Bangsal Tosan, Padmasusastra, 1898, #198

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-02-2024

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bangsal Tosan

1. Dhandhanggula

1. palataran sakidul pandhapi | winêwahan ingkang bangsal tosan | pirantos pakèndêlane | sagung kang para tamu | ingkang nitih rata myang bèndi | ing ngriku mandhapira | kala adêgipun | Sukra tri wêlas candrama | ing lèk Sawal Ehe sangkalaning warsi | karya tan ngèsthi warna |[1][2]|

2. cinarita ingkang bangsal wêsi | wêwêlingan saking tanah Dhislan | ing kitha Bèrlin pabrike | Wilêm Kam kang ingutus | Tuwan Borsik ingkang akardi | tinutur panjangira | sawêlas ingukur | pan nyêlak nênêm saprapat | inggilipun sakawan kawan dasa dim | ukur êlo Nèdêrlan ||

3. wawratira kalih atus dhacin | langkungipun kawan dasa tiga | nyatus kati [ka...]

--- 182 ---

[...ti] sadhacine | ngajêng pangaosipun | kalih lêksa wontên ing pabrik | liya ingkang prabeya | praptanirèng dunung | punika tan winursita | mung kinăntha wangun rêrêngganing panti | tumraping tanah Jawa ||

4. daragêpak pinapak lir candhi | bandar wiyar tan miyur santosa | tosan balabagan dèn ge | sinambung adu ujung | kêkahira kinêlam kêling | ingumpak marmêr seta | pilare piningul | lingire pinara astha | praptèng madya binubut bundêr dinalir | ginêgêl gêlangkana ||

5. têtirahe ginănja pasagi | amaju pat pinartima muka | kadya nguni caritane | duk para surawadu | arsanggodha mring Dyan Pamadi | cinoba kinèn laya[3] | mubêng ngarsanipun | Hyang Brama lan Batharendra | kalihira sangêt kacuwaning galih | puwara sami nyipta ||

6. catur muka mrih bawera ngaksi | lawan pandam turunaning wulan | kang anèng pilar isthane | dene ingkang dumunung | sêsambêtan dhauping [dha...]

--- 183 ---

[...uping] êlis | sami pratima muka | èstri lawan jalu | amubêng kadi rumêksa | lan nambrama dhatêng kang lumêbèng panti | sumèh sêmuning netya ||

7. pinardawa rêrêngganing nginggil | pucak sinung makuthasmaraja | tumumpang tamèng isthane | punika wêrdinipun | kangjêng raja ingkang pinundhi | tamèng nayakanira | kang nangkil pakewuh | pinracaya ngrèh jajahan | kang dèn andêl ing wadya kang dèn ratoni | dene aksara asma ||

8. Mangkunagara ingkang umunggwing | tamèng raja iku wêrdinira | tan liya amung sumendhe | mring para andêlipun | Kangjêng Raja Nèdêrlan sami | kang anèng tanah Jawa | dene ron kang lêngkung | kalih pang tinalèn pita | yeka tăndha kang asmara pinarcadi | antuk bintang ing jaja ||

9. widadari ingkang ngapit-apit | kang sajuga mawa obor ika | lan kalam lar satunggale | yeka sasmitanipun | kang tinêdha ing siyang ratri | mugi mitulungana |

--- 184 ---

dhatêng prajanipun | yèn pêtêng dèn padhangêna | lamun supe sumêlang ruwêding kapti | mugi dèn èngêtêna ||

10. ngandhap tamèng mukaning maharsi | sumping anggur lan mikul puspita | malèngèh katon guyune | sakiwa têngênipun | widadari pan kalih sisih | sami bêkta tabuhan | sumangsang nèng ngêlung | kêlayu sang rêsi wrêddha | ngayubagya manadukara sêsanti | dhatêng sang ambêk darma ||

11. wêrdinira kang winahya lagi | rêsi wrêddha tatalê ing kina | kontap ing kasudarmane | marma samangkenipun | pinartima wau kang warni | pinrih sami uninga | dene sumping anggur | ing nguni singa cêlaka | sêgêr sumyah mirêng sabdaning sang rêsi | amikul kang puspita ||

12. rinambatan para widadari | ingkang sami gêndhing sêsêndhonan | punika ing sasmitane | sintên ta kang andulu | puspa anjrah manuksmèng ing wit | èsmu rêna ing driya | rêsêp manahipun | sumawana yèn miyarsa | swara alus sêsêndhon [sê...]

--- 185 ---

[...sêndhon] anuju kapti | yêkti enggar ing driya ||

13. kanan kering jêjamang ing nginggil | pinartima têngah paris waja | dèn apit warangganane | anyêpêng buntal landhung | sawarnining sari sinuji | angawêng cinêpêngan | dening surawadu | sami munggwing lung puspita | wingkingira sarpa wilis kang sumêngit | nèng patra yun sikara ||

14. kadêngangan dening paksi kalih | kang taksaka tandya pinarwasa | pinatuk lina têmahe | yeka sasmitanipun | sapa arsa sikarèng budi | sayêkti tan widada | ing samarganipun | dèn mrinani ing sasama | beda lawan kang ayun jujur ing kapti | èsmu manggih raharja ||

15. wontên malih rêrêngganing nginggil | ujung ngajêng kanan kering mata | tênuk tosan pêpindhane ? | kumbaya duk ing dangu | kang kinarya ngêdus Pamadi | anèng Endrabuwana | tinulad ing wangun | kang isi tirta nugraha | wit Sang Parta samana madêg narpati | gumanti Batharendra ||

16. marmanira linuri kang warni |

--- 186 ---

dadya srana sasmitèng panêdha | miriba ing kabêgjane | mangkana sêdyanipun | asma ingkang dumunung waris | Mangkunagara juga | kalih tiganipun | praptane kaping sakawan | pinarsudi widadanirèng pambudi | mangun arjaning pura ||

 


§ = 1804. (kembali)
Tanggal: Sukra (Jumungah) tri wêlas (13) Sawal Ehe: karya tan ngèsthi warna (AJ 1804). Tanggal Masehi: Jumat 12 November 1875. (kembali)
taya. (kembali)