Javaansche Brieven, Roorda, 1845, #676 (Hlm. 111–208)

Judul
Sambungan
1. Javaansche Brieven, Roorda, 1845, #676 (Hlm. 001–110). Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
2. Javaansche Brieven, Roorda, 1845, #676 (Hlm. 111–208). Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
3. Javaansche Brieven, Roorda, 1845, #676 (Hlm. 208–304). Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
4. Javaansche Brieven, Roorda, 1845, #676 (Hlm. 304–400). Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
5. Javaansche Brieven, Roorda, 1845, #676 (Hlm. 400–484). Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
Citra
Terakhir diubah: 07-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

55.

Ingkang sêrat sarta ingkang tabe akathah-kathah, Kangjêng Tuwan Hèndrik Magilapri, residhèn ing Surakarta, dhumatêng Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

Sasampuning kadya punika awiyos. Kula asuka uninga dhatêng ijêngandika, yèn ing nagari ngriki awisan tiyang sade sêndawa mimis akalihan sela api, ing pêkên utawi kasade rêrukunan. Supados kraman utawi tiyang awon sapanunggilanipun sampun ngantos sagêd angsal sêndawa, mimis sela api.

Sanajan sampun awisan, kula inggih ugi sumêrêp, yèn asring taksih wontên tiyang anêrak ing awisan wau punika, kados dèrèng lami ing Kalathèn wontên tiyang Jawi satunggil purun-purun asade sêndawa, tuwin panunggilanipun. Mila panêdha kula dhatêng ijêngandika, mugi andhawahna parentah dhumatêng sawarnining abdi ijêngandika sadaya, botên kenging pisan tiyang asade sêndawa mimis, sela api, ing pêkên utawi rêrukunan. Sintên-sintên ingkang anêrak awisan punika, amêsthi badhe kaukum ingkang sangêt.

Surakarta ping 18 Janawari 1826.

__________

--- 112 ---

56.

Punika ingkang sêrat sarta ingkang tabe akathah-kathah, Kangjêng Tuwan Hèndrik Magilavri, residhèn ing Surakarta, katur ingkang saudara Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama kaping nêm ing Surakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya punika wiyosipun. Kula angaturi uninga dhumatêng saudara, wontên saking sawatawis dintên laminipun, kula sampun apirêmbagan kalihan Kangjêng Panêmbahan Buminata, Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, saha Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat. Sami dhumatênga ing Kalathèn, atatêpangan atêpanga pirêmbag kalihan utusan saking Ngayogyakarta, supados sagêda masrahakên dhumatêng karaton ing Ngayogyakarta, sawarninipun siti dhusun tanah Pajang utawi sanèsipun, bawah ing Ngayogyakarta, ingkang sami kataklukakên sarta kaêrèh dhumatêng abdinipun saudara, saha abdinipun Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, ing salêbêtipun rêrêsah ing nagari, punapadene sami adamêla pranatan tuwin prajangjean, amurih têntrêming kalajênganipun pasitèn wau, kang sarta ngangkah icaling pêrangan dhusun, ingkang asring wontên amargi saking pangrayuding siti dhusun.

--- 113 ---

Kangjêng tuwan residhèn ing Ngayogyakarta asuka uninga dhumatêng kula, yèn ing dintên Sênèn kaping 23 wulan Janawari punika, utawi tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir, wakilipun kangjêng sultan timur, Pangeran Murdaningrat sarta Pangeran Suryaningrat. Putranipun Pangeran Adipati Pakualam, sami badhe mangkat dhatêng ing Kalathèn, adamêl pitêpangan bab siti dhusun wau, ingkang punika badhe andadosakên suka pirênaning manah kula, yèn utusan ingkang saking ing Surakarta, sagêda mangkat dhatêng ing Kalathèn, ing dintên ingkang sampun kasêbut punika, supados sami anindakakên ing pitêpangan wau.

Awit dening punika kula kamipurun agadhah panyuwun dhumatêng saudara, ingkang mugi andhawahna parentah dhumatêng Panêmbahan Buminata, kalihan Radèn Adipati Sasradiningrat. Sami mangkata dhumatêng ing Kalathèn, ingkang sarta kaparingana sêrat, mungêl yèn kinuwasakakên anindakakên prakawis kang sampun kasêbut ing nginggil wau.

Awusana kula anyaosakên tatêdhakanipun sêrat panguwasa kula, ingkang kula cêpêngakên dhumatêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara.

Surakarta kaping 18 Janawari 1826.

__________

--- 114 ---

57.

Punika ingkang sêrat pratăndha lulus miyos saking iklasing manah ingkang suci, saking Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping nêm, ingkang akadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat. Ingkang andarbèni tah-talatah ing nusya Jawi sadaya, saha ingkang tabe akathah-kathah dhumatênga ingkang eyang Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Burêhgraf Dhibis Dhigisinyi, gupêrnur ing nêgari Suwitbraban, kumêndur saking bintang agêng ing nagari Nèdrêlan, kumisaris jendral ing nagari Nèdrêlan India, ingkang sampun kapratelakakên dhumatêng ing panjênêngan kula saking eyang kangjêng tuwan litnan jendral, kang amakili gupêrnur jendral. Ing rawuhipun, eyang Kangjêng Tuwan Komisaris Jendral Burêhgraf Dhibis Dhigisinyi, ingkang sarta kautus dhumatêng kangjêng raja kang maha agung, ing nagari Nèdrêlan dhatêng tanah Jawi ngriki, supados anindakakên panguwasanipun agêng, kangjêng raja kang maha agung wau dhumatêng ing panjênêngan kula, ingkang mugi-mugi kangjêng eyang ginanjara karaharjan ing pêparentahanipun saha wilujêng ing salami-laminipun.

Ri sampuning kadya punika rêke wiyosipun eyang kangjêng tuwan ingkang wicaksana kumisaris jendral, akintun [akintu…]

--- 115 ---

[…n] sêrat dhumatêng ing panjênêngan kula ingkang kasêrat nagari ing Batawiyah ping 9, wulan Fèbêrwari taun 1826, inggih sampun kula tampèni saha sampun kula tupiksani ing saungêlipun ing sêrat-sêrat sadaya, wontên dening kangjêng eyang asuka uninga dhumatêng ing kula, yèn sampun andadosakên parênging karsanipun kangjêng raja maha agung ing nagari Nèdrêlan, angutus dhatêng eyang komisaris jendral dhatêng ing tanah Jawi ngriki, kang sarta eyang kaparingan panguwasa agêng, anindakakên samubarang prakawis ingkang kenging badhe andadosakên karaharjanipun tanah Jawi ngriki, upaminipun kadosa dipun sarirani piyambak dhumatêng kangjêng raja kang maha agung ing nagari Nèdrêlan. Ingkang punika mênggah pamujinipun eyang, mugi-mugi prasobatanipun kangjêng guprêmèn Nèdrêlan, kalih karaton ing Surakarta Adiningrat, katêtêpêna sampun wontên punapa-punapa, ing salami-laminipun. Ingkang sarta panjênêngan kula lulusa gèn kula amurih kêkahing prasobatan wau ingkang kalayan têmên-têmên kados ingkang sampun kalampahan. Kalih dening malih kangjêng eyang sampun pitajêng, ing samăngsa-mangsanipun wontên pêrlunipun ing karsa kula, amêsthi badhe ambiyantoni ingatasipun sakathahing prakawis, ingkang kagalih ing kangjêng eyang badhe andadosakên karaharjanipun tanah Jawi ngriki. Sarèhning eyang rawuhipun wontên tanah Jawi ngriki, badhe anindakakên ing panguwasanipun agêng kangjêng

--- 116 ---

raja kang maha agung ing nagari Nèdêrlan. Kados dipun sarirani piyambak dhumatêng kangjêng raja kang maha agung wau, ingkang punika eyang kangjêng tuwan kumisaris jendral, inggih têmên-têmên badhe anggalih samubarang prakawis ingkang kula galih prêlu, kang kauningakakên dhumatêng kangjêng eyang. Ing wusananipun kangjêng eyang sangêt amêrlokakên mênggahing karaharjanipun nagari ing Surakarta Adiningrat. Sarta pamujinipun eyang mugi-mugi panjênêngan kula ginanjara lami gèn kula amarentah nagari ing Surakarta, amanggiha wilujêng sarta kasênêngan ing salami-laminipun, ingkang punika eyang kangjêng tuwan komisaris jendral, ing sakathah-kathahipun panggalihipun kangjêng eyang ingkang sampun mungêl ing dalêm sêrat, dhumatêng ing panjênêngan kula, inggih sakalangkung-langkung ing tarima kasih kula saha sakalangkung dados suka pirênanipun ing galih kula ingkang têmên-têmên. Kalayan kula akintun tabe akathah-kathah dhumatêng eyang kangjêng tuwan litnan gupêrnur jendral saha dhumatêng nivro,[1] punapa saèsthining manah kawrat ing dalêm sêrat.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat, ing dintên Akhad tanggal ping kalih wêlas, wulan Rêjêp ing taun Wawu angkaning warsa 1753.

__________

--- 117 ---

58.

Atur taklim kula Radèn Tumênggung Yudanagara, ingkang sêmbah bêkti Radèn Tumênggung Jayanagara, kaatur ing kiyai lurah Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

Sasampuning kadya punika wiyosipun. Kula ngunjuki uninga ing panjênêngan sampeyan, kala ing dintên Ngahad tanggal ping 16 wulan Siyam punika, wanci jam pitu enjing rama jêngandika Radèn Riya Cakrawinata, kadhawahan ing saudara sampeyan Kangjêng Tuwan Residhèn Magêlang, dipun dikakakên nginggahi kraman ingkang wontên ing rêdi Tawing, kalih tuwan upsindêr Tuwan Loit ambêkta saradhadhu Wlandi 50, rama jêngandika inggih anglamakên abdi dalêm prajurit 20[2] têtindhihipan[3] Radèn Mayor Jayawinata, ambêkta maryêm kêkalih, agêng satunggil alit satunggil. Dumugi ing rêdi Tawing wanci jam sanga, lajêng tanglêd prang rame, maryêm agêng mungêl kaping 23, maryêm alit mungêl kaping 10, ungêlipun sênjata alit anglangkungi sangking kathah, kraman bibar mundur minggah dhatêng rêdi, abdi dalêm prajurit sami dipun jak mundur dhatêng tuwan upsindêr Tuwan Loit. Mundur dhatêng pasanggrahan malih. Kalih dening sapêngkêripun abdi dalêm prajurit ingkang minggah dhatêng ing rêdi Tawing, kraman ingkang sangkidul[4] angêpang dhatêng pasanggrahan kula, abdi dalêm prajurit ingkang [ing…]

--- 118 ---

[…kang] kantun sami angajêngakên piyambak-piyambak. Dèrèng ngantos tanglêd, botên antawis dangu kraman sami bibar botên kantênan purugipun. Wondening abdi dalêm bupati ingkang dhèrèk dhatêng rêdi Tawing, Radèn Tumênggung Jayanagara, sakaliwon panèwu mantrènipun, abdi dalêm wadana rêdi, Mas Tumênggung Tirtanagara, Radèn Tumênggung Arungbinang, mênggah abdi dalêm sêdaya wilujêng. Slasa ping 18 dipun dikakakên nginggahi kraman malih dhatêng rêdi ing Kalisat. Wlandi saradhadhu 50, tindhihipun inggih tuwan upsindêr Tuwan Loit. Rama jêngandika inggih angladosi abdi dalêm prajurit malih, kathahipun inggih 200, têtindhihipun Radèn Mayor Wiryawinata, maryêm bêkta kêkalih agêng-alit. Dumugi ing Kalisat wanci jam sanga, lajêng tanglêd prang rame, maryêm agêng mungêl kaping 29, ingkang alit mungêl kaping 20, kraman lajêng bibar mundur minggah dhatêng dhusun Cana, dhusun Kalisat griyanipun lajêng dipun obongi dhatêng Wlandi, têlas tigang dhusun. Tumuntên majêng-majêng malih anjok dhusun Cakran ing Prêmbulan ing Plimpungan. Têtiyang dhusun pinanggih suwêng, lajêng mundur dhatêng pasanggrahan malih, wondening abdi dalêm bupati ingkang dhèrèk, kula Radèn Tumênggung Yudanagara, sakănca kula kaliwon panèwu mantri, mênggah abdi dalêm sêdaya wilujêng.

Kalih dening malih kula ngunjuki uninga, mênggah dhaharipun rama jêngandika radèn riya, saabdi dalêm prajurit. Kacadhong [Kaca…]

--- 119 ---

[…dhong] uwos kawit kala wontên Magêlang, ing dalêm sadintên sêkatos tiyang satunggilipun, upsir 4 kati, kapitan 10 kati, mayor 10 kati, rama jêngandika radèn riya 25 kati, satunggil saradhadhu 1 kati, Wlandi urdhênas 5. Kula piyambak 50 kati, kaliwon kula 20 kati, kănca panèwu, mantri sami 4 kati, tiyang satunggilipun abdi dalêm suranata juru singanagara inggih sami 4 kati, tiyang satunggilipun. Sarêm ing dalêm sadintên satunggil satêngah kati, pêndhak sadasa dalu tampi ulam ing dalêm sadintên tampi, pêdhèt kalih gudèl 5 iji. Kalih dening ing dintên Sênèn ping 17 rama jêngandika nyambut yatra malih dhatêng Tuwan Residhèn Magêlang, kathahipun 1000 rupiyah, inggih lajêng dipun aturi dhatêng saudara sampeyan, lajêng dipun bage saabdi dalêm prajurit, awit dèrèng nampèni blănja sangking kangjêng guvrêmèn.

Sinêrat ing Manorèh ing dintên Slasa ping 18, ing wulan Siya[5] taun Wawu, ăngka 1753.

__________

59.

Punika ingkang sêrat pratăndha tulus miyos saking iklasing manah suci saking Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana [Pa…]

--- 120 ---

[…kubuwana] Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping nêm, ingkang akadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat. Ingkang andarbèni tah-talatah ing nuswa Jawi sadaya, saha ingkang tabe akathah-kathah dhumatênga ingkang eyang Kangjêng Tuwan Ingkang Agêng Ingkang Wicaksana Hèndrik Mèrkus Dhêkok, kumêndur saking bintang agêng litnan jendral litnan guvêrnur kang amakili guvêrnur jendral ing nagari Nèdrêlan India, ingkang mugi-mugi pinanjangêna ing yuswanipun, sarta ginanjar wirlujêng[6] ing pêparentahanipun dening Gusti Allah ing salami-laminipun. Ri sampuning kadya punika, rêke wiyosipun eyang kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana, akintun sêrat dhumatêng ing panjênêngan kula, ingkang kasêrat nagari ing Ngayogyakarta Adiningrat, ping 19 Awril[7] 1826, inggih sampun kula tampèni saha sampun kula tupiksani saungêlipun ing sêrat sadaya, wontên dening kangjêng eyang asuka uninga dhumatêng ing panjênêngan kula, yèn bapa tuwan residhèn ing Surakarta, ing sawêtawis dintên punika dhatêng wontên nagari ing Ngayogyakarta, apratela dhumatêng kajêng[8] eyang, yèn panjênêngan kula gêrah, punika sakalangkung andadosakên susahing galihipun kangjêng eyang, ananging kala ing dintên wingi Tuwan Kulnèl Kuhis, dhatêng wontên ing Ngayogyakarta, angaturi kabar dhumatêng eyang, yèn sampun wontên sênggangipun gêrah kula, andadosakên sangêt ing suka bungahipun kangjêng [kang…]

--- 121 ---

[…jêng] eyang, ingkang dados pamujinipun eyang, ingkang mugi-mugi panjêngan kula enggala sênggang pisan. Kalih dening malih kangjêng eyang asuka uninga dhumatêng ing kula, yèn sakalangkung andadosakên parênging galihipun eyang, saking dening padamêlanipun abdi kula prajurit ingkang wontên ing Imagiri, sakalangkung purunipun gènipun anggitik ngawonakên kraman. Wondening kangjêng eyang inggih tampi pratela saking tuwan residhèn ing Kêdhu, mênggah prayoginipun padamêlanipun abdi kula prajurit wontên ing Manorèh, ananging panêdhanipun eyang kangjêng tuwan jendral dhumatêng panjênêngan kula, manawi kenging ingkang mugi kula anglampahêna pangeran satunggil, dhumatêng ing Manorèh, prayoginipun ingkang kalampahakên Pangeran Arya Kusumayuda, sabab Pangeran Arya Kusumayuda punika sampun angatingalakên sagêd anêntrêmakên ing têtiyang, ingkang kalayan reka ingkang alus. Punika prayogi ingkang makatên, akalihan dipun ungsir, ing wusananipun kangjêng eyang sampun arêmbag, kalihan bapa tuwan residhèn ing Surakarta, mênggah ingkang prayogi katindakakên anyuprih têntrêmipun ing tanah Jawi, ingkang punika kangjêng eyang sampun pitajêng, yèn panjênêngan kula badhe andhahar ing pirêmbagipun bapa tuwan residhèn ing Surakarta ingkang prayogi, sarta badhe anglajêngakên gènipun ambiyantoni dhumatêng kangjêng gupêrmèn. Punapa malih dhumatêng eyang kangjêng tuwan jendral.

--- 122 ---

Ing dalêm samabarang[9] prakawis, kados ingkang sampun kalampahan ngantos dumugi ing mangke, mênggah punika panjênêngan kula kenging anamtokakên badhe atampi ing panrimanipun kangjêng guvêrmèn. Ingkang punika eyang kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana guvêrnur jendral, inggih sakalangkung-langkung ing tarima kasih kula, saha andadosakên suka pirênanipun ing galih kula, wontên dening gêrah kula ing sapunika inggih sampun amanggih dhangan kados lajêng waluya pisan. Amargi usada saking Tuwan Mêstri Wêlandi, kalayan kangjêng eyang angrêsakakên wangsulipun wayah ijêngandika, kakang mas Pangeran Arya Kusumayuda, supados anyenapatèni dhumatêng abdi kula prajurit ing sapanunggilanipun kang wontên ing tanah Kêdhu sadaya, ingkang punika eyang inggih ugi panjênêngan kula botên kenging botên atas anamtokakên ingkang dados karsanipun kangjêng eyang, dening gèn kula angangkatakên wayah ijêngandika, kakang mas Pangeran Arya Kusumayuda, dhatêng tanah Kêdhu, sarta abdi kula prajurit ingkang badhe gantos. Benjing sasampunipun garêbêg Siyam sabakdanipun Siyam Sawal punika punapa saèsthining manah kawrat ing dalêm sêrat.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat, ing dintên Rêbo tanggal ping sangalas, wulan Siyam ing taun Wawu angkaning warsa 1953.

__________

--- 123 ---

60.

Sêrat saha ingkang tabe akathah-kathah Radèn Răngga Prawirasêntika, ingkang tatêngga nêgari dalêm ing Madiun kitha Tunggul Wanakarta, katur Kangjêng Tuwan Hindrik[10] Magilavri Risidhèn ing Surakarta Adiningrat. Sasampuning kadya sapunika wiyosipun, kula angaturi priksa ing sampeyan, gèn kula kakêrsakakên dados wêdana bupati măncanêgari tanah Bangwetan. Ing mangke kula kakêrsakakên kamantunan. Punapa malih anak kula pun thole Prawira Atmaja, ingkang wau sampeyan kêrsakakên anyulihi Tumênggung Suradirja ing Kanitèn. Sapunika inggih sampun kaundur, ingkang punika kawuningana ing sampeyan, sarèhning awak kula kados mêngkatên asangêt kasusahanipun manah kula, awit gèn kula kamantunan, kaping kalih pun thole gènipun kaundur wau punika, pêngraos kula gèn kula têmên-têmên, gèn kula ngabdi ing ratu kula kêkalih, utawi ing kangjêng guprêmèn. Batên[11] kêdhap-kêdhap tingal kula, kalih kula batên rumaos gadhah prakawis. Ingkang punika kula sumăngga pênggalih sampeyan.

