Lampah-lampah Kramanipun Putra-putri-dalêm Sakawan, Heidhe & Co., 1922, #835

JudulCitra
Terakhir diubah: 17-01-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Lampah-lampah Kramanipun Putra-putri Dalêm Sakawan

--- [0] ---

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan T. H. Erlandhao Pirma Pogêl Pan dêr Hèide: en ko ing Surakarta

Ing taun Ehe 1852, utawi taun 1922.

--- 1 ---

Pranatan lampah-lampah kramanipun putra-putri dalêm sakawan

1 Bandara Pangeran Arya Suryabrata, khadaupakên akalihan Radèn Ajêng Usimah anakipun Radèn Mas Arya Jayaningrat saking bandara radèn ayu.

2 Bandara Radèn Ajêng Kusindinah, katarimakakên Radèn Mas Arya Cakrawinata, abdi dalêm mayor Wirautama, putranipun Bandara Pangeran Arya Prabuningrat.

3 Bandara Radèn Ajêng Kusnapsiyah, katarimakakên Radèn Mas Arya Suryaningrat, abdi dalêm bupati karaton, putranipun Bandara Pangeran Arya Kusumadiningrat.

4 Bandara Radèn Ajêng Kusalbiyah, katarimakakên Radèn Mas Tumênggung Arya Purnama Adiningrat, bupati ing Brêbês.

Ijab paningkahipun wontên salêbêting kadhaton, panggihipun wontên ing dalêm kapatihan, kados adat, benjing ing dintên Sênèn Pon, tanggal kaping: 19 wulan Saban ing taun Ehe, akaning[1] warsa 1852. Kados ing ngandhap punika.

Bab: 1

Ing dintên Akad tanggal kaping: 11 wulan Saban, abdi dalêm ngajêng anarubi saha anggêdhègi ing kadhaton, kados ta: ing langên katong, panggenan panyêngkêr badhe pangantèn kakung, têngganipun Radèn Rênggarukmi, Radèn Purnamarukmi saha Radèn Trangganarukmi, ing dintên Rêbo tanggal kaping: 14 sasampuna rampung.

Bab: 2

Ing dintên Jumungah tanggal kaping: 16 wulan Saban, wanci jam: 8 enjing, kagungan dalêm gamêlan Kyai Kuthawindu, Windusana, sampuna sami katata wontên ing bangsal pradăngga, lajêng mungêl nguyu-uyu siyang dalu ngantos dumugi panggihipun pangantèn.

--- 2 ---

Bandara Pangeran Arya Adiwijaya pangagêngipun kantor kridhahardana, kanthi Radèn Ngabèi Wignyadipura sakancanipun niti, sasampuna nata palênggahan babut saha gêlaran i[2] dalêm prabasuyasa.

Nunggil ing dintên Jumungah, panyêngkêripun putri dalêm badhe pangantèn wanci jam: 9 enjing, para priyantun dalêm saha para êmbok-êmbok dalêm kabage tiga, abdi dalêm badhaya saha abdi dalêm wadana èstri sapangandhap ugi kabage tiga dhumatêng têngganipun Radèn Rênggarukmi, Radèn Purnamarukmi, Radèn Trangganarukmi, wontên tênggan wau sami botên kalilan mawi sêgah punapa-punapa, kalilanipun amung kasêgah wedang. Wanci jam: 1/2 10 para putri dalêm wau lajêng kadhèrèkakên sowan dhumatêng sasana dayita, wanci jam 10 para putri dalêm lajêng kairid pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Hêmas, kasêngkêr malêbêt ing dalêm prabasuyasa, kadhèrèkakên garwanipun para bandara pangeran putra santana riya, sarta rabinipun abdi dalêm wadana kaliwon, kolonèl, litnan kolonèl, mayor. Manawi sampun sawatawis dangunipun wontên ing prabasuyasa, puti[3] dalêm lajêng kapanahakên[4] kasêngkêr wontên sakilèn krobong, ingkang andhèrèkakên wau lajêng sami kalilan bibaran, rabinipun wadana kaliwon, kolonèl, litnan kolonèl, mayor, kajawi ingkang kapêthil ing kapatihan, utawi ingkang anggantung damêl, lajêng sami wiwit tugur giliran.

Bab: 3

Ing dintên Sêtu tanggal kaping: 17 panyêngkêripun badhe pangantèn kakung.

Wanci jam 1/2 9 enjing, bandara pangeran putra: 1, pangeran santana: 2, riya nginggil: 2, riya ngandhap: 2, sasampuna sami wontên ing suryabratan, abdi dalêm ordhênas ingkang kapalan: 8 tindhih panèwu: 1, dados: 9 mangangge landhungan rasukan atela cêmêng, bortrès, topi pècis cêmêng,

--- 3 ---

srempang gula klapa, numpak kapal anjajari wontên ngajêng: 4, wontên wingking: 5, titihan dalêm kareta Kyai Wimanarêtna rakitan Ostrali cêmêng sarakit, prabot kênèk kusi[5] ingkang sae, sasampuna wontên ing suryabratan.

Nunggil wanci jam 9 enjing, abdi dalêm taruna kêmbang saèskadron mangangge lintêni mawi pandhêl padintênan, tambur salomprèt, tindhih ridmistêr Bandara Radèn Mas Sudira anumpak titihan, mawi musik prajurit, sasampuna wontên ing suryabratan, badhe anjajari.

Nunggil wanci jam: 9 enjing, abdi dalêm panèwu mantri lurah bêkêl carik kasêpuhan, sasampuna wontên ing dalêm suryabratan, badhe anjajari.

Wanci jam: 9, Bandara Pangeran Arya Suryabrata sasampuna rampung dandos mangagêm dhêstaran jèbèhan, rasukan takwa, sangsangan rante, wangkingan ladrang, lajêng bidhal sowan dhumatêng ngabeyan.

Nunggil wanci jam: 9 para bandara pangeran putra santana riya nginggil, golongan têngên, sasampuna wontên ngabeyan mangagêm dhêstharan, rasukan langênarjan cêmêng, dhasi pêthak, sabên dhatêng kaladosan srutu sigarèt.

Ing ngabeyan sampuna dipun tatani kagungan dalêm gamêlan, ingkang nabuh abdi dalêm niyaga panakawan, urmat dhatêng saha bidhalipun pangantèn, dhatêngipun para tamu, sarta wiyosipun Bandara Pangeran Angabèi.

Wanci jam: 11 bidhalipun badhe pangantèn Bandara Pangeran Arya Suryabrata saking ngabeyan sowan malêbêt, kairid Bandara Pangeran Angabèi, saha sadaya para bandara pangeran putra santana riya wau, mêdal kori srimanganti êlèr, anjujug ing èmpèr nguntarasana, Bandara Pangeran Angabèi lajêng mêlingakên abdi dalêm wadana èstri ingkang tampi, ngunjuki uninga manawi badhe pangantèn Bandara Pangeran Arya Suryabrata sampun sowan.

--- 4 ---

Nunggil ing dintên Sêtu wanci jam: 9 badhe pangantèn Radèn Mas Arya Cakrawinata, bidhal saking prabuningratan dhumatêng purbanagaran, kairid saha kairingakên litnan kolonèl mayor lêbêt: 1, jawi: 1, kaptin lêbêt: 1, jawi: 1, bastê litnan lêbêt: 1, jawi: 1, twèdhê litnan lêbêt: 2, jawi: 2, mangangge kados manawi sowan Kêmis, dipun garêbêg karerehanipun wah[6] mistêr kopral mansêkapên wirautama sakumpêni, mangangge kados adat padintênan tanpa rasukan, saha musik kadipatèn.

Dumugi ing purbanagaran, kaladosan srutu saha sigarèt, wanci jam 1/2 11, badhe pangantèn bidhal sowan malêbêt, kairid Bandara Pangeran Kolonèl Arya Purbanagara, saha litnan kolonèl, mayor, kaptin upsir sarta mansêkapên wirautama wau, samusikipun, anjujug ing bale marcukundha, Bandara Pangeran Kolonèl Arya Purbanagara mêlingakên abdi dalêm wadana èstri ingkang tampi, ngunjuki uninga saandhap ing sampeyan dalêm, manawi badhe pangantèn Radèn Arya Mas Cakrawinata sampun sowan, manawi sampun wontên dhawuh dalêm, badhe pangantèn lajêng katimbalan malêbêt, kadhawuhan masrahakên wadananipun putra santana dalêm, lajêng kalinggihakên wontên ngèmpèr nguntarasana.

