Srikaton, Pigeaud, 1953, #1459

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Srikaton[1]

1. Dhandhanggula

1. kang mangagnya mrih sarkarèng rawi | jêngira sang narèswaratmaja | panggagasing salirane | ngèngêti kalanipun | rancakèng tyas duk anèng ardi | anggung dènnya sangsara | ngambah jurang sirung | beda praptaning sang graha | ical saking rancaka enggar ing galih |

--- 2: 18 ---

marma kinèn amarna ||

2. mring kang wignya têpaning palupi | lêlupiyan pamardining basa | kang tumulad pagunane | sujana kang wus putus | karsanira sang asma sandi | kaping tri Surakarta | pinardawèng kidung | laksita dènnya cangkrama | dhèrèk kang wa Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara ||

3. nalika mring pacangkraman ardi | Karangpandhan sawetaning praja | kalih dasa pal têbihe | nguni iyasanipun | swargi Kangjêng Pangran Dipati | Arya Mangkunagara | kaping kalihipun | mangke winangun wus dadya | rakitira kadi puraning maharsi |

--- 2: 19 ---

tuwin pandhita raja ||

4. lawan yasa pacangkraman malih | ing Srikaton namane kang arga | kidul wetan ing prênahe | mung nêm pal têbihipun | saking wukir ing Pandhanpuri |[2] ing mangke sampun dadya | ngilèn ajêngipun | asri rêngganing suyasa | yeka ingkang badhe pinirsa jêng gusti | lajêng karsa pêpara ||

5. lan jêng tuwan residhèn ing nagri | Surakarta Yèkêl asmanira | kang tumuntur ing lampahe | katri putra sang prabu | ingkang sêpuh Jêng Pangran Bèi | myang Pangran Prabuningrat | lawan arinipun | Pangran Kasumadiningrat |

--- 2: 20 ---

wontên malih atmajanira Jêng Gusti | Arya Mangkunagara ||

6. mung sakawan kang sami umiring | Pangran Arya Prabu Prangwadana | Pangran Dayakusumane | kang kalih wus tinuduh | ngrumiyini dhumatêng ardi | Pangran Găndasuputra | lawan arinipun | Pangeran Găndaatmaja | kalih sami binêbahan mariksani | sagunging pasanggrahan ||

7. lawan kinèn lajêng dhatêng ardi | Seladhukun watêsing Magêtan | amêthuka ing lampahe | residhèn ing Madiun | Kangjêng Tuwan Phèlsêr kang nami | arsa mring Karangpandhan | panggih ipenipun | residhèn ing Surakarta |

--- 2: 21 ---

mila mangke umangkat nunggil saari | mrih sarêng praptanira ||

8. nahên ingkang mêthuk anèng ardi | winursita Risdhèn Surakarta | kadi sarêng ing lampahe | enjing wanci jam pitu | angkatira saking nagari | anuju ri Anggara | nêmbêlas sitèngsu | wulan Saban Be kang warsa | sinangkalan ngèsthi nênga sarira ji |[3][4] kang nunggil sakareta ||

9. Kangjêng Gusti Pangeran Dipati | Arya Mangkunagara kalawan | Kaptin Noi katigane | sakawan putranipun | kangjêng gusti kang kaping kalih | Nararya Brajanata | gangsal putranipun |

--- 2: 22 ---

Jêng Gusti Pangran Dipatya | Arya Mangkunagara kang wus winuni | Pangran Dayakusuma ||

10. Jêng Pangeran Ngabèi anitih | sanès rata lan Jêng Pangran Arya | Prabuningrat katigane | Jêng Pangran Arya Prabu | Prangwadana malih putraji | Pangran Sumadiningrat | catur nunggil dunung | wontên malih sanès rata | andhèrèkkên mung badhe dugi banawi | Pangran Suryadiningrat ||

11. lan ambêkta kalih ingkang rayi | Dèn Mas Suryadarmaja kang nama | Suryadarsana kalihe | têtiga nunggil dunung | wontên malih ingkang umiring | inggih sanès kareta | sira Dyan Tumênggung |

--- 2: 23 ---

Jayasarosa kalawan | Dyan Ngabèi Cakrajaya ingkang nami | lawan Jayasumarja ||

12. tuwin malih sira Angabèi | Martarêja lan Jayadipraja | sami bêkta ampilane | dene ingkang garubyug | ing kareta ngajêng lan wingking | dragundêr mung sakawan | gangsal tindhihipun | lampahira sampun prapta | jawi kitha ing Jurug kilèn banawi | têdhak saking kareta ||

13. pinêthukkên wadana pulisi | Dèn Mas Arya Sêbrata kang nama | umarêk sapanêkare | kang sadhiya ing ngriku | kangjêng gusti pangran dipati | lan Risdhèn Surakarta | lajêng tindakipun |

--- 2: 24 ---

dhatêng têpining narmada | nitih palwa nama Sang Naga Basuki | lan sagung para putra ||

14. dyan tumênggung tuwin para mantri | numpak palwa aran Cakranggana | mudhik ngetan panabrange | prapta babaganipun | gya tumêdhak dhumatêng gisik | tan karsa pinaraka | pasanggrahan agung | lajêng anitih kareta | lan pra putra sadaya ingkang umiring | riwusira samêkta ||

15. gya nimbali dhumatêng kang rayi | Pangran Suryadiningrat kang măngka | parawira ulunane | tuwin radyan tumênggung | kang pinatuh pinatah patih | sira Jayasarosa | kalihe tinuduh |

--- 2: 25 ---

wangsula marang ing kitha | rumêksaa ing praja lan jroning puri | bawah Mangkunagaran ||

16. ingkang rayi sandika wotsari | tuwin sira Sang Jayasarosa | sumanggêm kănjêm sêmbahe | saha sakondhangipun | pra wadana panèwu mantri | samya tur pujyastawa | tan antara dangu | rinakit rekaning lampah | kang garubyug tuwin wadya kang jajari | samaptaning pêpara ||

17. tandya bidhal lumaris tan aris | nitih rata Kyai Wimbakarya | kapal sèdni pangiride | napas tur pancal panggung | de kang mawo[5] sarata ngarsi | tan ewah rakitira | kadi duk ing wau |

--- 2: 26 ---

miwah kang jajari rata | sumawana kang garubyug munggwing wuri | sadaya mantri desa ||

18. wimbasara myang kang para langsir | amung catur sangajênging rata | ingkang andhèrèk lampahe | wadana para gunung | samapta gya numpak turanggi | Dyan Mas Arya Sêbrata | yeka tindhihipun | rumêksa jro lumaksana | kang sumambung wurining para pulisi | rata titihanira ||

19. atmajendra Jêng Pangran Ngabèi | jajar lawan Pangran Prangwadana | ingkang wontên ing ngarsane | kang rayi ajêjuluk | Pangran Prabuningrat lan malih | Pangran Samadiningrat | yeka arinipun |

--- 2: 27 ---

sadaya nêdhêng taruna | catur samya pantês sami pêkik-pêkik | siringan warnanira ||

20. sinêru kras lampahira prapti | padhusunan Jumog wastanira | katon gabag pêthukane | yeka wadana gunung | Radèn Citrapradata nami | rumanti nganti karya | saprikancanipun | Kabupatèn Karanganyar | kang gêntosi ampilan kaprabon sami | kang saking jroning praja ||

21. nging jêng gusti pangeran dipati | datan karsa ngèndêlkên wahana | lajêng wau ing lampahe | kunêng ta kang winuwus | Dyan Mas Arya Sêbrata nguni | lawan sakondhangira | wus kalilan wangsul |

--- 2: 28 ---

tan winarna anèng marga | amangsuli jêng gusti pangran dipati | tantara sampun prapta ||

22. Karanganyar ing nalika wanci | pukul sanga antaraning surya | samana kèndêl lampahe | ing ngriku gya pinêthuk | asistène ing Wanagiri | Phan Ordhê namanira | nuju wontên ngriku | tumut mriksani pradata | panambrama mring wau kang sami prapti | lênggah anèng pandhapa ||

23. kinurmatan găngsa angrêrangin | saanane pantês tan kuciwa | kapiyarsa nêngsêmake | miwah sunggatanipun | gung lumintu ganti-gumanti | sabên panti rinêngga | asri yèn dinulu |

--- 2: 29 ---

winangun saananira | amarnani lêlangse-langse linungsir | wastradi warna tiga ||

24. gêdhah seta rêkta ngrêspatèni | sinangsaya bêbuntaling patra | tumangkar mêkar sêkare | palêngkung dêling wulung | jêng-ajêngan umanjing margi | ingapit dwaja panjang | bêbanjêngan munggul | panjrahing lêlayu pindha | sambartaka tumêkèng marga maripit | minăngka panambrama ||

25. mring pra gusti kang sami ningali | uparêngga rakiting sasana | mangkana ta sasampune | sunggata praptanipun | wedang-wedang minuman sami | mangkana sang iswara | asasmitèng wadu |

--- 2: 30 ---

tanggap saratining rata | gya umajêng mring ngajêngan sampun prapti | pangirid kuda rêkta ||

26. kapat pisan sami tanah Sèdni | sanalika kangjêng sang iswara | kêbut budhal sawadyane | Phan Ordhên gya tinuduh | umiring mor sarata ngarsi | langsir catur ing ngarsa | kang garubyug pungkur | turăngga awarna-warna | kanthanira katingalan saking têbih | lir srinata pêpara ||

2. Sinom

1. tan alon ing lampahira | ngambah radinan waradin | punika iyasanira | jêng gusti pangran dipati | ping catur kang mandhiri |

--- 2: 31 ---

marmanta iyasa ngriku | dene margi kang lama | sakalangkung saking rumpil | nut sêsêngkaning ardi kèh kang pêparang ||

2. padhas pêpadhane sela | tan sêla pipit-maripit | sinampêt gunging ampatan | prandene mêksa mandhêlis | dumadya ing samangkin | jêng gusti ing karsanipun | mayasa kang radinan | salère lawan kang lami | pinrih aywa sangsaraning lumaksana ||

3. kunêng wau lampahira | rikating carita prapti | madyaning bêbulak tawang | wontên kang cêcadhang margi | Tuwan Kiliyan nami | ing Banyak dènnya dêdunung | kayungyun ngayubagya |

--- 2: 32 ---

mring wong agung kang cangkrami | marma karya têtarub sakadarira ||

4. lêlayu tuwin bandera | palêngkung nglangkahi margi | binulêt bêbuntal patra | patrape nyêkar sinuji | jêjênêngan rinuji | rêsik pasawanganipun | mangkana rawuhira | residhèn lawan Jêng Gusti | Tuwan Kliyan gya mêthuk rèh gurawalan ||

5. sumungsung asung sambrama | raharja rawuhing gusti | lan para tamu sadaya | sarampungira sêsanti | sacaraning aprapti | tandya saos asêsugun | sunggata kang minuman | sampanyê minăngka saksi | kayêktène sumungku sungkêming prana ||

--- 2: 33 ---

6. ing angga rèhning kabawah | rampunging sugata nuli | sami pamit têtabean | pra tuwan lan para gusti | nitih rata tumuli | ginêrêg turăngga mamprung | tan antara katingal | padhusunan Tawangasri | sinung wisma măngka pakèndêlan rata ||

7. rontèk rantap kawistara | saantaranirèng margi | ngêngrêng saliring rêrênggan | kawuryan sangkaning têbih | ing têba sasat kadi | kaluwung barung manawung | sapraptanirèng kana | wong agung nulya ngèndêli | saking rata tumêdhak gya sinewaka ||