Kasêrat ing dintên Rêbo tanggal ping 24 wulan Ramlan taun Wawu angkanipun ing warsa 1753.

__________

--- 124 ---

61.

Pèngêt layang manira parentah Kangjêng Tuwan Hèndrik Magilavri, residhèn ing Surakarta lan Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat. Dhawuha marang sarupaning lurah bêkêl lan wong cilik ing desa Kalak sabawahe kabèh.

Liring layang manira parentah, sarèhne manira wus anggalih frêlu,[12] amurih kang dadi kauntungane kangjêng guvrêmèn, lan arja têtêping wong tanah ing Kalak. Dadi bumi desa ing Kalak iku ing mêngko manira pêthal. Wus ora kalèrèh marang upsindêr ing Rongkok.[13] Ananging manira lèrèhake marang kang dadi upsindêr ing Pacitan, lan manira kumpulake karo tanah ing Pacitan, anganti ana karsane kangjêng guvrêmèn amrênata mungguh prakara iku.

Mulane sarupaning lurah bêkêl lan wong cilik ing dhesa[14] Kalak sabawahe, ing mêngko manira paringi wêruh, yèn desa ing Kalak mau ing saiki wus ora kabawah ing Rongkok manèh, kakumpulake karo tanah ing Pacitan. Kang iku parentah manira ing pêkênira kabèh, mungguh upsindêr ing Pacitan, kang sarta Kyai Tumênggung Jagakarya ing Pacitan, iku padha anggêpên kaya lurah pêkênira kang têmênan.

--- 125 ---

Lakonana ing sabarang parentahe, lan padha milua anggarap pagaweane kangjêng guvrêmèn kang dhigarap[15] wong ing Pacitan, endi kang bakal didhawuhake marang upsindêr ing Pacitan, lan Kyai Tumênggung Jagakarya.

Surakarta ping 17 sasi Juli 1826, utawa tanggal ping 12 Bêsar 1753.

__________

62.

Sampuning katur ingkang sêmbah bêkti kawula, Mas Kapitan Ngabèi Jayapranata, kauningana ing panjênêngan sampeyan.

Kala ing dintên Sêlasa Pon kagungan dalêm siti pun dhêkah, kainggahan bêrandhal saking ing Wuking,[16] pangagêngipun bêrandhal anami Tumênggung Suradipura, putranipun Pangeran Mangkudiningrat ing Ngayogya, sadhèrèkipun Pangeran Natapraja, bêkta dêdamêl sèwu tiyang Sêmbuyan, tumut sadaya, kula duga kula botên bangkat. Kula lumajêng lumêbêt ing wana minggah ing rêdi Gadhing, lajêng bêrandhal angobongi griya, lajêng bêrandhal wangsul malih barisan wontên ing Wungking, prentahipun bêrandhal lajêng dipun tanêmi dêmang, ingkang dipun tanêm anakipun Kêrtasêntika Pangkah kawijilanipun siti tumut pun Burêng, ingkang ngêmbani rama jêngandika Kyai Surapiyoga, dèntên panggenan [pang…]

--- 126 ---

[…genan] kula têksih wontên ing wana kemawon. Kula nyaosi kabar duka sampeyan takyinipun Tuwan Paolis Ngrongkob dipun cêpêng ing brandhal. Ingkang dipun utus nyêpêng tiyang Sambiradin, kalih Păncakaryasa, tiga Păncawêrna, sami sabiyantu Păncakaryasa, Păncawêrna, kalihan tiyang Sabiradin.[17] Anggènipun kacandhak Tuwan Paolis wau, wontên pinggir sagantên winangun. Ingkang ngumpêtakên pun Păncamaguwa, Păncagumanti, sarêng kadhatêngan bêrandhal dêmang kalih sami lumajêng.

Kula nyaosakên kabar malih, pun Păncasurăngga saunduripun pêrang nyandhang tatu, dipun bêkti[18] tiyang Pacitan. Sarêng wontên ing Kakab pêjah, Mas Jayasêntika kabêkta dhatêng Pacitan, lajêng dipun gêdhong, pramila mêkatên tiyang ing Pacitan ingkang pêjah pêrang tiyang walung[19] dasa punika, botên tarima rumaosipun dipun lêbêtakên ing ngloropan. Nêdha tulung dipun batoni,[20] sarêng dugi ing Sêmbuyan inggih lêsêr prang kalayan bêrandhal. Brandhalipun dêmang Kamangkunêgaran, punika rumaosipun tiyang Pacitan wau, pramila Mas Jayasêntika botên kênging ucul. Wondèntên Kumpni Pacitan inggih wilujêng, wondèntan[21] Kiyai Jagakarya, rêmbagipun têluk dhatêng barandhal. Ingkang mawi anakipun ingkang dados tumênggung, sampun kacêpêng dhatêng barandhal. Yèn botên têluka, amêsthi dipun pêjahi, punika sambat-sambatipun ingkang sakit.

Punika atur kawula Kyai Păncaprabawa, sinêrat ing malêm [ma…]

--- 127 ---

[…lêm] Rêbo Wage wulan Sapar taun Jimakir, wontên ing rêdi Gadhing 1754.

__________

63.

Ingkang sêrat sarta ingkang tabe Kangjêng Pangeran Ariya Adinagara, saha ingkang tabe kangmas Gusti Kangjêng Panêmbahan Buminata, ing Surakarta Adiningrat. Dhumatênga kang saudara Tuwan van Plisingêt upsindêr ing Pacitan. Sampuning kadya punika wiyosipun, sarèhning kula sampun tampi pakintune sêrat saudara, kang katitimangsan ing Pacitan kaping 20 wulan April taun 1827.

Inggih sampun kula tupiksani sawiraosing sêrat sadaya, inggih ugi sakêlangkung tarima kasih kula dhatêng saudara, wondèntên saudara amêrsabênakên mênggah prakawisipun abdi kula pun Pranayuda, amurih kula wau egala[22] ngrampungi kang dados paukumanipun saha egala kula lilani mantuk. Sarèhning piyambakipun dados rêdi, ingkang punika saudara pun Pranayuda wau sampun kula rampungi pacot. Kaidèn ing saudara jêngandika kangmas Gusti Kangjêng Panêmbahan Buminata, awit margi sangking gènipun angèthèrakên ladosanipun paos tigang pasokan ing wulan [wula…]

--- 128 ---

[…n] Siyam Jimakir puniki, saha sampun mantun dados rencang kula dêmang, saudara sumêrêp angistokêna utawi ambiyantonana, mênggah panggantunge siti ing Kêbon Agung kang lèr gadhuhanipun Ngabèi Pranayuda, mênggah lênggahipun ing parêdèn igih[23] taksih lulus, sawab ingkang paring palênggahan rêdi kangmas Gusti Kangjêng Panêmbahan. Ananging pun Pranayuda punika wau kula dèrèng suka mantuk dhatêng ing dhusun. Sawab dening sadèrènge rampung ing prakawis anak sadhèrèkipun yèn adamêl ribêd èwêd ing dhusun. Wondèntên saudara asuka uninga dhatêng kula yèn dêmang mekrad sampun kancêpakên kadêmanganipun, wontên dhusun Kêbon Agung Kidul. Utawi pun Jayuda sampun lulus pacotipun. Punapa malih pun Dêmang Surawijaya sampun kancêpakên kadêmanganipun wontên dhusun Panggul Lèr, sitènipun Jayasêmitra, wondèntên pun Wiyantên sampun kagantung, ingkang punika saudara inggih ugi sakalangkung pintên-pintên tarima kasih kula dhatêng saudara, dèntên sadayanipun dêmang bêbêkêl kang sami kabawah dhatêng kula igih sampun sami lumabêt[24] dhatêng wontên ing ngajêngan kula, saha sampun sami kula lilani mantuk kang sampun sami rampung ing lêladosanipun paos.

Sinêrat ing Surakarta Rêbo ping 6 wulan Sawal Jimakir taun ăngka[25] 1754.

Kajêng Pangeran Arya Adinagara. Ta.

__________

--- 129 ---

64.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe, sangking ingkang saudara Kangjêng Pangeran Ariya Adinagara, têrang ing saudara Kangjêng Tuwan Hèndrik Magilapri, risidhèn ing Surakarta Adiningrat. Têrang kangmas Gusti Kangjêng Panêmbahan Buminata, sayogya dhumatêng saudara Tuwan pan Plisingên upsindêr ing Pacitan. Sasampuning kadya ing sapunika, wiyosipun kula sampun anampèni saha sêratipun saudara, ingkang katitimangsan ing Pacitan kaping 20 ing wulan Sawal Jimakir taun ăngka[26] 1754. Saha sampun kula tupiksani, ing suraosing sêrat wau sadaya, saudara asuka uninga dhumatêng ing kula, aprakawis anggèn kula angitunakên[27] badhe dêmang pun Kêrtasêntana ing Bodhag. Ingkang anggêntosi ing lêlampahanipun Dêmang Sêtradipraya ing Wiyantên siti kalih jung, ing wusananipun saudara botên kadugi nanêm. Awit margi sangking dèrèng têrang ing saudara, Kangjêng Tuwan Hèndrik Magilapri risidhèn ing Surakarta Adiningrat. Utawi dèrèng têrang kangmas Gusti Kangjêng Panêmbahan Buminata, ingkang punika saudara igih sampun kula têrangakên ing kalih-kalihipun. Igih sampun sami [sa…]

--- 130 ---

[…]mi parêng ambiyantoni utawi sami paring pratăndha cap. Saudara igih tumuntên anjurung angèstokêna, mênggah ancêpipun dêmang pun Kêrtasêntana wontên ing Wiyantên măngsa barong saudara, kalihdene punapaa saudara têka botên suka kabar, utawi asuka sêrat. Mênggah panggantungipun siti ing Kêbon Agung lèr ing lêlampahipun dêmang Pranayuda, punapa igih tasih èwêd punapa sampun lêstantun. Ingkang punika sangêt ing pêngajêng-ajêng kula, punapadene ingkang saupami wontên ukantên ing kalêpatan, saudara igih sami apuntên-ingapuntên.

Sênèn kaping 3 wulan Dulkangidah Jimakir taun ăngka[28] 1754.

Kajêng Pangeran Ariya Adinagara. Ta.

__________

65.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe, sangking ingkang saudara Kangjêng Pangeran Ariya Adinagara, sayogi dhumatêng ingkang saudara Tuwan pan Plingsingên upsindêr ing Pacitan. Sasampuning kadya ing sapunika, wiyosipun.

Sarèhning kula tapi[29] atur pratelanipun rencang kula dêmang ing Panggul Radèn Suradiwirya, awit margi sangking anggènipun anampèni, ing gadhahan kula walêd paos ing Panggul wulan [wula…]

--- 131 ---

[…n] Mulud Jimakir puniki, ananging warni pantun kathahipun tiga wêlas amêt. Mênggah etangipun gadhahan kula walêd paos siti kalih jung ing Panggul. Ingkang dipun lampahi Dêmang Jayasêmitra, kawit ingetang wulan Mulud Mwawhu[30] dumugi ing wulan Mulud Jimakir, kathahipun satus tigang dasa reyal pajêg. Ing sapuniki kula anampèni walêd paos awarni pantun kathahipun tiga wêlas amêt. Ingkang punika mênggah pantun tiga wêlas amêt wau kula sukakakên dhatêng saudara, kadamêla ingoning kapal têtupakanipun[31] saudara.

Sinêrat ing Surakarta Sêtu kaping 7 Dulkangidah Jimakir. Ăngka[32] 1754.

Kangjêng Pangeran Ariya Adinagara. Ta.

__________

66.

Ingkang sêrat sarta ingkang tabe sangking ingkang saudara, Kangjêng Pangeran Ariya Adinagara, ing Surakarta Adiningrat. Sayogi dhumatêng ingkang saudara Tuwan pan Plisingên upsindêr ing Pacitan. Sasampuning kadya ingkang sapunika wiyosipun.

Sarèhning kula mirêng kabar ingkang dèrèng yakim,[33] mênawi pun Pranayuda wau agadhah ambêk, purun-purun amêdalakên yatra pambutut dhatêng siti kalih jung ing Kêbon Agung lèr, ingkang sampun dados ing gêgantunganipun saudara, ingkang punika [puni…]

--- 132 ---

[…ka] saudara tumuntên aputusana niti pirsa, dhumatêng tiyang siti dhusun kalih jung ing Kêbon Agung lèr ingkang sampun dados gêgantungan wau, mênawi pun Pranayuda wau sayêktos agadhah ambêk purun-purun, kados ungêlipun sêrat kula ingkang sampun kasêbut ing ngajêng wau punika, dados têtêp pun Pranayuda wau gènipun apurun-pun[34] ambaèkakên dhawahipun saudara ingkang sampun têrang i[35] parentah agêng, utawi têtêp anggènipun adamêl risaking gadhahan kula siti dhusun. Ingkang punika saudara mênggah wêdalipun yatra pambutut siti gantungan, ingkang sampun katampèn dhatêng pun Pranayuda wau sapintêna angsalipun, inggih kapundhut kagantunga dhatêng saudara, saudara tumuntên aputusana atur uninga amawi sêrat, ingkang sayogi katur ing saudara jêngandika kangmas Kangjêng Gusti Panêmbahan Buminata.

Ingkang kalihdene mênggah siti kalih jung ing Kêbon Agung lèr, ingkang sampun dados ing gêgantunganipun saudara, mênggah wêdalipun paos ing wulan Siyam Jimakir puniki, lêrêsipun igih ugi saudara, ingkang punika saudara mênggah ing ungêlipun sêrat kula ing ngajêng wau sadaya, ingkang saupami wontên tuna lêpatipun, ingkang mugi-mugi wontêna maklum apuntênipun saudara.

Ing wusananipun kula angituni pêksi dara gondhok kalih, dhumatêng saudara.

--- 133 ---

Ing Surakartêkênmis[36] kaping 27 wulan Dulkangidah Jimakir taun ăngka[37] 1754.

Kajêng Pangeran Ariya Adinagara. Ta.

__________

67.

Ingkang sêrat saha ingkang taklim Radèn Ngabèi Sindusastra patih ing Kapurbayan, sayogi katur dhatêng ingkang rayi Mas Tumênggung Jagakarya ingkang pilênggah nagari ing Pacitan.

Sasampuning kadya sapunika wiyosipun kula ngaturi uninga dhatêng adhimas tumênggung. Yèn pun Dêmang Suraniti kengkenan dhatêng nagari sarta ambêkta yatra kalih dasa ringgit, jujugipun wontên kănca kula lurah kabayan pun Wăngsakarya, sarêng pun Wăngsakarya lapur dhatêng kula lajêng kula kèn nulak kimawon. Sabab aturipun paman Ngabèi Jagamêrta dhatêng kula, manawi wontên kengkenanipun Dêmang Suraniti, sapintêna gènipun bêkta yatra, manawi botên bêkta sêratipun adimas[38] tumênggung kula dipun kèn mangsulakên.

Kalih dening malih kala Kyai Ngabèi Jagamêrta taksih wontên Pacitan. Kula kadhatêngan sêrat gugatipun kănca rêdi ing Lorog Mas Dêmang Kartasudira. Mungaling[39] sêrat, pun Suraniti katêrka ngingu pandung. Malah kalêpatanipun Suraniti sampun asok dhêndha dhatêng rêdinipun. Punika Mas Dêmang [Dê…]

--- 134 ---

[…mang] Kartasudira taksih botên tarima. Kêdah nyuwun paukumaning parentah ingkang dhatêng pun Suraniti. Wondening sêratipun Mas Dêmang Kartasudira wau, lajêng katur ing sampeyan dalêm kangjêng gusti, kangjêng gusti sakalangkung dukanipun. Kagalih manawi pun Suraniti sayêktos yèn ngingu tiyang awon, sabab kacina dening sampun asok dhêndha dhatêng prikănca rêdi, mênggah yêktosing kalêpatanipun Dêmang Suraniti.

Dhawuh dalêm kangjêng gusti, lêrês lêpatipun Dêmang Suraniti, lajêng kawêsesakakên pisan dhatêng prikănca rêdi Mas Dêmang Kartasudira.

Wondene ingkang wau, kula sampun utusan saha mawi sêrat paring uninga dhatêng Kyai Ngabèi Jagamêrta paring uninga mênggah atur gugatipun prikănca rêdi dhatêng Dêmang Suraniti wau, sarta andhawahakên ingkang dados dêduka dalêm wau, ananging sêrat kula kapêthuk margi kalih Kyai Ngabèi Jagamêrta, sêrat lajêng kabêkta wangsul kimawon.

Punika rêmbagipun Kyai Ngabèi Jagamêrta, kenging botên kula dipun kèn ngaturi sêrat pratela dhatêng adhimas tumênggung sarta dhatêng Tuwan Sêplingên, mila kula inggal ngaturi sêrat pratela. Ingkang punika katuripun dhatêng Tuwan Sêplingên kula sumanggakakên ing adhimas tumênggung.

Manawi prikănca rêdi botên sagêd angrampungi, ingkang dados dêduka dalêm dhatêng pun Suraniti wau punika, sakathah-kathahipun inggih kula sumanggakakên ing adhimas tumênggung. [tumêng…]

--- 135 ---

[…gung.] Sêmantên malih manawi adhi mas tumênggung botên sagêd ngrampungi ingkang dados karsa dalêm, pun Suraniti kula suwun naming kagiringa lumêbêt dhatêng nagari kimawon.

Kasêrat ing Surakarta kaping 28 Dulkaidah Jimakir, ăngka[40] 1754.

Sajawining titimăngsa, ingkang bêkta sêrat punika inggih tiyang ing Lorog, sami gadhah atur panuwun, kula tulak dhatêng rêdi utawi dhatêng adhimas tumênggung.

__________

68.

Kawula abdi dalêm Ngabèi Săntaprawira, mantri magêrsantun ing Sêsela, ingkang amugi konjuka ing sangandhapipun sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Amangkunêgara, ridêr kulnèl kumêndham.

Ingkang kawula aturakên gusti, kala ing dintên Kêmis Kêliwon tanggal kaping gangsal wêlas ing wulan Dulkangidah, ing taun Jimakir punika. Yèn abdi dalêm kănca kawula lurah prajurit, anami pun Singamênggala, kacêpêng dhatêng pun Jayapranata. Dêmang dhipisi ing Purwadados, lajêng abdi dalêm kănca kawula lurah prajurit wau, kabêlok sukonipun kalih pisan, ngatos[41] dumugi ing sapunika. Mênggah prakawisipun kadakwa, yèn bêrandhal ing salêbêting pagriyanipun [pagriyani…]

--- 136 ---

[…pun] Jayapranata piyambak, ingkang punika salamènipun wontên ing kawula. Abdi dalêm pun Singamênggala wau, dèrèng wontên gugat, sêrêgipun dhatêng ing kawula. Utawi malih panyêpêngipun inggih botên mawi atêpang rêmbag kalayan kawula. Dene anilar adat ingkang sampun kêlampahan, mila sangêt kagètipun manah kawula. Utawi abdi dalêm kănca kawula tiyang alit inggih sami dados ayêg[42] manahipun sêdaya. Rumaosipun yèn ingkang wau sami anglampahi dados kêraman sêdaya. Ingkang punika gusti, sangêt-sangêt panuwun kawula, ing panjênêngan dalêm. Sangking ajrih kawula kaabdèkakên, bokmênawi bibrah nalaripun abdi dalêm kănca kawula tiyang alit sêdaya. Sabab ingkang wau sampun sami uninga, undhangipun ing priyantun ingkang agêng-agêng, bawah Grobogan Purwadados, ing Sêsela sêdaya. Ingkang sami dhèrèk dados bêrandhal, sami dipun ngapuntên sêdaya. Wondèntên ingkang botên angsal ngapuntên namung tiyang têtiga. Satunggil Pangeran Serang, kalih Dèn Mas Sungkur, tiga Dèn Topèng. Liya sangking punika sami kadhawahan angsal pangapuntên sêdaya. Mila sami têtrêm,[43] kèndêl anggènipun sami brandhal. Ing mangke sarêng abdi dalêm pun Singamênggala kacêpêng prakawis anggènipun dados bêrandhal, sangêt rongak-rongakipun abdi dalêm tiyang alit sêdaya. Mila kawula inggal angunjuki uninga ing sampeyan dalêm.

