya Adipati Danurêja kundhisi wilujêng dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan ing Surakarta, kaping: 3, pêpatih dalêm ing Surakarta kundhisi wilujêng dalêm ingkang sinuwun kangjêng sultan ing Ngayogyakarta, kaping: 4, pangeran kolonèl kundhisi wilujêngipun karaton dalêm ing Surakarta saha karaton dalêm Ngayogyakarta, sabên kundhisi kaurmatan ungêlipun kagungan dalêm sêtrik orkès sarta musik, tuwin kagungan dalêm găngsa Carabalèn, ingkang botên mawi Carabalèn urmat Kêbogiro. Sarampungipun dhahar saha manawi lênggah dalêm dhahar sampun rampung, sadaya lajêng

--- 25 ---

bibaran.

Bab: 20

Ing dintên malêm Jumungah libur botên lênggahan. Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan badhe mariksani para abdi dalêm ingkang sami makajangan.

Bab: 21

Ing dintên malêm Sêtu wanci jam: ½ 9, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, mangagêm dhêstharan rasukan langênajan[19] cêmêng, saha para bandara pangeran putra santana, riya nginggil, kalêbêt para bandara pangeran ing Ngayogyakarta, sowan jujug ngèmpèr nguntarasana mangagêm kados pasowanan Kêmis, rasukan sikêpan agêng lugas, sami sagarwanipun, garwa marak ing dalêm prabayasa.

Riya panji wayah buyut sowan ing palataran mangangge kados pasowanan Kêmis, rasukan sikêpan agêng lugas, panji tanpa rasukan.

Nunggil wanci jam: ½ 9, sowanipun abdi dalêm wadana kaliwon, kalêbêt abdi dalêm bupati ing Ngayogyakarta, kolonèl, litnan kolonèl, mayor kaptin upsir, anjujug pasowananipun ing srimanganti, mangangge kados pasowanan Kêmis, rasukan sikêpan agêng lugas, kaptin upsir ugi ngangge rasukan.

Wanci jam: 9, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan miyos ing sasana parasdya, kaurmatan kados adat, pangagêman dalêm kanigaran, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, saha para bandara pangeran putra santana, riya nginggil, kalêbêt para bandara pangeran ing Ngayogyakarta, riya ngandhap panji wayah buyut, lajêng sami majêng, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, saha sadhèrèk dalêm sêpuh, para bandara pangeran ing Ngayogyakarta ingkang sêpuh, sami

--- 26 ---

sowan ing sasana parasdya, para pangeran ingkang ênèm sowan ing sasana sewaka, abdi dalêm wadana kaliwon kêlêbêt abdi dalêm bupati Ngayogyakarta, kolonèl litnan kolonèl, mayor kaptin upsir, lajêng majêng sowan ing sasana sewaka, taksih sami kalilan rasukan.

Manawi sampun sawatawis lajêng lumados pangunjukan dalêm wedang, ingkang angladosakên santana riya panji kados adat, saunduring wedang lajêng majêng agêm dalêm meja ombèr wontên ing sasana parasdya, manawi sampun lênggah ombèr lajêng matayanipun lêlangên dalêm badhaya gêndhing Kadukmanis, sabibaring badhayan lajêng mungêl sêtrik orkès, lajêng mêdal wirèng Andaga Bogis, sabibaring wirèng lajêng mungêl sêtrik orkès malih, lajêng mêdal lêlangên dalêm sarimpi gêndhing lagu Dhèmpèl, salêbêting bêdhayan lumados minuman, srutu, saha dhahar larihan rambah kaping sakawan, kaping gangsalipun buwah ès.

Manawi ingkang sinuhun kangjêng susuhunan jêngkar ngadhaton, sadaya ingkang sami sowan lajêng kalilan bibaran.

Bab 22

Ing dintên malêm Akad, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan miyos lênggah ing sasana parasdya, kados malêm Sêtu, pangagêman dalêm kanigaran, dene sowanipun para putra santana dalêm saha abdi dalêm, punapa dene ladosan sasaminipun, ugi kados malêm Sêtu, lêlangên dalêm badhaya gêndhing Kabor, wirèng Wira Pratama, sarimpi gêndhing Anglir Mêndhung.

Bab 23

Sabên dalu wau lênggahipun pramèswari dalêm saha para putri wontên sawetan Kobong.

--- 27 ---

Bab: 24

Ing dintên malêm Sênèn libur botên lênggahan.

Bab 25

Salêbêtipun sapêkên sabên siyang libur botên mawi lalênggahan.

Abdi dalêm wadana kaliwon, mayor kaptin upsir. Mawi tuguran wontên ing pasowananipun srimanganti, pêpatih dalêm ingkang mranata giliranipun abdi dalêm wadana kaliwon, kolonèl ingkang mranata giliranipun abdi dalêm mayor kaptin upsir, sowanipun sabên jam: 9 enjing, sabên jam: 1 siyang, sami kapatêdhan dhahar wontên ing sasana andrawina.

Sabên siyang kagungan dalêm gamêlan kadhawuhan mungêl, saha mawi talèdhèk wiraswara.

Bab: 26

Ing dintên Sênèn tanggal kaping: 22 sapêkênan dalêm, wanci jam: ½ 9 enjing, sowanipun abdi dalêm ondêr mayor sakarerehanipun, saha abdi dalêm kaliwon lêbêt ing kadipatèn sakarerehanipun, kados nalika paningkah dalêm.

Sowanipun abdi dalêm musik, sêtrik orkès, saha barisipun abdi dalêm prajurit, punapa dene tatanipun kagungan dalêm gamêlan, sadaya ugi sami kados nalika paningkah dalêm, kasêbut bab: 11, amung barisipun abdi dalêm saragêni saha prajurit jayèngastra wontên srimanganti kados kala panggih dalêm, pandhêl Kangjêng Kyai Slamêt.

Wanci jam: 9 enjing, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga sawadananipun putra santana dalêm kiwa têngên, para bandara pangeran putra dalêm sêpuh [sê...]

--- 28 ---

[...puh] anèm saha para pangeran santana riya nginggil, kalêbêt para bandara pangeran ing Ngayogyakarta sagarwanipun, sami sowan, pangagêman saha jujugipun kados kala paningkah dalêm, riya ngandhap, panji wayah buyut ugi sami sowan ing palataran.

