Lampah-lampah Kramanipun Putri-dalêm P. B. X, Persatoean, 1936, #834

JudulCitra
Terakhir diubah: 12-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Pranatan lampah-lampah kramanipun putri-dalêm Bandara Radèn Ajêng Kusdinah, Katarimakakên Radèn Tumênggung Padmadipura, Abdi Dalêm Bupati Anom Kadipatèn Anom Anon-anon.

--- [0] ---

Ijab Paningkahipun Wanci jam: 11 siyang langkung: 10 mênit, wontên ing kadhaton, panggihipun wontên ing kapatihan ing dintên Sênèn Wage tanggal kaping: 10 wulan Saban, Alip: 1867. Utawi kaping 26 Oktobêr 1936.

--- 1 ---

Pêthikan Isinipun Sêrat Pranatan Lampah-lampah Kramanipun Putri Dalêm | Tarub ... kaca: 3 | Sêngkêran ... kaca: 3 | Panyêngkêripun badhe pangantèn kakung ... kaca: 4 | Panyêngkêripun badhe pangantèn putri ... kaca: 5 | Pasowanan sêngkêran ... kaca: 6 | Wiyos dalêm ... kaca: 6 | Pamasrah dalêm paningkah ... kaca: 7 | Midadarèni ... kaca: 8 | Ijab paningkahing pangantèn ... kaca: 8 | Wiyos dalêm ijab paningkahing pangantèn ... kaca: 10 | Panggihipun Pangantèn ... kaca: 13 | Lêbêtipun panêbus ... kaca: 14 | Pasowanan panggihing pangantèn ... kaca: 14 | Wiyos dalêm tuwin pangantèn ... kaca: 21 | Sowanipun pangantèn ngabêkti malêbêt, mangkat saking dalêmipun piyambak ... kaca: 24 | Caranganipun pranatan bab kaping: 19: lampah-lampahipun abdi dalêm ingkang sami andhèrèkakên panggihing pangantèn ... kaca: 26 | Sapêkênipun pangantèn ngabêkti malêbêt, saking ing dalêmipun ... kaca: 31 | Urut-urutaning lampah ... kaca: 32 | Wiyos dalêm ... kaca: 34.

--- 2 ---

Sêrat Pranatan Lampah-lampah Kramanipun Putri Dalêm, Bandara Radèn Ajêng Kusdinah, Katarimakakên Radèn Tumênggung Padmadipura, Abdi Dalêm Bupati Anom Kadipatèn Anom Anon-anon

Ijab paningkahipun wontên salêbêting kadhaton, panggihipun wontên ing dalêm kapatihan kados adat, benjing ing dintên Sênèn Wage tanggal kaping: 10 wulan Saban, ing taun Alip, angkanipun ing warsa: 1867. Utawi kaping: 26 Oktobêr 1936.

--- 3 ---

Pranatan Lampah-lampah Kramanipun Putri Dalêm, Bandara Radèn Ajêng Kusdinah, Katarimakakên Radèn Tumênggung Padmadipura, Abdi Dalêm Bupati Anom Kadipatèn Anom Anon-anon, Anakipun Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Widaningrat.

Ijab paningkahipun wontên salêbêting kadhaton, panggihipun wontên ing dalêm kapatihan kados adat, benjing ing dintên Sênèn Wage tanggal kaping: 10 wulan Saban, ing taun Alip, angkanipun ing warsa: 1867. Utawi kaping: 26 Oktobêr 1936. Lampah-lampahipun kados ing ngandhap punika:

Bab: 1 Tarub

Ing dintên Kêmis tanggal kaping: 6 wulan Saban, abdi dalêm ngajêng anarubi saha anggêdhègi ing kadhaton, kados ta: ing langên katong, panggenan panyêngkêr badhe pangantèn kakung, sarta panyêngkêr badhe pangantèn putri dalêm, ing dintên Jumuwah tanggal kaping: 7 sasampuna rampung.

Bab: 2 Sêngkêran

Ing dintên Sabtu tanggal kaping: 8 wulan Saban, panyêngkêripun badhe pangantèn kakung putri.

Wanji[1] jam: 8 enjing, ing sasana parasêdya katatanan palênggahan dalêm kados manawi wontên tamu Walandi, kursi pisungsung saking para tuwan-tuwan, saha babut abrit kados adat sêngkêran. Ing sasana sewaka èmpèr ingkang kilèn katatanan pakêcohan, kados adat manawi sêngkêran, sarta kagungan dalêm saka ing sasana sewaka, tuwin ing sasana parasêdya, sasampuna dipun bikaki singêpipun.

Ing dalêm prabasuyasa sasampuna katatanan palênggahan babut saha gêlaran kados [ka...]

--- 4 ---

[...dos] adat sêngkêran, babutipun abrit, wiwit jarambah dumugi sasana parasêdya.

Kagungan dalêm gamêlan Kyai Kuthawindu, Windusana, gong Kyai Jagur, sasampuna sami katata wontên ing bangsal pradăngga, lajêng mungêl nguyu-uyu siyang dalu, ngantos dumugi panggihipun pangantèn. Manawi siyang wiwit jam: 10 dumugi sajêngkar dalêm lajêng kèndêl. Manawi dalu wiwit jam: 8 dumugi jam: 1 kèndêl.

Kagungan dalêm gamêlan Kyai Kadukmanis, sa-carabalènipun, Kyai Sêpêtmadu, gong Kyai Pradhah, sasampuna katata wontên ing paningrat kidul sasana sewaka. Kyai Manisrêngga sa-carabalènipun, Kyai Madupinasthika, gong Kyai Gurnita, katata wontên ing paningrat salèr sasana sewaka. Abdi dalêm niyaga, wiraswara, pasindhèn, pangêprak, badhud,[2] talèdhèk, kalawija mêtêngan, sasampuna sowan pêpak.

Abdi dalêm militèr orkès, mangangge ijêm, sasampuna sowan ing malige.

Bab: 3 Panyêngkêripun Badhe Pangantên Kakung

Nunggil ing dintên Sabtu, wanci jam: 9 enjing, abdi dalêm sêtap musik, sampuna sowan ing kapatihan, manggèn ing bale astha, abdi dalêm musik ingkang badhe anjajari, sasampuna sudhiya wontên ing alun-alun lèr paretan wetan.

Abdi dalêm bupati bêkêl lêbêt ingkang badhe ngirit, Kangjêng Radèn Mas Arya Purwadiningrat, ingkang badhe ngamping-ampingi bupati anom damêl: 2, Radèn Mas Arya Purwadarsana, Radèn Mas Tumênggung Wiryadipura. Ingkang badhe ngayap abdi dalêm bupati anom anon-anon: 2, Radèn Mas Arya Wrêksadipura, Radèn Mas Arya Sujanapura, sasampuna sowan ing kapatihan, panganggenipun kados sowan Kêmis, sabên dhatêng kaladosan srutu sigarèt.

Ing dintên Sabtu wau wanci jam: 9 enjing, sowanipun badhe pangantèn kakung Radèn Tumênggung Padmadipura, saking griyanipun dhumatêng kapatihan, dipun garêbêg kancanipun panèwu mantri lurah bêkêl jajar kadipatèn anom, sapanunggilanipun,

--- 5 ---

tuwin panèwu mantri suruhanipun piyambak, sami mangangge kados sowan Kêmis. Punapadene punggawanipun pabrik blimah, mangangge kados nalika miyos dalêm mariksani pabrik wau.

Wanci ngajêngakên jam: 10 siyang, bidhalipun saking kapatihan sowan malêbêt, dumugi ngajêng regol baleharja numpak kareta, Kyai Wimanarêtna, rakitan Ostrali sakawanan, kênèk kusir mangangge mêntèring cêmêng, bupati anom ingkang ngamping-ampingi nunggil kareta kalihan badhe pangantèn, panèwu mantri ugi kalilan numpak kareta, udhunipun sadaya wontên sakilèn paretan wetan, panèwu mantri lajêng anjajari, lampahipun mêdal supit urang ingkang wetan. Dumugi sajawining kori brajanala, panèwu mantri ingkang anjajari kèndêl, lajêng anggarêbêg, musik dumugi maderata lampah saha ungêlipun kèndêl, badhe pangantèn kalihan ingkang ngirit saha ngiringakên, lajêng sami anjujug ing pasowanan bangsal marakata. Abdi dalêm bupati ingkang caos lajêng mêlingakên abdi dalêm bupati èstri ingkang tampi, ngunjuki uninga ing saandhap sampeyan dalêm ingkang minulya ingkang wicaksana, manawi badhe pangantèn sampun sowan. Sasampunipun wontên dhawuh dalêm animbali badhe pangantèn, bupati èstri lajêng ngirit badhe pangantèn, kapasrahakên dhumatêng wadananipun putra santana dalêm, lajêng kasowanakên wontên ing ngèmpèr nguntarasana. Dene para bupati sarta bupati anom, panèwu mantri sapanunggilanipun, saha musik ingkang mêntas anjajari wau, lajêng kalilan bibaran, bupati bêkêl lêbêt lapuripun dhumatêng kapatihan, kalilan kawrat ing sêrat.

Bab: 4 Panyêngkêripun Badhe Pangantèn Putri

Nunggil ing dintên Sabtu, wanci jam: 9 enjing, para priyantun dalêm saha êmbok-êmbok dalêm, abdi dalêm badhaya saha abdi-dalêm bupati èstri sapangandhap, dhumatêng têngganipun priyantun dalêm Radèn Ayu Pandamrukmi, wontên tênggan wau botên kalilan mawi sêgah punapa-punapa, kalilanipun amung nyêgah wedang saha tarcis. Wanci jam: 10, putri dalêm wau lajêng kadhèrèkakên sowan dhumatêng sasana dayita, [da...]

--- 6 ---

[...yita,] saha lajêng kairit pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Hêmas, kasêngkêr malêbêt ing dalêm prabasuyasa, kadhèrèkakên garwanipun para bandara kangjêng pangeran putra santana, sarta rabinipun[3] abdi dalêm bupati-bupati anom, mayor. Manawi sampun sawatawis dangunipun wontên ing prabasuyasa, putri dalêm lajêng kaprênahakên kasêngkêr wontên sakilèn krobong, ingkang andhèrèkakên wau lajêng sami kalilan bibaran, rabinipun abdi dalêm bupati, bupati anom, mayor, kajawi ingkang kapêthil wontên ing kapatihan, utawi ingkang anggantung damêl, lajêng sami wiwit tugur giliran.

