1837-11-19 - Kyai Lurah Anggayuda kepada Residen Surakarta

Judul
Sambungan
1. 1837-05-09 - Prangwadana kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
2. 1837-11-19 - Kyai Lurah Anggayuda kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
3. 1837-11-27 - Bok Tirtayuda kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
4. 1838-03-28 - Iman Raji kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
5. 1838-08-02 - Angabei kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
6. 1839-08-09 - Surat Pengaduan kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
7. 1839-08-30 - Angabei kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
8. 1840-03-14 - Prangwadana kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
9. 1840-09-02 - Angabei kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
10. 1841-03-31 - Wangsawijaya kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
11. 1842-01-30 - Prangwadana kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
12. 1842-06-06 - Dipawijaya kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
13. 1842-11-10 - Wangsawijaya kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
14. 1842-12-21 - Rejasentika kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
15. 1843-01-24 - Santawirya kepada Residen Surakarta. Kategori: Arsip dan Sejarah > Mayor, J. F. T.
16. Surat-menyurat J. F. T. Mayor, LOr 2235, #886. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
Citra
Terakhir diubah: 12-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ringkasan:Kyai Lurah Onggayuda minta keadilan berdasar hukum, oleh karena tanah miliknya (Surawana) diminta oleh utusan F.E. Plisingen dengan janji akan diganti dengan uang seharga dua kali lipat dalam waktu satu tahun dibayar dua kali sejumlah 216 reyal 25 uwang (Rp. 450). Setelah terjadi sepakatan, Onggayuda dibayar Rp. 380, sebagai uang muka, dan kekurangannya akan dibayar kemudian. Tetapi sampai bertahun-tahun jika diminta selalu diingkari dan dipermainkan saja, maka Onggayuda minta diselesaikan secara hukum oleh residen.

1837-11-19 - Kyai Lurah Anggayuda kepada Residen Surakarta: Citra 1.1 dari 1
1837-11-19 - Kyai Lurah Anggayuda kepada Residen Surakarta: Citra 1.2 dari 1
1837-11-19 - Kyai Lurah Anggayuda kepada Residen Surakarta: Citra 1.3 dari 1

Atur kawula abdi dalêm Kyai Lurah Onggayuda: konjuk sangandhap sapatonipun kangjêng tuwan mayor residhèn ingkang awuwasani[1] kantor ing nagari Surakarta Adiningrat. Kawula nuwun. Ingkang kawula aturakên, kawula nuwun adil pariksanipun kangjêng tuwan. Aprakawis gêgadhuhan kawula siti ing Surawona, siti sakikil, kala wulan Suntên ing taun Ehe ăngka 1764, kawula kadhatêngan carikipun Tuwan Pradrik Arêk pan Plisingên, ingkang nama Krêtayuda, mênggah wicantênipun kautus dhatêng Tuwan Pradrik Arêk pan Plisingên. Mênggah têmbungipun nêdha pitulung dhatêng kawula: mênggah paring dalêm gêgadhuhan kawula siti ing Surawona siti sakikil, katêdha dipun paosi kasanggi tikêl. Sarta kawula dipun wicantêni piyambak kalayan Tuwan Pradrik Arêk pan Plisingên, yèn kawula sampun pasrah siti sabêkêlipun sarta piagêm sapintêna mênggah karepotan kawula saha mênggah ing kabêtahan kawula inggih katulungan. Lajêng kawula sagah pasrah gêgadhuhan kawula siti ing Surawona sakikil sabêkêlipun sarta piagêm. Mênggah jangjinipun dhatêng kawula yèn kasanggi paos tikêl, ing dalêm sataun mêdal 72 reyal-reyalan 25 uwang, lumadi ping kalih sataun. Ing bakda Siyam 36 reyal-reyalan 25 uwang, ing Bakdamulud 36 reyal-reyalan 25 uwang, sarta kawula kaparingan kêncengan tigang taun. Mênggah kathahipun yatra 216 reyal-reyalan 25 uwang, dadosipun [dadosi...]

[...pun] ing rupiyahan 450 rupiah pêthak. Kawula sampun anampèni kêncengan yatra 380 rupiyah pêthak. Kirang 70 rupiyah mênggah jangkêpipun yatra kêncengan tigang taun wau, lajêng kawula pasrah siti sabêkêlipun sarta piagêm. Kala ing wulan Suntên dhatêng Tuwan Pradrik Arêk pan Plisingên. Sarêng sampun dumugi wulan Bakdamulud kawula nêdha mênggah paosipun wêdalipun gêgadhuhan kawula siti Surawona sakikil, tansah kaubêng-ubêng kimawon. Sarê[2] ngantos dumugi wulan bakda Siyam kawula inggih nêdha mênggah paos wêdalipun gêgadhuhan kawula wau, inggih kaubêng-ubêng kimawon. Sarêng ngantos dumugi wulan Bakdamulud ing taun Jimawal punika: inggih kawula nêdha mênggah paos wêdalipun gêgadhuhan kawula siti Surawona sakikil, ing wusananipun tansah kaubêng-ubêng kimawon. Ingkang punika kawula botên narimah, manawi wontên sawijinipun tuwan nyêpêng siti botên ngangge jangji mênggah ungêlipun sêrat piagêm, ingkang punika kawula nyuwun adil pariksa têrusing kukum. Mêdala saking panguwasanipun kangjêng tuwan mayor residhèn ingkang nguwasani kantor nagari ing Surakarta Adiningrat. Amung punika atur kawula: kawula abdi dalêm lurah gêdhong kadospatèn, golongan ing Yasadipuran.

Sinêrat ing dintên Ngakad ping 20 wulan Ruwah ing taun Jimawal, angkaning warsa 1765.

 


anguwasani. (kembali)
Sarêng. (kembali)