Ugi wanci jam: 9 enjing, sêtrik orkès sampuna sowan ing kapatihan, magèn[7] ing baleastha, abdi dalêm sêtap musik kasêpuhan ingkang badhe anjajari, sampuna sowan manggèn ing subasana.

Abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt, ingkang badhe ngirid, bupati jawi lêbêt saanon-anonipun: 4, ingkang badhe ngamping-ampingi, kaliwon lêbêt saanon-anonipun: 4, kaliwon jawi saha kaliwon ngajêng, pangrèh praja nagari: 4, kaliwon pamajêgan ingkang gêgriya nagari, panèwu mantri jawi lêbêt [lêbê...]

--- 5 ---

[...t] saanon-anonipun sami nyagolongan ingkang badhe anggarêbêg, sampuna sami sowan ing kapatihan, panganggenipun kados sowan Kêmis.

Wanci jam 9 enjing, sowanipun badhe pangantèn kakung Radèn Mas Arya Suryaningrat, saking dalêmipun dhumatêng kapatihan, dipun garêbêg karerehanipun panèwu mantri bêkêl jajar karaton, sapanunggilanipun ingkang sami madana sadaya.

Ugi wanci jam: 9 enjing, sowanipun Radèn Mas Tumênggung Arya Purnama Adiningrat saking pondhokan ing kapatihan, dhumatêng ing pandhapa kapatihan kairid wadana parentah kapatihan, dipun garêbêg panèwu mantri kapatihan sawatawis, saha abdi dalêm galadhag tuwin pamajêgan dhusun.

Nunggil ing dintên Sêtu wanci jam 8 enjing, ing sasana parasêdya katatanan palênggahan dalêm kados manawi wontên tamu Walandi, kursi biru babut biru, ing sasana sewaka èmpèr ingkang kilèn katatanan pakêcohan kados manawi wontên tamu Walandi.

Kagungan dalêm gamêlan Kyai Kadukmanis sacarabalènipun, gong Kyai Pradhah, sasampuna katata wontên ing paningrat sakidul sasana sewaka, Kyai Manisrêngga sacarabalènipun, gong Kyai Gurnita, katata wontên ing paningrat salèr sanasewaka, abdi dalêm niyaga, wiraswara, pasindhèn, talèdhèk, pangêprak, badhut, kalawija mêtêngan, sasampuna sowan pêpak.

Abdi dalêm sêtap musik mangangge toro, sasampuna sowan ing palataran sakidul panggung.

Wanci jam: 10 enjing, para bandara pangeran putra dalêm sêpuh anèm, saha para pangeran santana, riya panji wayah buyut ingkang golongan kiwa, sami sowan., para bandara pangeran, riya nginggil, sami dhêstharan, rasukan langênarjan cêmêng anjunjug ing èmpèr nguntarasana, riya ngandhap, panji mangangge kados [ka...]

--- 6 ---

[...dos] sowan Kêmis, sowan ing palataran kados adat sêngkêran.

Abdi dalêm Radèn Tumênggung Atmadiningrat sakarerehanipun, kaliwon, panèwu mantri ordhênas, lurah bêkêl, panèwu jajar panakawan, abdi dalêm Radèn Ngabèi Wignyadipura sakarerehanipun, panji ordhênas, gindês, ranan, kanoman, ajidan, panakawan kadipatèn, abdi dalêm Radèn Mas Ngabèi Padmadipura, Radèn Ngabèi Puspadipura, Radèn Ngabèi Siswadipura, sakarerehanipun panèwu mantri damêl, anon-anon, tuwin êmban, lurah bêkêl jajar kadipatèn. Abdi dalêm Radèn Ngabèi Wiryadipura sakarerehipun panèwu mantri garap karaton, sami sowan ing palataran kadhaton kados adat, mangangge kados sowan Kêmis.

Wanci jam 1/2 11 siyang, angkatipun badhe pangantèn kakung Radèn Mas Arya Suryaningrat, Radèn Mas Tumênggung Arya Purnama Adiningrat, saking kapatihan dumugi ngajêng regol baleharja numpak kareta, para wadana kaliwon ugi numpak kareta, kajajaran para panèwu mantri sarta musik wau, êgar ingkuping payung sarta udhunipun ingkang sami numpak kareta, sadaya wontên ing galadhag, lajêng malampah mêdal supiturang ingkang kilèn, dumugi sajawining kori brajanala panèwu mantri ingkang anjajari kèndêl, lajêng anggarêbêk musikan dumugi made rata lampah saha ungêlipun kèndêl, badhe pangantèn akalihan ingkang ngirid saha ngiringakên sami lajêng anjujug ing pasowanan bale marakata, abdi dalêm wadana ingkang caos lajêng mêlingakên abdi dalêm wadana èstri ingkang tampi ngunjuki uninga ing saandhap sampeyan dalêm, manawi badhe pangantèn sampun sowan. Sasampunipun wontên dhawuh dalêm animbali badhe pangantèn, wadana èstri lajêng ngirid badhe pangantèn kalih wau, kaparingakên dhumatêng wadananipun putra santana dalêm, lajêng kapapanakên linggih kados adad pangantèn, dene para wadana kaliwon, panèwu mantri

--- 7 ---

saha musik ingkang mêntas jajari wau lajêng kalilan bibaran, amung bupati bêkêl jawi lêbêt sowan lapur dhumatêng kapatihan.

Tumuntên sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan miyos lênggah ing sasana parasêdya, ampilan dalêm talêmpak Kangjêng Kyai Sawa Andhong Dhadhapan, towok Kangjêng Kyai Birawa Pêksawani, sabêt Kangjêng Kyai Jangrana, rotan Kangjêng Kyai Pamuk, tamèng Bèlgi, manggèn kados adad, sampeyan dalêm lajêng andhawuhakên dhumatêng abdi dalêm wadana èstri animbali wadananing putra santana dalêm angirit badhe pangantèn, lajêng sami majêng, para bandara pangeran sadhèrèk dalêm sêpuh sowan ing sasana parasêdya. Sadaya sami sowan ing sasana sewaka èmpèr ingkang kilèn, kados manawi wontên tamu Walandi, lajêng lumados srutu, ingkang ngladosakên abdi dalêm ordhênas, tumuntên matayanipun lêlangên dalêm badhaya gêndhing sukarja, salêbêtipun badhayan lumados minuman, ingkang ngladosakên abdi dalêm ordhênas, bibar badhayan, sampeyan dalêm andhawuhakên dhumatêng wadananing putra santana dalêm kiwa têngên angirit badhe pangantèn dhumatêng langên katong, kanthi para bandara pangeran putra santana riya golongan kiwa têngên sadaya.

Sawatawis sampeyan dalêm lajêng jêngkar angadhaton, kaurmatan kados adat, sadaya igkang sowan kalilan bibaran.

Bab: 4

Ing dintên Akad sontên midodarèni, wanci jam: 8, abdi dalêm kaliwon suranata, abdi dalêm kêtib sakancanipun, sampuna sami sowan wontên ing Masjid Pudyasana, ngêpang ajad dalêm wilujêngan pangantèn, mêjêmukan, ingkang andongani abdi dalêm kaliwon suranata, Radèn Ngabèi Pujadipura.

Ugi Akad sontên wau wanci jam: 8, abdi dalêm radèn pangulu sarta para wadana [wa...]

--- 8 ---

[...dana] kaliwon ingkang kapatah nyanggi damêl wontên kapatihan, sami sowan ing kapatihan sadaya ngêpang wilujêngan pangantèn, majêmukan, panganggenipun sami rasukan atela pêthak, kuluk cêmêng, bupati kanigaran.

Bab: 5

Ing dintên Sênèn tanggal kaping: 19, wanci jam pitu enjing kagungan dalêm gamêlan kodhokngorèk, sampuna katata wontên bangsal marcukundha.

Wanci jam: 8 enjing, abdi dalêm bupati kaliwon panèwu mantr, ordhênas, garap karaton, pangrêmbe nagari dhusun sowan ing palataran, lurah bêkêl, panèwu jajar panakawan, ordhênas Walandi, panakawan sewaka ingkang sami badhe angladosi, sadaya sampuna sowan, mangangge kados tingalan dalêm wiyosan taun.