Bab: 5 Pasowanan Sêngkêran

Wanci jam: 1/2 10 enjing para bandara kangjêng pangeran putra, santana, riya nginggil, golongan kiwa têngên, sowan kados adat sêngkêran, mangagêm kados sowan ing dintên Kêmis,[4] santana riya ngandhap, panji wayah buyut, golongan kiwa têngên, mangangge kados sowan Kêmis, sowan ing palataran kados adat sêngkêran.

Abdi dalêm bupati ordhênas sakarerehanipun, punapadene abdi dalêm bupati anom kadipatèn jawi lêbêt, sarkarèhanipun,[5] sarta abdi dalêm panèwu mantri gêdhong sapangandhap, sami sowan ing palataran kados adat, mangangge kados sowan Kêmis.

Bab: 6 Wiyos Dalêm

Tumuntên sampeyan dalêm ingkang sinuhun, ingkang minulya, saha ingkang wicaksana, kangjêng susuhunan, miyos[6] lênggah ing sasana parasêdya, ampilan dalêm talêmpak Kangjêng Kyai Sawa Bandhong Dhadhapan, towok Kangjêng Kyai Birawa Pêksawani, sabêt Kangjêng Kyai Jangrana, rotan Kangjêng Kyai Pamuk, tamèng Bèlgi, manggèn kados adat. Sampeyan dalêm ingkang minulya, ingkang wicaksana lajêng andhawuhakên dhumatêng abdi dalêm bupati èstri, animbali wadananing putra santana dalêm ngirit badhe pangantèn, lajêng sami majêng, bandara kangjêng pangeran sadaya sami sowan ing

--- 7 ---

sasana sewaka èmpèr ingkang kilèn, lajêng lumados srutu sigarèt, ingkang ngladosakên abdi dalêm ordhênas lurah, amung ing ngarsa dalêm ingkang ngladosakên abdi dalêm bupati anom, tumuntên matayanipun lêlangên dalêm badhaya, Batak dèn Rara Thipluk, gêndhing Sukaharja, salêbêtipun badhayan lumados minuman, bibar badhayan, sampeyan dalêm ingkang minulya, ingkang wicaksana andhawuhakên dhumatêng wadananing putra santana dalêm, ngirit badhe pangantèn dhumatêng langên katong, kanthi para bandara kangjêng pangeran putra santana riya golongan kiwa têngên sadaya.

Sawatawis sampeyan dalêm ingkang minulya ingkang wicaksana, lajêng jêngkar angadhaton, kaurmatan kados adat, sadaya ingkang sowan kalilan bibaran.

Bab: 7 Pamasrah Dalêm Paningkah

Sontênipun dados malêm Akat[7] tanggal kaping: 9 wanci jam: 9, abdi dalêm Kangjêng radèn pangulu, abdi dalêm bupati anom juru suranata, katib[8] : 2, sasampuna sami sowan wontên ing masjid Pudyasana. Manawi sampeyan dalêm ingkang sinuhun, ingkang minulya, saha ingkang wicaksana, kangjêng susuhunan, sampun lênggah ing argapura, abdi dalêm bupati èstri kautus animbali abdi dalêm Kangjêng radèn pangulu sakancanipun wau. Manawi sampun sowan ing ngarsa dalêm, sampeyan dalêm ingkang sinuhun, ingkang minulya saha ingkang wicaksana, kangjêng susuhunan, lajêng andhawuhakên dhumatêng abdi dalêm Kangjêng radèn pangulu, maringakên pasrah paningkahipun putri dalêm badhe pangantèn, sarampungipun, abdi dalêm Kangjêng radèn pangulu sakancanipun lajêng kalilan mundur.

Bab: 8

Ing dintên Akat tanggal kaping: 9 wanci jam: 9 enjing, abdi dalêm kalang, undhagi saha grêji, masang palênggahan dalêm bale bukasri, majêng mangetan, babut biru ...

Kangjêng Radèn Mas Arya Wiryadiningrat, kanthi abdi dalêm anggong, nata kagungan dalêm gamêlan Kyai Kadukmanis, Manisrêngga, sa-carabalènipun Kyai Sêpêtmadu, Madupinasthika, gong Kyai Pradhah, Kyai Gurnita, katata wontên paningrat sakidul [sa...]

--- 8 ---

[...kidul] sasana sewaka, kapalih wetan kilèn, saha kagungan dalêm gamêlan Kodhokngorèk Kasêpuhan, katata wontên ing bangsal marcukundha.

Pangagêng măndrasana, kanthi abdi dalêm niti, jagapatra, brêsih pura, anggêlari babut saha gêlaran sapanunggilanipun ing dalêm prabasuyasa, saha ing pandhapi sasana sewaka.

Bandara Kangjêng Pangeran Arya Natadiningrat, Kangjêng Pangeran Panji Singasari, Kangjêng Pangeran Panji Suryadipura, Radèn Mas Arya Atmaja, Radèn Mas Arya Natadilaga, kanthi abdi dalêm panakawan rênggapura, panakawan sewaka, nata palênggahan kursi, dene palênggahan dalêm dhampar salaka Kyai Maesadanu.

Bab: 9 Midadarèni

Ing dintên Akat sontên midadarèni, abdi dalêm bupati anom juru suranata, sakarerehanipun wanci jam: 8, sasampuna sami sowan wontên ing masjid Pudyasana, badhe ngêpang hajat dalêm wilujêngan pangantèn, mêjêmukan, ingkang andongani abdi dalêm bupati anom juru suranata.

Ugi Akat sontên wau, wanci jam: 8, para kangjêng[9] pangeran putra saha sadhèrèk dalêm, sarta mantu-dalêm, abdi dalêm Kangjêng radèn pangulu, tuwin para bupati-bupati anom ingkang kapatah nyanggi damêl wontên ing kapatihan, sami sowan ing kapatihan mêjêmukan, dhaharipun wontên ing meja, manggèn ing paringgitan, ingkang andongani abdi dalêm Kangjêng radèn pangulu, bupati, bupati anom mangangge kanigaran rasukan sakèt pêthak.

Bab: 10 Ijab Paningkahing Pangantèn

Ing dintên Sênèn Wage tanggal kaping: 10 wanci jam: 9 enjing, abdi dalêm bupati ordhênas sakarerehanipun, abdi dalêm panèwu mantri gêdhong garap karaton sapangandhap, sowan ing palataran, ordhênas Walandi, panakawan sewaka ingkang badhe ngladosi, sadaya sasampuna sami sowan, sami mangangge kados tingalan dalêm wiyosan taun.

--- 9 ---

Abdi dalêm bupati anom kadipatèn anom lêbêt, sakarerehanipun, panji ordhênas, gindês, ajidan, kanoman, panakawan, sasampuna sowan ing palataran, mangangge kados tingalan dalêm wiyosan taun.

Abdi dalêm bupati anom kadipatèn anom jawi, sakarerehanipun panèwu, mantri lurah bêkêl jajar, sasampuna sowan ing palataran, mangangge kados tingalan dalêm wiyosan taun.

Abdi dalêm militèr orkès saungêl-ungêlanipun, sasampuna sowan wontên ing sasana andrawina, mangangge pameran.

Abdi dalêm niyaga, wiraswara, talèdhèk, kalawija mêtêngan, sasampuna sowan.

Abdi dalêm prajurit tamtama sa-èskadron, mangangge grutni, sikêp sanjata, tindhih mayor, mawi pandhêl pameran Kyai Blodir, baris wontên palataran wetan, mayor songkokan, badhe drèl, musik wontên têngah-têngahing baris.

Abdi dalêm prajurit taruna kêmbang, ingkang agêng-agêng, sa-èskadron, mangangge grutni, mawi pandhêl Kyai Gringsing, baris wontên palataran êlèr, sikêp sabêt, ngiras jagi.

Abdi dalêm prajurit jayèngastra, sa-èskadron, mangangge grutni, tindhih mayor pandhêl pameran, sikêp sanjata, baris wontên palataran srimanganti, badhe drèl, mayor songkokan.

Abdi dalêm prajurit jayatanantaka, sakumpêni, mangangge grutni tindhih mayor, mawi pandhêl pameran, baris wontên kamandhungan, sikêp gêwir mawi musik.

Abdi dalêm prajurit trunasura, sakumpêni, sikêp gêwir, mangangge grutni, tindhih mayor mawi pandhêl pameran, baris wontên bangsal sasana sumewa sisih kilèn, mawi bataliyun musik.

Abdi dalêm prajurit jagasura, saplêtun, tindhih kaptin, badhe ngungêlakên kalantaka, Kyai Guntur, Kyai Gêni, sudhiya kados adat.

Wanci jam 1/2 10 enjing pêpatih dalêm, saha abdi-dalêm bupati-bupati anom jawi lêbêt saanon-anonipun, bupati juru kunci Imagiri, saha bupati-bupati anom pangrèh praja sadaya, abdi dalêm Kangjêng radèn pangulu sakancanipun, [sakancani...]

--- 10 ---

[...pun,] saha abdi dalêm panèwu mantri jawi lêbêt saanon-anonipun, pangrèh praja sapanunggilanipun, tumrap salêbêting nagari, sami sowan wontên ing bangsal marakata kados adat, mangangge garêbêgan.

Komandhanipun abdi dalêm prajurit Bandara Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, sarta twèdhê Komandhan Kangjêng Pangeran Panji Cakrakusuma, mayor kaptèn upsir, ingkang botên nindhihi baris, sami sowan ing bangsal marcukundha kados adat, mangangge garêbêgan.

Para bandara kangjêng pangeran putra santana riya nginggil, sami sowan ing ngèmpèr nguntarasana, mangagêm garêbêgan. Ingkang badhe ngayap nganthi ngirit pangantèn kakung, ingkang sampun kapatah dening wadananing putra santana dalêm, sasampuna sowan wontên ing pandhapa langên katong.

Garwanipun para bandara kangjêng pangeran putra santana, sasampuna sami marak ing dalêm prabasuyasa. Abdi dalêm santana riya ngandhap, saha[10] panji wayah buyut, sasampuna sowan ing palataran, mangangge kados tingalan dalêm wiyosan taun.