8. munggwing tarub wêwangunan | siniwèng wadya kang sami |

--- 2: 34 ---

umiring saananira | wau sauruting margi | tuwin ta ingkang saking | Karangpandhan wadya mêthuk | Panèwu Păncarêja | sapanêkarira sami | Karangpandhan rumanti nganti nèng kana ||

9. kanthi wadya patuh desa | dêmang răngga myang patinggi | samapta mawa turăngga | gilir sami ngampil-ampil | ampilan saking nagri | upacaraning kaprabun | myang wadya wimbasara | ingkang badhe anjajari | wus pinatah ngarsaning rata tan têbah ||

10. sakawan mawa bandera | mangkana rata gumanti | pangirid turăngga krêsna | kapat sami saking Sèdni |

--- 2: 35 ---

sasampuning miranti | datan dangu bidhalipun | tan ewah lampahira | amung wadya ingkang saking | Karanganyar kalilan wangsul sadaya ||

11. wadya saking Pandhanpura | garubyug wênèh jajari | ing wanci pukul sadasa | kikising gumawang kèksi | rakiting upakarti | asri kawuryan wèh yungyun | wau sarawuhira | wong agung dipun urmati | Munggang[6] ngangkang mariyêm sangang rambahan ||

12. yeka kaurmatanira | Tuwan Dhabu kang pêpanti | dhusun kutha Kuwadungan | mangkana kang para gusti | lan para tuwan tami | kèndêl ing ngriku cumundhuk |

--- 2: 36 ---

dyan wau têtabean | rampung ingancaran sami | lêlênggahan sinunggata num-inuman ||

13. binoja pinarikrama | sinawung ing sabda manis | tumrah sumrambah ing wadya | supênuh tan nguciwani | tantara asêsanti | angunjuk wilujêngipun | wong agung ingkang samya | karsa lêlana ningali | kalangênan sukuning ardi Dumilah ||[7]

14. sawusira kinurmatan | jêng gusti pangran dipati | myang residhèn gya pamitan | bodhol ingurmatan dening | monggang wor găngsa atri | mariyêm munya gumuntur | warnanên Pandhanpura | pra wadya kang amiranti |

--- 2: 37 ---

dupi myarsa swaraning mariyêm munya ||

15. busêkan usrêk kang janma | wor bêkèring turănggèstri | tambah kambah ingkang wadya | prapta badhe aningali | rawuhing kangjêng gusti | jibêk têpining marga gung | tan antara katingal | jêjaraning rata ngarsi | mawa dwaja kumêlap lir pritanjala ||

16. sêsêk kang sami mariksa | rêbut ngarsa kang ningali | lanang wadon awurahan | asora swara gumriwis | mangkana kangjêng gusti | lampahira sampun rawuh | ing pasar Pandhanpura | gègère anggêgêtêri | saking sami sêmune sêngsêm mariksa ||

17. wong agung ingkang lêlana |

--- 2: 38 ---

lêlangên ing Lawu ardi | nitih rata pinandara | ing wadya saurut margi | samana para gusti | lan pra tuwan kang tinamu | akampir lêlênggahan | ing papan kang wus miranti | sabên-sabên dadya tarub pakèndêlan ||

18. asri uparêngganira | munggul bale mangu mrêgil | kinêbon binalekambang | kinubêng ing taru rêsmi | sakèhe sarwa sari | pinot pinèt pênêtipun | tanêman warna-warna | kobis boncis kara kapri | ambaranang kang èrbèi abra sinang ||

19. pêpak saliring sayuran | ananging datan winilis | cinêndhak ing kandhanira |

--- 2: 39 ---

mangsuli kalanta nguni | rawuhira jêng gusti | pinêthuk ing putranipun | Jêng Pangran Găndatmaja | lawan Tuwan Phogêl nênggih | upsêtratur sinung rèh tanah Kaduwang ||

20. lawan wontên tuwan-tuwan | bangsaning Walandi prêsil | ingkang nyêpêng ing Gadhungan | anama Tuwan Phan dhêr Pit | lan Tuwan Arlop nênggih | ing Kumuning wismanipun | samya mêthuk nambrama | jêng pangran kang ngancarani | asêsambèn rumanti ngrukti sunggata ||

21. pra wadya kang nambut karya | satataning para tami | inuman mawarna-warna | ing wadhah sarwa gumrining | sagunging para gusti |

--- 2: 40 ---

pra samya karênan ngunjuk | saliring pasunggatan | tanpa kuciwa sadêmi | praptèng măngsa têngange ing wancinira ||

22. marpat rata ngabyantara | apangirid satus janmi | jumbuh warnaning busana | udhêng wulung mawa caping | pinulas mêlês langking | rasukan kuthungan wulung | tinêpi wastra jingga | sabuk kêthèl tan ngalinthing | bêbêdane jinigrang wangun cincingan ||

23. tur bathikan latar krêsna | obyong saruwale kèksi | gêdhah tinêpi ing rêkta | tinon sing mandrawa kèksi | jingga lir wora-wari | mangkana wau wong agung | ngancari para tuwan |

--- 2: 41 ---

sumêngka mring graning wukir | nitih rata rantap pangirid ing ngarsa ||

24. sagunging pra upacara | ulêse wus dèn rucati | ngiring ngurung-urung rata | arampak-rêmpêk lumaris | sadaya para tami | sami nitih ratanipun | amung sang narpatmaja | katiga nitih turanggi | kawangkungên ing tyas dangu anèng rata ||

25. Jêng Pangeran Prangwadana | dumadya kèlu umiring | saha ari tuwin raka | samya mong mundhut turanggi | mangkana kang lumaris | aris myat rarasing ênu | langkung asri kawuryan | rakiting pangupa kardi | margi agêng anggênggêng banderanira ||

--- 2: 42 ---

26. turut tirah ing aldaka | sêsêngkan nikung kêpering | ing ngajêng joging jêjurang | mêne pinapar pinlimping | ampatan winaradin | ing têpi tarap tinurus | argulo seta rêkta | sêla sêsêlinging sari | pinarigi arêgêng sinung bandera ||

27. lêlayu lawan kakăndha | andhêndhêng saengga kadi | rakiting pura pêpara | palêngkung kang ngongkang margi | rinênggèng sarwa sari | binuntêl buntal palêngkung | kongkale sawatara | kasilir ing maruta ris | taru kentar tabêt gandanira kongas ||

28. dumadya kèh kang brêmara | mara marang goning sari |

--- 2: 43 ---

sarana ambarung swara | abra ambrangêngêng kadi | maharsi asêsanti | sarawuhira wong agung | agraning Pandhanpura | pinaripurna sarwa sri | panti-panti ing têpi tinrapan wastra ||

29. winarna ciri martiga | gêdhah rêta seta kèksi | saengga tejaning tirta | umentar atur pamuji | arjaning kangjêng gusti | tanapi ingkang tinamu | marma nalikanira | rawuh graning Pandhanpuri | para putra têmahan sami asmara ||

3. Asmaradana

1. sarawuhira jêng gusti | praptèng madyaning gapura |

--- 2: 44 ---

kinurmatan găngsa rame | pelog salendro kalawan | Carabalèn myang Monggang | sinarawung barung umyung | mawor garêdêging rata ||

2. myang swaraning turăngga ngrik | kadya giri gara-gara | gumêr gumêrah swarane | pangiriding rata janma | rantapan kawistara | lumaju lajêng jumujug | sangajênging pasanggrahan ||

3. jêng tuwan residhèn aglis | umandhap saking wahana | alon wau ing tindake | mring pataraning pandhapa | kanthèn lan sang iswara | pra tamu sami dumulur | lumêbèng jro pasanggrahan ||

4. lajêng prasamya ningali |

--- 2: 45 ---

rakit rekaning suyasa | sumawana rêrênggane | apèni-pèni maneka | sarwa di sarwa listya | sambadane kang pamatut | patrape kang upakara ||

5. karênan ingkang ningali | jêng tuwan residhèn lawan | Tuwan Noi lan malihe | asistèn ing Wanaarga | nèng ngriku pondhokira | sowang-sowang kamaripun | sampat srining uparêngga ||

6. cinarita kangjêng gusti | tindak anganthi kang putra | atmajendra katigane | pinirsakkên pondhokira | ing prênah tan akiwa | wingking pasanggrahan agung | sinung wisma jêng-ajêngan ||

--- 2: 46 ---

7. têpang lataring capuri | kang kidul pratisthanira | Pangran Bèi pakuwone | lan kalih pra arinira | sawusira pariksa | papan pasanggrahanipun | gya sami dhèrèk kang uwa ||

8. jêng gusti pangran dipati | tindak pasanggrahan wetan | yeka sabên pakuwone | rawuh kinurmatan găngsa | kang gêndhing Puspawarna | sêndhon sinindhenan barung | ringgit katri nut irama ||

9. mlêbêt lajêng mariksani | uparêngganing suyasa | sumawana pakuwone | kang para putra sadaya | kang pantês tan kuciwa | rampunging pamirsanipun |

--- 2: 47 ---

gya miyos lênggah pandhapa ||

10. Kangjêng Pangeran Ngabèi | myang rayi kalih tan têbah | lan kang uwa pilênggahe | tuwin pra putra santana | sami sumiwèng ngarsa | nèng ngriku datan andangu | gya tindak pakuwon ngarsa ||

11. lênggahan sajroning loji | ambanjêng pra tuwan-tuwan | lan para gusti jajare | tan dangu saosan prapta | wedang tèh tuwin kahwa | gya larih midêr tumuntur | sumrambah ing para wadya ||

12. kawratan têkan pakathik | sêsambèning andrawina | mawantu-wantu praptane | sunggata maneka warna | kang adi-adi ana |

--- 2: 48 ---

taman kêndhat dhatêngipun | sumalin-salin sumêla ||

13. lêlênggahan sawatawis | lajêng sami jaga-jaga | tumingal sawêwêngkone | wana arga desa-desa | kinèkêr kawistara | lêngkèh lukiking gêgunung | myang jurang-jurang pêparang ||

14. parang rong kang curi-curi | rêrèjèng kajogan tirta | sumorot kênèng sunare | surya rumangsang ngakasa | kasaru praptanira | residhèn nagri Madiun | Tuwan Phèlsêr asmanira ||

15. saha pra tuwan kêkalih | G.F. Sêkilka satunggal | asistèn ing Magêtane | Tuwan Glimê katrinira |

--- 2: 49 ---

kuntrolir kang pilênggah | kanthi Bupati Madiun | Tumênggung Sasradiningrat ||

16. tuwin Dyan Mas Adipati | Magêtan Suradiningrat | kang dhèrèkkên ing lampahe | Jêng Pangran Găndasuputra | lan Dyan Mas Wirasmara | kanthi administratur |[8] Tuwan Pêlor namanira ||

17. ing Srikaton kang jagèni | saha sarèrèhanira | langsir kapat pangarsane | sami anumpak turăngga | kang grêbyêg mantri desa | dalasan patingginipun | praptèng palataran wetan ||

18. dyan sami umandhap saking | turăngga gya têtabean | bage-binage rawuhe |

--- 2: 50 ---

lan pra tamu tuwan-tuwan | tumulya lêlênggahan | ing jroning pakuwon agung | sinunggata num-inuman ||