Nunggil wanci jam: 9 enjing, sowanipun pêpatih dalêm saha abdi dalêm wadana kaliwon, kalêbêt abdi dalêm bupati ing Ngayogyakarta, panèwu mantri lurah bêkêl jajar jawi lêbêt, anon-anon, pulisi, pamajêgan, pangrêmbe, saha sowanipun abdi dalêm kolonèl litnan kolonèl mayor kaptin upsir kados kala paningkah dalêm.

ajad dalêm sampuna katata wontên pamagangan, abdi dalêm ngajêng kaliwon panèwu mantri jajar sasikêpipun sami sowan pêpak wontên pamagangan, badhe bêkta saha ngapit-apit ajad dalêm.

Bab: 27

Wanci jam: ½ 10, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan miyos ing sasana sewaka, pakurmatan kados adat, pangagêman dalêm basahan, para bandara pangeran putra santana riya nginggil namung mandhap ngapurancang, lêbêtipun kangjêng tuwan residhèn mêthuk kados adat.

Nunggil ing wanci wau, pramèswari dalêm ugi sampun lênggah ing prabayasa.

Wanci jam: 10, kangjêng tuwan residhèn tindak dhumatêng kadhaton, kadhèrèkakên Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sasêntananipun, tuwan militèr komandhan, saha para amtênar, opisir tuwin sanès-sanèsipun kados adat. Pakurmatanipun kados adat.

Pêpatih dalêm saha abdi dalêm wadana riya, kalêbêt abdi dalêm bupati ing Ngayogyakarta, [Ngayo...]

--- 29 ---

[...gyakarta,] sami sowan ing sasana sewaka, kaliwon sowan ing Paningrat.

Manawi sampun satata ingkang sinuhun kangjêng susuhunan andhawuhakên dhumatêng pêpatih dalêm, kaparêngipun ing karsa dalêm, pramèswari dalêm Gusti Bandara Radèn Ajêng Mur Sudarinah, kapatêdhan nama Gusti Kangjêng Ratu Êmas.

Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan animbali abdi dalêm wadana èstri, andikakakên maringi uninga ibu dalêm Kangjêng Ratu Madurêtna, saha waradinipun para putra santana saha abdi dalêm èstri sadaya, manawi pramèswari dalêm kaparingan nama Gusti Kangjêng Ratu Êmas. Kangjêng Ratu Madurêtna lajêng andhawuhakên dhumatêng pramèswari dalêm, saha dhumatêng Radèn Ayu Adipati Sêdhahmirah.

Ingkang sinuhun kangjêng susuhunan tumuntên aparing sasmita dhumatêng abdi dalêm kaliwon kaparak, andhawuhakên ungêlipun kagungan dalêm gamêlan Monggang saha Kodhokngorèk, dhumatêng kabayan niyaga ingkang sadhiya wontên ing kori srimanganti lèr, aparing sasmita dhumatêng abdi dalêm kaliwon gêdhong andhawuhakên wiyosipun ajad dalêm dhumatêng abdi dalêm kaliwon ngajêng ingkang sampun sadhiya wontên ing kori srimanganti kidul.

Sasampuning sawatawis, lajêng lumados pangunjukan dalêm sampanyê, ngunjuk wilujêngipun pramèswari dalêm kaurmatan ungêlipun musik saha drèlipun abdi dalêm prajurit ingkang baris ing palataran simanganti,[20] kamandhungan, saha ngalun-alun sami nigang rambahan, tuwin ungêling mariyêm palayangan, saha mariyêm agêng Kyai Swuhbrastha, Sagarawana.

Sakèndèlipun ungêling mariyêm, tumuntên abdi dalêm kaliwèn kaparak andhawuhakên dhumatêng kabayan niyaga, suwukipun kagungan dalêm gamêlan Monggang saha Kodhokngorèk. Sarampungipun pakurmatan, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan [susuhuna...]

--- 30 ---

[...n] têdhak ing dalêm prabayasa akalihan kangjêng tuwan residhèn, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Suryadilaga, tuwan militèr komandhan, para tuwan asistèn residhèn, tuwan presidhèn Landrad, tuwan sèkrêtaris, tuwan juru basa, tatabean akalihan pramèswari dalêm, saha para kangjêng ratu kados adat, sarampungipun lajêng wangsul lênggah ing sasana sewaka malih, lajêng lumados pangunjukan dalêm wedang, ingkang ngladosakên santana riya panji kados adat. Saunduring wedang manawi sampun sawatawis, lajêng tuwan residhèn kondur, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, akalihan para tuwan sapanunggilanipun sami andhèrèkakên kados adat.

Pêpatih dalêm saha abdi dalêm wadana kaliwon, kolonèl litnan kolonèl, mayor kaptin upsir, ingkang botên nindhihi baris ing nglêbêt, sami mundur saking ngarsa dalêm, dhumatêng ing pagêlaran, amung abdi dalêm kaliwon anggandhèk, sowan ing srimanganti, angêntosi dhawuh timbalan dalêm.

Abdi dalêm wadana èstri lajêng majêng ing ngarsa dalêm, anglapurakên ajad dalêm ancak canthoka, lajêng kaparingan dhawuh andikakakên miyosakên, abdi dalêm wadana èstri lajêng andhawuhakên dhumatêng abdi dalêm kaliwon anggandhèk, ingandikakakên andhawuhakên dhumatêng pêpatih dalêm, kadhawuhan andongakakên ajad dalêm panjênêngan pramèswari dalêm, Gusti Kangjêng Ratu Êmas.

Bilih sowanipun para abdi dalêm wontên ing Pagêlaran sampun sami tata, pêpatih dalêm lajêng andhawuhakên, kaparêngipun ing sampeyan dalêm, pramèswari dalêm Gusti Bandara Radèn Ajêng Mur Sudarinah kapatêdhan nama Gusti Kangjêng Ratu Êmas. Sarampungipun tumuntên abdi dalêm kaliwon anggandhèk andhawuhakên ajad [a...]

--- 31 ---

[...jad] dalêm, saha pêpatih dalêm lajêng andhawuhakên dhumatêng abdi dalêm pangulu, andongani ajad dalêm.

Manawi ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sampun jêngkar angadhaton, para putra santana dalêm saha abdi dalêm ingkang sami sowan ing nglêbêt sadaya kalilan bibaran.

