Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1930, #115

Judul
Sambungan
1. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1923, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
2. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1924, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
3. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1925, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
4. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1926, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
5. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1927, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
6. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1928, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
7. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1929, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
8. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1930, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
9. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1931, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
10. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1932, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
11. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1933, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
12. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1934, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
13. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1935, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
14. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1936, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
15. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1937, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
16. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1938, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
17. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1939, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
18. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1940, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
Citra
Terakhir diubah: 13-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Nutilên Bêstir Pêrgadring

--- 116 ---

Pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên ing gêdhong musium, nalika malêm Rêbo tanggal kaping 10 wulan Dulkangidah taun Ehe, ăngka 1860 utawi kaping 9 April 1930.

Ingkang wontên

1. Pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Mudha pangarsa, Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma, 3. Panitra, Radèn Ngabèi Prajakintaka, 4. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura, 5. Panitya, Mas Ngabèi Yasawidagda, 6. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 7. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Ingkang pamit

1. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga.

Ingkang karêmbag

I. Pangarsa ngandika, sadèrèngipun parêpatan kabikak, aparing uninga, panitya ingkang kapatah anggarap wurdhênlis sampun rampung sarta sampun kakintunakên dhatêng dhepartêmèn panitya ondêrwis, sarta honorium f. 200, ing sapunika panitya kabibarakên.

II. Panitra maos nutilên, pamaosipun dumugi ăngka II bab damêl komisi tèntunsêtèlêng[1] rajatadi Tuwan kopêrbèrêh, dhawuhing pangarsa kalèntu, lêrêsipun Tuwan Pan Arsên, sarta wêkasaning ăngka V têmbung pangarsa kaparêng, kadhawuhan nyantuni. Parêpatan mupakat wontên malih ingkang kalèntu, a. Idhêndèrêh, lêrêsipun Rudhênbèrêh, b. Sèkrêtarising twedhê kamêr, lêrêsipun… ministêr, c. anakipun, lêrêsipun bojonipun, d. risolês, lêrêsipun sêpekuk, sampun sami kaewahan sadaya.

III. Pangarsa mratelakakên kasêbut ing agendha ingkang badhe karêmbag rumiyin, ewah-ewahaning sêtatutên, pangrèh sampun sami dipun kintuni rèngrèngipun [rèngrèng...]

--- 117 ---

[...ipun] ingkang badhe karêmbag, mudha pangarsa matur manawi sampun tampi watawis kalih wulan punika, panitra nyambêti, mênggah kawih[2] wulan punika lêrês, anggènipun ngintunakên wontên wulan Marêt sapêngkêripun pangarsa têdhak Batawi. Pangarsa andangu kumisinipun sintên, aturing panitra, 1. Tuwan E. Mudhi, 2. Mas Ngabèi Yasawidagda, 3. Mas Ngabèi Citrairanya. Mas Ngabèi Yasawidagda matur kasupèn dening sampun kadangon, wangsulaning pangarsa bab kadangon punika lêpatipun komisi piyambak, kala ngintunakên ingkang rumiyin tanpa sorogan, saèstunipun lajêng kawangsulakên, Mas Ngabèi Yasawidagda matur mêlèhakên dene kala samantên sampun ngaturakên lajêng wontên sêrat ngenggalakên. Panitra matur nyambêti, wiwit kawangsulakên anggèning tanpa sorogan punika, lajêng dangu botên kaaturakên malih, lajêng kaenggalakên punika, wusana Radyapustaka lajêng tampi saking Citrairanya, pangarsa lajêng naringakên sarèhning wontên aturing komisi makatên, kadospundi saèstu karêmbag punapa kasarèhakên, sadaya rujuk kasarèhakên, pangarsa dhawuh supados komisi amanah malih salêbêtipun saminggu badhe karêmbag sadaya sampuna isi pamanahan, sarta samăngsa ngrêmbag punika Mas Ngabèi Citrairanya kadhawuhan sowan parêpatan.

IV. Pangarsa mratelakakên kasêbut ing agendha ăngka II usuling pahêman lan sêsorah babad, punika sajatosipun dèrèng têrang kadospundi kawontênanipun, amargi namung nampèni aturing panitra. Panitra matur nalika Radyapustaka angajangi sêsorahipun Mas Ngabèi Yasawidagda bab babad, ingkang sami mirêngakên katingal grêngsêngipun, wontên sawatawis ingkang sami urun rêmbag satêngah usul supados Radyapustaka anggalih, sabibaripun Bandara

--- 118 ---

Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda dhawuh dhatêng panitra supados Radyapustaka angadani pakêmpalan maligi amanah babad. Aturipun inggih prayogi namung saèstunipun kêdah ngwontênakên babad piyambak. Mas Ngabèi Yasawidagda matur, manawi makatên dèrèng parlu kagalih, dene dèrèng wontên prostèl upisil, Radèn Tumênggung Suradipura mangsuli sêmu mêlèhakên manawi sêsorahipun kala samantên punika ugi sampun nama prustèl upisil. Pangarsa naringakên kadospundi pamanahing pangrèh. Radèn Tumênggung Suradipura matur, kala samantên sabibaring sêsorah Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, dhawuh supados Radèn Tumênggung Suradipura ingkang usul dhatêng Radyapustaka, aturipun botên mrayogèkakên mindhak adamêl sirêping Jawi. Pangarsa ngandika dados sami kalihan kajêngipun Mas Ngabèi Yasawidagda, Radyapustaka kêdah kèndêl kemawon rumiyin ngêntosi manawi sampun wontên usul, dene manawi botên wontên usul lajêng kadospundi, Radèn Tumênggung Suradipura matur manawi sampun têtela botên wontên usul, Radyapustaka kêdah lajêng anggalih, parêpatan mupakat.

