1843-01-24 - Santawirya kepada Residen Surakarta

Judul
Sambungan
1. 1837-05-09 - Prangwadana kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
2. 1837-11-19 - Kyai Lurah Anggayuda kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
3. 1837-11-27 - Bok Tirtayuda kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
4. 1838-03-28 - Iman Raji kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
5. 1838-08-02 - Angabei kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
6. 1839-08-09 - Surat Pengaduan kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
7. 1839-08-30 - Angabei kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
8. 1840-03-14 - Prangwadana kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
9. 1840-09-02 - Angabei kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
10. 1841-03-31 - Wangsawijaya kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
11. 1842-01-30 - Prangwadana kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
12. 1842-06-06 - Dipawijaya kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
13. 1842-11-10 - Wangsawijaya kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
14. 1842-12-21 - Rejasentika kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
15. 1843-01-24 - Santawirya kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
16. Surat-menyurat J. F. T. Mayor, LOr 2235, #886. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
Citra
Terakhir diubah: 18-05-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ringkasan: Surat dari Santawirya kepada Residen Surakarta, tentang surat keputusan gupremen, bahwa status sebagai guru bahasa Jawa di sekolahan di Surakarta pada bulan Februari dihentikan, dan diberi hadiah 3 bulan gaji, maka ia mengucapkan terima kasih kepada gupremen dan residen. Oleh karena ia harus menanggung keluarga, dan orang tuanya, maka mohon kepada residen untuk memohonkan kepada gupremen tentang kelanjutan gajinya. Karena sekarang sudah tidak bekerja, bila mungkin juga mohon untuk dapat diberikan pekerjaan di Surakarta, agar kehidupan keluarganya tetap kecukupan.

1843-01-24 - Santawirya kepada Residen Surakarta: Citra 1 dari 1

Kawula nuwun atur kawula pun Săntawirya, guru têmbung Jawi ing pamulangan Surakarta, kaatur ing panjênênganipun kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta Adiningrat.

Ingkang kawula aturakên, amargi saking ingkang kasêbut ing sêrat kêkancinganipun kangjêng guprêmèn, yèn anggèn kawula anglampahi padamêlan dados guru têmbung Jawi ing pamulangan Surakarta, ing salêbêtipun wulan Pèbriwari punika kasuwak, sarta kawula kaparingan ganjaran tigang blanjan, ingkang punika kawula kaparingan ganjaran, asangêt-sangêt ing panuhun pamundhi kawula dhumatêng kangjêng guprêmèn, saha dhumatêng kangjêng tuwan residhèn.

Ingkang punika, sarèhning badhe andadosakên cupêting panggêsangan kawula ing sapanginggilipun, awit botên wontên ingkang kawula têdha: kadamêl angingoni anak rayat kawula, măngka kawula angingoni bojo saha anak kawula têtiga, punapamalih bapa biyung kawula sampun sami sêpuh, inggih ugi ing sawatawis panggêsanganipun dados damêl kawula.

Ingkang punika atur panuwun kawula asangêt-sangêt, ingkang mugi-mugi wontêna sih pitulung kawêlasanipun kangjêng tuwan residhèn, anyuwunakên dhumatêng kangjêng guprêmèn, lulusipun balănja kawula, supados dadosa panggêsangan kawula ing saanak rayat, wondening bilih wontên karsanipun kangjêng guprêmèn saha karsanipun kangjêng tuwan residhèn amaringi padamêlan, ingkang kawula sagêd anglampahi, padamêlan ing salêbêtipun nagari Surakarta ngriki, kawula inggih sandika anglampahi, sabab kawula rumaos sampun botên pikantuk padamêlan dados panggêsangan sanèsipun ingkang anyêkapi kawula têdha saanak rayat, kajawi namung sih kawêlasan pitulungipun kangjêng tuwan residhèn, anyuwunakên dhumatêng kangjêng guprêmèn, saha aparing padamêlan dhumatêng kawula. Wondening awit kawula kaparingan padamêlan dados guru têmbung Jawi ing pamulangan Surakarta, awit ing taun 1833, kaparingan balănja 15 rupiyah, ngantos sapriki, kawula botên nama gadhah kalêpatan dhumatêng kangjêng guprêmèn, sarta dhumatêng kangjêng tuwan residhèn, mila asangêt-sangêt ing panuwun kawula sih pitulung lunturing kawêlasanipun kangjêng tuwan residhèn, anyuwunakên bab atur kawula sadaya wau dhumatêng kangjêng guprêmèn, lulusipun ing balănja panggêsangan kawula ing sapanginggilipun.

Ing wusana: mugi-mugi sampun andadosakên dukanipun kangjêng tuwan residhèn, dene kawula akamipurun agadhah atur akathah-kathah konjuk ing panjênênganipun kangjêng tuwan residhèn.

Katur ing dintên Slasa, tanggal kaping 24 wulan Janawari, taun 1843.

Săntawirya.