Javaansche Brieven, Roorda, 1845, #676 (Hlm. 208–304)

Judul
Sambungan
1. Javaansche Brieven, Roorda, 1845, #676 (Hlm. 001–110). Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
2. Javaansche Brieven, Roorda, 1845, #676 (Hlm. 111–208). Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
3. Javaansche Brieven, Roorda, 1845, #676 (Hlm. 208–304). Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
4. Javaansche Brieven, Roorda, 1845, #676 (Hlm. 304–400). Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
5. Javaansche Brieven, Roorda, 1845, #676 (Hlm. 400–484). Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
Citra
Terakhir diubah: 07-09-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

104.

Sêrat saha ingkêng tabe akathah-kathah, Pangeran Răngga Arya Prawira Adiningrat ingkêng tatêngga nêgari dalêm ing Madiun Kartaarja Pangongangan. Saha ingkêng mêdanani sagung para bupati bangwetan bawah ing Ngayugyakarta Adiningrat, katur Kangjêng Tuwan Ridrê Kurnèl Ingrêd[1] Gerarnaus, risidhèn ingkêng apalênggah kantor nêgari Surakarta, kumasaris nêgari ing Ngayugyakarta.

Sasampuning kadya sapunika wiyosipun kangjêng tuwan, kula ngaturi wuninga ing panjênêngan sampeyan, sakêplajêngipun brandhal sangking Rajêgtosan, purugipun dhatêng siti ing Saosragi, utawi ing Kupurbrubuh ing Kêmagêtan. Sarèhning ing Madiun ngajêngakên mêsah,[2] tanah ing bang wetan sampun kapêngkrê[3] ing brandhal, dados kula gadhah parentah dhatêng priyayi kănca bupati bangwetan, Radèn Tumênggung Sasrakusuma Bèrbêg, Radèn Tumênggung Sasranêgara Gudhean, Radèn Tumênggung Prigakusuma[4] ing Ngrawa, Radèn Tumênggung Mangundirona ing Kalangbrèt. Sami kula aturi dhatêng ing Madiun, wondening priyayi kănca ing sanèsipun kula pinta jagèni nêgari, sabab rêbad cêkapipun nêgari bang wetan sampun kantos [ka…]

--- 209 ---

[…ntos] sêpên. Wau radèn tumênggung ing Bèrbêg, kalih Tumênggung Gudhean, inggih dhatêng ing Madiun. Dene Radèn Tumênggung Ngrawi, ing Kalangbrèt, botên dhatêng, sakêplajêngipun brandhal wontên tanah ing Kêmagêtan, wangsul dhatêng tanah Jipang malih manggèn wontên dhusun sukonipun rêdi Pandhan. Radèn tumênggung ing Ngrawi Kalangbrèt, sami kula sukani srat. Utawi sratipun Radèn Tumênggung Sasrakusuma, sami kula egalakên,[5] gènipun dhatêng Madiun. Wondening Radèn Tumênggung Sasrakusuma, Radèn Tumênggung Gudhean, utawi priyayi bupati Madiun utawi Kêmagêtan, sami baris wontên dhusun sukonipun rêdi Kêndhêng ingkêng kidul siti bawah Madiun. Radèn Tumênggung Sasrakusuma baris wontên dhusun Durèn. Sarêng sakicalipun ing brandhal batên antawis lami, sarèhning priyayi kănca ing Madiun utawi Kêmagêtan, gènipun nyagi[6] pragatan utawi pêdamêlan dhatêng Ngawi utawi ing Kartaarja, sangêt kèthèripun. Dados kula gadhah parentah malih dhatêng priyayi kănca, Radèn Tumênggung Natadiwirya, Radèn Tumênggung Prigakusuma, Radèn Tumênggung Sumadipura, Radèn Tumênggung Mangundirona Kalangbrèt. Punika sami kula aturi dhatêng ing Madiun. Amirêmbag sangking prakawis pêndamêlan wau, sarèhning sami gadhah sêsagèn,[7] punika sami mangsuli srat kimawon dhatêng kula, utawi dhatêng Radèn Tumênggung Sasrakusuma, wangsulanipun piyambakipun batên sagêd sowan, sabab kuwatos tilar nêgari, sangking pêmanah kula kangjêng tuwan. [tuwa…]

--- 210 ---

[…n.] Tanah bangwetan batên wontên kuwatosipun. Pêdamêlan ing Madiun ngêlangkungi kèthèr, lajêng kula utusan malih dhatêng Radèn Tumênggung Sasrakusuma, utawi kula suka srat dhatêng Tumênggung Ngrawi ing Kalangbrèt. Punika sami mangsuli srat dhatêng kula, utawi dhatêng Radèn Tumênggung Bèrbêg. Wangsulanipun inggih kados ing ngajêng wau, lajêng kula utusan malih dhatêng radèn tumênggung ing Bèrbêg, utawi srat kula dhatêng Ngrawi Kalangbrèt, utawi Kartasana, supados egal dhatêngipun ing Madiun. Srat kula kantos kaping pitu utawi kaping walu, wangsulanipun tansah nyandikani kimawon. Wondening salêbêtipun titimosa[8] punika, Radèn Tumênggung Sumadipura, ing Kartasana, sampun dhatêng ing Madiun. Wondening Radèn Tumênggung Ngrawi, Tumênggung ing Kalangbrèt, sami mangsuli srat kimawon dhatêng kula, utawi dhatêng Radèn Tumênggung Sasrakusuma, wangsulanipun yèn batên sagêd sowan dhatêng ing Madiun. Sabab paturanipun dhatêng Kangjêng Radèn Adipati Danurêja sampun kêplajêng, ing sapunika sratipun wêwangsulan sangking Tumênggung Ngrawi utawi Kalangbrèt ingkêng dhatêng kula utawi dhatêng Radèn Tumênggung Bèrbêg, turunanipun sami kula aturakên ing sampeyan.

Ingkêng punika kangjêng tuwan, kula nuwun priksa ing panjênêngan sampeyan, dene wangsulanipun Radèn Tumênggung Prigakusuma, Radèn Tumênggung Mangundirona, kadospundi ingkêng dados pênggalih sampeyan. Punapa pêkajênganipun priyayi [priya…]

--- 211 ---

[…yi] kănca kêkalih wau, yèn mila èstu wontên paturanipun priyayi kănca kados mêkatên. Kula sumaga[9] pênggalih sampeyan.

Kalihdening kawuningana ing sampeyan, sadèrèngipun Radèn Tumênggung Sumadipura Kartasana wontên ing Madiun, kula tampi srat pêkabaranipun sangking Tuwan Kapitan Pandhêming kumêndham ing Ngawi, sarêng Radèn Tumênggung Sumadipura dhatêng ing Madiun kula pitakèn mênggah pêkabaran wau, Paturanipun Radèn Tumênggung Sumadipura kawrat ing srêrat. Turunanipun ing srêrat sangking Tumênggung Sumadipura, kalih sêrat pêkabaran sangking kumêndham ing Ngawi, turunanipun sami kula aturakên ing sampeyan, ingkêng punika kawuningana ing panjênêngan sampeyan. Kalihdening malih kangjêng tuwan, mênggah Radèn Tumênggung Prigakusuma, Radèn Tumênggung Mangundirona, sangking raosipun pêmanah kula, kados batên gadhah kajêng wau punika kimawon. Wontên sumêlangipun pêmanah kula, sarèhning nêgari măngsa sapunika, mila kula kamipurun ing matur sapunika, ingkêng wau rikala kula sakănca kula bupati, sami katimbalan dhatêng nêgari ing Surakarta, kula sakănca kula sami sowan. Dene Radèn Tumênggung Prigakusum[10] ing Ngrawi, kalih Radèn Tumênggung Mangundirona, inggih botên tumut sowan. Kantos sapunika pêkabaranipun ing Ngrawi, utawi ing Kalangbrèt, tansah dados sumêlangipun ing pênggalihipun ingkêng agêng, rikala Kangjêng Tuwan Lawik dados [da…]

--- 212 ---

[…dos] risidhèn ing Rêmbang, amriksani ing sêkathahipun priyayi kănca kula bupati bawah kula sêdaya, kêlampahan Radèn Tumênggung Prigakusuma, Radèn Tumênggung Mangundirona, punika sami dados têtanggêlan kula, ing wusana sapunika gadhah kajêng kados mêkatên. Ingkêng punika kajêng tuwan atur kula inggil wau punika, kula sumaga pênggalih sampeyan. Saha batên kakilapan pênggalihipun ingkêng agêng, kula inggih ngaturi srat piyambak dhatêng Kangjêng Radèn Adipati Danurêja.

Ing dintên Sêtu tanggal kaping 10.

Wulan Sêla taun Alip, 1755.

Kangjêng Pangeran Răngga Arya Prawiradiningrat.

__________

Sêrat saha ingkang taklim, Radèn Tumênggung Sasrakusuma, bupati nêgari dalêm Kartasana Bèrbêg kitha Toyasirah, katur ing Kangjêng Pangeran Răngga Ariya Prawiradiningrat. Ingkang palênggah nêgari dalêm Madiun Kartaarja Pangungangan. Saha ingkang mêdanani sagung bupati măncanêgari bangwetan bawah nêgari dalêm Ngayogjakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya ingkang sapunika wiyosipun, ki lurah panjênêngan sampeyan matêdhani sêrat inggih sampun dhatêng ing kula, saha sampun kula tupiksani sapaijêmanipun ing sêrat sêdaya, tibalan sampeyan ingkang kawrat ing

--- 213 ---

sêrat, sampeyan mudhut[11] egalipun[12] sêntona sampeyan priyayi kănca bupati, ingkang sami sampeyan tibali[13] kantos ambal kaping sêkawan utawi kaping gangsal. Angsal sampeyan matêdhani sêrat dhatêng kula tansah nyêndikani kimawon. Batên wontên kawêkasanipun. Punika batên kenging batên. Priyayi kănca bupati wau mangkata sadhatêngipun patêdhan sampeyan sêrat punika, wradinipun dhatêng sêntona sampeyan priyayi kănca bupati pitajêng dhatêng kula, ki lurah panjênêngan sampeyan matêdhani sêrat ingkang katitimangsan Kartaarja Kêmis tanggal ping 25 wulan Ramêlan taun Alip 1755, sajawènipun titimăngsa ingkang wau priyayi kănca bupati, punik[14] ampungan sami têngga nêgari, kuwatos dening brandhal sapunika kraman sampun batên wontên. Timbalan sampeyan ingkang kawrat ing sêrat ngigil[15] wau punika, kula inggih nuwun sêndika.

Kasêrat barisan dhusun Kurèn Sêlasa tanggal kaping 29 wulan Ramêlan taun Alip, 1755.

Sajawènipun titimăngsa kula nyaosakên sêrat wangsulanipun anggèr Radèn Tumênggung Pringgakusuma, kalih pun anak Tumênggung Mangundirana, patêdhan sampeyan sêrat ingkang katitimangsan tanggal kaping 15 salêbêtipun wulan Ramêlan punika.