V. Pangarsa ngandika bilih nampèni sêrat paturanipun Ngabèi Ardapranata, suraos nyuwun dados abdi dalêm punggawa musium, panitra kadhawuhan maos, sarampungipun, pangarsa ngandika punika kadospundi pamanahing pangrèh, Radèn Tumênggung Suradipura takèn dhatêng panitra punapa ing musium bêtah tiyang, wangsulanipun botên, sampun jangkêp, pangarsa lajêng dhawuh manawi makatên inggih botên parlu katampèn, awit sayêktosipun panggalihing pangarsa piyambak inggih botên condhong, amargi sampun sêpuh tur tuli sangêt, parêpatan mupakat,

--- 119 ---

Pangarsa dhawuh damêl wangsulan.

VI. Pangarsa mratelakakên manawi nampèni sêratipun Radèn Tumênggung Mangunwadana, sêrat lajêng kadhawuhan maos panitra, suraos Radèn Tumênggung Mangunwadana angsal sambutan Sêrat Wedha Sangkala, mratelakakên wêwaton sarta wijining têmbung sangkalan, punapadene panganggening sangkalan, sarêng dipun taliti katranganipun ingkang dipun wrêdèni wau, căndrasangkala karangan Rănggawarsitan wêdalan Radyapustaka kala taun 1906, sarêng kacocogakên kalihan gadhahanipun tilaraning tiyang sêpuhipun, wontên sawatawis ingkang gèsèh sarta kasêbut ing sêrat kabar wulanan Kawi, anggèning nêgêsi têmbung saha panyêratipun sawatawis wontên ingkang klèntu, punika panyuwunipun Radèn Tumênggung Mangunwadana Sêrat Căndrasangkala Radyapustaka wau prayogi kacocogakên kalihan gadhahanipun para priyantun, saking pamirêngipun Radèn Tumênggung Mangunwadana priyantun ing Surakarta taksih kathah ingkang kagungan Sêrat Căndrasangkala kina, Radèn Tumênggung Mangunwadana ngaturi ular-ular têtêdhakan Sêrat Căndrasangkala gadhahanipun, kajawi punika, Radèn Tumênggung Mangunwadana nyumêrêpi sêrat sêkar-sêkaran karanganipun swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV, kawêdalakên dening Ki Padmasusastra kaêcap ing pangêcapanipun tuwan Albrèh Rusê, ing taun 1920, pamanggihipun Radèn Tumênggung Mangunwadana ingkang anggitanipun swargi kangjêng gusti wau amung wiwit kaca 1 dumugi kaca 32, ingkang kaca 32 dumugi kaca 70 punika sampun sanès, amargi sêkar kusumawicitra lampah 12 apalanipun Sêrat Căndrasangkala karangan Rănggawarsitan, mila manawi sêrat sêkar-sêkaran wau dados parimatanipun Radyapustaka, prayogi wiwit kaca 33 dumugi kaca 70 kapiyambakakên. Amargi kathah ingkang mastani Sêrat Căndrasangkala wau

--- 120 ---

anggitanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV, amriksanana Sêrat Darmakăndha ăngka 162, makatên punika mêsakakên ingkang kapratelakakên nganggit, sarampungipun, pangarsa ngandika kadospundi pamanahing pangrèh, punika dados rêmbag sawatawis, putusanipun bab pamriyogi tumrap Sêrat Căndrasangkala dipun pituruti, parêpatan lajêng damêl panitya ingkang nindakakên, pangarsanipun Radèn Tumênggung Mangunwadana, warganipun Radèn Ngabèi Prajakintaka kalihan Radèn Yasawiyata, dene pamrayogi tumrap sêrat sêkar-sêkaran, Radyapustaka botên sagêd mituruti, amargi dede wêdalan Radyapustaka.

VII. Pangarsa mratelakakên tampi sêrat saking Radèn Mas Ngabèi Sumaatmaka, suraos nalika dipun pondhoki Tuwan Dhoktêr H. Krèmêr, sarta nyanggi dhaharipun, punika dipun sambuti arta f. 50 dening Radyapustaka, sampun mangsulakên ingkang f. 25-99 kantun f. 24,01 sapriki Radyapustaka botên mundhut pamanggihipun Radèn Mas Ngabèi Sumaatmaka kêkantunan wau sampun kalilahakên, mila sangêt panuwunipun upami kapundhut inggih adamêl awratipun, punika Radèn Mas Ngabèi Sumaatmaka gadhah sêrat impunan saking têtabêrèn, kanamakakên Babad Ila-ila, pamanahipun punika pantês kapisungsungakên Radyapustaka, amargi agampilakên panyinau lêlabêtan ingkang taksih katitik padataning băngsa Jawi dumugi sapunika, sêrat lajêng kadhawuhan maos panitra, sarampungipun, pangarsa andangu urusipun, aturing panitra nalika Radyapustaka ngadêgakên pasinaon têmbung Jawi kina, gurunipun Tuwan Dhoktêr H. Krèmêr ing Ngayogyakarta, punika nêdha pondhokan griyanipun tiyang

--- 121 ---

Jawi dalah dhaharipun ugi cara Jawi, ingkang sagêd nampèni Radèn Mas Ngabèi Sumaatmaka wau, namung nêdha sambutan arta f. 50, kangge nyanggi băndha ar,[3] kalampahan sawêg têlas f. 24, 01, lajêng suwak Tuwan Dhoktor H. Krèmêr pindhah dhatêng Malang, punika Radyapustaka lajêng botên ngudi wangsulipun dumugi sapariki punika, pangarsa ngandika sarèhning Radyapustaka sampun lilah, prayogi katampèn sarta dipun sukani panarimah, parêpatan mupakat.