Hajat dalêm sasampuna katata wontên ing pamagangan, abdi dalêm panèwu mantri lurah jajar ngajêng sasikêpipun, sami sowan pêpak wontên ing pamagangan, badhe ambêkta saha ngapit-apit hajat dalêm.

Bab: 11 Wiyosan Dalêm Ijab Paningkahing Pangantèn

Wanci jam: sampeyan[11] dalêm ingkang sinuhun, ingkang minulya, saha ingkang wicaksana kangjêng susuhunan, miyos ing sasana sewaka, kaurmatan kados adat.

Ampilan dalêm kados tingalan dalêm wiyosan taun, namung botên mawi ampilan kadipatèn.

Para bandara kangjêng pangeran putra santana saha riya nginggil, mandhap ngapurancang, lêbêtipun kangjêng tuwan guprênur mêthuk dhumatêng srimanganti kados adat.

Wanci jam: 1/2 11 siyang, kangjêng tuwan guprênur malêbêt ing karaton, kadhèrèkakên kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara sasêntananipun ingkang

--- 11 ---

kagungan pangagêman militèr, saupsiripun lèsiyun, saha tuwan militèr komandhan sakêkancanipun[12] upsir, para tuwan, asistèn residhèn, tuwan presidhèn Landrad, tuwan sèkrêtaris, tuwan juru basa, amtênar lan irmardika, kaptin Cina, litnan Arab, pakurmatanipun kados adat. Pêpatih dalêm, saha abdi dalêm bupati-bupati anom, komandhan sarta twèdhê komandhaning abdi dalêm prajurit, mayor kaptèn upsir, ingkang botên nindhihi baris, abdi dalêm Kangjêng radèn pangulu sakancanipun, abdi dalêm panèwu Walandi,[13] sami sowan malêbêt.

Pêpatih, dalêm komandhan twèdhê komandhan, sowan ing sasana sewaka. Abdi dalêm Kangjêng radèn pangulu, abdi dalêm bupati, mayor, riya ngandhap, bupati anom, kaptin upsir, sowan ing paningrat, abdi dalêm panèwu mantri sowan ing palataran sakidul panggung.

Sasampunipun ingkang sowan sami tata, saha pakurmatan sampun kèndêl, abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt majêng ing ngarsa dalêm, tumuntên sampeyan dalêm ingkang minulya, ingkang wicaksana dhawuh dhumatêng pêpatih dalêm Jayanagara, timbalana pangantène, manawi pêpatih dalêm sampun anampèni dhawuh dalêm, tumuntên dhawuh dhumatêng abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt, animbali badhe pangantèn, abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt lajêng animbali badhe pangantèn dhumatêng langên katong, ingkang nyumbul abdi dalêm bupati anom damêl jawi ingkang sêpuh ing damêl: 1, bupati anom anon-anon ingkang sêpuh ing damêl: 1. Pangantèn lajêng kairit majêng sowan ing ngarsa dalêm badhe kaijabakên, abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt tuwin bupati anom ingkang nyumbul, lajêng manggèn nunggil golonganipun.

Sampeyan dalêm ingkang minulya ingkang wicaksana lajêng andhawuhakên dhumatêng pêpatih dalêm, angajêngakên pangantèn. Pêpatih dalêm tumuntên andhawuhakên dhumatêng kangjêng pangeran ingkang ngirit, pangantèn Radèn Tumênggung Padmadipura kaajêngakên ing ngarsa dalêm, dene ingkang ngirit pangeran santana: 1. Ingkang nganthi riya nginggil: 2. Ingkang ngayap riya ngandhap: 2. Ingkang tumut majêng amung ingkang ngirit nganthi. Pêpatih dalêm saha komandhan, ugi lajêng majêng ing ngarsa dalêm, akalihan abdi dalêm Kangjêng radèn pangulu, sarta abdi dalêm bupati anom juru suranata, abdi dalêm katib kalih sami [sa...]

--- 12 ---

[...mi] andhèrèk majêng, sadaya linggihipun wontên ing ngandhap, abdi dalêm katib sanèsipun saha ngulama Muhtar, sami sowan majêng sacêlakipun paningrat, badhe angamini. Abdi dalêm bupati, mayor, riya ngandhap, lajêng minggah dhumatêng sasana sewaka linggih ngandhap. Bupati anom, kaptin upsir, lajêng majêng linggih ngandhap sangajênging kursi palinggihanipun abdi dalêm bupati. Panji wayah buyut sami majêng dhumatêng paningrat sasana sewaka ingkang lèr, sampeyan dalêm ingkang minulya ingkang wicaksana lajêng andhawuhakên dhumatêng abdi dalêm Kangjêng radèn pangulu aningkahakên.

Sasampuning pragad paningkah, pangantèn lajêng ngabêkti ing sampeyan dalêm ingkang minulya ingkang wicaksana, saha tabean akalihan kangjêng tuwan guprênur.

Sarampunging paningkahipun, pêpatih dalêm wangsul ing kursi pasowananipun. Abdi dalêm Kangjêng radèn pangulu sakancanipun sami mêdal dhumatêng bangsal marakata. Sampeyan dalêm ingkang minulya ingkang wicaksana lajêng paring sasmita dhumatêng abdi dalêm bupati anom kaparak, andhawuhakên ungêlipun gamêlan Kodhokngorèk dhumatêng abdi dalêm kabayan niyaga, ingkang sudhiya wontên kori srimanganti êlèr, aparing sasmita dhumatêng abdi dalêm bupati anom gêdhong, andhawuhakên wiyosipun hajat dalêm dhumatêng abdi dalêm ngajêng, ingkang sampun sudhiya wontên ing kori srimanganti kidul.

Tumuntên abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt majêng ing ngarsa dalêm, sampeyan dalêm ingkang minulya ingkang wicaksana dhawuh dhumatêng pêpatih dalêm Jayanagara, undurna pangantène, pêpatih dalêm lajêng dhawuh dhumatêng abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt, andhawuhakên ngundurakên pangantèn, unduripun pangantèn kaurmatan militèr orkès sarta musik, gêndhing marês pangantèn, gamêlan boyong barang.

Sasampunipun pangantèn dumugi ing langên katong, bupati bêkêl sarta para bandara kangjêng pangeran ingkang ngirit nganthi ngayap pangantèn, sami wangsul sowan ing ngarsa dalêm.

Bab: 12

Sasampunipun ingkang sowan wangsul pêpak, lajêng lumados pangunjukan dalêm sampanyê. Bilih sampun waradin, kangjêng tuwan guprênur kundhisi, ngunjuk wilujêngipun pangantèn, kaurmatan ungêling musik saha drèlipun abdi dalêm prajurit tamtama

--- 13 ---

sakumpêni, ingkang baris wontên palataran: 3 rambahan. Kasambêtan drèlipun abdi dalêm prajurit jayèngastra, ingkang baris wontên srimanganti: 3 rambahan, saha lajêng kasauran ungêling kalantaka Kyai Guntur, Kyai Gêni, rambah kaping: 9 kados adat.

Sakèndêlipun ungêling kalantaka, tumuntên abdi dalêm bupati anom kaparak andhawuhakên dhumatêng kabayan niyaga, suwukipun gamêlan Kodhokngorèk. Sasampunipun rampung pakurmatan, kangjêng tuwan guprênur kondur, Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, kalihan para tuwan sapanunggilanipun, sami andhèrèkakên kados adat. Pêpatih dalêm, saha abdi dalêm bupati-bupati anom, komandhan sarta twèdhê komandhan, sakarerehanipun sami mêdal. Pêpatih dalêm, saha abdi dalêm bupati-bupati anom jawi sapanunggilanipun, sarta abdi dalêm pangulu sakancanipun, lajêng sowan ing bangsal sasana sumewa. Bupati-bupati anom lêbêt sagolonganipun, komandhan, twèdhê komandhan sakarerehanipun, sami wangsul ing pasowananipun bangsal marakata, tuwin bangsal marcukundha kados adat, tumuntên sampeyan dalêm ingkang minulya ingkang wicaksana, utusan abdi dalêm bupati èstri, andhawuhakên dhumatêng abdi dalêm bupati anom anggandhèk, matêdhakakên hajat dalêm, majêmukipun putri dalêm pangantèn, dhumatêng pêpatih dalêm. Sawingkingipun lampahing abdi dalêm anggandhèk, hajat dalêm. Tumuntên abdi dalêm bupati-bupati anom, panèwu mantri lêbêt ingkang sowan ing bangsal marakata. Sasampunipun rampung pangêpanging hajat, pêpatih dalêm saha abdi dalêm sadaya, sami kalilan bibaran. Manawi sampeyan dalêm ingkang minulya ingkang wicaksana sampun jêngkar, para bandara kangjêng pangeran putra santana, sarta para abdi dalêm ingkang sami sowan ing lêbêt sadaya, tuwin komandhan dalah twèdhê komandhan sakarerehanipun, sami kalilan bibaran.

Bab: 13 Panggihipun Pangantèn

Nunggil ing dintên Sênèn Wage, wanci jam: 3 siyang, ing kapatihan sasampuna mirantos pasang rakiting pasamuwan, pandhapi dipun palisiri gula klapa, saha wiwit [wi...]

--- 14 ---

[...wit] ing regol dumugi palêngkung pamedan, kiwa têngênipun dipun pasangi umbul-umbul, lêlayu bandera kapatihan, dalah gamêlanipun.

Kagungan dalêm kalantaka: 2, sasampuna kapasang wontên ing pamedan kapatihan, ingkang nampèni sarta ambêkta dhumatêng kapatihan, abdi dalêm mantri ngajêng: 2, sasikêpipun, ingkang mrênahakên pamasangipun, abdi dalêm upsir ajidan.

Wanci jam: 4 sontên, abdi dalêm sêtap musik sarta militèr orkès, manganggè pameran, sasampuna wontên ing kapatihan, militèr orkès wontên balè astha, musik wontên kopêl kaprênah saêlèr rikas, tilas subasana.

Bab: 14 Lêbêtipun Panêbus

Nunggil wanci jam: 4 sontên, abdi dalêm mantri ordhênas cacah: 8, tindhih panèwu, mangangge klanthungan, sinjang pandêlêgan, ikêt modang umpak latar pêthak, sabuk cindhe bara, kulambi atelah cêmêng, topi pètcis jêmêng,[14] srempang sindur, sasampuna wontên ing kapatihan, badhe andhèrèkakên panêbus, numpak kareta.

