Wanagiri, Pigeaud, 1953, #1380

JudulCitra
Terakhir diubah: 07-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wanagiri

1. Kinanthi

1. rarasing gita yèn wimbuh | dèn sawung ing têmbang kadi | masdrawa tinrapan irya | ri kang nindya lumrang wêning | ya mangkana malih pama | gănda marum kongas saking ||

2. kusuma anjrah sumawur | tan sêndhu manduk ing aksi | miwah tumujwèng nasika | mangkana karya upami | titis langêning lukita |

--- 1: 2 ---

lamun rinancanèng gêndhing ||

3. sumarmanira mangapus | mung manadukarèng kapti | lam-lamên mring kasusastran | nanging kawruh maksih sêpi | dèrèng wrin wêwadining kang | pramasastra pramakawi ||

4. nanging rabda mêdhar kidung | mrih gênyanging kramaniti | musthi ring ambêk rumarah | têtika mring basa Jawi | marma saru sigugira | êntyarsa dipun waoni ||

5. ingkang winursitèng têmbung | pasanggrahan Wanagiri | prênah kidul wetan praja | ing antara tan atêbih | nênggih mung wolulas êpal | munggwing sasukuning wukir ||

6. punika iyasanipun |

--- 1: 3 ---

Jêng Gusti Pangran Dipati | Mangkunagara ping tiga | rikalanira cangkrami | babêrêg kang buron wana | myang misayèng ulam kali ||

7. lan pra tuwan kang tinamu | sahaya kang para gusti | bupati tuwin satriya | sêsuruhan ingkang prapti | sawadya pacaranira | prajurit lan para mantri ||

8. ing ngriku pakuwonipun | rinakit winangun asri | kinăntha sapăntha-păntha | kadya purane pribadi | sinuba saananira | binojana siyang ratri ||

9. cinatur rêrêngganipun | wau ta ing Wanagiri | papan nglowok sawatara |

--- 1: 4 ---

kinubêng ing wukir-wukir | angungkurkên kang narmada | lèr wana gêng anglangkungi ||

10. ginapura ing palêngkung | pêpalang malipir margi | pagêr bobok bêbanjêngan | panjang tiga bêlah kaki | pasagi capuri pura | pêrak mubêng ingkang margi ||

11. sinung wisma tri tur agung | ginunggung dadya sawiji | ngiras mubêng èmpèrira | ngajêng mujur kampung bali | balungan balok balaka | ingkang minăngka pandhapi ||

12. ing jêro pininta pintu | kori gêng lêmpit angapit | jandhela ruji sadaya | naratas têrus ing kori | rinênggèng hèk mubêng wisma |

--- 1: 5 ---

sêsaton dinulu asri ||

13. sinalasah balabag byur | linajur rineka loji | talundhak tinundha-tundha | sungsun katri kayu jati | catur wisma munggwing ngarsa | ajajar ngapit ing kori ||

14. ing ngriku pisowanipun | punggawa lan para mantri | kang tiga panggenan găngsa | pelog slendro carabali | sajawining pintu ana | wismalit kiduling margi ||

15. punika pajaginipun | prajurit kang saraagni | latar pura rinarata | rinolak pêthak satharik | tinêpi ing kalamênta | kinênthêng pathok ngubêngi ||

16. wontên malih wisma mujur |

--- 1: 6 ---

jajar katri amarapit | kapering wetan prênahnya | munggwing sajroning capuri | unggyan urdênas Walănda | lan dasihing para tami ||

17. ingkang lèr panggenanipun | tukang sêpèn lawan koki | patehan miwah patirtan | pasiramaning pra gusti | kidul kilèn pinanjêran | bandera munggul kaèksi ||

18. pagêr wetan pinalêngkung | sinambungan pancaksuji | binengkok panjang tri asta | jêjênêng jêjêg pasagi | piningul papongolira | lir jêjêran anjajari ||

19. lèr wetan wangunan agung | sasananira jêng gusti | rineka lir purèng praja |

--- 1: 7 ---

jêjêl pêpêt amarapit | pakuwoning pra santana | tan ana ingkang amêncil ||

20. marga gêng têrus mangidul | mring pakuwon para tami | mangetan marang bangawan | kang mubêng manut capuri | ngapit marga kuwonira | punggawa lan para mantri ||

21. para dêmang angalajur | ajajar têpining kali | tinon sri kadya carita | duk sang prabu ing Biraji | makuwon nèng Parangjara | sawadyane jayèng murti ||

22. narmada rinênggèng wuwus | mangalèr ilining warih | santêre mung sawatara | adalêm sumilak wêning | alindhuk wetan têpinya |

