Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1923, #115

Judul
Sambungan
1. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1923, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
2. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1924, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
3. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1925, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
4. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1926, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
5. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1927, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
6. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1928, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
7. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1929, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
8. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1930, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
9. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1931, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
10. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1932, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
11. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1933, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
12. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1934, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
13. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1935, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
14. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1936, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
15. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1937, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
16. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1938, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
17. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1939, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
18. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1940, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
Citra
Terakhir diubah: 22-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Nutilên Bêstir Pêrgadring

Wiwit kangge malêm Salasa tanggal kaping 27 wulan Jumadilawal taun Jimawal 1853 (16 January 1923 A.D.)

Nutilên Bêstir Pêrgading

Wiwit kangge malêm Salasa tanggal kaping 27 wulan Jumadilawal taun Jimawal 1853

--- 1 ---

Nalika malêm Salasa tanggal kaping 27 wulan Jumadilawal taun Jimawal. Ăngka 1853 utawi kaping 15-16 Januari 1923, pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh, anyêdhahi kumisi kasusastran, sarta sèkrêtarising kumisi, wontên ing gêdhong musium.

Ingkang wontên:

1. Wisesa Radèn Mas Arya Wuryaningrat, 2. Kondhanging wisesa Radèn Tumênggung Wăngsanagara, 3. Panitra II, Radèn Ngabèi Prajakintaka, 4. Panitya, Radèn Ngabèi Purbadipura, 5. Panitya, Radèn Ngabèi Suradipura, ngiras kumisi kasusastran, 6. Sèkrêtarising kumisi, Mas Martasuwignya, 7. Sèkrêtarising kumisi, Radèn Ngabèi Wăngsadilaga.

Ingkang karêmbag

--- 2 ---

I. Maos nutilên.

II. Wisesa andangu dhatêng sèkrêtarising kumisi bab pandamêling nutilên kala parêpatan kumisi kapêngkêr punika. Aturipun Mas Martasuwignya, sawêk rèngrèng nutilên purpêrgadring ingkang sampun rampung, nanging dèrèng kasamantakakên dhatêng Mas Sumidi, dene nutilên parêpatan lan dintênipun Akad, ingkang sagah anggarap Mas Sumidi, namung sawêg angsal sakêdhik lajêng sakit, mila kapasrahakên wangsul, badhe lajêng kagarap kalihan Radèn Ngabèi Wăngsadilaga, dhawuhing wisesa nutilên purpêrgadring kemawon supados kawaos, lajêng kawaos, sarêng dumugi bab prêslah wêwênanging kumisi alit, dhawuhing wisesa ingandikakakên mêwahi. Manawi wontên ewah-ewahanipun [ewah-...]

--- 3 ---

[...ewahanipun] ingkang botên kaanggêp, kumisi alit wênang botên ngangge. Sasampuning kaewahan lajêng kawaos malih, dumugi bab wurdhênlis, wisesa anggening murwani rêmbag, kawêwahan, wragad saking sintên. Sarêng sampun kawêwahan kalajêngakên pamaosipun, dumugi wangsulaning kwiksêkulbon, kaewahan. Rêmbag saking Dwijasewayan punika, nyulayani usulipun, nanging sapunika narimah andhèrèk pirêmbag wau, amargi guru botên sagêd nindakakên, manawi botên angsal palilah saking kangjêng guprêmèn. Kasambêtan wêwahan (pangarsa) kadospundi sumêrêpipun kangjêng guprêmèn sampun karsa ngagêm, Dwijasewayan nyambêti. Sarèhning lid kumisi punika wontên ingkang [ing...]

--- 4 ---

[...kang] dados lid polêk rad, inggih punika Mas Wadana Dwijasewaya piyambak. Punika ingkang sagah nyuwun katrangan ngangge wêwênanging lid polêk rad. Sarampungipun angewahi, katêrusakên pamaosipun, dumugi karampunganing rêmbag, ingkang mungêl ing parentah gangsal, kaewahan, kangjêng guprêmèn, lajêngipun kaewahan dados mungêl, dene bilih sampun marêngakên ngagêm, Radya Pustaka ingkang damêl…

Ra. Ingkang badhe karêmbag enjingipun.