--- 137 ---

Sinêrat ing dintên Rêbo tanggal kaping 3 wulan Bêsar taun Jimakir ăngka 1754.

__________

69.

1.

Aturipun Babah Gampang.

Atur kawula tiyang Cina pun Babah Sim Gampang, tukang pak apwun[44] ing Kêdhungwiyar tanah ing Sêmbuyan, kawula nyuwun adil priksanipun ing parintah agêng ing kadipatèn Kamangkunêgaran, aprakawis gènipun nyêpêng cêmêngan pêtêng kănca kawula tiyang Cina pun Babah Sênèn, wontên pêkên pun Wulu, gadhahanipun Kyai Dêmang Brajakartika ing Sambiradin, ingkang margi dipun wade Biyang Cèkli ing Sêmugih, punika andadosakên ing rugènipun gèn kawula nyêpêng pak cêmêngan wontên Kêdhungwiyar, wondèntên rugi kawula sampun 300 ringgit, ingkang punika kawula sumăngga ingkang dados karsanipun parintah agêng ing kadipatèn Kamangkunêgaran. Katur ing parintah Dulkaidah tanggal ping 17 ing taun Jimakir angkaning warsa 1754.

__________

--- 138 ---

2.

Aturipun tiyang Cina Babah Sênèn tukang pak ing Wulu.

Atur kawula Babah Sênèn tukang pak cêmêngan ing Wulu kaatura Lurah Babah Gampang tukang pak agêng ing Kêdhungwiyar, wontên dene ingkang kawula aturakên kala ing dintên Ngahat Lêgi ing Sasi Sawal tanggal kaping 17 ing taun Jimakhir, angkaning warsa 1754. Kula sade cêmêngan wontên pêkên Wulu sarêng wanci pêkên Têmawon têka wontên tiyang tumbas cêmêngan sanès sangking cêmêngan kawula sarêng kawula tingali wontên tiyang ingkang anyadèni cêmêngan pêtêng alajêng kawula cêpêng cêmênganipun sarta bagêmipun, wondene tiyang ingkang sade cêmêngan pêtêng wau, tiyang sangking siti dhusun ing Sêmugih namane Biyang Cèkli, sarêng kawula pitanglêti wicantênipun cêmêngan sangking Mas Dêmang Brajakartika ing Sambiradin, sarêng kawula yêktosakên Mas Dêmang Brajakartika angakêni kengkenan sade cêmêngan wontên pêkên i Wulu, lajêng kawula saitakên dhatêng tiyang prêpat măncagangsal wontên dene tiyang ingkang sami anyaidi pratelanipun ing ngandhap punika.

1. Jayuda bandar ing Wulu.

2. Kyahi Wăngsadipura ing Wulu.

--- 139 ---

3. Dêmang Săntamênggala ing Sambiradin.

4. Kyahi Sutadrana ing Têrung.

5. Singasuta ing Nglangse.

6. Mas Surasêntika ing Nglaran.

Wondene cêmêngan ingkang kawula cêpêng wau, inggih lajêng dipun gantung dhatêng prêpat măncagangsal ingkang sami anyaidi. Atur kawula angajêng punika sêdaya, mênggah lajêng katuripun ing parentah agêng, ing nêgari Surakarta. Kawula sumăngga Lurah Babah Gampang tukang pak ing Kêdhungwiyar.

Katur ing parentah kala ing dintên Sêlasa Lêgi, ing sasi Dulkaidah tanggal kaping 17 ing taun Jimakhir, angkaning warsa 1754.

Kula Babah Gapang.[45]

__________

3.

Paturanipun Dêmang Brajakartika.

Atur kawula Kyai Dêma[46] Brojangkartika,[47] ing Sambiradèn. Kawula kapriksa ing parentah agêng, kawula tinêrka agadhah cêmêngan. Ingkang dipun sade dhatêng Biyang Cèkli, wontên ing pêkên pun Wulu, lajêng dipun cêpêng dhatêng tiyang Cina awasta pun Babah Sênèn. Pak apyun ing Wulu, kawula batên, yêktos kawula dipun têdhèni pitulung dhatêng Biyang Cèkli,

--- 140 ---

kawula dipun kèn anêpangi dhatêng pun Babah Sênèn, anêbus ing gadhahanipun cêmêngan Biyang Cèkli wau punika, kêlampahan kawula amanggihi dhatêng Babah Sênèn, wontên ing griyanipun Ki Sutamênggala ing Wulu, kalihan Biyang Cèkli inggih kula bêkta, lajêng kawula agadhah pitêmbung dhatêng Babah Sênèn. Sarèhning Biyang Cèkli sampun rumaos têtêp ing kalêpatanipun, angsalipun wade apyun pêtêng, apyun wau kinginga dipun têdha kalayan anêbus arta, wangsulanipun Babah Sênèn batên suka, anjawi yèn apyun wau dadosa gadhahan kawula piyambak, inggih dipun sukakakên kimangwon[48] dhatêng ing kawula, sarèhning Babah Sênèn sampun batên suka, lajêng kula mantuk liya punika kawula batên uninga, naming punika atur kawula.

__________

4.

Aturipun Biyang Cèkli.

Kala ing dintên Sanèn[49] tanggal ping 22 wulan Bêsar taun Jimakir oning[50] warsa 1754, kawula Kyai Nursewan, anyêrati aturipun Biyang Cèkli, ing ngandhap punika aturipun kaatura. Kawula kapriksa ing parentah agêng, ing ngandhap punika atur kawula.

Atur kawula Biyang Cèkli, griya kawula ing dhusun Sêmugih, kawula dipun têrka awadi apyun pêtêng dhatêng Babah Sênèn.

--- 141 ---

Kawula inggih yêktos lajêng kawula matur dhatêng Babah Sênèn. Yèn apyun punika gadhahanipun Kyai Dêmang Brojakartika ing Sambiradin, dêrmi kemangwon kawula wadi wit saking parentahipun Kyai Dêmang Brojakartika ing Sambiradin. Lajêng kawula dipun printahi dhatêng Babah Sênèn, andhatêngakên Kyai Dêmang Brojakartika ing Sambiradina[51] lajêng kawula matur dhatêng Kyai Dêmang Brojakartika ing Sambaradin,[52] yèn gadhahan sampeyan apyun dipun cêpêng dhatêng Babah Sênèn, lajêng Kyai Dêmang Brojakartika pautusan dhatêng ing Wulu ingkang dipun utus. Ki Singamênggala, lajêng Ki Singamênggala dhatêng ing Wulu, anêdha ing gadhahanipun apyun Kyai Dêmang Brojakartika ingkang dipun cêpêng dhatêng Babah Sênèn wau, Babah Sênèn batên suka, anêdha dhatêngipun Kyai Dêmang Brojakartika lajêng Kyai Dêmang Brojakartika inggih dhatêng wontên ing Wulu, apanggihan kalih Babah Sênèn. Lajêng Babah Sênèn tanglêd dhatêng Kyai Dêmang Brojakartika punapa yêktos apyun ingkang dipun bêkta dhatêng Biyang Cèkli punika gadhahan sampeyan. Wangsulanipun Kyai Dêmang Brojakartika inggih yêktos, yèn apyun ingkang kula bêktakakên Biyang Cèkli yêktos gadhahas[53] kula, lajêng dipun têdha dhatêng Kyai Dêmang Brojakartika.

Wondèntên lajêng-lajêngipun kawula batên priksa, naming punika atur kawula.

__________

--- 142 ---

5.

Sêrat Aturipun Sêksi.

Kala ing dintên Sêlasa tanggal kaping 16 ing wulan Bêsar taun Jimakir, angkaning warsa 1754.

Kawula Kyai Nursewan, anyêrati paturanipun sêksi Ki Sutamênggala. Ing ngandhap punika aturipun.

Atur kawula Ki Sutamênggala ing dhusun Wulu. Kala ing dintên Lêgi kawula atampi pisaidipun Babah Sênèn suwang. Sabab pun Babah Sênèn wau, anyêpêng apyun pêtêng. Ingkang gadhah apyun wau Biyang Cèkli, griyanipun ing Sêmugih bawah ing Ngayogja. Punika aturipun Biyang Cèkli dhatêng Babah Sênèn, kula dêrmi kimawon awade apyun. Kula dipun utus dhatêng Brojakartika ing Sambiradin. Angsal kawula mêndhêt ing Unggi ingkang gadhah Păncajiwa, ing Ujung Tawangrêja. Sarèhêning Biyang Cèkli wau dêrmi dipun utus dhatêng Brojakartika, lajêng dipun kèn dhatêngakên dhatêng Ki Brojakartika. Pun Biyang Cèkli lajêng mantuk dhatêng ing Sambiradin. Asanjang yèn apyunipun dipun cêpêng dhatêng Babah Sênèn, lajêng Ki Brojakartika utusan dhatêng pêkên Lêgi wau. Ingkang dipun utus Ki Kriyadikara, angundang dhatêng pun Babah Sênèn. Babah Sênèn mopo botên purun, sabab sampun pisait dhatêng ing kawula, kêtungkulan ing prapat lajêng utusanipun Ki Brojakartika wau, dipun wangsuli dhatêng Babah Sênèn.

--- 143 ---

Yèn Ki Brojakartika têmên-têmên sagêda kêpanggih kalih kula. Lajêng Brojakartika dhatêng sami têpangan wontên ing Wulu. Panggihan kalih Babah Sênèn, sarta kawula lajêng Brojakartika atakèn dhatêng Babah Sênèn, napa nyata dika nyêkêl apyun kang digawa Biyang Cèkli. Babah Sênèn wangsulanipun inggih yêktos. Kula nyêkêl apyunipun Biyang Cèkli. Wangsulanipun Ki Brojakartika, puniku dêrma Biyang Cèkli kula kongkon, kang gadhah apyun punika kula. Apyun wau dipun têdha dhatêng Ki Brojakartika. Babah Sênèn botên suka, lajêng Ki Brojakartika amicantên dhatêng Biyang Cèkli. Prakara apyunku iku măngsa bodhoa wong kaya kowe. Biyang Cèkli kolèhmu undur-uduran[54] karo Si Babah Sênèn kawitane wêruh apyunku dicêkêl Si Babah Sênèn. Têka ing kowe mulane wêruh sabab kadola ing pasar Biyang Cèkli botên ngakên wade, dangu diya-diniya lajêng Brojakêrtika mantuk Biyang Sèkli[55] igih mantuk sampunipun sami mak[56] Biyang Cèkli wau, lajêng utusan dhatêng i griya kawula ing Wulu, ingkang dipun utus Ki Tawăngsa, têmbungipun utusan Ki Kêrtawăngsa wau, Biyang Cèkli anêbut batên têrima, yèn kula gadhah sêmêngan[57] dipun cêpêng dhatêng Babah Sênèn. Tanpa dosa wontênana[58] ing pundi-pundi inggih gadhahan kula inggih kula têndha,[59] lajêng Babah Sênèn utusan dhatêng Sambiradin abucal pisaid. Dhatêng Ki Săntamênggala, lajêng utusan malih dhatêng ing Têrung dhatêng Ki Sutadrana, igih [i…]

--- 144 ---

[…gih] abucal pisaid, nutên[60] Babah Sênèn mantuk sangking Wulu dhatêng ing Kêdhungwiyar, lajêng wangsul dhatêng ing Wulu malih abêkta Ki Trimalêksana, sarêng dumugi ing Wulu Ki Trimalêksana wau, lajêng utusan dhatêng ing Sambiradin, amanggihi dhatêng Brojakêrtika Ki Brojakartika suwêng batên ing griya sajangipun[61] ingkang èstri, kesah dhatêng barisan Tawangrêngja, lajêng Ki Trimalêksana kalih Babah Sênèn sami mantuk dhatêng Kêdhungwiyar, wondèntên apyun kalih têngah wawrat wau, kagantung dhatêng prapat têtiga, ing Sambiradin. Kalih prapat ing Têrung tiga prapat ing Wulu, sêkawan prapat ing Nglaran.

Naming punika uninga kawula sampun têlas atur kawula.

Wah atur kawula Jayuda ing Wulu. Bandar.

Wah atur kula Dêmang Sontomênggala ing Sambiradin bawah ing Surakarta.

Wah atur kawula Mas Surasêntika ing Nglaran bawah Kamangkunêgaran.

Tiyang tiga punika aturipun inggih sami kados paturipun Ki Sutamênggala ingkang sampum[62] mungêl ing nginggil wau punika, kalayan sami purun anyanggi supaosipun.

Ye Kyai Brojakartika awade apyun pêtêng, amargi apyun ingkang dipun wade dhatêng Biyang Cèkli.

__________

--- 145 ---

6.

Paturan Panrimahipun Babah Gampang.

Atur kawula pun Babah Gampang, kaatura dhumatêng ing parentah agêng, ing Kadipatèn Kamangkunêgaran.

Ingkang kawula aturakên ingkang awit sangking atur gugat kawula, dhatêng pun Dêmang Brajakartika, kawula manut trima punapa ingkang dados pangadilan dalêm ing Kamangkunêgaran.

Punika tăndha asta kawula, kawula pun Babah Gangpang.[63]

__________

7.

Sêrat badhe Karampungan ing Prakawis.

Atur kawula Ngabèi Suradikrama. Mupakat sakănca kawula abdi dalêm pinisêpuh ing Kadospatèn Kamangkunêgaran sêdaya.

Sampun kawula anêpangakên ing atur gugatipun tiyang Cina pun Babah Sim Gampang. Dhatêng Dêmang Brajakartika ing dhusun Sambiradin bawah Surakarta ing mangke dados rèhing Kamangkunêgaran. Awit sangking gugatipun tiyang Cina pun Babah Sênèn, pak apyun alit ing dhusun Wulu, yèn Dêmang Brajakartika ginugat awade apyun pêtêng, saha kacêpêng ing nyinanipun [nyinanipu…]

--- 146 ---

[…n] apyun sawadhahipun bagêm satunggil. Kala panyêpêngipun apyun sawadhahipun wau, amargi sangking tanganipun bakul awasta Biyang Cèkli. Ingkang dados pitajêngipun wau Dêmang Brajakartika. Nalika apyun kacêpêng sawadhahipun wau, Biyang Cèkli sagêd andhatêngakên Dêmang Brajakartika, inggih ugi Dêmang Brajakartika angakêni apyun wau gadhahanipun piyambak. Lajêng pun Babah Sênèn ambucal pisait dhatêng prapat măncagangsal anêksèni ing pangakênipun wau Dêmang Brajakartika.

Sarêng kawula priksa Dêmang Brajakartika sabab ginugat wau, aturipun mungkir.

Anuntên pun Babah Sim Gampang kawula kèn andhatêngakên sêksi bayinatipun, ing nalika pun Babah Sênèn anyêpêng apyun ing sadhatêngipun sêksi bayinat wau, lajêng kawula priksani.

Aturipun inggih sami kadosdèntên atur gugatipun Babah Sim Gampang.

Ingkang amargi sangking gugatipun Babah Sênèn, saha sami purun angurêbi imbar supaosipun, angsalipun anêksèni ing pangakênipun wau Dêmang Brajakartika.

Ing mangke Dêmang Brajakartika têtêp kawon, sabab karêbahan sangking sêksi bayinatipun, pun Babah Sênèn têtêp mênang. Sabab akanthi cêksi[64] bayinat. Pun Dêmang Brajakartika têtêp kawon, sakawonipun Dêmang Brajakartika, kapatrapan [kapatra…]

--- 147 ---

[…pan] dhêndha arta. Dèntên mênggahing patrapanipun inggih ugi kadosdèntên ungêl-ungêlanipun kagungan dalêm sêrat undhangipun kangjêng gupêrmèn.

Ingkang sampun sami kalimrahakên saha kagadhuhakên dhatêng Ondêr Paktêr sakancanipun ing nêgari dalêm bawah Surakarta.

Wondèntên ing têmbe wingking mênawi pun Dêmang Brajakartika anggadhahi atur, ingkang tunggil kalayan prakawis punika, sampun botên kadamêl dados. Sabab sampun kadamêl rampung ing ngajêng wau punika.

Sêdaya atur kawula ing nginggil wau punika, ing mangke punapa ingkang dados parêngipun kêrsa dalêm.

__________

70.

Pèngêt, ingkang sêrat, sarta ingkang tabe pakurmatan sangking Kangjêng Pangeran Arya Natapura ingkang jumênêng sinatriya wontên salêbêting nagari dalêm karaton ing Surakarta Adiningrat. Dhumatênga ingkang saudara Tuwan van Visingên upsindêr ing Pacitan. Sasampuning kadya sapunika awiyos, kula asuka uninga ing saudara, yèn prakawis sêrêg gugatipun pun Dêmang Mêrtadipura sakpunika sampun karampungan dhumatêng bapak, Kajêng Panêmbahan Buminata. Sarta abdi dalêm prayayi mantri jêjênêng jêgsa [jê…]

--- 148 ---

[…gsa] ing kadipatèn ing Kabuminatan. Tuwin pun Dêmang Kartasudira sami wontênipun, dene lalêrêsan wau, pun Martadipura botên angsal sêrêg gugatipun. Sawab kawastanan salaya, wiwit lan wêkasanipun, awit dene unglêling[65] sêrat gugat siti kalih jung, piyambake amung ambêkêli siti sakikil, sarta sampun angakêni, yèn botên angladoseke[66] lêladosane pajêg, siti sajung sakikil wau lan angakêni yèn botên kasukakakên ing rêdinipun, piyambakipun têtêp lalênggah siti sakikil, ananging siti sakikil wau, sampun kaaturakên wontên ing asta kula, sarta anyukani sêrat pratăndha cap dumuk, mungal siti sakikil kaaturakên ing kula, pamukiripun Mêrtadipura, botên rumaos angêcapi dumuk. Dhawahing adil abdi kula ingkang nyêrati, aturipun pun Mêrtadipura wau, utawi ingkang sami anguningani, ênggènipun ngêcapi dumuk Mêrtadipura, sami asupata, dados têtêp ing kawonipun pun Mêrtadipura, sarta kula mangsulakên yatra pajêg, sangking dhawahing parentah, pajêg ing wulan Siyam, pun Mêrtadipura inggih sampun narima, kasêksèn prayayi jêgsa Kadipatèn Kabuminatan, lan pun Dêmang Kartasudira, ingkang punika panêdha kula dhatêng saudara, mugi kasukakna dhumatêng bocah kula pun Ngabèi Yudadipura, siti sakikil ing gêndera wau. Ti.

Ing Surakarta ping walu[67] likur Bêsar Jimakir oka[68] 1754.

__________

--- 149 ---

71.