__________

--- 214 ---

Sêrat saha ingkêng pangabêkti, Radèn Tumênggung Pringgakusuma, ingkêng tatêngga nêgari dalêm Ngrawi, kaatur ingkêng eyang, Radèn Tumênggung Sasrakusuma, ingkêng tatêngga nêgari dalêm ing Bèrbêg.

Sasampuning kadya sapunika wiyosipun, kula inggih sampun tampi pêparing sampeyan sêrat, ikêng[16] katitimangsan Slasa tanggal ping 8 wulan Siyam Alip, paijêmanipun batên amung sampeyan anglajêngakên sêrat kêkalih, srêrat patêdhanipun wayah sampeyan Ki Lurah Kangjêng Pangeran Răngga Ariya Prawiradiningrat, saha kula sampun nupiksani, wondening kula kagalih botên angèstokakên tibalanipun wayah sampeyan ki lurah. Ikêng punika ki bêkêl sangêt pênuwun kula, kula batên pisan-pisan, yèn kula botên angèstokna tibalanipun wayah sampeyan ki lurah, wondening angsal kula dèrèng sowan, sawab sangking watos kula angsal kula jagèni nêgari dalêm Ngrawi, kalihdening malih sangki[17] pênggendholipun tiyang alit, sêmangsanipun batên watên[18] watosipun manah kula, igih tumuntên kula sowan.

Ngrawi tanggal ping 25 wulan Siyam Alip, 1755.

__________

--- 215 ---

Sêrat sa[19] ingkêng pangabêkti, Radèn Tumênggung Mangundirona, ingkêng tatêngga nêgari ing Kalangbrèt, katur Ki Bêkêl Radèn Tumênggung Sasrakusuma, ingkêng tatêngga nêgari dalêm ing Kartasana Bèrbêg kitha Toyamirah.

Sasampuning kadya sapunika awiyos, kula sampun tampi, pêparing sampeyan srat. Kêng katitimangsan ditên Sêlasa tanggal kaping 8 wulan Ramêlan Alip 1755, wondening ijêmanipun ing srêrat, sampeyan ngajêngakên srat kêkalih, pêparingipun wayah sampeyan Ki Lurah Kangjêng Pangeran Răngga Prawiradiningrat, saha sampun kula tupiksani sêrat kêkalih wau, paijêmanipun ing srêrat, kula kagalih botên angèstokakên timbalanipun wayah sampeyan ki lurah, ingkêng punika ki bêkêl inggih sakêlangkung sangêt panuwun kula, botên pisan-pisan yèn kula botên ngèstokakên dhatêng timbalanipun wayah sampeyan Ki Lurah Kangjêng Pangeran Răngga wondening angsal kula botên sowan, sawab saking kuwatos kula, angsal kula jagèni nêgari dalêm ing ing[20] Kalangbrèt. Sêmasanipun botên wontên watosipun, kula inggih tumuntên sowan dhatêng ing Madiun.

Sinrêrat ing Kalangbrèt, Akad tanggal kaping 27 wulan Ramêlan Alip, 1755.

__________

--- 216 ---

sêrat saha ingkang taklim, Radèn Tumênggung Sasrakusuma, bopati nêgari dalêm Kartasona Bèrbêg kang kitha Toyamirah, kaatur ing Kangjêng Pangeran Răngga Ariya Prawiradiningrat, ingkang palênggah nêgari dalêm Madiun Kartaarja Pangungangan. Saha ingkang mêdanani sagung para bopati măncanêgari bangwetan bawah nêgari dalêm Ngayogjakarta Adiningrat. Sasampuning kadya sapunika wiyosipun, ki lurah panjênêngan sampeyan matêdhani sêrat. Inggih sampun dhatêng ing kula, saha sampun kula tuhupiksani sapaijêmanipun ing sêrat sêdaya, timbalan sampeyan ikêng kawrat ing sêrat. Asangêt dados pêngajêng-ajêng sampeyan. Dhatêng sêntona sampeyan priyayi kănca bupati bangwetan ikêng sami sampeyan timbali dhatêng Madiun. Sawab dening ngantos dumugi patêdhan sampeyan-sampeyan sêrat titimăngsa punika dene dèrèng wontên dhatêng, kula botên kenging botên priyayi kănca bupati wau, sampeyan pundhut inggalipun dhatêng Madiun. Ki lurah panjênêngan sampeyan matêdhani sêrat, ikêng katitimangsan Madiun tanggal kaping 21 wulan Ramêlan taun Alip 1755, timbalan sampeyan ikêng kawrat ing sêrat ngigil wau punika sêdaya, igih sêndika, satampi kula patêdhan sampeyan sêrat. Agih[21] kula lajêngakên dhatêng sêntona sampeyan priyayi kănca bupati bangwetan sêdaya.

--- 217 ---

Kasêrat ing barisan dhusun Durèn, Sêlasa Wage tanggal kaping 29 wulan Ramêlan taun Alip 1755.

Radèn Tumênggung Sasrakusuma, 66, Matal Mawulu Jagur Gurujaya.

Sêrat saha ingkêng pangabêkti Radèn Tumênggung Prigakusuma, ingkêng têtêngga nêgari dalêm ing Ngrawi, kitha Tulungagung, kaatura ingkêng eyang Radèn Tumênggung Sasrakusuma, ingkêng atêtêngga nêgari dalêm Kartasana, Bèrbêk kitha Toyamirah.

Sasampunipun kadya sapunika wiyosipun, kula ikêng sampun tampi, pêparing sampeyan sêrat, ingkêng katitimangsan ing dintên Rêbo tanggal kaping 14 wulan Sawal taun Alip 1755, wondening paijêmanipun ing sêrat mênggah ladosan kula maesa lêmbu dhatêng Ngawi, punika sampeyan pundhut egalipun, sapitên[22] petang kula, angsal kula botên anyaosi, punika botên kenging botên, kula sampeyan kêrsakakên bakta sarê[23] akat[24] kula dhatêng Kartaarja, ingkêng punika ki bêkêl, kula igih nuwun sêndika, tumutên kula igih badhe ngladosakên.

Sinêrat ing Ngrawi tanggal kaping 17, wulan Sawal taun Alip, 1755.

__________

--- 218 ---

Sêrat saha ingkêng pangabêkti Radèn Tumênggung Mangundirana, ikêng tatêngga nêgari dalêm ing Kalangbrèt, kaatur ikêng rama Radèn Tumênggung Sasrakusuma, ikêng tatêngga nêgari dalêm ing Bèrbêg.

Sasampuning kadya sapunika wiyosipun, kula igih sampun tampi pêparing sampeyan srêrat, ingkêng katitimangsan Rêbo tanggal ping 14 wulan Sawal Alip 1755, wondening paijêmanipun sêrat, mênggah ladosan kula pragatan maesa lêmbu dhumatêng Ngawi, punika sampeyan pundhut egalipun, sapintên angsal kula botên angladosi, punika botên kenging batên, kula sampeyan kêrsakakên bêkta sarêng sak angkat kula dhatêng Kartaarja, ikêng punika ki bêkêl, kula igih sêndika tumuntên kula angladosakên.

Slasa tanggal ping 20 Sawal Alip 1755.

__________

Sêrat saha ingkêng pangabêkti Rahadèn Tumênggung Mangundirona, ingkang atêtêngga panêgari dalêm, ing Kalangbrèt. Kaatur ing Kangjêng Pangeran Răngga Ariya Prawira Adiningrat. Ingkang apalênggah panêgari dalêm ing Madiun Kartaarja Pangongangan. Saha ingkang amêdanani sagung bupati măncanêgari bangwetan sêdaya, bawah nêgari ing Ngayugjakarta Adiningrat.

--- 219 ---

Sasampuning ingkang kadya sapunika wiyosipun, ki lurah kula ingkang sampun tampi, pitêdhan sampeyan sêrat ingkang katitimangsan ing dintên Isnèn tanggal kaping 13 Sawal Alip 1755.

Wondening paijêmanipun ing sêrat pitêdhan sampeyan, kula botên kenging botên, sampeyan pêksakakên sowan dhumatêng ing Madiun. Sarèhning măngsa mêngkatên akathah sampeyan pirêmbagakên, kados ta pêndamêlan laji[25] ing Kartaarja, punapa dening pragatan, anglangkungi kèthèr priyayi bupati ing Madiun. Utawi prikănca ing Kamagêtan, sami ngucik dhatêng priyayi kănca bupati nêgari bangwetan. Amargi lami botên tumêdhak ing pêndamêlan, ananging sampeyan galih igih lêrês. Sarèhning sami gadhah sêsanggèn, ingkang punika ki lurah, sampeyan amundhut wêwangsulan kula, ingkang kawêrt[26] ing sêrat. Wondening atur wangsulan kula, igih mênawi sampun batên kuwatos kula, gèn kula anjagèni kagêngan dalêm, nêgari pun Kalangbrèt, kula tumuntên sowan. Kalihdening malih sampeyan, amundhut ladosan kula, pragatan maesa lêmbu, kula igih sêndika, tumuntên kula badhe angladosakên.

--- 220 ---

Sinêrat ing Kalangbrèt, ing dintên Sêlasa tanggal kaping 20 wulan Sawal ing taun Alip 1755.

__________

Sêrat saha ingkêng taklim Radèn Tumênggung Sasrakusuma, ingkêng tatêngga nêgari dalêm ing Kartasana Bèrbêg kitha Toyamirah, katur Kangjêng Pangeran Răngga Arya Prawira Adiningrat.

Sasampuning kadya sapunika wiyosipun ki lurah, ingkêng asarêng-sarêng sêrat punika kula ngintunakên sêrat lalêpehan sangking raka jêngandika anggèr Radèn Tumênggung Prigakusuma, ingkêng dhatêng kula, kalih sangking pun paman Radèn Tumênggung Mangundirona, kawuningana ing panjênêngan sampeyan, kula sumaga pênggalih sampeyan.

Sinrêrat Rêbo tanggal kaping 6 wulan Sêla taun Alip 1755.

Ki lurah kula botên sumêrêp, kaolipun Radèn Tumênggung Prigakusuma, kalih Radèn Tumênggung Mangundirana, mawi sampun kêlajêng paturanipun dhatêng Kangjêng Radèn Dipati Danurêja.

Kasêrat kaping 12 wulan Sêla, taun Alip 1755.

Radèn Tumênggung Sasrakusuma.

__________

--- 221 ---

Sêrat saha ingkang pangabêkti, Rahadèn Tumênggung Pringgakusuma, ingkang atatêngga panêgari dalêm ing Ngrawi, kitha ing Tulungagung, kaatur ingkêng eyang, Rahadèn Tumênggung Sasrakusuma, ingkang atatêngga panêgari dalêm Kartasona, Bèrbêk kitha Toyamirah.