Wanci jam: 4 wau, lêbêtipun panêbus ingkang ngirit rabinipun abdi dalêm bupati: 1, rabinipun abdi-dalêm bupati anom: 1, ingkang ngampil abdi dalêm lurah bêkêl sêdhahan kapatihan, sami numpak kareta sudhiyan saking karaton, udhunipun wontên ing palataran kamandhungan, anjujug ing kori srimanganti, lajêng canthèl atur abdi dalêm bupati èstri, angunjuki uninga ing saandhap sampeyan dalêm ingkang minulya ingkang wicaksana, sasampunipun wontên dhawuhing timbalan dalêm ingandikakakên malêbêt lajêng marak pramèswari dalêm. Manawi panêbus sampun konjuk pramèswari dalêm, ingkang ngunjukakên saha ingkang ngampil panêbus wau lajêng kalilan mêdal dhumatêng kapatihan, abdi dalêm, ornênas[15] lajêng kalilan mundur bibaran.

Bab: 15 Pasowanan Panggihing Pangantèn

Nunggil ing dintên Sênèn Wagè tanggal kaping: 10, sapragading paningkah, saha sajêngkar dalêm, abdi dalêm lurah panandhon sasikêpipun, sasampuna nyudhiakakên joli: 1 wontên paningrat salèripun sasana parasêdya.

--- 15 ---

Nunggil dintên wau wanci jam: 1/2 5 sontên, abdi dalêm bupati-bupati anom jawi lêbêt, anon-anon saha pangrèh praja sadaya, tuwin panèwu mantri lurah bêkêl jajar jawi lêbêt, saanon-anonipun, kalêbêt panèwu mantri lurah bêkêl jajar kadipatèn tuwin pangrèh praja, kartipraja, agrarisêsakên, marêkwèsên, pananggap sapanunggilanipun, namung tumrap salêbêting nagari, sasampuna sami sowan pêpak. Abdi dalêm bupati-bupati anom sadaya, saha panèwu mantri golongan têngên, sami anjujug ing pasowanan bangsal marakata. Panèwu mantri jawi sapanunggilanipun saha lurah bêkêl jajar, sami anjujug ing bangsal sasana sumewa. Rabinipun[16] abdi dalêm bupati-bupati anom sadaya, sami sowan ing kapatihan, abdi dalêm gêdhong ingkang badhè ngampil kêmbarmayang saha dawêgan, satindhihipun, sasampuna sowan ing palataran sangajêng nguntarasana. Abdi dalêm kaparak ingkang badhe nongsongi pangantèn kakung putri, sasampuna nyuwun ampilan songsong dhumatêng gêdhong mardiwarna, lajêng manggèn ing kamandhungan, abdi dalêm panèwu mantri ngajêng sasikêpipun: 4, sasampuna sowan malêbêt wontên sakilèn sasana andrawina. Sasampunipun anampèni bêbêktaning pangantèn putri, lajêng katata wontên ing prahoto ingkang sampun sudhiya wontên ing pamagangan, lajêng ngrumiyini kairit abdi dalêm ngajêng sasikêpipun, tumut numpak prahoto wau. Dene abdinipun pangantèn putri sadaya ingkang botên ngampil upacara, ugi lajêng ngrumiyini kairit abdi dalêm panèwu mantri bêkêl jajar karaton, dhumatêng kapatihan.

Abdi dalêm bupati anom panèwu mantri lurah bêkêl jajar panêgar gamêl, gajah mati, saha pakathik baki, sasampuna nyudhiyakakên titihan dalêm kapal, badhe tumpakanipun pangantèn, wontên ing palataran kamandhungan.

Abdi dalêm bupati èstri sapanêkaripun, abdi dalêm sêdhahan miji, ingkang badhe ngampil upacara, sasampuna pêpak wontên ing paningrat sawetaning sasana parasêdya, lubèripun mangidul.

Abdi dalêm prajurit jayatanantaka sakumpêni, trunasura sakumpêni samusikipun tindhih mayor: 2, sapandhêlipun, mayor numpak kapal.

--- 16 ---

Abdi dalêm prajurit jagasura: 50 tindhih kaptin, ingkang badhe drèl saha ngungêlakên kalantaka dhumatêng kapatihan, sudhiya wontên saêlèring waringin kurung.

Abdi dalêm prajurit miji pinilih sa-èskadron, sikêp sabêt, tindhih ritmistêr, mawi slomprèt. Prajurit wira utama sa-èskadron, sikêp waos tindhih kaptin, sami baris sêsiyungan asêlang-sêling, wiwit ing supit urang mangalèr panjangipun: 200 tindak sisih, godhagipun: 20 tindak, badhe lajêng kaurung-urung.

Sikêp ngajêng ingkang ambêkta obor, tindhih kabayan, nunggila wontên sajawining prajurit ingkang sêsiyungan, sapalih wontên kilèn, sapalih wontên wetan, urut-urutanipun ingkang sami godhagipun.

Abdi dalêm panakawan panyutra sagamêlanipun carabalèn, prajurit sasampuna wontên ing kamandhungan badhe tayungan wontên sangajêng pangurung-urung sawingkingipun prajurit jawi ingkang anjajari.

Abdi dalêm mantri garaping kabupatèn jawi lêbêt anon-anon sakancanipun, mangangge prajuritan, sasampuna sowan ing alun-alun, jagi kèngkènanipun abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt, saha nata jajaran sapanunggilanipun.

Bab: 16

Nunggil wanci jam: 4 sontên, bandara kangjêng pangeran putra santana ingkang badhe ngirit kanthi ajêngipun pangantèn dhumatêng sasana parasêdya, sasampuna sowan anjujug ing langên katong. Wadananing putra santana dalêm kiwa têngên, para kangjêng[17] pangeran putra saha ingkang ngirit nganthi ngayap dhumatêng kapatihan, sowan ing ngèmpèr nguntarasana, sami mangagêm basahan rasukan sikêpan agêng cêmêng, dene pangagêmanipun para putra ingkang badhe ngirit nganthi ngayap pangantèn, putri dalêm kalilan sumêkanan, para mantu dalêm taksih kampuhan nanging kalilan amung kampuhan ubêd-ubêd kados manawi sowan malêbêt wontên tamu Walandi, sadaya rasukanipun sami kabayak panjang burdiran.

Santana riya panji wayah buyut, abdi dalêm bupati ordhênas sakancanipun panèwu mantri, ordhênas lurah, bêkêl panèwu panakawan, panji ordhênas, gindês, kanoman, [ka...]

--- 17 ---

[...noman,] ajidan, panakawan kadipatèn, saha abdi dalêm upsir ingkang botên nyanggi damêl, sasampuna sowan ing palataran kados adat.

Twèdhê komandhaning abdi dalêm prajurit, mayor kaptin, sami sowan ing bangsal marcukundha.

Komandhaning abdi dalêm prajurit, sowan ing kapatihan wanci jam: 1/2 6 sontên.

Bab: 17

Wanci jam: 1/2 5 sontên, abdi dalêm mayor ingkang sêpuh ing damêl, ingkang dados tindhihing lampah sakancanipun, sarta abdi dalêm mantri garaping kabupatèn jawi lêbêt saanon-anonipun, lajêng nata abdi dalêm ingkang badhe anjajari, ngiring ngayap saha ngurung-urung pangantèn, panatanipun wau kados kanthinipun lampah-lampah punika, sarampungipun lajêng lapur dhumatêng abdi dalêm bupati bêkêl.

Abdi dalêm prajurit jayasura sakumpêni tindhih kaptin, abdi dalêm prajurit jagabraja sakumpêni tindhih kaptin, pandhêl padintênan, sasampuna rakit baris an'ai kiwa têngên, wiwit ing kori brajanala dumugi kori supit urang ingkang kilèn.

Pacalang panyomprèt: 4 sasampuna wontên ing srimanganti, kamandhungan, sitiinggil, saha ing alun-alun.

Prajurit prawiranom sa-èskadron, sikêp sabêt, tindhih ritmistêr, baris an'ai kiwa têngên, wiwit ing kamandhungan dumugi kori brajanala.

Abdi dalêm prajurit jayèngastra sa-èskadron, sikêp sabêt, tindhih ritmistêr, baris wontên ing srimanganti, pandhêl padintênan, mangangge bakdan tanpa rasukan.

Abdi dalêm prajurit tamtama sa-èskadron, tindhih ritmistêr, mangangge bakdan tanpa rasukan, sowan ing palataran.

Sasampuning rampung panatanipun, abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt canthèl atur bupati èstri, angunjuki uninga ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana, kangjêng susuhunan, saha nyuwun lilah sowan malêbêt sakancanipun abdi dalêm bupati-bupati anom.

--- 18 ---

Bab: 18

Wanci jam: 1/2 6 sontên, sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana, kangjêng susuhunan, miyos lênggah ing prabasuyasa, jarambah ingkang wetan, agêm dalêm panunggul kanigara, botên ngagêm rasukan, nyamping truntum, paningsêt sindur mas, sakalihan pramèswari dalêm, sampeyan dalêm ingkang minulya ingkang wicaksana, lajêng andhawuhakên dhumatêng abdi dalêm bupati èstri, animbali bandara kangjêng pangeran putra saha pangantèn, tuwin para bandara kangjêng pangeran ingkang ngirit nganthi ngayap, sadaya sowan ing paningrat kados adat. Manawi sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya, saha ingkang wicaksana, kangjêng susuhunan sampun miyos, abdi dalêm bupati èstri lajêng ngirit sowanipun malêbêt abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt, bupati-bupati anom, mayor kaptin, lajêng sowan ing paningrat salèring sasana sewaka, wingkingipun para kangjêng pangeran, pangantèn kakung ngandikan[18] majêng, kakanthi kaayap para bandara kangjêng pangeran putra santana, minggah ing sasana parasêdya, pangantèn kakung putri lajêng ngabêkti sampeyan dalêm ingkang minulya ingkang wicaksana, saha pramèswari dalêm.

Sasampunipun pangantèn sami ngabêkti, abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt, mêdal dhumatêng ing srimanganti, andhawuhakên ungêlipun salomprèt pacalang, panakawan panyutra wiwit lumampah nanging botên tayungan.