Pêpatih dalêm saha abdi dalêm wadana kaliwon panèwu mantri sapangandhap, manawi sampun rampung pangêpangipun ajad dalêm sami kalilan bibaran. Kolonèl litnan kolonèl mayor kaptin upsir saha abdi dalêm prajurit ugi lajêng kalilan bibaran.

Bab: 28

Sontênipun dados malêm Salasa tanggal kaping: 23, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sakalihan pramèswari dalêm, têdhak pisitê dhumatêng ing dalêm paresidhenan. Pangagêman dalêm, kanigaran. Dene sowan pandhèrèkipun para putra santana dalêm, kalêbêt para bandara pangeran ing Ngayogyakarta, pêpatih dalêm saabdi dalêm sadaya kalêbêt abdi dalêm bupati ing Ngayogyakarta, saha sadaya lampah-lampah dalah lêlayu umbul-umbul sagamêlanipun, sami kados wiyos dalêm têdhaking dalêm paresidhenan, anglêrêsi tingalanipun kangjêng sri maharaja putri, sanèsipun namung têdhak dalêm wanci jam: 9, sowanipun ingkang sami andhèrèk wanci jam: ½ 9.

Para bandara pangeran pangagêmanipun kanigaran, nyampingan parangrusak, paningsêt cindhe bara, rasukan sikêpan alit burdiran, saha ingkang kagungan garwa sami sagarwanipun.

Santana riya nginggil tugur wontên ing kadhaton, pangagêmanipun amung kados pasowanan [pa...]

--- 32 ---

[...sowanan] Kêmis.

Riya ngandhap panji wayah buyut ugi tugur wontên ing kadhaton, panganggenipun kados pasowanan Kêmis, ingkang andhèrèk amung mundhut riya ngandhap: 2, panji wayah: 4, panganggenipun riya kanigaran, bêbêdan, sabuk cindhe bara, rasukan sikêpan agêng burdiran, panji garêbêgan.

Pangagêmanipun pêpatih dalêm kanigaran, nyampingan, paningsêt cindhe bara, rasukan sikêpan alit burdiran, ugi sagarwanipun, abdi dalêm wadana kaliwon mangangge kanigaran, bêbêdan, sabuk cindhe bara, rasukan sikêpan agêng burdiran, kliwon kuluk cêmêng, wadana ingkang rabinipun putri dalêm sami sarimbit, abdi dalêm panèwu mantri sapanunggilanipun ugi kuluk cêmêng, bêbêdan, sabuk cindhe bara, rasukan sikêpan agêng burdiran.

Sowanipun pêpatih dalêm, saha abdi dalêm wadana jawi, saanon-anonipun, jêksa pulisi pamajêgan, kalilan jujug ing ringin binatur paresidhenan.

Abdi dalêm kolonèl, litnan kolonèl, mayor sami kanigaran, kaptin upsir kuluk cêmêng, kolonèl, litnan kolonèl, twedhê komandhan, sami numpak kapal. Pandhèrèkipun Radèn Mas Arya Adiwinata sarimbit.

Abdi dalêm prawiranom baris wontên palataran êlèr mujur mangetan, sikêp sabêt, tindhih mayor kanigaran, mawi pandhêl, musik kadipatèn.

Abdi dalêm jayèngastra baris wontên palataran srimanganti iring wetan, sikêp sabêt, tindhih mayor kanigaran, mawi pandhêl, tambur suling.

Abdi dalêm ondêr mayor, kaliwon pangrêmbe, saha abdi dalêm, ordhênas ingkang dharatan, panakawan santana, sami tugur wontên ing kadhaton, panganggenipun [panganggeni...]

--- 33 ---

[...pun] kados pasowanan Kêmis.

Botên mawi lêlangên dalêm badhayan wontên ing paresidhenan.

Têdhak kondur dalêm mawi lênggah ing sasana sewaka, tatananipun kursi saha babud ing sasana sewaka kados adat manawi wiyos dalêm têdhak ing dalêm paresidhenan, anglêrêsi tingalanipun kangjêng sri maharaja gusti, amung palênggahan dalêm kursi pradan.

Ampilan kadipatèn botên kawiyosakên, abdi dalêm kadipatèn jawi lêbêt sadaya kadhawuhan tugur wontên kadhaton, panganggenipun kados pasowanan Kêmis, amung wadana kaliwonipun ingkang andhèrèk.

Titihan dalêm kapal pandêngan botên kawiyosakên, abdi dalêm pakathik ing baki baris an èi saking kilèn sitinggil dumugi salèr bangsal sana sumewa, kondur dalêm ngalih mangetan.

Wiwit kamandhungan dumugi paresidhenan, mawi byar sêle, ingkang bêkta abdi dalêm prajurit jagasura, godhag-godhagipun saprayoginipun, kangge têdhak saha kondur dalêm.

Pangurung-urungipun abdi dalêm kaparak sangkraknyana pinilih, saha prajurit sapanunggilanipun, tata sarta sudhiyanipun wontên salèr bangsal sana sumewa, botên mawi panakawan panyutra.

Titihan dalêm kareta Kyai Manik Kumala, rakitan Astroli cêmêng nênêm, prabot pameran, têdhak dalêm miyos ing kori srimanganti, paningtih dalêm wontên ing maderata kamandhungan, ingkang nitih nunggil sakreta garwanipun pêpatih dalêm, miyos kori brajanala mangilèn, mangalèr, supit urang mangetan, salèr bangsal sana sumewa mangalèr miyos têngah alun-alun. Kondur dalêm ugi

--- 34 ---

makatên, nanging miyos supit urang wetan. Kareta ampilanipun pramèswari dalêm: 2, ampilan dalêm: 1, sudhiyanipun wontên maderata kamandhungan, jam: ½ 9, sampuna mirantos.

Sakondur dalêm saking paresidhenan, rawuh ing kadhaton lajêng lênggah ing sasana sewaka kados manawi kondur dalêm miyos têdhak ing dalêm paresidhenan, sawatawis lajêng jêngkar angadhaton, sadaya para putra santana dalêm, abdi dalêm wadana kaliwon sapangandhap, kolonèl, litnan kolonèl, sapangandhap, ingkang sami sowan sadaya kalilan bibaran.

Ing dintên Salasa enjing, tanggal kaping: 23, abdi dalêm ingki[21] makajangan saha tugur sadaya sami kalilan bibaran.