Sasampuning ingkang kadya sapunika, wiyosipun ki bêkêl, kula inggih sampun tampi pêparing sampeyan sêrat. Ingkang katitimangsan ing dintên Sêtu tanggal kaping 24 wulan Sawal ing taun Alip 1755, wondene paijêmanipun ing sêrat, batên langkung sampeyan anglêjêngakên[27] sêrat pitêdhanipun wayah sampeyan ki lurah, Kangjêng Pangeran Răngga Ariya Prawiraningrat. Sêrat sêtunggil, wondene kula sampeyan kêrsakakên tumuntên anglêksanani sowan dhumatêng Mêdiun kitha ing Kartaarja, ingkang punika ki bêkêl, kula dipun timbali dhumatêng wayah sampeyan ki lurah, kula batên sagêd sowan. Mila sakpunika ki bêkêl, ingkang dados paturan kula, sampun kêlajêng atur kula dhumatêng putra sampeyan Kangjêng Rahadèn Adipati Danurêja, kalihdene mali, [28] kula anyaosakên mênggah ladosan kula mraetan[29] maesa lêmbu, kathahipun kalih têngah ladosan.

Sinêrat ing dintên Akad tanggal kaping 3 wulan Sêla, taunipun Alip, oka[30] 1755.

--- 222 ---

Ingkang sêrat saha ingkang bêkti Radèn Tumênggung Mangundirana, ingkang atêtêngga panêgari dalêm ing Kalangbrèt, kaatur Rahadèn Tumênggung Sasrakusuma, ingkang atêtêngga panêgari dalêm Kartasana Bèrbêk kitha ing Toyamirah, sasampuning ingkang kadya sapunika, wiyosipun ki bêkêl, kula ingkang sampun tampi pêparing sampeyan srêrat ingkang katitimangsan ing dintên Sêtu tanggal kaping 24 wulan Sawal taun Alip 1755.

Wondene paijêmanipun sêrat, botên langkung sampeyan anglajêngakên srêrat patêdhanipun wayah sampeyan ki lurah srêrat sêtunggil, wondene kula sampeyan kêrsakakên tumuntêna anglêksanani sowan dhumatêng Madiun kitha Kartaarja, ingkang punika ki bêkêl, atur kula ing sampeyan, sêmangsanipun wayah sampeyan Radèn Tumênggung Pringgakusuma sowan dhatêng Kartaarja, kula inggah[31] tumuntên dhèrèk sowan. Mila sangpunika,[32] mênggah ingkang dados paturan kula, sampun kêlajêng kaatur putra sampeyan Kangjêng Rahadèn Adipati Danurêja, kalihdene kula anyaosakên mênggah ladosan kula pragatan maesa lêmbu kathahipun 3. Sinêrat ing Kalangbrèt Ngahad tanggal kaping 4 wulan Sêla taun Alip 1755.

Radèn Tumênggung Mangundirana.

__________

--- 223 ---

Sêrat saha ingkêng taklim, Radèn Tumênggung Pringgakusuma, ingkang tatêngga nêgari dalêm ing Ngrawi kitha Tulungagung, kaatur ikêng rayi Kangjêng Pangeran Răngga Ariya Prawiradiningrat, kang pilênggah nêgari dalêm Madiun Kartaarja Pangungangan, saha ikang mêdanani sagung para bopati măncanêgari bangwetan bawah nêgari dalêm Ngayogjakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya sapunika wiyosipun ki lurah, kula sampun tampi patêdhan sampeyan sêrat, ikêng katitimangsan Madiun tanggal ping 22 wulan Sawal taun Alip 1755, wondening paijêmanipun ing sêrat, botên langkung kula sampeyan tibali sowan dhatêng Kartaarja, mangkata sakdhatêngipun ing patêdhan sampeyan sêrat, ikêng punika ki lurah kula sampeyan tibali, kula botên sagêd sowan ing panjênêngan sampeyan, mila sapunika ingkêng dados paturan kula sampun kêlajêng, katur dhumatêng rama jêngandika, Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, kalihdening malih kula anyaosakên mênggah lêladosan kula pragatan maesa lêmbu, kathahipun kalih têngah ladosan.

Sinêrat Ngrawi tanggal ping 3 wulan Sêla taun Alip 1755.

__________

--- 224 ---

Sêrat saha ingkêng pangabêkti Radèn Tumênggung Mangundirona, ikê[33] tatêngga nêgari dalêm ing Kalangbrèt, kaatur Kangjêng Pangeran Răngga Ariya Prawiradiningrat, ikêng pilênggah nêgari dalêm Madiun Kartaarja Pangongangan.

Sasampuning kadya sapunika wiyosipun ki lurah, kula sampun tampi pêparing sampeyan sêrat, ikêng katitimangsan tanggal ping 22 wulan Sawal Alip 1755, wondening paijêmanipun ing sêrat, botên langkung kula sampeyan tibali dhatêng Madiun, kula kakrêsakabên[34] mangkat ing sak dhatêngipun sêrat, ikêng punika ki lurah, mênggah jasad kula, ing sêmangsanipun raka ijêngandika Radèn Tumênggung Pringgakusuma sowan dhatêng Madiun, kula igih dhèrèk sowan, mila sasapunika[35] mênggah ikêng dados paturan kula sampun kêlajêng, katur rama ijêngandika Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, kalihdening malih kula nyaosakên mênggah ladosan kula pragatan maesa lêmbu kathahipun 30.

Sinêrat Kalangbrèt Ngahatat[36] tanggal ping 4 wulan Sêla Alip 1755.

__________

Sêrat saha ingkêng tabe akathah-kathah, Tuwan Kapitan Pandhêming kumêndhan ing Ngawi, katur ingkêng saudara Kangjêng Pangeran Răngga Arya Prawiradiningrat. Ingkêng apalênggah panêgari dalêm ing Madiun Kartaarja Pangongangan.

--- 225 ---

Sasampuning kadya sapunika awiyos, kula gadhah atur kêlayan saudara, ing mangke kula manggih kabar sangking paturanipun tiyang, bilih Radèn Tumênggung Pringgakusuma Ngrawi, Radèn Tumênggung Mangundirona Kalangbrèt, punika supe ingkêng dados parentahipun saudara, sumêdya ngugungi brandhal, ingkêng punika panuwun kula dhumatêng saudara, mugi wontêna krêsanipun saudara, anêrangakên sangking prakawis punika, punapa yêktos punapa dèrèng, tiyang kêng suka kabar wau punika, wau utusan sagêda enggal-enggalan. Mugi saudara aparing srêrat pêkabaran ingkêng trêrang, dhatêng kula, mila sapunika bilih Radèn Tumênggung Pringgakusuma wau, guprênêmèn botên kêrsa amaringi nama pangeran dhatêng piyambakipun, kados ugi badhe mukul prang dhatêng kangjêng guprênêmèn. Kawuningana dhatêng saudara.

Ngawi Jumungah kaping 2, Sêla Alip taun 1755.

__________

Sêrat saha ingkêng pangabêkti, Radèn Tumênggung Sumadipura, kaatur ikêng raka, Kangjêng Pangeran Răngga Ariya Prawira Adiningrat.

Sasampuning kadya sapunika wiyosipun ki lurah sak dhatêng kula wontên Kartaarja, panjênêngan mundhuta kabaripun kangmas Pringgakusuma, sawêg kula wèntên[37] ngarsa sampeyan, dèrèng sagêd matur ikang trêrang, lêpat kula nuwun pangapuntên sampeyan, [sampeya…]

--- 226 ---

[…n,] wondening panjênêngan sampeyan dangu kabar ikêng punika igih sayêktos, wondening ikêng dipun utus Kangmas Pringgakusuma, ikêng rayi Kangmas Pringgaatmaja, 2. Kangmas Prawirapringga, 3. Kang[38] Prigadilaga,[39] 4. Êmbah Mangunrêja, punika ikêng sami dhatêng panggenan kula, sarta matur dhatêng kula gènipun dhatêng Surapringga punika, dipun utus kangmas Pringgakusuma, nuwun dados wêdananipun priyayi bopati măncanêgari sêdaya, saha mawi bêkta sêrat, sêrat lajêng kabêkta dhatêng Surapringga, wondening sêrat ingkêng kabêkta lajêng punika, kula botên sumrêrêp paijêmanipun, sabab sampun katikêm, kula ikêng mawi kakintunan sêrat dhatêng kangmas Pringgakusuma, paijêmanipun sêrat, kula dipun ajak angguyubi ingkêng dados kajêngipun kangmas Pringgakusuma, sak sagêd-sagêd kula igih kula ambêngi, ananging sangêt pamêksanipun dhatêng kula, kula igih lajêng ambêktani utusan saha srêrat paijêmanipun ing sêrat kula wau, kula igih angguyubi, lêpat kula nuwun apuntên sampeyan, sangking pêmanggih kula tiyang bodho, mênawi wontên pêndangu sampeyan, kula sagêda matur ikêng dados kêrsa sampeyan, supados sagêda têrang, ikêng dados pênggalih sampeyan.

__________

--- 227 ---

105.

Dhumatêng ingkang saudara Radèn Tumênggung Pringgakusuma, ing Ngrawa.

Sasampuning kadya punika awiyos, sampun wontên saking sawatawis dintên punika, kula tampi atur pratela, yèn saudara sulaya kalih raka ijêngandika Kangjêng Pangèn[40] Răngga Ariya Prawiradiningrat. Andadosakên susahing panggalihipun saudara.

Botên wontên ingkang andadosakên sangêting susahipun manah kula, kajawi amung yèn madhangêt[41] warti, yèn priyagung ing Ngayogyakarta sami sulaya, sabab yèn wontên ingkang sulaya mêngkatên, awis-awis botên andadosakên kasusahaning nagari satêtiyangipun.

Kula sampun sumêrêp mênggah saening budinipun saudara, sarta ing têmên-têmênipun. Gènipun angêrèh dhumatêng tiyang alit sakalangkung saking prayogi lan pantês. Awit dening punika pantês atampi sihipun kangjêng guvrêmèn sarta sih kula.

Ingkang punika panêdha kula, sarèhning kula sampun saudara anggêp bapa, mugi saudara abêlaka dhumatêng kula kang dados ribêding galih, supados kula sagêda amitulungi.

Saudara apasraha lan apitajênga dhatêng kula, sabab sampun [sa…]

--- 228 ---

[…mpun] pintên-pintên taun kula dados pangayomanipun băngsa Jawi sarta para agêng-agêng ing Ngayogyakarta, sarta botên pêgat-pêgat gèn kula andêdonga ing Gusti Allah, supados nagari ing Ngayogyakarta waluyaa karaharja[42] sarta kaluhuranipun kados ingkang wau-wau, punapa dening sakathahing tiyang Jawi sami arukuna kados sadhèrèk.

Surakarta ping 26 Mèi 1828.

Kolonel Nahuijs.

__________

106.

Dhatênga Kangjêng Pangeran Răngga Ariya Prawiradiningrat ing Madiun.

Sasampuning kapunika[43] awiyos. Kula sampun anampèni sêratipun saudara ingkang katitimangsan ping 24 sasi Mèi punika, sarta sakalangkung andadosakên pangunguning manah kula aningali ijêmanipun. Yèn saudara amanggah[44] ribêd kalih Radèn Tumênggung Pringgakusuma sarta Radèn Tumênggung Mangundirana, awit sami botên angèstokakên ing parentahipun saudara.

