Wanagiri Prangwadanan, Pigeaud, 1953, #1461

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wanagiri Prangwadanan

1. Dhandhanggula

1. sêkunging tyas satata dera mrih | mardawaning lukita sarkara | sinukarta sakadare | daruna mardi kayun | sing kayungyun kalaning nguni | Jêng Pangran Prangwadana | cangkramèng wana gung | lawan catur atmajendra | Jêng Pangeran Ngabèi lan ingkang rayi | Pangran Natakusuma ||

2. wontên malih ari kang umiring |

--- 2: 191 ---

Jêng Pangeran Pakuningrat lawan | Prabuningrat katigane | catur ingkang tumuntur | narpatmaja ingkang wêwangi | Pangran Sumadiningrat | tuwin malihipun | Radyan Mas Sasradijaya | yeka wadu-wandawa widagdèng budi | umiring tindakira ||

3. mring pakuwon aran Wanagiri | prênah kidul sawetaning praja | kalih dasa pal têbihe | purwanta tindak ngriku | wit kacuwan ing tyas duk nguni | umiring mring kang rama | amarêngi rawuh | pakuwon ing Jumapala | ngitêr sima gagal kasaput ing ratri | marma sami ubaya ||

4. benjang măngsa têrange kang riris |

--- 2: 192 ---

patêmbayan lan sang atmajendra | mangsuli sardula pinèt | nanging ta kang pirêmbug | pra winêrda tan nyuwawèni | yèn tindak Jumapala | wit kinintên suwung | de mêntas kataman brana | sayêktine maksih tansah ngungsi têbih | sumingit sêsiluman ||

5. ing pangrêmbag amung Wanagiri | langkung saking pikantuking papan | tur pasthi kathah sangsame | trêkadhang kadhing nyandhung | sima gora ginêrêk gampil | wêdale pinarapal | binut binarubuh | rêbah sinanjata wantah | langkung pedah yèn pakuwon Wanagiri | kinarya kalangênan ||

6. dumadya nut sang iswarasiwi |

--- 2: 193 ---

mit mring rama rinilan sakarsa | tinamtu badhe bidhale | saking ing dalêmipun | ri Raditya Kaliwon kaping | sadasa Dulkangidah | warsa Be pinetung | tinêngêran kang sangkala | pangèsthining barakan sarira nunggil |[1][2] sapraja Surakarta ||

7. de pra kadang kadeyan kang miring | marang kangjêng sang iswaraputra | pêpijèn sawatarane | pinatah pantêsipun | lan karsanta Jêng Pangran Bèi | pra kadang mung sajuga | kang tinuduh tumut | Jêng Pangran Găndasuputra | tuwin ta sang winêrda ingkang bêbisik | nararya Brajanata ||

--- 2: 194 ---

8. katrinira ingkang awêwangi | Arya Suryadarmaja kalawan | Dyan Mas Wiraasmarane | wontên malih tumuntur | Dyan Mas Widaningrat lan malih | Dyan Mas Mlayaatmaja | wontên kanthinipun | Radèn Mas Wiryakusuma | tuwin Dyan Mas Brăntajaya sinung kardi | mèngêti lêlampahan ||

9. tabah sapta satata miranti | kuda rata rakiting pêpara | pinarak pinarnahake | munggèng ngarsa supênuh | dumaruduh pra kadang prapti | kadeyan tuwin wadya | kang arsa dumulur | ngatêr sajawining kitha | mawa rata wênèh mahana turanggi | andhèr nèng abyantara ||

--- 2: 195 ---

10. tandya bidhal jinajaran dening | wimbasara myang Prawiraaswa | catur tumuntur wurine | ginarbêg gumarubyug | ing pra kadang kadeyan wingking | lajêng ing lampahira | manjing jro anjujug | wiwara ing pangabean | atmajendra dangu dènira ngêntosi | lan para kadangira ||

11. ingkang badhe dhèrèk mring wanadri | juga Jêng Pangran Natakusuma | kang rayi katri kanthine | busana sami jumbuh | Pangran Pakuningrat lan malih | Jêng Pangran Prabuningrat | jajar lênggahipun | lan Pangran Sumadiningrat | tuwin Tuwan Jan Sêmit ingkang piniji | umiring marang wana ||

--- 2: 196 ---

12. lagya eca lêlênggahan sami | katon prapta ratane kang raka | jumujug mring ngajêngane | pinêthuk sampun tundhuk | ingacaran pinarak kursi | sinuba sinunggata | sêsadêhan dinum | tumêrah tumêkèng wadya | samantara antara têkaning wanci | tabastha bidhalira ||

13. rêmpêk-rampak lampahirèng margi | rata rantap-rèntèp kang mariksa | sauruting dalan gêdhe | wadon kèh cêngêng dulu | pra satriya ingkang cangkrami | pangarsa wimbasara | sikêp dwaja cukup | cikat tangkêping turăngga | Wiraaswa mangsah mêrak amarapit | marêpat wuri ngarsa ||

--- 2: 197 ---

14. langkung asri rakiting lumaris | trus mangidul jog wijiling kitha | ing Bacêm pasabrangane | Babagan kêbêk buntu | bêlêg para pambêlah mranti | rêmbaya bayak prapta | tumrah tumaruntun | wong agung sarawuhira | sami nitih agêming rama kang nami | Kiyai Cakranggana ||

15. para kadang kang mung ngatêr margi | tuwin wadya-wandawa kang samya | anguntapkên mring tindake | kalilan sami wangsul | sawusira andum basuki | arjaning lumaksana | sanalika kêbut | kêbat lampahirèng palwa | rawuhira brang kidul pinêthuk dening | pra wadya jawi kitha ||

--- 2: 198 ---

16. sira Păncasuwirya Ngabèi | kang rumêksa pasanggrahan boga | sabawah sapanêkare | akanthi mantri gunung | saking Kêpuh kapalan sami | samapta wimbasara | cacahira catur | tumuntur mawa bandera | dupi rampung pangrantam glaring lumaris | tan aris bidhalira ||