VIII. Pangarsa ngandika sarèhning sampun rampung ingkang karêmbag manawi wontên ingkang badhe usul.

Ha. Bandara Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma matur nyuwun kèndêl anggènipun dados mudha pangarsa, amargi rumaos botên dungkap dhatêng padamêlan Radyapustaka, ngaturakên gêgêntosipun, warga Radèn Mas Arya Suryaningrat, Radèn Tumênggung Suradipura matur anggondhèli kaparênga anglajêngakên dados pangrèh, amargi Radyapustaka asring-asring katamuan băngsa luhur saking mănca, ambêtahakên sangêt dhatêng pangrèh priyagung luhur. Wangsulaning mudha pangarsa kala samantên anggènipun dipun pilih dados mudha pangarsa punika gandhèng kalihan pangastanipun taman Sriwêdari, măngka sapunika sampun nyuwun kèndêl, mila Radyapustaka ugi nyuwun kèndêl, Radèn Tumênggung Suradipura kêkah anggènipun gondhèli, mudha pangarsa lajêng matur ing pangarsa, kadospundi kaparêngipun, dhawuhing pangarsa botên sagêd mutusi, amargi mudha pangarsa punika dêrêngipun nêdha kèndêl, pangrèh gondhèli, punika wontên mudha pangarsa piyambak, manawi saèstu kèndêl, Radyapustaka lajêng damêl parêpatan agêng angrêmbag prayogining gêgêntosipun, dene manawi anglajêngakên mudha pangarsa,

--- 122 ---

punika lajêng lastantun kemawon Radyapustaka botên susah punapa-punapa, wêkasanipun mudha pangarsa dhangan anglajêngakên.

Na. Mas Ngabèi Yasawidagda matur, Mas Suhud guru Kasatriyan nyuwun malêbêt dados warganing Radyapustaka, parêpatan mupakad.

IX. Pangarsa andangu bab ingkang badhe sêsorah, panitra matur ing rancangan kantun satunggal Mas Ngabèi Sutasukarya benjing wulan Mèi, dene ingkang badhe kasorahakên kawruh găngsa sarta gêndhing, lajêng angrêmbag sintên ingkang prayogi kapatah sêsorah, dados rêmbag sawatawis, putusanipun ingkang badhe katêmbung kapurih sêsorah.

1. Radèn Mas Arya Wuryaningrat, bab kawruh jogèt, 2. Mas Kaji Hisam Jaèni, bab kawruh palak, 3. Mas Adisasmita, dipun sakajêng punapa ingkang dipun kaconggahi.

sarta adamêl sêrat wara-wara dhatêng para warga sarèhning ingkang sêsorah sampun badhe têlas, para warga kaajêng-ajêng andangana sêsorah punapa ing sakaduginipun, sintên ingkang sagah badhe sêsorah supados pinanggih panitra.

X. Radèn Tumênggung Suradipura matur ing pangarsa nyuwun sêsêrêpan bab badhe adêgipun panti budaya, dhawuh wangsulanipun, pangarsa tampi sêrat saking guprênuran amplop rangkêp kalih, sarêng kabikak, suraosipun anantun kadadosakên warga panti budaya, kanthi sêtatutênipun, pangarsa sampun mangsuli sagah, namung mundhut ewahipun bab kalih

1. Ngimpun barang, 2. Damêl sêsorah.

sampun dipun sanggêmi, panggalihing pangarsa kados [kado...]

--- 123 ---

[...s] sampun cêkap samantên pamundhut ingkang minăngka panglêksaning Radyapustaka.

Wanci jam 1/2 9 parêpatan katutup.

Pangarsa

Panitra

[Grafik]

--- 124 ---

Pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên ing gêdhong musium, nalika malêm Akad tanggal kaping 21 wulan Dulkangidah taun Ehe, ăngka 1860, utawi kaping 20 April 1930.

Ingkang wontên

1. Pangarsa, 2. Panitra, 3. Panitra, Mas Ngabèi Martasuwignya, 4. Panitra, Radèn Ngabèi Dutadilaga, 5. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Ingkang pamit

1. Mudha pangarsa, Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma, 2. Panitya, Mas Ngabèi Yasawidagda.

Ingkang karêmbag

I. Maos ngêsahakên notilêm[4] parêpatan pangrèh nalika kaping 10 April 1930, ingkang kaewahan, kuniskrun, lêrêsipun sêpèkkuk.

II. Pangarsa mratelakakên ingkang kasêbut ing agendha, ingkang badhe karêmbag bab panti budaya papanipun nyuwun ngêlar musium, punika andharanipun makatên, nalika Jumungah pangarsa parêpatan panti budaya, angrêmbag lampah-lampah sapiturutipun, mênggah anggènipun pangarsa parêpatan pangrèh ing dalu punika, dening rêmbaging panti budaya papanipun nyuwun ngêlar musium, sarta nyuwun sêrat-sêrat kina kagunganing Radyapustaka, punika kadospundi pamanahing pangrèh.

Radèn Ngabèi Dutadilaga matur sarèhning dèrèng ngrêtos bab panti budaya nyuwun dhawuh kadospundi têrangipun, pangarsa nêrangakên, panti budaya punika sêtihti, ingkang ngêdêgakên para nata sakawan, Surakarta, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan sarta Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya [Ar...]

--- 125 ---

[...ya] Mangkunagara, ing Ngayogyakarta ngarsa dalêm Ingkang Sinuhun Sultan sarta Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam, mênggah tujunipun:

Ha. Nglêmpakakên sêrat-sêrat sêratan carik (handschriften) têgêsipun sêratan lugunipun, amargi kawontênanipun punika mèh sadaya têtêdhakan.

Na. Nglêmpakakên barang.

Băndha beyanipun kaparingan pawitan para nata wau kalih dasa èwu katitipakên bang, anakanipun ingkang kadamêl waragad.

Ingkang dados pangrèh (curatorum)mipun, pangarsa Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, panitra Tuwan Dhoktêr Sêtutêrim, warga pangrèh ing Surakarta, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma, Radèn Mas Tumênggung Sarwaka Mangunkusuma, warga pangrèh ing Ngayogyakarta, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam, Gusti Pangeran Arya Tejakusuma, Gusti Pangeran Arya Adikusuma, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Pakuningrat, Tuwan Insinyur Mun, sarta Radèn Mas Arya Suryaatmaja, dene pangrèh ingkang kapatah nindakakên padamêlan ingkang sadintên-dintênipun, tumrap ing Surakarta: Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, Tuwan Dhoktêr Sêtutêrim, sarta tumrap ing Ngayogyakarta: Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam, Tuwan Insinyur Mun, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Pakuningrat, dipun wastani dagelijks bestuur.