19. watara wanci jam kalih | prasamya lêkas bujana | kêmbul sakameja gone | nutug dènnya andrawina | sinêlan imbal sabda | dangu ing antaranipun | luware wong agung sigra ||

20. amit mring risdhèn kêkalih | tuwin para tuwan-tuwan | kondur marang pakuwone | pra gusti saananira | sawusing têtabean | dan sami makuwon sampun | nahan ta ingkang winarna ||

21. sutendra taruna kalih | pamitan dhatêng kang uwa |

--- 2: 51 ---

badhe mirsani rakite | ing bukit Tirtanirmala | jêng gusti sukèng driya | amiji mring putranipun | Jêng Pangran Dayakusuma ||

22. dinuking sabda tinuding | among umiringa marang | narendra putra kalihe | sinung kanthi mantri desa | aran Păncagrêjita | sabawah panêkaripun | lan nganggoa wimbasara ||

23. kapat tindhihe patinggi | kang putra matur sandika | kunêng wau ta praptane | wanci patêmbayanira | têdhake rajaputra | têtiga wus samya ngumpul | nèng pakuwon ing Ngabean ||

24. pra wadya wus amiranti |

--- 2: 52 ---

samapta mawa turăngga | narendratmaja nulyage | tindak dinulur ing wadya | Pangran Dayakusuma | kang măngka pamonging laku | tansah cakêt wawan sabda ||

25. jajaran langsir pangarsi | naracak turangganira | kêmbaran bopong ulêse | wau pra gusti têtiga | lampahirèng samarga | tansah lon-lonan kadulu | lêlangên lir alêlana ||

26. samarga-marga ningali | aldaka kang kawistara | ing ênu saantarane | mawarna sasêngkanira | sawênèh ana arga | tan agêng granira munggul | grêmbêling grumbul kapriksa ||

--- 2: 53 ---

27. lir gambar cinawi rêmit | rêmu rawat sumamburat | kasiratan ing sorote | surya lumarap ngancala | imbanging arga ana | himalaya amanawung | sinawung ing jaladara ||

28. kapraban wimbaning rawi | sumunar mahasmu jênar | tumeja-teja ujunge | kèksi isthaning prabata | kadya tur manambrama | mring sang katêmbèn andulu | kunêng ta glis praptanira ||

29. ing Tirtanirmala wukir | samapta pakuwonira | rakit sauparênggane | palêngkunge ngăngkang marga | rinênggèng buntal patra | sinangsayèng taru-taru |

--- 2: 54 ---

tarap têtuwuhanira ||

30. kadya dhepoking maharsi | pasang rakiting suyasa | kinubêng wukir kikise | sukèng tyas satriya tiga | sigra sami mariksa | kaananing ranu-ranu | kang gambuh karya usada ||

4. Gambuh

1. purwane kang jinujug | garojogan kang nywara gumrujug | lajêng anjog kajogan ujunging wukir | tinaru tinarub-tarub | kinubêng-kubêng kinêbon ||

2. umêdal udalipun | santêr sumêntor tirta lumuntur | yeka măngka pasiramaning pra gusti | kinrobong kang wastra pingul | jro jrambah tinrapan ing tong ||

--- 2: 55 ---

3. kumrêcêk kumarucuk | kawikanan ingkang apakantuk | yèn kinarya siram sabên bangun enjing | wèh kyating angga sawêgung | bêbayu pêgêling boyok ||

4. kalamun karêm kungkum | balung sungsum sami sêmu tuntum | kêngkêng kiyat ruwat mêmalaning dhiri | larud saliring rês linu | barêgas ringase katon ||

5. punika kandhanipun | kang rumêksa sêndhang kyai dhukun | gusti katri sukèng tyas dèn wursitani | anulya tindak tumurun | anjog dhatêng tirta mandos ||

6. wontên ronge kang sirung | tur gumlêdhêg swaranira umung | toyanira katon cêmêng angêlangit | malênthuk wijiling unthuk | rambasing êmbês tanpa rob ||

--- 2: 56 ---

7. ing ngriku răngga dhusun | ingkang jagi sapratingginipun | amiranti obor tuwin ayam alit | kinarya andadar banyu | kamandène kang sayêktos ||

8. ayam kang sinarimpung | pinêrakkên pipining rong sirung | sanalika kênèng hawaning kang warih | lês anglês jiwangganipun | kêdhap idhêpe kalêson ||

9. ngalumpruk kadi kapuk | gya ngombenan toya tawa tuwuk | silir-silir kasilir nulya ngalilir | pucêting cêcènggèr wutuh | lir ing nguni nulya pêtok ||

10. pinindho pining têlu | tuhu kadi nalika duk wau | sukèng driya satriya katri ningali | tumulya malih amundhut | pratăndha kang saking obor ||

--- 2: 57 ---

11. sinulêd latu murub | pinêrakkên sanalika surud | dupi pinèt tinêbihkên mubal malih | malah ta kadya dinamu | kumantar-kantar mancorong ||

12. pra gusti sukèng kalbu | myat mubyaring obor tan tinunu | anuhoni kontab tibaning pawarti | titikaning para catur | kang lumantar mring kadhaton ||

13. anulya tumaruntun | tumurun jog mring tirta si dhukun | sêndhang kalih kinulah tur pinarigi | bundêr kèdêran kang ranu | udaling tirta tan anggop ||

14. tur wêning umbulipun | kacarita sêndhang kalihipun | tatal lamun kinarya usada sakit | barah rambat katrap bubul | waluya yèn kinum kono ||

--- 2: 58 ---

15. satriya katri sampun | amariksa kang sêndhang sadarum | sigra kondur dinulur ing para dasih | kadya duk ing tindakipun | kunêng ganti cinariyos ||

16. wau sapungkuripun | gusti katri wontên ingkang nusul | iswaratma Pangran Găndatmaja nanging | mung lancaran tindakipun | nitih turăngga bêsaos ||

17. tan têbih gya kapêthuk | lan kang kondur samana wus cundhuk | wusnya bage-binage arjaning margi | jêng pangran umiring wangsul | kondur dhatêng ing pakuwon ||

18. kunêng rèhirè[9] ênu | satêngah nêm sampun praptèng kuwu | adan sami sumiwi mring kangjêng gusti | mung sakêdhap nuntên mundur | sowang-sowang mring pakuwon ||

--- 2: 59 ---

19. praptaning pukul pitu | wus marêpat sagunging pra tamu | kangjêng gusti tindak pasanggrahan ngloji | lêlênggahan gadri ngayun | ingkang umangjêng[10] mangulon ||

20. antara pukul wolu | kalangênan ingkang sêkar latu | kang tumingal lanang wadon tarap pipit | akubêng akalang têpung | tumpa-tumpa kang nênonton ||

21. gumrênggêng gumarunggung | gumêr gumrah gumarênêng umung | linêkasan wêkas lor kang sêkar api | drêsing srèng saengga jawuh | wimbuh barondonging êlong ||

22. binandhung saking kidul | srèng andêdêl angayuh mandhuwur | têkèng luhur mêkar tumangkar mawarni | abang biru tuwin pingul | gumêr suraking wong nonton ||

--- 2: 60 ---

23. sawênèh janma dhusun | kang katiban gronjal kagum-kagum | ingkang pêrak kaparak ing agni ngisis | sinurak saking lor kidul | rame swaranira mawor ||

24. pradăngga amangungkung | slêbêgane Kêbogiro barung | barêng găngsa kalênengan munggwing ngarsi | sinênggrèng pêpathêtipun | cêp mênêng swaraning uwong ||

25. ginantyan wêdalipun | layangan ting andêdêl mandhuwur | kang tumingal akêplok surak swaratri | kang adoh kumêdah dulu | mènèk wit pucung andongong ||

5. Pucung

1. kang andulu surake mawantu-wantu | sawusira têlas |

--- 2: 61 ---

kalangênan kang kaèksi | salin gêlar tandya lêkas langênswara ||

2. kang ngêngidung tanduk-tindake tan kadung | awilêt limbatan | datan kewran mring rêrawit | kadi suling dumêling like mêmêla ||

3. dhasar arum saplak rêsmining raras rum | rumarah ing gita | ginanti cengkok ngrêrêngih | tistis sunya tan ana sora sabawa ||

4. tarlèn amung mirêngkên kang tansah mêlung | lir mêmêling marang | pra taruna kang winasis | têmbang-têmbung tumibèng tibaning găngsa ||

5. rara wijung awijang wêdharing kidung | rêpène ngrêrêpa |

--- 2: 62 ---

pangrapu rêmpuning galih | ngayuh driya mring sagunging kang miyarsa ||

6. tan adangu gya sami tindak malêbu | jroning pambujanan | lênggah banjêng para gusti | atanapi pra tuwan-tuwan sadaya ||

7. wantu-wantu sunggata prapta lumintu | sêling juk-unjukan | tan sêla salin-sumalin | kang surasa di-adi doh sangkanira ||

8. sru kayungyun kang prapta saking Madiun | sèwu tan anyipta | sakêthi datan andugi | lamun manggih sarwa kadi jroning pra |[11]|

9. kongsi dangu dènira bujana wau | ngiras pagunêman |

--- 2: 63 ---

pranatan kang wus pinasthi | karsanira residhèn ing Surakarta ||

10. tindakipun benjang-enjang wanci bangun | kampir ing Gadhungan | lajêng anjog Tubagiri | kèndêl Sukuh mriksani candhi Pancaka ||

11. yèn wus rampung gya têrus margi campurung | jêng gusti ngandika | sakalangkung nyuwawèni | amung kula trus saking ngriki kewala ||

12. lan pra tamu kang andhèrèk mêdal ngriku | amung putra kula | sutendra Pangran Ngabèi | sakadange kêdah andhèrèk paduka ||

13. Pangran Prabu Prangwadana kanthinipun | de pamonging lampah |

--- 2: 64 ---

sutendra pangeran kalih | putra kula Pangeran Dayakusuma ||

14. risdhèn manggut pangèsthining driya pagut | lawan karsanira | jêng gusti pangran dipati | gya luwaran dènira sami dhaharan ||

15. mung sapangu pinarakan anèng ngriku | jêng gusti sakala | têtabean minta pamit | para jawi sami umiring sadaya ||

16. praptèng kuwu siniwakèng para sunu | sutendra têtiga | jajar lan kang wa marapit | Dyan Dipati Madiun lan ing Magêtan ||

17. munggwing ngayun jajar wau lênggahipun | lawan para putra |

--- 2: 65 ---

ing Mangkunagaran tuwin | kang winêrda Sang Nararya Brajanata ||

18. tan adangu midêr kang larih lumintu | lêlangên suwara | linud ing sêsêndhon gêndhing | sinênggakan badhud kapat cêcengkokan ||

19. para tamu myarsa Ni Mbok Arumdalu | dènnya lagu swara | rênyah alus gilig mêthit | amêmêthêt wilêt sajak pasisiran ||

20. datan lugu mung irib pacaking lagu | lagehaning gita | imbal kalawan pun gadhing | nora gandhang gêndhènge wilêt pasaja ||

21. gêndhingipun pêpêthikan saking kidung | mula-mulanira |

--- 2: 66 ---

têmbang macapat Kinanthi | jinangkêpan kêthuk pat lakuning kêndhang ||

22. para badhud kêplok alon manggut-manggut | eca cêcêngkengan | jênak tyase para tami | nging kasaru ing wanci pan sampun măngsa ||