17. sêsêrungan sinarawung dening | para wadya kang garêbyêg rata | rantap katon titihane | asri lamun dinulu | muncaring kang songsong kaèksi | lir baskara umimba | wau lampahipun | praptèng dhusun Sukaharja | kinurmatan tarub samadyaning margi | rinênggèng sarwa pelag ||

--- 2: 199 ---

18. pinalisir lêlungsir kang têpi | têtêpungan tumpanging suyasa | pradăngga umung swarane | yeka pahargyanipun | Dyan Mas Wiryakusuma nami | wadya jêng sri narendra | rumanti sêsugun | saha sapanêkarira | ngayun-ayun kayungyun yèn dèn kèndêli | para gung kang cangkrama ||

19. dadya têmah angecani kapti | mung sakêdhap sami sinunggata | num-inuman sêsamine | tumrah tumêkèng wadu | tan antara wong agung sami | pamit gya bêbidhalan | saha wadya kêbut | rikat lampahing swandana | Sukaharja samana sampun kawingking | ing Kêpuh kawistara ||

--- 2: 200 ---

20. uparêngga rakiting kang margi | sinung palang palêngkung goraya | rantap katon rêrontèke | têkèng têpining tarub | tinaratas turut ing tritis | linungsir sinambungan | têpi têpung ujung | wastra di winarna tiga | gêdhah seta rêkta rêspati cinincing | sarawuhirèng kana ||

21. kinurmatan pradăngga nyênggani | dadya kèndêl lampahing swandana | lajêng lêlênggahan andhèr | rêsêp samya angunjuk | num-inuman sarwa mêpêki | sêsambèn sabênira | imbalan pamuwus | masalah bêrêg mring wana | Sang Naraya[3] Brajanata mursitani | tatane mamrih sima ||

--- 2: 201 ---

22. tan adangu titihan miranti | kêbut bidhal kinurmatan găngsa | kadi nalika rawuhe | gumêr gumêrah umung | gumarêdêg ginarbêg dening | wandawa tuwin wadya | sumahap supênuh | mangkana ing lampahira | sêrungan kras turăngga sinêrêg sami | kapungkur Kêpuh prapta ||

2. Pangkur

1. sabranganing Panambangan | sri kawuryan bandera munggul kèksi | pinalang pilar palêngkung | longkange tinaruban | pradăngga gung binarung nyabawa umung | mangkana para satriya | rawuh ing pakuwon sami ||

2. lêlênggahan ing pandhapa |

--- 2: 202 ---

sinunggata sadêhan amêpêki | wedang minuman lumintu | lumuntur wadya tăntra | ingkang mêthuk Jayasarănta cumundhuk | umêndhêg mêndhak mring ngarsa | makidhupuh silastuti ||

3. dinulur sakondhangira | asawega turăngga rata sami | wong agung anggung andangu | rakiting para wadya | paranta wus rumanti ngantyèng wana gung | umatur Jayasarănta | sampun rinakit duk ratri ||

4. suka sagung pra satriya | tandya mundhut titihan rata prapti | budhal saha wadya kêbut | kinurmatan pradăngga | barung umung kadya duk ing rawuhipun | lêpas lampahing swandana | padhusunan Krisak kèksi ||

--- 2: 203 ---

5. suka prasami mariksa | sawêngkoning guwa na wana wukir | radinan waradin munggul | pêrak lan patêgilan | graning arga ginaga ginaru-garu | ginalêng ginula-gula | jinagang măngka kêkirih ||

6. tumrah tumurun mring sawah | tirta rèjèng narajang jurang bambing | gumyak swarane kumrusuk | kumrasak anêlasak | mring garumbul kumbul kentar anglêluntur | umili milir balabar | balèbèr ngêbèri sabin ||

7. sabên sinabèng kukila | gung kinala pêksi kang ngrêrusuhi | ginusah lawan binêntur | ginantêr kinêplokan | ingkang pêrak ginoprak pinêlak mabur | milar anilap mring wana |

--- 2: 204 ---

umangsah măngsa woh ringin ||

8. marma kèh pala kasimpar | kar-tumangkar pinagêr ing parigi | tinarap ing taru-taru | tinurus tinalenan | palawija awijah datanpa surud | kasorotan ing prabawa | wong agung kang sami prapti ||

9. jujugan anjog ing wana | gya umandhap sami mundhut turanggi | sampat saampilanipun | tundhan matundha-tundha | tinindhihan răngga tuwin dêmangipun | samapta mawa wisaya | jajaring jinèrèng miring ||

10. tandya lumêbêt ing wana | praptèng papan panggungan wus miranti | rikatan pangrakitipun | Sang Jayawilatikta | kang pinatah ngrukti gêlaring wadya gung |

--- 2: 205 ---

mangsah amêrêk mring wana | sawusing binagi-bagi ||

11. umarêk matur pratela | wadya gosok wus mangsah saking ngarsi | pra gusti gya minggah panggung | panggenan sowang-sowang | asamapta kang sanjata tuwin pistul | pungkas kilèn linêkasan | aglar nara karya pinrih ||

12. mêrpat ngrapêti rumagang | ngangsêg mangsah rumuruh amarapit | garumbul gêng kang tinêmpuh | golongan lêng-ulêngan | surak sora kapyarsa sarosa umung | bêndhe kukuk bal-ambalan | lir tuhu têmpuking jurit ||

13. winangun glar prit anêba | dêmang răngga numpak kuda nindhihi | gumêr gumêrah gumrêgut | prêbatang kajungkelang |

--- 2: 206 ---

ginalandhang tibèng jurang gumalundhung | tan kêndhat tundha-matundha | kandhah karêndhi kèh kandhih ||

14. buron baran bêbarakan | kèngsêr mingsêr kasêsêr nilap nêbih | gumrêgut sangsaya sêngkut | kang bêrêg buron wana | lata lingkab kakab berongkab rinênggut | rinênggêp kinarya balang | tibèng garumbul lir grimis ||

