Praja Mangkunagaran, Kajawèn, 1933, #1530

JudulCitra
Terakhir diubah: 17-07-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Praja Mangkunagaran

Santun-sumantuning Kawontênan Praja Mangkunagaran Surakarta

Ing Taun 1870 dumugi 1915

Sambêtipun Kajawèn nomêr 77

Kiwa têngên dipun urung-urung barisan mandhi bandera sikêp dêdamêl băngsa Tiyonghwa, sinêling obor urubipun agêng-agêng cacah atusan.

Băngsa Tiyonghwa ingkang ngajênging griyanipun dipun langkungi arak-arakan, lajêng sami sêmbahyang sacêlaking têpèkong sarwi ambêsmi kêrtas-kêrtas sajèn utawi nyumêd long barondongan. Sabên dalu têtiyang ningali ewon ing samargi-margi. Botên antawis lami kalihan pundhating arak-arakan Jênggi wau, pagêblug lajêng sampun sirêp. Inggih sawêg nêmbe sapisan kala samantên ing Surakarta wontên Jênggi mawi upacara arak-arakan kawical agêng piyambak, sanadyan ing wingking ugi lajêng wontên Jênggi malih kaping rambah-rambah, samantêna agêng sarta dangunipun dèrèng wontên ingkang nyamèni Jênggi kangge tumbal panyirêping sasakêt kala jaman samantên.

XXXII. Kapundhut Pramèswari.

Amarêngi taun 1892, utawi wulan Bêsar Jimawal, angkaning warsa 1821, putri kaprênah rayi dalêm, asma Gusti Radèn Ajêng Sumarti, inggih putra dalêm Kangjêng Gusti M.N.IV miyos saking garwa Kangjêng Radèn Ayu Mangkunagara, kaparênging karsa dalêm ing saandhap sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng.

[1310]

Susuhunan kaping IX kapundhut mantu, dados pramèswari dalêm sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, inggih saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana Ingkang Sinuhun kaping X punika : nuwun tabe-tabe. Kala samantên, kirang 8 dintên kalihan dhaub dalêm, gusti radèn ajêng sampun kapundhut sêngkêr malêbêt karaton, saha kirang 2 dintên saking dintên panyêngkêripun wau, ing dalêm Mangkungaran dhawuh sowan tuguran para luhur kakung putri, pinarakan dalêm ing paringgitan, para putri ing dalêm agêng, găngsa nguyu-uyu manggèn ing kajogan paringgitan.

Enjingipun dintên badhe bidhal ing sêngkêran, jam 9 enjing para luhur kakung putri sampun pêpak pinarak ing paringgitan tuwin ing dalêm agêng badhe nguntapakên utawi andhèrèkakên bidhalipun. Ing pandhapi agêng, ing palataran sarta ing pamedan, abdi dalêm agêng alit sowan pêpak mangangge agêng, mirantos badhe anjajari, ngurung-urung tuwin anggarêbêg wingking kareta titihan dalêm sêngkêran. Ungêl-ungêlan musik lisiun, găngsa-găngsa sampun mirantos jangkêp badhe pakurmatan ing bidhalipun.

Jam 10 băngsa luhur pangeran saha putri-putri utusan dalêm saking karaton, amirantos kareta dalah upacara jangkêp, ingkang kadhawuhan mundhut panyêngkêripun badhe pramèswira dalêm dhumatêng karaton, sampun rawuh ing paringgitan pura Mangkunagaran, para putri pinarak ing dalêm agêng. Danguning pinarakan watawis namung saêjam, sêsampuning samapto lajêng bidhalan, kareta titihan badhe pramèswari dalêm, lampahipun jinajaran, ingurung-urung tuwin ginarêbêg abdi dalêm prajurit karaton saha Mangkunagaran. Băngsa luhur kakung putri wontên pintên kareta andhèrèkakên dumugi karaton.

Palêsthaning pamiwahan dhaub dalêm, pramèswari dalêm wau kala samantên kapatêdhan asma saha ajêjuluk : Kangjêng Ratu Anom.

XXXIII. Wêwahan Pranatan Enggal.

Nagari andhawuhakên pranatan enggal bab tatakrama, namung katumrapakên abdi dalêm Mangkunagaran piyambak sarta namung kanggge salêbêting pura kemawon, inggih punika sabên-sabên wancining kangjêng gusti lênggah kantoran padintênan, punapa dene pinarak sadhengah panggenan ing perangan sajawining dalêm agêng, sadaya abdi dalêm ingkang sowan utawi lêlados, lampahipun wêkdal mandhap saking undhak-undhakan pandhapi utawi èmpèr-èmpèring bangsal-bangsal dhengah panggenan dumugi ngandhap kêdah andhodhok sarta nyêmbah rumiyin lajêng sawêg ngadêg lumampah ing palataran. Makatên ugi sawangsulipun, samăngsa saking palataran badhe ngancik plêstèr ing perangan nginggil, inggih kêdah andhodhok sarta nyêmbah rumiyin dhatêng lêrêsing panggenan pinarakan dalêm.

(badhe kasambêtan)

P.K. 585.