Ingkang sêrat saha ikang[69] tabe kathah-kathah, sangking ingkang saudara Radèn Mas Ariya Prawirabrata, ingkang palênggah panêgari dalê[70] ing Ponaragi, dhatênga ingkang saudara tuwan pad[71] Plisingên upsindêr, ingkang palênggah panêgari Pacitan. Sasampuning kadya sapunika awiyosipun, saudara asuka sêrat inggih sampun dhatêng kula, saha kula tupiksani sawiraosipun ing sêrat kula inggih sampuna mangêrtos sadaya, anaming botên liyan saudara anêdha sêjata[72] pitulung tiyang ingkang sagêd adamêl baita, tiyang tanah ing Ngawi, inggih sakêlangkung tarima kasih kula saudara, wondening tanah kula pun Ponaragi botên wontên tiyang ingkang sagêd damêl baita, wondening kula asuka pirêmbag dhatêng saudara, tiyang Ngawi punika dede bawah kula bawah Ngayogya, ingkang mugi saudara asukaa sêrat dhatêng Radèn Răngga Prawiradirja ing Madiun. Punika kados anutên[73] egalipun,[74] punika pirêmbag kula dhatêng saudara, ingkang punika wontên pakèwêdipun tiyang dede bawah kula, priyogi asukaa sêrat dhatêng tuwan-tuwan ingkang wontên Ngawi inggih saklangkung dening prayogi.

Sinêrat Pranaragi Rêbo ping 15 Sura Alip taun ăngka[75] 1755.

__________

--- 150 ---

72.

Atur tabe kula kaurmatan ingkang akathah-kathah, Kangjêng Pangeran Ariya Adinagara, kaatura ing saudara Kangjêng Tuwan Kurnèl Naès, residhèn ing Surakarta Adiningrat.

Ingkang kula aturakên aprakawis Tuwan Kapitan Sêtrandorop, gènipun anggadhuh kagungan dalêm siti dhusun ing Nglaban karya satus kalêbêt anakipun kalih, kula pundhuti yatra pasumbang wolung prangkat saprangkatipun siti sajung bayaripun kalih ringgit. Ingkang kawan prangkat kala sinuhun mantu Ratu Kêdhaton kala ing taun Bhe, tugil[76] taun kala mantu Pangeran Natapura, kaping tiga kala ing taun Wawhu sinuhun mantu Pangeran Adikusuma, kaping sêkawan kala ing taun Jimakir sinuhun mantu Pangeran Danupaya.

Sumantên malih mênggah pamundhut kula yatra pasumbang piyambak, kala ing taun Dal kula mantu anak kula Dèn Ajêng Cuki, kaping kalih kala ing taun Bhe jumênêngipun anak kula Dèn Ayu Anèm. Kaping tiga kala ing taun Wawhu kula mantu anak kula Dèn Ajêng Sarag. Kaping sêkawan kala ing taun Jimakir kula mantu anak kula Dèn Ajêng Aminah, jangkêp wolung prangkat yatranipun dados 384 ringgit, punika kula pundhut sapindhah kaping kalih jangkêp kaping tiga, aturipun Tuwan Kapitan [Kapi…]

--- 151 ---

[…tan] Sêtrandorop mopo botên purun anyukani.

Ingkang kalihdene Tuwan Kapitan Sêtrandorop agadhah panuwun dhatêng ing kula, mênggah panyêpêngipun kagungan dalêm siti dhusun ing Nglaban karya satus kasuwun lajêngipun. Sagah anyukani yatra bêktèn dhatêng ing kula kathahipun 500 ringgit, ananging nyuwun jangji tepo[77] sangang taun kawrata wontên ing sêrat saha mawi cap. Ingkang punika inggih sampun kula sukani ing sapanêdhanipun Tuwan Kapitan Sêtrandorop punika wau, wondening yatra 500 ringgit, ingkang sumêrêp bêkti punika wau Tuwan Kapitan Sêtrandorop sampun kula sêrêpakên. Mênawi badhe kula saurakên ing sambutan kula dhatêng Tuwan Sêtapêl Sêmit. Tuwan Kapitan Sêtrandorop inggih sampun anyagahi, mênggah rampungipun ing prajangji sumanggêmipun Tuwan Kapitan Sêtrandorop. Gènipun badhe bayar yatra ing sêsambutan kula dhatêng Tuwan Sêtapêl Sêmit punika wau kala ing wulan Rêjêp tanggal kaping 4, kantos dumugi ing sapuniki sambutan kula dhatêng Tuwan Sêtapêl Sêmit punika wau dèrèng dipun bayar, ingkang punika sarèhning ing prajangji rampungipun kala ing wulan Rêjêp, mêgah[78] sarêmanipun ing sêsambêtan kula dhatêng Tuwan Sêtapêl Sêmit punika wau, kawit ing wulan Rêjêp sapanginggilipun inggih kabayara dhatêng Tuwan Kapitan Sêtrandorop. Mênawi bontên[79] kalampahan panêdha kula dhatêng Tuwan Kapitan [Kapita…]

--- 152 ---

[…n] Sêtrandorop ingkang sampun kasêbut ing ngajêng wau sadaya, kula botên suka botên narima mênggah rampungipun sambutan kula dhatêng Tuwan Sêtapêl Sêmit saetangipun ing sarêman. Utawi yatra pasumbang ingkang wolung prangkat ingkang tasih wontên Tuwan Kapitan Sêtrandorop. Kula suwun mêdala sangking pangwasanipun saudara Kangjêng Tuwan Kurnèl Naès, residhèn ing Surakarta Adiningrat.

Kasêrat Ngadinagaran kaping 23 Safar Alip, ăngka[80] 1755.

Kajêng Pangeran Ariya Adinagara. Ta.

__________

73.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe kathah-kathah, Kangjêng Pangeran Mayor Ariya Cakradiningrat ing Kadhiri, katura ingkang saudara, Kangjêng Tuwan Kolnèl Ridrê Abrêt Gerar Naus, saha residhèn ingkang palênggah nagari ing Surakarta Adiningrat.

Sasampuning ingkang kadya punika wiyosipun, kula sampun anampèni, saha anupiksani paringipun sêrat saudara, sêrat undhang ingkang katitèn ing Surakarta ping 1 Oktobêr, ing taun puniki, sarta punapa saungêling sêrat. Kula sampun mangartos sadaya, wondene saudara paring

--- 153 ---

sêrat undhang, paringipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana, gunggung sêrat undhang 8 wau sêrat undhang 8 sangking prentahipun saudara, kula kakêrsakêkan mêradinakên utawi anglimrahakên dhumatêng sawêrnènipun sabawah kula tanah Surakarta, utawi tanah Ngayogya. Ingkang punika saudara, sêrat undhang sampun kula wêradinakên saha sampun kula mufakatakên dhumatêng tiyang bawah ing Surakarta, kang tanah măncanagari bangwetan sadaya, atur kula saha aturipun sabawah kula sadaya, sami nuwun sandika, saha anglampahi ingkang klawan têmên-têmên. Punapa ingkang kasampun kang kasêbut paringipun sêrat undhang, kangjêng tuwan ingkang wicaksana komasaris jendral. Anangi[81] prikănca măncanagari bawahing Ngayogya dèrèng ngantos kula wradini sêrat undhang wau, sawab dene sarêng kula utus dhatêng Pangeran Răngga Prawiradiningrat ing Madiun. Wangsulanipun Pangeran Madiun sabawahipun sampun kaparingan piyambak. Kadidene sêrat undhang ingkang sampun kula wradinakên punika wau. Sarèhning prikonca măncanagari bawahing Ngayogya, botên kantos kula wradini sêrat undhang, ing mangke sêrat undhang langkung kalih, kula cumadhong dhawahipun saudara, mênggah wau sêrat undhang kang langkung kalih. Mênggah wau sêrat undhang, ingkang kantun kalih nuntên wontêna dhawahipun saudara tumutên[82] dhatêng pundi purugipun.

--- 154 ---

Sinêrat ing Kadhiri kaping 4 Wulan Rabingulakir ing taun 1755.

Kangjêng pangeran mayor ing Kadhiri.

__________

Kalihdene malih saudara, sangêt panuwun kula ing saudara ingkang mugi saudara kagungana dhawah ingkang sangêt. Yèn kang supami wontên satunggiling tiyang kesahan dhatêng nagari liyanipun. Ingkang mugi samia bêkta sêrat pas ing nagarènipun piyambak-piyambak. Sangking pangetang kula piyambak ing dintên punika, tiyang kraman kathah ingkang nyamur lampah, dhatêng nagari liyanipun. Mila kula gadhah atur panuwun sangêt ing saudara, kadidene ing wau punika, ingkang supados gèn kula jagi utawi para rêgèn-rêgèn tanah ing măncanagari sadaya, kang supados sampun èwêd-pêkèwêd. Ing wusana kula atur tabe ing saudara, sarta pakurmatan ingkang kathah-kathah. Punapa malih tabe kula katura tuwan sukêtaris.

Ing kadhiri kaping 4 Rabingulakir taun 1755.

Jêng pangeran mayor ing Kadhiri.

__________

--- 155 ---

74.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe akathah-kathah, saking ingkang saudara Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Kusumayuda, ingkang sudigbya sinatriya panagari dalêm kadhaton ing Surakarta Adiningrat. Ingkang anglampahi ayahan dalêm anglurugi kraman santana ing Ngayugyakarta Adiningrat, dhumatêng kagungan dalêm siti dhusun ing Pagêlèn. Kang ing mangke sawêg apacak baris wontên kagungan dalêm siti dhusun ing Winong, sayogi dhumatênga ingkang saudara Tuwan Kolonèl Naus,[83] risidhèn ing Surakarta Adiningrat. Sasampunipun ingkang kadya punika, wiyosipun kula asuka uninga dhumatêng saudara, mênggah agèn[84] kula anglampahi ayahan dalêm sadhatêng kula wontên kagungan dalêm siti dhusun ing Lowanu, kula lajêng adhêdhawah kalihan abdi dalêm prikănca mantri Gladhag, pun Ngabèi Singawijaya, kalayan pun Dêmang Wăngsacitra, kula kanthèni rèh têlukanipun tiyang dhusun ing Brenggong, kathahipun tiyang gangsal atus. Sami apacak baris wontên siti dhusun ing Baledana. Wondene angkat kula saking dhusun ing Lowanu, saabdi dalêm sadaya, ing dintên Kêmis wanci jam gangsal enjing tanggal kaping wolulas ing wulan Rabingulakir taun Alif punika, sarêng kula dumugi dhusun ing Brengkelan wanci jam pitu enjing,

--- 156 ---

kula kèndêl angêntosi sadhatêngipun saudara kula, Tuwan Kolnèl Kalèrês. Sarêng wanci jam kalih wêlas siyang, saudara kula Tuwan Kolonèl Kalèrês dhatêng, kula tumuntên mangkat saabdi dalêm sadaya, kalih saudara kula Tuwan Kolonèl Kalèrês, sakancanipun Walandi prajurit, usar plangkir satabêl, ambêkta mariyêm satunggil, wondene lampahipun tuwan kolonèl ing sakancanipun sami wontên ing ngajêng. Sarêng dumugi dhusun ing Trêsina, wanci jam satêngah tiga siyang, kula kalih tuwan kolonèl sami lêrêp nyipêng wontên pagriyanipun bêkêl pun Mêtayuda. Sarêng wanci jam satêngah wolu enjing, kula kalih tuwan kolonèl sami mangkat. Dumugi sawetanipun dhusun ing Pituruh, kula kèndêl, kalih tuwan kolonèl angungêlakên mriyêm kaping kalih, botên dangu nuntên sami mangkat. Dumugi dhusun ing Pakacangan wanci jam tiga, kula kalih tuwan kolonèl sami lêrêp nyipêng wontên pagriyanipun tumênggung kraman pun Mangundrana. Sarêng wanci jam pitu enjing, kula kalih tuwan kolonèl mangkat. Dumugi dhusun ing Bapangan bawah ing Ngayugya panggenan kraman, kula kalih tuwan kolonèl sami kèndêl, pun griya lajêng kabêsmi, têlas griya tiga, botên antawis dangu kula kalih tuwan kolonèl mangkat. Dumugi dhusun ing Kuthawinangun wanci jam kalih siyang, kula kalih tuwan kolonèl sami lêrêp nyipêng wontên pagriyanipun tiyang alit pun Wăngsadipa. [Wăngsadi…]

--- 157 ---

[…pa.] Sarêng jam satêngah wolu enjing kula mangkat kalih tuwan kolonèl. Dumugi dhusun ing Wanasantun bawah ing Ngayugya panggenan kraman, kula kalih tuwan kolonèl sami kèndêl. Pun dhusun sampun pinanggih suwêng, pun griya lajêng kabêsmi, kalih tuwan kolonèl, têlas griya kalih wêlas. Botên dangu kula kalih tuwan kolonèl sami mangkat. Dumugi dhusun ing Panjêr Kabumèn wanci jam satêngah kalih wêlas siyang, kula kalih tuwan kolonèl sami lêp[85] nyipêng wontên pagriyanipun bêkêl pun Udalêksana.

Sarêng wanci jam satêngah sadasa enjing, kula kalih tuwan kulnèl sami mangkat. Dumugi dhusun ing Kalapagada, wanci jam tiga siyang, kula kalih tuwan kolonèl sami lêp. Nyipêng kalih dalu, wontên pagriyanipun tiyang alit pun Suralêksana. Sarêng wanci jam sanga enjing kula kalih tuwan kolonèl mangkat, wangsul mangetan. Dumugi dhusun ing Pamrihan wanci jam sêkawan sontên, kula lêrêp kalih tuwan kolonèl, wontên griyanipun tiyang alit Mas Jayadrana. Sarêng wanci jam satêngah sanga enjing, kula mangkat kalih tuwan kolonèl. Dumugi dhusun ing Pakuthan wanci jam satêngah sêkawan sontên. Kula kalih tuwan kolonèl lêrêp, nyipêng wontên pagriyanipun bêkêl pun Sêtradrana. Sarêng wanci jam sawêlas siyang, kula mangkat kalih tuwan kolonèl. Dumugi dhusun ing Lèpèndamêl, wanci

--- 158 ---

jam satêngah tiga siyang, kula kalih tuwan kolonèl lêrêp, wontên pagriyanipun bêkêl pun Mêtalêksana. Sarêng jam satêngah sadasa enjing, kula mangkat kalih tuwan kolonèl. Dumugi dhusun ing Sêmawung, wanci jam satêngah sêkawan sontên. Kula lêrêp kalih tuwan kolonèl, nyipêng wontên pagriyanipun Tumênggung Sawunggaling. Enjingipun ing dintên Ngahat, wanci jam satêngah kalih wêlas siyang, tanggal kaping wolu likur wulan Rabingulakir, kula apêpagihan[86] kalih Pangeran Adipati Arya Mangkudiningrat, kalih Pangeran Arya Surya Mataram, tiga Pangeran Arya Prangwadana, kalayan putra Maduntên, Radèn Mas Ngabdul Samad. Wondene abdi dalêm prajurit sami baris wontên pêkên Sêmawung, sami kurmat tambur salomprèt. Dening mênggah panganggènipun Pangeran Adipati Arya Mangkudiningrat wau, nyamping latar cêmêng, paningsêt gêdhog sutra abrit, rasukan jubah sakêlat[87] cêmêng, sêrbanipun gadhung cara khaji, koncèripun dhumugi paningsêt, slendhangipun sêbe sindhe[88] ijêm, akalung krêga salaka, endhongipun renda jêne, wangkinganipun kalih ingkang satunggil kaanggar wontên ngajêng, sabêtipun bengkok ponthang, mawi sêpatu cênthang kados sêpai, tumpakanipun tandhu kepang kaplêngkungakên, karêmbat tiyang wolu, tumpakanipun kapal salebrakan kaplisir renda jêne, ampilanipun bêdudan kalih têsbèh, lopak-lopak sêlaka, dipun wadhahi bèri slaka trancangan. Dening pangagènipun Pangeran Surya [Sur…]

--- 159 ---

[…ya] Mataram, kalih Pangeran Arya Prangwadana, sami cara Jawi, sarêng wanci jam satêngah kalih sami abibaran. Kula lajêng mangkat, apisah kalih Tuwan Kulnèl Kalèrês. Kula dipun kanthèni Walandi litnan kêkalih, wondene namanipun ingkang satunggil Tuwan Yasledhah, kalih Tuwan Pardhokopêr, saradhadhunipun wolung dasa sêkawan. Sarêng kula dumugi dhusun ing Logung, kula lêrêp kalih tuwan litnan, nyipêng pagriyanipun tiyang alit pun Wăngsanăngga. Sarêng wanci jam sadasa, kula mangkat kalih tuwan litnan. Dumugi dhusun ing Winong, wanci jam kalih wêlas siyang, kula lêrêp nyipêng pagriyanipun pun Panji Jayamênggala, kraman. Wondening saradhadhu ingkang ajagi dhumatêng kula, sarintên sadalunipun kalih wêlas kopral.

Kalih dening ing dintên Sênèn wanci jam satêngah sadasa enjing, tanggal kaping kawan wêlas, wulan Jumadilawal punika, kula dipun inggahi kraman, wondene kathahipun antawis tiyang ... nêm atus. Ingkang anumpak kapal tiyang wolung dasa, satandaripun nênên.[89] Mênggah pangajêngipun kraman sêkawan, namanipun Radèn Tumênggung Danukusuma, kalih Jayasudarga, tiga Krêta Pangalasan, sêkawan pun Rêsapraja, lajêng kula pêthukakên wontên sakidulipun dhusun ing Loning, sakidul-kilènipun ing pasanggrahan kula, kula lajêng tanglêd kalih saabdi dalêm sadaya, utawi tuwan litnan [li…]

--- 160 ---

[…tnan] sasaradhadhunipun. Wondene mriyêm kula mungêl kaping sanga, sanjata sunapan mungêl kaping gangsal atus salikur, antawis dangu pun kraman lajêng mundur lumajêng amara kalih, ingkang sêpalih lumajêng mangilèn. Ingkang sapalih lumajêng mangidul dhumatêng dhusun ing Lêngis. Wondene kraman ingkang pêjah pitu, wondene kula saabdi dalêm kănca prajurit, utawi tuwan litnan sasaradhadhunipun, lajêng sami ambujêng, ngantos dumugi rêdi pun Loning, sarêng wanci jam kalih wêlas siyang, kula kalih tuwan litnan mundur dhumatêng ing pasanggrahan. Wondene kula saabdi dalêm prikănca prajurit sadaya, utawi tuwan litnan sasaradhadhunipun sami wilujêng.

Kalih ing dintên Rêbo wanci jam pitu enjing tanggal kaping nêm bêlas, kula dipun igahi[90] kraman malih, kathahipun antawis tiyang ... sèwu, pangajêngipun tiga, satunggal Radèn Tumênggung Danukusuma, kalih pun Jayasudarga, tiga pun Kêrtapangalasan, satandaripun nênêm. Wondene ingkang numpak kapal kathah, punika lajêng kula pêthukakên wontên sakilènipun ing pasanggrahan kula, kula saabdi dalêm prikănca prajurit utawi tuwan litnan sasaradhadhunipun lajêng sami tanglêd, sarta kula angungêlakên kagungan dalêm bêndhe Kyai Samparan. Botên antawis dangung,[91] pun kraman mundur lumajêng, tumuntên kula saabdi dalêm prikănca prajurit utawi tuwan litnan sasaradhadhunipun sami ambujêng, ngantos dumugi ing rêdi Jêblug, wondene kraman ingkang kacêpêng kêkalih, [kêka…]

--- 161 ---

[…lih,] ingkang kacêpêng pêjah, namanipun Radèn Răngga Pringgasêntika, wondene ingkang kacêpêng gêsang lajêng kula kèn anancang wontên nguwit kajêng pêlêm, tumuntên kula kèn nyanjata kalih saradhadhunipun tuwan litnan. Sarêng sampun pêjah sirahipun kula kèn ngêthok, sirah kêkalih sami kula kèn manjêr, wontên nguwit kajêng jatos. Wondene kraman ingkang pêjah utawi kang sami kêtaton, ingkang sami kabêkta kancanipun kathah, sarta angsal bandhangan dhuwung kinatah sakandêlanipun jêne satunggil, waos kêkalih, ingkang satunggil, wêlagrinipun jêne, mêthukipun jêne, kapal dhawuk satunggil saprabotipun.