15. galagah ginilês rêbah | binalengkrah pinokah kapalipis | papasan pinapas putus | tatase taratasan | nihan gantya kang cêcadhang munggèng panggung | gêlar wangun arda căndra | rikatan rinakit dadi ||

16. kang măngka madyaning byuha | yeka Kangjêng Pangeran Angabèi | sakadang kadeyanipun |

--- 2: 207 ---

Pangran Natakusuma | lan Jêng Pangran Pakuningrat pêrakipun | Jêng Pangeran Prabuningrat | tan têbih lawan kang rayi ||

17. Pangran Kusumadiningrat | tuwin Tuwan Jan Sêmit amarapit | pangapit Jêng Pangran Prabu | Prangwadana kalawan | Pangran Găndasuputra lan putranipun | Radèn Mas Wirasuputra | panggung mrêgil kang dèn gèni ||

18. nararya Suryadarmaja | anggung pêrak lan sang iswarasiwi | kang tansah cakêt ing ngayun | Dyan Mas Mlayaatmaja | rèh piniji rumanti sanjata pistul | sawadya juru warastra | Arya Brajanata mangsit ||

19. aywana sabawèng sabda | ri sêdhênging miyarsa surak atri |

--- 2: 208 ---

myang bêndhe umung mangungkung | pra gusti têmah samya | musthi agêm sanjata myang pistulipun | pinuji pinuja-puja | winatêk winanti-wanti ||

20. tistis tan ana sabawa | muhung mêndêng aluraning karêndhi | mangkana wontên kadulu | sangsam gung bêbarakan | apêpanthan wijile saking garumbul | lumajêng jog ing panggungan | binarondong ing bêbêdhil ||

21. buyar umilar lumajar | miris giris giras dinrêsan mimis | lir garimis praptanipun | sanjata narawantah | datan kêmba barondongan swaranipun | wana kawêlahar kobar | ambabar sumêbar kadi ||

22. ardaning baswara ditya |

--- 2: 209 ---

pra satriya karênan aningali | karêndhi kandhih binandhung | ing wuri mêksa prapta | bancang sanga sadasa sawênèh pitu | baranggah panggah amarnah | ujunging gêlar kapering ||

23. Jêng Pangeran Prangwadana | awas mulat nyandhak kontanira glis | tiniti panitisipun | tajêm ingarah-arah | tinamakkên têpaking karêndhi ambruk | pêjah binarondong kathah | dadya sukaning pra gusti ||

24. nyarêngi lawan punika | Jêng Pangeran Ngabèi andhawahi | sangsam jagar kênya lampus | binendrong tinutuhan | wus mangkana pra gusti sadangunipun | marma kèh sangsam kabranan | tabêting rah kocar-kacir ||

--- 2: 210 ---

25. tinitik tiniti priksa | grêma gumrah gumêrah analiti | tapaking rah tibèng rumput | tinurut ing saparan | para gusti saking sukaning kalangkung | bujana mung anèng wana | bêbêrêg kongsi saari ||

26. kasapih suruping surya | mêndhung prapta ngêndhanu ing wiyati | dumadya prasamya kondu[4] | rawuh ing pasanggrahan | kinurmatan pradăngga binarung umung | praptèng têpining taratag | umandhap saking turanggi ||

27. lêlênggahan nèng pandhapa | kalênengan tansah munya ngrêrangin | pinarakan kongsi dangu | gya sami lêluwaran | sowang-sowang kondur mring pakuwonipun | nahênta kang maksih samya |

--- 2: 211 ---

nèng wana pinatah nitik ||

28. janma silar rêbut papan | angupadi aluraning karêndhi | anata mring gunung-gunung | myang nadining guwa na | wênèh urut têpi tirahing rong sirung | kèh solahing para grêma | tanpa kanthi mung lan bêdhil ||

3. Kinanthi

1. kang nitik wus tan pikantuk | labêt kasaput ing ratri | gya wangsul sumusul marang | pakuwon atur udani | yèn sami kecalan lacak | karêndhi kang nandhang kanin ||

2. tan kainan ing pangruruh | pra grêma kang sami mamrih | pangulik arga guwa na | mubêng saubênging kikis |

--- 2: 212 ---

datan măntra kasat mata | mu[5] tumrahing rah katawis ||

3. yèn saking watawisipun | lajêng jumujug mring bèji | kamayaning sato kewan | sayêkti waluya malih | ngungun kang sinung pratela | puwara angkahing galih ||

4. benjang enjang wanci bangun | badhe ambêbêdhag malih | malah arsa ngalih papan | kang pancèn prayoga pinrih | parnahing wana tan kiwa | kinawitan wetan ardi ||

5. mangilèn panggosokipun | rêmbag sawusira dadi | dan[6] sami lêlangên gita | ginanti sêsêndhon gêndhing | panjuta byor marakata | pradăngga munya ngrêrêngih ||

--- 2: 213 ---

6. senggolan panabuhipun | sinêndhu sêsindhèn ririh | murange mring karawitan | sawatara dhasar pinrih | lêlagon lagu limbatan | mêmbat wilêtane manis ||

7. mêmarah mamrih raras rum | Ni Mbok Rara Tarurêsmi | rêsêp kang sami miyarsa | kaarsayan para gusti | sêdhêng gêndhèng gêndhing barang | boyong sinêlan kinanthi ||

8. imbal kalawan pra kakung | badhud sakawan nyênggaki | kêploke ambata rêbah | idêring larih mawanti | dènirandon andrawina | nutug tan awalang-ati ||

9. tumêrah tumêkèng wadu | prasamya pinanci-panci |

--- 2: 214 ---

sacukupe tan kuciwa | sinuba tinami-tami | tinaman lukitatama | tan kêndhat kaberan warih ||

10. lêladi ladèn lumintu | lumantar katur pra gusti | sanajan wadu-wandawa | ingidêran tan apilih | sumalin-salin sumêla | sêlane sinêling-sêling ||