Parêpatan dipun wiwiti ngrêmbag 1. 2. Kadadosakên satunggal mungêl, nglêrêsakên [nglêrê...]

--- 5 ---

[...sakên] putusan ingkang kamanah dèrèng maton. Sarampunging pamaos sarta kaewahan wau, wisesa dhawuh supados katampèkakên dhatêng Prawiraatmajan ingandikakên matitisakên.

III. Wisesa mratelakakên nalika parêpatan kumisi kapêngkêr punika wêwakil kwiksêkulbon gadhah pamrayogi, supados anjagi sastra Jawi punika sampun ngantos sirna, kala samantên kaprayogèkakên pasrah dhatêng pakêmpalan Mardibasa kemawon, wangsulanipun, Mardibasa punika botên manah dhatêng sastra, namung basa, pamanggihing wisesa mokal bilih tiyang marsudi têmbungipun botên manah dhatêng sastranipun punika, [pu...]

--- 6 ---

[...nika,] kwiksêkulbon angêncêngi pamanggihipun, wisesa lajêng anyanggêmi badhe kapasrahakên dhatêng Radyapustaka, sarèhning sampun kalampahan manah tataning panyêrat, saèstunipun inggih pamanah lêstantuning wontên sastra Jawi. Lajêng dhawuh dhatêng panitra, bab pada-pada ingkang kasêbut ing sêrat Paramasastra ingandikakên masrahakên dhatêng Mas Prawiraatmaja supados dipun pilihi.

IV. Wisesa mratelakakên dalu punika pancèn badhe angrêmbag pandamêling prêslah, namung sarèhning kumisi kasusastran sarta sèkrêtarising kumisi botên jangkêp, dados botên saèstu karêmbag, benjing parêpatan ngajêng kemawon, ing mangke badhe angrêmbag bab ringgitan, karsaning wisesa badhe adamêl pangajaran [pa...]

--- 7 ---

[...ngajaran] dhalang, kêdah wontên guru pintên, saupami bab gêndhing, 2. Sabêtan, 3. Unggah- ungguh, makatên upaminipun, dados ing ngriki kêdah angwontêni guru-guru wau, ingkang sampun katingal bab gêndhing, Mas Ngabèi Atmapanabuh, bab sabêtan Ki Lêbdacarita, bab unggah- ungguh saupami Radèn Ngabèi Suradipura, manawi katindakakên makatên ing pangintên sagêd dados, sarta bokmanawi kathah ingkang niru, punika karêmbag benjing parêpatan. Jam 1/2 10 parêpatan katutup.

Wisesa.

Panitra.

[Tanda tangan: Prajakintaka]

--- 8 ---

Nalika malêm Sênèn tanggal kaping 10 wulan Jumadilakir taun Jimawal ăngka 1853 utawi kaping 27-18[1] Januari 1923, pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh akalihan para kumisi kasusastran, sèkrêtarising kumisi, angaturi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, nyêdhahi warga dhalang, sarta Mas Ngabèi Atmamardawa, Mas Lurah Atmapradăngga.

Ingkang wontên

1. Wisesa Radèn Mas Arya Wuryaningrat, 2. Panitra II Radèn Ngabèi Prajakintaka, 3. Panitya, Radèn Ngabèi Suradipura, ngiras kumisi kasusastran, 4. Panitya, Mas Yasawidagda, 5. Kumi[2] Kasusastran, Mas Prawiraatmaja, 6. Sèkrêtarising kumisi, Mas Martasuwignya.

--- 9 ---

7. Sèkrêtarising kumisi, Radèn Ngabèi Wăngsadilaga, 8. Sèkrêtarising kumisi, Mas Sumidi, 9. Mas Ngabèi Rêdisuta, 10. Mas Ngabèi Atmamardawa, 11. Mas Lurah Atmapradăngga.

Ingkang pamit

1. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Kondhanging wisesa, Radèn Tumênggung Wăngsanagara, 3. Panitya, Radèn Ngabèi Purbadipura, 4. Panitra I, Mas Ngabèi Prajapustaka, 5. Ki Lêbdacarita.