23. lingsir dalu jêng gusti sasmitèng wadu | tanggap pra niyaga | anyênggrèng sêsêndhon nami | Sastradatan lajêng dhawah yak-ayakan ||

24. sigra kondur pra tamu mêndhêg tumuntur | mentar sêsowangan | mring kuwunira pribadi | kunêng ratri kawuwusa wanci enjang ||

25. janma umung kang rumanti karyanipun | kuda tuwin rata |

--- 2: 67 ---

rakiting pêpara mantri | gumarêdêg marpat munggwing palataran ||

26. dyan wong agung ngumpul mring loji sawêgung | Risdhèn Surakarta | amit tindak ngrumiyini | nitih kuda mudhun ngalèr lampahira ||

27. kang garubyug para pulisi gumrudug | gumrêdêg kang lampah | langsir catur munggwèng ngarsi | sigêg gantya ingkang winursitèng kăndha ||

28. ingkang manggung maksih nèng pakuwonipun | jêng gusti kalawan | Residhèn Madiun tuwin | kang kinanthi Dipati Suradiningrat ||

6. Kinanthi

1. kang kinèn sami tumuntur |

--- 2: 68 ---

atmajanira jêng gusti | Pangeran Găndaatmaja | lan kang eyang kang wêwangi | Arya Brajanata lawan | Wiraasmara sumiwi ||

2. turăngga rata wus ngumpul | pinarnah plataran ngarsi | wimbasara sikêp dwaja | ingkang badhe anjajari | ampilan wus ngapit rata | rantap pangiride kèksi ||

3. satus janma ngajêng pungkur | gumrah swaranira atri | tan antara sang iswara | budhal ingurmatan dening | pradăngga barung sauran | gora swara gêgêtêri ||

4. lumampah tirah ing gunung | pinapar lêmpar waradin | radinan nikung mangetan |

--- 2: 69 ---

ngampad ngampar sapanginggil | pinggir pinarigi sela | tan sêla rampak marapit ||

5. anjog jurang Seladhukun | siluk bambing sêmu miring | têkèng watês Selasambang | nut imbang malih malipir | lêmpêr lampahe kang rata | datan antara kaèksi ||

6. ing Srikaton kanthanipun | rantap rontèke marapit | kumlap tinub ing maruta | marut ing rèh maratani | kadi panjrahing puspita | tumular nêdhêng ngalilir ||

7. linud jaladara têdhuh | praptane mariris aris | mangkana ta lampahira | wong agung kang sampun prapti | gapuraning pacangkraman |

--- 2: 70 ---

pinalêngkung jajar kalih ||

8. urmat kang pradăngga barung | pelog slendro Carabali | awor pangriking turăngga | pating balêkèr kapyarsi | srawungan swaraning janma | wurahan arsa ningali ||

9. rawuh pasanggrahan agung | anggênggêng saengga nagri | rinakit pura pêpara | sangkêp suyasaning ardi | mangilèn ing ajêngira | mangku marga mudhun ardi ||

10. gênêngan guwa na gunung | bawera panduking aksi | gêgêr pagêr kawistara | watêsing capuri panti | wisma catur bêbanjêngan | jinèjèr ing ngajêng wingking ||

11. pagut èmpèring bêbatur |

--- 2: 71 ---

gêndhèng payone gumrining | ing ngarsa ngiras pandhapa | tuwin suyasa ing wingking | kang têngah kinamar-kamar | măngka unggyaning pra tami ||

12. asri uparêngganipun | pinatut patraping panti | pantês gone lêlêsonan | pasmining sarwa wêwangi | lumrang kang gănda kusuma | winor ing jêbat kasturi ||

13. èmpèr ngarsa pisan sinung | payon galnisir sinami | saka tosan tur santosa | watês blandaring taritis | rinênggèng pot sêsêkaran | tumangkar sêkar gănda mrik ||

14. pinlêstèr lir jobin pingul | kajogan ngajêng pandhapi | binêlah măngka wiwara |

--- 2: 72 ---

jajar katri cinèt wilis | sinami lawan candhela | pêpanilan pinalipit ||

15. bulêting dhasar piningul | palanging têbêng ingukir | pindha jêmparing tumama | tumancêb turut ing pinggir | lêlongkanging kalowongan | ngaluwêng mubêng ngawêngi ||

16. bundêr pinindha sitangsu | umimba katon sapalih | nêb-inêb karepyak rinam | jinumbuh rêngganing sungging | wisma gêng-agêng minăngka | lêlênggahaning pra gusti ||

17. sinung rêsban kursi bangku | minuman mawarni-warni | suyasa kang wuri pisan | piranti gone sêsaji | sajèn rakiting sunggata |

--- 2: 73 ---

di-adi sarwa mêpêki ||

18. anjog ing kajogan pungkur | manguntur mijil sing gadri | pinayon kampung lajuran | têrus mring patirtan wingking | lèr kidul sinung rêrênggan | wisma kampung amarapit ||

19. kang kidul panggenanipun | koki tukang lampu tuwin | pra wadya suba pandaya | godhag wontên wisma malih | mujur mangalèr minăngka | pondhokaning kênèk kusir ||

20. lêt patirtan kang lèr sinung | wisma wangun kampung bali | balungan balok sadaya | ing ngajêng pinagêr ruji | punika pakuwonira | sagunging kang para siwi ||

21. sadasasta longkangipun |

--- 2: 74 ---

sinung wisma kampung malih | mujur ngilèn taratasan | punika ingkang kinardi | patêngganing kalawija | myang santana kang umiring ||

22. kang cakêt pakuwon agung | kinarya gèning parabdi | kang sami saos busana | mrih enggale yèn lumaris | lêt pagêring patamanan | ingapit wisma gêng kalih ||

23. sami ngilèn ajêngipun | kêmbar rekaning kang panti | galnisir taratagira | jinumbuh ing ngajêng wingking | ingkang lèr pakuwonira | jêng gusti pangran dipati ||

24. lan putra jêng pangran prabu | kang kidul pancèn kinardi | pakuwon sang narpatmaja |

--- 2: 75 ---

lawan kang rayi kêkalih | rinêngga ing kêmbang-kêmbang | kinubêng ing taru rêsmi ||

25. sarwasri tanêmanipun | pinagêr ing pancak suji | prabusèt mênur sridênta | sêkar dangan widasari | saruni lan sumarsana | sumêr gandanira amrik ||

26. puspitanjrah nuksmèng taru | tarap turut ing taritis | tinarutus ing brêmara | mara murih goning sari | sarana nandinèng patra | patraping rèh amarsudi ||

27. rumambat ing pang tumiyung | brangêngêng karêngên kadi | dwijawara mêsu brata | matêk mantrane samadi | kasilir ing samirana |

--- 2: 76 ---

kongkal ing sadpada ngrêngih ||

28. kèh warnane taru-taru | ingkang tumaruna sami | sêmi sêmune ngrêmbaka | sakubênging wukir-wukir | kanan kering wuri ngarsa | tan pêgat tinruh ing warih ||

7. Mêgatruh

1. kêbon wingking sinung wisma mujur ngidul | jêng-ajêngan tundha kalih | ginuthêk godhagan têpung | minăngka gèning turanggi | pinayu kambêngan ayom ||

2. sinung marga agêng mring pakuwon agung | anggênggêng kang pancak suji | anaman ing dêling wulung | madyaning kêstal sinung ting | kapering têmbing kang êlor ||

3. saking ngriku arga Dumilah kadulu |

--- 2: 77 ---

sawêngkone têpis iring | parang rong kang sirung-sirung | siluk-siluk sungil-sungil | taru ayom angarongkob ||

4. duk kèdêran jaladara angêndhanu | alamat limut kaèksi | pak-ampak prapta manaput | sampat kongsi saput siti | datan antara tan katon ||

5. sigêg gantya rêngganing pakuwon agung | kawuwusa kang lumaris | ngalèr ngetan marganipun | jêng tuwan residhèn tuwin | tuwan-tuwan sampun rawoh ||

6. sapinggiring lèpèn Dimara kapêthuk | Tuwan Pan dêr Pit lan malih | Tuwan Arlop kanthinipun | wontên saêlèring kali | myang langsir tridasa kang wong ||

7. dupi sami mandhap sing turangganipun |

--- 2: 78 ---

ganti nitih tandhu kursi | narakarya kang amikul | dêmang răngga kang jagèni | lampahira kinèn alon ||

8. awit lèpèn kèh watu kang lunyu-lunyu | lêlumutan kanyut dening | wantêring tirta lumuntur | kang lumantar saking wukir | ing sabrang lèr dupi rawoh ||

9. têtabean lan tuwan kalih kang mêthuk | rampung gya manitih malih | turăngga dan[12] bidhal kêbut | tan kêbat dènnya lumaris | ningali ardi kang katon ||

10. myang jêjurang pêparang kang sirung-sirung | kang pêrak marga marapit | kunêng pakèwêding ênu | ing Gadhungan sampun prapti | kinurmatan găngsa pelog ||

11. ingancaran sami lênggah kursi têpung |

--- 2: 79 ---

sinunggata wedang tuwin | minuman tumrah tumruntun | sêlingan salin-sumalin | myang sêsadêhan tan anggop ||

12. tan adangu dènira kampir ing ngriku | jêng tuwan residhèn aglis | têtabean arsa laju | lajêng mring dhusun Kumuning | tan antara sami bodhol ||

13. kinurmatan kadi duk ing rawuhipun | pangarsa langsir tan têbih | ing marga datan winuwus | sarawuhirèng Kumuning | urmat gêndhing Jangkrik Genggong ||

14. Nyonyah Arlop gurawalan rèh amêthuk | kusung-kusung ngacarani | sadaya kang sami rawuh | ingaturan malbèng loji | lênggahan sami karaos ||

15. sinunggata wedang minuman dumrunuh |

--- 2: 80 ---

dhaharan kang adi-adi | dahat panambramanipun | Nyonyah Arlop ing Kumuni[13] | trampil tanggap ing paclathon ||

16. langkung rêna tamu ing saananipun | dangu antaraning wanci | duk arsa pamit kasaru | praptaning riris tan aris | wor lesus mêsês sumêrot ||

17. kongsi dangu drêsing jawah wor lan bayu | dupi têkèng pukul kalih | kèsisan ngisis kang mêndhung | sinrang maruta sumilir | kang kalingan sami katon ||

18. tuwan risdhèn tuwin sagung para tamu | têtabean minta pamit | budhal ing sawadyanipun | kinurmatan găngsa muni | kadi kalanta duk rawoh ||

19. lampahira taruntunan tumaruntun |

--- 2: 81 ---

nut imbang bambing tumawing | tinawang kang siluk-siluk | sêsungiling padhas sêngkil | kèh wrêksa tabête kang sol ||

20. tan antara Tubagiri sampun rawuh | sêsêngkaning Sukuh kèksi | rakiting marga manikung | nut pêpèrèng iring-iring | sarawuhirèng pakuwon ||

21. kinurmatan swaraning pradăngga umung | sukèng tyas wadya kang nganti | mring jêng tuwan rawuhipun | lajêng sami mariksani | candhi pancakaning layon ||

22. kori pisan kaèksi gapuranipun | sinung ing arca winarni | ing rêrekan baga purus | yeka sangkalaning nguni | kang candhi witira dados ||

23. minggah malih tumêkèng gapura luhur |

--- 2: 82 ---

pancaka munggul kaèksi | panjrah kang arca kadulu | pinindha-pindha kang warni | pra jawata wiwit tinon ||