Abdi dalêm kaliwon lêbêt kadipatèn sakarerehanipun, panji, ordhênas, ranan, gindês, kanoman, ajidan, panakawan, abdi dalêm panèwu mantri lurah bêkêl jajar kadipatèn, saha êmban, sampuna sowan ing palataran, mangangge kados tingalan dalêm wiyosan taun.

Abdi dalêm sêtrik, orkès saungêl-ungêlipun sampuna sowan wontên ig sasana andrawina, mangangge pameran.

Abdi dalêm prajurit tamtama sakumpêni mangangge grutni, sikêp sabêt, tindhih mayor mawi pandhêl bakdan, baris wontên palataran wetan, mayor songkokan.

Abdi dalêm sêtap musik saungêl-ungêlipun, sampuna sowan nunggil abdi dalêm pajurit tamtama manggèn têngah-têngahing baris, mangangge grutni.

Abdi dalêm prajurit truna kêmbang mangangge grutni mawi pandhêl, baris wontên palataran êlèr.

Abdi dalêm prajurit prawiranom sakumpêni, mangangge grutni tindhih mayor, [ma...]

--- 9 ---

[...yor,] mawi pandhêl bakdan, baris wontên palataran srimanganti, sikêp sabêt, mawi musik kadipatèn, mayor songkokan.

Abdi dalêm prajurit inpantri kalih kumpêni, mangangge grutni, sami tindhih mayor, mawi pandhêl bakdan, baris wontên kamandhungan sikêp guwir badhe drèl kados adat mawi musik.

Abdi dalêm prajurit inpantri, sakumpêni sikêp guwir, mangangge grutni, tindhih mayor, mawi pandhêl bakdan, baris wontên bangsal sasana sumewa sisih kilèn, mawi bataliyun musik.

Abdi dalêm prajurit jagasura, ingkang badhe ngungêlakên mariyêm kados adat.

Wanci jam: 8 pêpatih dalêm saha abdi dalêm wadana kaliwon jawi lêbêt, anon-anon, pangrèh praja, pamajêgan, pangrêmbe, abdi dalêm radèn pangulu sakancanipun, saha abdi dalêm panèwu mantri jawi lêbêt, saanon-anonipun, pangrèh praja sapanunggilanipun, pamajêgan, sami sowan pêpak wontên ing bangsal marakata kados adat.

Abdi dalêm kolonèl, litnan kolonèl, mayor kaptin upsir, ingkang botên nindhihi baris, sami sowan ing bangsal marcukundha kados adat.

Para bandara pangeran putra dalêm sêpuh anèm, saha para pangeran santana riya nginggil, sami sowan ing ngèmpèr nguntarasana, mangagêm kados adat. Ingkang badhe ngayap nganthi ngirid pangantèn kakung ingkang sampun kapatah dening wadananing putra santana dalêm, sasampuna sami sowan wontên ing pandhapa langên katong.

Garwanipun para bandara pangeran putra santana sampuna sami marak ing kadhaton, abdi dalêm santana riya ngandhap saha panji wayah buyut, sasampuna sowan palataran, mangangge kados tingalan dalêm wiyosan taun.

Ajad dalêm sampun katata wontên ing pamagangan, abdi dalêm ngajêng, kaliwon, [kaliwo...]

--- 10 ---

[...n,] panèwu mantri jajar sasikêpipun, sami sowan pêpak wontên pamagangan, badhe bêkta saha ngapit-apit ajad dalêm.

Bab: 6

Wanci jam: 9 enjing, sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan miyos ing sasana sewaka, pakurmatan dalêm kados adat, para bandara pangeran putra santana saha riya nginggil, namung mandhap ngapurancang, lêbêtipun kangjêng tuwan residèn mêthuk kados adat.

Wanci jam: 9 enjing, kangjêng tuwan residhèn tindhak dhumatêng karaton, kadhèrèkakên Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana sasêntananipun, saha tuwan militèr komandhan, para tuwan asistèn residhèn, para tuwan presidhèn Landrad, tuwan sèkrêtaris, tuwan juru basa, tuwan-tuwan upsir, antênar, mardika, kaptin Cina, kaptin Arab, pakurmatanipun kados adat, pêpatih dalêm, saha abdi dalêm wadana kaliwon tuwin abdi dalêm kolonèl, litnan kolonèl, mayor, kaptin upsir, ingkang botên malêbêt, kalilan taksih sami rasukan.

Pêpatih dalêm, kolonèl, radèn pangulu, abdi dalêm wadana, litnan kolonèl, mayor riya sami sowan ing sasana sewaka, kaliwon kaptin upsir, sowan ing paningrat.

Sasampunipun ingkang sowan sami tata saha pakurmatan sampun kèndêl, sampeyan dalêm andhawuhakên dhumatêng pêpatih dalêm, animbali badhe pangantèn, pêpatih dalêm kalilan lajêng andhawuhakên dhumatêng abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt, pangantèn lajêng kairid majêng ing ngarsa dalêm.

Sampeyan dalêm tumuntên andhawuhakên dhumatêng pêpatih dalêm, angajêngakên [angajêngakê...]

--- 11 ---

[...n] pangantèn, pêpatih dalêm lajêng majêng ngarsa dalêm, abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt, abdi dalêm radèn pangulu, kaliwon suranata, lurah kaji, katib kêkalih, sami andhèrèk majêng, abdi dalêm katib sanèsipun saha ngulama Muhtar sami sowan majêng sacêlakipun paningrat, wontên sawingkingipun upsir, badhe angamini, para panji wayah buyut sami majêng dhumatêng ing paningrat sasana sewaka ingkang wetan, sampeyan dalêm lajêng andhawuhakên dhumatêng abdi dalêm radèn pangulu, aningkahakên pangantèn, urutipun ingkang rumiyin, Bandara Pangeran Arya Suryabrata, tumuntên Radèm Mas Arya Cakrawinata. Sasampunipun pragad paningkah, sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan aparing sasmita dhumatêng kaliwon kaparak, andhawuhakên ungêlipun gamêlan kodhokngorèk, dhumatêng abdi dalêm bayan niyaga ingkang sadhiya wontên ing kori srimanganti lèr, aparing sasmita dhumatêng abdi dalêm kaliwon gêdhong andhawuhakên wiyosipun ajad dalêm, dhumatêng abdi dalêm kaliwon ngajêng, ingkang sampun sadhiya wontên kori srimanganti kidul, tumuntên pangantèn sami angabêkti ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan saha tabean akalihan palataran, katib ngulama Muhtar wangsul mundur malih.

Sampeyan dalêm andhawuhakên dhumatêng pêpatih dalêm angundurakên pangantèn, pêpatih dalêm kalilan lajêng andhawuhakên dhumatêng abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt.

Abdi dalêm radèn pangulu sakancanipun angrumiyini mêdal dhumatêng bangsal marakata, sasampunipun pangantèn dumugi ing panggenan, bupati bêkêl lajêng sami wangsul ing ngarsa dalêm, para bandara pangeran ingkang nganthi ngirid ngayap ugi lajêng [la...]

--- 12 ---

[...jêng] sowan ing ngarsa dalêm.

Bab: 7

Sasampunipun ingkang sowan wangsul pêpak, lajêng lumados pangunjukan dalêm sampanyê, ngunjuk wilujêngipun pangantèn, kaurmatan ungêlipun musik saha drèlipun abdi dalêm prajurit jawi kalih kumpêni ingkang baris wontên kamandhungan, sami kaping: 3 rambahan. Kasauran ungêlipun mariyêm ingkang wontên alun-alun kaping: 9 kados adat.

Mariyêm ingkang wontên alun-alun wau, ingkang kalih botên kakundurakên dhumatêng magangan, nanging kadhawuhan anglajêngakên ambêkta dhumatêng kapatihan, badhe kangge urmat panggihing pangantèn, sabibaring pasowanan abdi dalêm mantri ngajêng: 2 sikêpipun: 24 nampènana mariyêm wau, lajêng kabêktaa dhumatêng kapatihan, ingkang mrênahakên wontênipun pamedan, abdi dalêm upsir ajidan.