Ingkang karêmbag

I. Maos Nutilên sarampungipun, Mas Prawiraatmaja matur amrayogèkakên supados ingkang dipun [di...]

--- 10 ---

[...pun] sêdhahi punika kapratelakakên sadaya ingkang botên dhatêng dipun pratelakakên punapa kawontênanipun, wisesa parêng.

II. Bab pandamêling prêslah, kabage tiga, Mas Martasuwignya, damêl prêslah cêkakan, Radèn Ngabèi Suradipura sarta Mas Prawiraatmaja adamêl katranganing prêslah wau.

III. Wisesa mratelakakên manawi benjing salêbêting wulan Mèi punika kangjêng tuwan guprênur jendral rawuh ing Surakarta. Ing musium kalêbêt programa dipun pariksani, punika Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya dipun aturi anggalih prayoginipun, sarta karsaning wisesa badhe adamêl tentun sêtèlêng alit-alitan [ali...]

--- 11 ---

[...t-alitan] ingkang mligi kawruh kagunan Jawi.

I. Pandamêling dhuwung.

II. Pandamêling wayang.

III. Pandamêling găngsa.

Saèstonipun mawi ngêdalakên waragad, nyuwun nagari, dene pamanggènipun wontên griya sawetan musium.

IV. Wisesa mratelakakên kala parêpatan kapêngkêr kagungan karsa badhe adamêl pasinaon dhalang, badhe karêmbag dalu punika, mila nyêgahi warga dhalang kalihan Mas Ngabèi Atmamardawa. Mas Lurah Atmapradăngga, inggih parlu angrêmbag pasinaon dhalang wau, wusana botên makatên karsaning wisesa, ingkang karêmbag badhe adamêl pasinaon kawruh [ka...]

--- 12 ---

[...wruh] utawi kagunan Jawi punapa ingkang taksih parlu kêdah kasinaokakên, lajêng dados rêmbag sawatawis panjang, wusananipun saèstu pasinaon dhalang ingkang karumiyinakên, lajêng adamêl kumisi.

1. Radèn Ngabèi Suradipura, 2. Radèn Ngabèi Prajakintaka, 3. Mas Ngabèi Rêdisuta, 4. Mas Ngabèi Atmamardawa, 5. Radèn Ngabèi Wăngsadilaga, 6. Mas Yasawidagda, 7. Mas Bêkêl Lêbdacarita.

Supados lajêng angrêmbag kadospundi sakecaning panindakipun adamêl pasinaon dhalang wau, wanci jam 9 parêpatan katutup [katu...]

--- 13 ---

[...tup]

Wisesa

Panitra

[Tanda tangan: Prajakintaka]

--- 14 ---

Nalika malêm Salasa tanggal kaping 17 nalan[3] Rêjêb taun Jimawal ăngka 1853 utawi kaping 5 Marêt 1923 pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh kalihan para kumisi kasusastran, sèkrêtarising kumisi, kumisi padhalangan, sarta anyêdhahi warga mulya Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya.

Ingkang wontên

1. Wisesa Radèn Mas Arya Wuryaningrat, 2. Panitra, Radèn Ngabèi Prajakintaka, 3. Panitya, Radèn Ngabèi Suradipura, kumisi kasusastran saha padhalangan, 4. Panitya, Mas Yasawidagda, kumisi padhalangan, 5. Warga Mas Ngabèi Rêdisuta, kumisi

--- 15 ---

padhalangan

6. Warga Mas Ngabèi Atmamardawa, 7. Warga Mas Prawiraatmaja, kumisi kasusastran, 8. Warga, Mas Martasuwignya, sèkrêtarising kumisi, 9. Warga mulya, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya.

Ingkang pamit

1. Kondhanging wisesa, Radèn Tumênggung Wăngsanagara, 2. Panitya, Radèn Ngabèi Purbadipura, 3. Panitra I, Mas Ngabèi Prajapustaka, kumisi kasusastran, 4. Warga, Radèn Ngabèi Wăngsadilaga, sèkrêtarising kumisi.