Bab: 29

Putri dalêm Bandara Radèn Ayu Purwadiningrat, Bandara Radèn Ayu Yudanagara, wiwit rawuhipun pramèswari dalêm, ngantos dumugi kawan dasa dintên, kapundhut kapêthil dados pamomongipun pramèswari dalêm.

Bab: 30

Abdi dalêm, ordhênas Walandi, panakawan sewaka, saha abdi dalêm prajurit, sami kaparingan srempang sindur, dene panganggenipun, abdi dalêm, ordhênas Walandi saha panakawan sewaka sabên sowan nyanggi damêl malêbêt sarta manawi angladosi, abdi dalêm prajurit sabên nyanggi damêl jagi saha baris, sadaya wau panganggenipun wiwit paningkah dalêm ngantos dumugi kawan dasa dintên.

Bab: 31

Wiwit ijab dalêm dumugi sapêkênan dalêm, siyang dalu kagungan dalêm kori-kori butulan katutup sadaya, ingkang mênga kantun kori srimanganti êlèr kidul, sarta [sar...]

--- 35 ---

[...ta] srimanganti êlèr kidul wau kadhawuhan anjagi ingkang kêncêng, ingkang kalilan malêbêt amung para putra santana dalêm saha abdi dalêm, kalêbêt tamu Ngayogya, kalilanipun bêkta abdi utawi rencang kawatêsana katamtokna kathah kêdhikipun, nanging anggènipun nindakakên ingkang têrang, ingkang pancèn parlu sampun ngantos botên malêbêt, kosokwangsulipun ingkang botên parlu sampun ngantos sagêd malêbêt, saha kagungan dalêm kori jalatundha kadhawuhan anjagi, abdi dalêm panewu mantri gêdhong akalihan gadhing mataram.

Bab: 32

Wiwit sadèrèngipun ijab paningkah dalêm, trapipun damêl saha lumadosipun sêsanggèning para abdi dalêm wadana kaliwon jawi lêbêt, anon-anon pulisi pamajêgan galadhag dhusun sapangandhap, punapa sapamrayoginipun pêpatih dalêm.

Bab: 33

Para putra santana dalêm, saha para abdi dalêm ingkang kasêbut ing sêrat pranatan punika, botên tumrap dhumatêng ingkang sawêg kêmit, caos, ingkang anglampahi ayahan, saha ingkang sawêg anglampahi patrapan, utawi botên tumrap dhumatêng ingkang sampun kapêthil nyanggi damêl wontên ing kadhaton.

Bab: 34

Abdi dalêm lid jaksa, pulisi, sarta abdi dalêm garap, kajawi dintên ijab paningkah, panggih saha sapêkênan dalêm, botên kalilan angliburakên panggarapipun prakawis, dene abdi dalêm wadana pulisi sajawining nagari ingkang sami sowan malêbêt dhatêng nagari, kadhawuhan makilakên padamêlanipun dhumatêng kaliwonipun, supados sampun ngantos kèndêl panggaraping

--- 36 ---

prakawis.

Kadhawuhakên ing dintên Rêbo tanggal kaping: 5, wulan Dulkangidah ing taun Jimawal, angkanipun ing warsa: 1845.

--- 37 ---

Caranganipun pranatan bab: 1, lampah-lampahipun utusan dalêm dhumatêng Ngayogyakarta, maringakên raja kaputrèn saha upacara kaprabonipun badhe pramèswari dalêm, benjing ing dintên Sênèn tanggal sapisan wulan Bêsar ing taun Jimawal: 1845. Numpak sêpur lêlahanan ingkang mangkat saking Sêtasiyun Balapan wanci jam: 9 enjing, langkung: 33 mênit.

Bab: 1

Ing dintên Sênèn tanggal sapisan wau wanci jam: 7 enjing, Kangjêng Ratu Alit, kanthi rabinipun abdi dalêm wadana nayaka lêbêt: 2, Bandara Radèn Ayu Jayanagara, Bandara Radèn Ayu Wuryaningrat, rabinipun abdi dalêm wadana nayaka jawi: 2, Bandara Radèn Ayu Suryanagara, Bandara Radèn Ayu Yudanagara, saha rabinipun abdi dalêm wadana karaton, Bandara Radèn Ayu Suryadiningrat, sampun sami marak malêbêt ing kadhaton, garwanipun ugi sampuna sowan. Dara Pangeran Arya Mataram jujug ing ngèmpèr nguntarasana, para wadana wontên ing srimanganti, sami mangangge prajuritan, rasukan sikêpan alit burdiran, kanthi karerehanipun panèwu mantri nyagolongan alit, ugi sami mangangge prajuritan.

Abdi dalêm wadana èstri kêkalih riya: 1, kliwon: 1, mangangge rasukan sikêpan agêng burdiran, sinjang pradan. Kanthi karerehanipun ingkang pangkat panèwu mantri sacêkapipun ingkang badhe ngampil-ampil, mangangge rasukan sikêpan agêng abrit, sinjang pradan, sampuna sami marak, manawi kirang kawêwahan lurah sêdhahan miji sapanêkaripun, sasampunipun sami anampèni ampilanipun, lajêng sami tata wontên ing paningrat salèripun sasana parasdya.

Nunggil wanci jam: ½ 8 enjing, kareta ingkang badhe dipun tumpaki utusan dalêm, saha kareta ampilan sacêkapipun, sampuna kasadhiyakakên wontên ing kamandhungan.

--- 38 ---

Abdi dalêm panèwu mantri ngajêng ingkang badhe majibi barang bêbêktan ingkang botên kaampil utusan dalêm, sampuna sowan ing srimanganti, mangangge prajuritan.

Abdi dalêm prajurit tamtama kêkapalan: 50, salomprèt: 2, tindhih rit mistêr: 1, irstê litnan: 1, twedhê litnan: 2, sasampuna sadhiya wontên paretan ingkang kilèn, badhe anjajari wontên ngajêng: 20, wontên wingking: 30, mangangge grutni topi èlmut.

Wanci jam: 8 enjing, sampeyan dalêm, andhawuhakên dhumatêng Kangjêng Ratu Alit, sami ingandikakakên mangkat, sadaya lajêng mêdal, dumugi ing kamandhungan lajêng sami nênumpak, putri dalêm saha putri sadhèrèk dalêm wau panumpakipun kareta sakalihan, sadaya lajêng bidhal, tatanipun lampah urutipun kados ing ngandhap punika.