Sawêdalipun abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt, ing wanci jam: 6 sontên, pangantèn putri lajêng nitih joli, pangantèn kakung malampah wontên sangajêngipun jolining garwanipun, kairit kakanthi kaayap saha kairing para bandara kangjêng pangeran putra santana, ingkang sampun kapranata utawi kapatah dening wadananing putra santana dalêm, manawi pangantèn kakung dumugi kori srimanganti, lajêng nampèni waos ingkang dipun ampil abdi dalêm kaparak, kapandhi ngantos dumugi panggenan badhe panumpakipun kapal. Dene para abdi dalêm bupati-bupati anom, mayor upsir ingkang ngamping-ampingi pangantèn, kados pratelan kanthinipun lampah-lampah punika.

Manawi sampun dumugi maderata kamandhungan, pangantèn kakung nampèkakên waos [wa...]

--- 19 ---

[...os] pandhenipun dhumatêng abdi dalêm kaparak, lajêng numpak kapal, wontên sawingkingipun jolining garwanipun.

Bab: 19

Sawêdalipun pangantèn saking palataran, santana riya panji wayah buyut, abdi dalêm, ordhênas, panèwu mantri lurah bêkêl jajar, panakawan ingkang sami sowan ing palataran, saha upsir ingkang amung sowan, sami andhèrèkakên wêdaling pangantèn, patrapipun angurung-urung joli, saha ngurung-urung pangantèn kakung, dumugi panggenan panumpakipun kapal pangantèn kakung, kèndêl.

Para bandara kangjêng pangeran putra santana, ingkang botên nyanggi damêl ngirit nganthi ngiringakên pangantèn, sarta abdi dalêm bupati bêkêl jawi lêbêt, bupati-bupati anom, mayor kaptin, sami kalilan angrumiyini dhumatêng kapatihan, ingkang kagungan garwa kalilan ngampiri garwanipun.

Bab: 20

Manawi pangantèn kakung sampun numpak kapal, para bandara kangjêng pangeran putra santana, ingkang kapatah ngirit nganthi ngayap pangantèn, lajêng sami kalilan angrumiyini dhumatêng kapatihan. Abdi dalêm bupati-bupati anom, mayor kaptin upsir ingkang ngamping-ampingi, samasa sampun dumugi supit urang, kalilan angrumiyini ngêntosi wontên ing regol kapatihan.

Bab: 21

Sadèrèngipun pangantèn dumugi ing kapatihan, para tamu ingkang dipun sêdhahi sasampuna sami wontên ing kapatihan.

Bab: 22

Manawi pangantèn sampun dumugi ing kapatihan, pangantèn kakung mandhapipun saking kapal wontên balerata ngajêng pandhapa. Kapal ingkang mêntas dipun tumpaki pangantèn kakung kasingkirakên dhumatêng balerata salèr baleharja. Pangantèn lajêng minggah nisih mangetan, wontên pananggap sacêlaking sakaguru pandhapa majêng mangilèn. Joli dumugi pandhapa kèndêl sumèlèh, pangantèn putri lajêng kaandhapakên saking joli, para bandara kangjêng pangeran putra santana sami nampèni saha ngamping-ampingi, [ngamping-a...]

--- 20 ---

[...mpingi,] ngantos dumugi ing kori agêng. Sasampunipun pangantèn putri wontên ing kori agêng, pangantèn kakung kaayap majêng dhumatêng sangajênging kori, lajêng kapanggihakên. Pangantèn kakung putri sasampunipun kapanggihakên, lajêng dhatêng ing ngajêng patanèn, pangantèn kakung mawi mondhong.

Sampunipun[19] panggih sarta sasampuning sami tata lênggah, abdi dalêm bupati èstri andhawuhakên timbalan dalêm, dhumatêng pangantèn kakung. Tumuntên pangantèn kapangku, ingkang mangku bandara Kangjêng Pangeran Angabèi, ingkang nakèni Radèn Ayu Angabèi.

Sarampunging pamangku lajêng kacar-kucur, sarampunging kacar-kucur, pangantèn mêdal dhatêng sangajênging kori agêng, lênggah ing kursi, ngêntosi waradinipun lumadosing sampanyê. Sasampunipun waradin, pangantèn jumênêng sangajênging kursi, lajêng ngunjuk kundhisi rambah kaping kalih, ingkang sapisan ngunjuk wilujêng panggihing pangantèn, ingkang kaping kalih ngunjuk wilujêngipun kangjêng tuwan guprênur, saha para tamu. Sarampungipun kundhisi, pangantèn lajêng lênggah ing dalêm, saantawis lajêng salin pangagêman, lajêng wangsul lênggah ing dalêm malih.

Bab: 23

Nalika panggihipun pangantèn wau, abdi dalêm prajurit jayatanantaka saha trunasura ingkang baris wontên palataran, urmatipun amung ungêling tambur salomprèt, sarampungipun panggih, ngunjuk wilujênging pangantèn, lajêng urmat drèl tigang rambahan, kasauran ungêling kalantaka rambah kaping: 9. Sarampungipun urmating abdi dalêm prajurit, kagungan dalêm joli saha titihan dalêm: ingkang mêntas dipun titihi pangantèn, kakondurakên, abdi dalêm ingkang sami ngayap ngurung-urung anjajari pangantèn, kajawi ingkang kapêthil nyanggi damêl wontên ing kapatihan, saha kajawi abdi dalêm bupati-bupati anom, komandhan, twèdhê komandhan, mayor, kaptin, sadaya kalilan bibaran.

Bab: 24

Pangantèn kakung putri lajêng sami ngabêti[20] para sêpuh, ingkang pantês dipun ngabêktèni, sarampungipun ngabêkti, saha sasampunipun lênggahan sawatawis, sadaya lajêng bibaran. Pangantèn lajêng lênggah dhahar kalimah wontên ing kamar.

--- 21 ---

Bab: 25

Abdi dalêm bupati-bupati anom, mayor, kaptin, abdi dalêm tuwan-tuwan, unduripun manawi sampun dipun dhawuhi pêpatih dalêm. Sakunduripun kangjêng tuwan guprênur saha para tamu sanèsipun, lajêng bibaran, botên mawi lênggahan.

Bab: 26

Wadananipun putra santana dalêm, kalilan matah bandara kangjêng pangeran putra dalêm, nata uruting lêlênggahan, saha matah kangjêng pangeran santana sagarwanipun, panyanggining damêl wontên ing kapatihan.

Bab: 27

Dintên Salasa sontên tanggal kaping: 12 ringgitan wacucal, botên mawi tamu. Ingkang ngringgit Radèn Mas Arya Danuningrat.

Bab: 28 Wiyos Dalêm Tuwi Pangantèn

Ing dintên Rêbo sontên malêm Kêmis tanggal kaping: 13, wanci jam: 8, sampeyan dalêm ingkang sinuhun, ingkang minulya saha ingkang wicaksana, kangjêng susuhunan, sakalihan pramèswari dalêm, miyos tuwi pangantèn. Pêpatih dalêm mawi ngaturi kangjêng tuwan guprênur sanyonyah, saha nyêdhahi Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara sagarwanipun, saha para putra Mangkunagaran ingkang kagungan pangagêman militèr, punapadene Kangjêng Pangeran Adipati Arya Pakualam sagarwanipun, saha putra Pakualaman ingkang pangkat pangeran, sarta nimbali tuwan-tuwan sawatawis, saha tuwan-tuwan abdi dalêm ingkang gadhah nyonyah sanyonyahipun.

Ing dintên Rêbo wau wiwit ing pamedan dumugi paleredan sawetan antisana, dipun pasangi lêlayu kapatihan sagamêlanipun. Ing baleharja dipun tatani gamêlan Kodhokngorèk kapatihan, urmat têdhak saha kondur dalêm, rawuh sarta konduripun kangjêng tuwan gupêrnur.

Wanci jam: 7 sontên, abdi dalêm militèr orkès sasampuna sowan ing kapatihan.

--- 22 ---

Bab: 29

Wanci jam: 1/2 8 sontên, abdi dalêm bupati-bupati anom jawi lêbêt saanon-anonipun, sasampuna sami sowan ing kapatihan, panganggenipun kanigaran rasukan sikêpan agêng lugas, sabuk cindhe bara, mawi wêdhung.

Komandhan, twèdhê komandhan, mayor jawi lêbêt, ingkang botên kalêrês andhèrèk têdhak dalêm, ugi sampun sami sowan ing kapatihan, panganggenipun mayor kanigaran, rasukan sikêpan agêng lugas, sabuk cindhe bara, mawi sabêt suduk, ingkang gadhah pangangge cara Wlandi, mangangge cara Wlani[21] grutni botên gala, ingkang kalêrês andhèrèk inggih andhèrèk têdhak dalêm.

Bab: 30

Wanci jam: 1/2 8 sontên, wadananipun putra santana dalêm kiwa, para bandara kangjêng pangeran putra santana ingkang madana kawadanan kiwa sagarwanipun, sasampuna sami sowan anjujug ing pandhapi parankarsa, lajêng andhèrèk têdhak dalêm. Wadananipun putra santana dalêm têngên, sarta para bandara kangjêng pangeran putra santana ingkang madana kawadanan têngên, ugi sagarwa, kalilan angrumiyini dhumatêng kapatihan. Para bandara kangjêng pangeran putra santana wau, ingkang kagungan pangagêman cara Walandi militèr, mangagêm cara Walandi grutni botên gala, ingkang cara Jawi mangagêm kanigaran, rasukan sikêpan alit baludru, dhasi pêthak, paningsêt mawi bara, ingkang angsal sindur ugi sindur bara.

Abdi-dalêm panèwu mantri ordhênas ingkang wayah buyut dalêm, mangangge kulukan rasukan sikêpan agêng lugas, bêbêd pandêlêgan, sabuk cindhe bara, kadhawuhan ngampil ampilan dalêm, sabêt Kangjêng Kyai Agêng Panji, dus, pakêcohan, bèri agêm dalêm topi, bèri sês.