--- 16 ---

5. Warga, Mas Sumidi, 6. Warga, Mas Bêkêl Lêbdacarita, kumisi padhalangan, 7. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Ingkang karêmbag

I. Wisesa amratelakakên supados rancag botên maos nutilên kemawon, bokmanawi wontên ingkang gadhah parlu, lajêng andangu bab pandamêling prêslah sarta nutilên, Mas Ngabèi Martasuwignya lajêng ngaturakên nutilên, kadhawuhan maos, sarampungipun kadhawuhan angrêsikakên, Mas Ngabèi Prawiraatmaja lajêng maturakên prêslah kalihan matur

--- 17 ---

wisesa lajêng mratelakakên bedaning prêslah sarta nutilên, sasampunipun prêslah lajêng kawaos. Taksih wontên ingkang kagalih kirang, lajêng kadhawuhan ngrêsikakên malih, karêmbaga kalihan Radèn Ngabèi Suradipura.

II. Wisesa andangu bab pangrêmbagipun kumisi dhalang, Mas Ngabèi Yasawidagda matur, sampun saèstu karêmbag, pikantuking pangrêmbag saèstu badhe kaadêgakên, kêdah angwontênakan guru sakawan, ingkang sampun karêmbag.

1. Mas Ngabèi Rêdisuta bab padhalangan kina.

--- 18 ---

2. Mas Ngabèi Atmamardawa, bab gêndhing, 3. Radèn Ngabèi Suradipura, bab unggah-ungguh, 4. Radèn Ngabèi Prajakintaka, bab awicarita.

Mas Ngabèi Yasawidagda sarta Radèn Ngabèi Wăngsadilaga ingkang nindakakên. Ing mangke sawêg amarlokakên maos wêwatoning padhalangan, kawontênaning ngriku kamanah sampun nyêkapi, kantun manah badhe tumindakipun, sarta sawêg angrancang badhe pandamêling wara-wara, dhawuhing wisesa supados sagêd ngadêg wontên wulan April ngajêng punika, rawuhipun [ra...]

--- 19 ---

[...wuhipun] kangjêng tuwan guprênur jendral punika sagêda amitongtonakên, aturipun sandika.

IV. Wisesa mratelakakên, benjing badhe rawuhipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jêndral punika saèstu badhe anggêlarakên kagunan Jawi ingkang gandhèng kalihan kawruh, kados ta: bab pandhe, damêl warăngka, ukiran sapanunggilanipun, mênggah ingkang badhe kaaturan nindakakên Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, sadaya condhong, wanci jam 9 katutup.

Wisesa.

Panitra

[Tanda tangan: Prajakintaka]

--- 20 ---

Nalika malêm Rêbo tanggal kaping 15 wulan Siyam taun Jimawal ăngka 1853 utawi tanggal sapisan wulan Mèi 1923, pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh, mawi ngaturi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya.

Ingkang wontên

1. Wisesa, Radèn Mas Arya Wuryaningrat, 2. panitra II, Radèn Ngabèi Prajakintaka, 3. Panitya, Radèn Ngabèi Suradipura, 4. Panitya, Mas Ngabèi Yasawidagda, 5. Argyawandawa, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya,

Ingkang pamit

1. Kondhanging wisesa, Radèn Tumênggung Wăngsanagara, 2. Panitra I, Mas Ngabèi Prajapustaka.

--- 21 ---

3. Panitya, Radèn Ngabèi Purbadipura, 4. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Ingkang Karêmbag

I. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, mratelakakên badhe panatanipun panggêlaring kagunan Jawi, katata uruting golonganipun, kados ta: mranggi lajêng panyungging, tumuntên tukang jêjêran, makatên sapiturutipun, makatên malih amurih prayogi sarta kobètipun tilas gêdhong kareta punika kadandosan kadamêl sambêtaning los, wisesa mangsuli prayogi namung punika sampun kaslêpêg sangêt, Radèn Ngabèi Suradipura nyambêti, saya manawi nyuwun kagarap ing nagari, sawêg anggènipun dhawuh-dhawuhakên kemawon [kema...]

