1905-01-27 - Wirapustaka kepada Hazeu, LOr 6614, 1905, #20

Judul
Sambungan
1. 1905-01-12 - Wirapustaka kepada Hazeu, LOr 6614, 1905, #20. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
2. 1905-01-27 - Wirapustaka kepada Hazeu, LOr 6614, 1905, #20. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
Citra
Terakhir diubah: 11-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

1905-01-27 - Wirapustaka kepada Hazeu, LOr 6614, 1905, #20: Citra 1 dari 2

Dari namanja oekiran

Katrangan dari M.B. Wirapoestoko Solo.

Sêrat saha atur tabe kaurmatan akathah-kathah Ngabèi Wirapustaka, mantri pamijèn ing Kapatihan, katur panjênênganipun ingkang saudara Tuwan Dhoktêr G. A. Y. Hase [Hazeu], prayantun agêng ingkang kapatah ngimpun têmbung Indiya Nèdêrlan, ing Batawi.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, pandangunipun saudara bab ukir-ukiran ingkang dumunung wontên ing ukiran, kula piyambak kirang mangrêtos. Kula lajêng saos unjuk ing saudara ijêngandika panjênêngan dalêm bêndara kangjêng radèn adipati, mênawi kalilan badhe mêthik kagungan dalêm Sêrat Bauwarna, bab ukiran, sarta lajêng badhe kula kintunakên dhatêng ing Batawi, dhawuh dalêm: kaparêng.

Pêthikanipun kula aturakên ing saudara asarêng punika, kula sumăngga.

Surakarta kaping 27 Januari 1905.
(Wg) Wirapustaka.

1905-01-27 - Wirapustaka kepada Hazeu, LOr 6614, 1905, #20: Citra 2 dari 2

1. Sirah
2. Bathuk
3. Cêngêl
4. Irung
5. Lambe
6. Gêgêr
7. Gambar pêlokan
8. Pundhak
9. Cêcêkan blumbangan nginggil
10. Dhadha
11. Cêcêkan blumbangan ngandhap
12. Bangkekan
13. Plangèn
14. Wudêl
15. Bokong
16. Bungkul Sranduning ukiran

Katrangan wijangipun ukiran, saking aturipun Ngabèi Janaraga, abdi dalêm mantri pangukir.