--- 1: 8 ---

taratabaning wanadri ||

23. wênèh ana winaluku | ginaru ginawe têgil | tinanduran kacang kara | kêceme cakêt kêcipir | jagung jarak lan sêmăngka | timun watang lan kêrai ||

24. lombok terong bayêm sêkul | sinêlan sêkar sulasih | salong sinêlingan sata | saturute praptèng gisik | gasik tur wêdhi malela | mêlêng-mêlêng ting parêlik ||

25. kèh warnaning watu-watu | kentar-kentir saking wukir | ana seta pita rêkta | krêsna kapurănta wilis | gêdhah wungu maya-maya | manik-manik pindha akik ||

26. sinaba pêksi papêlung |

--- 1: 9 ---

maluwo miwah maliwis | blêkok bêlêg mencok sela | kuntul katalikèng pinggir | sribombok asru uninya | pêcuk cangak lan tarinil ||

27. rêrumpon kang anèng kêdhung | yèn tinumpu amênuhi | kang mina awarna-warna | jambal wagal bêkik tagih | papar pacal bêrot saga | kada lêmpuk lopis sili ||

28. kalalèn kalawan palung | rêng-arêng tawès tangiri | mèlêm badhèr wirasoca | talumpah balutak kênting | kutuk kotès sogok prana | bêthok bêthêm sêpat bêthik ||

29. lawan cinawisan prau | rêmbaya langse linungsir | sutra pita sungsun tiga |

--- 1: 10 ---

pinayonan motha putih | carma pita kasurira | kinêmbang cinuki-cuki ||

30. ginêbêran motha pingul | baita pinulas wilis | wingking winehan bandera | gêdhah seta kêsting abrit | cêcanthik rineka kuda | pambêlah dèn busanani ||

31. gêmbaya bang udhêngipun | kulambi kameja putih | bênting wastra jingga loka | calana gêdhah mathinthing | punika titihanira | jêng gusti pangran dipati ||

32. lan pra tamu agung-agung | yèn lêlumban ing banawi | ngundhuh-undhuh lan misaya | linampahkên mudhik milir | nahên ta rarêngganira |

--- 1: 11 ---

mangsuli kang wus kawijil ||

2. Mijil

1. ngilèn lêrês ajênging capuri | tan têbih kapêntog | wukir alit mangidul sukune | ujung êlèr têpung lan wanadri | parang rong kaèksi | tuwin watu-watu ||

2. apêpanthan ing punthuking wukir | soring taru ayom | eyub ayêm sêmi saoyode | mulêt sela lir sinalang sami | nglêlamat lumuting | karirisan tuwuh ||

3. tuhu tawang kang anèng ing tawing | gurda gêng garowong | nguwêng-uwêng nguwung suwarane | kataman ing maruta sumilir | sulur ting saluwir |

--- 1: 12 ---

silar nora kumpul ||

4. wrêksa jêjêr jajar jujur wukir | ngrêmpoyok angrongkob | maya muyêg ijo sarondhone | randhu dhadhap kêdhondhong asandhing | sana sênu sêmbir | sêmpal simbaripun ||

5. kêmlajêngan kêmiri kêmuning | kêpêl kêbên kêpoh | kêlampean ing jurang ênggone | kêmlandhingan kêmlaka kêlampis | kêmulwa kêsambi | sêrut lawan sêntul ||

6. soga sêcang sêmpu sapanginggil | munggul kang wit sengon | plasa blasah balesar sêkare | abang-abang abra balêrêngi | jêjêl kayu jati | maja janjang êpung ||

7. pange pêpêt kapipit kêsambi |

--- 1: 13 ---

têpung adu oyod | lan timaha jêmpina wit pule | kêndhayakan dhoyong anyèndhèni | dhe-andhe trêngguli | trênggulun trikancu ||

8. kalak garu arumansa langking | walikukun tolok | kêndhal kêdhawung jengkol lan pête | kayu lanang wangon waru ipik | pilang bulu bibis | dhuwêt bêndha pucung ||

9. pacing pace pucuke amêncit | rinambatan oyod | angayangan ngayuh mring wit ale | pêpulêtan tarêma swalulin | yuyung gadhêl cukil | bendha jênu tungkul ||

10. tangkil grêmbêl grumbul babondhot ri | banjang kèngkèng ri got | runtut rêngkêt rêrayung lan rawe |

--- 1: 14 ---

rayut ruwêd galagah panjalin | dhuru bamban piji | galonggong palumpung ||

11. iring-iring pêpèrènging ardi | tuwuh êmpon-êmpon | amêpêki wana saanane | sunthi kêncur jae lawan kunci | bêngle lêmpuyang prit | myang lêmpuyang kapur ||