--- 229 ---

Mênggah ingkang sampun kasêbut ing cariyosipun tanah Jawi utawi ing tanah liyanipun, yèn para priyagung sami pabên utawi sulaya, amasthi enggal bibrah têntrêming nagari, sarta tiyang agêng utawi tiyang angit[45] sami amanggih bilai.

Awit dening punika, sarta awit saking sih wêlas kula dhatêng tanah Jawi, punapa dening dhatêng tanah măncanagari kang kabawah ing Ngayogyakarta, utawi dhatêng saudara tuwin dhatêng kancanipun saudara sadaya, mila kula asuka pirêmbag dhatêng saudara, mugi sauda[46] anyuprih anglulusakên sarta anêtêpakên mênggahing pirukun utawi sabiyantunipun para bupati sadaya, sabab manawi angantos kalampahan, sêsatron utawi sulaya, sintên ingkang amanggih ribêd sangêt, kajawi amung sauda sakancanipun.

Pirêmbag kula punika saudara upamèkna kados pawulanging paba[47] dhatêng anakipun. Sabab kula sangêt asih wêlas dhatêng para agêng-agêng ing Ngayogyakarta, sampun kados anak kula piyambak. Mila prayogi saudara turut. Yèn saudara sakancanipun sadaya badhe wilujêng ing sapanginggilipun.

Saupami kula botên sih wêlasa dhatêng tanah Jawi, măngsa ngantosa kalampahan kula atilar nagari sarta akhrab kula piyambak. Gèn kula anyuprih badhe angrampungi prakawising pêrang, sarta anyakecakakên manahipun kang agêng-agêng kang sami kasusahan.

--- 230 ---

Ananging bilih kula tingali, yèn tanpa wêkasan ing panyuprih kula wau, măngka ngantos andadosakên rêtuning nagari malih, amasthi kula badhe mantuk dhatêng nagari kula malih, sohan dhatêng ratu kula, sarta angunjuki uninga, yèn botên wontên ingkang purun angèstokakên ing pamulang kula, kajawi amung wadya prajurit Wêlandi kawêwahan tikêl tiga utawi tikêl sakawan kathahipun kalih prajurit kang wontên ing tanah Jawi sapunika, punika kenging adamêl têntrêming nagari, sarta adamêl bêdhami.

Yèn ngantosa kalampahan mêngkatên, kados-kados ical wêlasipun ratu kula, andhatêngakên ing pamalês sarta pangukumipun. Amasthi badhe kasèp yèn para agêng-agêng anggalih rumaos ing kalêpatanipun. Anêtah sariranipun, saking gènipun botên angèstokakên ing pawulang kula.

Ing dalêm gangsal wêlas uawi[48] wolulas dintên punika, kula badhe tindak dhatêng tanah măncanagari, supados amariksani ing prakawis wau punika, sarta anyakecakakên manahipun kang sami kasusahan.

Manawi saudara badhe amaringakên tatêdhakanipun sêrat kula punika dhatêng kancanipun saudara bupati sadaya, kula sumăngga ing karsanipun saudara.

Wusananipun saudara apitajênga saking dening sih trêsna kula dhatêng saudara.

--- 231 ---

Surakarta ping 28 Mèi 1828.

Kolonel Nahuijs.

__________

107.

Sêrat saha ingkêng tabe akathah-kathah, Kangjêng Pangeran Răngga Arya Prawira Adiningrat, ingkang tatêngga nêgari dalêm Madiun Kartaarja Pangongangan. Kaatur ing Kangjêng Tuwan Ridêr Kolnèl Aibrêt Gerar Naus, risidhèn ing nêgari Surakarta saha kungmasaris[49] ingkang anguwasani nêgari Ngayogyakarta.

Sasampunipun kadya ingkang sapunika awiyos, kula inggih sampun tampi saha anupiksani sapaijêmanipun paring sampeyan sêrat wangsulan sdaya[50] ingkang katitèn tanggal ping 22 wulan Mèi kawingking punika. Mênggah panyêpêng kula patih pun Sasradirja, kalihdene panuwun kula Radèn Tumênggung Sasranagara, undêr kolèktur ing Grobogan kang sampun lèrèh, dadosa bupati tanah kagungan dalêm siti, Goranggarèng Magêtan. Sampeyan inggih parêng, wondening timbalan sampeyan inggih kados ingkang sampun kawrat paring sampeyan sêrat punika sêdaya, inggih sakêlangkung panuwun kula ing panjênêngan sampeyan. Wondening pun Goranggarèng Magêtan inggih sampun kula paringakên dhatêng Radèn Tumênggung Sasranagara. Kalih prakawis Radèn Tumênggung

--- 232 ---

Pringgakusuma Ngrawi, kalih Radèn Tumênggung Mangundirana, Kalangbrèt. Asangêt dados susah ngêrdatosipun manah kula, sawab kula timbali batên purun dhatêng, mila kula ngêrumiyini ing kêrsa sampeyan, Radèn Tumênggung Sasranagara, Goranggarèng kalih Radèn Tumênggung Samadipura Kêrtasana, sami kula utus animbali, sarta angêjuma rêmbag manah ingkang dèrèng pinanggih, bupati kalih wau mila Radèn Tumênggung Sasranagara, kalih Radèn Tumênggung Samadipura, wit Radèn Tumênggung Sasranagara tiyang sêpuh sarta semahipun Radèn Tumênggung Pringgakusuma, kapêrnah wayahipun Radèn Tumênggung Samadipura kapêrnah ipe sarta kula bêktani sêrat, wondening sêrat ingkang datêng[51] Radèn Tumênggung Pringgakusuma, kupiyanipun inggih kula aturakên sarêng sêrat punika ing panjênêngan sampeyan. Sangking dening punika inggih dados rêmbagipun priyayi bupati ingkang sêpuh sêdaya. Sênajan batên purun kêpagih[52] kalih kula ugi sampun kantos sulaya ing galih.

Kasêrat Kartaarja tanggal ping 19 Sêla Alip 1755.

Kajêng Pangeran Răngga Arya Prawiradiningrat.

__________

Punika sêrat têturunan dhatêng Radèn Tumênggung Pringgakusuma Ngrawi.

Wiyos, kula suka wuninga dhatêng kangmas, yèn kaki Tumênggung

--- 233 ---

Sasranêgara, kalih adhimas Tumênggung Sumadipura, kula utus nibali[53] kangmas utawi andhanganakên galihipun kangmas, ikang dèrèng pinanggih, mila sangêt ngrêdatos kuwatos kula, dene kangmas batên dhatêng ing Madiun kêpanggih ing kula, mrêgi pangbêngan[54] sawêntawis, [55] ingkang punika sangking têpang kula gadhah sêdhèrèk sêpuh dhatêng kangmas, sawêg pêngraos kula sampun suwiyahipun tiyang andhap gadhah pênuwun kalih ikêng agêng, lan batên sampun bêgjanipun piyambak, yèn ingkêng agêng ngawisi batên, angnanging[56] yèn kangmas galih lisêm[57] sawêntawis ing wêkasan badhe nusahakên sêdhèrèk kathah-kathah sabab batên wande dadosakên panggalihipun ingkêng agêng, ing wusana kula kecalan sêdhèrèk sêpuh, inggih măngsa boronga pênggalihipun kangmas, ananging pêngraos kula pintên sadhèrèk kula jalêr, ingkêng sami anglampahi ayahanipun ngratu, ikêng wontên tanah măncanêgari, mila botên kenging batên, kula suka pirêmbag dhumatêng kangmas. Ikang amrih prayoginipun ing lampah, lulusa ing pangigilipun[58] sampun watên raosan ingkêng batên prayagi,[59] ngamungna ikêng sampun kêlampahan, sawab kangmas pamirêng kula, ikang agêng sampun sami anggalih, yèn kangmas badhe supe pangabdènipun ing ratu, mila kula mrayagèkakên[60] egal[61] kangmas kêpanggih ing kula, sênajan wontêna sèwu raosan, yèn kangmas egal kêpanggih ing kula, sampun sirna prakawis ingkang kathah-kathah mila panuwun kula ing Gusti Allah,

--- 234 ---

kaping kalih ing kangjêng gusti panutan, mugi-mugi paringa lêga galihipun kangmas egala[62] kêpanggih ing kula, igih kadospundi malih kangmas yèn batên galiha sapunika, punapa kangmas supe gènipun gadhah sêdhèrèk anèm ing kula, utawi ing Ki Lurah Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, pintên putranipun ki lurah, yèn ngantos supe pangabdènipun ngratu, ngupados kamuktèn damêl-damêl punapa, yèn kangmas batên gêga sawicantên kula, ikang sampun kangwrat[63] ing srêrat ngigil punika sêdaya, saha kula utusan kaki Tumênggung Wiryanêgara, adhimas Tumênggung Sumadipura, supados dadosa pratăndha lair batos kula dhatêng kangmas, mila pema-pema[64] kangmas dhatênga Kartaarja sarênga lampahipun kănca bopati kêkalih wau.

__________

108.

Sêrat sahi[65] ingkang tabe kawula, Radèn Tumênggung Sasranagara, bupati ingkang tatêngga nêgari dalêm Goranggarèng, kaatur ing Panjênêngan Sampeyan Kangjêng Tuwan Ridêr Kolnèl Aibrêt Gerar Naus, risidhèn ing nêgari Surakarta, saha kumisaris ingkang nguwasani nêgari Ngayogyakarta.

Sasampunipun kadya sapunika kawiyosipun, kawula inggih sampun tampi saha anupiksani sapaijêmanipun patêdhan [pa…]

--- 235 ---

[…têdhan] sampeyan sêrat wangsulan punika sêdaya, ingkang katitèn tanggal ping 22 wulan Mèi kapêngkêr punika, sangking adi dalêm anak kawula pun Dêmang Sasradiwirya, kawula kèkèn[66] sowan ing panjênêngan sampeyan, mêrgi kawula batên sagêd sowan ing panjênêngan sampeyan sangking papangbêngan[67] damêl, wondening timbalan sampeyan inggih kados ingkang sampun kawrat patêdhan sampeyan srêrat punika sêdaya, inggih sakêlangkung panuwun kawula ing panjênêngan sampeyan. Wondening patêdhan sampeyan ganjaran wêrni yatra 250 rupiyah 2 sutra jêne, 3 sêpèr, 4 bênang jêne sabukus,[68] 5 renda, kawula inggih klayan jakêp.[69] Sêmantên ugi cariyosipun adi sampeyan pun Sasradiwirya, sangking sih kawilasan sarêng wontên ngarsa sampeyan sêmantên ugi patêdhan sampeyan ganjaran dhatêng adi sampeyan pun Dêmang Sasradiwirya, kawula inggih anglangkungi bungah sokur pamundhi pangêmbun kawula sangking sih kawilasan sampeyan dhatêng jasad kawula, utawi dhatêng adi sampeyan pun Sasradiwirya, kawula rumaos batên sagêd amangsuli sangking sih kawilasan sampeyan. Ingkang kawula saosakên amêng[70] sêtca[71] tuhu têmên, pangabdi kawula ing panjênêngan sampeyan uti[72] ing saudara sampeyan Kangjêng Pangeran Răngga Madiun, saha Kangjêng Sinuwun Sultan ing Ngayogya, miwah kangjêng gupêrmèn, batên langkung panuwun kawula ing panjênêngan sampeyan utawi kajêng[73] gupêrmèn, sampun kantos supe anglêpas [anglê…]

--- 236 ---

[…pas] asta angsalipun kagungan adi dhatêng jasad kawula, utawi dhatêng adi sampeyan anak kawula pun Sasradiwirya.

