Wrêdining Pandêl Panjênêngan, Pigeaud, 1953, #1462

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wrêdining Pandêl Panjênêngan

1. Sinom

1. punika cariyosira | rêrênggan kang dipun ampil | pangulu kang sinongsongan | jênar mawi dèn jajari | tuwin dipun urmati | ing sabên tingalanipun | taun jumênêngira | Jêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara kaping sakawan ||

2. yèn panuju wulan Bêsar | gangsal likur sitapasmi |[1]

--- 2: 258 ---

mawi srananing panêdha | landheyan kuningan isi | kancana slaka wêsi | suwasa sakawanipun | gênge sagagang plasa | mung panjangipun sinami | lawan ingkang jumênêng Mangkunagara ||

3. mila winastan tingalan | panjênêngan sabên warsi | nglandheyan ing ujung mawa | tinutupan bungkul kadi | bundêring tigan brati | nginggil waos dhapuripun | lingèn istha sakawan | ngandhap mawi dèn dèkèki | kêsting pita kang minăngka tunggulira ||

4. tumrape anèng landheyan | kadi layaring sêkoci | kinêncang kalawan tambang | kang kinarya bênang rukmi |

--- 2: 259 ---

sakèh pungkasing tali | sinungan kuwas boliyun | têpining tunggul pita | binara tuwin binlodir | nginggil madya rineka kadi makutha ||

5. ing ngandhap sinung aksara | MN lètêring Walandi | ing sakiwa têngênira | wit kapas kalawan pari | ing bongkot têpang sami | têtimpahan isthanipun | lawan sinung gandhewa | sakêndhênge lan jêmparing | pan sadaya rinangkus ing tali pita ||

6. pungkasanira ing ngandhap | ăngka taun duk mandhiri | anèng ing Mangkunagaran | saubênge tunggul mawi | lunglungan kang binlodir | sadaya rêrênggan wau |

--- 2: 260 ---

ingaranan kakăndha | punika sampun mastani | wrêdinira kadi ta ingkang winahya ||

7. tumrape dhatêng suyasa | kang sampun sinêbut nginggil | dêdêg panjênênganira | makutha kang mêngku nagri | MN lètêring Wlandi | punika pikajêngipun | asma Mangkunagara | IV yeka ăngka Rumi | wrêdinira kang minăngka ping sakawan ||

8. dene ta angkane warsa | punika taun Walandi | nalika jumênêngira | tangsul pita lan jêmparing | pamintaning panggalih | kêndhêng sampun sêdhêngipun | gandhewa têgêsira | badhe panjang ing pangudi |

--- 2: 261 ---

witing kapas punika kang dhatêng sandhang ||

9. wit pari purwaning têdha | lunglungan kang mubêng têpi | amêngkoni têgêsira | wus têlas wijanging wrêdi | pasêmon tumrap burdir | nihan ta pikajêngipun | ing panjênênganira | kang mêngku kutha nagari | ingkang kaping sakawan nalikanira ||

10. jumênêng angkaning warsa | sèwu wolung atus nênggih | kalawan sèkêt satunggal | ngikêt pamintaning galih | sêdhêng angrigên sami | panjang ing pangudinipun | dhumatêng karaharjan | tuwin sandhang lawan bukti | kang nyêkapi sabawah wêwêngkonira ||

11. dene mas lawan salaka |

--- 2: 262 ---

suwasa kaca tur wêsi | kang winastan panjênêngan | nèng lêbêt landheyan sami | yeka badhe kinardi | jakati kagunganipun | kang jumênêng sadaya | ingkang warni rajatadi | wusing karya binage mring narapraja ||

 


sitarêsmi. (kembali)