11. kang srutu winantu-wantu | linangsar lêlèngsèr rukmi | sukèng tyas sang narpatmaja | tindak mara marêpêki | marang unggyaning pradăngga | pra gusti têmah umiring ||

12. lajêng lêlênggahan ngriku | mikani kang angrêrêngih | pathêt gêndhing Lobong barang | binarung liking sêsuling |

--- 2: 215 ---

tiniling têka mêmêla | amilalu milangêni ||

13. kumênyut anganyut-anyut | sênggaking badhud ngêdhasih | wor rêsmining langên swara | gêndhing gêndhèng rêbut manis | kongsi kalungsèn ing măngsa | ingkang andrawinèng ratri ||

14. mong winong sadangunipun | sakathahing para gusti | tan ana rêngu rinêngat | sumarah sinarah sami | dadya rakêting kêkadang | kinudang saeka kapti ||

15. dupi têkèng lingsir dalu | Kangjêng Pangeran Ngabèi | ngajak ing raka luwaran | lêlêson ngaso mring panti | munya gêndhing Yak-ayakan | bibar para wadya nangkil ||

--- 2: 216 ---

16. kang pinatah sami kantun | punggawa amung kang kêmit | kalawan kang caos nganglang | sambang saubênging puri | wimbasara kajinêman | nahan wursitaning ratri ||

17. mêrbangbang wetan mèh bangun | sumorot sirating rawi | rêmu rawat sumamburat | gamêng mega malang kèksi | kartika abyor ing tawang | kalane kèlêm kalindhih ||

18. prabaning baskara nawung | nèng graning arga mèh kengis | kongas kikising akasa | kasat mata yayah kadi | sasmitèng wadya sagătra | kang samya karsa angrukti ||

19. wurahan jago kaluruk | umung swarane kang pêksi |

--- 2: 217 ---

sabèng kusambi sabawa | wênèh mrih wohing waringin | mêrak manguwuh ngumandhang | myang sata wana munyanjrit ||

20. mawor swaraning kang lêsung | ing padesan kanan kering | pating karênthung kapyarsa | mung lamat tabêting têbih | praptaning wadya gumêrah | gumuruh jujug wanadri ||

21. dêmang răngga tindhihipun | samapta mawa turanggi | byar raina praptèng wana | marpat ngrampit gèn karêndhi | kêkalèn kinalang-kalang | jinerengan jaring wuri ||

22. rinakit rekaning laku | ing mangke tibaning kardi | aywa kongsi dadi duka | ing karya ywa nguciwani |

--- 2: 218 ---

dadya tri èwu ginêlar | têpung têpising wanadri ||

23. rumanti mung nganti tuduh | mangkana ta para gusti | sampun miyos ing pandhapa | umandhap mundhut turanggi | sigra anitih sadaya | bidhal găngsa urmat atri ||

24. rêrikatan lampahipun | kapungkur ing Wanagiri | jumujug anjog mring wana | pangruktine panggung mranti | rinakit rikatan dadya | Wilatikta kang nênggani ||

25. pra gusti sarawuhipun | lajêng mapan panggung sami | binagi-bagi gènira | tinata kadya duk wingi | rinakit glare wus dadya | mundur titihan turanggi ||

--- 2: 219 ---

4. Durma

1. para gusti wusira musthi sanjata | sasmita kèn ngawiti | panggosoke sangsam | surak rame wurahan | kukuk myang kêkêplok atri | anrang jêjurang | wadyalit golong pipit ||

2. wrêksa bakah rêbah kasulayah pokah | balasah bosah-basih | saya ngangsêg mangsah | tumêrah sami ngrurah | rumput rampat berat rinit | rinoban kathah | binêrêg sinrang gusis ||

3. lung-êlungan nèng kalèn pupul pulêtan | lawan witing panjalin | rug karangkud rungkat | sinèrèd kasarakat | lingkab latanira sêbit |

--- 2: 220 ---

punggêl binabad | binirat tibèng têbih ||

4. alang-alang kang ngalingi lêluwangan | galagah golong trêtip | kawêlagar kobar | tumangkar agni nular | ra-ara bebas binasmi | buron kèh milar | umilir amalipir ||

5. nut jêjurang rêrèjèng bambing sinêrang | anilêb nilap nilip | mring siluk siluman | mung kidang lawan sangsam | giras aringas wit giris | silar umilar | tumular wuri ngrapit ||

6. bêbancangan palajênge salang-tunjang | binujung nunjang wani | pêthane pêpanthan | saking lor kidul wetan |

--- 2: 221 ---

para gusti aningali | kathahing sangsam | praptane wali-wali ||

7. mangu mêngêng mêmangun wênganing prana | paranta kang pinilih | de kalangkung kathah | anjêprah padha branggah | puara[7] arahing galih | sok pakoliha | kalamun pêrak pinrih ||

8. barondongan lor kidul têngah sauran | tan kêndhat kang bêbêdhil | karêndhi gung kandhah | kandhuhan brana kathah | kasok kasarakat kongsi | akêkalangan | tinangkêp saking wingking ||

9. wadya gosok arame ngangsêg umangsah | surak sarosa atri | sangsam bilulungan |

--- 2: 222 ---

lumayu megung malang | tambuh paran kang ingungsi | ngarsa sanjata | ing kanan kering agni ||

10. para gusti kalangkung sukaning driya | myat sangsam kontrang-kantring | kumpul karompolan | saparan garubyugan | tan kêndhat ingkang bêbêdhil | ing wuri ngarsa | ing kanan miwah kering ||

11. pra wadya glar balabar lir gunung kobar | arame nyênyuraki | palajênging sangsam | anunjang mring panggungan | gègèr kang katrajang ngisis | dadyantuk lawang | ambobol babal balik ||

12. salang tunjang binujung kinalang-kalang | kathah kang nandhang kanin |

--- 2: 223 ---

tabête kang êrah | tumêrah tibèng lêmah | kumocor akocar-kacir | kècèr saparan | pinaran tinut wuri ||