Wondening kawula inggih sampun tampi tanah dhusun ing Goranggarèng ing Magêtan, sangking saudara dalêm kangjêng pangeran, klayan malih kawuningana ing panjênêngan sampeyan. Kawula dipun utus ing saudara sampeyan kangjêng pangeran, animbali priyayi Bupati Ngrawi sapanugilanipun[74] ingkang sami nyulayani ing parentah punika sangêt andadosakên susah ngêrdatosakên galihipun saudara sampeyan kangjêng pangeran, mêrgi sulayanipun priyayi Bupati Ngrawi sapanugilanipun, angsalipun batên purun sowan ing saudara sampeyan kangjêng pangeran. Mila kawula ingkang dipun utus kagalih kawula sagêd anyuprih angêjuma ngrêmbag galih kang dèrèng pinanggih, supados sampun dados panggalih sampeyan utawi kajêng guprêmèn. Ingkang punika kawula anuwun idi pangèstu sampeyan, ingkang mugi kawula wagêda anyuprih anglêgakakên manahipun priyayi Bupati Ngrawi Kalangbrèt sapanugilanipun, wagêda sowan ing saudara sampeyan kangjêng pangeran sarênga lampah kawula, sênajan batên purun sowan ugi sampun kantos anyulayani ing parentah. Wondening adi dalêm anak kawula pun Sasradiwirya, kawula suwun ing saudara sampeyan supados wontên rencang kula rêmbagan lampah ingkang prayogi, dhatêng Ngrawi punika.

--- 237 ---

Kartaarja tanggal ping 2 Juni 1828.

Bupati Goranggarèng, Sasranagara.

__________

109.

Tabe sukêm kawula kaunjuk ing Sampeyan Dalêm Kangjêng Tuwan Ridêr Kolnèl Aebrêt Gerar Naus, risidhèn ing nêgari Surakarta, saha kumasaris ingkang anguwasani nêgari Ngayogyakarta.

Sasampunipun kaunjuk tabe sukêm kawula ing sampeyan dalêm, kawiyosipun, ingkang batên punapa kawula anyaosakên kawilujêngan kawula, sangking ngarsa dalêm dhatêng kawula ing Madiun inggih klayan wilujêng, sangking angsal sih pangèstu dalêm. Wondening patêdhan dalêm sêrat inggih sami kawula saosakên ing saudara dalêm, Kangjêng Pangeran Răngga ing Madiun. Sêmantên ugi patêdhan dalêm sêrat dhatêng adi dalêm rama, saha patêdhan dalêm ganjaran warni yatra 250 rupiyah, kalih renda 1, sutra jêne 1, sêpèr kalih kawula criyos mênggah kawontênan kawula sangking sih dalêm dhatêng jasad kawula, saha patêdhan dalêm. Wondening timbalanipun dhatêng kawula, sakêlangkung sokur bungah pamundhi saking sih kawilasan dalêm, adi dalêm rama rumaos batên sagêd mangsuli, kajiwi[75]

--- 238 ---

amêng sêtca tuhu têmênipun ingkang kacaosakên ing sampeyan dalêm, utawi kangjêng gupêrmèn. Klayan malih kawula anyaosakên mênggah kawontênanipun ingkang kagrami, adi dalêm tiyang dhusun Piyak kalih Ngawi, dhatêng Gêrsik, wêrni kopi kalih lisah jarak. 3. jarak wêtah. 4. sêtcang.[76] mêdal sangking siti gêrih. Mrica. 6. cabe. Antukipun angsal trasi. 2. Uyah. 3. Gambir. Klayan malih kawuningana ing sampeyan dalêm adi dalêm rama, kautus ing saudara dalêm kangjêng pangeran dhatêng Ngrawi, kalih Kalangbrèt, animbali dhatêng Radèn Tumênggung Pringgakusuma. 2. Radèn Tumênggung Natadiwirya. 3. Radèn Tumênggung Mangundirana. 4. Radèn Tumênggung Natawijaya. 5. Radèn Ngabèi Sasrabau. Mila rama ingkang kautus supados sampun kantos sulaya kalih parentah. Saha sampun kantos dados panggalih dalêm miwah kajêng gupêrmèn. Wagêda sowan ing saudara dalêm kangjêng pangeran. Punika ikang mugi angsala sih panjurung dalêm, wondening kawula inggih kakêrsakakên tumut dhatêng adi dalêm rama, sangking kêrsanipun saudara dalêm kangjêng pangeran. Wondening kabaripun Ngrawi dèrèng têrang, kajawi angsalipun batên purun sowan ing saudara dalêm kangjêng bêndara pangeran, mêrgi sampun kalajêng asalipun gadhah panuwun kalih saudara dalêm Kangjêng Rahadèn Adipati Danurêja. Nuwun dadosa wêdana tanah bang wetan.

--- 239 ---

Madiun Kartaarja Pangongan[77] tagal ping 2 Juni 1828. Kawula adi dalêm Dêmang Wirasari kang sampun lèrèh.

Sasradiwirya.

__________

110.

Dhatêng Kangjêng Pangeran Răngga Ariya Prawiradiningrat ing Madiun.

Sasampuning kadya punika awiyos. Ingkang badhe amaringakên sêrat punika dhatêng saudara, saudara kula Kangjêng Tuwan Vanès Residhèn nagari ing Ngayogyakarta, punika kula utus dhatêng tanah ing măncanagari, akanthi Radèn Tumênggung Mrêtadiningrat kalih Radèn Tumênggung Jayènglaga, sami kula dhawahi anyoba amirukun dhatêng para bupati kang sami kasusahan, supados samia èngêt ing kawajibanipun, sarta sami atêpang sae.

Ingkang punika panêdha kula sarta pangajêng-ajêng kula, ingkang mugi saudara amitulungana dhatêng ingkang sami kula utus wau.

Punapa ingkang dados aturanipun saudara, sarta aturanipun kănca ijêngandika sadaya, amasthi sami kamidhangêtakên dhatêng ingkang sami kula utus wau, wondening kula, samangsanipun sampun tampi ing pratelanipun, sasagêd-sagêd [sasagêd-sagê…]

--- 240 ---

[…d] kula mêsthi amurih anyakecakakên dhatêng satunggil-tunggiling têtiyang.

Ingkang kasêbut ing sêrat kabar saking Batawiyah kang katitimangsan ping 29 Mèi wontên baita kapal têtiga dhatêng saking nagari Wêlandi, ambêkta prajurit Wêlandi, punika kasadhiyakakên manawa wontên frêlunipun. Kalampahakên dhatêng tanah măncanagari bang wetan. Ananging pamuji kula mugi sampun ngantos kalampahan kalurugakên. [78]

Wusananipun saudara apitajênga saking dening sih trêsna kula dhatêng saudara.

Susakarta[79] ping 3 Juni 1828.

Kolonel Nahuijs.

__________

111.

Dhatêng Radèn Tumênggung Pringgakusuma, Bupating[80] ing Rawa.

Sasampuning kadya punika awiyos. Pangajêng-ajêng kula saudara sampuna anampèni sêrat kula kang katitimangsan ping 26 Mèi, sarta anggalih punapa malih angèstokakên ingkang dados pamulang kula.

Ingkang saupami kula botêna angeman dhatêng tanah Jawi, sarta dhatêng pasitèn-pasitènipun para ratu ing tanah Jawi,

--- 241 ---

amasthi kula botên amrêlokakên, gèn kula anyuprih pirukunipun sae saudara kalih kănca ijêngandika para bupati sadaya.

Sarèhning sampun lami gèn kula atêpang sae kalih para agêng-agêng nagari ing Surakarta sarta para agêng-agêng nagari ing Ngayogyakarta, sampun kados sadhèrèk. Ingkang punika, salamine kula taksih ginanjar kuwat sarta kasagêdan dening Gusti Allah, amasthi kula badhe anyuprih arumêksa, sampun ngantos wontên rarêsah ing pasitènipun para ratu ing tanah Jawi, sarta sampun ngantos para agêng-agêng tuwin têtiyang alit amanggih kasusahan.

Amargi saking sih wêlas kula wau, mila ing mangke kula anglampahakên Kangjêng Tuwan Vanès risidhèn ing Ngayogyakarta, kang sampun kapracaya sangêt dhatêng kangjêng guvrêmèn. Sarta kang dados pangayomanipun para agêng-agêng ing Ngayogyakarta, akanthi paman ijêngandika Radèn Tumênggung Mayor Mrêtadiningrat. Kalih Radèn Tumênggung Rit Mistêr Jayènglaga, punika sami kula utus dhatêng ing kabupatènipun saudara, supados amariksani ingkang dados kasusahanipun saudara, yèn sampun kapariksa, kapratelakna dhatêng ing kula. Wondening kula ing benjing inggih badhe amanggihi piyambak kalih saudara, sasagêd-sagêd kula badhe amitulungi ingkang dados panyuwunipun saudara ingkang pantês.

--- 242 ---

Wusananipun saudara pitajênga saking dening sih trêsna kula dhatêng saudara.

Surakarta ping 3 Juni 1828.

Kolonel Nahuijs.

__________

112.

Dhatênga Kangjêng Pangeran Răngga Ariya Prawiradiningrat ing Madiun.

Sasampuning kadya punika awiyos. Kula sampun anampèni sêratipun saudara ingkang katitimangsan ping 2, sasi Juni punika, sarta sangêt andadosakên ing suka pirênaning manah kula aningali, gènipun saudara anyuprih, badhe amurih ing sae sarta sumungkêmipun bupati ing Rawa kalih ing Kalangbrèt.

Pamuji kula, amargi saking pangrigênipun saudara, sarta saking pamurihipun kangjêng tuwan residhèn ing Ngayogyakarta, sakathahing sulayanipun saudara kalih bupati kêkalih wau tumuntên sagêda ical.

Wusananipun saudara apitajênga ing sih trêsna kula aprasobatan kalih saudara.

Surakarta ping 20 Juni 1828.

Kolonel Nahuijs.

__________

--- 243 ---

113.

Sasampuning tabe kula wiyosipun bilih parêng galih sampeyan, kula nyuwun nyambut yatra wontêna sangking sadasa rupiyah. Parêng utawi botên ingkang mugi sampun dados galihipun Tuwan.

Sêtu ping 24 Dulkangijah[81] taun 1755.

Kêrtapraja.

__________

114.

Dhatênga Radèn Răngga Prawirasêntika ing Tunggul.

Sasampuning kadya punika awiyos. Sakalangkung andadosakên pangunguning manah kula, anampèni pratelanipun tuwan kapitan sarta kumêndhan ing Ngawi, yèn saudara kakecon.