--- 22 ---

[...won] sampun dangu, wangsulanipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya katindakakên piyambak sarampungipun lajêng nyuwun lintu ragat ing nagari, sadaya condhong, lajêng dhawuh dhatêng panitra supados katindakakên, tumuntên ngandika malih, mênggah panatanipun salêbêting musium sarèhning sampun prayogi, kalêstantunakên kemawon, namung ringgit katata sapăntha-sapăntha, purwa, madya, gêdhog, klithik bèbèr, kiranganipun ringgit madya, nyuwun ngampil kagungan dalêm, wisesa nyuwawèni lajêng dhawuh dhatêng panitra macak atur ing nagari.

II. Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ngandika, awit saking pamrayoginipun kangjêng tuwan residhèn benjing

--- 23 ---

têdhakipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral punika sarèhning wanci siyang supados kasudhiyanan pangunjukan.

1. limun, 2. toya Walandi, 3. Sèri, 4. Prêtuwin, 5. Wèski, 6. Kopi, sarta sês srutu siharèt,[4] wisesa lajêng dhawuh dhatêng panitra, sudhiyan wau nyuwun dhatêng nagari, dalah sapirantos sarta ingkang ngladosi.

III. Wisesa têtaringan prayoginipun ingkang nampèni rawuhipun kangjêng tuwan bêsar wau, pamrayoginipun [pamrayo...]

--- 24 ---

[...ginipun]

Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, para pangrèh sadaya rawuhipun punika ingkang mapagakên kêdah wisesa, bilih sampun malêbêt ing musium sariranipun ingkang badhe mratelakakên kawontênaning musium, mundhut kanthi Mas Ngabèi Yasawidagda, bokmanawi wontên pitakènipun para pandhèrèk, manawi wontên kakiranganipun, pangrèh biyantu. Wisesa rujug.

IV. Wisesa maringakên rèrèng[5] wara-wara badhe adêging pasinaon dhalang, sarta andangu kadospundi sarèhning punika sampun wulan Mèi, Mas Ngabèi Yasawidagda matur saèstunipun botên sagêt ngadêg salêbêtipun wulan punika, [puni...]

--- 25 ---

[...ka,] wisesa lajêng dhawuh angewahi wara-wara, têmtu badhe kaadêgakên wontên wulan Mèi, sarta pamasrahing murit kapasrahakên kumisi, namung paring ancêr-ancêr ingkang kapilih.

1. Ingkang sakintên sampun mangrêtos.

2. Ingkang panêmbungipun rumiyin.

sarta tiyang ing sajawining Surakarta, kados ta: Ngayogyakarta, Prambanan, Tlawah sasaminipun, lajêng dhawuh supados tumuntên parêpatan angrampungakên rêmbagipun, wanci jam 9 katutup.

Wisesa

Panitra

[Tanda tangan: Prajakintaka]

--- 26 ---

Nalika malêm Jumungah tanggal kaping 14 wulan Dulkangidah taun Jimawal ăngka 1853 utawi kaping 28 Juni 1923, pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh kalihan para kumisi padhalangan, wontên ing griyanipun Mas Ngabèi Prajapustaka.

Ingkang wontên

1. Wisesa, Radèn Mas Arya Wuryaningrat, 2. Kondhanging wisesa, Radèn Tumênggung Wăngsanagara, 3. panitra I, Mas Ngabèi Prajapustaka, 4. Panitra II, Radèn Ngabèi Prajakintaka, ngiras kumisi padhalangan, 5. Panitya, Radèn Ngabèi Suradipura,

--- 27 ---

ngiras kumisi padhalangan, 6. Panitya, Mas Ngabèi Yasawidagda, 7. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi, 8. Mas Ngabèi Rêdisuta, kumisi padhalangan, 9. Radèn Ngabèi Wăngsadilaga, kumisi Padhalangan.