1: Ingkang wontên ngajêng piyambak abdi dalêm prajurit kapalan: 20, upsir: 1, slomprèt: 1.

2: Abdi dalêm panèwu mantri jawi lêbêt ingkang andhèrèkakên lêlurahipun, sami numpak kapal, jèjèr nyakawan.

3: Kagungan dalêm kareta Kyai Wimana Rêtna, ingkang dipun tumpaki Kangjêng Ratu Alit, rakitan Astroli cêmêng sakawanan, kusir Walandi, prabot mêntèring biru, tumuntên kareta tumpakanipun putri dalêm saha putri sadhèrèk dalêm.

4: Tumuntên kareta ampilan upacara kaprabonipun badhe pramèswari dalêm.

5: Tumuntên abdi dalêm prajurit kapalan: 30.

Dene abdi dalêm ngajêng manawi wontên barang bêbêktanipun ingkang dipun tampèni, kalilan karumiyinakên dhatêng ing Sêtasiyun Balapan. Mênggah lampahipun wau ing galadhag mangalèr, mêdal Pêkên Agêng, Warungpêlêm mangilèn, Pasar Lêgi mangalèr lajêng mangilèn, sadumuginipun ing sêtasiyun, abdi dalêm prajurit kèndêl urmat wontên [wo...]

--- 39 ---

[...ntên] sacêlakipun sêtasiyun, para putri dalêm sakalihan, saha upacara badhe kaprabonipun pramèswari dalêm lajêng wontên ing wahkamêr, abdi dalêm panèwu mantri ingkang badhe andhèrèk dhumatêng Ngayogyakarta manggèn wontên ing ngèmpèr sacêlaking wahkamêr wau. Ing sêtasiyun mawi abdi dalêm sêtap musik kasêpuhan, mangangge toro, dhatênging utusan dalêm urmat wontên èmpèr ingkang kidul. Bidhalipun urmat wontên èmpèr ingkang êlèr, wangsulipun utusan dalêm saking Ngayogya, mêthuk urmat malih.

Manawi sampun wancinipun lajêng sami nitih kareta latu ingkang badhe mangkat dhatêng Ngayogyakarta, abdi dalêm panèwu mantri ingkang sami andhèrèk wau lajêng sami numpak, dene kapal tumpakanipun namung kèndêl ing sêtasiyun kemawon.

Dumugi Sêtasiyun Tugu, utusan dalêm sapanunggilanipun wau lajêng mandhap, abdi dalêm bupati ingkang sêpuh ing damêl lajêng amratelakakên saparlunipun dhumatêng sêsêpuhipun abdi dalêm ing Ngayogyakarta ingkang kapatah mêthuk, lêlajênganipun manut punapa ingkang dados pranatan ing Ngayogyakarta. Bilih sampun marak ing ngarsa dalêm ingkang sinuwun kangjêng sultan, saha sampun nampèni dhawuh timbalan dalêm wangsulan, lajêng sami mundur dhatêng ing kapatihan, kaparingan sugata, bidhalipun wangsul dhatêng ing Surakarta saking kapatihan, ugi sami numpak kareta latu lêlahanan, mangkat saking Sêtasiyun Tugu jam: 4 sontên langkung: 24 mênit. Kangjêng Ratu Alit saha para putri lajêng malêbêt marak ing ngarsa dalêm anglapurakên, sarampungipun lajêng kalilan bibaran.

--- 40 ---

Caranganipun pranatan bab kaping: 8, lampah-lampahipun utusan dalêm ingkang mêthuk badhe pramèswari dalêm dhumatêng Ngayogyakarta benjing ing dintên Salasa tanggal kaping: 16, wulan Bêsar ing taun Jimawal: 1845, numpak sêpur lêlahanan, mangkat saking Sêtasiyun Balapan, wanci jam: 5 sontên, langkung: 24 mênit.

Bab: 1

Ingkang kaparingan wêwênang anindakakên sêrat punika, anata lampah-lampahipun saha amêwahi prayoginipun, punika abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt, saha abdi dalêm litnan kolonèl.

Bab: 2

Ing dintên Salasa tanggal kaping: 16 wau, wanci jam: 3 siyang, Kangjêng Ratu Alit, akalihan Kangjêng Ratu Anggèr, kanthi rabinipun abdi dalêm wadana nayaka lêbêt: 2, Bandara Radèn Ayu Jayanagara, Bandara Radèn Ayu Wuryaningrat, rabinipun abdi dalêm wadana nayaka jawi: 2, Bandara Radèn Ayu Suryanagara, Bandara Radèn Ayu Yudanagara, saha rabinipun abdi dalêm wadana karaton, Bandara Radèn Ayu Suryadiningrat, sadaya wau sampuna marak malêbêt ing kadhaton.

Abdi dalêm wadana èstri kêkalih, saha riya, kaliwon panèwu mantri kilèn sadaya, ingkang badhe ngampil-ampil ampilan saha upacara kaprabonipun badhe pramèswari dalêm, punapa dene rabinipun abdi dalêm wadana kaliwon ingkang bojonipun kapatah mêthuk, sadaya ugi sampuna sami marak malêbêt.

Wadananipun putra santana dalêm kiwa Kangjêng Pangeran Arya Prabuningrat, saha Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, Kangjêng Pangeran Arya Kusumadilaga, Kangjêng Pangeran Arya Mlayakusuma, Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, Bandara Pangeran Tumênggung Sindusena, Bandara Pangeran Arya Mataram, sami sagarwanipun, santana riya nginggil Radèn Mas Arya Nataningrat, Radèn Mas Arya Bratadiningrat, sadaya [sada...]

--- 41 ---

[...ya] sasampuna sami sowan malêbêt, anjujug ing ngèmpèr nguntarasana, pangagêmanipun prajuritan rasukan sikêpan alit bordiran.

Abdi dalêm wadana bêkêl jawi lêbêt, Radèn Mas Arya Suryanagara, Radèn Mas Arya Jayaningrat, wadana lêbêt Radèn Tumênggung Jayanagara, Radèn Mas Arya Suryaningrat, wadana jawi Radèn Mas Arya Yudanagara, wadana anèn-anon[22] 2, Radèn Mas Arya Suryadiningrat, Radèn Mas Arya Prawiradiningrat, kaliwon jawi lêbêt: 4, Radèn Ngabèi Bujadipura, Radèn Ngabèi Martadipura, Radèn Ngabèi Tăndhadipura, Radèn Ngabèi Kartadipura, kaliwon anon-anon: 3, Radèn Ngabèi Kuda Jagadipura, Radèn Ngabèi Pringgadipura, Radèn Ngabèi Puspadipura, sami sakarerehanipun panèwu mantri ingkang badhe anjajari saha anggarêbêg, sampuna sami sowan ing bangsal srimanganti kilèn, mangangge prajuritan jangkêp, wadana kliwon bordiran.