Ingkang punika panêdha kula, mugi saudara amratelakakên dhumatêng kula tumuntên mênggah patrapipun gène saudara kakecon wau, sarta punapa saudara sagêd pikantuk nyinanipun. Mênggah têtiyang ingkang sami angècu dhumatêng saudara. Samangsanipun saudara sampun amratelakakên bab ingkang kasêbut wau punika, kula amasthi badhe anyuprih [a...]

--- 244 ---

[...nyuprih] kacêpêngipun ingkang sami angècu, sarta sasagêd-sagêd kula badhe anyuprih mênggah wangsulipun barang gadhahanipun saudara ingkang sami ical.

Surakarta ping 9 Juli 1828.

Kolonel Nahuijs.

__________

114.[82]

Punika ingkang sêrat saha ingkang tabe akathah-kathah sangking Radèn Răngga Prawirêsantika,[83] ingkang tatêngga nêgari dalêm ing Madiun kitha Tunggul. Sayogya katur ing Kangjêng Tuwan Ridrê Kurnèl Naus ingkang nguwasani nêgari dalêm ing Ngayogyakarta Adiningrat. Sasampuning kadya sapunika wiyosipun. Kula sampun anampèni patêdhanipun sêrat kangjêng tuwan. Ingkang katitimangsan tanggal ping 9 wulan Juni taun 1828, paijêmanipun ing sêrat sakêlangkung andadosakên pangunguning galihipun kajêng tuwan. Anampèni pratelanipun tuwan kapitan sarta Kumêndhan ing Ngawi, yèn kula kakecon. Ingkang punika pamundhutipun kangjêng tuwan mugi kula amratelakna dhumatêng kajêng tuwan tumuntên. Mênggah trapipun gèn kula kakecon wau, sarta punapa kula sagêd pikantuk nyinanipun, mênggah tiyang ingkang sami ngècu dhatêng kula, sêmangsanipun kula sampun amratelakakên [amratelakakê…]

--- 245 ---

[…n] ingkang kasêbut wau, kangjêng tuwan amasthi badhe anyuprih kacêpêngipun ingkang sami angècu wau punika, sarta saksagêd-sagêdipun kangjêng tuwan badhe anyuprih wangsulipun barang gadhahan kula kang sami ical. Ing ngandhap punika pratelanipun patrapipun gèn kula kakecon.

Amarêngi ing malêm Rêbo Paing tanggal ping 19 wulan Bêsar taun Alip ingkang sampun kapêngkrê punika, 1755, griya kula kalêbêtan kècu kathahipun tiyang 150 utawi tiyang 200, sarêng kècu wontên ngregol jawi, kapalanipun wicantên. Mêngko yèn ana sakjêroning ngregol, kowe padha nyêmbaha, padha jaluka pangapura miyang kyai, rencang kula ingkang saos ngregol mirêng, lajêng lumajêng, kècu lajêng lumêbêt sarta surak dhikir mawi uluk salam. Kècu lajêng nyênjatani pêndhapi, rencang kula ingkang sami wontên pêndhapi lumajêng sêdaya, kantun kula piyambak têksih wontên kampung, sarêng kècu wontên pêndhapi kula wicantêni, wong ala elinga balia, kowe apa ora eling yèn saiki isih ana panjênêngane ratu loro, lan panjênêngane Guprêmèn Wêlănda, elinga ta balia, kècu lajêng nyênjatani dhatêng kula, kula lumajêng dhatêng sajawining pagrê,[84] antawis ungêlipun sênjata wontên kaping 60, rencang kula èstri kinging[85] sênjata satunggil. Sapunika dèrèng kantênan pêjah utawi gêsangipun. Sarêng kècu mundur rencang kula lajêng sami ngadhol larugipun kècu, dumugi siti

--- 246 ---

Ngale, lajêng dhatêng siti Pêlang, lajêng dhatêng siti Kalethekan, lajêng dhatêng siti Bale Paos. Sarêng wontên wana Bale Paos lampahipun kècu ura, punika sami bawah Saosragi sêdaya, rencang kula lajêng sami wangsul ngaturi priksa dhatêng kula, wondening ingkang sampun kacêtha dados kêpalanipun kècu, Radèn Prawira Dipura, griyanipun dhusun Winongan. Rana Wijaya ing Tarik, sami tanah Sokawatos. Krêtakêsuma, Mangun Sêntika, ing dhusun Sêmèn, bawah Saosragi, tumuntên rencang kula wau kula kèn ngupados titik malih, kula lajêng ngaturi priksa dhatêng tuwan kapitan ing Ngawi, tuwan kapitan lajêng utusan dhatêng bupatènipun Saosragi, amundhut tiyang kalih kang nama Krêtakêsuma, Mangunsêntika wau punika, kalampahan kacêpêng dhatêng prayayi Saosragi, lajêng katanggêl dhatêng bêkêlipun ing Sêmèn, awasta Timênggala, wusana Krêtakêsuma, Mangunsêntika lajêng kesah, sarta wontên nyinanipun sênjata kula sakit kudan satunggil, katêdha batên suka kaicalakên dhatêng prentahipun Saosragi, wondening barang gadhahan kula ingkang kêbêkta kècu, ingkang nampèni bandar Kalethekan, bawah Saosragi, ananging dipun takèni mungkir, tumuntên rencang kula ingkang sami pados titik wau dhatêng, ngaturi priksa dhatêng kula, kêjawènipun tiyang sêkawan ingkang mungêl ing ngajêng wau punika, ing ngandhap punika pratelanipun.

Dêmang Săntayuda ing dhusun Pacol, sakrencangipun sêdaya, [sêda…]

--- 247 ---

[…ya,] Mas Jayadi ing dhusun Sêtona, Mas Kêrtariya dhusun Kalethekan, Nayamênggala ing dhusun Widu, Samêja dhusun Gayaman. Sami bawah Saosragi sêdaya, pun Rata dhusun Sêgawe, Jagasêntona Pêlang, tanah Sokawatos. Nayamênggala Kuluhan. Sadăngsa Jabung, siti Madiun tumut bawah Kartaarja, tiyang ingkang kasêbut ing sêrat punika sêdaya, inggih punika ingkang sami dados kêpalanipun. Sapunika utusan kula inggih têksih sami ngupadosi, panunggilanipun. Wondening barang gadhahan kula ingkang kinging kabêkta ing kècu, inggih sampun kawrat ing sêrat pemut. Sêratipun pemut sapunika inggih kula aturakên ing kangjêng tuwan.

Kasêrat kitha Tunggul tanggal ping 3 wulan Sura taun Ehe 1756.

__________

Punika pemut pratelanipun barang gadhahan kula ingkang kinging kabêkta ing kècu, punika pratelanipun. Supe tajug 5 rakit, supe mirah 2 rakit, supe tamengan 1 sêrakit, gunung sapikul 1 sêrakit, sami panunggul sela, barleyan sêrakit, sêngkang ranyok 2 rakit, sêngkang panunggul satunggil 1 sêrakit, supe lingntring[86] 1 sêrakit, Jêne sêr 20, rosokan kandêlan jêne 5, lepak-lepak jêne 1, èpèk sabangkolipun trètès sela

--- 248 ---

1, pênginangan jêne 2 gagragan, renda songkok jêne 1, krêga cêplok jêne 1, dinar 300, kacip blasong jêne 2, lading garan jêne 2, kancing sikêpan 4 gagragan, kancing sikêpan intên 1 sagagragan, kancing kotang 2 gagragan, kancing jăngga 5 gagragan, kancing tangan 6 gagragan, nyamat 3, sami panunggul sela, sabuk renda 2, wêdhung 2, kang satunggil suh jêne, kang satunggil suh suwaos, gêlang jêne 2 rakit, slepe jêne 2, pêdhang pusaka blongsong jêne 2, pêdhang patêdhanipun kangjêng tuwan jindral 1, pêdhang kalih punika, kang satunggil dhapur karaloke, kang satunggil dhapur suduk, dhuwung pusaka 2, kang satunggil dhapur criyos kandêlanipun suwaos, mêndhak mawi sela, landheyanipun sêlut, kang satunggil dhapur sabuk intên, kandêlan jêne, mêndhak lugas, dhuwung cara wangsul 2, saksaput rantenipun, sami dhapur sangkêlat, dhuwung malih saksaput rantenipun 3, kang satunggil dhapur pêniwèn,[87] kang satunggil dhapur criyos, kang satunggil dhapur têbu sakuyun, pêthi slaka 1, lancang slaka 1, paidon slaka 2, lèngsèr slaka 1, bakor[88] slaka agêng 2, cèrèt slaka 1, sèndhèk parot [89] ngalih wêlas, sêmat 500 rupiyah, 1000 uwang abrit, 600, dhuwung malih 12, sami uwrê[90] jêne waos walu, [91] mêthuk mapag wêlagri sami jêne, waos prajurit

--- 249 ---

25, sênjata 12, ingkang kalih dandosanipus[92] sami slaka, kêstul 2 rakit, ingkang srêrakit[93] dandosanipun sami slaka, kirang langkung kados wontên pêngaos 10.000, kêjawi pusaka kula dhuwung 2, pêdhang 2, rasukan ăntakêsuma 1, Kuran 1, kêjawi pêngangge kula, rasukan-rasukan, sinjang cindhe-cindhe, sinjang kêling-kêling, utawi pêthakan, kasa mari,[94] sêmbagi citah, utawi sinjang bathik Jawi.

Kasêrat kitha Tunggul tanggal ping 3 wulan Sura taun Ehe 1756

__________

116.

Dhatênga Kangjêng Pangeran Răngga Ariya Prawiradiningrat ing Madiun.

Sasampuning kadya punika awiyos. Kula sampun anampèni sêratipun saudara kang katitimangsan tanggal ping 25 Bêsar, ingkang punika sangêt tarima kasih kula, gèning saudara asuka khabar kawrat ing sêrat wau.

Kalih dening malih kala tanggal ping 29 Bêsar kang sampun kalampahan, prajurit Wêlandi akanthi koloni pun Tuwan Litnan Kulnèl Solwin lumampah dhatêng sakidulipun nagari ing Ngayogya, anggitik sata angawonakên pangiriding

--- 250 ---

kraman ingkang nama Ngabdul Samsu, Suryabrăngta, Tumênggung Jamênggala, sarta Tumênggung Jawinata, ganderanipun Suryabrăngta, punapadening dêdamêl sarta kapal kathah kabandhang dhatêng prajurit Wêlandi, wondening brandhal ingkang kapanggih pêjah wontên ing panggenan kathahipun satus gangsal wêlas.

Kala tanggal ping 1 sasi Sura taun Ehe 1756, prajuritipun kêkapalan Tuwan Kulnèl Kokis. Nalikanipun nyabrang lèpèn ing Lêdhok, angsal amêjahi brandhal kathahipun sèkêt. Saking wuruning pangamukipun prajurit Jawi kathah tiyang èstri ingkang tumut kapêjahan. Samantên punika ingkang nami bojoning pangeran kêkalih, sarta bojoning tumênggung brandhal anama Jaganagara inggih pêjah, wondening barang dandosanipun têtiyang èstri wau, ingkang kabandhang dhatêng prajurit Wêlandi, kamurwat pangaos 8000 rupiyah.

