Ngadani Bêndungan Tambak Agung
1. Kinanthi
1. awit saking karsanipun | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Amangkunagara | ping sakawan kang piniji | mirungga ajudhanira[1] | jêng raja nagri Walandi ||
2. Ridêr ing Ordhê satuhu | Nèdêrlan Sêleyo nami | kolnèl myang komandhanira | lèsiyunipun pribadi | ing nagari Surakarta |
--- 2 : 2 ---
têlênging karaton Jawi ||
3. bilih mangke karsanipun | yasa bêndungan banawi | wontên dhusun ing Maguwan | tanah Sêmbuyan kang nginggil |[2] supados ing toyanira | lumèbèr mring têgal sabin ||
4. karsa kang makatên wau | sèstu dadosakên sami | bingah myang panuwunira | abdi dalêm among tani | wit wêwah pasilanira | marakkên rèh kang basuki ||
5. mila ing dintên winastu | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Amangkunagara | kadhèrèkkên putra kalih | Jêng Pangran Găndasuputra | lan Găndaatmaja ari ||
6. nyalirani karsanipun |
--- 2 : 3 ---
ngawiti anambut kardi | masang banoning bêndungan | kang tumrap dhasaring warih | sarta mawi kajênêngan | wakil jêng gupêrmèn kalih ||
7. jêng tuwan ingkang sinêbut | K. A. L. Y. Yèkêl nami | residhèn ing Surakarta | lawan kangjêng tuwan malih | Van Ordhên ing namanira | asistèn ing Wanagiri ||
8. lawan pra administratur | dêmang răngga lawan naib | sadaya bawah Sêmbuyan | kang supados pandamêling | bêndungan gya kalêksanan | rampung ramping mikantuki ||
9. makatên ing karsanipun | jêng gusti anyalirani | dados sokur bingahira |
--- 2 : 4 ---
sagunging kang para abdi | tanah Sêmbuyan sadaya | ciptantuk barkahing Gusti ||
10. dèntên mangke kang tinuduh | kapitados ngundhagèni | panambute ing bêndungan | abdi dalêm Tuwan Portir | pangagêng ing Eramaka | lan Dêmang Păncajahnawi ||
11. kang bantoni karsanipun | bawah kapanewon kalih | Girităntra Baturêtna | kabayar kados galidhig | mila sagung narakarya | tan wontên mingkuh ing kardi ||
12. dumadi wadya sawêgung | samya ngaturkên basuki | miwah muja kastawanta | ingkang mugi kangjêng gusti | pinanjangna yuswanira |
--- 2 : 5 ---
kadugèna kang kinapti ||
13. winantua nugraha gung | myang kamulyaning dumadi | sumrambah mring garwa putra | wayah buyut sapawingking | lulusa darbèni praja | pinundhi-pundhi salami ||
14. titi panitraning têmbung | nujwari Salasa Paing | tanggal kaping tigang dasa | Rêjêb Dal sangkalèng warsi | muji kumbul sariranta | Jêng Gusti Pangran Dipati |[3][4]|
1 | ajudanira (dan di tempat lain). (kembali) ajudanira (dan di tempat lain). |
2 | § Tlatah Sêmbuyan inggih punika Kabupatèn Wanagiri Mangkunagaran ingkang sisih kidul. (kembali) § Tlatah Sêmbuyan inggih punika Kabupatèn Wanagiri Mangkunagaran ingkang sisih kidul. |
3 | § Taun Jawi 1807, taun Walandi 1878, wulan Juli. (kembali) § Taun Jawi 1807, taun Walandi 1878, wulan Juli. |
4 | Tanggal: Salasa (Slasa) Paing tigang dasa (30) Rêjêb Dal: muji kumbul sariranta Jêng Gusti Pangran Dipati (AJ 1807). Tanggal Masehi: Selasa 30 Juli 1878. (kembali) Tanggal: Salasa (Slasa) Paing tigang dasa (30) Rêjêb Dal: muji kumbul sariranta Jêng Gusti Pangran Dipati (AJ 1807). Tanggal Masehi: Selasa 30 Juli 1878. |