24. wusnya rampung ningali candhi sawêgung | kèndêl ing pakuwon sami | bujana saananipun | sarêng praptaning kang riris | wor sindhung riwut sumêntor ||

25. ampak-ampak anampêk kongsi ngalimut | limêng katawêngan dening | jaladara midêr têpung | têpang ujunge kang wukir | ing wanci wus lingsir kulon ||

26. dadya dangu kapirangu samya ngrêmbug | pangrêmbagira wus gilig | lajêng badhe bodholipun | wit lamun katungkèng ratri | sayêkti têmah kuwatos ||

27. tuwan risdhèn gya nitih turangganipun |

--- 2: 83 ---

pra tuwan lan para gusti | dumulur nut ing lêlungur | tumurun mring jurang bambing | nut pêpèrèng nikung ngulon ||

28. lalu limut kalamatan ing pêpêdhut | kadrêsan jawah ngin-angin | lidhah kilat thathit barung | gara-gara kèh dhatêngi | prabawa para gung rawoh ||

29. mawa têdhuh kaluwung ngawêng malêngkung | malang lir mêmêling margi | mangkana ta lampahipun | lambunging cêmpurung prapti | wijiling baskara katon ||

8. Mijil

1. radi ngampad marga amalipir | lêmpêr kongsi anjog | Samakade andêdêr lampahe | nging sêsêngkan tan sumêngka kadi |

--- 2: 84 ---

duk ing Tubagiri | kalawan ing Sukuh ||

2. wus kapungkur desa Samakadi | tan antara katon | pakuwon gung munggul banderane | asrêp ing tyas kang sami lumaris | samana kang wanci | andakara surup ||

3. kinurmatan kang pradăngga katri | swaranira mawor | pra turăngga kang prapta sakèhe | kangjêng gusti pangeran dipati | dangu dènnya nganti | nèng pakuwon agung ||

4. dupi rawuh tuwan risdhèn tuwin | tuwan-tuwan alon | mandhap saking turăngga tinampèn | para dêmang răngga myang patinggi | jêng pangran dipati | têtabean mêthuk ||

--- 2: 85 ---

5. anambrama raharjaning margi | ingancaran gupoh | mring pandhapi pinarakan andhèr | wawansabda wartane samargi | jêng gusti miyarsi | langkung dènnya ngungun ||

6. bingahing tyas dènira basuki | rawuh ing pakuwon | tan adangu luwaran sakèhe | tuwan-tuwan tuwin para tami | sowang-sowang sami | mring pakuwonipun ||

7. tabah[14] sapta pra tamu wus sami | sowan mring pakuwon | loji ngajêng ajajar lênggahe | amung Kangjêng Pangeran Ngabèi | kang dèrèng sumiwi | lan sakadangipun ||

8. nulya kangjêng pangeran dipati | miji putra kinon |

--- 2: 86 ---

panggih lawan sutendra katrine | lamun sayah tan susah sumiwi | anglêrêmna sami | ing saliranipun ||

9. duta mêsat tan antara prapti | sajroning pakuwon | cundhuk lawan kang rayi katrine | alon matur rèhirèng tinuding | Jêng Pangran Ngabèi | mèsêm sarwi matur ||

10. tan rêkaos raosing kang dhiri | myang botên kêlêson | mangke kula sumewa èstune | duta raka kinèn ngrumiyini | sapungkure nuli | tumungka ing laku ||

11. Pangran Găndaatmaja gya amit | mijil sing pakuwon | dupi prapta alon ing ature | saliring rèh dènira tinuding |

--- 2: 87 ---

kang rama miyarsi | langkung rênèng kalbu ||

12. tan adangu atmajendra katri | sumiwèng pakuwon | têtabean lan tuwan residhèn | ingancaran satata nèng kursi | sadangune sami | tan lyan kang rinêmbug ||

13. dèniranggung sangsaranèng margi | ngambah jurang sigrong | sumêngka ring paranging pêpèrèng | ngiring-iring tumawing ambambing | siluk-siluk sungil | watu-watu lunyu ||

14. tan lastari lampahing turanggi | anggung kapalorod | kasarakat rongkab kêkambile | akèh tundhan tumundha matindhih | kandhêg dèn gondhèli | bagondhal gumandhul ||

--- 2: 88 ---

15. samya ngungun kang dèn cariyosi | sukèsmu katonton | dene para wong agung têmahe | kataman ing sangsara samargi | tan antara wanci | mèh pukul sapuluh ||

16. gya bujana mring pandhapi wingking | andrawina kasok | rampung dhahar bubaran sakèhe | para tamu tanapi pra gusti | amakuwon sami | tan winarnèng dalu ||

17. bangun enjing kang srigunting muni | tuwin pêksi jodhog | sata wana jrit pating jagigrèk | myang kênthunging lêsung lamat têbih | binarung swaraning | jago kang kaluruk ||

18. ramya umyang swaraning rarywalit | arsa angon pêthok |

--- 2: 89 ---

mring kêkandhang agandhang swarane | sigra wadya kang badhe lêladi | ngalilir umijil | saking pondhokipun ||

19. bang-bang wetan mega malang kèksi | rumamyang sumorot | kaprabawan raditya sunare | narawungi langêning wiyati | kartika kalindhih | kucêm warnanipun ||

20. sirêm surêm taranggana tistis | kasor ingkang sorot | saput siti kawanton wimbane | pêdhut dhêdhêt ampak-ampak prapti | pêtêng anglimputi | udayaning gunung ||

21. kawaratana ingkang adi-ardi |[15] mung grane kang katon | tan antara Hyang Rawi wijile | sumunar mring imbanging kang wukir |

--- 2: 90 ---

kontra taru rêsmi | kang trêna ing gunung ||

22. usarabyor kang nèng taru ruwit | kabaskara katon | lir sêsotya sumêbar isthane | angrênggani imbanging kang ardi | nahan kang miranti | wrahatbala umung ||

23. abusêkan kasêsêk kang wanci | rakiting pirantos | marma gumrah gumuruh swarane | dan sawega bageyaning kardi | rata myang turanggi | wus pinarnah kumpul ||

24. cakêt anèng ngajênging pandhapi | pangiride katon | satus janma mangkana wiyose | kangjêng gusti pangeran dipati | mring pakuwon loji | lawan para tamu ||

--- 2: 91 ---

25. taman kêndhat sadêhan kang prapti | tumrahe tan anggop | sawusira dhaharan sakèhe | tuwan risdhèn ing Madiun tuwin | bupati kêkalih | lan asistènipun ||

26. tuwin tuwan kontrolir samyamit | mundur mring Srikaton | datan tumut dhèrèk sapuruge | wit kadangon dènnya tinggal nagri | bok kadukan dening | jêng tuwan gupêrnur ||

27. kangjêng gusti pangeran dipati | tan antara dhawoh | mring Dyan Bèi Citrapradatane | sarèhira padha ingsun tuding | umiringa maring | risdhèn ing Madiun ||

28. mung balia Seladhukun wukir | dan nusula mring ngong |

--- 2: 92 ---

iya marang mring Jumapalane | Dyan Ngabèi sandika umijil | jêng tuwan kang pamit | kantun angkatipun ||

29. tan winarna bidhale jêng gusti | ingkang cinariyos | Tuwan Risdhèn Madiun angkate | tabah sapta bidhal dèn urmati | pradăngga swaratri | Carabalèn umung ||

30. ngambah marga sakiduling wukir | lambunging Srikaton | trus mangetan gya nikung mangalèr | jog radinan ing Pancot manginggil | rikating lumaris | praptèng Seladhukun ||

31. sami kèndêl ngasoni turanggi | lênggahan pakuwon | kinurmatan pradăngga arame | mung sakêdhap tandya bidhal malih |

--- 2: 93 ---

kunêng kang lumaris | wau ta ing pungkur ||

9. Pangkur

1. Dyan Bèi Citrapradata | wangsul saha sakondhangira sami | rêrikatan lampahipun | sigêgên ing samarga | gantya ingkang winursitèng kandhanipun | residhèn ing Surakarta | kang mangidul lan jêng gusti ||

2. sawadyabala gumêrah | nut têtirah tumêrah golong pipit | ampadan lambunging gunung | lêmpêr èmpèr pêparan | iring-iring pinlimping sinung têtanggul | lêlêbak binêkan sela | sinalimut wêdhi krikil ||

3. mandhukul pinapar lêmpar | dadya lêmpêr têdhunan jurang gamping |

--- 2: 94 ---

agampang tur sinung taru | andhêndhêng witing dhadhap | ronirayom mawèh ayêming wadyagung | nikung ngalèr joging marga | gugur tuwin Jabalkanil ||

4. laju ngalèr ara-ara | abawera radinan awaradin | trus mangilèn lampahipun | rawuh dhusun Mutihan | wontên tarub tinarap ing taru-taru | tiris sinasayèng mayang | mung atêp payon gumrining ||

5. langse lêlungsiring wisma | pare mudha jumbuh lan dwaja sami | palêngkung malang dêlanggung | binulêt buntal patra | patrapira lir nganti-anti wong agung | yèku paurmatanira | Tuwan Robrêt Dhabu nami ||

6. jêng gusti sarawuhira |

--- 2: 95 ---

lan residhèn tuwin kang para tami | ingurmatan găngsa barung | mariyêm bal-ambalan | kaping sanga tinundha-tundha tumêdhuh | dhêndhêng kukusing sandawa | kadya ima nawung siti ||

7. Tuwan Dhabu ing Mutihan | dahat saking noraga dèn têdhaki | pra gusti sadayanipun | katuran lêlênggahan | munggwing tarub kang jrambah ginlaran babud | sinugun sinungga-sungga | liningga-lingga dewaji ||

8. pinuji pinuja-puja | ing sunggata sarwa di sarwa rêsik | wèh rêsêping para wadu | ingkang sami tumingal | tan antara sami ingurmatan ngunjuk | sampanyê măngka pratăndha | sumungku sungkêming galih ||

--- 2: 96 ---

9. mring tuwan residhèn lawan | kangjêng gusti pangeran adipati | sawusira sami ngunjuk | gya pamit têtabean | bidhal umung urmatan munya ambarung | mariyêm matundha-tundha | gumuntur rèh gêgêtêri ||

10. kapungkur dhusun Mutihan | myang Koripan ing Kaligêmbong prapti | kèh wadya kang sami mêthuk | saking tanah Gobayan | sang iswara lastari ing lampahipun | rawuh gudhang Jumantana | ing lampah prasamya kampir ||

11. mariksa pandayèng kahwa | kang binêbak sarana saking warih | pinrih umara maring mul | mulêk mêlak jinăntra | kênèng daya kongkal ing untu lumuntur | mêdêt kang baruna jăntra |

--- 2: 97 ---

lir cakra katiyub angin ||

12. alu kongkal ing paekan | gya lumintu nutu gênti nibani | cangkoking kahwa umawut | karênan ingkang mulat | rampung sigra ngaso mring pakuwon agung | kaprênah kidul tan têbah | lawan mul kang dèn priksani ||

13. mangkana rêrêngganira | kang suyasa sauruting taritis | tinaratas ing wastra lus | kinampuh warna tiga | gêdhah seta rêkta winiru malêngkung | longkange sinung tuwuhan | pisang rosan tuwin cêngkir ||

14. mangkana sajroning wisma | wus gumêlar sadêhan amiranti | wedang minuman supênuh | tandya sami bujana | tan adangu lajêng bidhal lampahipun |