13. para grêma aniti tumêkèng wana | saparan tinut wingking | pra gusti sadaya | ing tyas kalangkung cuwa | gagal kèh karêndhi kandhih | kandhah kabranan | tan ana kang ngêmasi ||

14. sami kondur anitih turangganira | tansah samargi-margi | arame rêrasan | solahe ingkang sangsam | tuhu lamun milangêni | nadyan tan angsal | lêga raosing galih ||

15. lon-alonan sarawuhing pasanggrahan |

--- 2: 224 ---

găngsa munya ngurmati | gêndhing Langên-gita | salendro pathêt sanga | sinêndhu sindhèn ngrêrêngih | angarah-arah | irama rangkêp kalih ||

16. lajêng sami pinarakan ing pandhapa | ginêm rèh ing wanadri | Arya Brajanata | tansah mêdhar wasita | wêwaton ing nguni-uni | para satriya | marwasa mrih karêndhi ||

17. duk swargining jêng gusti kang kaping tiga | myang jaman kaping kalih | kèh glaring satriya | kang mardi mêmardawa | onjo-onjoting pambêdhil | mawarna-warna | dènira mamrih luwih ||

--- 2: 225 ---

18. ana karêm mring wana mung lawan grêma | manginte ngintip-intip | têpining guwa na | myang graning arga pringga | rumangsang anrang ing wèsthi | tarwas lumêkas | kikisane tyas pinrih ||

19. ana wênèh kang datan wanuh mring wana | bingung kasaput ratri | dumadya susulan | tuhu karya kangelan | kalaning ratri tan panggih | dupi wus enjang | sêdhênge anibani ||

20. kapiyarsa swaraning sanjatanira | mung lamat saking têbih | sigra pinarêkan | kang ngruruh para dêmang | kapanggih gya jinak mulih | angsaling sangsam |

--- 2: 226 ---

ginotong munggèng ngarsi ||

21. ana tekang satriya wasis nyanjata | onjo anglêluwihi | yèn angarah sangsam | ywa kongsi katingalan | mimise pinrih umanjing | jroning jêrowan | ing tabêt tan katawis ||

22. sabên-sabên bêbêrêg ika mangkana | tan ana kang madhani | ing sapadhanira | tuhu kaliwat-liwat | wasise yèn ambêbêdhil | kalok kaloka | têkèng lyaning nagari ||

23. pra taruna kandhih kandhuhan ing kăndha | kawignyan anglangkungi | tur elok alăngka | lêkase saka ngapa | pagunan ngeram-erami |

--- 2: 227 ---

yèn jaman kina | kang wêgig anjêmparing ||

24. mung madyaning pandhawa Radyan Arjuna | dadya ojat sabumi | prakara umanah | ing mangkya têka ana | kawasisan kang ngèmpêri | duk jaman kuna | kunêng kang ngungun sami ||

25. sampun wanci majêng saosan bujana | Jayasarănta aglis | mapak anoraga | ngrêpèpèh angrêrêpa | pun dasih saos udani | sampun samêkta | satataning sêsaji ||

26. Jêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana | mêraki mring kang rayi | risang atmajendra | ingaturan bujana |

--- 2: 228 ---

ing wayah pan sampun wanci | lungse punika | sêdhênge sami bukti ||

27. dan bujana ambanjêng ingkang kameja | sêsambèn sabên bukti | andrawinèng gita | ginanti langên swara | tan sora irama ririh | angarah-arah | gambuh ingkang ngrêrêngih ||

5. Gambuh

1. dhaharan kongsi dangu | tan lyan malih kang anggung dinangu | para grêma kang nglêlacak mring wanadri | mangulik mring gunung-gunung | myang jêjurang rancah sigrong ||

2. wontên ta kang umatur | yèn pra grêma sampun sami lapur | kang ngêngudi nênitik rahing karêndhi |

--- 2: 229 ---

kang kandhuhan kanin agung | putêran tan măntra manggon ||

3. tinurut tansah murut | maksih giras datan măntra tutut | kados lajêng umanjing sajroning bèji | jrum angum atêmah tuntum | waluya tan sèstu layon ||

4. pra gusti sami ngungun | ing pangrêmbag mangke badhe mangun | kalangênan amisaya ulam kali | pukul gangsal tindakipun | wisaya wus amirantos ||

5. sampune adhêdhawuh | marang wadya kang sami pinatuh | mring narmada rumanti ngrukti jêjaring | gya luwaran sami kondur | sowang-sowang amakuwon ||

6. praptaning sontênipun | wisaya glar tumrah tumaruntun | amiranti tarap sauruting kali |

--- 2: 230 ---

pra gusti sawiyosipun | trus sami tindak mangalor ||

7. jajaran angalajur | wuri rampak pra wadya dumulur | songsong mêkar kataman sunaring rawi | kadya wangkawa manawung | sumirat-sirat sumorot ||

8. atap têpining ranu | kang dêdulu praptaning lumintu | swara rame arungan samargi-margi | gumêrah gumêr gumrumung | gumrênggêng rêgêng tumawon ||

9. lampahe amanikung | trus mangetan jog ing loji agung | kangjêng tuwan asistèn kang dèn ampiri | jinujug gya jinak ngirup | umiring marang rêrumpon ||

10. asistèn sukèng kayun | panujyèng tyas lami ngayun-ayun | kalangênan mèt ulam kang anèng warih |

--- 2: 231 ---

kalalène agung anggung | nèng bantaran angarompol ||

11. lajêng ing lampahipun | mêdal kori butulan tumurun | tan antara katon madyaning banawi | gumlaring palwa kadulu | atarap kadya ginembong ||

12. umilir galur sêlur | dwaja panjrah lumantar lumuntur | kêlap-kêlap kumilat amilangêni | wong agung sarawuhipun | jumujug manjing jroning jong ||

13. mudhik mêdhaki kêdhung | wisaya glar amiranti têpung | jala krakap rikat tinangkêbkên warih | tumêrah wuri tumruntun | jêjaring jinèrèng ngisor ||

14. sêsambê sundhit pungkur | susuk ngangsêg saking wuri sêlur | sangsaya kèh misaya mangsah marapit |