Makatên kawontênanipun, ing mangke kadospundi bab nyuwun ngêlar musium sarta nêdha sêrat-sêrat carik, kalih bab wau karêmbag satunggal-satunggal.

--- 126 ---

Ha. Bab nyuwun ngêlar musium, Tuwan E. Mudhi matur botên rujuk manawi ngêlar, amargi panampi kula têmbung ngêlar punika: nunggil utawi dados satunggal, kula kuwatos manawi kangge garan, benjing dalah musium kawêngku panti budaya, dene manawi damêl piyambak punika prayogi kemawon, wontên pundi sakaparêngipun, punika katêrangakên pangarsa têmbung ngêlar wau, kajêngipun kados têmbungipun Tuwan E. Mudhi piyambak ingkang kantun, amargi kamanah pamanggènipun panti budaya punika mapanipun namung kacêlakakên musium.

Radèn Ngabèi Dutadilaga ngaturakên pamanggih prayogi adamêla griya piyambak, manggèn ngajêng musium sisih lèr wetan majêng mangilèn, amargi manawi gandhèng musium sagêd nilêp.

Mas Ngabèi Martasuwignya apratela kabêtahanipun papan tumrap musium: manawi wontên tamu agung musium punika kala-kala anggiyarakên kagunan sarta panggarapipun yêyasan Jawi, dados kêdah minakakên [5] papan kangge sadhiyan dhêmontrasi punika, kaping kalihipun kawontênan barang-barang ing musium saya wêwah, griya agêng ingkang sapunika sampun kêbak punika, ing têmbe botên amot kangge nyimpêni barang, dados kêdah sampun kamanah sudhiyan papan lubèripun barang. Awit saking punika kawontênanipun griya sapunika, griya agêng dalah bigêbo sampun botên kenging dipun êpik-êpik, dados panti budaya kapurih adamêla griya piyambak, pamanggihipun adêging griya wontên ing sisih wetan jèjèr kalihan [ka...]

--- 127 ---

[...lihan] musium, bilih wontên ngajêngan punika kirang condhong, amargi sêsawanganipun musium utawi sadaya kemawon badhe katingal kirang sae.

Parêpatan mupakat pamanggihipun Mas Ngabèi Martasuwignya:

Na. Bab nyuwun sêrat-sêrat musium, panitra matur sarèhning Radyapustaka punika ugi ngimpu sêrat-sêrat, manawi sêrat-sêrat carik kaparingakên dhatêng panti budaya, sasat mêjahi Radyapustaka piyambak, prayogi botên kaparêng, ewadene manawi barang-barang kina kagungan Mangkunagaran kacaosakên dhatêng musium, minăngka lêlintu sêrat punika nyuwawèni, dados nama ngadil, panti budaya ngimpu sêrat-sêrat, musium ngimpu barang. Dhawuhing pangarsa dèrèng ngrêmbag bab barang, namung panitra kêkah makatên wau pamanggihipun.

Radèn Ngabèi Dutadilaga sarta Tuwan E. Mudhi, sami rujuk pamanggihing panitra.

Mas Ngabèi Martasuwignya nyambêti matur, ngèngêti nagari punika ugi sampun paring waragad băndha beya pikuwating Radyapustaka, sarta bibliotikipun sampun madêg, sêrat-sêrat punika prayogi dipun gondhèli, dene bab barang kina Mangkunagaran prayogi kagadhuh, malah barang-barang kina panggihan saking bawah Mangkunagaran ugi kapasrahna tumitip musium, dhawuhing pangarsa manawi makatên punika nama botên ngadil, sêrat-sêrat musium dipun gondhèli, barang Mangkunagaran kapundhut.

Mas Ngabèi Martasuwignya matur, bibliotik ing musium punika nyimpêni kawruh-kawruh panggarapipun kagunan Jawi, kados ta ingkang dipun sumêrêpi kawruh pandhe sasaminipun,

--- 128 ---

punika kamanah pangaos, punapa ing têmbe badhe tumut katut kapasrahakên, dhawuh wangsulanipun pangarsa, bab punika dèrèng karêmbag, namung bokmanawi botên.

Tuwan E. Mudhi matur, bilih sêrat-sêrat carik sampun kapasrahakên, kamar maos lajêng kagêm punapa.

Pangarsa paring katrangan, kamar maos inggih lajêng kaangge maos sêrat-sêrat Walandi sarta sanès- sanèsipun, kala rumiyin wontên panggalihan kamar maos Radyapustaka punika dados papan maosipun murid-murid A.M.S.

Putusanipun parêpatan, Radyapustaka purun masrahakên sêrat -sêratipun carik ugêr barang-barang kina kagungan Mangkunagaran, sarta barang-barang panggihan ing bawah kadipatèn Mangkunagaran, sami kapasrahakên dhatêng Radyapustaka, sukur dumunung panjurung botênipun inggih namung gadhuh kemawon.

III. Sarampungipun ngrêmbag nginggil punika, pangarsa nyamantakakên kadospundi rêmbag bab punika, punapa cêkap karampunganing pangrèh, punapa kêdah karampungan ing parêpatan warga, mêsthinipun kalih warni punika kasumanggakakên nagari.

Panitra matur bilih cêkap karampungan pangrèh, pangarsa botên nayogyani, kagalih kirang santosa, ingkang kangge wêwaton punika kêdah putusanipun parêpatan warga, warga pangrèh sanèsipun andhèrèk makatên.

Putusaning parêpatan, rêmbag punika kêdah kaputus ing parêpatan agêng, lajêng kasumanggakakên nagari, namung sadèrèngipun parêpatan agêng, putusanipun rêmbag-rêmbag-rêmbag[6] punika

--- 129 ---

pèngêtanipun kaladosakên nagari, sarta ngaturi uninga badhe ngawontênakên parêpatan agêng ngrêmbag bab punika wau.