Sakèndêlipun ungêling mariyêm, tumuntên abdi dalêm kaliwon kaparak andhawuhakên dhumatêng kabayan niyaga suwukipun gamêlan kodhokngorèk, sasampunipun rampung pakurmatan, kangjêng tuwan residhèn kondur. Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana akalihan para tuwan-tuwan sapanunggilanipun sami andhèrèkakên kados adat, pêpatih dalêm saha abdi dalêm wadana kaliwon, kolonèl sakarerehanipun sami mêdal. Pêpatih dalêm akalihan wadana kaliwon jawi sapanunggilanipun, saha abdi dalêm radèn pangulu sakancanipun lajêng sowan ing bangsal sana sumewa, wadana kaliwon lêbêt, sagolonganipun, kolonêl sakarerehanipun, sami wangsul ing pasowananipun bangsal marakata tuwin basal[8] marcukundha kados adat. Tumuntên sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, utusan abdi dalêm wadana èstri andhawuhakên dhumatêng abdi dalêm kaliwon anggandhèk, matêdhakakên ajad [aja...]

--- 13 ---

[...d] dalêm, majêmukipun putra dalêm pangantèn, dhumatêng pêpatih dalêm, lampahipun sawingkingipun abdi dalêm anggandhèk, ajad dalêm, tumuntên abdi dalêm wadana kaliwon, panèwu mantri lêbêt sagolonganipun ingkang sowan ing bangsal marakata kados adat, manawi pêpatih dalêm saha abdi dalêm sadaya sampun rampung anggènipun ngêpang ajad dalêm, sami kalilan bibaran, manawi sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sampun jêngkar, para putra santana abdi dalêm igkang sami sowan ing lêbêt sadaya, saha abdi dalêm kolonèl sakarerehanipun sami kalilan bibaran.

Bab: 8

Nunggil ing dintên Sênèn wanci jam: 3 siyang, ing kapatihan sampun mirantos pasang rakitipun ing pasamuwan, saha wiwit regol dumugi karêtêg ngajêng dalêm paresidhenan kiwa têngên, dipun pasangi umbul-umbul, lêlayu bandera kapatihan, saha umbul-umbul banderanipun abdi dalêm wadana lêbêt saanon-anonipun dalah gamêlanipun.

Wanci jam: 1/2 4 sontên, abdi dalêm sêtap musik mangangge pameran, sampun wontên ing kapatihan manggèn ing subasana.

Abdi dalêm mantri ordhênas kapalan: 8, tindhih panèwu mangangge klanthungan, sinjang pandêlêgan, ikêt modang umpak latar pêthak, sabuk cindhe kabara kulambi atela cêmêng bortrès, topi pècis, sampuna wontên ing kapatihan, badhe andhèrèkakên panêbus.

Bab: 9

Nunggil wanci jam: 1/2 4 sontên, abdi dalêm wadana kaliwon panèwu mantri lurah bêkêl jajar jawi lêbêt, anon-anon, kalêbat[9] panèwu mantri lurah bêkêl jajar kadipatèn, tuwin pangrèh praja, pamajêgan, pangrêmbe nagari dhusun [dhusu...]

--- 14 ---

[...n] sampun sami sowan pêpak, abdi dalêm wadana kaliwon jawi lêbêt saanon-anonipun sadaya, saha panèwu mantri golongan lêbêt sami anjujug ing pasowanan bangsal marakata, panèwu mantri jawi sapanunggilanipun saha lurah bêkêl jajar sami anjujug ing bangsal sana sumewa, rabinipun abdi dalêm wadana kaliwon sami sowan ing kapatihan, abdi dalêm kaliwon grêji, panèwu mantri jajar sikêp panandhon, sikêpipun abdi dalêm ngajêng, tindhih panèwu kabayan, sasampuna nyadhiyakakên joli: 4 wontên salèripun paningrat sasana parasêdya, abdi dalêm gêdhong ingkang ngampil kêmbar mayang sakawan prangkat, sasampuna sowan ing palataran sangaja[10] nguntarasana, abdi dalêm kaparak ingkang badhe anongsongi pangantèn kakung putri, sampuna nyuwun ampilan songsong dhumatêng gêdhong mardiwarna lajêng manggèn ing kamandhungan, abdi dalêm panèwu mantri bêkêl jajar karaton, saha abdi dalêm panèwu kabayan ngajêng sasikêpipun: 10, sampuna sowan malêbêt, wontên sakilènipun sasana andrawina, sasampunipun nampèni bêbêktaning pangantèn putri, lajêng dipun usungi dipun tata wontên ing prahoto, ingkang sampun sudhiya wontên pamagangan, lajêng ngrumiyini dipun irid abdi dalêm panèwu mantri kabayan ngajêng sasikêpipun tumut numpak prahoto wau, dene abdinipun pangantèn putri sadaya ingkang botên bêbêkta upacara, ugi lajêng ngrumiyini sarêng abdi dalêm panèwu mantri bêkêl jajar karaton.

Abdi dalêm liwon[11] panèwu mantri lurah bêkêl jajar panêgar gamêl, gajah mati saha pakathik baki sasampuna nyadhiyakakên titihan dalêm kapal, badhe tumpakanipun pangantèn: wontên ing palataran kamandhungan.

Abdi dalêm wadana èstri sapanêkaranipun, abdi dalêm sêdhahan miji ingkang badhe ngampil upacara, sasampuna pêpak wontên ing paningrat sawetaning sasana

--- 15 ---

parasêdya, lubèripun mangidul, abdi dalêm prajurit jayatantaka sakumpêni, trunasura sakumpêni samusikipun, tindhih mayor: 2 sapandhêlipun, mayor numpak kapal, saha abdi dalêm prajurit jagasura: 50 tindhih kaptin, ingkang badhe angungêlakên mariyêm dhumatêng kapatihan, punapadene abdi dalêm taruna kêmbang sasêkadrun, mangangge grutni, tindhih putra dalêm Bandara Radèn Mas Sudira, numpak titihan, pandhêl Kyai Gringsing badhe anjajari, sasampuna mapan wontên salèring waringin kurung ingkang iring kilèn.

Abdi dalêm prajurit mijipinilih sakumpêni sikêp sabêt, tindhih ridmistêr, mawi slomprèt, prajurit wirautama sakumpêni sikêp waos, tindhih kaptin, sami baris sêsiyungan asêling-sêling, wiwit ing supit urang mangalèr panjangipun: 400 tindak sisih, godhagipun kiwa akalihan têngên: 20 tindak, badhe lajêng ngurung-urung.

Sikêp ngajêng ingkang bêkta obor tindhih kabayan, nunggila wontên sajawining prajurit ingkang sêsiyungan, sapalih wontên kilèn sapalih wontên wetan, urut-urutanipun ingkang sami godhagipun.

Abdi dalêm panakawan panyutra sagamêlanipun carabalèn prajurit, sampuna wontên ing kamandhungan, badhe tayungan wontên sangajêng pangurung-urung sawingkingipun prajurit jawi ingkang anjajari.

Abdi dalêm mantri anom jawi lêbêt, mangangge prajuritan, numpak kapal, sampuna sowan ing alun-alun, jagi kengkenanipun abdi dalêm bupati jawi lêbêt nata jajaran sapanunggilanipun.

Bab: 10

Nunggil wanci jam: 1/2 4 sontên, bandara pangeran putra santana ingkang badhe angirid nganthi ajêngipun pangantèn dhumatêng sasana parasêdya sampuna sami sowan anjujug [a...]

--- 16 ---

[...njujug] ing langên katong, wadananing putra santana dalêm kiwa têngên, para bandara pangeran putra ingkang sêpuh-sêpuh saha ingkang ngirid nganthi ngayap dhumatêng kapatihan, sowan ing èmpèr nguntarasana, sami mangagêm basahan rasukan sikêpan agêng cêmêng, dene pangagêmipun para putri ingkang badhe ngirid nganthi ngayap pangantèn, putri dalêm kalilan sumêkanan, para mantu dalêm taksih kampuhan, nanging kalilan amung kampuhan ubêd-ubêd kados manawi sowan malêbêt wontên tamu Walandi, sadaya rasukanipun sami kabayak panjang burdiran.

Santana riya panji wayah buyut, abdi dalêm Radèn Tumênggung Atmadiningrat sakancanipun kaliwon panèwu mantri ordhênas, lurah bêkêl panèwu punakawan, abdi dalêm Radèn Ngabèi Wignyadipura sakancanipun, panji ordhênas, ranan, gindês, kanoman, ajidan, panakawan kadipatèn, saha abdi dalêm upsir ingkang botên nyanggi damêl, sampuna sami sowan ing palataran kados adat.

Abdi dalêm litnan kolonèl, mayor kaptin, sami sowan ing bangsal marcukundha.

Abdi dalêm kolonèl sowan kapatihan ing wanci jam: 6 sontên.

