Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1935

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1923. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  2. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1924. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  3. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1925. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  4. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1926. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  5. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1927 . Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  6. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1928. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  7. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1929. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  8. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1930. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  9. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1931. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  10. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1932. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  11. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1933. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  12. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1934. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  13. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1935. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  14. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1936. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  15. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1937. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  16. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1938. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  17. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1939. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
  18. Nutilên Parêpatan Pangrèh Radyapustaka, 1940. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka
Citra

Nutilên Bêstir Pêrgadring

--- 177 ---

Nalika malêm Jumungah tanggal kaping 24 Rabingulakir Jimakir ôngka 1866 utawi kaping 26 Juli 1935, pahêman Radyapustaka parêpatan pangrèh, wontên ing kagungan dalêm gêdhong musium.

Ingkang wontên

1. Pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Panitra, Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, 3. Panitya, Radèn Ngabèi Yasawidagda, 4. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 5. Panitya, Radèn Ngabèi Dutadilaga.

Ingkang pamit

1. Mudha pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, 2. Panitya, Radèn Tumênggung Suradipura, 3. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Ingkang karêmbag

I. Pangarsa mratelakakên manawi nampèni sêratipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, kanthi sêratipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, sêrat lajêng kawaos kalih pisan, sarampungipun lajêng ngandika, mênggah suraosipun kangjêng gusti mundhut panimbang, pamrayoginipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, manawi sêrat-sêrat waosan panti budaya Surakarta badhe katitipakên dhatêng panti budaya Ngayogyakarta, dening ing Surakarta dèrèng wontên ingkang ngopèni, punika kajawi prasasat panti budaya dados satunggal wontên Ngayogyakarta, inggih ugi andadosakên botên gampilipun manawi tiyang Surakarta gadhah sêdya badhe maos, mila prayogi karimat piyambak kemawon, dene sadèrèngipun wontên ingkang majibi, katitipakên dhatêng Radyapustaka rumiyin. Pamanggihipun kangjêng gusti prayogi katitipakên dhatêng panti budaya Ngayogya saèstunipun ingkang majibi Tuwan Insinyur Mun, manawi ing Surakarta botên wontên ingkang ahli nyêpêng sêrat-sêrat, [sêra...]

--- 178 ---

[...t-sêrat,] sarta botên wontên ingkang mangrêtos dhatêng sêrat- sêrat kina, wêkasan mundhut sasêrêpan bokmanawi pangarsa Radyapustaka uninga ing Surakarta wontên ingkang ahli nyêpêng sêrat-sêrat, punika manawi panggalihipun pangarsa rujuk pamrayoginipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, nanging miturut kênyaming sêrat, sajatosipun bakuning panggalihipun kangjêng gusti punika ingkang dipun pitados Walandi dhatêng tiyang Jawi punika kirang pitados, mila kadospundi pamanggihipun pangrèh. Radèn Ngabèi Dutadilaga matur, sarèhning kawontênanipun kados ingkang kapangandikakakên pangarsa wau, prayogi kasumanggakakên sakarsanipun kangjêng gusti kemawon, sadaya rujuk, pangarsa lajêng dhawuh dhatêng Radèn Ngabèi Yasawidagda kapatah sowan kangjêng gusti matur ijêman, aturipun sandika, sêrat kêkalih sami kaparingakên, sampun rampung.

II. Pangarsa ngandika bilih anampèni sêratipun Radèn Ngabèi Prajadarsana katitimangsan kaping 20 Juni 1935 suraos sampun watawis nêm wulan punika gadhah atur ing Radyapustaka nyuwun dados warga, dumugi titimôngsa wau dèrèng angsal katrangan, punika sangêt-sangêt panyuwunipun supados kaparêngakên, punika kadospundi, manawi panggalihing pangarsa prayogi kaparêngakên, sadaya jumurung.

III. Pangarsa maringakên sumêrêp barang panggihan enggal, awarni

Supe jêne 1 iji, Supe jêne 1 iji, Rêrênggan karna jêne 1 iji, Êmpluk 1 iji. } Panggihan saking dhukuh Mungup dhusun Karangkêpoh 0/D Singasari D kitha Bayalali.

Rêrênggan karna jênè 1 iji ... panggihan saking dhukuh Mlakalêgi, dhusun Cêlêp 0/D Kêdhawung D kitha Sragèn.

Rêrênggan karna jêne 1 iji ... panggihan saking dhukuh Pênggulon, dhusun Kraganalan 0/D Manisrêngga D Gondhangwinangun Klathèn.

--- 179 ---

Dhandhagra 2 iji ... panggihan saking dhukuh Ngampèl dhusun Jatèn 0/D sarta D Têmon Bayalali.

Pangarsa ngandika sarèhning sampun têlas ingkang karêmbag, manawi wontên ingkang gadhah usul supados kawêdharakên. Mas Ngabèi Martasuwignya matur, nalika dhatêng Batawi ningali musium, nyumêrêpi ing ngriku dèrèng wontên ringgit purwa kajêng, kagungan dalêm musium sampun wontên, manawi kaparêng prayogi kalintokakên ingkang ing ngriki dèrèng wontên, pangarsa andangu wontênipun ing ngriki pintên, aturing panitra sadaya wontên 51 iji, ingkang wêtah namung antawisipun 30 iji, ingkang sampun kasungging 11 iji, amargi sampun sami têlas pulasipun, dhawuhing pangarsa manawi kalintokakên kêdah kamulyakakên rumiyin.

Pangarsa andangu bab ingkang badhe sêsorah, aturing panitra ing wulan Agustus ngajêng punika lêrêsipun Tuwan Cansukon bab agami Buda Cina, namung sampun pamit badhe dhatêng Inggris, ingkang badhe ambanjêl Radèn Kaji Muhkamad Ngadnan bab agami Ikiptê. Dhawuhing pangarsa sarèhning panjênênganipun sampun nguningani piyambak ing nagari Mêsir, dados badhe ngandika piyambak kalihan radèn kaji, benjing-enjing sontên radèn kaji kadhawuhan sowan dhatêng dalêm Ngadiwijayan wanci jam 8 sontên, panitra kadhawuhan ngirit, aturipun sandika, jam 1/2 9 parêpatan katutup.

Pangarsa

[Grafik]

Panitra

[Grafik]