--- 2: 232 ---

marpat jêroning kêkêdhung | karungkat raming rêrumpon ||

15. mina kèh kapalayu | kênèng daya agunging panumpu | tagèh wagal anênggêl gèning jêjaring | rinakêt rikat rinangkut | surak sagung kang nênonton ||

16. kalalèn kali nêmpuh | mring karakap gya cinêkêl kukuh | sinandhatan mring dharat katur ing gusti | tan sinipi sukanipun | myat ulam sami ginotong ||

17. gêngnya sapêluk-pêluk | pacal jambal wagal myang kêkutuk | badhèr andhar winudhar tan dèn sandhati | urang-watang tuwin lêmpuk | tinumpuk dadya saênggon ||

18. surake wadya umung | para gusti sukèng tyas kalangkung | nging kasaru mèh surup sirating rawi |

--- 2: 233 ---

rawat-rawat mara sêmu | mrêbangbang mega bang kulon ||

19. kalingan ing rêrayung | kadyangganing wangkawa manawung | kang baita sakala tinuduh minggir | prapta tindak mring têtarub | têpining nadi tan adoh ||

20. ngêlèskên kuntanipun | ganti-ganti ing sadangunipun | kangjêng tuwan asistèn mung aningali | kalane êlêng tinuju | sukèng tyas akêplok-kêplok ||

21. rampunging lesan kondur | jinajaran wadya angêlajur | praptèng loji ingampirakên tinami | tinampan sinugun-sugun | kang sunggata tarap katon ||

22. nèng jaba banjêng kêmput | num-inuman patrape pinatut | para gusti rêsêp ing driya nanggapi |

--- 2: 234 ---

sadêhan dalêdêg dulur | lumuntur wadya tan agop ||

23. lênggahan kongsi dangu | pukul sapta têkèng tabuh wolu | kang ginunêm tan lyan kalanira nguni | ambêbêrêg mring wana gung | kathahing sangsam kang katon ||

24. pinunggêl ingkang catur | atmajendra amit arsa kondur | têtabean asistèn ngatêr ing kori | mubyar obore ngêlajur | binêktèng răngga nom-anom ||

6. Sinom

1. wus rawuh pakuwonira | lajêng manjing jro pandhapi | urmat găngsa Boyong barang | binarung sindhèn ngrêrêngih | Bok Rara Tarurêsmi | rumaras rêsmining kidung |

--- 2: 235 ---

sêsêndhon Puspanjala | binarung langkung rêspati | apratitis têtês ing rèh karawitan ||

2. pra gusti suka miyarsa | dumadya sami mêdhaki | lênggahan cakêt lan găngsa | kêpung kupêng amarapit | marêpat salin anggit | gerongan laguning kidung | kinanthi sêsênggakan | Jêng Pangeran Angabèi | murwèng gita amithat pathêt manyura ||

3. mangkana ukaranira | kang winor bukaning gêndhing | padhang bulan kêkêncaran | sêdhênge purnama sidhi | pratitis anêtêsi | tibèng cengkok gong jumêglug | saplak kalawan laras | jawilan pradăngga ririh |

--- 2: 236 ---

ngarah-arah irama rinangkêp tiga ||

4. tar wus lamun kawuwusa | ingkang mangun sukèng ratri | bibar kongsi lungse măngsa | tan sayah kang nglêladosi | saking lêganing kapti | myat pra tamu sukanipun | Jêng Pangran Prangwadana | tuhu lamun sănta budi | mrih rênane para sagung atmajendra ||

5. pinèt sapênêding karsa | sinarah tinari-tari | sasat tamuwan narendra | sinuba-subèng sêsanti | tan sêpi pinarsudi | sarjuning tyas arjanipun | marma pra wadya-tăntra | karonta dènnya ningali | dene gusti wus satiti lir kang rama ||

6. nahan ta kang winursita |

--- 2: 237 ---

wus andungkap bangun enjing | ambanjêng wadya sahaya | ingkang sami saos karti | andhèr munggèng pandhapi | mijil ampilan angumpul | malapar ambalabar | gumêlar marpat nèng ngarsi | atmajendra umijil sakadangira ||

7. Jêng Pangeran Prangwadana | wus dangu dera ngêntosi | lan para kadeyanira | lêlênggahan ing pandhapi | karsanta para gusti | tinamtu ing konduripun | nênggih ari punika | nanging miyos ing banawi | lêlancaran datan mawi upacara ||

8. wahana tata turăngga | dhinawuhan ngrumiyini | kèndêl ing Bacêm sadaya |

--- 2: 238 ---

nihan para rajasiwi | bujana nèng pandhapi | bibar lajêng bidhalipun | kampir mring asistenan | amit jinurung sakapti | myang pinuji raharjaning lumaksana ||

9. sasampuning têtabean | gya tindak ginarbyêg abdi | praptèng têpining narmada | gumlar kang palwa miranti | tinata turut têpi | atap imbanging têtikung | agêm titihanira | palwa ran Naga Basuki | sinukarta warata tinêpi wastra ||

10. sinung dwaja wuri ngarsa | paremudha kang linuri | kapraboning jaman kina | agêming pangran dipati | pambêlah kapat ngarsi |

--- 2: 239 ---

gangsal ingkang munggwèng pungkur | kalêbêt malimira | jumbuh kang busana sami | sruwal obyong binênting sêsarungira ||

11. kulambi rinangkêp meja | caping capu anjapiping | abêbênting sabuk abang | èpèk lulang cinèt langking | satatanggung tinanting | watangan dêling tinutul | lêmpêng tur balandaran | cêcawang kinarah mathis | para gusti rawuh gya anitih palwa ||

12. ing saupacaranira | pra wadya sami mêmilih | supênuh numpak ing palwa | tan ana towong sawiji | pradăngga amiranti | nèng gembong ginandhèng ngayun | salendro pelog barang |

