Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1939, #115

Judul
Sambungan
1. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1923, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
2. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1924, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
3. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1925, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
4. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1926, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
5. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1927, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
6. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1928, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
7. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1929, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
8. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1930, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
9. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1931, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
10. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1932, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
11. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1933, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
12. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1934, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
13. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1935, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
14. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1936, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
15. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1937, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
16. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1938, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
17. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1939, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
18. Nutilên Bêstir Pêrgadring, Radya Pustaka, 1940, #115. Kategori: Arsip dan Sejarah > Radya Pustaka.
Citra
Terakhir diubah: 13-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Nutilên Bêstir Pêrgadring

--- 212 ---

Parêpatan pangrèh ing pahêman Radyapustaka marêngi malêm Sabtu tanggal kaping 14 Jumadilawal Je 1870 utawi kaping 1 Juli 1939 wontên ing kagungan dalêm gêdhong musium.

Ingkang aparêpatan

1. Pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, 2. Panitra, Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, 3. Panitya, Radèn Mas Ngabèi Dutadilaga, 4. Panitya, Mas Ngabèi Martasuwignya, 5. Juru rêmbag, Tuwan E. Mudhi.

Mudha pangarsa, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, sarta panitya, Radèn Tumênggung Yasawidagda sami pamit.

Wiwitipun parêpatan jam 7.20

Ingkang karêmbag

I. Pangarsa aparing pambage wilujêng dhatêng ingkang sami parêpatan.

II. ngêsahi notilên parêpatan pangrèh nalika ping 16 Dhesèmbêr 1938.

III. salowongipun panitya, K.R. Tumênggung Tăndhanagara, gêgêntosipun kaparênging pangarsa pancèn badhe karêmbag tumuntên, namung lajêng kapambêng gêrah dumugi surud dalêm, sarta katungka pêkên dalu 200 taun, kalantur-lantur ngantos sawêg sagêd marêpat sapunika, lajêng dhawuh maos pratelanipun para warga.

Radèn Mas Ngabèi Dutadilaga ngusulakên ingkang anggêntosi lowongan wau. Radèn Mas Ngabèi Prajasuwarna, namung botên katampèn, dening sampun nyuwun mêdal.

Pangarsa maringi ancêr-ancêr calonipun tiga

1. Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Arya Suryaningrat, punika sugih waosan sêrat-sêrat Jawi, ngèngêti putra Kusumadiningratan.

2. Mr. Radèn Mas Tumênggung Arya Kartadipura, kajawi pasinaonipun inggil rêmên dhatêng kawruh Jawi.

3. Radèn Ngabèi Andayadipraja, sagêd nyêbarakên [nyêbarakê...]

--- 213 ---

[...n] kajêngipun Radyapustaka dhatêng para wula[1] dalêm, dening dados abdi dalêm panèwu sêkul opsinêr.

Sarêng kataringakên dhatêng pangrèh ingkang kapilih Mr. Radèn Mas Tumênggung Arya Kartadipura, amargi kajawi ingkang sampun kapratelakakên ngoyah-ngayuhing rêmbag dhatêng kraton utawi nagari sagêd prigêl, ingkang kaping kalih kagêm wakil manggihi tamu agung samăngsa pangarsa utawi mudha pangarsa kapambêng.

IV. Pangarsa adhawuhakên bab sêsorah punika sambêtipun sampun kagungan ancêr-ancêr.

1. Dr. Th. Pigeaud, 2. Dr. Tjan Tjoe Siem, 3. J. A. Mulder, 4. Radèn Sumawidagda.

Punika samia dipun sêrati.

Kajawi punika pangrèh ingkang kadhawuhan sêsorah.

1. Radèn Mas Ngabèi Dutadilaga, bab kawruh padhalangan, kaangkah wulan Ogustus.

2. Mas Ngabèi Martasuwignya, bab tangguhing dhuwung, kaangkah wulan Sèptèmbêr.

3. Tuwan E. Mudhi, manawi sagêd Dhesèmbêr pisan.

V. Sêkul musium, pangarsa andhawuhakên nalika pêkên dalu Tuwan Insêpèktur J. A. Mulder gadhah pamanggih bilih barang-barang ingkang kagiyarakên wontên ing griya pan ondêrwis eman sangêt manawi lajêng botên dipun kalêmpakakên dados sêkul musium, turutipun ingkang nampèni pêkên dalu, namung sarèhning komite botên têtêp dados lajêng kapasrahakên dhatêng Radyapustaka, dhepartêmèn pan ondêrwis badhe paring pambiyantu agêng. Para Uitgever ing sêrat-sêrat (babagan pamulangan) sampun sami sagah asuka pambiyantu, dene ingkang rumêksa musium wau para guru gêntosan.

Sakawit ingkang kasuwun kaangge musium punika, pasowanan kalang, sarta sampun kaparêngakên, namung sarèhning [sarèh...]

--- 214 ---

[...ning] kamanah kirang pikantuk, prayogi nyuwun santun patalon. Awit saking punika lajêng dhawuh damêl susulan sêrat katur pangagênging parentah karaton nyuwun santunipun patalon wau.

VI. Radèn Mas Ngabèi Dutadilaga nyuwun benjing sêsorahipun mugi pangrèh kaparênga nimbali para dhalang dhusun.

Apratela mêntas dipun tawèni sêrat-sêrat gadhahanipun Ngabèi Citrawaluya.

Pangarsa dhawuh dhatêng panitra supados matitisakên bab punika. Manawi wontên sêrat ingkang ing musium dèrèng kagungan, kaangkaha kapundhut.

VII. Maringakên sumêrêp barang panggihan enggal dhatêng pangrèh.

2 iji rêrênggan karna mas mawi pêpêthan kinara-kinari.

1 iji gêlang mas mawi maripat sela pêthak.

1 iji sêsupe cathokan êmas.

Sami panggihan saking dhukuh Sumuran kalurahan Kragilan, o.d Bêkonang, kitha Surakarta.

10 iji kalung jêne, panggihan saking dhukuh Bêrdug, dhusun Kragilan o.d. Majasanga Bayalali.

1 iji sêsupe mas maripat akik pêthak, panggihan saking dhusun Ngawèn o.d. Totogan Klathèn.

4 iji prasasti panggihan saking dhukuh Plêmbon o.d. Prambanan Klathèn.

4 iji bonang, panggihan saking dhusun Bêlukan o.d. Pojok Sragèn.

2 iji rêca sela tumbasan.

8 iji sêrat-sêrat tumbasan.

Wanci jam 8.05 parêpatan bibaran.

Pangarsa

Panitra

[Grafik]

 


kawula. (kembali)