Abdi dalêm litnan kolonèl Radèn Mas Arya Priyawinata, mayor lêbêt miji pinilih saupsiripun, mayor prawiranom saupsiripun, mayor jayèngastra samanskapênipun, sikêp waos, mayor jawi Jayasura saupsiripun, Jagabraja saupsiripun, saha sêtap musik kasêpuhan, sampuna sami sowan wontên ing bangsal srimanganti ingkang wetan, sami mangangge grutni, litnan kolonèl songkokan, mayor kanigaran.

Bab: 3

Wanci jam, ½ 4, dhawuhing timbalan dalêm ingandikakakên mangkat, abdi dalêm wadana bêkêl jawi lêbêt lajêng andhawuhakên tatanipun ing lampah wiwit ing kadhaton dumugi ing Sêtasiyun Balapan, kados ing ngandhap punika:

1. Ingkang ngajêng piyambak sêtap musik kasêpuhan,

2. Tumuntên abdi dalêm prajurit jayèngastra,

--- 42 ---

3. Tumuntên abdi dalêm panèwu mantri anon-anon jawi lêbêt, jèjèr nyakawan,

4. Tumuntên abdi dalêm panèwu mantri jawi,

5. Tumuntên abdi dalêm panèwu mantri lêbêt,

6. Tumuntên kareta titihanipun Kangjêng Pangeran Arya Prabuningrat,

7. Tumuntên kareta titihanipun Kangjêng Ratu Alit, Kangjêng Ratu Anggèr sakalihan, kaparingan kagungan dalêm kareta Kyai Wimanarêtna, rakitan Astroli cêmêng sakawan, kusir Walandi mangangge mêntèring biru,

8. Tumuntên kareta tumpakanipun rabining para wadana kliwon,

9. Tumuntên karetanipun para pangeran putra santana riya nginggil sagarwanipun,

10. Tumuntên karetanipun litnan kolonèl, mayor kaptin upsir.

Bab: 4

Sadumuginipun Sêtasiyun Balapan, Kangjêng Pangeran Arya Prabuningrat, Kangjêng Ratu Alit, Kangjêng Ratu Anggèr, garwanipun para pangeran putra santana riya nginggil, rabinipun wadana kaliwon, wadana èstri sapanêkaripun lajêng sami wontên ing wahkamêr, dalah para pangeran putra santana, para wadana kaliwon, litnan kolonèl, mayor kaptin upsir, sêngsakipun[23] sami manggèn ing jawi, para panèwu mantri sami manggèn ing ngèmpèr êlèr saprayoginipun.

Abdi dalêm prajurit jayèngastra saha sêtap musik, ugi manggèn ing ngèmpèr êlèr saprayoginipun.

Bab: 5

Wanci panumpakipun sêpur, abdi dalêm wadana bêkêl lajêng andhawuhakên saha nata panumpakipun.

--- 43 ---

Bab: 6

Sadumuginipun Sêtasiyun Tugu, Kangjêng Pangeran Arya Prabuningrat, Kangjêng Ratu Alit, Kangjêng Ratu Anggèr, garwanipun para pangeran putra santana riya nginggil, putri dalêm saha rabinipun wadana kaliwon, wadana èstri sapanêkaripun, para pangeran putra santana sami kèndêl wontên ing wahkamêr, abdi dalêm wadana bêkêl, lajêng amratelakakên dhatêng abdi dalêm ing Ngayogyakarta, ingkang dados pangajênging lampah mêthuk, saparlunipun kautus, mênggah badhe jujugipun sarta pangasonipun dalu miturut lampah-lampah ing Ngayogyakarta, bilih malêbêt ing karaton, Kangjêng Pangeran Arya Prabuningrat, ingkang matur ingkang sinuwun kangjêng sultan, saparlunipun kautus.

Dintên Rêbo tanggal kaping: 17, wanci jam: 6 enjing utusan dalêm sami sowan malêbêt ing karaton Ngayogyakarta.

Bab: 7

Samasa sampun wontên dhawuh dalêm ingkang sinuwun kangjêng sultan kalilan bidhal, lajêng sami bidhal, dene lampah-lampahipun mêdal saking karaton ngantos dumuginipun ing Sêtasiyun Tugu, ugi miturut lampah-lampah ing Ngayogyakarta.

Bab: 8

Para putra santana saha abdi dalêm ing Surakarta, pamanggèn panumpakipun sêpur, sapamrayoginipun pangagênging lampah ing Ngayogyakarta sarêmbag akalihan abdi dalêm wadana bêkêl ingkang saking Surakarta.

Bab: 9

Wanci ngajêngakên dhatêngipun sêpur ingkang saking Ngayogyakarta, abdi dalêm prajurit tamtama sakumpêni tindhih mayor, pandhêl Kyai Maesabasuki, dharat, miji pinilih sakumpêni tindhih mayor, pandhêl Kyai Maesadlajad, numpak kapal, sampuna [sa...]

--- 44 ---

[...mpuna] wontên ing sacêlakipun margi dhatêng sêtasiyun, miji pinilih badhe anggarubyug wingking titihanipun pramèswari dalêm, tamtama anjajari wontên ngajêng.

Sadaya tumpakan kareta saha kapalipun abdi dalêm ingkang sami nyanggi damêl, sampuna sami kapapanakên saurutipun margi ing sacêlakipun sêtasiyun.

Bab: 10

Wanci jam: ½ 12, dhatêngipun sêpur ingkang dipun titihi pramèswari dalêm, abdi dalêm bupati bêkêl, andhawuhna angungêlakên têngara salomprèt, jajaran panguru-urung[24] sapanunggilanipun lajêng sami tata.