--- 2: 98 ---

andêdêr mung saonjotan | dungkap Jumapala kèksi ||

15. gumlar rontèk myang bandera | amarêpat maripit marga tirip | tarap ingkang taru-taru | tiris lagya tumruna | abanjaran ambanjêng mujur mangidul | palêngkung lênging binuntal | patra patrape marapit ||

16. ngalêmpit mulêt mring saka | sinukarta kakăndha jèjèr kalih | kalawan kang umbul-umbul | têtanggul tinancêban | ruji rancang pinalang ing dêling wulung | sinalimut ron rumamyang | sêlane sinêling-sêling ||

17. mustakane tiris jênar | sru sumunar rawe-rawe malipir | têkèng palêngkung ing ngayun | sinung tiyang bandera |

--- 2: 99 ---

agêng munggul kinubêngan ing têtunggul | tinanêman kalamênta | prak lan pagêring capuri ||

18. pradăngga tanggap umunya | buka pathêt manyura gêndhing muni | Puspawarna sindhèn barung | ringgit katri tan pêgat | liking suling tiniling mêmalat ing kung | lajêng sami lêlênggahan | pra tuwan lan para gusti ||

19. tandya praptaning sunggata | kaldhu laju sumaos kangjêng gusti | tanapi kang para tamu | tumrah wadu-wandawa | andrawina winantu swarèng raras rum | rumaras srining kalangyan | sindhèn sêsêndhoning gêndhing ||

20. kunêng wau sanalika | Dyan Mas Wirasmara marêk mangarsi | mangastuti gya umatur |

--- 2: 100 ---

dhuh gusti sang iswara | abdi tuwan juru panitik duk wau | suka uningèng kawula | yèn tanah Druju kang wukir ||

21. wontên sima amêmăngsa | tinaliti tabête kadi katri | singidan sêsiluk siguk | garumbul kang ngrêmbaka | mung kawan pal watawis ing têbihipun | ing papan tan patos gawat | kang pakèwêd mung sakêdhik ||

22. jêng tuwan risdhèn miyarsa | langkung suka ngandika mring jêng gusti | saudara lamun sarju | kula ing benjang-enjang | kapiadrêng badhe angawaki tumut | ngitêr singa kang sikara | munggèng jroning jurang trêbis ||

23. ngayubagya kang nèng ngarsa | atmajendra Jêng Pangran Angabèi |

--- 2: 101 ---

kumêdah badhe tumuntur | myang sang iswara putra | Pangran Prabu Prangwadana kinèn tumut | jêng gusti andikanira | sesuk umiringa kaki ||

24. lan kanthia eyangira | Arya Brajanata kalawan malih | Wirasmara lan Si Pogul | myang Jayawilatikta | kapat sami rumêksaa ing pakewuh | kang wus tau jajah wana | wêruh papaning pawèsthi ||

25. dèn prayitna ywa pêpeka | wana gawat kaliwat gone wêrit | sandika jêng pangran prabu | risdhèn nulya ngandika | lawan Kaptin Noi sira sesuk-esuk | sun kanthi mèlua marang | pakitêran nora têbih ||

26. kaptin umatur sandika |

--- 2: 102 ---

sigêg wau bujana wus miranti | tandya tindak dalêm pungkur | unggyaning pasunggatan | sadangune nora liya kang rinêmbug | mung badhe tibaning karya | pambêrêge benjing-enjing ||

27. luware saking bujana | sowang-sowang makuwon para gusti | nihan dupi praptanipun | sontên wanci jam gangsal | tuwan risdhèn miyos mring lesan jinujug | angêlèskên kontanira | supadi tan pindho kardi ||

28. dadya pra gusti sadaya | kèlu ing tyas sadaya angladosi | lesan musthi kontanipun | pinêlêng lênge kêna | winatara satus tindak têbihipun | tuhu tan ana kuciwa | kawangwang sami winasis ||

--- 2: 103 ---

29. surya mèh ngancik ancala | candhikala sumirat asmu abrit | nulya jêng pangeran prabu | moga mrih karya suka | wraha jagar ingumbar nèng krangkèngipun | ingabên lawan srênggala | kinêplokan para abdi ||

30. sona ngrah wijung rumangsang | langkung rame tinundha binut kalih | cèlèng nyulêng ngisis siyung | amogok mêgap-mêgap | ana asu kasusu kasêlak naut | tuna katungka ing kănca | dhinodhos dhase kabalik ||

31. kalengkengan ngathang-athang | gya tinunjang ing rowang saking wingking | pramana dènira naut | githoke wraha kêna | ngrik karuna karênan kang sami dulu | wijung binujêng ing kathah |

--- 2: 104 ---

ingundur kasaput ratri ||

10. Durma

1. tan antara Jêng Pangeran Găndatmaja | mijilkên sêkar api | dhingin wêkas wetan | kang êlong barondongan | tinundha mawanti-wanti | lih kogêl lawan | srèng manrang ing wiyati ||

2. kang tumingal rèntèp têpung kêkalangan | suka surak swaratri | lir ruging prabata | tanapi swaranira | pradăngga barung ngurmati | rikalanira | ting mumbul sinrang angin ||

3. lamat-lamat kumêlap-kêlap kumêdhap | sakêdhap kêthip-kêthip | ting tinundha-tundha |

--- 2: 105 ---

binandhung bancang tiga | suka pra gusti ningali | kalangyan ingkang | gêgana tinon kadi ||

4. daru midêr ngalintêr ngupaya papan | mangkana para gusti | kondur masanggrahan | anjujug kabujanan | bibare sowangan sami | mring kuwunira | sinigêg duk ing ratri ||

5. praptèng enjang jibêk wadya ing ngajêngan | banjêng nut pancak suji | jèjèr bêbanjaran | ana kang jujug papan | kang tumbak angrangap kèksi | urut sêluran | anut luhuring ardi ||

6. datan kêndhat dalêdêg kang saking wuntat | atarap kêtêp tirip |

--- 2: 106 ---

praptaning turăngga | tuwin warastra dibya | ampilaning para gusti | jibêk nèng ngarsa | mangkana para gusti ||

7. miyos saking pakuwon lajêng panggihan | jêng tuwan risdhèn tuwin | pra tamu sadaya | lênggahan sawatara | wontên dasih tur udani | yèn wus têtela | gèn sima datan sêpi ||

8. risdhèn suka amundhut turangganira | anitih tindak aglis | risang narpatmaja | lan sang iswara putra | wus sami nitih turanggi | ginarbêg wadya | wandawa tan atêbih ||

9. amung tuwan kaptin ingkang kêdah dharat |

--- 2: 107 ---

nuhoni yèn inpantri | wus tate lumampah | lampahan tigang dina | ugi minggah graning wukir | duk prang nèng Padhang | ing Dhèli tuwin Ngacih ||

10. lampahira tansah amusthi sanjata | Sêrungan sampun prapti | têtirahing arga | kèksi kang ngêpung samya | nèng pêpèrèng iring-iring | pêrak pêparang | murih parêk ing ardi ||

11. tuwan risdhèn mangu ing tyas angandika | mring Tuwan Pogul nênggih | yèn sun uningaa | ing papan kang kadyèka | wèh ana macan sakêthi | măngsa sudia | dene ta dahat supit ||

--- 2: 108 ---

12. tuwan kaptin ngrêrêpa alon wacana | dhuh risdhèn sampun runtik | yèn panggenan sima | lir punika kewala | kawical kalangkung gampil | kang sampun limrah | tikêl kalawan ngriki ||

13. langkung sungil langkung siluk langkung pringga | tuwin kang mutawatir | kalamun punika | katimbang sabênira | tan măntra lamun sairib | panggenan sima | sêmune wana mamring ||

14. tuwan risdhèn gèdhèg-gèdhèg angandika | lah payo mlanggrong sami | sira aja têbah | nunggala lawan ingwang | Pangran Prangwadana tuwin | sawadyanira |

--- 2: 109 ---

dèn parêk anèng ngriki ||

15. lawan ingsun tuwin sang narendratmaja | wit bangêt mutawatir | amung ta Sang Arya | Brajanata kalawan | Wirasmara dadya kiping | dèn kongsi têpang | lan baris kang ngubêngi ||

16. tan antara kapyarsa sêsurakira | gumêrah wanti-wanti | saking têmbing wetan | kang gosok ngangsêg papan | kèh galagah bosah-basih | lata karungkat | karênggêp rongkap sami ||

17. wrêksa kasol kèlês kabarubah rêbah | pinilês kapalipis | pêpês taru lata | kaidêk dening janma | sima mêmăngsa miyarsi |

--- 2: 110 ---

surak gumêrah | giras kèh janma prapti ||

18. tan antara krodhanggro milar sarosa | sumêbut lir jêmparing | kumilat lumarap | barisan kang mariksa | surak alok ayo nuli | anarajanga | ing kene rêbut pati ||

19. para gusti myarsa suraking kang wadya | sigra samya amusthi | kang warastra dibya | rinênggêp asta kiwa | anthuk ingunggahkên sami | ingêmbat-êmbat | tansah tininggil-tinggil ||

20. kang ingajap mung mangke tibaning karya | ywa nganti pindho kardi | suka tinrajanga | sardula gora sabda |

--- 2: 111 ---

kaya papêthaning warni | yèn anèng wana | kawarta gêgirisi ||

21. kawarnaa pabarisan ing Ngabeyan | tinrajang dèn gêroni | risang narpaputra | tan gugup tingkahira | ayêm prayitnane kèksi | musthi warastra | dibya tininggil-tinggil ||

22. kang sadula[16] andêdêr panêmpuhira | sang narpatmaja aglis | ngayati baswara | sima wrin kang warastra | atajêm sampun pinusthi | milar malumpat | binarêng dèn tibani ||

23. warastradi tumamèng têtepongira | nglumbanggro krasa sakit | nulya asingidan |

--- 2: 112 ---

rumăngsa tan kuwawa | mring pamuke para gusti | lumêbèng guwa | tan ana kang udani ||

24. ingucalan[17] kang galagah pinilêsan | atusan kang anitis | nut tabêting macan | kadi ta wus kabranan | kanggêg kasaput ing ratri | surya mangrangsang | pracima sorot kuning ||

25. langku[18] cuwa pra gusti saananira | tuwan risdhèn miyarsi | swaraning sanjata | myang milaring kang sima | sêmu kadugi ing galih | ngandika lawan | gumujêng nolih wingking ||

26. hèh ta Pogul dahat sukane tyas ingwang | mêngko titikên aglis |

--- 2: 113 ---

lamun maksih ana | sesuk sun arsa prapta | Tuwan Pogul turiraris | dhuh kangjêng tuwan | sayêkti mangke ratri ||

27. sima katri saèstu ngalih panggenan | ka[19] wus binujêng janmi | jawi ta ing benjang | praptèng măngsa têrangan | wangsul dhatêng ngriki malih | malah mèt rowang | sakawan gangsal pasthi ||

28. tuwan risdhèn langkung cuwaning wardaya | dene kasaput ratri | gya sami tumêdhak | marang tarub dadakan | bujana lan para gusti | sunggatanira | tan pae duk nèng loji ||

29. sêsadêhan tuwin ta kang num-inuman |

--- 2: 114 ---

saji-saji sumaji | nèng meja tan sêla | residhèn angandika | marang sira tuwan kaptin | lah rasakêna | iki pangran dipati ||