--- 2: 240 ---

bidhal kalênengan muni | Kêbogiro slendro irama slêbêgan ||

13. kêmpule mêlung ngumandhang | gong saha ngombak jaladri | kêndhang guguk cêciblonan | salênthêm ulêm ngalèbi | dumadya kèh kang prapti | tarap satêpining ranu | karênan dera mulat | mring wong agung kang cangkrami | saha wadya gumlar amawa bandera ||

14. kadya girindra kusuma | umili milir malipir | jaring jala munggèng ngarsa | misaya samargi-margi | gumrah surake atri | yèn ana ingkang pikantuk | dadya saurut marga | padesan kang dèn langkungi | samya saos panggang tumpêng lan dawêgan ||

--- 2: 241 ---

15. suka sang nararya putra | myat parimarmaning alit | sakadar samya sunggata | sabobote kang palinggih | dadya sasmitèng dasih | pinrih nampèni sêsugun | ana ta janma wrêda | kapiluyu milayoni | mara mêrak pra nata atur kukila ||

16. salindhitan namanira | endah ulêsipun wilis | Kangjêng Pangran Prangwadana | suka nanggapi pribadi | kalawan dhawah paring | arta tigang kêton wutuh | myang sinung pangandika | dahat ing tarima kasih | salamêta ing saanak putunira ||

17. kaki-kaki langkung suka | mêmuji arjaning gusti |

--- 2: 242 ---

tanapi sagarwa putra | myang wadu-wandawa sami | mangkana kang lumaris | aris myat rarasing ranu | langkung asri kawuryan | uparêngganing gêgisik | tanêmane pasêtrèn maneka warna ||

18. jagung jarak lan sêmăngka | kêceme kara kêcipir | timun nêdhêng tumaruna | tumaruntun lan kêrai | rêngkêt rukêt tumali | marambat manglung tumêlung | katon têtêp atapan | kadya lumakwa pinêthik | mring wong agung kang lêlana nitih palwa ||

19. wênèh gisiking narmada | sumilak sinawang têbih | tinêbèng pêksi kèh saba | sabawa masin talisik |

--- 2: 243 ---

drêkuku tuwin trinil | barakan brêkutut runtut | rantap mring pajagungan | sariti tuwin srigunting | bèthèt pênthèt pêpanthan mêdhaki boga ||

20. dupi prak lampahing palwa | umabur ngambara ngalih | masinan saliyanira | kang kèri sami binêdhil | ginusah dèn kêploki | umilar sinênèp rampung | tumpêsan tumpa-tumpa | dènira sami winasis | mundhi astra pratitis tètès lan karsa ||

21. nihan wau lampahira | ngambah tikungan wanadri | singub sumingêb kang papan | kêdhung gêng tirta amringin | labêt kasilir angin | ngarompyoh kang taru-taru |

--- 2: 244 ---

kèh swaraning kukila | mèt boga arungan atri | jalak cocak kuthilang glathik sikatan ||

22. dheyot dhècu rang-urangan | tèngkèk-buta lan srigunting | kacêr kèkèt lan sêpahan | sribombok têpining warih | cohung mêlung mêlingi | mêmêla lir anênulung | wor jriting sata wana | jêgigrèk nèng graning wukir | lir nambrama wong agung ingkang cangkrama ||

23. myang swaraning buron wana | warna-warna kapiyarsi | saengga mangayubagya | basukine kang lumaris | kapungkur ing wanadri | ing Kêdhung Banthèng wus rawuh | kèndêl arsa mariksa | rêrumpon kang dèn irupi |

--- 2: 245 ---

mung sakêdhap bidhal dhawuh marang wadya ||

24. saangsale sinusulna | sandika ingkang tinuding | lajêng wau lampahira | ing antara têngah ari | ing Panambangan prapti | wontên dasih kang umatur | yèn sunggata bujana | sêsaji sampun sumaji | nèng pakuwon saha boganing pra wadya ||

25. Jêng Pangeran Prangwadana | alon aturira ririh | mring rayi jêng atmajendra | punapa ta karsa kampir | dhatêng pakuwon ngriki | kang rayi wangsulanipun | lamun sambadèng rêmbag | prayogi lajêng lumaris | bok kadangon ing mangke praptaning praja ||

26. idêran laku prayoga |

--- 2: 246 ---

bujana lawan lumaris | bujêng cêkape kewala | pangran raka nyuwawèni | lajêng sasmitèng dasih | sunggata sami pinundhut | tan randhat praptanira | lumantar katur pra gusti | myang pra wadya kèdêran boga warata ||

27. tan winarna solahira | mangkana ta sampun prapti | ing taman kataman warsa | adrês praptane kang riris | têmahan para gusti | sami kèndêl lampahipun | sêsambèn amariksa | saosan rumpon rinukti | nulya sami mijil saking palwanira ||

7. Mijil

1. laju manjat satêpining gisik |

--- 2: 247 ---

mangsah mring pakuwon | siniwaka pra wadyanirandhèr | wisaya glar mêrak amiranti | tarap turut têpi | têpang-têpung ujung ||

2. jala krakat rikatan umanjing | sajroning rêrumpon | rêmpêk rampak abayak rakite | mina molah kang milar sumilir | kèh kênèng jêjaring | jala sundhit susuk ||

3. ngangsêg nêsêg sêngkut ngrêrungkati | ram sajroning êrong | barung umung arame surake | nging kasaru sirating Hyang Rawi | nglêlamat umanjing | udayaning gunung ||

4. sirêm-surêm diwangkara tistis | candhik-ala katon | para gusti samana rêmbage |

--- 2: 248 ---

amung badhe nglajêngkên lumaris | tan karsa ngêntosi | wadya kang nênumpu ||

5. tandya bidhal nitih palwa malih | umili mangalor | lon-alonan panyatang wêlahe | kang lêlana lêlangên ing kali | sukèng tyas ningali | sauruting ranu ||

6. sirêm surya sasăngka umijil | kartika kèh katon | angrênggani gêgana sunare | kawistara sauruting gisik | gasik angrêsêpi | sumêblak lir pingul ||