Wasana ngrêmbag têmtuning parêpatan agêng, kadadosanipun pangrêmbag benjing malêm Sabtu kaping 3 Mèi wanci jam 8.

IV. Radèn Ngabèi Dutadilaga ngaturakên bab ingkang gêgayudan akalihan pasinaon padhalangan.

Ha. Murid-murip[7] pasinaon padhalangan ingkang sampun sagêd nindakakên punika bêtah ngêlirakan, kala rumiyin angawontênakên urunan kangge waragadipun watawis f 10. Wasana rèhning rumaos awrat, botên sagêd lastantun, panyuwunipun kaparênga Radyapustaka aparing kadarman, botênipun makatên manawi kaparêng, badhe nêdha kadarman dhatêng Mardiguna, anggènipun ngêlirakên wau watawis sabên tigang wulan sapisan.

Nalika pangarsa dèrèng uninga ingkang badhe andhalang punika ajaran, dèrèng kenging dipun tingali, samăngsa gêbyagan kados ingkang dipun pratelakakên ing nginggil, kaparêng badhe nyêdhahi warga utawi sanèsipun, mawi bayaran, sarêng uninga bilih dèrèng kenging dipun tingali, lajêng dhawuh usul Radyapustaka urun pasumbang f 2.50, sarta nêdhakakên kadarman dhatêng para warga.

Pangrèh sanèsipun andhèrèk.

Radèn Ngabèi Dutadilaga matur bab midêripun nêdha urunan dhatêng warga badhe katindakakên padhalangan, ugêr sampun wontên sêratipun pangrèh Radyapustaka.

Putusan kumisi padhalangan sabên gêbyagan [gêbyaga...]

--- 130 ---

[...n] utawi ngêlirakên, Radyapustaka paring pasumbang f 2.50, sarta andamêlakên sêrat idêran nêdha kadarmanipun para warga, ingkang nindakakên kumisi padhalangan.

Na. Gandhèng rêmbag kalihan ngulinakakên ngêlirakên wau, budidayanipun kumisi tumrap tilas murid ingkang abdi dalêm, sarta kamanah sampun sagêd, tuwin sumêrêp udanagari, kasuwunakên ngêlir wontên ing nglêbêt karaton samăngsa tuguran. Wasana pawingkingipun, ingkang ngêlirakên wau momoran ingkang dede pilihanipun pangrèh, sagêdipun makatên punika saking sarêmbag akalihan ingkang dhawuh, malah sampun nate katrocoban tiyang jawi, dene golongan pakêmpalan padhalangan, pamanggihipun makatên punika andadosakên ribêdipun kumisi padhalangan, dene sisip sêmbiripun manawi wontên punapa-punapa, sagêd kacangking wingking, panyuwunipun pangrèh kaparênga ngosikakên tindak ingkang kirang prayogi wau.

Pangarsa: awit dening katrocoban tiyang jawi wau punika sawêg sêdhêngipun nindakakên punapa-punapa. Radèn Ngabèi Dutadilaga kadhawuhan ngupados katrangan ingkang pratitis.

Parêpatan putusanipun nyondhongi pangarsa.

Pangarsa

[Grafik]

Panitra

[Grafik]

--- 131 ---

Nalika malêm Akad tanggal kaping 26 Bêsar Ehe ăngka 1860, utawi kaping 25 Mèi 1930, pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên ing Radyapustaka, mawi anyêdhahi Argyawandawa Radèn Mas Arya Wuryaningrat.

Ingkang wontên

1. Pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Panitra, Radèn Ngabèi Prajakintaka, 3. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura, 4. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 5. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga, 6. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi, 7. Argyawandawa Radèn Mas Arya Wuryaningrat.

Ingkang pamit

1. Mudha pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma, 2. Panitya, Mas Ngabèi Yasawidagda.

Wanci jam 7, parêpatan kabikak.

Ingkang karêmbag

I. Maos ngêsahakên pèngêtan parêpatan pangrèh nalika malêm Akad tanggal kaping 21 wulan Dulkaidah taun Ehe, ăngka 1860 utawi kaping 20 April 1930.

II. Pangarsa maringi uninga, manawi panyuwunipun Radyapustaka anggènipun badhe mangsuli panêdhanipun panti budaya kados putusaning parêpatan warga nalika malêm Sabtu tanggal kaping 4 wulan Sapar, taun Jimawal ăngka 1861, utawi kaping 3 Mèi 1930, nagari sampun marêngakên kawrat ing sêrat dhawuh katitimangsan kaping 23 Mèi 1930 ăngka 1190 A II.3, sêrat dhawuh lajêng kawaos ing pangarsa, sasampunipun pangarsa lajêng dhawuh badhe damêl wangsulan ingkang manis.

III.Pangarsa mratelakakên kala parêpatan warga wau, Radèn Mas Arya Wuryaningrat usul supados Radyapustaka anglajêngakên ngrêmbag kasusastran, sajatosipun pangarsa sampun dhapuk [dha...]

--- 132 ---

[...puk] panitya (kala parêpatan pangrèh malêm Jumungah kaping 30 Sèptèmbêr 1927).

I. Tuwan E. Mudhi, II. Mas Ngabèi Martasuwignya, III. Radèn Ngabèi Dutadilaga.

Angrêmbag punapa ingkang prêlu kaajêngakên benjing bilih adamêl konggrès kasusastran malih, panitya ugi sampun ngaturakên angsal-angsalaning pangrêmbag, pangarsa inggih maringi cathêtan bedaning sêsigêg Ba, Pa, sarta Da, Ta, namung Radyapustaka dèrèng sagêd anglajêngakên adamêl konggrès kasusastran, Radèn Mas Arya Wuryaningrat matur supados kalajêngakên panindaking panitya, ngupados punapa kakiranganipun, ingkang sampun kaputus ing konggrès, Radèn Ngabèi Dutadilaga matur nyuwun wêwah panitya, parêpatan angrujuki, ingkang kapilih Radèn Mas Arya Wuryaningrat, sarta Radèn Tumênggung Suradipura, sampun sami sagah, Mas Ngabèi Martasuwignya nyuwun kèndêl anggènipun dados panitya, amargi kathah padamêlanipun, Radèn Mas Arya Wuryaningrat mrayogèkakên panitya lami lajêng kawêwahan kêkalih wau, manawi sampun kalampahan madêg punika kenging mêdal, lajêng dipun gêntosi, putusanipun panitya saèstu madêg.