Wondene abdi dalêm kănca prajurit utawi saradhadhu, anggènipun bujung, ngantos dumugi dhusun ing Gêmbor Padhana, ingkang bujung mangidul ngantos dumugi dhusun ing Singalaba, ingkang bujung mangilèn ngantos dumugi dhusun ing Trêsina, wondene mriyêm kula mungêl kaping wolulas, sanjata sunapan mungêl kaping ... sèwu satus kalih likur, sarêng wanci jam satêngah satunggil siyang, kula mantuk dhatêng ing pasanggrahan. Wontên dene kula, kalihan abdi dalêm sadaya, utawi tuwan litnan sasaradhadhunipun sami wilujêng.

Sinêrat ing dintên Sêptu tanggal ping 19 wulan Jumadilawal taun Alip ăngka 1755.

__________

--- 162 ---

75.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe kathah-kathah, sangking ingkang saudara Radèn Mas Ariya Prawirabrata, ingkang palênggah nêgari dalêm ing Ponaragi, saha katur ingkang saudara Tuwan pan Plisingên upsidrê ingkang palênggah nêgari dalêm Pacitan.

Sasampunipun kadya sapunika awiyosipun, kula inggih sampun anampèni sêrat sangking saudara, ingkang katitimangsan Pacitan kaping 22 Dhisèmbêr taun 1827, saha sampun kula tupiksani sawiraosipun ing sêrat. Wondening ingkang mungêl ing sêrat ingkang kathah-kathah kula inggih sampun amangêrtos sadaya, anamung botên liyan saudara asuka uninga dhatêng kula, yèn saudara tampi dhawuhipun kangjêng tuwan residhèn Surakarta Adiningrat. Yèn prajurit ingkang wontên Pacitan kalampahakên dhatêng Ponaragi, sadhatêngipun ing Ponaragi sampun kirang sêgah rumputipun. Punapa malih panggenanipun ingkang prayogi, kula inggih sakêlangkung tarima kasih kula, sarèhning wontên kasêsa kula, dhatêngipun sêrate saudara ing ditên[92] Sênèn. Mênawi wontên kakiranganipun sangking sakêdhik kula mentak apunipun[93] saudara.

--- 163 ---

Sinêrat ing Ponaragi Sênèn kaping 5 Dimadilakir[94] Alip taun 1755.

__________

76.

Sêrat saha ingkang tabe akathah-kathah, Kangjêng Pangeran Răngga Arya Prawira Adiningrat ingkêng apalênggah panêgari dalêm ing Madiun Kartaarja Pangongangan. Saha ingkêng mêdanani sagung para bupati bang wetan bawah ing Ngayugya Kartaarja Pangongangan. Dhumatênga ingkêng saudara Tuwan pan Plisingên upsindêr ing Kêpacitan ingkêng sawêg baris wontên nêgari ing Pranaragi. Sasampuning kadya sapunika awiyos, kula suka wuninga dhumatêng saudara, yèn priyayi kănca kula bupati, Radèn Tumênggung Yudakusuma Munèng, kalih anakipun Radèn Panji Yudaasmara, sapunika supe pêngabdènipun ratu, utawi dhatêng kangjêng guprêmenya,[95] amangsul dados kraman. Kêlampahan anggêbag kula kitha ing Kartaarja, sawêg Jumungah tanggal kaping 2, salêbêtipun wulan Jumadilakir punika, ingkêng mêthukakên kêlayan prang priyayi kănca kula, Radèn Tumênggung Prawiratmaja Radèn Tumênggung Puspadipura, brandhal kêplajêng, Radèn Tumênggung Yudakusuma wau lajêng lumajêng dhatêng bawah Rajêgwêsi sawontênipun Rajêgwêsi [Rajêgwê…]

--- 164 ---

[…si] wau Radèn Tumênggung Yudakusuma, anêdha bantu badhe gêbag ing Kartaarja malih, wondening brandhal bêbantu sangking Rajêgwêsi wau sapunika sampun majêng wontên dhusun ing Barèng dhusun bawah kula ing Madiun pêl[96] watês siti Jipang, dêdamêlipun antawis kalih èwu, wondening dhusun Barèng wau têbih cêlakipun sangking kitha ing Kartaarja, antawis tigang dasa êpal.

Kaping 7 Jumadilakir Alipya[97] 1755. Prawiradiningrat.

__________

77.

Sêrat saha ingkang tabe akathah-kathah, Kangjêng Pangeran Răngga Ariya Prawiradiningrat. Ingkêng pilênggah panêgari dalêm ing Madiun Kartaarja Pangongangan. Saha ingkêng mêdanani sagunging para bupati bang wetan bawah ing Ngayugyakarta Adiningrat. Dhumatênga ingkêng saudara Tuwan pan Plisingên upsindêr ing Kêpacitan, ingkêng sawêg wontên ing Pranaragi.

Sasampuning kadya sapunika awiyos, kula suka wuninga dhatêng saudara, ingkêng wau kula kadhawahan timbalanipun Kangjêng Tuwan Kurnèl Naus. Yèn kula kêdhatêngan mêngsah kraman. Kula kakêrsakakên nêdha pitulung dhumatêng saudara, utawi dhatêng priyayi kănca bupati pundi ingkêng cêlak. Wondening [Wonde…]

--- 165 ---

[…ning] sapunika brandhal ing Rajêgwêsi sampun ngancik dhusun ing Krompol, bawah kula ing Madiun, cêlak kalih dhusun ing Karangpoh kapêrnah saklèripun. Badhe gêbag pun Kartaarja, brandhal wau antawis tigang èwu, sêmantên punika panggenanipun botên tunggil. Ingkêng wontên ing Krompol kimawon kalih èwu, ingkêng punika saudara, kula nêdha pitulung dhumatêng saudara, sabab tiyang ing Kartaarja kados botên kawrat. Tiyang kula ingkêng tanah êlèr sampun batên kenging kula impuni. Kalihdene malih saudara jêngandika, Tuwan Dhiyar ingkêng sawêg wontên Ngawi, asuka sêrat dhatêng kula, ing sapunika sêratipun lêlêpehan kula kintunakên dhatêng saudara, kalih kula ngintunakên sêratipun rencang kula ingkêng pêcambêng wontên ing rêdi Kêndhêng, sêrat wau atunggil sak-ulês kêlayan sêrat kula punika, wondening kula inggih sampun asuka sêrat dhatêng saudara jêngandika, Radèn Mas Ariya Prawirabrota, sangking prakawis punika.

Madiun Jumungah tanggal kaping 8 wulan Jumadilakir Alip 1755.

Prawiradiningrat.

__________

--- 166 ---

78.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe kathah-kathah, sangking ingkang saudara, Radèn Mas Ariya Prawirabrata, bupatos agêng ingkang palênggah nêgari dalêm kitha Ponaragi, katur ingkang saudara Tuwan pan Plisingên upsindêr ingkang palênggah nêgari dalêm Pacitan.

Sasampunipun kadya sapunika awiyosipun, kula sampun anampèni pakitunipun[98] sêrat saudara, ingkang katitimangsan Pacitan kaping 29 Dhisèmbêr taun 1827, saha sampun kula tupiksani sawiraosipun sêrat, kula inggih sampun amangêrtos sadaya ingkang mungêl salêbêting sêrat sadaya, anaming botên liyan saudara andangu pakabaran ing sapuningka[99] pun Madiun anglangkungi sangking rêsah, awit dening brandhal, kula inggih sakêlangkung tarima kasih kula.

Wondening kula inggih angaturi pakabaran dhatêng saudara, mênggah brandhal ingkang wontên Madiun. Ingkang dados pêngagêngipun brandhal Radèn Tumênggung Yudakusuma Munèng, kalih anakipun satunggil awasta Yudaasmara, punika ingkang bêdhah pun Rajêgtosan Balotên Kapadhangan Nganjuk. Sarêng sampun sami bêdhah nêgari ingkang sampun mungêl ngajêng wau punika, lajêng dhatêng Madiun sumêdya badhe bêdhah Madiun, dhatêngipun Madiun [Madi…]

--- 167 ---

[…un] brandhal wau ing ditên Jumungah kaping 2 Dimadilakir punika, lajêng tanglêd kalih Pangeran Madiun. Brandhal mudur[100] dhatêng Patoman. Utawis ditên brandhal lajêng mudur dhatêng Rajêgtosan upados rencang malih sarêng sampun angsal rencang dipun utawis kathahipun kalih èwu, punika lajêng badhe gêbag Madiun malih, kèndêl wontên dhusun Kropol salèripun Kawispoh, punika Pangeran Madiun batên kèdêl-kèdêl[101] anêdha bantu dhatêng Ponaragi, lajêng tuwan kumêndham saha saprayayi kănca sadaya, sami rêmbagan. Sarèng ditên Sênèn tanggal kaping 12, punika saha kula saprayayi kănca sadaya, saha saudara tuwan kumêndam, sadêdamêlipun sadaya, bidhal dhatêng Madiun sumêdya badhe gêbag brandhal ingkang wontên ing Kropol wau, sarêng kula dumugi lèpèn Kêtegan kapêthukakên sêrat sangking Ngawi, asuka kabar yèn brandhal ingkang wontên Kropol wau mundur dhatêng Rajêgtosan malih, mirêng yèn kaudhunan sangking Ponaragi, wondening pun Balora, pun Kapadhangan kang wau sampun kenging brandhal sapunika sampun karêbat malih dhatêng tuwan residhèn Ngarêmbang, dados kula saprayayi kănca sadaya, sami andikakakên wangsul anjagèni siti Ponaragi, sampun ngatos marajol brandhal wau, wondening tuwan kumêndam lajêng dhatêng Madiun angyêktosakên brandhal ingkang wontên Madiun. Lamènipun wontên Madiun sadasa dalu, enggalipun sapêkên, kajawi amanggih ribêd. Wondening ingkang dados brandhal wau sadayanipun trah Madiun sadaya, [sada…]

--- 168 ---

[…ya,] wondening sapunika brandhal sampun têbih wangsul dhatêng Rajêgtosan malih, wondening saudara badhe asuka bantu dhatêng kula inggih sakêlangkung tarima kasih kula, kados inggih botên wande yèn kula kawratan anêdha bantu dhatêng saudara, kalih anak kula jalêr inggih kula bêktakakên dhatêng tuwan kumêndam abêkta mariyêm satunggil.

Kalih saudara suka uninga bejing[102] Kêmis badhe dhatêng Ponaragi inggih sakêlangkung tarima kasih kula, kalih kula sakêlangkung pangajêng-ajêng kula.

Ponaraga ping 13, Dimadilakir Alip taun ăngka[103] 1755.

__________

79.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe kathah-kathah sangking ingkang saudara Radèn Mas Ariya Prawirabrata, ingkang palênggah nêgari dalêm ing Ponaragi, katur ingkang saudara Tuwan pan Plisingên upsindêr, ingkang palênggah panêgari dalêm Pacitan.

Sasampuning kadya sapunika awiyosipun, kula tampi kabaran sangking Madiun, yèn sapunika brandhal majêng malih wontên dhusun pun Tawun sawetanipun Ngawi, dipun atawis kathahipun brandhal kalih èwu, ingkang won[104] Cangakan brandhal kalih bêlah èwu, wondening kul[105] katimbalan majêng dhatêng Madiun [Madiu…]

--- 169 ---

[…n] saprayayi kănca sadaya, wondening kula anuwun bantu dhatêng saudara, dhatênga Ponaragi, dalah pun larog panggul ingkang mawi pun Pranaragi suwêng kalih kula ngitunakên sêrat sangking Madiun.

Sênèn ping 19 Dimadilakir ping Alip taun.

__________

80.

Atur tabe kawula ingkang kathah-kathah, saha pakurmatan ingkang mêdal manah sukci, Pangeran Mayur Ariya Cakradiningrat ing Kadhiri, sayogi konjuka ing Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Hèndrik Markus Dhikok, kumêndur sangking bintang agêng, ing nagari Nidrêlan, gitnis guvrênur jendral ing Nèdrêlan India.

Sasampunipun ingkang kadya punika wiyosipun, kawula ngunjuki uninga ing kangjêng tuwan jendral. Ing salêbêtipun 15 dintên Tuwan Komasaris Dhiyar, utiwi[106] Tuwan Pitnaus, wontên ing nagari Kadhiri botên kakirangan. Satunggiling prakawis sadaya wilujêng, sarta kadhatêngan kasênênganipun ing galih. Punapa malih Tuwan Dhiyar, ing mangke sampun saklangkung pêrsobatipun dhumatêng kawula, utawi dhumatêng anak-anak kawula, wondene Tuwan Naus nèm, kawula botên susah munjuk malih ing kangjêng tuwan jendral.

--- 170 ---

Sawab dene wau Tuwan Naus nèm. Putranipun sobat kawula ingkang sampun tanpa wangênan. Kalihdene Tuwan Dhiyar wau, salamènipun wontên ing Kadhiri, kathah pangandikanipun ingkang dadosakên kasênênganipun ing manah kawula. Punapa malih punapa ingkang dados pêrnatanipun Tuwan Dhiyar, aprakawis salampah-lampahipun prajurit kawula inggih anglampahi saprentahipun Tuwan Dhiyar wau. Wondene ingkang sarêng kalayan salampahipun Tuwan Komasaris Dhiyar, kawula ngunjuki pratăndha têmên-têmên kawula, ing kangjêng tuwan jendral. Warni waos sêrasah landheyan, pèlèt satunggil, kalih awarni dhuwung sangking kintên kawula damêlanipun ajar, satunggil mawi kandêlan jêne, sarta punika barang sampun kawula bêtakakên salampahipun Tuwan Komasaris Dhiyar, ing wusana punapa sakraosing manah kawula sampun kawrat wontên Tuwan Komasaris Dhiyar.

Sinêrat ing Kadhiri kaping 3 wulan Rêjêp ing taun 1755.

__________

81.

Iki layang manira krampungan adil pirukun patut, Gusti Kangjêng Panêmbahan Buminata dhawuha marang pakênira Jayawigati Sêlomprèt. Marmane pakênira kadhawahan adil pirukun patut, dene pakênira anyêkêl [anyê…]

--- 171 ---

[…kêl] marang duwèk pakênira pêndhok suwasa kang ilang kêmalingan, katêmu ana ing tangane tukang mas, banjur kajêdhêg diakoni marang bok tukang gendhong, wis bênêr panyêkêl pakênira pêndhok mau.

Kang iku krampungan manira adil pirukun patut, pakênira kabênêr anampani marang pêndhok pakênira suwasa kang ilang kêmalingan mau, têka ni tukang gendhong, mungguh duwèk pakênira kang ilang kêmalingan panunggalane pêndhok mau, pakênira kabênêr olèh supatane bok tukang gendhong, lan supatane Radèn Litnan Pringgadiwirya, mungguh ing krampungan adil pirukun iku, pamèk manira têka ing kagungan dalêm layang anggêr gêdhe, bab kaping pat. Titi.

Kala dhawuhing krampungan Kêmis ping 21 Rêjêp ing taun Alip ăngka 1755.

__________

82.

Punika atur kula pun Trunayuda: griya kula ing dhusun Pêlumbon, kala ing dintên Sêlasa tanggal kaping 8 wulan Jumadilawal ing tatun[107] Alip ăngka 1755 kula mantuk sangking kraman anjujug pagriyan kula dhusun ing Pêlumbon anuntên kula lapur dhatêng Ki Sawijaya pêngawakipun Mas Dulrahman ing Logantung, sagah kula dipun tanggêl prakawis [praka…]

--- 172 ---

[…wis] antuk kula, ing kalujênganipun, ananging kula kapundhutan yatra kathahipun 8 rupiyah lajêng kula saosi yatra pananggung wau, sarêng wul[108] Rêjêp tanggal kaping 6 ing dintên Rêbo kula kapundhutan yatra malih kathahipun 10 rupiyah rèhning kula kêpengin kumpul sanak sêdhèrèk kula inggih kula saosi malih dhawahipun inggi[109] yatra pananggêl malih.

Sarêng dintên Kêmis tanggal ping 21 wulan Rêjêp kula kapundhutan malih yatra kathahipun 100 ringgit kula botên gadhah kula mopo, anuntên dhawah malih ya wis yèn ora duwe aku jaluk sèkêt bae, kula taksih mopo nuntên dhawah mundhut salangkung ringgit, kula mopo, nuntên kula dipun timbali kula inggih sohan sarêng kula dhatêng gadhahan kula pêndhok mas bunton wawrat satail langkung sêka rêgi tigang dasa gangsal reyal anggris, dipun pêndhêt tanpa sêrap, kula têdha sêpindhah ping kalih dhatêng Mas Ngabdulrahman ing Logantung botên suka dhawah dipun kêdah dipun kèn nêbus sêlangkung ringgit, kula mopo sangking botên gadhah kula, dening gadhahan kula pêndhok mas ingkang dipun pêndhêt tanpa sêrap dhatêng Mas Ngabdulahman ing Logantung wah kula botên suka botên narima kula suwun mantukipun dhatêng ing kula malih.

__________

--- 173 ---

83.

Atur tabe kawula ingkang kathah-kathah, saha pakurmatan ingkang mêdal manah sukci, Pangeran Mayur Ariya Cakradiningrat ing Kadhiri, sayogi konjuk ing Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Hèndrik Markus Dhikok,[110] kumêndur sangking bintang agêng ing nagari Nidrêlan Gitnis, guvrênur jendral ing Nèdrêlan India.

Sasampunipun ingkang kadya punika wiyosipun, kawula ngunjuki wuninga ing kangjêng tuwan guvrênur jendral, yèn ing mangke Tumênggung Yudakêsuma ing Munèng, ingkang tumut ngraman sampun têluk dhatêng ing kawula, Tumênggung Yudakêsuma wau mêrgènipun têluk dhumatêng ing kawula, katanggêl dhatêng Radèn Tumênggung Wignyasubrata ing Carubin. Wondene dhatêngipun wontên ing Kadhiri, Tumênggung Yudakêsuma wau, bêkta rencang sarayat saanak saputunipun ingkang nami tiyang jalêr tiyang 5, tiyang èstri 16, dhatêngipun wontên ing Kadhiri Tumênggung Yudakêsuma wau, kala ing wulan Rêjêb kaping 22 ing taun puniki. Ingkang punika aprakawis Tumênggung Yudakêsuma wau kawula cumadhong dhawahipun ing kangjêng tuwan guvrênur jendral.

Sinêrat ing Kadhiri kaping 22 wulan Rêjêb ing taun Alif, ăngka 1755.

__________

--- 174 ---

84.

Pèngêt. Layang manira parentah Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi ing Surakarta Adiningrat. Dhawuha marang pakênira Dêmang Kartasudira ing Nglorog.

Liring layang kang dhawuh ing pakênira Kartasudira, yèn ing saiki pakênira, manira timbali lumêbu marang ing nagara sarta pakênira, anggawaa kêkarèn pakênira, dhuwit pajêging sasi bakda garêbêg Mulut, taun Alip kang lumaku iki, kèhe sèkêt reyal arupa anggris. Dene satêkane layang manira, pakênira tumuli lumêbua, poma aja ta nora kêlakon. Titi.

