Dhaubipun Găndasiwaya tuwin Suwiyati, Pigeaud, 1953, #1427

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Mèngêti badhe Dhaubipun Radèn Mas Arya Găndasiwaya tuwin Radèn Ajêng Suwiyati

1. Dhandhanggula

1. purwaning kang cinitrèng nujwari | Kêmis Kliwon ping kalih kang tanggal | Sura Karo ing mangsane | Alip ing taunipun | wiku astha manabdèng janmi |[1][2] yeka sangkalinira | kang winahyèng kidung | Jêng Gusti Pangran Dipatya | Arya Mangkunagara ingkang winilis | ping catur Surakarta ||

--- 4: 135 ---

2. nalikarsa amiwahèng siwi | èsthi priya samya nunggil rena | lagya nêdhêng ing wancine | patut sing garwanipun | ingkang sampun seda ing nguni | nama Radèn Mas Arya | Găndasiwayèku | duk yuswa salikur warsa | ingkang rayi Radèn Ajêng Suwiyati | yuswa nêmbêlas warsa ||

3. karsanira kang rama jêng gusti | putra priya dhinaubkên lawan | kadang prênah misanane | putri tilaranipun | Kangjêng Gusti Pangran Dipati | Mangkunagara ping tiga |[3] ingkang nunggil ibu | lan Radèn Mas Suryaputra | sing ampeyan nama Radèn Ajêng Silin | yuswa wolulas warsa ||

--- 4: 136 ---

4. kang wanodya arsantuk pasisir | Nagri Dêmak putranira Pangran | Căndranagara bajênge | kang saking garwanipun | putri nagri Bujanagari | nama Dèn Mas Prawata | nênggih yuswanipun | sawêg kalih likur warsa | cinarita kang darbe turun ing nguni | Dipati Jayèngrana ||

5. kang tinanêm nagri Surawèsthi | dening Kangjêng Sinuhun Mangkurat | ing Kartasura kalane | lêlana andon pupuh | ngrata nagri bang wetan nguni | mangrurah Trunajaya | nguni purwanipun | tumêrêh[4] dalah samangkya | kawimbuhan ibu trah Susunan Giri | Pangran Căndranagara ||

--- 4: 137 ---

6. kaluhuranira wus nglabêti | duk ing Dêmak anandhang sangsara | sapraja kurang pangane | wong desa akèh lampus | marga saking kalirên sami | sawênèh tilar praja | têmahan mèh suwung | Pangeran Căndranagara | duk samana maksih nama adipati | anèng Kudus nagara ||

7. karsanira guprêmèn ingêlih | marang Dêmak kinèn ngayomana | pinuriha raharjane | parêng tibaning waktu | nugrahane Kang Maha Sukci | nagri Dêmak waluya | wuwuh arjanipun | yeka purwaning katrima | nama Pangran Misuwur Tanah Pasisir | kalilan songsong gilap ||

--- 4: 138 ---

8. dadya tuladaning pra bupati | rumêsêbe mring băngsa Walănda | kakênan kabudayane | winantu tyas sumungku | mring guprêmèn prana mêmanis | manungsung ing sakarsa | măndragunèng kawruh | winêwêr tan kawadaka | mring bicara têrampil turut patitis | putus tur awêweka ||

9. mila mangke arsa bangun wiji | besan lawan jêng pangran dipatya | amrih campura darahe | lawan têdhak Matarum | kang ngluhuri ing nuswa Jawi | trah tumêrah narendra | kang sampun linuhung | nahênta ing gancarira | amangsuli carita purwaning nguni | Jêng Pangran Adipatya ||

--- 4: 139 ---

10. Mangkunagara dènnya bêdhami | lan pangeran ing Dêmak wus lama | jalaran saking putrane | kala wontên sêpèktur | angidêri măncanagari | mirsa sagung tanêman | tuwin liyanipun | Tuwan pan dhê Pul kang nama | praptanira nèng Surakarta mung mampir | badhe dhatêng Pacitan ||

11. Dèn Mas Prawata sira umiring | tigang dintên wontên Surakarta | dupi arsa ing angkate | sêpèktur nyuwun tulung | dhatêng kangjêng pangran dipati | kang ngatêr lampahira | myang rumêksanipun | praptane tanah Sêmbuyan | ngêntosana kongsi sawangsule malih | mring nagri Surakarta ||

 


§ Taun Jawi 1787, Masèi taun 1858 wulan Sèptèmbêr [sic]. (kembali)
Tanggal: Kêmis Kliwon kalih (2) Sura Alip: wiku astha manabdèng janmi (AJ 1787). Tanggal Masehi: Kamis 12 Agustus 1858. (kembali)
Lebih satu suku kata: Mangkunagara tiga. (kembali)
tumêrah. (kembali)