Pangarsa Radèn Mas Arya Wuryaningrat, warga lami tiga,

1. Tuwan E. Mudhi, 2. Mas Ngabèi Martasuwignya, 3. Radèn Ngabèi Dutadilaga.

wêwah satunggal, Radèn Tumênggung Suradipura.

Pangarsa dhawuh ing panitra supados sadaya prabot kasusastran kaprasrahakên[8] dhatêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat, aturipun sandika.

IV. Pangarsa paring uninga, ulêm sêsorah Radyapustaka ingkang tampi asring wontên ingkang klèntu panampinipun, kados ta: upami malêm Rêbo kamanah malêm Kêmis, makatên sapiturutipun, karcis ulêm kaparingakên sumêrêp, mênggah ungêlipun, [ungê...]

--- 133 ---

[...lipun,] kulanuwun… benjing dintên malêm… cêcêg-cêcêg wau kaisenan punapa dintênipun lajêng tanggal, kadamêl kalih, inggih punika saupami malêm Sabtu dintênipun Jumungah siyang nglêrêsi kaping 19 Sabtunipun dhawah kaping 20, punika panyêratipun 19/20. Inggih tanggal warni kalih punika bokmanawi ingkang adamêl kalintu panampinipun, ingkang dipun ulêmi, putusanipun manawi damêl malih kemawon, têmbung benjing dintên malêm …kasantunan, benjing dintên …wanci … sontên.

Wanci jam 9 parêpatan katutup.

Pangarsa

Panitra

[Grafik]

--- 134 ---

Malêm Kêmis tanggal kaping 3 Ruwah Jimawal, ăngka 1861 utawi kaping 15 Dhesèmbêr 1930, Radyapustaka parêpatan pangrèh, mawi nyêdhahi Argyawandawa Radèn Mas Arya wuryaningrat.

Ingkang wontên

1. Pangarsa, Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Panitra, Radèn Ngabèi Prajakintaka, 3. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura, 4. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga, 5. Panitya, Mas Ngabèi Yasawidagda, 6. Sêdhahan Argyawandawa, Radèn Mas Arya Wuryaningrat.

Ingkang pamit

1. Mudha pangarsa, Kangjêng Pangeran Arya Jatikusuma, 2. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 3. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Wanci jam 1/2 8, parêpatan kabikak

Ingkang karêmbag

I. Pangarsa mratelakakên badhe sêsorah Radyapustaka sabên kalih wulan sapisan, punika kadospundi pamanggihing parêpatan, kalajêngakên punapa botên, parêpatan mupakat kalajêngakên. Dhawuhing pangarsa sayêktosipun sampun nyalangi, Tuwan Dhoktêr H. Krèmêr, sarta Tuwan Dhalêr, sami dipun têmbung supados sêsorah, sampun sami sagah, Tuwan Dhoktêr H. Krèmêr, wontên wulan Marêt, Tuwan Dhalêr wontên wulan Mèi, kaparênging pangarsa rèhning kala wulan Dhesèmbêr punika Tuwan Mudhi ingkang sêsorah, supados ingkang sêsorah wulan Januari gêntos tiyang Jawi, pangarsa sampun murih Radèn Mas Ngabèi Sumaatmaka supados sêsorah sagah sarta sampun damêl, namung panggalihing pangarsa dèrèng prayogi kangge sêsorah wontên Radyapustaka, dene nglêmpara tanpa tuju, samangke rèngrèng sampun kaparingakên wangsul mêdal panitra supados kadhawuhakên saprêlunipun, pangarsa andangu panitra kadospundi, wangunipun [wangu...]

--- 135 ---

[...nipun] karaos punapa botên, aturipun saèstunipun karaos, sanadyan anggènipun dhawuhakên sinamun mêmanising têmbung namung tamtu mêksa kraos.

Radèn Ngabèi Dutadilaga matur, Mas Suteja nyuwun dados warganing pahêman Radyapustaka, punika manawi sampun kaparêng, kenging saupami kadhawuhan sêsorah, Radèn Mas Arya Wuryaningrat nyambêti manawi Mas Suteja prayogi kapurih sêsorah panggulawênthahing rare, pangarsa mangsuli, prayogi sarta ngandika kasagahanipun Tuwan Dhoktêr H. Krèmêr, bab sastra gêndhing, Tuwan Dhalêr bab impèn.

Panitra matur, ing sawatawis dintên punika Tuwan Dhoktêr H. Krèmêr dhatêng musium, sasampuning raosan warni-warni lajêng pitakèn mênggah anggènipun dipun purih sêsorah wontên Radyapustaka prayoginipun punapa ingkang dipun rêmêni tiyang Jawi. Wangsulaning panitra botên sagêt nêtêpakên punapa ingkang dados karêmênanipun tiyang Jawi, namung ingkang sampun kalampahan kasorahakên punika kawruh Jawi, manawi kawruh ngamănca inggih ingkang gêgayutan kalihan Jawi, Tuwan Dhoktêr H. Krèmêr mangsuli malih, mênggah ingkang dipun rêmêni panitra piyambak punapa, wangsulanipun manawi panitra piyambak, wêwatoning kasusastran Sangsêkrit, Tuwan Dhoktêr H. Krèmêr sagah sarta bingah, lajêng mangsuli badhe kawiwitan padamêlipun, Radèn Mas Arya Wuryaningrat nyambêti manawi kasusastran Sansêkrit para ingkang sampun sinau têmbung Kawi wontên ing Radyapustaka mêsthi sampun sumêrêp, prayogi sastra gêndhing kemawon, parêpatan mupakat, pangarsa sagah badhe mrasabênakên dhatêng Tuwan Dhoktêr H. Krèmêr, sarta mratelakakên manawi sampun dhawuh dhatêng Mas Ngabèi Wirasukadga supados sêsorah bab kawruh dhuwung, sampun sagah, lajêng andangu dhatêng panitra, punapa sampun dipun panggihi Mas Ngabèi Wirasukadga wau, aturipun sampun, sarta bêkta karanganipun kawruh pandamêling dhuwung, namung lajêng kasêrêpakên dening panitra, manawi punika kawruh pandamêling dhuwung, dene ingkang dipun karsakakên pangarsa, mênggah karnipun[9] [kar...]

