Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1933, #115

Judul
Sambungan
1. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1923, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
2. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1924, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
3. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1925, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
4. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1926, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
5. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1927, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
6. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1928, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
7. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1929, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
8. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1930, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
9. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1931, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
10. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1932, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
11. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1933, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
12. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1934, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
13. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1935, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
14. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1936, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
15. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1937, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
16. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1938, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
17. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1939, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
18. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1940, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
Citra
Terakhir diubah: 13-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Nutilên Bêstir Pêrgadring

--- 167 ---

Nalika malêm Rêbo tanggal kaping 10 wulan Ruwah taun Be ăngka 1864 utawi kaping 29 Nopèmbêr 1933, Radyapustaka parêpatan pangrèh wontên sawetan gêdhong musium.

Ingkang wontên

1. Mudha pangarsa, minăngka wakiling pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, 2. Panitra, Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, 3. Panitya, Radèn Ngabèi Yasawidagda, 4. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 5. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Ingkang pamit

1. Radèn Tumênggung Suradipura, 2. Radèn Ngabèi Dutadilaga.

Ingkang karêmbag

I. Pangarsa mratelakakên manawi nampèni sêratipun pangagênging parentah karaton, maringakên sêratipun Sulardi Arjasujana, kanthi buku, 2. Gambar ringgit căndranagara 27 iji, suraos, ing wêkdal punika nuju warni-warni thukuling pamanggih ingkang gêgayutan kalihan parluning akathah, amung ingkang sabagean thukuling pamanggih ingkang kêdah kaunjukakên ing saandhap sampeyan dalêm, ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, inggih punika anggènipun gadhah sêdya badhe nganggit ringgit căndra, kadosdene ingkang kapratelakakên ing buku biru kêkalih, tuwin pola corèkan 27 iji, kanthining sêrat paturan wau, punika manawi saandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun amarêngakên, kaunjukakên dadosa kagungan dalêm yayasan, badhe panggarapipun ringgit dumugi ambabar sakothak, dalah pakêm sapirantosipun rampung, kaparênga katindakakên piyambak, utawi angamat-amati panggarapipun, wondene pangêcapipun dumugi anggiyarakên ing akathah, prayogi kapasrahakên dhatêng Radyapustaka, sarta manawi

--- 168 ---

sêrat ingkang kaêcapakên wau kasade, kaparênga tumut andarbèni wêwênangipun, makatên malih manawi karêngakên[1] sadaya aturipun wau, mugi wontêna kaparêng dalêm amaringakên dhatêng salah satunggaling abdi dalêm dhalang supados sinau padhalangan ringgit căndra wontên ing griyanipun Sulardi, punika pangagênging parentah karaton mundhut panimbang, pantês dipun tampèni punapa botên, sarta ingkang kaangge lêlampahaning ringgit căndra wau punapa lugu anggitanipun, punapa wontên ingkang dipun pêthik, sarampunging ngandika, lajêng dhawuh ing panitra supados maos sêrat saking pangagênging parentah karaton, lajêng kawaos, sarampungipun pangarsa ngandika, dene sêrat sarta gambar punika wujudipun, lajêng sami kadhawuhan mariksa, sasampunipun sami nyumêrêpi gambaripun, Radèn Ngabèi Yasawidagda matur, mênggah buku kalih punika nyariyosakên punapa, dhawuh wangsulaning pangarsa dèrèng maos, lajêng andangu panitra manawi sampun maos, aturipun sampun, mênggah buk kalih wau isi cariyos lêlampahanipun ringgit căndra, kadhapur kados pakêm lampahan ringgit wacucal, mawi jêjêr, kadhatonan, pasowanan jawi, prang ampyak, sapiturutipun, nama-namanipun kapêndhêtakên namaning sêkar agêng sarta têngahan, kados ta: Prabu Kusumawicitra, Arya Palugon, sapanunggilanipun, punika pamanah kula sampun nyengkok anggitanipun Mas Ngabèi Prajapustaka, sêrat Rangsang Tuban, sadaya nama-nama kapêndhêtakên kawining toya, kados ta: Prabu Warsakusuma, Arya Warihkusuma, Dèwi Wrêsti, sarta sêrat Kabarangin, sadaya nama- nama kapêndhêtakên kawining angin, kados ta: Prabu Prabancana, Arya Sindhungriwut, makatên sapiturutipun, sarta panganggitipun Sulardi wau mawi dipun sêmbadani sajarahipun, pancèn nama tiyang mangrêtos, R. Ng. Yasawidagda matur, sarèhning panganggitipun nama yêktosan, prayogi sêratipun dipun waos ingkang salêsih, parêpatan mupakad, dhawuhing pangarsa, manawi sampun sami maos [mao...]

--- 169 ---

[...s] lajêng kapasrahna dhatêng panitra kanthi pamanggihipun, aturipun sami sandika, panitra mratelakakên bilih nalika pangarsa dhawuh parêpatan punika mawi mêling manawi panjênênganipun piyambak botên rujuk dhatêng lêlabêtanipun Sulardi, kadhawuhan mrasabênakên dhatêng parêpatan.