Abdi dalêm panèwu mantri ordhênas lurah sadaya andhèrèk, mangangge kulukan rasukan sikêpan agêng lugas, bêbêd pandêlêgan, sabuk cindhe bara, ngampil ampilan dalêm pegon, talêmpak, towok, limpung, sabêt Kangjêng Kyai Jangrana, tamèng sotya kancana, rotan Kangjêng Kyai Pamuk.

--- 23 ---

Abdi dalêm panèwu mantri sapanunggilanipun ingkang gadhah pangangge mêntèring, sami mangangge mêntèring abrit,[22] mawi nèsêl, angrumiyini sowan ing kapatihan, badhe ngladosi sampeyan dalêm ingkang minulya ingkang wicaksana, saha abdi dalêm panakawan sewaka mangangge mêntèring wungu.

Abdi dalêm prajurit inpantri sakumpêni tindhih kaptin, tambur: 2, slomprèt: 2, mangangge grutni, urmat rawuh saha kondur dalêm, sarta urmat rawuh saha konduripun kangjêng tuwan guprênur, lajêng jagi.

Para abdi dalêm bupati anom pêthilan ingkang ngadhêp lênggah dalêm kasukan, kados adat.

Bab: 31

Têdhak dalêm, titihan dalêm kareta Kyai Garudhaputra, rakitan Ostrali cêmêng: 4. Bulu-bulu abrit, prabot kênèk kusir abrit.

Walandi drahgundêr pitu, mangangge grutni kados adat, manawi sampun dumugi pamedan, titihan dalêm malampah.

Abdi dalêm kaparak pinilih sikêp waos, ngurung-urung saking pamedan dumugi markis, mangangge kulukan, bêbêdan, kulambi sikêpan agêng abrit.

Manawi jawah, sampeyan dalêm ingkang minulya ingkang wicaksana, nitih motor Kyai Rajapèni, Walandi drahgundêr botên andhèrèk, abdi dalêm kaparak pinilih suwak botên ngurung-urung.

Sarawuh dalêm lajêng lênggah ing bale bukasri, wontên ing paringgitan majêng mangetan, sakalihan pramèswari dalêm, saha kangjêng tuwan guprênur sanyonyah. Pangantèn kakung putri, para putri dalêm, saha mantu dalêm putri, sami lênggah ing jawi, pangantèn kakung sowan wontên ing pêngkêran dalêm. Sasampunipun sadaya wau satata lênggah, lajêng lumados srutu sigarèt, saunduripun srutu sigarèt lajêng lênggah kasukan. Manawi sampun satata lênggah kasukan, tumuntên mêdalipun lêlangên dalêm, ... saha lumados pangunjukan dalêm minuman, salêbêtipun kasukan kaladosan dhahar dalêm larihan.

--- 24 ---

Bab: 32

Enjingipun ing dintên Kêmis tanggal kaping: 13 wanci jam: 10 siyang, pangantèn kondur dhumatêng dalêmipun piyambak ing Padmadipuran.

Pangagêmanipun pangantèn kakung kanigaran rasukan takwa, ingkang putri ukêl agêng, rasukan kabayak panjang sami burdiran, botên mawi sèrèdan, nitih kagungan dalêm kareta rakitan sakawanan. Ingkang ngiringakên bandara kangjêng pangeran putra dalêm kalih, kangjêng pangeran santana kalih, riya nginggil kalih, sapamatahipun wadananing putra santana dalêm, sami mangagêm kanigaran, rasukan langênarjan cêmêng, dhasi pêthak, saha abdi dalêm bupati èstri sakarerehanipun bupati anom panèwu mantri numpak kagungan dalêm kareta, punapadene abdi dalêm jajar kaparak panongsong.

Bab: 33 Sowanipun Pangantèn Ngabêkti Malêbêt, Mangkat Saking Dalêmipun Piyambak

Ing dintên Sabtu tanggal kaping: 15, sapêkênipun pangantèn, pangantèn sowan malêbêt, ngabêkti ing saandhap sampeyan dalêm ingkang minulya ingkang wicaksana, saha pramèswari dalêm, sarampungipun lajêng kalilan mundur dhumatêng dalêmipun piyambak, pangantèn putri nitih joli, pangantèn kakung numpak kapal. Pangagêmanipun pangantèn punapadene tatananipun kados kasêbut carangan pranatan punika kawrat ing kaca: ...[23]

Para bandara kangjêng pangeran putra santana riya nginggil, saha para putri ingkang badhe ngirit, nganthi ngayap pangantèn, tuwin abdi dalêm bupati-bupati anom, mayor kaptin upsir ingkang kapatah ngamping-ampingi, sami anjujug ing Padmadipuran.

Joli saha panongsong karakit wontên ing pandhapi Padmadipuran, titihan dalêm kapal kapapanakên wontên palataran, jajaran pangayap pangurung-urung panunggilanipun, lajêng tata wiwit ing regol mangalèr.

Abdi dalêm jajar panongsong kaparak, ingkang badhe nongsong pangantèn, sasampuna sowan ing Padmadipuran nyudhiyakakên songsong.

--- 25 ---

Abdi dalêm bupati èstri sakarerehanipun bupati anom, panèwu mantri, ingkang badhe andhèrèkakên pangantèn, ugi sasampuna wontên ing Padmadipuran.

Wanci jam: 10 enjing, pangantèn mangkat saking Padmadipuran, kados ingkang kasêbut ing carangan pranatan punika.

Bab: 34

Sadaya abdi dalêm ingkang sami kapêthil nyanggi damêl wontên ing kapatihan, wiwit ing dintên Kêmis tanggal kaping: 6 dumugi dintên Akat tanggal kaping: 16 wulan Saban, Alip 1867. Ingkang sami gadhah pacaosan kalilan libur.

Panggihing pangantèn, pangagêmanipun para bandara kangjêng pangeran putra santana saha riya nginggil, kados sowan Kêmis. Dene dintên sowanipun pangantèn ngabêkti malêbêt, pangagêmanipun kanigaran, rasukan sikêpan cêkak cêmêng, dhasi pêthak, paningsêt cindhe bara.

Panggihing pangantèn saha dintên sowanipun pangantèn ngabêkti malêbêt, pangagêmanipun pêpatih dalêm sarta panganggenipun abdi dalêm bupati-bupati anom, riya ngandhap, panèwu mantri lurah, saha komandhan, twèdhê komandhan, mayor kaptin upsir, kados sowan Kêmis. Prajurit ingkang anjajari, ngurung-urung, sarta bêkêl jajar, sami bakdan. Abdi dalêm kaparak ingkang pancèn sikêp tamèng, lamêng, towok, sami ngodhe kemawon.

--- 26 ---

Caranganipun Pranatan Bab Kaping: 19 Lampah-lampahipun Abdi dalêm Ingkang Sami Andhèrèkakên Panggihing Pangantèn

Bab: 1

Ingkang kaparingan wêwênang nata lampah-lampahipun abdi dalêm ingkang anjajari, ngiring, ngayap saha ngurung-urung pangantèn, kados sêrat lampah-lampah punika, saha mêwahi prayoginipun, punika pangagêngipun abdi dalêm prajurit ingkang dados tindhih lampah, sapanunggilanipun, kados ingkang kasêbut sêrat kêkancingan nagari katitimasan kaping: 20 Sèptèmbêr 1929, ăngka 11, D/ 2/1. (Kabar paprentahan taun: 1929 kaca: 139.) Sarta dhawuh nagari katitimasan kaping: 24 Desèmbêr: 1931 ăngka: 1969 A/ 2/1. (Kabar paprentahan taun 1932 kaca: 14).

Bab: 2

Urut-urutanipun ing lampah, saha cacah warninipun ingkang anjajari, ngurung-urung, ngayap, utawi ingkang ngrêmbat, panggihipun pangantèn, kados ing ngandhap punika:

1. Ingkang anjajari ngajêng piyambak, abdi dalêm prajurit jayatanantaka sakumpêni, satambur sinyalipun sarta musik, tindhih mayor numpak kapal, mawi pandhêl.

2. Tumuntên abdi dalêm prajurit trunasura sakumpêni, satambur sinyalipun, tindhih mayor numpak kapal, mawi pandhêl.

3. Tumuntên abdi dalêm badhut kiwa têngên.

4. Tumuntên panakawan panyutra sadaya, jèjèr sakawan-sakawan, sakiwa têngênipun panakawan panyutra, kaurung-urung abdi dalêm niyaga, dhalang, anggong, gêndhing, tukang cèt, sungging sapanunggilanipun.

5. Tumuntên carabalèn prajurit, karêmbat sikêpipun abdi dalêm ngajêng 12 katabuh abdi dalêm panakawan niyaga 10.

6. Tumuntên abdi dalêm panèwu mantri jawi lêbêt, anon-anon kalêbêt kadipatèn, [ka...]

--- 27 ---

[...dipatèn,] garap, pangrèh praja, pananggap, kartipraja, agrarisêsakên, marêkwèsên sapanunggilanipun.

7. Tumuntên abdi dalêm sêtap musik kasêpuhan saprangkat.

8. Tumuntên abdi dalêm jajar kêmasan: 18 katindhihan panèwu mantrinipun. 1. Patrapipun jèjèr ringkês: 2 minăngka tutuping pangurung-urung ngajêng piyambak.

Mênggah ingkang ngurung-urung kiwa têngên, ingkang jawi piyambak abdi dalêm prajurit miji pinilih sa-èskadron sikêp waos. wirautama sa-èskadron sikêp sabêt. Sami tindhih ritmistêr, patrapipun lajuran sêlang-sêling, panjangipun watawis: 600 tindak.

Salêbêtipun abdi dalêm prajurit ingkang ngurung-urung êlêt satindak, tumuntên pangurung-urungipun abdi dalêm jajar kaparak kiwa têngên: 80, dados: 40 sisih.

9. Sawingkingipun jajar kêmasan, tumuntên abdi dalêm bupati èstri: 1 sapanêkaripun.

10. Tumuntên upacaranipun pangantèn putri, kaampil abdi dalêm sêdhahan miji: 6, êmban èstri: 2.

11. Tumuntên kêmbarmayangipun pangantèn putri sadawêganipun, kaampil abdi dalêm jajar gêdhong, katindhihan panèwu mantrinipun: 2.