--- 136 ---

[...nipun] pangarsa punika kawruhing dhuwung, kados ta: mila dhuwung punika badhenipun tosan waja pamor, tosan murugakên ampuh, waja landhêp, pamor atos, makatên sapiturutipun, Mas Ngabèi Wirasukadga lajêng wangsul karangan kabêkta, sanggêm badhe ngarang malih jêjêring kawruh dhuwung wau.

Radèn Mas Arya Wuryaningrat mrayogèkakên upados ing jawi botên amung warganing Radyapustaka kemawon, Ki Hajar Dewantara dipun têdha supados sêsorah bab gêndhing, parêpatan condhong. Radèn Mas Arya Wuryaningrat amratelakakên malih manawi bab witênsêkap Sumaatmakan mêsthi sagêt, namung watêkipun gêlanan, manawi bab paguron Jawi ngèlmi kasampurnan punika dhatêng Partawirayan mêsthi sagêd sarta mêsthi sagah, wangsulaning pangarsa nyumêlangakên manawi purwagandha[10] toyosopi.[11] Radèn Ngabèi Dutadilaga matur, mrayogèkakên Mèstêr Singgih dipun têdha sêsorah prakawis babad, sarta Mas Ngabèi Wirabratana, bab jogèd, parêpatan rujuk bab Wirabratanan, amung Mèstêr Singgih dèrèng dipun utusi.

II. Pangar[12] paring uninga, anggènipun carik Radyapustaka R. Sastrasayaga kaundur, sakawit pambantu Radyapustaka pun Sumardi punika tansah sambat anggèning kêrêp kabrokan kawajibaning carik, amargi kêsèd sangêt, kala sawêg sambat sapisan kaping kalih, amung kakèndêlakên kemawon, sarêng rambah-rambah anggènipun sambat, dhawuhing pangarsa yèn têmên makatên punapa botên prayogi kalapurakên, supados lajêng wontên panggalihaning nagari, kalampahan lapur, kajawi nglapurakên kêsèdipun mawi mratelakakên manawi sampun nate dipun pacak ing nagari manawi kêsèd malih, badhe kaundur, sêrat paturanipun Sumardi kalajêngakên kemawon dhatêng nagari botên mêwahi punapa-punapa, nagari lajêng mundhut panimbang kawrat sêrat dhawuh katitimangsan kaping 2 Agustus 1930 ăngka 1452 A/I atur panimbanging pangarsa manawi taksih tumindak, prayogi dipun rès wontên ing balearja, kalihan dipun pacaki malih bilih mêksa sad[13] badhe kaundur, kawrat sêrat Radyapustaka [Ra...]

--- 137 ---

[...dyapustaka] katitimangsan kaping 19 Agustus 1930 ăngka 191 A/I nagari mundhut panimbang malih, sarèhning anggènipun kêsèd wau sampun nate dipun pacaki mawi kêkancingan punapa botên prayogi kaundur kemawon, kawrat sêrat dhawuh katitimangsan kaping 23 Agustus 1930 ăngka 1589 A/I, atur panimbanging pangarsa kêkah namung nyuwun dipun rès sarta dipun pacaki malih, kawrat sêrat katitimangsan kaping 3 Sèptèmbêr 1930 ăngka 196, wadi, punika lajêng pêt botên wontên rêmbag, wusana botên dangu nagari maringakên kêkancingan carik wau kaundur kalayan urmat, Radyapustaka sampun botên sagêt gadhah atur punapa-punapa malih dening sampun kêkancinganing nagari, lajêng kadhawuhakên kemawon, saèstunipun ingkang kaundur wau inggih botên narimah sangêt, mastani bilih pangarsa botên ngayomi, punika lajêng gadhah paturan dhatêng pangarsa nyuwun supados dipun ayomi, mawi pangancam manawi panyuwunipun ngayom botên kaparêngakên badhe ngungpados[14] margi sanès, kayêktosan tilas carik wau macak atur dhatêng nagari nyuwun wangsul pangkatipun malih, nanging sampun wontên Radyapustaka, sarta mawi ngawon-awon dhatêng pangarsa sarta panitra, inggih bêbasan arum jamban sayêktos, makatên kawontênaning aluranipun kaunduripun carik Radyapustaka, wontênipun pangarsa anggêlarakên urusanipun makatên wau, supados pangrèh sami nyumêrêpi nalar-nalaripun, dados saupami wontên ingkang takèn utawi raosan ingkang ngawon-awon Radyapustaka supados kawangsulan salêrêsipun kados pamêdharing pangarsa sadaya wau.

III. Pangarsa mratelakakên manawi tampi sêrat saking S. S. Diwarna toko sêrat-sêrat ing Kuthagêdhe, lajêng kadhawuhan maos panitra, suraos nêdha sasêrêpan, punapa Radyapustaka purun mariksa karangan salajêngipun mutus awon saenipun, 2. Punapa karsa sabên babar sêrat kaaturan satunggal supados kawawas, lajêng kawrat ing sêrat kabar punapa, 3. Punapa ugi ngêdalakên ing

--- 138 ---

sêrat-sêrat, saupami dipun kilak kadospundi pranatanipun, sarta saupami karsa kilak sêrat-sêrat ing tokonipun ugi dipun sadèni, sasampunipun rampung pamaosipun, pangarsa lajêng nêrangakên kadospundi pamanggihipun para warga.