30. bote wana kabèh doyanaku ana | tuwan kaptin mangsuli | kula tan anyana | yèn manggih makatêna | agêng parmane jêng gusti | kalawan tuwan | tuwin mring para tami ||

31. tan winarna jroning dhahar winursita | kasaru mêndhung prapti | gamêng ngantariksa | luware dhahar sigra | kondur anitih turanggi | sarawuhira | pinêthuk sabda manis ||

--- 2: 115 ---

11. Dhandhanggula

1. kangjêng gusti pangeran dipati | siniwakèng madyaning pandhapa | wus dangu ing antarane | ngêntosi praptanipun | ingkang sami bêrêg mring wukir | jêng tuwan risdhèn lawan | sang narendra sunu | rawuh sigra têtabean | sang iswara tanya wartaning wanadri | residhèn awasana ||

2. putra tuwan Jêng Pangran Ngabèi | ingkang sagêd dhawahi sardula | kula pirsa palajênge | saking watawisipun | nandhang kanin tepong kang wingking | nalika ingucalan | dhatêng pra wadyagung | kang nglacak dupi mèh pêrak | nging kasaru kasêlak suruping rawi |

--- 2: 116 ---

ketang pringganing wana ||

3. dadya kanggêg kang samya nênitik | mutawatos kasaput ing jawah | têmahan mundur sakèhe | wadyalit kang ngêngêpung | yèn sampuna kasêlak wanci | kadi ta kang sardula | tamtu kengingipun | wit sampun kataman brana | cuwa kula langkung saking Pangran Bèi | jêng gusti amiyarsa ||

4. kandhanira duk anèng wanadri | langkung ngungun de sima tan kêna | tandya lêlênggahan andhèr | tarlèn ta kang winuwus | masalahe duk anèng wukir | pra wadu myang wandawa | cuwane kalangkung | gagale singa kruraya | kadi-kadi benjing-enjing dèn wangsuli |

--- 2: 117 ---

nanging tan wontên dhawah ||

5. wit kagalih kalamun wus ngalih | ngungsi papan graning arga liya | ka wus ngili kèh ajrihe | wasana kang rinêmbug | benjing măngsa têrangan malih | badhe tindak pêpara | mring pakuwon ngriku | de papan langkung prayoga | yèn kinarya bêbêrêg sardula tuwin | amaning wana-wasa ||

6. tabah sapta sêkar latu mantri | tan prabeda gêlaring pangreka | kadi tan wontên siwahe | lawan kang wus winuwus | ing ruweya kalaning ratri | rampunge amariksa | sagung kang pra tamu | taman kêndhat andrawina | pukul sanga bujana sampun sumaji |

--- 2: 118 ---

gya awit majêng dhahar ||

7. munggwing meja banjêngan kaèksi | salin-sumalin ladosanira | kang majêng wijang wijile | tan nunggil raosipun | cukat-cakut apil tarampil | kang ngladosi sadêhan | tan adhompo laku | wit sinung srat kapranatan | mrih kawratan pasunggataning pra gusti | titi tataning meja ||

8. nging jêng gusti pangeran dipati | tan umiring marang kabujanan | anyarèhkên sarirane | amung jêng pangran prabu | kang tinuduh minăngka wakil | dangu antaranira | dènnya dhahar kêmbul | tan kêmba imbal wacana | sêsambène sabên myarsakkên kang gêndhing |

--- 2: 119 ---

kang anèng ing pandhapa ||

9. bibar dhahar antaraning wanci | madya ratri samana kalilan | lêrêm marang pakuwone | kunêng kalaning dalu | kawuwusa praptane enjing | wadyakuswa gumêrah | pinarnah kinumpul | rinèh sarekaning karya | kang garubyug pangirid tuwin pangarsi | samaptaning pêpara ||

10. para mantri saking Wanagiri | kang gumanti ing pakaryanira | Citrapradata sarèhe | rata titihanipun | sang iswara sampun miranti | tuwin turangganira | wandawa myang wadu | ing antara pukul sapta | kangjêng gusti tindak pasanggrahan loji |

--- 2: 120 ---

lajêng sami bujana ||

11. mung sapangu gya sami umijil | mring pandhapa orêg wadyakuswa | budhal ingurmatan dene | găngsa baru[20] manawung | Monggang tuwin kang Carabali | pangirid satus janma | ngarsa myang ing pungku[21] | kapungkur ing Jumapala | pêpêlakan lampahira sampun prapti | watêsing Jatipura ||

12. pakuwon gung anggênggêng kaèksi | sinangsaya gumlaring bandera | bawera munggul gudhange | prênah sakilènipun | cakêt lawan trêping capuri | ing ngarsa sinung pasar | têpining margagung | kang anjog marang Kaduwang | sang iswara rawuh kampir nêningali |

--- 2: 121 ---

rakiting pasanggrahan ||

13. găngsa urmat barungan swaratri | janma pasar kasêngsêm mariksa | marang wong agung rawuhe | puyêngan rêbut dhucung | milih papan kapèpèt dening | kang dhrêsêl mèlu lênggah | ngungsêl-ungsêl umung | mangkana kang pinarakan | nèng pandhapa sinunggata wedang sami | myang roti sêsadêhan ||

14. mung sakêdhap lajêng bidhal malih | trus mangidul gya nikung mangetan | têkèng Wilatung watêse | wontên tuwan kang mêthuk | numpak kuda kêmbar kang warni | agêng myang inggilira | tuwin ulêsipun | iswara duk praptèng kana | tuwan kalih marêk ing rata maripih |

--- 2: 122 ---

nambrama tur raharja ||

15. alon matur lan lukita manis | manungsunging amba wit dinuta | mring Tuwan Wilatung dene | kayungyun ngayun-ayun | kampirana dhatêng jêng gusti | tuwin ta kangjêng tuwan | risdhèn myang pra tamu | jêng gusti alon ngandika | amangsulki[22] mring tuwan tarimakasih | lawan rênaning driya ||

16. lajêng trus nut têtirah ing ardi | kang radinan waradin mangetan | nikung ngidul èrèng-èrèng | pêpèrèng datan singup | minggah kalèn kalangan ardi | dadya dêdêr kang lampah | tantara kadulu | loji gêng ngongkang jêjurang | pêrak gudhang gênggêng kang bandera kèksi |

--- 2: 123 ---

saliring kang rêrênggan ||

17. yeka bêrcak Wilatung kang nami | langkung asri rakiting kang wisma | arampak pandhak pagêre | dene kang darbe ngriku | Tuwan Isêl ingkang wêwangi | mangkana kang pêpara | wus pêrak mèh rawuh | kinurmatan ing pradăngga | laras slendro swaranira anglir rinding | ngumandhang tibèng jurang ||

18. kang titihan rata sampun prapti | sangajênging loji gya tumêdhak | tuwin jêng tuwan residhèn | lan sagung para tamu | sumawana kang para gusti | Tuwan Isêl sakala | gurawalan mêthuk | cundhuk sigra têtabean | ngacarani lênggah mubêng munggèng kursi |

--- 2: 124 ---

sadaya tan lênggana ||

19. Tuwan Isêl dahat sukèng kapti | ingampiran jeng gusti kalawan | residhèn pra tamu kabèh | mangkana gya sêsugun | juk-unjukan anggur sampanyi | wilujêng rawuhira | risdhèn lan wong agung | sawadya saking pêpara | lan minăngka pratăndha sungkêming galih | sampuning sinunggata ||

20. sang iswara lan risdhèn gya pamit | têtabean Isêl aturira | lamun pinarêng ing mangke | kula badhe tumuntur | mring pakuwon nyipêng saratri | lajêng trus ngatêr marang | Wanagiri gunung | jêng gusti mangayubagya | tandya amit budhal ingurmatan kadi |

--- 2: 125 ---

nalika rawuhira ||

21. ngidul ngetan lampahe lastari | ratan rata ing saurutira | laju anjog ing ngajênge | Gudhangpêlêm anikung | ngidul anjog Kêmlakamanis | nikung ngering katingal | gudhang gêng amunggul | rinêngga ing sarwa pelag | trus mangidul dêdêr Ngadiraja kèksi | saliring kang rêrênggan ||

22. nikung ngilèn gya mangidul malih | kinurmatan pradăngga sauran | jêng iswara sarawuhe | sami karênan dulu | upakarya rakiting pranti | pantaraning kalangyan | sarwa sri wèh yungyun | sampat saputing suyasa | datan pae lan pakuwon duk ing ngarsi |

--- 2: 126 ---

kang sami rinawuhan ||

23. ascaryambêk kang sami ningali | Ngadiraja tuhu tan kuciwa | bawera munggul papane | kêbon kêmbanganipun | sarwa èdi tur pèni-pèni | kang kalèn kêkalangan | lumêkêt mring taru | tarape kang têtuwuhan | tuwin pisang sinangsangan rosan cêngkir | rinut ing saka tratag ||

24. lumrah saka sinukarta dening | buntal patra patrape kang warna | kadya lung tumali wite | winantu sêkar mawur | wor gandane dupa ing panti | kang sami asatata | lênggah pandhapa gung | tan dangu sunggata prapta | bên-abêning băngsa sêsêgêran sami |

--- 2: 127 ---

tumrah wadu-wandawa ||

25. tan adangu Tuwan Isêl prapti | mawa rata rakitan sakawan | lajêng mring ngajêng jujuge | umandhap gya cumundhuk | têtabean wus kinèn linggih | ajajar para putra | tan antara dangu | kang ngrakit boja sunggata | wus samêkta tandya marêk tur udani | mring kangjêng sang iswara ||

26. kangjêng gusti sigra ngacarani | mring pra tamu ing saananira | ing dalêm wingking jujuge | adan bujana kêmbul | lêladosan sami lumadi | minuman sêsêlingan | ing sasênêngipun | saluwaring andrawina | sêsowangan mring pakuwonira sami |

--- 2: 128 ---

sêmune pra taruna ||

12. Sinom

1. kadi karênan umulat | rêngganing pakuwon adi | banar papane warata | sampêt sampekaning panti | pantoge kang capuri | wingking patêgalan agung | watara satus cêngkal | trus mangidul mring wanadri | tarataban ayêm kayoman ing wrêksa ||

2. gasik rêsik pinandara | mandera ngidêri bèji | yeka ta pangangsonira | janma Ngadiraja sami | gilir ganti kang prapti | sêsuci myang amèt ranu | sigêg rêngganing sêndhang | dupi praptane kang wanci |

--- 2: 129 ---

pukul lima pra gusti samya sawega ||

3. adrês praptane kang warsa | tinub ing maruta ngidid | kongsi suruping raditya | kang riris maksih garimis | dadya kang para gusti | tan sagêd mêng-amêng amung | lêlangên andrawina | anèng madyaning pandhapi | ngiras gunêm badhe kondurira enjang ||

4. residhèn ing karsanira | sapraptaning Wanagiri | badhe kampir dhatêng wana | ambêrêg misayèng rêndhi | jêng gusti nyuwawèni | nanging panjênênganipun | lajêng mring Panambangan | ngiras badhe mariksani | dènnya lesan abdi dalèm sêtabêlan ||

5. amung ta sang narpatmaja |

--- 2: 130 ---

katiga kinèn umiring | lan Jêng Pangran Prangwadana | Arya Brajanata tuwin | Tuwan Isêl supadi | wikan talatahing Kêthu | wus dadi punang rêmbag | tuwan risdhèn nayogyani | gya klangênan ningali sêkar dahana ||