Katulis ing Surakarta Adiningrat, Sêptu ping 23 sasi Rêjêp, taun Alip ăngka 1755.

__________

85.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe akathah-kathah, sangking ingkang saudara Radèn Mas Ariya Prawirabrata, ingkang palênggah nêgari dalêm ing Ponaragi, saha katur ingkang saudara Tuwan Pan Plisingên upsindêr ingkang palênggah nêgari dalêm Pacitan.

--- 175 ---

Sasampuning kadya sapunika awiyosipun, kula ngaturi uninga dhatêng saudara, yèn kula tampi sêrat sangking Pangeran Madiun. Yèn sapunika brandhal watên pun Brubuh tanah salèr Magêtan, kabar badhe gêbag Matêtan[111] Paospati[112] punapa malih Purwadados. Untawis kathahipun brandhal sangang atus, pêngagêngipun Sasradilaga, wondening saudara sampeyan tuwan kumêndam kalih anak kula Radèn Aryabrata dhatêng Madiun. Angkatipun kala ing ditên Akad tagal[113] kaping 23 Rêjêp puniki, kawuningana saudara, ingkang mugi saudara utusana bantu dhatêng Ponaragi, yèn sampun dhatêng Ponaragi kula ingkang gadhah panimbang.

Ponaragi ping 24 Rêjêp Alip, 1755.

__________

86.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe akathah-kathah, sangking ingkang saudara Kangjêng Radèn Mas Ariya Prawirabrata, bupatos agêng ingkang palênggah nêgari dalêm ing Ponaragi kitha Tugu Arjawinangun. Katur ingkang saudara Tuwan Pan Plisingên upsindêr ingkang palênggah nêgari dalêm Pacitan.

Sasampuning kadya sapunika awiyosipun, kula ngaturi uninga dhatêng saudara, kala ing ditên Sêtu kaping tigang dasa wulan Rêjêp kapêngkêr punika, saudara sampeyan Tuwan Kumêndham [Kumê…]

--- 176 ---

[…ndham] Sênorbês, tanglêd kalayan brandhal ingkang wontên Kamagêtan. Angsalipun tanglêd wontên dhusun Babadan sakidul kitha Magêtan. Angsalipun tanglêd wanci jam kalih wêlas ngantos jam tiga, brandhal kaplajêng, ingkang pêjah pitu utawis kathahipun brandhal nêm atus. Pêngagêngipun awasta Sasradilaga, Jayèngrona Malangnêgara. Uduripun[114] brandhal dhatêng dhusun Pacalan ditên Salasa prayayi kănca kula bupatos tiga, kula bantokakên dhatêng Magêtan. Sarêng prayayi kănca dhatêng Magêtan brandhal lajêng mudur,[115] kawêrtos lajêng dhatêng Rajêgtosan malih, wondening sapunika prayayi kănca kadhawahan mudur malih dhatêng Ponaragi, sapunika têtêp baris tapêl watês siti Ponaragi ingkang lèr, dados sapunika panuwun kula bantu dhatêng saudara botên siyos sabab kănca kula sampun sami kula bantokakên tiga.

Pona[116] Jumungah ping 6 Ruwa[117] Alip taun 1755.

__________

87.

Sêrat saha ingkêng tabe akathah-kathah, Pangeran Răngga Arya Prawira Adiningrat. Ingkêng tatêngga nêgari dalêm ing Madiun Kartaarja Pangongangan. Katur ing Kangjêng Tuwan Kurnèl Ibrêt Gerar Naus Risidèn ing Surakarta Adiningrat, komasaris nêgari Ngayugyakarta Adiningrat.

--- 177 ---

Sasampuning kadya sapunika wiyosipun kangjêng tuwan, kula ngaturi wuninga ing panjênêngan sampeyan, rikalanipun kraman wontên tanah ing Kêmagêtan, sêntana kula wasta pun Mangunsêntika, kalih Prawiradilaga, kula pinta pêcambêng wontên mêrgi salèripun Kêmagêtan. Utawi brêbahi mêrgi, supados kraman sampun kantos sagêd wangsul mêngalèr malih, gènipun bêrbah mêrgi wau dèrèng kantos dumugi, kraman ing Kêmagêtan kula gêbag. Kraman kawon mêlajêng mêngalèr, nêgêl[118] bêbarisanipun sêntana wau, lajêng kapêthukakên prang, kantos têtanglêdan. Sêntana kula wau kêplajêng, lajêng kasupit kengi[119] kacêpêng kraman. Kalih pisan lajêng dipun ipuk dipun arêm-arêm inamakakên tumênggung, wondening salêbêtipun titimăngsa punika sêntana kula kêkalih wau sampun mangsul sowan dhatêng kula malih sarta angaturakên cêpênganipun sêrat piyagêm sangking kraman. Gènipun nama tumênggung wau, lajêng kula pasrahakên dhatêng Tuwan Kumêndham Marnis. Wondening kraman sapunika manggèn wontên dhusun ing Gênêng, sakidul kilènipun titha[120] Tunggul, antawis gangsal êpal kalih ing Ngawi, kula inggih sampun suka wuninga dhatêng tuwan kumêndham ing Ngawi, kalih kawuningana ing panjênêngan sampeyan. Kula tampi tiyang sangking ing Rajêgtosan. Ingkêng wau nama tumênggung kraman, ingkêng wau wasta Wiradikara wasta Wiradikara[121] griyanipun dhusun Lêgundhi bawahing Madiun, dados Tumênggung nama Nitinêgara, pun Jadikara griyanipun Lêgundhi, nama Păncanêgara, Sasrataruna [Sasratar…]

--- 178 ---

[…una] griyanipun Panolan namanipun Tumênggung Rataatmaja, punika sami sowan ing kula, sumêja ngusi gêsang saha sampun ngaturakên sumpah, wondening sapunika sampun kula prênahakên bale pagriyanipun. Mila botên kula aturakên panjênêngan sampeyan tiyangipun sami tiyang awon kimawon, kula raos batên dados punapa.

Sinrêrat ing Purwadados kaping 6 wulan Ruwah Alip aka[122] 1755.

Pangeran Răngga Arya Prawiradiningrat.

88.

Kawula Rahadèn Răngga Diwirya, ingkang kapitajêngan amirsani kagungan dalêm siti pangrêmbe ing Trênggalèk. Katur ing Kangjêng Tuwan Upsindêr Pan Plisingên, ingkang apilênggah nêgari dalêm ing Pacitan. Sasampunipun ing sapunika awiyosipun, kula angunjuki wuninga ing panjênêngan sampeyan, sarèhning kula sampeyan krêsakakên rumêksa kagungan dalêm siti pun Trênggalèk. Ing sapunika inggih sampun kêpanggih wilujêngipun. Dèntên angsal kula baris sampun lula[123] bibarakên. Nanging kula kantunakên tiyang ingkang grêdhu kimawon, têksih kula tênggakakên wontên pun Bendha, tampingipun kalih siti pun Ngrawi Kêlangbrèt. Mila kula bibarakên barisan lula, kula sampun putusan [putusa…]

--- 179 ---

[…n] dhatêng Ngrawi Kalangbrèt, tiyang tiga wastanipun Wiradrana, kalih Nayatirta, tiga Nayakrama, punika ingkang kula utus nêlik. Wondèntên pratelanipun dhatêng kula, inggih sayêktos ingkang wau pun Ngrawi Kêlangbrèt sami baris. Ingkang dipun jagèni Tumênggung Bona wêstanipun Radèn Tumênggung Natawijaya, punika dipun galih badhe anggêbag kalih pun Ngrawi Kêlangbrèt. Sarêng kula nimbangi baris, lajêng kabibarakên barisipun pun Ngrawi Kêlangbrèt wau, nanging sapunika inggih têksih ajagi wontên salêbêtipun kitha kimawon. Ingkang dipun jagèni inggih Tumênggung Bona.

Ingkang kaping kalih kula matur ing panjênêngan sampeyan, yèn Radèn Ngabèi Wiradipura Trênggalèk, suka pratela dhatêng kula badhe dhatêng nêgari Sala, punika nêdha rencang dhatêng kula, punapa kula paringi punapa botên. Kula sumăngga ing panjênêngan sampeyan. Kalih kula nyaosi sarêm sêndawa pêthak pitung katos. Punika punapa kula lajêngakên punapa kula kèndêli angsal kula damêl. Nanging sapunika inggih têksih kula damêl. Kalih dèntên malih kula anyaosi pêksi menco satunggal, êndhog ayam pitung dasa, ayamipun pitu, kalih lisah klêntik. Titi.

Sinêrat ing Trênggalèk Sêptu tanggal ping 7, Ruwah taun Alip ăngka[124] 1755.

--- 180 ---

Ing wulan Ruwah punika ingkang nama sikune tiyang alit ingkang lêpat, mesa satunggil, lêmbu kalih, dèntên sapunika inggih têksih kula rimati.

__________

89.

Atur kawula Radèn Mas Riya Lêmbusari, katur Kangjêng Tuwan Kulnèl Ridrê Mistêr Aibrêt Gerar Naus, residhèn ing Surakarta Adiningrat.

Ingkang kawula aturakên ing kangjêng tuwan residhèn, sangking sangêt ing karepotanipun badan kawula, manawi parêng ing karsanipun ing kangjêng tuwan residhèn, kawula nuwun angabdi kakêrsakna dados pudhak utawi saradhadhu, punapa ingkang dados ing karsanipun ing kangjêng tuwan residhèn. Kawula inggih sêndika anglampahi. Wondene kawula kakêrsakakên angupadosi siti tiyang awon ingkang sami angêrsahi salêbêtipun ing nagari Surakarta, kathahipun têtiga kêdhikipun kêkalih, kawula inggih sêndika yèn sampun trêrang dhawahipun kangjêng tuwan residhèn.

__________

90.

Punika ingkang sêrat saha atur tabe sukêm[125] kawula. Rahadèn Tumênggung Sasradiningrat, ingkang sawêg wontên ing nagari [na…]

--- 181 ---

[…gari] Rajêgwêsi. Kaatura ingkang saudara Kangjêng Tuwan Pitrê Èbèrtus Ridrê Baron pan Lawik Panpap, rêsidhèn ingkang apalênggah ing kantor agêng nagari Sêmarang.

Sasampuning kadya sapunika wiyosipun, kawula sampun tampi pêparing sampeyan sêrat wangsulan. Ingkang katitimangsan tanggal kaping 2 sasi Marêt punika, saha kawula sampun sumêrêp saungêlipun kagungan sampeyan sêrat sêdaya prakawis badhe pênuwun kawula polèt, dhatêng kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana. Punika panjênêngan sampeyan aparing pamulang dhatêng kawula, kawula sampeyan kêrsakakên anyaosana srêrat.[126] Konjuk kangjêng Tuwan Ingkang Agêng Ingkang Wicaksana Gurnadur Jendral pan Dhêkok, saha kawula anyaosana trima kasih sangking pêparingipun pratăndha sênjata utawi pêdhang.

Ingkang punika sangking pêparing sampeyan pawulang dhatêng kawula inggih saklangkung panupun[127] kawula, saha kawula inggih anyaosi srêrat, konjuk kangjêng tuwan ingkang agêng ingkang wicaksana, tunggil saulês punika, mênggah konjukipun kawula sumanggakakên ing panjênêngan sampeyan.

Rajêgwêsi tanggal kaping 6 sasi Marêt 1828.

Radèn Tumênggung Arya Sasradiningrat.

__________

--- 182 ---

Kalih dening malih, kawula mêling ujuk[128] ing panjênêngan sampeyan, yèn dhangan saking kêrsa sampeyan, wontên satunggil tiyang awêsta pun Rêsadiwirya, ingkang wau Patih Tunggul. Punika yèn dhangan kêrsa sampeyan, badhe suwita dhatêng kangjêng gupêrmèn. Inggih tunggila kalih kawula mênggah damêlipun tiyang punika, kados-kados ingkang wau panjênêngan sampeyan sampun pirsa, dhatêng tiyang punika, kalih mila sanak kawula piyambak, pêrcados. Nanging sapunika taksih wontên Blora, ing sêmăngsa panjênêngan sampeyan sampun matur ing kangjêng tuwan ingkang agêng, inggih biyantoni punapa ingkang dados pikajêngan kawula.

__________

91.

Punika ingkêng sêrat saha ikang sukêm kawula akathah-akathah saking ikang saudara Radèn Tumênggung Arya Sasradiningrat. Ingkang lagya won ing nêgari Ngrajêgtosan, bawah gupêrmèn. Ingkang mugi kahatar[129] ingkang saudara Kangjêng Tuwan Pitêr Èbèrtus Baron pal[130] Lawik Panpab, ridêr saking bitang[131] alit, saha residhèn ikang pilênggah nênggari[132] Sumawis.

Sasampune kadya ikang punika awiyos, kawula ngaturi kabar samwatên[133] kawula ing Ngrajêgtosan, adi[134] sampeyan tiyang ing Ngrajêgtosan, agêng alit sêpuh anèm. Igih [I…]

--- 183 ---

[…gih] sampun sami seba dhatêng ing kawula sêngdaya,[135] punapa malih sami matur dhatêng ing kawula, kawula dipun purih griyoa wontên ing tanah Ngrajêgtosan. Kadugi yèn wantên[136] ecanipun manahipun yèn kawula sagês[137] griya ing tanah Ngrajêgtosan. Ikang punika atur kawula mêngkatên punika ikang mugi sampeyan galih ikang sayêktos, kawula badhe matur Tuwan Astin kawula ajrih kawula ering dhatêng tumênggung punapadene patih, yêngtosipun[138] tumênggung patih punika dhatêng kawula mila gadhah butajêngan. Mila ing[139] make[140] manah kawula wontên susahipun. Dene kawula nata tiyang gagriya dipun jagani dhatêng Patih Wiranênggara, mila panuwun kawula dhatêng ing pajêngnêngan[141] sampeyan mugi wontêna pirsa sampeyan matur dhatêng kangjêng tuwan genral. Punapa kawula dipun wêngnangakên[142] punapa batên, yèn kawula nata tiyang ikang sami kesah-kesah punika, ikang punika yèn sampun têrang ikang dados kêrsanipun kajêng tuwan bêsar mugi kawula nuwun kaparingana sêrat, ikang têrang wondene yèn kawula sampun kaparingan sêrat ikang têrang kawula batên sagês adalmêl[143] rêja dhatêng bawahipun kangjêng gupêrmèn, igih mugi kawula sampun kakêrsakakên wantên ing tanah Ngrajêgtosan, atur kawula mêngkatên punika kajêng tuwan, saking têngmêng-têngmêng[144] kawula dhatêng kajêng gupêrmèn, dene kawula kadalmêl[145] sae dhatêng kajêng gupêrmèn, mila kawula sangêt mirma kawula, wondene tuwan atin punapadene tuwan kulnèl igih kalilan,

--- 184 ---

yèn kawula ngundanga tiyang ikang sami kesah-kesah punika patih ikang batên kenging samonipun butajêngan kimawon. Mila yèn batên wantên kêrsa sampeyan mirma dhatêng ing kawula batên wande gèsèh kimawon, ikang punika sangêt atur kawula punika kangjêng tuwan mugi pajêngnêngan[146] sampeyan galiha paturang[147] kawula punika.

Ngrajêgtosan kaping sulawe Jawi Ruwah, taun Alip 1755

Sasradiningrat.

__________

Kajawènipun titimasa kangjêng tuwan bilih wontên sih sampeyan kawula nuwun kitun[148] lakên kalih pasêmèn, badhe kawula damêl pêngage[149] kawula, kalih yèn pajêngnêngan sampeyan kagungan tapi[150] ikang sampun kage[151] kawula nuwun badhe kawula age[152] jimat prang, mila kawula purung[153] matur mêngkatên saking têngmêng-têngmêng kawula dhatêng pajêngnêngan sampeyan, pangraos kawula igih ugi pajêngnêngan sampeyan tiyang sêngpuh[154] kawula, batèn wantên malih ikang damêl rêja ikang damêl risak kajawi pajênêngan sampeyan, dhatêng ing kawula, ingkang puni[155] bilih wontên alat kawula mugi ikang agung aputên, sampeyan dhatêng ing kawula kalih kawula ngaturi uninga yèn tiyang ètri[156] kawula ikang won ing Kêrtasana ngajal, wondining ikang kathah-kathah igih sampun dhatêng ing Ngrajênggtosan[157] sêngdaya recang-recang[158] kawula punapadene anak kawula.

__________

--- 185 ---

92.

Sasampuning sêmbah sungkêm kawula, akathah-kathah dhumatêng sapeyan, [159] wiyosipun kula sampun napèni[160] sêrat saking sapeyan. Kêng mawi titimăngsa Surapringga Kêmis kaping 19 wulan Ruwah taun punika 1755.

Punapa saraosipun igih sapun[161] kula tupiksani sadaya, punapa ikêng dados dhawah sapeyan igih sêndika, sasampuning sêndika, igih talah salamènipun kula sapeyan tilar sangêt ngêrdatos kula, têmahan sapunika sapeyan dhawah dikakakên matuk[162] dhatêng griyanipun tiyang sêpuh kula, botên sagêd suwirta[163] sanèsipun sapeyan. Kalih malih kula sapun[164] anglapahi[165] anak-anak. Ikêng sudi dhatêng badan kula sitên. Panuhun kawula parêng batên parênga kula dhèrèk sapurug sapeyan. Sapun ikêng tumêka sakit tumêka pêjah kula lampahi, mênawi sapeyan batên anglilani paturan kula punika, panjênêngan sapeyan tega pêjah kula, sarèhning botên purun duraka malih-malih, mênawi sapun tega namung sagêda mirsa sapeyan sakêdhap mawon. Minawi sapun mirsa sapeyan kula badhe ngutapakên pêjah kula piyambak. Ingkang mugi sapeyan èstrèni, dadosa nupal[166] kèli kula nusul sapurug sapeyan.

Titi. Mas Ajêng.

--- 186 ---

Sinêrat Surakarta Adiningrat, dintên Akad kaping 29 wulan Ruwah taun Alip 1755.

__________

93.

Sêrat saha ingkêng pangabêkti Pangeran Răngga Arya Prawiradiningrat, ingkêng tatêngga panêgari dalêm ing Madiun Kartaarja Pangongangan. Saha ingkêng mêdanani sagunging para bupati bang wetan bawah ing Ngayogyakarta Adiningrat. Katur ing Kangjêng Rahadèn Adipati Sasradiningrat.

Sasampuning kadya sapunika wiyosipun, kula ngaturi wuninga dhumatêng panjênêngan sampeyan, kraman sakbibaripun sangking tanah ing Kêmagêtan, manggèn wontên dhusun ing Kacangan. Saha lajêng kaungsir dhumatêng Tuwan Kaptin Tèntanapên sakprajuritipun. Utawi priyayi kănca kula bupati, sarêng kagitik prang, kalih prajurit saradhadhu sangking ing Rajênggwêsi,[167] kraman kêplajêng, plajêngipun ura, lajêng manggèn wontên dhusun ing Klina, sakesahipun sangking dhusun ing Klina, nglarugipun pun Sasradilaga wau ngidul ngetan, rencangipun namung tiyang sêdasa, ingkêng punika kawuningana ing panjênêngan sampeyan, salêbêtipun titimăngsa sêrat punika, Tuwan Kaptin Tanapên sakprajuritipun, punapadene priyayi kănca kula bupati, Radèn Tumênggung Puspadipura, badhe mundur dhatêng ing Ngawi, wondening priyayi kănca kula bupati ing

--- 187 ---

sanèsipun têksih sami apacak baris. Saha angupadosi kraman wau punika.

Sinêrat Kartaarja, Saptu tanggal kaping 29 Ruwah taun Alip angkaning warsa 1755.