12. Tumuntên joli titihanipun pangantèn putri Bandara Radèn Ayu Padmadipura, karêmbat sikêpipun abdi dalêm panandhon: 30 katitihan lurah panandhon, kaamping-ampingan abdi dalêm bupati: 1, bupati anom: 1, mayor: 1, opisir: 1, kasongsongan abdi dalêm jajar kaparak kiwa têngên: 2, katindhihan mantrinipun.

13. Sawingkingipun joli, tumuntên abdi dalêm jajar anggandhèk: 4. Katindhihan panèwu mantrinipun: 1.

14. Tumuntên kêmbarmayangipun pangantèn kakung sadawêganipun, kaampil abdi dalêm jajar gêdhong, katindhihan mantrinipun: 2.

15. Tumuntên pangantèn kakung Radèn Tumênggung Padmadipura, numpak kapal kakarung sarta [sar...]

--- 28 ---

[...ta] kaayap abdi dalêm panêgar gamêl, gajahmati, katitihan panèwu mantrinipun, kaurung-urung pakathiking baki: 20 sami sikêp waos, kasongsongan abdi dalêm jajar kaparak kiwa têngên: 2, kaamping-ampingan abdi dalêm bupati: 1, bupati anom: 1, opisirên 2.

16. Sawingkingipun abdi dalêm panêgar gamêl, tumuntên upacaranipun pangantèn kakung.

17. Tumuntên abdi dalêm jajar kadipatèn: 10, katindhihan panèwu mantrinipun: 2, patrapipun jèjèr rangkêp: 2.

18. Tumuntên abdi dalêm bupati anom èstri sapanêkaripun sinoman sawatawis.

Tumuntên abdi dalêm prajurit jayatanantaka, trunasura cacah: 20 minăngka panutupipun ing wingking.

Abdi dalêm bupati, mayor sapanunggilanipun, ingkang andhèrèkakên pangantèn, patrap sarta lampahipun kados ingkang kasêbut ing lampah-lampah ngirit nganthi ngayap.

Sikêp ngajêng ... ingkang ambêkta obor. Katata prênca ... sisih, samasa pangantèn badhe mangkat saha sampun pêtêng, sami kasumêdan.

Bab: 3 Pangrakitipun Jajaran Sapanunggilanipun

Pangrakitipun ingkang abdi jajari, ngurung-urung, ngayap, kados ingkang kasêbut bab kaping: 2, angkatipun pangantèn saking kadhaton, karakit wontên ing alun-alun ingkang iring kilèn, wiwit supit urang dumugi salèr kilènipun waringin sêngkêran.

Bab: 4

Lampahipun panakawan panyutra, bilih ingkang ngajêng piyambak sampun dumugi ngajêng pandhapi kapatihan, menggokipun mangetan badhe malêbêt ing balerata, lajêng wiwit tayungan, kèndêlipun tayungan bilih ingkang wingking piyambak sampun mêdal saking balerata, lajêng nêkuk mangidul. Abdi dalêm prajurit jagasura ingkang badhe ngungêlakên [ngu...]

--- 29 ---

[...ngêlakên] kalantaka. Kèndêl wontên ing pamedan, sasampunipun angurmati langkunging pangantèn, lajêng ngrakit anggènipun badhe ngungêlakên kalantaka. Abdi-dalêm prajurit jayatanantaka saha trunasura ingkang badhe urmat drèl, malêbêt dhatêng palataran, baris mujur mangalèr, ingkang wontên sisih kilèn majêng mangetan, ingkang sisih wetan majêng mangilèn. Panakawan panyutra sagamêlanipun, sarta abdi dalêm niyaga, anggong, gêndhing, sapanunggilanipun ingkang ngurung-urung, manggèna wontên ing sakidul bundêran.

Bab: 5

Sawarninipun abdi dalêm panèwu mantri lurah bêkêl jajar, sarta abdi dalêm prajurit ingkang ngurung-urung, ingkang têngên manggèna wontên palataran sisih wetan.

Bupati èstri sakarerehanipun, sarta ingkang ngampil upacaranipun pangantèn putri, sami mêdal ing kori sawetan kori agêng. Abdi dalêm gêdhong ingkang ngampil kêmbarmayang sarta dawêgan, dumugi ing pandhapi lajêng dhumatêng kori sawetanipun kori agêng, katampèkna para èstri ingkang sampun kapatah nampèni wontên ing kori wau, wangsulipun abdi dalêm gêdhong mêdala kori paringgitan ingkang wetan.

Sawarninipun abdi dalêm panèwu mantri lurah bêkêl jajar jawi lêbêt saanon-anonipun, pangrèh praja sapanunggilanipun ingkang sami anjajari, ngayap, sami manggèna wontên saêlèr sarta sawingkinging barisipun abdi dalêm prajurit jayatanantaka, trunasura, ingkang badhe urmat drèl, têbihipun sawatawis.

Bab: 6

Udhunipun pangantèn putri saking joli wontên ing ngèmpèr pandhapi, lampah-lampahipun kados ingkang kasêbut bab kaping: 22 ing Sêrat Pranatan Lampah-lampah, makatên ugi pangantèn kakung, lampah-lampahipun ugi kados ingkang kasêbut bab kaping: 22 ing Sêrat Pranatan Lampah-lampah wau.

Bab: 7

Sasampunipun pangantèn panggih, abdi dalêm sadaya lajêng nêtêpana bab kaping: 23 ing Sêrat Pranatan Lampah-lampah.

--- 30 ---

Pratelanipun abdi dalêm ingkang ngamping-ampingi pucuking pikulan joli, titihanipun Bandara Radèn Ayu Padmadipura, benjing dhauping pangantèn, kados ingkang kasêbut bab kaping: 19 ing Pranatan Lampah-lampah:

1. Kangjêng Radèn Tumênggung Kartanagara.

2. Radèn Mas Arya Jayacundaka.

3. Mayor: 1.

4. Opisir.

Pratelanipun abdi dalêm ingkang ngamping-ampingi Radèn Tumênggung Padmadipura, benjing dhaubing pangantèn, kados ingkang kasêbut bab kaping: 19 ing Pranatan Lampah-lampah.

1. Kangjêng Radèn Tumênggung Martanagara.

2. Radèn Mas Arya Sujanapura.

3. Opisir: 2.

--- 31 ---

Sapêkênipun Pangantèn Ngabêkti Malêbêt, Saking Ing Dalêmipun

Ing dintên Jumungah tanggal kaping: 14 wulan Saban, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Natadiningrat, Radèn Mas Arya Atmaja, Radèn Mas Arya Yasadipura, kanthi abdi dalêm panakawan rênggapura, panakawan sewaka, nata palênggahan dalêm, ing sasana parasêdya, palênggahan dalêm kursi pisungsung saking para tuwan-tuwan amtênar.

Kangjêng Radèn Mas Arya Wiryadiningrat, kanthi abdi dalêm anggong, nata kagungan dalêm gamêlan Kyai Kadukmanis, gong Kyai Pradhah, Kyai Manisrêngga, gong Kyai Gurnita, katata wontên paningrat sasana sewaka, kapalih êlèr kidul.

Pangagêng măndrasana, kanthi abdi dalêm niti, jagapatra, brêsih pura, anggêlar-gêlari babut, gêlaran, saha pakêcohan, ing dalêm prabasuyasa, kajogan, dumugi sasana parasêdya, babutipun sadaya pêlêman, punapadene ing ngèmpèr nguntarasana ugi dipun gêlari gêlaran saha pakêcohan.

Ing dintên Sabtu tanggal kaping: 15 wulan Saban, pangantèn sowan malêbêt, ngabêkti ing saandhap sampeyan dalêm ingkang minulya ingkang wicaksana, saha pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Hêmas. Sasampunipun ngabêkti, lajêng lumados pangunjukan dalêm wedang saha tebangkèt. Ingkang ngladosakên ing ngarsa dalêm abdi dalêm santana riya ngandhap, sanèsipun santana panji, tuwin abdi dalêm lurah bêkêl panakawan, sarampungipun lajêng kalilan mundur mantuk.

Lampahipun saking Padmadipuran kados kala panggihipun, malêbêtipun mêdal kamandhungan. Dene pangagêmanipun pangantèn kakung kanigaran, rasukan takwa burdiran, nyamping lêmês, paningsêt cindhebara. Pangantèn putri ukêl agêng, rasukan kabayak panjang burdiran, nyamping lêmês, botên mawi sèrèdan.

Nunggil ing dintên wau wanci jam 9 enjing, para bandara kangjêng pangeran putra santana riya nginggil, saha para putri ingkang badhe ngirit, nganthi ngayap pangantèn, ingkang sampun kapatah dening wadananipun putra santana dalêm, sasampuna wontên ing Padmadipuran, punapa malih abdi dalêm bupati, bupati anom, mayor kaptin upsir ingkang kapatah ngamping-ampingi, ugi sami anjujug ing Padmadipuran.

--- 32 ---

Sabidhalipun pangantèn lajêng tumindak ngiring utawi ngayap miturut kawajibanipun piyambak.

Para abdi dalêm ingkang kapatah anjajari, ngurung-urung, ngayap pangantèn, wanci jam: 9 enjing, sasampuna pêpak sapirantosipun wontên ing karaton, manawi sampun mirantos lajêng bidhal dhumatêng Padmadipuran, dene lampahipun pêpanthan, sarta majibi punapa wajibipun piyambak-piyambak.

Urut-urutaning Lampah

Ingkang anjajari ngurung-urung, ngayap, lêbêt sarta konduripun pangantèn.

1. Ingkang ngajêng piyambak abdi dalêm musik kadipatèn, saungêl-ungêlanipun.

2. Tumuntên abdi dalêm prajurit jayatanantaka sakumpêni, tindhih mayor, mawi pandhêl.

3. Tumuntên abdi dalêm jajar kalang, undhagi, patrapipun jèjèr rangkêp: 2.

4. Tumuntên abdi dalêm jajar kêmasan.

5. Tumuntên abdi dalêm bupati èstri: 1 sapanêkaripun.

6. Tumuntên upacaranipun pangantèn putri, kaampil abdi dalêm sêdhahan miji: 6, êmban èstri: 2.

7. Tumuntên kêmbarmayangipun pangantèn putri sadawêganipun, kaampil abdi dalêm jajar gêdhong, katindhihan panèwu mantrinipun kalih.