II. Pangarsa mratelakakên manawi nampèni sêratipun dhirèktur pan pinansi ing Ngayogya, katitimangsan kaping …Nopèmbêr punika, suraos nêdha katrangan sêrat Radyapustaka ingkang dhatêng abdi dalêm wadana kartipraja, katitimangsan kaping …Agustus, panitra lajêng ngandharakên sakawit, ing ngajêng Radyapustaka nampèni sêrat saking abdi dalêm wadana kartipraja katitimangsan kaping …Agustus, suraos nêdha sasêrêpan anggèning griya musium botên kapupu pajêg, punika sarèhning Radyapustaka botên mangrêtos sabab- sababipun, lajêng damêl sêrat paturan ing nagari kanthi ngaturakên sêratipun abdi dalêm wadana kartipraja saprabotipun wau, sarta mangsuli sêratipun abdi dalêm wadana kartipraja, suraos Radyapustaka botên sumêrêp sababipun anggèning griya musium botên kapupu pajêg wau, amila sêrat saprabotipun kalajêngakên katur nagari samăngsa angsal dhawuh lajêng suka katrangan, punika dumugi sapriki dèrèng angsal dhawuh, lajêng nampèni sêrat saking dhirèktur pan pinansê ingkang kadhawuhakên pangarsa wau, Radyapustaka sampun ngrancang sêrat paturan kanthi nyuwun katrangan ing nagari, sarta mangsuli sêratipun dhirèktur pan pinansê amratelakakên manawi sêratipun kalajêngakên katur ing nagari, samăngsa angsal dhawuh lajêng suka katrangan, R. Ng. Yasawidagda matur mrayogèkakên mangsuli dhatêng dhirèktur pan pinansê kemawon, supados layanan piyambak dhatêng nagari, dados Radyapustaka botên susah wongsal-wangsul nyuwun katrangan, parêpatan mupakad, pangarsa lajêng dhawuh pandamêling wangsulan têmbung Malajêng kapasrahakên dhatêng Mas Ngabèi Martasuwignya, aturipun sandika.

III. Pangarsa andangu rêmbag bab sêsorah, aturing panitra kala samantên sarèhning ingkang dipun sêdhahi botên wontên ingkang

--- 170 ---

dhatêng, kaparênging pangarsa lajêng katêtêpakên dados rancangan ingkang sampun sami dipun sanggêmi, inggih punika,

1. Dhesèmbêr, Tuwan Dhoktêr Dhalêr, bab agami animismê, pitisismê, samanismê, 2. Januari 1934, Cokordhê Sukawati, bab agami Bali, 3. Marêt, Tuwan Dhoktêr Ik, bab agami Parsi, 4. Mèi, Tuwan Som, bab agami Sinto, 5. Juli, B.K.P.H. Kusumabrata, bab agami Ikiptê, 6. Sèptèmbêr, pangarsa, bab agami Buda.

Punika sadaya sampun dipun aturi sêrat ing Radyapustaka, namung sami dèrèng wontên mangsuli, mênggah prayoginipun punapa lajêng dipun sêrati malih nyuwun katrangan, punapa botên, R. Ng. Yasawidagda mrayogèkakên ingkang parlu karêmbag ingkang badhe sêsorah rumiyin kemawon, inggih punika Tuwan Dhalêr sarta Cokordhê Sukawati, parêpatan mupakad, pangarsa lajêng dhawuh nindakakên, sarta ngèngêtakên kala samantên sampun sarêmbag kalihan pangagênging taman Sriwadari, manawi nglêrêsi Radyapustaka wontên sêsorah nyuwun kèndêling sadaya têtabuhan, supados benjing prasabên malih, panitra matur sandika.

IV. Mudha pangarsa mratelakakên manawi nampèni sêrat saking wadana Magêtan, suraos ngaturakên gadhahanipun barang kina supados kapundhut ing Radyapustaka, kanthi cathêtaning barang wau, kala samantên sêrat sarta cathêtan barang wau sampun kapriksa panitra, pamanahipun ingkang parlu sumimpên musium namung wontên kalih warni, 1. Supe, 2. Jodhog sarta lantingan, samantên wau kêdah dipun sumêrêpi mangke kadospundi kawontênanipun, panitra matur nalika dintên Akad kaping 19 Nopèmbêr punika Radèn Mas Arya Cakrawinata dhèrèk pangarsa rawuh musium badhe parêpatan [pa...]

--- 171 ---

[...rêpatan] bab sêsorah, punika matur ing pangarsa punapa sampun wontên dhawuhing pangagêng parentah karaton, kautus mariksa barang kina dhatêng Magêtan, dhawuh wangsulanipun dèrèng, punika panitra nêrangakên kadospundi urusipun, wangsulanipun Radèn Mas Arya Cakrawinata kala samantên barang wau katawèkakên dhatêng Radyapustaka mêdal mudha pangarsa, sarêng dangu botên angsal dhawuh, lajêng kaaturakên dhatêng pangagêng parentah karaton, kapundhutakên panimbang Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, wontên ingkang dipun galih pantês kagêm musium ing karaton, badhe kapriksa. Miturut pratelanipun Radèn Mas Arya Cakrawinata punika Radyapustaka sampun silah, namung dhawuhipun mudha pangarsa supados kataliti malih bilih wontên ingkang parlu kangge musium, badhe utusan panitra supados mariksa.

V. Maringakên sumêrêp barang panggihan enggal

1. supe sêsêr mas, 2. supe tajug mas. } Panggihan saking dhukuh Ngrimas, dhusun Dhuwêt, A.W. Totogan, Klathèn.

3. picis, 4. gêlang slaka. } Panggihan saking dhukuh Ngrimas, dhusun Dhuwêt, A.W. Totogan, Klathèn

5. supe mas wangun pasagi, aksara Sri, 6. picis mas. } Panggihan saking dhukuh Wantehan, A.W. Gondhang, Klathèn

7. rêrênggan karna mas ... Panggihan saking dhukuh Têgaldhuwur, dhusun Wadunggêtas, A. W. Wanasari, Klathèn.

8. klinthing, 9. wajra. } Panggihan saking dhukuh Gêdhangan, dhusun Pusparêngga, A. W. Musuk, Bayalali

Wanci jam 8 parêpatan katutup.

Pangarsa

Panitra

[Grafik]

 


kaparêngakên. (kembali)