Bab: 11

Nunggil wanci jam: 1/2 4 sontên, lêbêtipun panêbus, ingkang ngampil rabinipun abdi dalêm kaliwon, kairid rabinipun abdi dalêm wadana jawi utawi lêbêt salah satunggal, numpak kareta, dipun jajari kairing abdi dalêm mantri ordhênas numpak kapal, ngajêng: 4, wingking: 4, udhunipun wontên ing palataran kamandhungan, anjujug ing kori srimanganti, lajêng canthèl atur wadana èstri, angunjuki uning ing sampeyan dalêm, sasampunipun wontên dhawuhing timbalan dalêm ingandikakakên malêbêt, lajêng marak pramèswari dalêm, manawi panêbus sampun konjuk pramèswari dalêm, ingkang ngunjukakên saha ingkang ngampil panêbus [panêbu...]

--- 17 ---

[...s] wau lajêng kalilan mêdal dhumatêng kapatihan, abdi dalêm mantri ordhênas ingkang mêntas anjajari ngiring panêbus lajêng kalilan mundur bibaran.

Bab: 12

Jam: 4 sontên, abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt, litnan kolonèl, lajêng anata abdi dalêm ingkang badhe anjajari ngiring ngayap saha ngurung-urung pangantèn, panatanipun wau kados kanthinipun lampah-lampah punika.

Abdi dalêm prajurit jagasura sakumpêni tindhih kaptin, abdi dalêm prajurit jagabraja sakumpêni tindhih kaptin, pandhêl padintênan, sampuna rakit baris anai kiwa têngên, wiwit ing kori brajanala dumugi kori supiturang ingkang kilèn.

Pacalang panylomprèt: 4 sampuna wontên ing srimanganti, kamandhungan, sitiinggil, saha ing alun-alun.

Prajurit prawiranom sakumpêni sikêp sabêt, tindhih ridmistêr, baris anai ngiwa nêngên ing kamandhungan dumugi kori brajanala.

Abdi dalêm prajurit jayèngastra sakumpêni sikêp sabêt, tindhih ridmistêr, baris wontên srimanganti, pandhêl padintênan, mangangge bakdan tanpa rasukan.

Abdi dalêm prajurit tamtama sakumpêni, tindhih ridmistêr, mangangge bakdan tanpa rasukan, sowan wontên palataran.

Sasampunipun samapta panatanipun, abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt sowan ing bangsal marakata, canthèl atur wadana èstri, angunjuki uninga ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, saha nyuwun lilah sowan malêbêt sakancanipun abdi dalêm wadana kaliwon.

Bab: 13

Wanci jam: 1/2 5 sontên, sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan [susuhu...]

--- 18 ---

[...nan] miyos lênggah ing prabasuyasa jarambah ingkang wetan, agêm dalêm panunggul kanigara, tanpa rasukan, nyamping truntum, paningsêt sindur, kalihan pramèswari dalêm sakalihan, saha Kangjêng Ratu Madurêtna, sampeyan dalêm lajêng andhawuhakên dhumatêng abdi dalêm wadana èstri, animbali para bandara pangeran sadhèrèk dalêm sêpuh, saha pangantèn tuwin para bandara pengeran ingkang ngirit nganthi ngayap, para bandara pangeran sadhèrèk dalêm sêpuh sowan ing sasana parasêdya, sadaya sowan ing paningrat kados adat, manawi sampun sawatawis, abdi dalêm wadana èstri lajêng munjuk lapur panatanipun ing jawi sampun rampung, saha nyuwun lilah sowanipun malêbêt abdi dalêm wadana kaliwon, litnan kolonèl, mayor kaptin, manawi sampeyan dalêm sampun andhawuhakên kaparêng, abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt, wadana kaliwon, litnan kolonèl mayor kaptin, lajêng sami sowan ing paningrat salèring sasana sewaka, wingkingipun para bandara pangeran, pangantèn kakung ingandikan majêng, kêkanthi kaayap para bandara pangeran putra santana riya ingkang sampun kapatah dening wadananing putra santana dalêm, minggah ing sasana parasêdya, pangantèn kakung putri lajêng angabêkti ing sampeyan dalêm, saha pramèswari dalêm sakalihan, punapadene Kangjêng Ratu Madurêtna.

Sasampunipun pangantèn sami ngabêkti, abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt, litnan kolonèl, mêdal dhumatêng srimangant,i andhawuhakên ungêlipun salomprèt pacalang, panakawan panyutra wiwit malampah nanging botên tayungan.

Sawêdalipun abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt, saha litnan kolonèl wau, ing wanci jam: 1/2 6 sontên, pangantèn putri lajêng sami numpak joli, pangantèn kakung lajêng kalilan mangkat, lampahipun pangantèn kakung putra dalêm, wontên sawingkingipun jolining garwanipun, pangantèn kaku[12] mantu dalêm sami wontên [wontê...]

--- 19 ---

[...n] sangajêngipun jolining garwanipun, kairid saha kakanthi kaayap saha kairing para bandara pangeran putra santan, ingkang sampun kapranata utawi kapatah dening wadananing putra santana dalêm, manawi pangantèn kakung mantu dalêm dumugi ing kori srimanganti, lajêng sami anampèni waos ingkang dipun ampil abdi dalêm kaparak, kapandhi ngantos dumugi panggenan badhe panumpakipun titihan, dene para abdi dalêm wadana kaliwon ingkang ngamping-ampingi pangantèn, kados pratelan kanthinipun lampah-lampah punika.

Manawi sampun dumugi maderata kamandhungan, pangantèn kakung mantu dalêm anampèkakên waosipun dhumatêng abdi dalêm kaparak, sadaya lajêng sami numpak titihan wontên sawingkinging joli, wondene urut-urutipun ing lampah ingkang nèm wontên ing ngajêng, ingkang sêpuh wontên ing wingking.

Bab: 14

Sawêdalipun pangantèn saking palataran, santana riya panji wayah buyut, abdi dalêm urdênas, panèwu mantri lurah bêkêl panèwu jajar panakawan ingkang sami sowan ing palataran, saha upsir ingkang amung sowan sami andhèrèkakên wêdaling pangantèn, patrapipun angurung-urung joli saha angurung-urung pangantèn kakung dumugi panggenan panumpakipun titihan pangantèn kakung kèndêl.

Para bandara pangeran putra santana, ingkang botên nyanggi damêl ngirid nganthi ngiringakên pangantèn, sami kalilan angrumiyini dhumatêng kapatihan, ingkang kagungan garwa kalilan ngampiri ambêkta garwanipun.

Bab: 15

Manawi pangantèn kakung sampun numpak titihan sadaya, para bandara pangeran putra santana ingkang kapatah ngirid nganthi ngayap pangantèn, lajêng sami kalilan angrumiyini wontên ing paresidhenan.

--- 20 ---

Bab: 16

Samasa joli ingkang ngajêng piyambak dumugi ing markis ngajêng dalêm paresidhenan, lajêng sumèlèh wontên sangandhaping undhak-undhakan, manawi pangantèn putri sampun mudhun, joli lajêng sumingkir mangalèr, lajêng manggèn wontên sawetaning markis, joli sapawingkingipun sumèlèhipun sami wontên ing markis gêntos-gêntos, patrapipun kados ing ngajêng wau, udhunipun pangantèn putri saking joli, para bandara pangeran putra santana kajawi ingkang nganthi pangantèn kakung, angalih-ngalih, sadaya anampènana pangantèn putri, lajêng ngamping-ampingi ngantos dumugi sawatawis têbihipun saking badhe palênggahanipun, makatên malih udhunipun pangantèn kakung ugi sami wontên ing markis, sumingkiripun titihan mangalèr lajêng manggèn cêlak joli utawi palataran sisih lèr.

Abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt, litnan kolonèl, lajêng anata para abdi dalêm kados kala angkatipun wau.

Bab: 17

Sasampunipun kèndêl sawatawis wontên ing dalêm paresidhenan, sêsêpuhipun bandara pangeran putra ingkang ngirid pangantèn lajêng matur ing kangjêng tuwan residhèn, pangantèn nyuwun mangkat dhumatêng ing kapatihan, dene angkatipun saha panumpakipun joli panumpakipun titihan, sadaya kados kala wau, lampah-lampahipun botên ewah kados angkatanipun saking alun-alun, samasa pangantèn kakung sampun numpak titihan, bandara pangeran putra santana kalilan ngrumiyini dhumatêng ing kapatihan, angêntosi dhatêngipun pangantèn wontên ing baleharja.