__________

94.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe akathah-kathah saking ingkang wayah Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Kusumayuda ingkang sudigbya sinatriya wontên salêbêtipun ing panagari dalêm kadhaton ing Surakarta Adiningrat. Ingkang sawêg anglampahi ayahan dalêm anglurugi karaman santona ing Ngayogyakarta Adiningrat dhumatêng kagungan dalêm siti dhusun tanah ing Pagêlèn. Kang ing mangke sawêg apacak baris wontên siti dhusun ing Kêdhungmaesa, sayogi katura ingkang eyang Kangjêng Tuwan Ingkang Agêng Ingkang Wicaksana Litnan Guvrênur Genêral Dhêkok.

Sasampunipun ingkang kadya sapunika kula sampun anampèni paringipun sêrat eyang ingkang katitimangsan ing dintên Sêtu tanggal kaping 28 wulan Ruwah ing taun Alip punika saha sampun kula tupiksani punapa saungêlipun ing sêrat sadaya. Wondene eyang aparing uninga dhumatêng kula, yèn ing sapunika eyang sampun rawuh wontên ing

--- 188 ---

Magêlang, saha lajêng eyang wontên ing Magêlang, anguwasani punapa ing sêdayanipun. Ingkang punika sakêlangkung ing panuwun kula. Kalayan malih eyang adhêdhawah, kula kadhawahan pitulung tiyang kuli dhumatêng saudara kula Tuwan Kulnèl Kalèrês. Mênggah kathahipun tiyang satus, ingkang punika kula inggih sampun angladosi, kuli satus dhumatêng saudara kula Tuwan Kolonèl Kalèrês. Kalihdene malih, eyang adhêdhawah manawi wontên punapa-punapa, kula kadhawahan apitêpangana, pirêmbag kalih saudara kula Tuwan Kolonèl Kalèrês. Ingkang punika inggih sêndika, punapa ing sadhawahipun eyang kula inggih anglampahi.

Kalayan malih kula angaturi uninga eyang, kala ing dintên Jumungah tanggal kaping 12 ing wulan Siyam punika, kula angsal têlukan tiyang karaman satunggil, lênggahipun răngga awasta Mas Răngga Singapatra, dhusunipun ing Toyagêsang.

Kasêrat ing Kêdhungmaesa, ing dintên Akad tanggal ping 14 wulan Siyam ing taun Alif, ăngka 1755.

__________

--- 189 ---

95.

Sêrat saha ingkang tabe akangah-kangah,[168] Radèna[169] Tumênggung Sasrakusuma, bupati nêgari dalêm Kartasana Bèrbêk kang kitha Toyamirah, kaatur ing Kangjêng Tuwan Ridrê Kornèl Naus risidhèn ing nêgari dalêm Surakarta Adiningrat, saha kumisarisipun kangjêng gupêrmèn ingkang nguwasani ing nêgari dalêm Ngayogyakarta Adiningrat. Sasampunipun kadya sapunika wiyosipun, panjênêngan sampeyan matêdhani srêrat inggih sampun dhatêng ing kula, saha sampun kula tuhupiksani[170] sapaijêmanipun ing sêrat sêdaya, timbalan sampeyan ingkang kawrat ing srêrat, panjênêngan sampeyan tampi kabar yèn wontên tumênggung kraman wêsta Radèn Prawirakusuma, manggèn wontên kitha kula ing Bèrbêk, saha kula angêkahi dhatêng pun Prawirakusuma, kapundhut tuwan asêstèn risidhèn ing Ngrajêgtosan, timbalan sampeyan dhatêng kula sampun tamtu yèn kula botên kenging angêkahi, saha kula taksiha angêlulusakên tuhu têmên kula ing kangjêng gupêrmèn, utawi panjênênganipun ratu kula kêkalih, pamundhut sampeyan dhatêng kula pun Prawirakusuma wau, kula cêpênga saha kula ulungakên dhatêng tuwan asêstèn risidhèn ing Ngrajêgtosan, yèn kula botên anglampahi timbalan sampeyan punika, sampun tamtu yèn kula sampeyan [sampe…]

--- 190 ---

[…yan] jibahakên, kangjêng tuwan panjênêngan sampeyan matêdhani srêrat ingkang katitimangsan Surakarta tanggal kaping 7 wulan April taun 1828, timbalan sampeyan ingkang krawrat[171] ing sêrat nginggil wau punika inggih nuhun sêndika sêtampi kula patêdhan sampeyan sêrat wontên barisan dhusun Dhurèn ing dintên Kêmis tanggal kaping 8, salêbêtipun wulan Sawal punika, sarêng kula pirsa paijêmanipun ing srêrat sakêlangkung gatrêripun[172] manah kula, sawab panjênêngan sampeyan tampi kabar sulaya kalih kayêktosanipun. Panjênêngan sampeyan kagêngan palimirma dhatêng kula sakêlangkung sangêt panuhun kula ing panjênêngan sampeyan, wondening pun Prawirakusuma Tumênggung kraman sênalika nungkulipun dhatêng kula, ing dintên Sêtu tanggal kaping 12 wulan Ramêlan ingkang kapêngkêr punika, lajêng kula saosakên ing saudara sampeyan ki lurah, Kangjêng Pangeran Răngga Ariya Prawiradiningrat, punapa malih kula inggih angaturi sêrat dhatêng tuwan asêstèn risidhèn ing Ngrajêgtosan, pakawis[173] pun Prawirakusuma wau.

Kasêrat ing barisan dhusun Dhurèn dintên Jumungah tanggal kaping 9, wulan Sawal taun Alip 1755.

Radèn Tumênggung Sasrakusuma.

__________

--- 191 ---

96.

Sêrat saha ingkêng tabe akathah-kathah, Pangeran Răngga Arya Prawiradiningrat. Ing Madiun, katur ing Kangjêng Tuwan Ridrê Kulnèl Aibrêt Gèrarnaus. Residhèn ing Surakrêta, sarta kumasarisipun ing kangjêng gupêrnêmèn ingkêng nguwasani nagari ing Ngayogyakarta.

Sasampuning kadya sapunika wiyosipun kula sampun tampi saha anupiksani, pêparing sampeyan srat ingkang katitimangsan Surakêrta, April 1828. Ingkêng mungêl pêparing sampeyan srat yèn panjênêngan sampeyan tampi kabar trang, yèn Sasradilaga, manggèn wontên Prayadrana Dêmang ing Tunglur[174] rencangipun tiyang sawêlas. Tiyang sêmantên punika kêng kantênan namanipun amung kalih, 1. Mas Ngisa, 2. Radèn Sasraatmêja, anakipun Tumênggung Bèrbêg. Ingkêng kathah-kathah panjênêngan sampeyan batên sumrêrêp. Sakesahipun sangking dhusun Tunglur, lajêng dhatêng Gênêngan, Bawah Bèrbêg. Kadhèrèkakên Prayadrana wau, Prayadrana dipun sukani pêdhang satunggil gènipun wontên dhusun Gênêng wontên sangking kalih dalu, utawi tigang dalu, sarta angsal sêgah sangking Bèrbêg. Sasradilaga wau apanggihan kalih Radèn Ngabèi Sasradirja patih Madiun. Wontên sakilènipun dhusun ing Nitikan, bawah [ba…]

--- 192 ---

[…wah] ing Kêmagêtan. Saha atampi srat sangking Radèn Ngabèi Sasradirja, mungêl ngintuni apyun, wawrat kawan kati, pun Sasradilaga sipêng sêdalu, wontên dhusun Ngutêr bawah Madiun. Nuntên tampi srat malih sangking patih Madiun. Mungêling srat angintuni ubat mimis saha yatra apyun. Gènipun nampèni pakintun wau wontên dhusun Nitikan. Tumuntên Sasradilaga kèndêl wontên griyanipun patih Madiun. Lamènipun gangsal wêlas dintên utawi kalih dasa dintên. Rencangipun tiyang tigang dasa, punika sadèrèngipun tanah Rajêgwêsi rêsah.

Punapa ingkêng kasêbut pêparing sampeyan srat kula sampun mangêrtos. Ingkêng punika inggih sakêlangkung panuwun kula, wondening kula sampeyan kêrsakakên nitipriksa, yêktos kalih batênipun. Ingkêng kasêbut ing ngajêng wau punika, yèn yêktos kula kakrêsakakên nyêpêng, atur kula sêndika, wondening pinisêpuh kula pun Sasradirja, inggih sampun kula priksani sangking prêkawis punika, ingkêng wau inggih wontên raos kados mêkatên, ananging dèrèng yakin. Ananging sarêng paman Tumênggung Mayor Nataraja, dhatêng ing Madiun, amriksani tiyang ingkêng nglampahi pêdamêlan lêpat. Rikalanipun brandhal wontên Rajêgwêsi, ing sadosa-dosanipun sampun sami dipun ngapuntên, dhatêng paman Tumênggung Nataraja, saha sampun kasumpah, sêmantên ugi pinisêpuh kula wau, sangking raos ingkêng kasêbut wau, inggih sampun dipun ngapuntên. Lajêng kautus ngupadosi kraman pun Sasradilaga, [Sasradi…]

--- 193 ---

[…laga,] sawêg kabar wontên siti dhusun Ngêbêl bawah Pranaragi, wondening saklampahipun pinisêpuh kula wau, pemutanipun sampun kula aturakên ing panjênêngan sampeyan. Wondening tiyang ingkêng kêpondhokan wasta pun Prayadrona, dêmang ing Tunglur, siti bawah ing Bèrbêg. Ing saktampi kula sêrat pêparing sampeyan, kula inggih lajêng nitipriksa, ananging dèrèng trang mênggah yêktos botênipun. Ing sêmangsanipun sampun têrang, gèn kula nitipriksa, tumuntên kula anêtêpi sakungêlipun pêparing sampeyan srat. Saha kula angaturi sêrat ing panjênêngan sampeyan. Wondening panjênêngan sampeyan, amundhut pratelanipun priyayi kănca bupati Madiun. Rikala dahuru ingkêng gadhah cipta awon kalih botên. Sangking prakawis punika priyayi kănca kula bupati, sanèsipun Radèn Tumênggung Yudakusuma i Ngunèng, botên wontên ingkêng gadhah ajêng kêsalahan.

Sinêrat Kartaarja, Sênèn tanggal kaping 13.

Wulan Sawal taun Alip, ăngka 1755.

Pangeran Răngga Arya Prawiradiningrat.

__________

--- 194 ---

97.

Sêrat saha ingkêng tabe akathah-kathah, Pangeran Răngga Arya Prawira Adiningrat. Ingkêng atatêngga nêgari dalêm ing Madiun Kartaarja Pangongangan. Saha ingkêng mêdanani sagung para bupati bang wetan bawah ing Ngayugyakarta, katur Kangjêng Tuwan Ridrê Kurnèl Ibrêd Gerar Naus risidhèn nêgari Surakarta, saha kumasaris ingkêng angrèh nêgari ing Ngayugyakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya sapunika wiyosipun. Kula ngaturi wuninga ing panjênêngan sampeyan. Kula sampun tampi srat wêwangsulanipun Radèn Tumênggung Sasrakusuma ing Bèrbêg. Gèn kula nitipriksa bab prakawis Prayadrana dêmang dhusun ing Tunglur[175] bawah ing Bèrbêg. Wonèng[176] sêrat wangsulan sangking Radèn Tumênggung Sasrakusuma wau, lalêpehanipun inggih kula aturakên ing panjênêngan sampeyan. Asarêng tugil sakulês kêlayan sêrat. Ingkêng kaur[177] panjênêngan sampeyan punika, wondening pun Prayadrana Dêmang ing Tunglur inggih sowan kula dhatêng ing Madiu,[178] kula priksani paturanipun. Inggih kados paungêlanipun sêratipun Radèn Tumênggung Sasraksuma mêkatên.

--- 195 ---

Sinrêrat ing Madiun kaping 28.

Wulan Sawal Alip 1755,

Pangeran Răngga Arya Prawira Dididangrat.[179]

_________

Sêrat saha ingkang taklim, Radèna Tumênggung Sasrakusuma, bupati nêgari dalêm Kartana Bèrbêk kitha Toyamirah, kaatur Kangjêng Pangeran Răngga Arya Prawiradiningrat. Ingkang palênggah nêgari dalêm ing Madiun Kartaarja Pangongangan. Saha ingkang madanani sagung para bupati măncanêgari bangwetan bawah nêgari dalêm ing Ngayojakarta Adiningrat. Sasampunipun kadya sapunika awiyosipun, ki lurah panjênêngan sampeyan aputusan saha amawi sêrat, inggih sampun dhatêng ing kula, saha sampun kula tupiksani sapaijêmanipun ing sêrat sêdaya, tibalan[180] sampeyan ingkang kawrat ing sêrat. Panjênêngan sampeyan matêdhani paresa dhatêng ing kula, yèn panjênêngan sampeyan tampi sêrat patêdhanipun saudara sampeyan Kangjêng Tuwan Kurnèl Naus ing Surakarta, yèn kangjêng tuwan risidhèn tampi kabar, sawêg dèrèngipun Sasradilaga dhatêng Rajêgtosan. Manggèn wontên pun Prayadrana dêmang dhusun kula ing Tunglur, rencangipun tiyang 15 utawi 20, tiyang sêmantên punika ingkêng kantênan namanipun tiyang ingkêng satunggil pun Sasradilaga, kalih Mas Ngisa, tiga Radèn Sasraadmaja, punika

--- 196 ---

kalêbêt anak kula, kêjawi punika botên sumêrêp namanipun. Sakesahipun sangking ing Tunglur, kèndêl dhusun ing Gênêng dhusun bawah ing Bèrbêk.[181] Prayadrana Tunglur wau tut wingking lajêng dipun sukani pêdhang satunggil, gènipun wontên dhusun Gênêng antawis 2 dalu utawi 3 dalu, ingkêng punika tiyang ingkêng kasêbut ing ngajêng wau punika, kula anitipriksawa,[182] yêktos utawi batênipun. Yèn yêktos inggal tumuntên kula cêpênga, sangking prakawis punika botên kenging botên, kula anêtêpana satibalan[183] sampeyan ingkêng kasêbut ing ngajêng wau, yèn yêktos utawi botên, inggal kula amangsulana sêrat ing panjênêngan sampeyan. Sangking prakawis punika, ingkêng supados kenginga sampeyan saosakên saudara sampeyan kangjêng tuwan residhèn. Ki lurah panjênêngan sampeyan matêdhani sêrat, ingkang katitimangsan Madiun tanggal kaping 13 wulan Sawal ing taun Alip 1755.

Timbalan sampeyan ingkang kawrat ing sêrat ing nginggil wau punika, inggih nuwun sêndika, wondene pun Srayadrana[184] punika sarêng kula awit pacak baris, batên kantun-kantun kalih sapurug kula, ingkang kula utus nyaosakên sêrat ing panjênêngan sampeyan, kala Kartaarja dipun inggahi kang Tumênggung Yudakusuma, inggih punika pun Prayadrana, sarêng pun Tunglur dipun rayah dhatêng Tuwan Iwêkam, punika inggih botên [botê…]

--- 197 ---

[…n] pirsa, tumut kula baris wontên dhusun Wilisan. Wondene ingkang nama Sasraatmaja punika pun Sawal, punika inggih sêmantên ugi batên kantun sakpurug kula, anak kula ingkang wontên Ngayogja pun Admajumêna punika dugi kula dhèrèk. Sawab punika prayayi nyutra dados lèrèhanipun. Sarêng kula kautus dhatêng Ngayogja punika botên wontên kabar inggih dhèrèk. Nanging sarêng kula matêdhakakên sêrat dhatêng pun Sasradilaga, pratelanipun utusan kula, inggih wontên nanging wicantênipun dhatêng utusan kula wau, aku wis ora sumêja pisan yèn aku sebawa[185] karo roma.[186] Wondene pun Prayadrana inggih kula saosakên kauningana ing panjênêngan sampeyan.

Kasêrat Bèrbêk dintên Sêtu tanggal kaping 24 wulan Sawal taun Alip 1755.

Radèn Tumênggung Sasrakusuma.

__________

98.

Sêrat saha ingkêng tabe akathah-kathah, Pangeran Răngga Arya Prawiradiningrat, ingkêng tatêngga nêgari dalêm ing Madiun Kartaarja Pangongangan. Saha ingkêng mêdanani sagung para bupati bangwetan bawah Ngayugyakarta Adiningrat. Katur Kangjêng Tuwan Idrê Kurnèl Ibrêd Gerar Naus risidhèn ing Surakarta [Su…]

--- 198 ---

[…rakarta] Adiningrat. Saha komasarisipun ing kangjêng guprêmèn ingkang angrèh nêgari Ngayugyakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya sapunika wiyosipun, kula ngaturi wuninga ing panjênêngan sampeyan. Kula tpi[187] srêrat sangking Tuwan Kapitan Pandhêming, kumêndham ing Ngawi, tuwan kumêndham ing Ngawi tampi srêrat kêlahipun Tuwan Sênarbus kumêndham ing Pranaragi, yèn Tuwan Sênorbês wau sampun aningali, pinisêpuh kula pun Sasradirja sawêg wontên dhusun bawah ing Pranaragi, abujuk-bujuk dhatêng Kartasêmita tiyang bawah ing Pranaragi, agadhah kajêng ingkêng botên prayogi, kêlayan malih tuwan kumêndham èngêt. Rikala panjênêngan sampeyan wontên ing Ngawi, pun Sasradirja kula timbali botên purun. Kalihdening pun Sasradirja ingkêng wau sampun nyipêni[188] dhatêng tiyang Jipang kathahipun 8 iji kengkenanipun Sasradilaga sawêg suka srêrat dhatêng kula rumiyinya,[189] tiyang kêng kalunas wontên Ngawi, ingkêng punika kangjêng tuwan. Sarèhning pun Sasradirja wau sampun têrang mênggah kalêpatanipun, ing sapunika dipun pundhut dhatêng tuwan kumêndham ing Ngawi, wau pun Sasradirja inggih kula saosakên dhatêng ing Ngawi, sangking dening punika kangjêng tuwan, pun Sasradirja wau, sarèhning sampun kathah kalêpatanipun, yèn saupami wontên kêrsanipun ingkêng agêng, kawangsulakên dhatêng măncanêgari malih, sangêt sumêlangipun pêmanah kula, mila sapunika mênawi pun [pu…]

--- 199 ---

[…n] Sasradirja wau agadhah cipta ingkêng batên prayogi, ingkêng punika kula sumoga[190] pênggalih sampeyan.

Ing Madiun kaping 28 wulan Sawal Alip 1755,

Pangeran Răngga Arya Prawiradiningrat.

__________

99.

Sêrat saha ingkang tabe kathah-kathah, Pangeran Răngga Arya Prawiradiningrat, ingkang tatêngga nêgari dalêm Madiun Kartaarja Pangongangan. Kaatur ing Kangjêng Tuwan Ridêr Kolnèl Aibrêd Girarnaus, risidhèn ing nagari Surakarta Adiningrat, saha kumisaris ingkang anguwasani nagari dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat.

