1905-01-12 - Wirapustaka kepada Hazeu, LOr 6614, 1905, #20

Judul
Sambungan
1. 1905-01-12 - Wirapustaka kepada Hazeu, LOr 6614, 1905, #20. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
2. 1905-01-27 - Wirapustaka kepada Hazeu, LOr 6614, 1905, #20. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
Citra
Terakhir diubah: 18-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

1905-01-12 - Wirapustaka kepada Hazeu, LOr 6614, 1905, #20: Citra 1 dari 2

Terpakenja bahasa: das & dan mata dari M. B. Wiropoestoko di Solo

Punika sêrat saha atur sagunging tabe kaurmatan akathah-kathah, Ngabèi Wirapustaka, abdi dalêm mantri pamijèn ing Kapatihan, katur panjênênganipun ingkang saudara Tuwan Dr. G. A. J Hazeu priyantun agêng ingkang marsudi têmbung Indiya ing Batawi.

Sasampuning kadya punika nuwun wiyosipun, kula sampun nampèni paringipun sêrat saudara, katitimangsan kaping 7 Januari punika, ijêmanipun: panjênêngan andangu têmbung: êndhas sarta mata kanggenipun ing basa Ngoko tumrap mangandhap. Mênggah sasêrêpan kula têmbung kêkalih wau kajawèkakên uitgezonderd saking têmbung sanès-sanèsipun, dados taksih ngangge kramanipun: voorb anakmu iku sirahe injanên: mripate abang arêp bèlèkên botên: êndhase, utawi: matane ananging wontên kalanipun ingkang kêdah ngangge têmbungipun [tê …]

--- 10 ---

1905-01-12 - Wirapustaka kepada Hazeu, LOr 6614, 1905, #20: Citra 2 dari 2

[…mbungipun] ngoko, inggih punika tumrap dhatêng pandung, pasakitan tuwin kere, kados ta: êndhase maling mati: sigar diplathok ing bêndho, matane nganti mêtu, êndhas mataning pasakitan (kere of kêbo) dene kanggenipun ing krama taksih têtêp: sirah maesa dipun gêcok gênêm, botên êndhas maesa mata id. amung punika sasêrêpan kula.

Surakarta kaping 12 Januari 1905.

(W.g.) Ngabèi Wirapustaka