6. nanging kasaput ing jawah | kèndêle kang sêkar api | nulya tindak abujana | bibar jêng pangran dipati | kondur mung para siwi | ingkang sami maksih kantun | sumiwèng kangjêng tuwan | residhèn dene ta maksih | lêlênggahan sinambi lawan kasukan ||

7. kongsi madya ratri lagya | luwaran dènira main | ing dalu tan kawursita |

--- 2: 131 ---

praptèng wanci bangun enjing | gumrah wadya kang manjing | sajroning capuri agung | turăngga tuwin rata | rakiting pêpara mranti | pinapatah dènira badhe lumampah ||

8. marpat madyaning bacira | sawega wadya turanggi | kang sami rumanti karya | binantonan ing samargi | mangkana kangjêng gusti | tanapi pra rajasunu | wus ngumpul pinarakan | madyaning pandhapa ngloji | bêbanjêngan kang sami bêkta ampilan ||

9. Ngabèi Jayasarănta | wadana ing Wanagiri | kumpul lan Jayahandaya | Sêmbuyan kang madanani | saha panèwu mantri |

--- 2: 132 ---

rumantya ngampil kaprabun | pangarsa Wimbasara | rata rinakit turanggi | sang iswara bidhal ingurmatan găngsa ||

10. kadya duk ing rawuhira | rikating lampah gya prapti | bang wetan ingkang narmada | pacangkraman Wanagiri | sinung têtarub asri | munggwing saliring marga gung | gênggêng kang wadyatăntra | saos badhe anampèni | kuda rata tanapi kang upacara ||

11. iswara myang para putra | panabrangira banawi | rawuh kilèning narmada | sinung wisma lit amrêgil | yeka pancèn kinardi | panganti titihanipun | turăngga tuwin rata |

--- 2: 133 ---

prapta sigra budhal malih | lampahira lajêng jujug asistènan ||

12. tan adangu lêlênggahan | sigra sang iswara pamit | laju dhatêng Panambangan | mung lawan putra kêkalih | sarata sami nitih | kang satunggal asmanipun | Pangran Găndasuputra | lan rayi ingkang wêwangi | Jêng Pangeran Nararya Găndaatmaja ||

13. lêpas lampahira prapta | unggyaning lesan altêri | laju dènnya amariksa | sareka rakiting kardi | pranawaning pangèsthi | pra prawira isthanipun | dènira amarwasa | kanthaning wèri marapit | sigêg gantya ingkang winursitèng kata ||

--- 2: 134 ---

14. jêng tuwan residhèn lawan | para taruna winasis | saliring ulah sanjata | arsa masang mring wanadri | samapta kang piranti | sacaraning ambêburu | budhal nitih turăngga | wadyalit wus ngumpul munggwing | jroning wana tigang èwu winatara ||

15. tinindhihan dêmang răngga | sawega mawa turanggi | mung patinggi ingkang dharat | tan pêgat karandhat dening | taru rining wanadri | pra gusti sarawuhipun | gya sami minggah marang | panggungan tan patya inggil | nut lêlungur aluran marganing sangsam ||

16. nêdhênge bêndhe tinêmbang | binarung surak swaratri |

--- 2: 135 ---

myang kukuk ambal-ambalan | imbalan mariyêm muni | sakilèning wanadri | têbah kapyarsa jumêglug | kadya paguting yuda | rame rok asilih ungkih | rêbut papan nèng madyaning pambaratan ||[23]

17. gropaking wrêksa kang sêmpal | gêroting taru katarik | kadya têmpuh ing warastra | galagah ingkang kaplipis | kaplêpês têmah nipis | pinarusa têmah daut | lata rug samya singsal | sumyaring kisma lir riris | rarasing rèh kadya sumyaring sandawa ||

18. sangsaya ngangsêg umangsah | wadya tigang èwu mamrih | angrok angrabasèng sangsam | sêmune kadya pêpulih |

--- 2: 136 ---

karêndhi kandhah dèni | wadya tigang èwu nêmpuh | binujung salang tunjang | umilar ngalèr malipir | nut pêparang rèng-èrèng ronging jêjurang ||

19. wuwusên kang nèng panggungan | residhèn myang para gusti | myarsa ramening sêsurak | asora swaraning ratri | tandya sami amusthi | warastra kunta gêmipun | tininggil munggwing asta | mangkana Jêng Pangran Bèi | tinarajang plajênging karêndhi kênya ||

20. ingayatan kuntanira | tan kêna umilar nilip | anilap mring pagrumbulan | tan adangu wontên prapti | karêndhi branggah kalih | umijil saking garumbul |

--- 2: 137 ---

gêng inggil katingalan | saking panggung tan atêbih | Jêng Pangeran Ngabèi awas tumingal ||

21. pinapagakên sanjata | barêng milaring karêndhi | marmanta datan pramana | ing brana mung tibèng wuri | pêsate saya kêsit | narendra putra andangu | paranta dene têka | cabar kuntaningsun iki | ing sabêne nora tau mindho karya ||

22. umatur wadya kang pirsa | gusti kados botên kenging | awit pêsating warastra | sarêng lan milaring rêndhi | amung ta ingkang rayi | pangran prabu alon matur | kangmas watawis kula | kang sangsam punika kêni |

--- 2: 138 ---

dene kèksi sêmu rêmbên plajêngira ||

23. tan dangu wontên kapyarsa | alok e lah dalah kêni | baya mati si dubilah | datan pinindho babarji | mangkana kang udani | pêjah ing sangsam rinubung | suka sang narpatmaja | umandhap nitih turanggi | praptanira jêng pangeran angandika ||

24. banjurna marang nagara | aja kongsi nginêp margi | pasrahna kănca wadana | kang tungguk nèng sripanganti | konjuke jêng ramaji | lumantar nyai tumênggung | yèn sangsam saka ingwang | sandika ingkang tinuding | pangiride sira Răngga Ngadi |[24]|

25. gya winalik gêlarira |

--- 2: 139 ---

gancanging carita kongsi | rambah kaping kalih dènnya | gosok bêrêg ing wanadri | mung Kangjêng Pangran Bèi | kang angsal sadangunipun | kalih kalêbêt jagar | kasaru ing wanci lingsir | gya bibaran kondur dhatêng asistènan ||

26. rawuh lajêng abujana | bibar gya tabean amit | nusul dhatêng Panambangan | sigêg wau kangjêng gusti | sadangunira nganti | kang bêbêrêg mring wanagung | tantara nulya prapta | rata saking Wanagiri | tinitihan jêng pangran lan para tuwan ||

27. rawuh lajêng têtabean | jêng gusti pangran dipati | tanya wêwartaning wana |

--- 2: 140 ---

residhèn kang nyariosi | yèn Jêng Pangran Ngabèi | dhawahi baranggah agung | lajêng kinèn ambêkta | konjuk mring sri narapati | Tuwan Isêl ing Wilatung inggih angsal ||

28. jêng gusti kalangkung suka | mring putra Pangran Ngabèi | sadangune lêlênggahan | tan ana ginunêm malih | amu[25] kalanta nguni | ambêbêrêg mring wanagung | eca imbal wacana | kasaru sirating rawi | amanglarap mèh ngancik graning ancala ||

29. gya dhawuh samaptèng rata | pangirid catur turanggi | Sèdni napas ulêsira | nèng sabrang lèr dènnya mantri | mangkana kangjêng gusti |

--- 2: 141 ---

nitih palwa nabrang sampun | jêng tuwan risdhèn lawan | para tamu sami nunggil | sabaita rawuh brang lèr nitih rata ||

30. budhal kinurmatan găngsa | ginarbêg wadya turanggi | jinajaran Wimbasara | tan sarănta sampun prapti | ing Kêpuh dèn urmati | pradăngga rêrênggan agung | tan pae kanthanira | lan kang wus winahyèng ngarsi | sang iswara kèndêl mung ganti turăngga ||

31. ri sawusira mangkana | pangiriding rata aglis | budhal ingurmatan găngsa | ing Sukaharja wus prapti | samadyanirèng margi | sinungan wisma lan tarub | rinênggèng Olan Sêphlah |

--- 2: 142 ---

kang langse linungsir-lungsi[26] | kang cêcadhang Dyan Bèi Wiryakusuma ||

32. kaliwon ing Sukaharja | bawah dalêm sri bupati | kumêdah atur pahargya | kang sami rawuh cangkrami | nanging ta kangjêng gusti | tan kampir ing lampahipun | marma glis rawuhira | ing Bacêm brang kidul prapti | mandhap saking swandana gya nitih palwa ||

33. pêthukan saking sri nata | ing wuri naga basuki | minăngka tumpakanira | pra wadu-wandawa dasih | sabrang lèr wus miranti | wadya jroning kitha mêthuk | rata tuwin turăngga | jajaran wira kaplêri | gangsal tindhih iswara sarawuhira ||

--- 2: 143 ---

34. sabrangan lèring narmada | saratining rata mantri | jêng gusti lan risdhèn nulya | anitih swandana nunggil | sumawana pra gusti | dumulur mring rata pungkur | jujug mring residhenan | lêlênggahan sawatawis | gya konduran para gusti sêsowangan ||

35. jêng gusti mya[27] para putra | ing sarawuhirèng puri | pinêthuk pra wadyanira | punggawa satriya mantri | gya lênggah ing pandhapi | pinarak kursi baludru | dangu raharjanira | ingkang sami têngga puri | sawusira nindya mantri apratela ||

36. karahayonirèng praja | satêdhakira jêng gusti |

--- 2: 144 ---

cangkrama dhatêng aldaka | tan wontên sangsayèng prapti | sukèng tyas kangjêng gusti | jumênêng gya têdhak kondur | umanjing jroning pura | pinêthuk putra myang swami | titi tamat pangriptaning pustakarja ||

 


§ Srikaton inggih punika Tawangmangu, bawah Kabupatèn Karanganyar Mangkunagaran. (kembali)
§ Karangpandhan bawah Kabupatèn Karanganyar Mangkunagaran. (kembali)
§ Taun Jawi 1808, taun Walandi 1879, wulan Agustus. (kembali)
Tanggal: Anggara (Slasa) nêmbêlas (16) Saban (Ruwah) Be: ngèsthi nênga sarira ji (AJ 1808). Tanggal Masehi: Selasa 5 Agustus 1879. (kembali)
mawor. (kembali)
Monggang. (kembali)
§ Rêdi Lawu. (kembali)
Kurang satu suku kata: kanthi adminisêtratur. (kembali)
rèhirèng. (kembali)
10 umajêng. (kembali)
11 Kurang satu suku kata: lamun manggih sarwa kadi jroning praja. (kembali)
12 dyan (dan di tempat lain). (kembali)
13 Kumuning. (kembali)
14 tabuh (dan di tempat lain). (kembali)
15 Lebih satu suku kata: kawaratan ingkang ardi-ardi. (kembali)
16 sardula. (kembali)
17 inguncalan (dan di tempat lain). (kembali)
18 langkung. (kembali)
19 kang (dan di tempat lain). (kembali)
20 barung. (kembali)
21 pungkur. (kembali)
22 amangsuli. (kembali)
23 pabaratan. (kembali)
24 Kurang dua suku kata, dan biasanya guru lagu a: pangiride sira Răngga Ngadiraja. (kembali)
25 amung. (kembali)
26 linungsir-lungsir. (kembali)
27 myang. (kembali)