Manawi sampun tata lajêng angungêlna têngara salomprèt malih, manawi pramèswari dalêm sampun nitih titihan kareta, saha bilih ingkang sami andhèrèk sampun sami nênumpak, bupati bêkêl pangagênging lampah amariksanana tataning lampah, lajêng andhawuhna ungêlipun têngara salomprèt minăngka tăndha bidhal, mênggah urutipun lampah ing ngajêng piyambak abdi dalêm prajurit jawi kalih kumpêni jayatanantaka trunasura, sami tindhih mayor samusikipun, mayor numpak kapal.

Tumuntên abdi dalêm panakawan panyutra jèjèr nyakawan, mawi gamêlan Carabalèn prajurit, karêmbat sikêp ngajêng: 12, katabuh abdi dalêm panakawan niyaga: 10.

Tumuntên abdi dalêm niyaga, dhalang anggong, gêndhing, tukang cèt sungging sapanunggilanipun, jèjèr nyakawan.

Tumuntên abdi dalêm panèwu mantri jawi lêbêt anon-anon pulisi pamajêgan pangrêmbe, jèjèr nyakawan.

Tumuntên prajurit tamtama, sawingkingipun tumuntên musik.

Tumuntên kareta titihanipun garwanipun pêpatih dalêm ing Surakarta, Ngayogyakarta, [Ngayogya...]

--- 45 ---

[...karta,] dados satunggal, kareta sêtaksi kapatihan, pangirid kapal sakawan.

Tumuntên kareta titihanipun pramèswari dalêm, Kyai Grudha Kancana, pangirid kapal Astroli cêmêng nênêm, prabot kênèk kusir pameran, ingkang nitih nunggil sakreta Kangjêng Ratu Alit wontên têngênipun pramèswari dalêm, Kangjêng Ratu Madurêtna wontên kiwa, ingkang wontên ngajêng Kangjêng Ratu Anggèr, Bandara Radèn Ayu Jayanagara, ingkang nongsong abdi dalêm panèwu ordênas, kaurung-urung abdi dalêm kaparak pinilih, sajawining pinilih sangkraknyana, ing jawi piyambak abdi dalêm prajurit jayèngastra, kiwa têngênipun kareta titihanipun pramèswari dalêm, abdi dalêm litnan kolonèl kêkalih, sami numpak kapal prabot watangan, mayor jayèngastra numpak kapal manggèn sawingking titihanipun pramèswari dalêm.

Tumuntên abdi dalêm prajurit miji pinilih sakumpêni.

Tumuntên kareta upacaranipun pramèswari dalêm, garwanipun pangeran putra santana rabinipun wadana kaliwon.

Tumuntên kareta titihanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi, akalihan Kangjêng Pangeran Arya Prabuningrat.

Tumuntên kareta tumpakanipun para bandara pangeran putra santana sagarwanipun, akalihan para bandara pangeran ing Ngayogyakarta urut sêpuh, kalêbêt pêpatih dalêm ing Ngayogyakarta.

Tumuntên kareta tumpakanipun abdi dalêm wadana kaliwon, akalihan para abdi dalêm bupati ing Ngayogyakarta.

Tumuntên kareta tumpakanipun kolonèl, mayor kaptin upsir, akalihan abdi dalêm bupati ênèm wadana prajurit ing Ngayogyakarta.

--- 46 ---

Bab: 11

Mênggah lampahipun saking Sêtasiyun Balapan dumugi ing Pasar Lêgi mangetan, Warungpêlêm mangidul, lajêng paresidhenan mangidul, lajêng mêdal supit urang wetan, sadumuginipun ing galadhag abdi dalêm panèwu mantri saha prajurit ingkang kapalan kalilan lajêng malêbêt ing ngalun-alun, kèndêl ing supit urang ingkang wetan sumisih mangetan salèring paretan, prajurit inpantri saha tamtama sumisih mangilèn salèr bangsal pamandêngan majêng mangetan, ingkang lajêng dumugi ing kamandhungan, amung pangurung-urungipun abdi dalêm pinilih sangkraknyana, saha prajurit jayèngastra, panakawan panyutra sagamêlanipun lastari anjajari dumugi palataran.

Samandhapipun pramèswari dalêm saking titihan kareta, upacaranipun pramèswari dalêm lajêng anjajari, garwanipun para bandara pangeran putra santana saha para putri lajêng anggrubyug pramèswari dalêm, rabinipun wadana kaliwon lajêng ngurung-urung.

Abdi dalêm Radèn Ayu Adipati Sêdhahmirah saha para putri, punapa malih wadana èstri sapanêkaripun, ingkang botên mêthuk dhatêng Ngayogya, sami mêthuk dhatêng kamandhungan, saha lajêng ngurung-urung tindakipun pramèswari dalêm, Radèn Ayu Adipati Sêdhahmirah saha para putri lajêng anggarubyug.

--- 47 ---

Caranganipun pranatan agêng, katrangan bab pangagêman dalêm saha upacara dalêm sapanunggilanipun.

1: Bab: 9, midadarèni, pangagêman dalêm sawitan sêmbagi, dhêsthar sêkaran.

2: Bab: 13, paningkah dalêm, pangagêman dalêm, panunggul biru radi pêthak, agêm dalêm wangkingan Kangjêng Kyai Agêng Maesanular, kampuh udanriris têngah pêthak, clana cindhe pêthak, grutkrèis Kamboja, bintang suryawisesa, supe Kangjêng Kyai Busuk, Lênguk, Blumbang, jimat, saha ngagêm gombyok, canela koslèt byar êmbanan salaka, ingkang ngampil pakêcohan dalêm priyantun dalêm Radèn Asmara Rukmi, panggih dalêm ingkang ngampil gêntos Radèn Sumarna Rukmi, sapêkênan dalêm gêntos Radèn Purnama Rukmi, dene ingkang ngampil kunca Radèn Ajêng Sutinah, ingkang dados patah Bandara Radèn Mas Sudira, Radèn Mas Malandi, Radèn Mas Saleman, Radèn Mas Samtanus.

3: Ugi bab: 13, paningkah dalêm, ampilan saha upacara dalêm, ingkang ngampil abdi dalêm badhaya. Ijab dalêm upacara modangan. Panggih dalêm, sapêkênan dalêm, upacara jêne.

Ijab dalêm ampilan dalêm talêmpak Kangjêng Kyai Agêng Karawêlang, towok Kangjêng Kyai Dewanugraha. Panggih dalêm, talêmpak Kangjêng Kyai Agêng Bandhotan, towok Kangjêng Kyai Plembang. Sapêkênan dalêm, talêmpak Kangjêng Kyai Agêng Kalanadhah, towok Kangjêng Kyai Birawa Pêksawani.