Radèn Mas Arya Wuryaningrat matur, manawi tancêpipun sae namung paedahipun punapa dhatêng Radyapustaka, sarta dèrèng sagêt nêtêpakên nampèni utawi botên, ngupados katrangan dhatêng dhestrik kutha rumiyin. Radèn Tumênggung Suradipura nêdha sêrat wau kawaos sarampungipun lajêng matur, sarèhning suraosing sêrat wau wontên ingkang karaos ngrèmèhakên dhatêng Radyapustaka, inggih punika têmbung kilak-kinilak, sêrat prayogi botên katampèn, parêpatan mupakat, putusanipun botên dipun tampèni, namung wangsulanipun kemawon kadamêl ingkang manis.

IV. Pangarsa ngandika dhatêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat, pangarsaning panitya kasusastran Radyapustaka, mênggah anggènipun dipun sêdhahi, punika sarèhning sampun sawatawis wulan adêging panitya, kadospundi ing mangke kawontênanipun, aturipun kasupèn, mila sarêng tampi sêdhahan lajêng madosi prabot, botên sagêd-sagêd pinanggih, wusana pinanggih wontên purtêpèl dumunung ing êblèg nunggil prabot padamêlan manggèn ing ngandhap piyambak, prabotipun pêpak dèrèng ewah, nelakakên dèrèng karêmbag sapisan-pisana, sarèhning sapunika sampun pinanggih badhe katindakakên sayêktos, ing mangke pamanggihipun manawi pangarsa marêngakên badhe ngulêmi para pakêmpalan-pakêmpalan ingkang kamanah prêlu, kados ta: P.G.H.B. sarta P.G.B. sasaminipun, sarta manawi wontên pakêmpalan kasusastran, dhawuhing pangarsa botên wontên pakèwêtipun, namung punapa botên prêlu kapurih nitipariksa wêwatonipun kemawon rumiyin, atur wangsulanipun kaparênging pangarsa makatên punika kuwalik, amargi saupami dipun takèni saèstu wangsulanipun ingkang tumrap wêwaon[15] [wêwao...]

--- 139 ---

[...n] Surakarta sampun jangkêp, beda manawi karêmbag punika mangke pinanggih wosing prêlu, pangarsa marêngakên sarta parêpatan mupakad, Radèn Mas Arya Wuryaningrat gadhah panyuwun malih, pangarsa kaaturan paring uninga dhatêng para warganing kongrès kala samantên, paring sumêrêp manawi Radyapustaka adamêl panitya kasusastran, amanah kakiranganing awêwaton kasusastran damêlan Radyapustaka nalika konggrès ing taun 1933, manawi wontên panêdhaning panitya, mugi kaparênga mitulungi saprêlunipun, dhawuhing pangarsa botên wontên pakèwêdipun, parêpatan mupakat, Radèn Ngabèi Dutadilaga matur, nyuwun wêwah Mas Prawiraatmaja, Mas Ngabèi Yasawidagda mêwahi dhirèksi Enlansên Ondêrwis. Pangarsa dhawuh ing panitra mundhut pratelan namaning warga konggrès kala samantên sarta rèngrèng ulêm sakawit, aturipun sandika.

Pangarsa ngandika, manawi ingkang karêmbag sampun têlas, punapa wontên ingkang gadhah pamanggih, dèrèng wontên ingkang matur. Pangarsa ngandika, manawi anggènipun nyambut damêl Radyapustaka mêwahi wurdhênlis sampun rampung sarta sampun kaêcap rampung, makatên punika amêwahi saenipun namaning Radyapustaka, Radèn Mas Arya Wuryaningrat matur manawi dèrèng maos, dhawuhing pangarsa Radyapustaka sampun tampi lajêng andangu panitra, punapa sampun kabage, aturipun sampun, Mas Ngabèi Yasawidagda matur bilih dèrèng tampi, wangsulaning panitra lasar botên dipun paringi, amargi namung dhatêng Radyapustaka, sarta ingkang garap. Pangarsa lajêng dhawuh manawi taksih kadhawuhan maringi wurdhênlis, dhatêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat, sarta wurdhênlis saking bupati Banyumas supados kaparingakên dhatêng panitra kasusastran.

Radèn Ngabèi Dutadilaga matur, enggal punika pinanggih sadhèrèk Andaga Wedyakaryasa mratelakakên manawi mêntas dipun jak raosan dhatêng Mas Dwijawiyata ingkang andhapuk wurdhênlis, mênggah ganjaran arta f 200 pupunika[16] [pu...]

--- 140 ---

[...punika] botên namung tumrap Radyapustaka kemawon, lêrêsipun kalihan ingkang andhapuk wurdhênlis inggih punika Mas Dwijawiyata, punika Mas Dwijawiyata nêrangakên dhatêng anlèdhêng kumisi, wangsulanipun sarèhning sampun kalajêng dhatêng Radyapustaka, Mas Dwijawiyata lajêng kaparingan ganjaran piyambak, dados awit saking punika Mas Dwijawiyata botên badhe ngudi arta ganjaran wau, namung mugi andadosna kauninganing Radyapustaka. Dhawuhing pangarsa têtela namung ganjaran ingkang nindakakên, sêratipun opisil cêtha, Radèn Tumênggung Suradipura mrayogèkakên Radyapustaka supados mariksa sêratipun sadaya, mangke punapa katranganipun kapratelakakên dhatêng Radèn Ngabèi Dutadilaga, parêpatan mupakat.

Wanci jam 1/2 9 parêpatan katutup.

Pangarsa

Panitra

[Grafik]

 


lèntunsêtèlêng. (kembali)
kalih. (kembali)
arta. (kembali)
notilên. (kembali)
ginakakên. (kembali)
rêmbag- rêmbag. (kembali)
Murid-murid. (kembali)
kapasrahakên. (kembali)
karsanipun. (kembali)
10 purwaganda (dan di tempat lain). (kembali)
11 teyosopi. (kembali)
12 pangarsa. (kembali)
13 kêsèd. (kembali)
14 ngupados. (kembali)
15 wêwaton. (kembali)
16 punika. (kembali)