Ingkang punika panêdha kula, khabar ingkang sampun kasêbut ing ngajêng wau, mugi kauningakna dhatêng kănca ijêngandika para bupati, wusana saudara apitajênga ing sih trêsna kula dhatêng saudara.

Surakarta ping 18 Juli 1828.

Kolonel Nahuijs.

__________

--- 251 ---

117.

Punika pemutan kula Kajêng Pangeran Arya Adinêgara, kala bibit kawitipun ingkang nêmbung rumiyin, Tuwan Kelo buwun[95] maosi gadhahan kula siti ing Nglarog Panggul Sêgara Wêdhi, gugung[96] siti 22 jung, dipun paosi ing dalêm sêtaun 2400 reyal nigang dasa wang kula dèrèng suka. Sarêng antawis dintên Tuwan Hop kalih Tuwan Prasdhe, sami sêraos sami apitêbung[97] anêdha uninga ing siti wau, sadhatêngipun wontên nêgari gadhah panuwun amaosi 2400 reyal nigang dasa uwang, ing dalêm sêtaun, wicantên kuga[98] dhatêng saudara, pundi kang kathah gènipun gadhah pêngawis inggih dados. Antawis dintên Tuwan Sêtiwêr dhatêng, nakèkakên ingkang dados kêrsa kula, wicantên kula ing dalêm sataun 3200, Tuwan Sitiwêr[99] pamit mantuk dhatêng Singasantun. Sarêng antawis dintên Tuwan Kelo anyèlèhakên kula utusan patih kula, yêtos[100] sèlèhipun. Antawis dintên malih Tuwan Hop Tuwan Prasdhe, ngajêngakên malih ngindhaki gènipun maosi ing dalêm sêtaun 2700, sawêd[101] kula galih, lajêng pamit mantuk tilar wêling, yèn kêrsa sampeyan maosakên siti dhatêng Tuwan Sitiwêr, kula kaparingana sêrat, sawab Tuwan Prasdhe kula tilar, kula sampun pitados dhatêng Tuwan Prasdhe. [Pra…]

--- 252 ---

[…sdhe.] Sarêng antawis dintên Tuwan Sêtiwêr dhatêng, kula takèni yèn botên saèstu gènipun badhe maosi. Antawis dintên malih Tuwan Prasdhe dhatêng anêrangakên pikajêngipun Tuwan Sêtiwêr, kula wicantêni yèn botên siyos. Nuntên Tuwan Prasdhe andugèkakên, gènipun tadhah[102] panuwun maosi, wicantên kula botên gadhah kajêng ing sapunika, dene wingking gapil,[103] yèn kula gadhah krêsa kula asuka uninga dhatêng saudara, Tuwan Prasdhe mantuk, antawis dintên kula apitêpang dhatêng Tuwin[104] Kelo, yèn kula rêmên dhatêng kapalipun. Tuwan Rik Mèstêr Sêtèlêr, kula dipun sagahi sanjang rêgènipun 800 rupi[105] kula inggih ajêng. Antawis dintên Tuwan Kelo nakèkakên gadhahan kula siti malih, purun maosi 2600, ing dalêm sataun. Kalih kapal wau sumêrêp kadamêl bêti,[106] wicantên kula gampang jarane mawon dika têkakake dhisik. Yèn kula botên sida majêgake jaran niku kula tuku, yèn sida majêgage jaran niku sumurup dika go bêti, kula wèh wrêruh[107] dhisik karo Tuwan Hop. Wicantênipun Tuwan Kelo purun nanggêl, yèn Tuwan Hop sampun botên ajêng, sênadyan botên arêpa kula ajêng kekenan.[108] Antawis dintên Jumuwah ping 21, Tuwan Kelo dhatêng anêsêg malih, sarta wicantên atêmên-têmên. Yèn Tuwan Hop botên saèstu gadhah kajêng, Tuwan Kelo lajêng mantuk, kula abucal sêrat dhatêng Tuwan Hop kalih Tuwan Prasdhe, siyose kalih botênipun, [botêni…]

--- 253 ---

[…pun,] lumapah[109] ing dintên Sêtu, sarêng Rêbo ping 26, Tuwan Kele[110] dhatêng malih sarta angudi gènipun gadhah kajêng, têmên-têmên yèn Tuwan Hop kalih Tuwan Prasdhe botên saèstu gènipun maosi, Tuwan Kelo mantuk. Sarêng Kêmis ping 27, Tuwan Kele kekenan abêta sêrat, panrimah yèn kula parêng Tuwan Kelo angakêni, yèn kula kekenan, nyriyosakên gènipun maos[111] siti 22 jung, sanjangipun kekenanipun Tuwan Kelo dhatêng kula. Kula kagèt botên rumaos kekenan. Sangking botên pitajênging manah kula, dados kula dhatêng ing griyanipun, kêpanggih Tuwan Kelo sanjang yèn kula botên rumaos kekenan, Tuwan Kelo têmêtên[112] wiraosipun dhatêng kula, lajêng kula wicantên dhatêng Tuwan Kelo, yèn kula dèrèng nampèni wêwangsulane Tuwan Hop, Tuwas[113] Prasdhe, wicantênipun Tuwan Kelo purun nanggêl, yèn têmên-têmên Tuwan Hom,[114] Tuwan Prasdhe sampun botên ajêng maosi, kula purun patong[115] lèhèr, lajêng kula wicantên. Sarèhning têmên-têmên saudara panêdha kula yèn siti dados prakawis, kula nêdha ampun kèndêla rumiyin, Tuwan Kelo anyanggêmi, lajêng sratipun[116] kula capi, sarêng Jumuwah ping 28, Tuwan Prasdhe dhatêng kula panggihi, wicantênipun nêbungakên[117] ingkang dados pikajêngipun, kula lajêng kagèt. Kasèp sudara dene wicantênipun Tuwan Kelo dhatêng kula, saudara sampun botên gadhah kajêng, sarta Tuwan Kelo nanggêl, kados [ka…]

--- 254 ---

[…dos] ngajêng wau. Wicantênipun Tuwan Prasdhe kadospundi, kula dèrèng dhatêng cap sampun kadhawahakên. Mila kula purun ngêcapi, Tuwan Kelo ananggêl kados ngajêng wau, yèn dadosa prakawis. Gèn kula ngandêl dene Tuwan Kelo punika awêrtos, yèn sae sarta têmên-têmên. Lajêng kula ngintunakên sêrat dhatêng Tuwan Prasdhe, kula kèn dugèkake dhatêng Tuwan Hop, Tuwan Prasdhe lajêng mantuk. Sarêng Ngahad ping 1 Sura kula kêpanggih dhatêng Tuwan Kelo jaji[118] trima-tinrima, têmên-têmênipun Tuwan Kelo kalih kula, enjingipun kula sukani sêrat pratăndha mawi cap. Sarêng Sênèn ping 2, Tuwan Kelo dhatêng griya kula, lajêng kula abên tiga, kalih rencang kula, unjukipun botên pisan-pisan rumaos dipun utus prakawis siti, amung dipun utus mundhut cathêtan. Gènipun mundhut inuman, anggur jênèwêr branduwin, rumaos dipun jak dhatêng gêdhong, dipun takèni kagungan dalêm sêti,[119] angsulanipun[120] botên sumêrêp. Dene wangsulanipun Tuwan Kelo dhatêng kula, puna[121] kula wau ngipi, kalih dhêlêg-dhêdhêlêg.[122] Dene kula sudara têmên-têmên. Rumaos botên ngèkèn,[123] Tuwan Kelo têksih dhilêg-dhêlêg. [124] Sarêng malêm Rêbo ping 4, kula dhatêng griyanipun Tuwan Kelo, abêta kabar yèn Tuwan Hop botên nrimah wicantênipun Tuwan Kelo sampun susah dhatênga pundi kula kadugi, sampun tuwan pangeran tumut-tumut prakawis punika, kula wicantên badhe kula saosake [sao…]

--- 255 ---

[…sake] prentah gêdhe mawon. Angsulanipun Tuwan Kele inggih sae, lajêng kula pamit mantuk, sarta prakawis punika kula pasrahakên dhatêng tuwan risidhèn. Sumăngga măngsa boronga ing prentah agêng. Sarêng Kêmis ping 5, Tuwan Kelo dhatêng griya kula abêta kapal badhe dipun saosakên bêktènipun siti wau, kula botên tampi, angsulan kula sawab têksih dados prakawis. Nuntên Tuwan Kelo jaji, mangke sontên tuwan pangeran aputusana abêta yatra, sarta murugi kapal. Jaji kula yèn siti kalêrês wontên kula, kula amangsulakên patubasing[125] kapal wau, kang sumêrêp kadamêl bêti. Sarêng sontênipun kula putusan abêta yatra sarêgènipun kapal. Tuwan Kelo botên wontên, lajêng mantuk, enjingipun kula dugèkakên malih sarta abêta yatra, sarêng katêmbung botên suka, jaran kula niku botên kula êdol, kula anggo bukti.

Ing Ngadinêgaran tanggal ping 10 Sura taun Ehe angkani[126] warsa 1756.

__________

Ingkang sêrat pratăndha Kangjêng Pangeran Ariya Adinagara, kacêpênga dhumatêng ingkang saudara Tuwan Kilo, [127] mila Tuwan Kilo anyêpêng sêrat kula pratăndha, dene kula sampun parêng, gêgadhuhan kula sihi[128] dhusun ing Sêgara Wêwi,[129] [Wê…]

--- 256 ---

[…wi,] ing Lorog lan ing Panggul, salêbak nukire[130] sapadhas pèrènge, gunggung kalih likur jung, dipun pajêgi dhumatêng Tuwan Kilo, laminipun ing dalêm sangalas taun. Kasanggi pajêg ing dalêm sataunipun kalih èwu nêm atus ringgit. Ringgitan anigang dasa uwang, pêjah takêr têdhaking nagari, amung parêdèn ingkang taksih kasanggia, paos samantên punika wau mêdala tatêngahan kaping kalih ing dalêm sataun. Ing garêbêg Mulud sêpalih, ing garêbêg Siyam ingkang sêpalih. Wondening wiwitipun tumindak Tuwan Kilo gènipun majêgi siti dhusun ingkang sampun kasêbut ing ngajêng wau, benjing ing wulan Mulud taun Ehe, ăngka 1756.

Sinêrat ing dintên Kêmis tanggal ping 27 Bêsar taun Alip ăngka 1755.

__________

118.

Sukêm tabe kawula kaunjuk ing Sampeyan Dalêm Kajêng Tuwan Ridêr Konèl[131] Aibêrt Herar Naus, Risidhèn ing nêgari Surakarta saha kumisaris ingkang nguwasani ing nêgari Ngayogyakarta.