8. Tumuntên joli titihanipun pangantèn putri Bandara Radèn Ayu Padmadipura, karêmbat sikêpipun abdi dalêm panandhon: 30, katindhihan lurah panandhon, kasongsongan abdi dalêm jajar kaparak kiwa têngên: 2, katindhihan panèwu utawi mantrinipun 1, kaamping-ampingan abdi dalêm bupati: 1, bupati anom: 1, mayor: 1, upsir: 1.

9. Sawingkingipun joli, tumuntên abdi dalêm tukang batu, pangêcèt, pangukir.

10. Tumuntên kêmbarmayangipun pangantèn kakung sadawêganipun, kaampil abdi dalêm jajar gêdhong kiwa têngên, katindhihan mantrinipun: 2.

11. Tumuntên pangantèn kakung Radèn Tumênggung Padmadipura, numpak kapal kakarung sarta kaayap abdi dalêm panêgar gamêl, gajah mati, katindhihan panèwu [panè...]

--- 33 ---

[...wu] mantrinipun, kaurung-urung pangathik ing baki: 20 sami sikêp waos, kasongsongan abdi-dalêm jajar kaparak kiwa têngên: 2, kaamping-ampingan bupati: 1, bupati anom: 1, opisirên: 2.

12. Sawingkingipun panêgar gamêl, tumuntên upacaranipun pangantèn kakung.

13. Ingkang ngurung-urung ing jawi, abdi dalêm prajurit prawira tamtama sa-èskadron sikêp waos sêling sabêt, tindhih ritmistêr, slomprèt: 2 botên mawi tambur, dene mayoripun prawira tamtama, angamping-ampingi pangantèn putri.

Bilih pangantèn sampun dumugi ing kamandhungan, para bandara kangjêng pangeran putra santana ingkang sowan ing lêbêt karaton, lajêng sami mêthuk wontên ing kori kamandhungan.

Pangantèn sadumuginipun ing srimanganti, ingkang putri lajêng malêbêt, kèndêlipun wontên ing panggènan nalika angkatipun badhe panggih, pangantèn kakung anjujug ing bangsal marakata, lênggah wontên têngah-têngahing gajah majêng ngetan, dalah para bandara kangjêng pangeran ingkang mêthuk, nganthi, ngayap sadaya.

Nunggil ing dintên wau wanci jam: 9 enjing, abdi dalêm niyaga, wiraswara, pasindhèn, pangêprak, badhud, talèdhèk, kalawija, mêtêngan ingkang badhe nabuh kagungan dalêm gamêlan Kyai Kadukmanis, Manisrêngga, sasampuna sami sowan.

Abdi dalêm militèr orkès, sowan wontên ing bangsal pradăngga.

Abdi dalêm bupati ordhênas, sakancanipun bupati anom, panèwu mantri ordhênas, lurah bêkêl panakawan, sowan ing palataran.

Abdi dalêm panèwu mantri gêdhong kiwa têngên, ingkang botên kapatah andhèrèkakên pangantèn, sowan ing palataran.

Abdi dalêm bupati anom kadipatèn anom lêbêt, sakancanipun panji, ajidan, kanoman, ingkang botên kapatah andhèrèkakên pangantèn, sowan ing palataran.

Abdi dalêm bupati anom kadipatèn anom jawi, sakancanipun panèwu mantri lurah bêkêl jajar, ingkang botên kapatah andhèrèkakên pangantèn, sowan ing palataran.

--- 34 ---

Abdi dalêm santana riya ngandhap, panji wayah buyut, sowan ing palataran.

Nunggil ing dintên wau wanci jam: 9 enjing, para bandara kangjêng pangeran putra santana saha riya nginggil, ingkang botên kapatah ngirit, nganthi ngayap pangantèn, sowan ing èmpèr nguntarasana.

Abdi dalêm bupati, bupati anom jawi lêbêt, saanon-anonipun, ingkang botên kapatah andhèrèkakên pangantèn, sowan wontên ing bangsal marakata.

Komandhan, saha twèdhê komandhan, sakancanipun mayor kaptin upsir, ingkang botên kapatah andhèrèkakên pangantèn, sowan wontên ing bangsal marcukundha.

Abdi dalêm prajurit truna kêmbang sa-èskadron baris wontên palataran sisih wetan majêng mangilèn, mawi pandhêl Kyai Gringsing, tambur slomprèt.

Abdi dalêm prajurit prawiranom sa-èskadron baris wontên palataran srimanganti, tindhih mayor, mawi pandhêl, tambur slomprèt, mayor kanigaran.

Abdi dalêm prajurit jagasura sakumpêni baris wontên kamandhungan, tindhih mayor, mawi pandhêl, tambur slomprèt.

Ing Dalêm Prabasuyasa

Para putri sadhèrèk dalêm, putri dalêm, ipe dalêm, mantu dalêm, priyantun dalêm, êmbok-êmbok dalêm, ingkang botên kapatah nganthi ngayap pangantèn, punapadene abdi dalêm prayantun[24] badhaya, abdi dalêm bupati èstri sakarerehanipun sadaya, ingkang botên kapatah andhèrèkakên pangantèn, sami marak ing dalêm prabasuyasa, saha wontên ing paningrat sasana parasêdya kados adat.

Wiyos dalêm

Wanci jam: ...[25] sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana, kangjêng susuhunan, miyos lênggah ing sasana parasêdya, agêm dalêm panunggul kanigara, rasukan takwa, ampilan dalêm: talêmpak Kangjêng Kyai Badhudhak, towok Kangjêng Kyai Dewa Nugraha, sabêt Kangjêng Kyai Agêng Jabardas, rotan Kangjêng Kyai Pamuk, tamèng Bèlgi, manggèn kados adat, sasampunipun sawatawis, sampeyan dalêm ingkang minulya ingkang wicaksana, andhawuhakên [andha...]

--- 35 ---

[...wuhakên] dhumatêng abdi dalêm bupati èstri, animbali pangantèn kakung, lêbêtipun kairit wadananing putra santana dalêm, kakanthi kaayap para bandara kangjêng pangeran putra santana, riya nginggil sadaya, sowan ing paningrat sawetaning sasana parasêdya, dene majêngipun pangantèn kaurmatan gamêlan gêndhing larasmaya, militèr orkès gêndhing marês pangantèn. Dene wadananing putra santana dalêm, sasampunipun ngirit saking marakata, saha para bandara kangjêng pangeran ingkang botên ngirit nganthi ngayap pangantèn, sowan ing sasana sewaka pananggap ingkang kilèn.

Sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha ingkang wicaksana, kangjêng susuhunan, lajêng andhawuhakên dhumatêng wadananing putra santana dalêm, pangantèn ingandikakakên minggah ing sasana parasêdya, sasampunipun minggah kèndêl sawatawis, sampeyan dalêm ingkang minulya ingkang wicaksana dhawuh dhumatêng wadananing putra santana dalêm, pangantèn kadhawuhan majêng ngabêkti ing saandhap sampeyan dalêm ingkang minulya ingkang wicaksana, saha pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Hêmas.

Manawi pangantèn kakung sampun malêbêt ngabêkti, sadaya abdi dalêm ingkang andhèrèkakên pangantèn, lajêng tata badhe kondur, kados kala badhe bidhalipun sowan malêbêt.

Sasampunipun pangantèn sami ngabêkti, saha pangantèn dalah ingkang ngirit, nganthi ngayap sampun sami kaparingan wedang saha tebangkèt, tuwin srutu sigarèt, wadananing putra santana dalêm ingandikakakên andhawuhakên timbalan dalêm dhumatêng pangiriting pangantèn, pangantèn kalilan mundur kondur dhumatêng Padmadipuran, lampahipun mêdal ing kamandhungan[26] mangilèn, dene lampah-lampahipun kados kala bidhalipun sowan malêbêt.

Manawi pangantèn sampun dumugi ing dalêm, ingkang ngirit nganthi ngayap, lajêng kaparingan minuman, srutu sigarèt, tarcis, ingkang ngladosi abdi dalêm panakawan sewaka. Dene ingkang ngurung-urung sarta andhèrèkakên, lajêng kalilan bibaran, para bandara kangjêng pangeran ingkang ngirit nganthi ngayap kalilan botên mawi lapur.

Sajêngkar dalêm ingkang sami sowan kalilan bibaran.

--- 36 ---

Pratelanipun abdi dalêm ingkang ngamping-ampingi pucuking pikulan joli titihanipun Bandara Radèn Ayu Padmadipura, benjing sowanipun pangantèn ngabêkti malêbêt, salajêngipun kondur dhumatêng dalêmipun piyambak.

1. Kangjêng Radèn Tumênggung Suranagara.

2. Radèn Mas Arya Sujanapura.

3. Mayor: 1.

4. Upsir: 1.

Pratelanipun abdi dalêm ingkang ngamping-ampingi Radèn Tumênggung Padmadipura, benjing sowanipun pangantèn malêbêt, salajêngipun kondur dhumatêng dalêmipun piyambak.

1. Kangjêng Radèn Tumênggung Yudanagara.

2. Radèn Mas Tumênggung Wiryadipura.

3. Opisirên: 2.

 


Wanci. (kembali)
badhut. (kembali)
sarta garwa tuwin rabinipun. (kembali)
Mulai kata kados diusulkan: dhêstharan rasukan langênarjan. (kembali)
sakarerehanipun. (kembali)
kangjêng susuhunan, wanci jam: 11 miyos. (kembali)
Ahad (dan di tempat lain). (kembali)
kêtib (dan di tempat lain). (kembali)
para bandara kangjêng. (kembali)
10 riya ngandhap, mangagêm garêbêgan saha. (kembali)
11 Wanci jam: 1/2 11 siyang, sampeyan. (kembali)
12 sakancanipun. (kembali)
13 abdi dalêm Walandi. (kembali)
14 Mulai kata mantri ordhênas diusulkan: pulisi cacah: 8 tindhih: 1 numpak pit, topi pètcis cêmêng. (kembali)
15 ordhênas. (kembali)
16 Mangangge kados sowan Kêmis, rabinipun. (kembali)
17 para bandara kangjêng. (kembali)
18 ingandikan. (kembali)
19 Sasampunipun. (kembali)
20 ngabêkti. (kembali)
21 Wlandi. (kembali)
22 wungu. (kembali)
23 31. (kembali)
24 priyantun. (kembali)
25 11 siyang. (kembali)
26 magangan. (kembali)