12. puyang gajah kunci pêpêt kunir | laos myang têmupoh | têmuirêng galènyèh lawake | têmulathi lawan têmugiring | marajak andadi | sumêlar ing watu ||

13. warna-warna isine ing wukir | wimbuh dhukuh katon | sri kawuryan kèh palakirnane | pala pêndhêm sami dèn tanêmi | kimpul talês linjik |

--- 1: 15 ---

bêrèt bêtèl bêntul ||

14. gadhung walur gêmbolo gêmbili | suwêg senthe lompong | wi katela kênthang balerante | gaga gênggêng gubug gabag pinggir | pagêre parigi | parang tumpuk-tumpuk ||

15. têpi-têpi sinêbaran jali | juwawut ngalojok | juwêt juwèh jêlèh kang aduwe | anggusahi pêksi ngrêrusuhi | susah sari-ari | sabên sabèng ngriku ||

16. bèthèt pênthèt kèkèt lan srigunting | bondhol glathik belong | baranjangan kuthilang arame | cocak kacêr manyar êmprit pêking | brêkutut gudhasih | dêruk lan drêkuku ||

17. akalangan kang wolung kulingling |

--- 1: 16 ---

bidho basu boncong | alap-alap alêpas ibêre | ambêburu brêkutut barênggi | niyub anampani | nampêk jakawuru ||

18. wêruh wurung wirang amalêncing | nèng pucang amencok | pêt-umpêtan pêtêng panggonane | gugup gagak kasêlak nyambêri | bêr-ubêran bali | bêluk blêkkêtupuk ||

19. dhêlik dhêpès mêrak amarani | maring pang amencok | nèng paragak nyêngungong swarane | rantap-rantap ingkang anèng siti | sata wana muni | jagigrèg kaluruk ||

20. sadayane katingalan sami | saking ing pakuwon | amuwuhi lêlangên asrine |

--- 1: 17 ---

lamat-lamat ujunging wanadri | têpung lawan wukir | andhêndhêng ngêndhanu ||

21. sato-sato sadaya mêpêki | kidang sangsam ewon | kancil cèlèng cêlak panggonane | andharusul dhêdhusiri sabin | sima sabèng sêpi | sabawa yèn dalu ||

22. landhak luwak cênthak lan trênggiling | blacan cêcêp gogor | kuwuk-kawuk garangan lan rase | walang-kapa karêndho jaliring | janjan anggung jungkir | jrih jalarang sênggung ||

23. banthèng Jawi wus sami angili | ngilang ngalih adoh | sarpa-sarpa sasaran playune | yun nalêsêp nusup ing asêpi | mung kari kang kowi |

--- 1: 18 ---

kêthèk nom lan lutung ||

3. Sinom

1. akathah ing warnanira | sato sajroning wanadri | samya jênak asêsana | wit dènnya ngupaya bukti | sarwana amênuhi | tan sangsayèng sabanipun | wêwêngkon wana wiyar | awradin prapta ing têpi | kêtêp atap taru turut angrêmbaka ||

2. lindhuk siluk tan asêla | angrongkob têpung ngaubi | tangkile têkèng antara | lir taratag anaritis | tanpa corah myang sungil | pêpèrèng lêbak pêpundhung | nir pringganing pantaka | marma datan ngrêkasani |

--- 1: 19 ---

amisaya kabèh sato jroning wana ||

3. mung sinung palanggrong wrêksa | binrayut ing lata sami | tigang asta inggilira | pinrênah mungging asêpi | ginodhag sapambêdhil | jinèjèr jajar lêlajur | rinopoh ron warata | supaya aywa kaèksi | wus pininta unggyaning putra santana ||

4. kadya rakiting ayuda | wangun gêlar kagapati | kang munggwing panjawat kiwa | Jêng Pangeran Mangkubumi | lan para putra sami | satriya kang para tamu | panjawat ingkang kanan | jêng gusti pangran dipati | saha wadya sagotra santananira ||

5. măngka patuking kagendra |

--- 1: 20 ---

residhèn lan pra upisir | jêng gusti têtêlihira | pangran dipati ngabèi | gêgithok kang ngênggèni | Pangran Natakusumèku | bêbuntut wadyatăntra | kang samya nuntun turanggi | siningitkên nèng grumbul kang kiwa-kiwa ||

6. ri wusing rakit samapta | dyan lêkas binêrêg aglis | atusan wadya ing desa | panglawe dêmang ngabèi | kang samya anindhihi | sawega swara gumuruh | jêjêl ajèjèr wayang | kêmput sajroning wanadri | abarungan surak kukuk mawurahan ||