Sasampunipun kadya sapunika awiyos, kula anyaosi priksa ing panjênêngan sampeyan, sarèhning Radèn Tumênggung Sasranagara, ondêr kolèktur Grobogan ingkang sampun lèrèh, ingkang sawêg wontên kula sampun lami angsalipun wontên kula, saha ing pundi purug kula nglurug piyambakipun inggih batên kantun, saha ing sawêtawis kathah pitulunganipun dhatêng kula, utawi dhatêng para tuwan ingkang wontên Kartaarja saha ing Ngawi, ing sapunika kula pitajêngi damêl bèntèng Kartaarja, kula rumaos wêlas batên sagêd anyukani têdha

--- 200 ---

kang wêtawis anyêkapi, pramila ing mangke kajawi sangking kêrsa sampeyan, bilih parêng andadosakên lêganipun galih sampeyan, wau Radèn Tumênggung Sasranagara, kula suwuna pandamêlan nama bupati, gantosana Radèn Tumênggung Cakradiwirya, ingkang sampun tilar donya, ing nagari Goranggarèng salênggahipun siti Magêtan, ingkang punika asangêt-sangêt panuwun kula ing panjênêngan sampeyan, ingkang mugi wontêna sih kawilasan tulung dhatêng Radèn Tumênggung Sasranagara, dadosa kănca kula bupati, wontên tanah kagungan dalêm ing Goranggarèng wondening konjukipun ingkang agêng kula sumăngga ing pjênêngan[191] sampeyan, ewa sapunika kula sumăngga yèn wontên kêrsa sampeyan ing sanèsipun.

Kasêrat Kartaarja tanggal ping 30 wulan Sawal Alip 1755.

Kangjêng Pangeran Răngga Arya Prawaradiningrat.[192]

__________

100.

Dhumatêng Kangjêng Pangeran Răngga Ariya Prawiradiningrat ing Madiun.

Sasampuning kadya punika awiyos. Kula sampun anampèni [ana…]

--- 201 ---

[…mpèni] sarta nupiksani sêratipun saudara ingkang katitimangsan ping 13 lan ping 14 sasi Mèi punika, ingkang punika sakalangkung ing tarima kasih kula dhatêng saudara, prakawis gènipun anyêpêng pun Sasradirja, mênggah pun Sasradirja ing sapunika sampun wontên ing Sêmawis. Sarta panyuwunipun saudara pun Sasradirja wau sampun ngantos kaluwaran, utawi kaantukakên dhatêng tanah ing măncanagari, punika amasthi badhe kalampahan.

Wondening ingkang dados pikajêngan kula, badhe agadhah unjuk dhumatêng kangjêng tuwan ingkang wicaksana kumisaris jendral, supados pun Sasradirja kabucala saking ing tanah Jawi.

Kalihdening malih kula sampun parêng, yèn pun Tumênggung Sasranagara saudara dadosakên bupati wontên ing Goranggarèng amawi lênggah siti ing Magêtan. Kados ingkang sampun kasêbut ing sêratipun saudara kang katitimangsan ping 14 sasi Mèi.

Mênggah prakawis punika ing dintên benjing-enjing kula badhe kintun sêrat dhumatêng kangjêng tuwan residhèn ing Ngayogya, supados lajêng kaparingana piyagêm saking nagari ing Ngayogyakarta.

Dèrèng lami prajurit Wêlandi pêrang malih kalih kraman. Wondening ingkang kabandhang dhatêng prajurit Wêlandi warni bêndera kêkalih gadhahanipun Pangeran Dipanagara.

--- 202 ---

Kangjêng tuwan kang wicaksana litnan guvrênur jendral sampun ayasa bètèng wontên ing Bligo kalih ing Bantul Karang, mênggah kraman ing sapunika sami manggèn wontên sakilèning Praga.

Wusananipun saudara apitajênga saking dening sih trêna[193] kula aprasobatan kalih saudara.

Surakarta ping 22 Mèi 1828.

Kolonel Nahuijs

__________

101.

Sêrat sa[194] ingkang tabe kula kathah-kathah, Pangeran Răngga Arya Prawiradiningrat. Ingkang tatêng[195] nêgari dalêm Madiun Kartaarja Pangongangan, kaatur ing Kangjêng Tuwan Ridêr Kolonèl Aibrêt Gêrarnaus, risidhèn ing nêgari dalêm Surakarta Adiningrat, saha umisaris[196] ingkang anguwasani nêgari dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat. Sasampunipun kadya sapunika awiyos, kula inggih sampun tampi saha anupiksani sapaijêmanipun sêrat sampeyan sêdaya, ingkang katitèn tanggal ping 23 wulan April kawingking punika, panjênêngan sampeyan maringi priksa dhatêng kawula yèn putranipun Pangeran Mangkubumi, nama Pangeran Natadiningrat, sapunika sampun nukul[197] ing kangjêng gupêrmèn, [gupêr…]

--- 203 ---

[…mèn,] utawi dhatêng kajêng sultan, saibu garwa sêntona sêdaya, kaping kalih kraman ingkang wontên kiwa têngênipun ing Bêdhoyo. Kaping tiga, prakawis panuwun kawula Kabupatèn Munèng, badhe kula tugilakên[198] sanèsipun kabupatèn. Kaping sêkawan, mugi wontêna panuwun kula ing sampeyan prakawis Radèn Tumênggung Sasranagara, ondêr kolèktur ing Grobogan kang sampun lèrèh. Ing wusana kula pitajênga sangking trisna sampeyan. Kaping gasal,[199] sarêng sêrat sampeyan punika sampun katutup, sampeyan tampi kabar yèn kraman sami kawon prangipun kalih saudara sampeyan, Tuwan Litnan Kolnèl Sol Lêwin, Pangeran Dipanagara nalika punika nidhihi[200] piyambak sarta kêplajêng, ingkang punika sapunapa timbalan sampeyan punika sêndaya,[201] inggih sakêlakung panuwun kula ing panjênêngan sampeyan, saha pamuji kula mugi lêstantuna mênang prangipun wadya prajurit gupêrmèn, kawona pun kraman. Inggala kêrtanêgarènipun ratu wondening prakawis kêrsa sampeyan Radèn Tumênggung Sapranagara,[202] kula inggih ngaturi sêrat panuwun ing panjênêngan sampeyan kabêkta dhatêng adi sampeyan pun Sasradiwirya, Dêmang Wirasari lami, anakipun Radèn Tumênggung Sasranagara, klayan malih kawuninga ing panjênêngan sampeyan Radèn Tumênggung Sasranagara, ngaturi priksa dhatêng kula, yèn sampeyan timbali dhatêng Surakarta, ingkang punika mugi sampun dados galih sampeyan mêrgi Radèn Tumênggung Sasranagara, kula batên suka

--- 204 ---

sawab kula kèn angegalakên[203] panggarapipun bèntèng ing Kartaarja, inggal dipun dados, mila adi sampeyan pun Sasradiwirya, ingkang kula pitajêngi sowan ing panjênêngan sampeyan sumêrêpa dados pulmakipun Radèn Tumênggung Sasranagara, anampenana katrisnan sangking kêrsa sampeyan. Kalih prakawis Kabupatèn Munèng, kula sampun tampi sêrat wangsulanipun Kangjêng Radèn Dipati Danurja, yèn pun Munèng sampun kapitajêngakên punapa ingkang dados kajêng kula.

Kartaarja tanggal ping 30 wulan Sawal Alip 1755.

Kangjêng Pangeran Răngga Arya Prawiradiningrat.

__________

102.

Sêrat saha ingkang tate[204] kawula kathah-kathah Radèn Tumênggung Sasranagara, ondêr kolèktur ing Grobogan ingkang sampun lèrèh, ingkang sawêg wontên nêgari dalêm Madiun Kartaarja Pangongangan. Kaatur ing panjênêngan sampeyan Kangjêng Tuwan Ridêr Kolnèl Aibrêt Gerar Naus, risidhèn ingkang apalênggah nêgari dalêm Surakarta Adiningrat, saha umisaris ingkang anguwasani nagari dalêm Ngayogyakarta Adiningrat.

--- 205 ---

Sasampunipun kadya ingkang sapunika kawiyosipun, kawula inggih sampun tampi saha amriksani sapaijêmanipun patêdhan sampeyan sêrat wangsulan dhatêng kawula punika sadaya, ingkang katitèn tanggal ping 23 wulan April kapêngkêr punika, yèn panjênêngan sampeyan sampun tampi sêrat kawula, pramila batên inggal panjênêngan sampêyan matêdhani sêrat wangsulan mêrgi sangking kathahipun ing pandamêlan, wondening panjênêngan sampeyan inggih batên kasupèn, sangking prajangji timbalan sampeyan ingkang dhawah dhatêng kawula, ingkang punika sapunapa timbalan sampeyan, inggih kados ingkang sampun kawrat ing patêdhan sampeyan sêrat punika sadaya, atur kawula inggih sakêlangkung panuwun pamundhi kawula, sangking sih kawilasan sampeyan dhatêng jasad kawula, batên langkung panuwun kawula pamuji rintên kalayan dalu. Ingkang mugi ingkang agêng anglêstantunakên atur panuwun sampeyan, rêntahipun ing sih kawilasanipun kangjêng ingkang agêng, dhatêng jasad kawula, sangking sih kawilasan sampeyan. Wondening kawula sampeyan timbali dhatêng ing Surakarta, ingkang mugi sampun andadosakên rêngatipun ing galih sampeyan, mêrgi kawula batên sagêd sowan ing panjênêngan sampeyan, kawula inggih sampun nuwun pramisi, kalih saudara sampeyan, Kangjêng Pangeran Răngga, ananging batên parêng, amêrgi kawula kakêrsakakên angegalakên panggarapipun bètèng ing Kartaarja, supados inggala dados, [da…]

--- 206 ---

[…dos,] pramila saudara sampeyan, Kangjêng Pangeran Răngga, utusan kimawon dhatêng adi sampeyan anak kawula pun Dêmang Sasradiwirya, sumêrêpa dados pulmak kawula, anyadhong anampèni sangking sih trêsna kawilasan dhumatêng jasad kawula. Wondening sarat patêdhan sampeyan utawi srêrat punika inggih sami kawula saosakên ing saudara sampeyan kangjêng pangeran.

Kartaarja Kêmis tanggal ping 15 Mèi 1828.

Kawula pun Sasranagara.

__________

103.

Dhatêng Radèn Tumênggung Sasranagara.

Sasampuning kadya punika awiyos, kula sampun anampèni sêrat ing jêngandika kang katitimangsan ping 15 Mèi punika, saking putra ijêngandika pun Dêmang Sasradiwirya, sarta punapa saungêling sêrat kula sampun sumêrêp.

Kula inggih sampun parêng ijêngandika asulur dhumatêng putra ijêngandika sohan ing panjênêngan kula, awit ijêngandika sawêg kapambêngan ing padamêlan.

Mênggah putra ijêngandika wagu[205] kula dhawahi mantuk ing dintên benjing-enjing, asarêng kalih sêrat punika, kang sarta kula

--- 207 ---

bêktani pisungsung awarni uwang tiga bêlah rupiyah, lèmèk patilêm Wêlandi satunggil. Sinjang sutra satunggil, sarta bênang mas ing sawêtawis. Sadaya punika dadosa pratăndha saking parênging manah kula dhatêng sakathahing lêlampahan ijêngandika.

Ing dintên punika kula inggih akintun sêrat dhatêng saudara kula Kangjêng Pangeran Răngga ing Madiunya,[206] yèn kula sampun parêng, ijêngandika kadadosakên bupati wontên ing Goranggarèng.

Ingkang punika pamuji sarta pangajêng-ajêng kula, ijêngandika têmên-têmêna gènipun anyêpêng lêlampahanipun dhupati[207] wontên ing Goranggarèng sarta mugi ijêngandika kaganjara mindhak ing kalênggahanipun.

Mênggah parentah kula dhatêng ijêngandika, têmên-têmêna ing pangabdinipun dhatêng Kangjêng guvrêmèn Nèdrêlan, sarta dhatêng kangjêng sultan ing Ngayogya, punapadening anglampahana ing sabarang parentahipun Kangjêng Pangeran Răngga ing Madiun ingkang kalayan taklim sarta têmên-têmên. Sabab Kangjêng Pangeran Răngga wau prasobatipun kangjêng guvrêmèn, sarta sampun kalih wêlas taun gènipun aprasobatan kalih kula.

Yèn ijêngandika angèstokakên ing parentah kula punika, ijêngandika kenging anamtokakêna[208] ing sih trêsna kula.

--- 208 ---

Surakarta ping 22 Mèi 1828.

Kolonel Nahuijs

__________

 


mivro. (kembali)
200. (kembali)
têtindhihipun. (kembali)
sangking kidul. (kembali)
Siyam. (kembali)
wilujêng. (kembali)
April. (kembali)
kangjêng (dan di tempat lain). (kembali)
samubarang. (kembali)
10 Hèndrik. (kembali)
11 Botên (dan di tempat lain). (kembali)
12 prêlu. (kembali)
13 Rongkob (dan di tempat lain). (kembali)
14 desa. (kembali)
15 digarap. (kembali)
16 Wungking. (kembali)
17 Sambiradin. (kembali)
18 bêkta. (kembali)
19 wolung. (kembali)
20 bantoni. (kembali)
21 wondèntên. (kembali)
22 enggala (dan di tempat lain). (kembali)
23 inggih (dan di tempat lain). (kembali)
24 lumêbêt. (kembali)
25 Teks asli: U+k. (kembali)
26 Teks asli: U+k. (kembali)
27 angintunakên. (kembali)
28 Teks asli: U+k. (kembali)
29 tampi. (kembali)
30 Wawu. (kembali)
31 têtumpakanipun. (kembali)
32 Teks asli: U+k. (kembali)
33 yakin. (kembali)
34 apurun-purun. (kembali)
35 ing (dan di tempat lain). (kembali)
36 Surakarta Kêmis. (kembali)
37 Teks asli: U+k. (kembali)
38 adhimas. (kembali)
39 Mungêling. (kembali)
40 Teks asli: U=ko. (kembali)
41 ngantos (dan di tempat lain). (kembali)
42 ayêm. (kembali)
43 têntrêm. (kembali)
44 apyun. (kembali)
45 Sênèn. (kembali)
46 Dêmang. (kembali)
47 Brajakartika. (kembali)
48 kimawon (dan di tempat lain). (kembali)
49 Sênèn. (kembali)
50 ăngkaning. (kembali)
51 Sambiradin. (kembali)
52 Sambiradin. (kembali)
53 gadhahan. (kembali)
54 udur-uduran. (kembali)
55 Cèkli. (kembali)
56 mantuk. (kembali)
57 cêmêngan. (kembali)
58 wontêna. (kembali)
59 têdha. (kembali)
60 nuntên. (kembali)
61 sanjangipun. (kembali)
62 sampun. (kembali)
63 Gampang. (kembali)
64 sêksi. (kembali)
65 ungêling. (kembali)
66 angladosake. (kembali)
67 wolu (dan di tempat lain). (kembali)
68 ăngka (dan di tempat lain). (kembali)
69 ingkang (dan di tempat lain). (kembali)
70 dalêm. (kembali)
71 pan. (kembali)
72 sênjata. (kembali)
73 anuntên. (kembali)
74 enggalipun. (kembali)
75 Teks asli: O+k. (kembali)
76 tunggil (dan di tempat lain). (kembali)
77 tempo. (kembali)
78 mênggah. (kembali)
79 botên. (kembali)
80 Teks asli: zu+k. (kembali)
81 ananging. (kembali)
82 tumuntên (dan di tempat lain). (kembali)
83 Nais (dan di tempat lain). (kembali)
84 anggèn (dan di tempat lain). (kembali)
85 lêrêp (dan di tempat lain). (kembali)
86 apêpanggihan. (kembali)
87 sangkêlat. (kembali)
88 cindhe. (kembali)
89 nênêm. (kembali)
90 inggahi. (kembali)
91 dangu. (kembali)
92 dintên (dan di tempat lain). (kembali)
93 ampunipun. (kembali)
94 Jumadilakir (dan di tempat lain). (kembali)
95 guprêmèn. (kembali)
96 tapêl. (kembali)
97 Alip. (kembali)
98 pakintunipun. (kembali)
99 sapunika. (kembali)
100 mundur (dan di tempat lain). (kembali)
101 kèndêl-kèndêl. (kembali)
102 benjing. (kembali)
103 Teks asli: O+k. (kembali)
104 wontên (dan di tempat lain). (kembali)
105 kula. (kembali)
106 utawi. (kembali)
107 taun. (kembali)
108 wulan. (kembali)
109 inggih. (kembali)
110 Dhêkok (dan di tempat lain). (kembali)
111 Magêtan. (kembali)
112 Maospati. (kembali)
113 tanggal. (kembali)
114 Unduripun. (kembali)
115 mundur (dan di tempat lain). (kembali)
116 Panaraga. (kembali)
117 Ruwah. (kembali)
118 nênggêl. (kembali)
119 kenging. (kembali)
120 kitha. (kembali)
121 wasta Wiradikara dobel. (kembali)
122 ăngka. (kembali)
123 kula (dan di tempat lain). (kembali)
124 Teks asli: O+k. (kembali)
125 sungkêm (dan di tempat lain). (kembali)
126 sêrat (dan di tempat lain). (kembali)
127 panuwun. (kembali)
128 unjuk. (kembali)
129 kaatur. (kembali)
130 pan. (kembali)
131 bintang. (kembali)
132 nêgari. (kembali)
133 samantên. (kembali)
134 abdi (dan di tempat lain). (kembali)
135 sêdaya. (kembali)
136 wontên. (kembali)
137 sagêd (dan di tempat lain). (kembali)
138 yêktosipun. (kembali)
139 Teks asli: [a=i. (kembali)
140 mangke. (kembali)
141 panjênêngan (dan di tempat lain). (kembali)
142 wênangakên. (kembali)
143 adamêl. (kembali)
144 têmên-têmên (dan di tempat lain). (kembali)
145 kadamêl. (kembali)
146 panjênêngan (dan di tempat lain). (kembali)
147 paturan. (kembali)
148 kintun. (kembali)
149 pêngangge. (kembali)
150 topi. (kembali)
151 kangge. (kembali)
152 angge. (kembali)
153 purun. (kembali)
154 sêpuh. (kembali)
155 punika. (kembali)
156 èstri. (kembali)
157 Ngrajêgtosan. (kembali)
158 rencang-rencang. (kembali)
159 sampeyan (dan di tempat lain). (kembali)
160 nampèni. (kembali)
161 sampun. (kembali)
162 mantuk. (kembali)
163 suwita. (kembali)
164 sampun. (kembali)
165 anglampahi. (kembali)
166 numpal. (kembali)
167 Rajêgwêsi. (kembali)
168 akathah-kathah. (kembali)
169 Radèn (dan di tempat lain). (kembali)
170 tupiksani. (kembali)
171 kawrat. (kembali)
172 gêtêripun. (kembali)
173 prakawis. (kembali)
174 Teks asli: tu=[zÓ|/o. (kembali)
175 Teks asli: tu=zÓ|e/. (kembali)
176 wondening. (kembali)
177 katur. (kembali)
178 Madiun. (kembali)
179 Adiningrat. (kembali)
180 timbalan. (kembali)
181 Bèrbêg (dan di tempat lain). (kembali)
182 anitipriksaa. (kembali)
183 satimbalan. (kembali)
184 Prayadrana. (kembali)
185 sebaa. (kembali)
186 rama. (kembali)
187 tampi. (kembali)
188 nyimpêni. (kembali)
189 rumiyin. (kembali)
190 sumăngga. (kembali)
191 panjênêngan. (kembali)
192 Prawiradiningrat. (kembali)
193 trêsna. (kembali)
194 saha. (kembali)
195 tatêngga. (kembali)
196 kumisaris (dan di tempat lain). (kembali)
197 nungkul. (kembali)
198 tunggilakên. (kembali)
199 gangsal. (kembali)
200 nindhihi. (kembali)
201 sêdaya. (kembali)
202 Sasranagara. (kembali)
203 angenggalakên (dan di tempat lain). (kembali)
204 tabe. (kembali)
205 wau. (kembali)
206 Madiun. (kembali)
207 bupati. (kembali)
208 anamtokakên. (kembali)