4: Bab: 16, rawuhipun pramèswari dalêm, pangagêman dalêm kanigaran, agêm dalêm wangkingan Kangjêng Kyai Agêng Maesatankobêr, rasukan takwa burdiran baludru biru, paningsêt cindhe wungu kabara, èpèk burdiran baludru ijêm, nyamping barong rujaksenthe, supe silih asih.

5: Bab: 18, panggih dalêm, pangagêman dalêm, basahan, panunggul biru,

--- 48 ---

ngagêm cundhuk tètèsing toya, agêm dalêm wangkingan Kangjêng Kyai Agêng Panjênêngan, ngagêm gombyok, grutkrèis krun, ordhê siyêm, bintang kasenapatèn, sangsangan sela barleyan, supe sêsotyaning ngampal, saha bandhilan, ukup moga gubêg, kampuh parangrusak kalithik têngah slindhitan, clana cindhe biru, canela ngagêm koslèt, sêling mirah.

6: Bab: 19, pangagêmanipun pramèswari dalêm, nalika dhaub, kampuh banguntulak, nyamping cindhe abrit.

7: Ugi bab: 19, sarampungipun kacar-kucur saha kapangku, santunipun pangagêman dalêm, mangagêm kanigaran, nyamping udanriris latarcêmêng pradan, paningsêt cindhe abrit kabara, èpèk burdiran baludru cêmêng, timang jagung pinipil, grutkrèis, krun, ordhê siyêm, bintang kasenapatèn, sangsangan barliyan, agêm dalêm wangkingan Kangjêng Kyai Agêng Panjênêngan, ngagêm gombyok.

8: Ugi bab: 19, lênggah dalêm dhahar, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan mawi ngêpêlakên dhahar pramèswari dalêm, lajêng dhahar kados adat, bibar dhahar ingkang sinuhun kangjêng susuhunan lajêng têdhak kamar agêng lukar, lajêng dandos mangagêm sawitan sêmbagi. Pramèswari dalêm dhumatêng sasana dayita ugi lajêng dandos mangagêm sawitan sêmbagi. Sarampunging dandos, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan lajêng têdhak ing sasana dayita, lajêng kanthèn asta têdhak dhumatêng krobong, sare wontên patanèn prabayasa, manawi sampun dipun coloki Kangjêng Ratu Madurêtna kaping tiga, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sakalihan pramèswari dalêm lajêng kondur dhumatêng madusuka.

9: Bab: 20, têdhak dalêm mariksani makajangan, ing makajanganipun pêpatih dalêm, wirengan, makajanganipun abdi dalêm sadaya kadhawuhan nayuban. Manawi ingkang sinuhun kangjêng susuhunan rawuh mariksani, pêpatih dalêm saha abdi dalêm [dalê...]

--- 49 ---

[...m] sadaya botên kalilan mudhun, saha ingkang sawêg anjogèd botên kalilan kèndêl, kadhawuhan anglajêngakên kemawon, dados têdhak dalêm kados dene nyalamur.

10: Bab: 21, ing dintên malêm Sabtu tanggal kaping: 20, pangagêman dalêm, kanigaran, agêm dalêm wangkingan Kangjêng Kyai Agêng Sihtankatêr, rasukan takwa baludru wungu kêthèl, burdiran silih asih kancing panunggul ijêm komplit, nyamping parangkusuma, paningsêt cindhe sêkar ijêm kabara, èpèk renda, supe jumêrut, kaos biru ngagêm panpus.

11: Bab: 22, ing dintên malêm Akad tanggal kaping: 21, pangagêman dalêm kanigaran, agêm dalêm wangkingan Kangjêng Kyai Agêng Baruwang, rasukan takwa baludru ijêm burdiran, kancing panunggul mirah komplit, supe mirah, nyamping udanriris latarpêthak, paningsêt cindhe sêkar wungu kêmrunggi, èpèk burdiran biru.

12: Bab: 27, sapêkênan dalêm, pangagêman dalêm basahan, panunggul biru, agêm dalêm wangkingan Kangjêng Kyai Agêng Pulanggêni, ngagêm cundhuk tètèsing toya, rasukan sikêpan agêng baludru cêmêng, grutkrèis, bintang kumêndur, kados garêbêg, kampuh parangkusuma têngah onêngan, clana cindhe wungu kêmrunggi, ukup renda, sêpatu koslèt byar, êmbanan êmas, supe blencongan kadipatèn.

13: Ugi bab: 27, sapêkênan dalêm, pangagêmanipun pramèswari dalêm, kampuh gadhung mlathi, nyamping cindhe wungu.

14: Bab: 28, têdhak dalêm pisitê dhumatêng dalêm paresidhenan, pangagêman dalêm kanigaran, panunggul kanigara mawi intên, agêm dalêm wangkingan Kangjêng Kyai Agêng Janglat, rasukan takwa baludru cêmêng, kancing tronyok barliyan, nyamping parangbintang, paningsêt mur pêthak, bara pêthak, èpèk baludru abrit untu walang, timang biku-biku, karsèt intên dherekan, kaos kapurănta, sêpatu bludru cêmêng, [cê...]

--- 50 ---

[...mêng,] koslèt byar êmbanan salaka, upacara dalêm ampilan jêne.

Waos balandaran Kangjêng Kyai Pacar,

Talêmpak Kangjêng Kyai Sidalungguh,

Towok Kangjêng Kyai Dewanugraha,

Limpung Kangjêng Kyai Sarawidurya.

 


dhaup (dan di tempat lain). (kembali)
kados. (kembali)
wadana. (kembali)
kêtib. (kembali)
Pêpatih-dalêm. (kembali)
ingkang. (kembali)
kaliwon (dan di tempat lain). (kembali)
kasambêtan. (kembali)
ingkang. (kembali)
10 Ngayogyakarta. (kembali)
11 pangeran. (kembali)
12 pandhêl. (kembali)
13 sakawan. (kembali)
14 Mas. (kembali)
15 Ratu. (kembali)
16 Arya. (kembali)
17 kagungan dalêm. (kembali)
18 pangeran. (kembali)
19 langênarjan. (kembali)
20 srimanganti. (kembali)
21 ingkang. (kembali)
22 anon-anon. (kembali)
23 sêsakipun. (kembali)
24 pangurung-urung. (kembali)