Bab: 18

Sadèrèngipun pangantèn dumugi ing kapatihan, para tamu ingkang dipun sêdhahi sampuna sami wontên ing kapatihan.

--- 21 ---

Bab: 19

Manawi pangantèn sampun dumugi ing kapatihan, pangantèn kakung mudhunipun saking titihan sami wontên balerata ngajêng pandhapa, titihan ingkang mêntas dipun tumpaki pangantèn sami kasingkirakên dhumatêng balerata salèr baleharja, pangantèn lajêng minggah sami nisih mangetan, wontên pananggap sacêlaking sakaguru pandhapa majêng mangilèn, joli dumugi pandhapa kèndêl sumèlèh, pangantèn putri lajêng kaudhunakên saking joli gêntos-gêntos, para bandara pangeran putra santana sami anampèni saha lajêng angamping-ampingi, ngantos dumugi ing kori agêng, sasampunipun pangantèn putri sami wontên ing kori agêng, pangantèn kakung kaayap majêng dhumatêng sangajêngipun kori, lajêng kapanggihakên satunggal-satunggal, urut sêpuh kados kala ijabipun, pangantèn kakung putri ingkang sampun kapanggihakên, lajêng ngadêg wontên jarambah kajogan sacêlaking kori agêng, majêng mangidul, thèrèkkanipun ingkang sêpuh wontên kilèn. Sasampunipun panggih sakawan pisan, pêpatih dalêm angaturi kangjêng tuwan residhèn, saha ngancarani tuwan militèr komandhan, tuwan asistèn residhèn, tuwan sakrêtaris, tuwan juru basa sarta tuwan-tuwan ingkang sêpuh-sêpuh saprayoginipun, punapadene para nyonyah bokmanawi badhe kapanggih pangantèn kakung putri. Sarampungipun têtabean, pangantèn kakung putri lajêng sami dhatêng ing ngajêng patanèn, pangantèn kakung putra dalêm lajêng kanthèn, pangantèn kakung mantu dalêm sami mawi amondhong, sasampuning sami tata lênggah, abdi dalêm wadana èstri andhawuhakên timbalan dalêm, dhumatêng pangantèn kakung mantu dalêm, urut sêpuh, tumuntên pangantèn sami kapangku urut sêpuh.

: Bandara Pangeran Arya Suryabrata, ingkang mangku Radèn Mas Arya Jayaningrat.

: Radèn Mas Arya Cakrawinata ingkang mangku Bandara Pangeran Arya Prabuningrat.

: Radèn Mas Arya Suryaningrat, ingkang mangku Bandara Pangeran Arya Kusumadiningrat. [Kusumadining...]

--- 22 ---

[...rat.]

: Radèn Mas Tumênggung Arya Purnama Hadiningrat, ingkang mangku Bandara Pangeran Arya Purbadiningrat.

Bab: 20

Nalika panggihing pangantèn wau abdi dalêm prajurit jayatanantaka saha trunasura ingkang baris palataran, urmatipun amung ungêling tambur salomprèt, sarampungipun panggih sakawan pisan, lajêng urmat drèl tigang rambahan, kasauran ungêling mariyêm rambah kaping: 9. Sarampunging urmatipun abdi dalêm prajurit, kagungan dalêm joli saha titihan dalêm, ingkang mêntas dipun tumpaki pangantèn, sami kakundurakên, abdi dalêm ingkang sami ngayap, ngurung-urung, anjajari pangantèn, kajawi ingkang kapêthil nyanggi damêl wontên ing kapatihan, saha kajawi wadana kaliwon, kolonêl, litnan kolonèl, mayor, kaptin, sami kalilan bibaran.

Bab: 21

Sasampuning rampung pamangkunipun pangantèn, pangantèn kakung putri lajêng sami angabêkti para sêpuh ingkang pantês dipun ngabêktèni, sasampunipun rampung anggènipun ngabêkti, saha sasampunipun lênggahan sawatawis, lajêng lumadosan pangunjukan sampanyê, ngunjuk rambah kaping tiga, ingkang sapisan ngunjuk wilujêngipun pangantèn, ingkang kaping kalih ngunjuk wilujêngipun kangjêng tuwan residhèn, ingkang kaping tiga ngunjuk wilujêngipun para tamu. Sadaya lajêng bibaran, amung para sadhèrèk saha putra dalêm kakung putri sadaya ingkang sampun kagungan garwa sami sagarwanipun, lajêng dhahar akalihan pangantèn.

Bab: 22

Abdi dalêm wadana kaliwon, litnan kolonèl mayor kaptin, unduripun manawi sampun dipun dhawuhi pêpatih dalêm.

--- 23 ---

Bab: 23

Wadananipun putra santana dalêm, kalilan amatah bandara pangeran putra dalêm, anata uruting lêlênggahan, saha amatah pangeran santana sagarwanipun, panyanggining damêl wontên ing kapatihan.

Bab: 24

Antaranipun panggih kalihan sapêkênipun pangantèn, sabên dalu ing kapatihan anjawi dintên Kêmis sontên malêm tanggal kaping: 23, têdhak dalêm dhumatêng kapatihan, botên lêlênggahan jagongan, amung para sadhèrèk dalêm kakung putri saha putra-putri dalêm sagarwanipun, para pangeran santana, riya nginggil, riya ngandhap, sami ingandikakakên tuwi, wancinipun sontên jam: 8, pangagêmipun dhêstharan, rasukan langênarjan cêmêng, lêlangênipun amung wirengan: 2 rambahan, gamêlan tuwin sêtrik orkès.

Bab: 25

Ing dintên Kêmis sontên, malêm tanggal kaping: 23, wanci jam: 9, sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sakalihan pramèswari dalêm, miyos tuwi pangantèn, pangagêman dalêm jendral mayor klintêni, pasamuanipun tedhansah, pêpatih dalêm mawi angaturi kangjêng tuwan residhèn sanyoyah, anyêdhaki tuwan-tuwan saha nyonyah-nyonyah, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana sagarwanipun, saha putra santananipun, punapadene Kanjêng Pangeran Adipati Arya Paku Alam sagarwanipun.

Ing dintên Kêmis wau wiwit ing pamedan kapatihan dumugi ing galedhegan, dipun pasangi lêlayu kapatihan, saha ing pamedan wau dipun tatani gamêlan carabalèn kabupatèn bêkêl jawi lêbêt, ing baleharja dipun tatani gamêlan kodhokngorèk kapatihan, urmat têdhak saha kondur dalêm, saha rawuhipun kangjêng tuwan residhèn. [resi...]

--- 24 ---

[...dhèn.]

Wanci jam: 7 sontên, abdi dalêm sêtap musik sampuna sami sowan ing subasana.

Bab: 26

Wanci jam: 8 sontên, abdi dalêm wadana kaliwon jawi lêbêt saanon-anonipun, sampun sami sowan ing kapatihan, panganggenipun kulambi sikêpan agêng lugas, sabuk cindhe kabara, wadana kanigaran.

Abdi dalêm kolonèl, litnan kolonèl, mayor jawi lêbêt, ingkang botên kalêrês andhèrèk têdhak dalêm, ugi sampuna sami sowan ing kapatihan, ingkang kalêrês andhèrèk inggih andhèrèk têdhak dalêm, dene panganggenipun kolonèl, litnan kolonèl mayor jawi sami cara Walandi grutni tanpa sèrêp, mayor lêbêt, kulambi sikêpan agêng lugas, sabuk cindhe kabara, kuluk kanigara mawi sabêt suduk.

Bab: 27

Wanci jam: 1/2 9, wadananipun putra santana dalêm golongan kiwa sagarwanipun, para bandara pangeran putra santana ugi golongan kiwa sagarwanipun sampuna sami sowan anjujug ing pandhapa parankarsa lajêng andhèrèk têdhak dalêm, ingkang golongan têngên kalilan angrumiyini dhumatêng kapatihan, bandara pangeran putra santana ingkang kagungan pangagêman sêtap mangagêm cara Walandi grutni botên gala. Sadaya ingkang cara Jawi mangagêm kanigaran, rasukan sikêpan alit lugas, dhasi pêthak, paningsêt cindhe kabara. Abdi dalêm panèwu mantri urdhênas, ingkang wayah dalêm mangangge kulukan kulambi atela cêmêng bortrès, bêbêd pandêlêgan, sabuk cindhe kabara, kadhawuhan ngampil ampilan dalêm, sabêt Kangjêng Kyai Agêng Panji, dus, pakêcohan, bèri agêm dalêm topi, bèri sês.