7. rumupak lampahing wadya | giris sato ing wanadri | lumayu asalang-tanjang |[1]

--- 1: 21 ---

angumpul dadya sawiji | tambuh dènira ngungsi | abingung pating bilulung | lor kidul kaèbêkan | tan ana sêlaning janmi | ing wasana nêmpuh byat ênggon wisaya ||

8. gya kinrutug ing sanjata | adêrês tibaning mimis | kèh palastra ing palagan | tuwin ingkang nandhang kanin | sawênèh dêdagangi | ting barêngok swaranipun | ana kang kêrangkangan | tugêl sukune kêkalih | sakarine lumayu arêbut paran ||

9. suka sagung kang tumingal | surake gumuruh atri | wijah-wijah wadyabala | miyat sangsam mati kanin | sarwi lok cêrik-cêrik |

--- 1: 22 ---

ana kêplok tanganipun | ambapang saraweyan | wênèh angunus panguthik | kumaruwuk sêsumbar sarwi pandhapan ||

10. mawarna solahing wadya | kang anut sukaning gusti | tan kêndhat sanjatanira | ingkang tinarajang têbih | ngumandhang kapiyarsi | awor swaraning wadyagung | kukuk ambal-ambalan | lir tuhu wong mangun jurit | rêbut papan silih rok madyèng palagan ||

11. ana ta ingkang satriya | prawira nindita wasis | mangulah sanjata dibya | arda kacuwan ing galih | tuna dènira musthi | sanjata prana tan arju | wit keguh dening byuha |

--- 1: 23 ---

adrêng arsa apêpulih | mahaswara wisata nitih turăngga ||

12. amung tri lan grêmanira | midêr nèng wana kuliling | gya namakkên kuntanira | kang pinujyèng siyang latri | patitising pangaksi | ing prana aywa kaliru | mring sangsam antakanya | panjang yèn winarnèng tulis | ingkang samya kasukan anèng ing wana ||

13. sabên-sabên pan mangkana | ing sajroning patang ari | yèn nuju măngsa katiga | jêng gusti dènnya cangkrami | kondur saking wanadri | siyang wanci pukul satu | lajêng mring pasanggrahan | ing dalu bujana sami | datan liya kinarya imbal wacana ||

--- 1: 24 ---

14. dènira sami nyanjata | sangsam duk anèng wanadri | rêbat unggul ing pamirsa | tuwin angsal ing pêpati | sinambi nêningali | talèdhèk bêksa lan minum | mirêngkên gêndhing munya | ginanti badhud banyoli | sri kawuryan kawimbuhan dening pandam ||

15. apadhang kadya raina | suyasa sairib loji | asampêt busananira | sêtrolup tuwin sêtroli | mubêng jèjèr kang kursi | linayaran motha pingul | pra tilam di rinêngga | ngandhap babut pringwadani[2] | sabên saka tineplokan ing panjuta ||

16. kamantyan lênglêng mradipta | marma kèh prapta ningali |

--- 1: 25 ---

kêbêk sêlur anèng marga | wong desa jalu lan èstri | kang têbih-têbih prapti | kêlunglun warta kêlayu | sinambi ngupajiwa | dhêdhasar turuting margi | yèn raina pakuwon saingga praja ||

17. nutug dènnya andrawina | jêng gusti pangran dipati | lan sagung pra tamunira | bubar yèn wus madya ratri | mangkana sari-ari | tuhu wong agung pinunjul | dera mrih karya suka | lêgawa anrus ing batin | ambêk santa sihing wadya paramarta ||

18. cinêndhak pangriptanira | pasanggrahan Wanagiri | mung kinarya mudhar karsa | lêlahan langêning galih |

--- 1: 26 ---

mêmalat mangulati | laladaning lukitanung | pinupul mrih darsana | sang maha krêtartèng budi | kang makirtya wus winahywa nèng purwaka ||

19. titi purnaning panitra | nujwari ing Tumpak Manis | siyang wanci pukul sanga | kaping nêm Jumadilakir | Kasa ing windu Adi | wuku Bala nuju dangu | dewa nganglang Hyang Rodra | Tungle Ehe ingkang warsi | sinangkalan wrin sabda pandhita raja |[3][4]|

 


asalang-tunjang. (kembali)
prangwadani. (kembali)
§ Taun Jawi 1772, taun Walandi 1844, wulan Juni. (kembali)
Tanggal: Tumpak Manis (Sêtu Lêgi) nêm (6) Jumadilakir Ehe: wrin sabda pandhita raja (AJ 1772). Tanggal Masehi: Sabtu 22 Juni 1844. (kembali)