Ingkang pamit

1. Radèn Ngabèi Purbadipura, 2. Mas Ngabèi Atmamardawa, kumisi padhalangan.

Ingkang karêmbag

I. Maos nutilên.

II. Wisesa mratelakakên badhe adêging pasinaon dhalang sampun katêmtokakên pambikakipun [pambi...]

--- 28 ---

[...kakipun] benjing dintên Akad tanggal sapisan wulan Juli ngajêng punika, wanci jam 7 sontên, wontên ing musium, nalika kumisi dhalang anglêmpakakên calon murid badhe kasêrêpakên lampah-lampahing pasinaon, punika kula kapurih anjênêngi sarta asêsorah, ananging kula botên sagêd amargi gadhah parlu kêkesahan, makatên malih pamanggih kula punika dèrèng parlu mawi sêsorah, ingkang parlu pambikakipun punika, ing mangke kajêng kula manawi pangrèh rujuk, badhe nyêdhahi para warga sarta para ingkang marsudi padhalangan, sadaya

--- 29 ---

rujuk, wisesa lajêng ngandika manawi sampun sami condhong, mênggah lampah-lampahipun sadaya jujug ing musium, sasampunipun kula mêdharakên sêsorah lajêng dhatêng papan pasinaon, wontên ing ngriku Mas Ngabèi Yasawidagda, anyêrêpakên lampahing pasinaon, lajêng bibaran. Mas Ngabèi Yasawidagda matur manawi makatên kêmba, prayoginipun lajêng mulang pisan, wisesa parêng, sadaya condhong.

III. Wisesa mratelakakên bilih nalika rawuhipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur

--- 30 ---

jendral mariksani musium punika sakonduripun lajêng paring trimakasih mêdal paresidhenan kadhawuhakên mêdal ing nagari.

IV. Wisesa mratelakakên awit saking pamrayoginipun Mas Ngabèi Yasawidagda, ing Radyapustaka supados lêngganan sêrat kabar Panjipustaka, lajêng andangu dhatêng Mas Ngabèi Yasawidagda mênggah paedahipun sêrat kabar Panjipustaka wau, aturipun ing sapunika sampun bêtah anyumêrêpi kawontênan kina, wisesa mangsuli, ingkang sampun karêmbag bab sêrat kabar ingkang parlu kêdah lêngganan punika ingkang isi kawruh,

--- 31 ---

sarèhning Panjipustaka namung makatên kawontênanipun, prayogi botên lêngganan, dene ingkang parlu punika sêrat Pusaka Jawi ingkang kawêdalakên ing Yapa Insêtitit, punika prayogi lêngganan mêdal Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, sadaya condhong.

V. Wisesa mratelakakên bilih anampèni paturanipun Mas Ngabèi Sranaduta, abdi dalêm mantri anggandhèk têngên, suraos bab ewah-ewahaning kurup ing sabên wulan Mulud taun Dal, bakdanipun kadhawahakên dintên Sênèn Pon, punika gadhah pangintên [pa...]

--- 32 ---

[...ngintên] lami-lami sagêt lajêng botên kangge, sêrat paturan lajêng kawaos, sarampungipun wisesa lajêng andangu dhatêng Mas Ngabèi Prajapustaka kadospundi pamanggihipun, aturipun, ingkang mungêl ing sahadat wiyosanipun andika nabi dintên Sênèn, namung botên magêpokan pêkênan Pon, ing wulan Rabingulawal (Mulud) taun Êdal yuswa 63 taun, sadaya punika lêrês, amargi petanganing yuswa andika nabi mêndhêt saking taun surya têtêp tanggal kaping 12, nanging petangan Jawi 64 taun, dene mêndhêt taun căndra, wisesa lajêng munggêl pangandika, [pangandi...]

--- 33 ---

[...ka,] andangu dhatêng Mas Ngabèi Prajapustaka kadospundi rujuk punapa botên dhatêng paturanipun Mas Ngabèi Sranaduta wau, aturipun botên rujuk amargi punika prakawis agami, wisesa lajêng ngandika bilih botên rujuk angrêmbag bab punika, amargi punika lampahing pakurmatan gandhèng kalihan agami, prayogi kawangsulan kemawon, sarèhning punika prakawis pakurmatan tumraping agami, Radyapustaka botên sagêd angrêmbag, prayoginipun mas ngabèi amacak atur kemawon ing nagari, ing Radyapustaka bingah sarta narimah anggèning

--- 34 ---

mas Ngabèi gadhah usul wau. Wanci jam 9 katutup.

Wisesa

Panitra

[Tanda tangan: Prajakintaka]

 


27-28. (kembali)
Kumisi. (kembali)
wulan. (kembali)
sigarèt. (kembali)
rèngrèng. (kembali)