--- 25 ---

Abdi dalêm panèwu mantri urdhênas, lurah ingkang andhèrèk, ingkang kapalan sadaya andhèrèk numpak kapal. Mangangge kulukan kulambi atela bortrès, bêbêd pandêlêgan sabuk cindhebara. Ngampil ampilan dalêm, pegon, talêmpak, towok, limpung, sabêt Kanjêng Kyai Jangrana, tamèng Bèlgi, rotan Kangjêng Kyai Pamuk.

Abdi dalêm panèwu mantri ordhênas lurah ingkang dharatan: 20, ngrumiyini dhumatêng kapatihan, sarawuh dalêm nampèni ampilan dalêm.

Abdi dalêm panèwu mantri pêthilan: 20 mangangge montering biru mawi nèsêl, angrumiyini sowan ing kapatihan, badhe ngladosi sampeyan dalêm.

Abdi dalêm prajurit inpantri sakumpêni tindhih kaptin, tambur slomprèt, mangangge marêstêni, urmat rawuh saha kondur dalêm sarta urmat rawuh saha konduripun kangjêng tuwan residhèn, lajêng jagi.

Para abdi dalêm kaliwon pêthilan ingkang ngadhêp lênggah kasukan, patrapipun kados adat.

Bab: 28

Têdhak dalêm, titihan dalêm kareta Kyai Garudhaputra, rakitan Ostrali cêmêng: 4, bulu-bulu abrit, prabot kênèk kusir abrit.

Walandi drahgundêr: 7 mangangge grutni kados adat, manawi sampun dumugi pamedan, titihan dalêm malampah rêrindhikan.

Abdi dalêm kaparak pinilih sikêp waos, ngurung-urung saking pamedan dumugi markis, mangangge kulukan, bêbêdan, kulambi sikêpan agêng abrit.

Manawi jawah, sampeyan dalêm nitih kareta motor Kyai Rajapèni, Walandi drahgundêr botên andhèrèk, abdi dalêm ordhênas kapalan ingkang ngampil ampilan dalêm kadhawuhan angrumiyini dhumatêng kapatihan, abdi dalêm kaparak [kapara...]

--- 26 ---

[...k] pinilih suwak botên ngurung-urung wontên pamedan.

Sarawuh dalêm lajêng lênggah wontên ing paringgitan majêng mangetan mawi trun, sakalihan pramèswari dalêm, saha kangjêng tuwan residhèn, sakalihan nyonyah, pangantèn kakung putri, para putri dalêm, saha mantu dalêm putri sami lênggah ing jawi, pangantèn kakung mantu dalêm, sami sowan wontên ing pêngkêran dalêm.

Para bandara pangeran putra ingkang nèm, saha para pangeran santana, pêpatih dalêm, para wadana kaliwon, kolonèl, litnan kolonèl mayor kaptin upsir sami sowan ngadhêp ing ngarsa dalêm.

Manawi sampun wancinipun amurwani dhansah polonès, presidhèning komisaris dhansah angunjuki uninga ing sampeyan dalêm, saha kangjêng tuwan residhèn.

Sasampunipun polonès, sampeyan dalêm kasukan utawi sakaparêngipun ing karsa dalêm, para bandara pangeran putra ingkang nèm, saha para pangeran santana riya, pêpatih dalêm saabdi dalêm sadaya wau kalilan lajêng sami mundur dhumatêng ing baletundha sarta ing panti wibawa, kalilan sami linggih kursi.

Kondur dalêm, lampah-lampahipun sami kalihan kala rawuh dalêm.

Bab: 29

Ing dintên Sêtu tanggal kaping: 24, sapêkênipun pangantèn, wanci jam: 8 enjing, abdi dalêm wadana kaliwon, kolonèl, litnan kolonèl mayor, kaptin upsir, panèwu mantri lurah bêkêl jajar jawi lêbêt, anon-anon, pangrèh praja, pamajêgan, pangrêmbe nagari dhusun, saha rabinipun abdi dalêm wadana kaliwon jawi lêbêt saanon-anonipun, pangrèh praja pamajêgan, pangrêmbe nagari dhusun, sami sowan ing kapatihan.

Abdi dalêm mantri anom jawi lêbêt, mangangge prajuritan numpak kapal sampuna

--- 27 ---

sowan anjujug pamedan, jagi kèngkènanipun bupati bêkêl jawi lêbêt, nata jajaran sapanunggilanipun.

Pasangrakitipun gamêlan, lêlayu umbul-umbul, bandera kados bab kaping: 8, namung saking lêladosanipun abdi dalêm wadana golongan jawi, pangrèh praja pamajêgan.

Umbul-umbul, lêlayu, bandera dalah gamêlanipun kodhokngorèk kawadanan santana têngên, kapasang wontên kiwa têngênipun margi wiwit ing suryabratan dumugi margi prapatan Gadhing.

Umbul-umbul, lêlayu, bandera dalah gamêlanipun kodhokngorèk kawadanan santana kliwa, kapasang wontên kiwa têngênipun margi wiwit ing prabuningratan dumugi kamandhungan kidul.

Umbul-umbul, lêlayu, bandera kabupatên karaton, gamêlan kabupatèn bêkêl lêbêt, kapasang wontên kiwa têngênipun margi wiwit ing prabuningratan dumugi ing suryaningratan, sadaya wau urmat konduripun pangantèn.

Abdi dalêm panèwu mantri bêkêl jajar karaton, saha sikêpipun abdi dalêm ngajêng: 20 ingkang badhe angusungi bêbêktanipun pangantèn, dhumatêng prahoto.sampuna pêpak sowan ing kapatihan, panèwu mantri ingkang sapalih wontên ing èmpèr panti wibawa, panèwu mantri ingkang sapalih wontên ing èmpèr dirgayasa, bêkêl jajar saha sikêp ingkang sapalih wontên ing palataran sisih kilèn, sapalihipun wontên palataran sisih wetan.

Abdi dalêm sêtap musik sapirantosipun sampuna sowan ing subasana.

Abdi dalêm gêdhong ingkang badhe ngampil kêmbar mayang, sampuna sowan ing kapatihan, wontên ing baletundha kidul pandhapa, iring kilèn sapalih, iring wetan sapalih.

--- 28 ---

Bab 30

Abdi dalêm kaliwon gêrji panèwu mantri jajar sasikêpipun panandhon, sikêpipun abdi dalêm ngajêng, tindhih panèwu kabayan, sampun sami sowan, anyadhiyakakên kagungan dalêm joli: 4 wontên ing kamandhungan, abdi dalêm kaparak ingkang badhe anongsongi pangantèn putri sampun bêkta ampilanipan[13] songsong anunggil kagungan dalêm joli.

Abdi dalêm panêgar gamêl gajah mati, kaliwon panèwu mantri lurah bêkêl jajar saha pakathiking baki, sampuna anyadhiyakakên titihan dalêm kapal: 4 wontên ing sangajêng bangsal marcukundha.

Abdi dalêm prajurit mijipinilih, sakumpêni, wirautama sakumpêni, jayatanantaka sakumpêni, trunasura sakumpêni saha jagabraja sakumpêni, ingkang badhe ngurung-urung, anjajari, sampun wontên ing palataran kamandhungan, panakawan panyutra sagamêlanipun carabalèn prajurit, saha abdi dalêm niyaga, dhalang, anggong, gêndhing, tukang cèt, sungging sapanunggilanipun ugi sampun wontên ing kamandhungan.

Abdi dalêm wadana èstri sapanêkaripun ingkang badhe ambêkta upacara, sampun sami sowan ngalêmpak ing palataran salèripun sasana parasêdya.

Wanci jam: 8 enjing, sadaya wau sami mangkat dhumatêng kapatihan, lampahipun apanthan-panthan, ingkang rumiyin abdi dalêm prajurit jayatanantaka sakumpêni, trunasura sakumpêni ingkang badhe anjajari, tumuntên prajurit mijipinilih sakumpêni, wirautama sakumpêni, ingkang badhe angurung-urung, tumuntên panakawan panyutra sagamêlanipun carabalèn prajurit, tumuntên abdi dalêm sêdhahan miji ingkang badhe ngampil upacara, tumuntên wadana èstri sapanêkaripun, kalilan numpak kareta, tumuntên kagungan dalêm joli saha panongsong,

--- 29 ---

tumuntên titihan dalêm kapal. Dumuginipun ing kapatihan, wadana èstri jujug ing dalêm, joli panongsong karakit wontên ing èmpèr pandhapa, kados kala panggih. Titihan dalêm kapal kapapanakên wontên ing balerata ngajêng pandhapa, abdi dalêm prajurit sami manggèn ing pamedan, panakawan panyutra wontên ing palataran baleharja.

