Ringkasan: Para bekel di Manjung yang telah diputuskan/disahkan oleh pengadilan Kapatihan, diambil dengan paksa oleh Wangsayuda dari Kusumayudan, dan Puspayuda wakil dari R. Ng. Bratawirya. Saat ini, setiap hari mengadakan barisan (prajurit) sebanyak 300-an. Karena khawatir terjadi kerusuhan yang dapat menimbulkan korban jiwa, maka Rangga Wangsawijaya mohon pertolongan untuk mendapatkan perhatian dari Kapatihan.
Kawula nuwun atur kawula Răngga Wăngsawijaya dêmang Manjung, katur ing sangandhape supatu dalêm. Kanjêng bêndara tuwan mayor residhèn, ing Surakarta Adiningrat ing ngandhap punika pratelanipun.
Mênggah para bêkêl ing Manjung, ingkêng sampun kaparingakên, saking pasowan mangu Kapatihan, punika dipun jarah rayah dhumatêng Wăngsayuda, ing Kusumayudan, kalih Puspayuda wakilipun Radèn Ngabèi Bratawirya, ing sapunika saditên-dintên, ngêdêgakan[1] baris antawis tiyang tigang atus, jrih kawula ing alit ingkêng manawi batên katimbalan, pun Puspayuda ing Brăngtawiryan, kalih Mas Wăngsayuda ing Kumayudan,[2] sarèhipun para bêkêl kula wau, rumaos sapun kaparingakên dhumatêng kawula, ing wusananipun dipun jarah saking jrih kawula, mênawi wontên raja-rajapêjah, kadosa pundi, ingkêng punika kanjê[3] bêndara tuwan, mugi-mugi wontêna sih pitulung dalêm maringakên aturan kawula, dhumatêng Kapatihan, ingkêng supados tiyang [ti...]
[...yang] sami baris wau katimbalana, kawula titimangsani ing ditên Kêmis kaping 7, wulan Sawal ing taun Jimakir 1770.
1 | ngêdêgakên. (kembali) ngêdêgakên. |
2 | Kusumayudan. (kembali) Kusumayudan. |
3 | kangjêng. (kembali) kangjêng. |