7. pêrak pongol mangul nuksmèng warih | mung sapalih katon | saking toya kacêlup awake | sinatmata isthanira kadi | dirada jrum lagi |

--- 2: 249 ---

lêlumban nèng kêdhung ||

8. sumyaring we wimbuh milangêni | munthuk mêmplak katon | lembak-lembak lumenggang isthane | asêsanti dene dèn langkungi | marang para gusti | kang umilir sêlur ||

9. winursita kang lumaris aris | ing samana rawoh | padhusunan aran Kêdhunggudèl | wontên ingkang acêcadhang margi | wadyaji pulisi | sukarja sêsugun ||

10. Dyan Mas Wiryakusuma kang mranti | rakiting pakuwon | panjuta byor kèksi lêlangsene | wastra pingul mori angalêmir | saka-sunduk kili | kinayu-apu byur ||

11. para gusti ingaturan kampir |

--- 2: 250 ---

gya sami mirantos | upacara lon-lonan tindake | rawuh kuwu ingurmatan dening | găngsa pelog gêndhing | ingkang ladrang Mangu ||

12. lêlênggahan madyaning pandhapi | saha wadya kamot | palataran kang tumingal gêbèl | lanang wadon atap pan alinggih | sêmunira sami | têmbe myat wong agung ||

13. kamitênggêng kaonangan kongsi | dongong amalompong | saking eram tumingal kalane | para gusti lêlênggahan kursi | busana di-adi | abyor ting palancur ||

14. anyunari rêrêngganing panti | pantês-pantês katon | dhèmês-dhèmês parigêl sajake |

--- 2: 251 ---

para wadon kèh cêngêng umèksi | sakèhing pra gusti | brêgas bagus-bagus ||

15. kunêng ingkang ningali nèng jawi | gantya cinariyos | kang makuwon sawadyabalane | larih midêr rambah kaping katri | tan antara sami | abujana nutug ||

16. pra santana sinunggata bukti | anèng meja ngisor | tan kuciwa pantês pangrakite | sêsadêhan tansah angidêri | saluware sami | karsa badhe kondur ||

17. Dyan Mas Wiryakusuma Ngabèi | tanggap gya dhêdhawoh | marang wadya anyulêti age | obor-obor jinajar nèng jawi | bidhal para gusti |

--- 2: 252 ---

gong sauran barung ||

18. sinarawung swaraning kang janmi | kang sami nênonton | gumêr umung arungan arame | gumarêdêg gumarêbyêg wuri | kanan tuwin kering | lir angurung-urung ||

19. praptèng nadi palwa gêng wus mranti | saampilan kamot | wuri aglar tembo tumpakane | para wadu-wandawa prasami | mudhar tambang milir | lampahira sêlur ||

20. dêduluran dènira lumaris | tan aris samyanon | dhusun agêng agêmah patrape | duk samana wayah madya ratri | sasăngka kaèksi | sumunar narawung ||

21. angrênggani rakiting kang nadi |

--- 2: 253 ---

umawela katon | kataman ing ujwala langêne | angarênyêp wèh rênaning kapti | kongkang ngungkung muni | jroning jurang sirung ||

22. pêksi-pêksi kang sabawèng ratri | kapyarsa tan agop | cingcing goling kalingan pang mèpèt | mung swarane ingkang kapiyarsi | kalong golongan mrih | woh ringin maniyub ||

23. sangsaya doh têbaning lumaris | wanci lingsir kulon | winêlah kras baita lampahe | winantonan praptane kang warih | bêbanjiran saking | lèpèn Dêngkèng agung ||

24. dadya rikat lampahe kang milir | bangun enjing katon | Langênarja ambanjêng ujunge |

--- 2: 254 ---

tan antara pinêthukkên dening | wadyaji kêkalih | angêmban kang dhawuh ||

25. kang jinujug Jêng Pangran Ngabèi | aturira alon | pandukanggèr[8] tinimbalan age | mring ramanta kangjêng sri bupati | myang rakanta inggih | Jêng Pangeran Prabu ||

26. Pangran Bèi sandika gya mangsit | mring pambêlah kinon | ngimbir-imbir umilir palwane | tandya rakit bêrdandosan sami | byar raina nuli | sumiwèng sang prabu ||

27. pinanggihan lan sang pramèswari | pinrih acariyos | Pangran Bèi ingkang mêdharake | lêlampahan sajroning cangkrami | sinuhun miyarsi |

--- 2: 255 ---

sukèng tyas kalangkung ||

28. pukul sapta linilanan sami | mundur alêlêson | nitih rata jinajaran dene | wimbasara myang wira kaplêri | rêrikatan prapti | Ngabean jumujug ||

29. lêlênggahan amung sawatawis | amit nulya bodhol | laju kondur jumujug ngarsane | ingkang rama jêng pangran dipati | pinanggihan munggwing | jroning dalêm agung ||

30. tur pratela lampahe samargi | dènira amomong | dhatêng para sutendra sakèhe | srêjuning tyas kaarjan ing margi | tlas aturing siwi | gya kalilan mundur ||

31. titi tamat têtelaning tulis |

--- 2: 256 ---

ing Sabtu Kaliwon | kaping nênêm warane ingkang lèk | wulan Sura wau ingkang warsi | katrusthan luhuring | saliraning sunu |[9]|

 


§ Taun Jawi 1808, taun Walandi 1879, wulan Nopèmbêr [sic]. (kembali)
Tanggal: Raditya (Ngahad) Kaliwon sadasa (10) Dulkangidah Be: pangèsthining barakan sarira nunggil (AJ 1808). Tanggal Masehi: Minggu 26 Oktober 1879. (kembali)
Nararya. (kembali)
kondur. (kembali)
mung. (kembali)
dyan. (kembali)
puwara. (kembali)
padukanggèr. (kembali)
Tanggal: Sabtu (Sêtu) Kaliwon nênêm (6) Sura: katrusthan luhuring saliraning sunu (AJ 1809). Tanggal Masehi: Sabtu 20 Desember 1879. (kembali)