Kagungan dalêm gamêlan sasampuna sami katata dalah ingkang nabuh, Kyai Kuthawindu Windusana wontên bangsal pradăngga, Kyai Kadukmanis, Manisrêngga, wontên paningrat sasana sêwaka, Kyai Kadukmanis wontên êlèr, Kyai Manisrêngga wontên kidul.

Bab: 31

Nunggil wanci jam: 8, para bandara pangeran putra santana saha para radèn ayu ingkang badhe ngirid nganthi ngayap pangantèn, ingkang sampun kapatah saha kapranata dening wadananing putra santana dalêm, sampun sami wontên ing kapatihan.

Bandara pangeran putra santana ingkang botên katamtokakên ngirid nganthi ngayap pangantèn saking kapatihan, sasampuna sami sowan wontên ing èmpèr nguntarasana, mangagêm kados sowan Kêmis.

Abdi dalêm Radèn Tumênggung Atmadiningrat sakancanipun, kaliwon panèwu mantri ordhênas, lurah bêkêl panèwu panakawan, Radèn Ngabèi Wignyadipura sakancanipun, panji ordhênas, ranan, gindês, kanoman, ajidan, panakawan, Radèn Ngabèi Wiryadipura sakancanipun garap karaton, abdi dalêm panèwu mantri lurah bêkêl jajar kadipatèn sarta êmban, sasampuna sowan ing palataran, mangangge kados sowan Kêmis.

Wanci jam: 9, bupati bêkêl jawi lêbêt, litnan kolonèl, anata abdi dalêm wadana kaliwon panèwu mantri sapangandhap, saha prajurit ingkang anjajari, [a...]

--- 30 ---

[...njajari,] karabita wontên ing pamedan ngantos dumugi ing margi agêng, panjangipun: 400 tindak, godhagipun kiwa kalihan têngên: 20 tindak, rakitipun ingkang ngurung-urung ingkang anjajari saha ingkang ngayap, botên ewah kados nalika panggih, manawi sampun rampung panatanipun, lajêng sami anglapurakên dhumatêng pêpatih dalêm.

Wanci jam: 10, pangantèn mangkat, lampahipun saking kapatihan, dumugi ing dalêm paresidhenan, saha angkatipun saking dalêm paresidhenan, malêbêt ing kadhaton, botên èwah kados kala angkatipun badhe panggih.

Saangkatipun pangantèn saking kapatihan, para putri ingkang ngayap, angrumiyini dhumatêng regol srimanganti numpak kareta.

Bab: 32

Pangantèn sadumuginipun kamandhungan, bandara pangeran putra santana ingkang sowan ing lêbêt, sami mêthukakên wontên ing kori kamandhungan.

Pangantèn sadumuginipun ing srimanganti, ingkang putri lajêng malêbêt, kèndêlipun wontên panggenan nalika angkatipun badhe panggih, pangantèn kakung jujug ing bangsal marakata, lênggah wontên ing têngahing gajah majêng mangetan, dalah para bandara pangeran ingkang mêthuk nganthi ngiridd ngayap sadaya.

Sampeyan dalêm sampun miyos lênggah ing prabasuyasa, pangagêman dalêm panunggul kanigara rasukan takwa, ampilan dalêm talêmpak Kangjêng Kyai Badhudhak, towok Kangjêng Kyai Dewa Nugraha, sabêt Kangjêng Kyai Agêng Jabardas, rotan Kangjêng Kyai Pamuk, tamèng Bèlgi, manggèn kados adat, sasampunipun sawatawis, sampeyan dalêm andhawuhakên dhumatêng abdi dalêm wadana èstri, animbali pangantèn kakung, lêbêtipun kairid wadananipun putra santana dalêm kiwa têngên, kakanthi kaayap para bandara pangeran putra santana riya sadaya, sowan ing paningrat sawetaning sasana [sasa...]

--- 31 ---

[...na] parasêdya, sampeyan dalêm lajêng andhawuhakên dhumatêng wadananing putra santana dalêm, pangantèn ingandikakakên minggah ing sasana parasêdya, sasampunipun minggah kèndêl sawatawis, sampeyan dalêm andhawuhakên dhumatêng wadananing putra santana dalêm, pangantèn kadhawuhan majêng angabêkti ing sampeyan dalêm, saha pramèswari dalêm sakalihan, punapadene Kangjêng Ratu Madurêtna.

Bab: 33

Manawi pangantèn kakung sampun malêbêt, sadaya abdi dalêm ingkang mêntas andhèrèkakên pangantèn, sami anêtêpana bab kaping: 13 ing pacarangan lampah-lampah panggih sapêkên saha konduripun pangantèn.

Bab: 34

Sasampunipun pangantèn sami ngabêkti, saha pangantèn dalah ingkang ngirid nganthi ngayap sampun sami kaparingan wedang, wadananing putra santana dalêm, ingandikakakên andhawuhakên timbalan dalêm dhumatêng pangiriding pangantèn, pangantèn sami kalilan kondur dhumatêng dalêmipun piyambak-piyambak, lampah-lampahipun kados ing bab: 14, 15 ing pacarangan lampah-lampah panggih sapêkên saha konduripun pangantèn. Amung pangantèn putri Bandara Radèn Ayu Purnama Adiningrat kalilan ngaso dhumatêng langên katong.

Bab: 35

Nalika panggih saha sapêkêning pangantèn, pangagêmanipun para bandara pangeran putra santana riya, pêpatih dalêm, saha panganggenipun abdi dalêm wadana kaliwon, panèwu mantri kolonèl, litnan kolonèl mayor, kaptin, kados sowan Kêmis, prajurit ingkang anjajari ngurung-urung sarta lurah bêkêl jajar sami bakdan.

Abdi dalêm kaparak ingkang pancèn sikêp tamèng towok, waos, sami ngodhe [ngo...]

--- 32 ---

[...dhe] kemawon.

Bab: 36

Wiwit sadèrèngipun panggih ngantos sapêkênipun pangantèn, trapipun damêl para abdi dalêm sadaya, punapa sapamrayoginipun pêpatih dalêm, amung Radèn Ngabèi Purbadipura kapundhut kapêthil angladosi dandos sampeyan dalêm, nanging saos taksih kalilan.

Bab: 37

Para putra santana dalêm, saha para abdi dalêm, ingkang kasêbut ing sêrat pranatan lampah-lampah punika, botên tumrap dhumatêng ingkang sawêg Kêmis, ingkang anglampahi ayahan, ingkang sawêg anglampahi patrapan, utawi botên tumrap dhumatêng ingkang sampun kapêthil nyanggi damêl wontên ing karaton, tuwin ing kapatihan.

Bab: 38

Abdi dalêm garap, jaksa, pangrèh praja, saha pangadilan ing kadipatèn, punapadene abdi dalêm garap ing pangadilan dalêm surambi, kajawi dintên paningkah panggih saha sapêkêning pangantèn, botên kalilan angliburakên panggarapipun prakawis.

Ingkang nyêdhahi kangjêng tuwan residhèn, Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, sasêntananipun, tuwan militèr komandhan, tuwan asistèn residhèn, tuwan-tuwan upsir, antênar, madika, ing dintên paningkahipun pangantèn, saha prasabên angkatipun panggih tuwin angkatipun sapêkêning pangantèn, mawi dhumatêng ing paresidhenan, punika sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Wondene ingkang kautus prasabên saha anyêdhahi kangjêng tuwan residhèn, bandara pangeran putra dalêm kêkalih, mangagêm garêbêgan, ka[14]

 


angkaning. (kembali)
ing. (kembali)
putri. (kembali)
kaprênahakên. (kembali)
kusir. (kembali)
miwah. (kembali)
manggèn. (kembali)
bangsal. (kembali)
kalêbêt. (kembali)
10 sangajêng. (kembali)
11 kaliwon. (kembali)
12 kakung. (kembali)
13 ampilanipun. (kembali)
14 Halaman selanjutnya hilang. (kembali)