Sasampunipun kaunjuk tabe sukêm kawula ing sampeyan dalêm kawiyosipun, sangking kamipurun-purun kawula anyaosi sêrat ing sampeyan dalêm. Inggih batên [ba…]

--- 257 ---

[…tên] punapa kawula anyaosakên kawilujêngan kawula angsal kawula andhèrèkakên ing saudara dalêm, kangjêng tuwan risidhèn ing nêgari Ngayogyakarta, angsalipun papriksa dhistrik măncanêgari bang wetan sadaya, saingga dhatêng dhistrik Pacitan, sakunduripun dhatêng Kartaarja, saha kawula kakêrsakakên parentah, mêrnèkakên kuda utawi tiyang ingkang ngêrêmbat barang, inggih wilujêng, batên kirang punapa-punapa, sangking sih pangèstu dalêm. Inggih sakêlangkung pamundhi panuwun kawula ing sampeyan dalêm, sawab kawula kacêlakakên ing saudara dalêm, Kangjêng Tuwan Risidhèn i Ngayogyakarta. Klayan malih kawuningana ing sampeyan dalêm, mênggah pamriksanipun saudara dalêm dhatêng priyayi bupati, kawontênanipun wêdalan ing siti utawi sapanugilanipun, ing pangraos kawula batên sanès kalih ingkang sampun kawula unjukakên ing sampeyan dalêm rumiyin punika, amêng dhusun siti Narawita ing Sêmbon, unjuk kawula ing sampeyan dalêm siti 200, ing kawontênanipun amêng siti 100. Wondening siti Narawita Gêmah, ingkang mêdal carang[132] burungipun punika kawula andikakakên nitik ing saudara dalêm kangjêng tuwan risidhèn dhatêng tiyang Ngrawi, ingkang priksa, klayan dhêmitan. Wondening panitik kawula, ing dalêm tigang sasi ngundhuh sapisan pikantuk 25 kati, pajêgipun 1000 rupiyah. Ingkang sangking siti 1000 rupiyah, ing dalêm sataun gugung 2000 d° wau pajêg susuh katur Kangjêng Rahadèn Dipati Danurêja, ing nêgari [nê…]

--- 258 ---

[…gari] Ngayogyakarta, ingkang mêdal sangking siti dhatêng Radèn Tumênggung Pringgakusuma, Bupati Ngrawa[133] sêmantên ugi sapunika pun Gêmah katêbasakên dhatêng Radèn Tumênggung Pringgakusuma, kalih pun Sumadiwirya, tiyang Surapringga, janji 4 taun katêbas yatra 12500 rupiyah. Sampun kabayar lunas. Wondening saudara dalêm kangjêng tuwan risidhèn inggih tindak mriksa panggènipun guwa ing dhusun Sanggar Papok. Ingkang asring mêndhêt susuh lumêbêd[134] guwa tiyang dhusun Selakarung,[135] bawah Gêmah, wondening unjuk kawula punika sêdaya inggih sampun kawuningan ing saudara dalêm sdaya. Batên lakung[136] panuwun kawula ing sampeyan dalêm, mênawi wontên lêpatipun unjuk kawula anuwun sih ngapuntên ingkang kathah-kathah.

Kasêrat Madiun Kartaarja, Kêmis tanggal ping 24 wulan Juli 1828.

Kawula adidêlêm[137] damang[138] dhistrik Wirasari lami, ingkang sawêg jagi damêl bèntèng Ngawi[139] pun dêmang

Sasradiwirya.

__________

119.

Sêrat saha ingkang tabe, kawula Radèn Tumênggung Sasranagara, bupati nagari Magêtan Goranggarèng, kaatur ing Panjênêngan Sampeyan Kangjêng Tuwan Ridêr Kolnèl Aibêrt Gerar Naus, rispidhèn[140] ing nêgari Surakarta, saha [sa…]

--- 259 ---

[…ha] kumisaris ingkang anguwasani nêgari Ngayogyakarta. Sasampunipun kadya sapunika, awiyosipun, ingkang sarêng srêrat punika, kawula anyaosakên sêrat pratelanipun kewan saha tiyang, utawi sabin. Punapa kawontênanipun tanah Magêt[141] saha Goranggarèng ingkang sampun kawula panggih, klayan malih mugi sampun dados rêngatèng[142] galih, mila batên kawula caosakên saudara sampeyan. Kajêng tuwan risidhèn ing Ngayogya wau srêrat, wit angsal kawula akèn mariksani dèrèng sampun, mila panuwun kawula ing panjênêngan sampeyan ingkang mugi angsala panjurung sampeyan supados kawula wagêda angêrjakakên nêgarènipun ngratu, lulus sapangigilipun[143] sampun kantos dados lisêm sampeyan wit kawula abdènipun kangjêng gupêrmèn. Wit gêsang kawula sangking sih kawilasan sampeyan.

Kasêrat ngaji[144] Kêmis tanggal ping 1 Austus[145] 1828.

Kawula pun Tumênggung Bupati Magêtan Goranggarèng

Sasranêgara.

__________

--- [260-261] ---

Ing ngandhap punika kawontênanipun tiyang sarta kewan utawi ing liyanipun kawontênanipun dhistrik Magêtan Goranggarèng ing lêbêtipun taun 1828 kadi ta.

NomêrDistrikNamaning dhusunKathahing griyaKathahing manusa sêdayaGugung kumpul sadayaKathahing kewanKathahing sênjataKathahing sabin sêdayaYatra pajêgPangèngêt-èngêt kang sampun kapriksa.
Ingkang jalêrIngkang èstriMaesaLêmbuKudaGugungIngkang kage[146]Ingkang brêraGugung
SemahDhudhaJakaRare kang dèrèng umur 15 taunGugungSemahRăndhaPrawanRare kang dèrèng umur 15 taunGugungJungBauJungBauJungBauRupiyahSèn
1MagêtanKêlang201538531152742859108...1811.........1...4750Magêtan tanah 50 cacah
2Kalang84113943...2918..................2.........250
3Têrung1382231593...1132826...8...1.........1...100
4Têguwan119...131392241730102...12...1.........1...50
5Sêpi1512...4622123105305226...8...1.........1...5750
6Têrbona22...2262......139...............1.........1...50
7Gandhu11......121.........13..................2.........24250
8Kêpuh64...12742...1714..................2.........210
9Karangpoh33...1153...13712...2...2......2.........21120
10Pongkok32.........22122794......4......2.........250
11Janggan332827114830351149971520......1..................3620pajêg mêdal saking kêbonan
12Papringan44...1385......2715..................2.........250
13Podhang6511185...24111942...6...1.........1...8250
14Puyangan1512231027131692956194...23......2.........28250
15Bêndungan......................................................1.........111...kagarap tiyang macêpat.
16Majan22...2262......2410...............1.........1...6250
17Bêndha86...11872121220144...18......2.........26250
18Bathang33......142...13610...............1.........1...50...
19Nglegok......................................................2.........24250kagarap tiyang macêpan[147]
20Bukêt2116331032182573264104...141...2.........2125...
gugung1341361438652531432442632725259058...1483131......131107360

--- [262-263] ---

NomêrDistrikNamaning dhusunKathahing griyaKathahing manusa sêdayaGugung kumpul sadayaKathahing kewanKathahing sênjataKathahing sabin sêdayaYatra pajêgPangèngêt-èngêt kang sampun kapriksa.
Ingkang jalêrIngkang èstriMaesaLêmbuKudaGugungIngkang kageIngkang brêraGugung
SemahDhudhaJakaRare kang dèrèng umur 15 taunGugungSemahRăndhaPrawanRare kang dèrèng umur 15 taunGugungJungBauJungBauJungBauRupiyahSèn
Gunggung kang winalik1341361438652531432442632725259058...1483131............1073...
21Ing Magatan[148]Blantên33......143...1159..................2.........2302
22do.Carat108223158222142944...8......1/2............3750
gugung1471471640692721542645662915639462...156314/2............114110
23GoranggarèngGênthan121025102711...85245165112...2...............84...Goranggarèng tanah 500 cacah
24Dhupak16112462311324204320144381...2............39...
25Sampung6121261331814...............2...............114...
26Nambangan54...116411171322...4......2............18...
27Banjarrêjo2825271347271107459210662212.....................Sawêg katiyangan sapunika.
28Dhongol1310...6521101722041103...13...1...............39...
29Selagajah1714...10103415396336712221611...............45...
30Têladhan44...3294...217168......8...1...............45...
31Baèng76...2196142132221...3......2..................
32Jambangan3830392062314201368130202634911...............144...
33Ngampru99...131310...12132646...10......2............30...
34Ngêtêb44...116412411174......4...1...............36...
35Kurahan44...11943......7164......4...2...............60...
36Tawang22...11521......385......5......2............30...
37Jêthak1081221381531730243229...2...............120...
38Karangrêja3228...88462941375399121042621...............39...
39Kêrik44...2294...21716...............1.....................Sawêg katiyangan sapunika.
40Driyan24174911411838103980162422...2...............78...
gugung42233832113175658353561421356861344253142264239352/2......352/2206210

--- [264-265]---

NomêrDistrikNamaning dhusunKathahing griyaKathahing manusa sedayaGugung kumpul sadayaKathahing kewanKathahing sênjataKathahing sabin sêdayaYatra pajêgPangèngêt-èngêt kang sampun kapriksa.
Ingkang jalêrIngkang èstriMaesaLêmbuKudaGugungIngkang kageIngkang brêraGugung
SemahDhudhaJakaRare kang dèrèng umur 15 taunGugungSemahRăndhaPrawanRare kang dèrèng umur 15 taunGugungJungBauJungBauJungBauRupiyahSèn
Gugung kang winalik42233832113175658353561421356861344253142264239352/2......352/2206210
41GoranggarèngPagaran Kidul241731425184342954212...23...1.........1...42...
42Pagaran Lèr159231151047133449..................2.........230...
43Pagaran Lêdhok14836421835420417......7......2.........230...
44Tara4311163...328144......4...1.........1...36...
45Kuwon151033420122532242...6...6...1.........1...48...
46Mêlathèn11......121...1135.......................................{tanpa sabin tiyang sawêg sapunika}
47Ganggong22...1...32...2158.......................................{do. do}
48Lomanis6412184122917..................2.........218...
49Likasan54...1164122915.......................................tanpa sabin tiyang sawêg sapunika.
50Jêthak Kijal22...3162...11410..................2.........218...
51Waruk Dadol3426518227128391050121187...25...2.........2...144...
52Pêtung53121731...1512...............1.........1...24...
53Têrgilis64121841319175............2.........2...72...
54Ngiwèn12926421101510264762...811.........1...60...
55Cigrok77...35157...4617323......3...2.........2...75...
56Sêkaran751219614314238......8...2.........2...120...
57Batoh33...1153...1...493......3......2.........227...
58Cêrme16132410291434829588......8......2.........218...
59Sokawidi66...64167...221127...213......2.........29...
60Pajok11...1...21...1135..................2.........29...
Gugung607475571792429535008120621099719503361612752410512/2......512/2281210

---[266-267]---

NomêrDistrikNamaning dhusunKathahing griyaKathahing manusa sêdayaGugung kumpul sadayaKathahing kewanKathahing sênjataKathahing sabin sêdayaYatra pajêgPangèngêt-èngêt kang sampun kapriksa.
Ingkang jalêrIngkang èstriMaesaLêmbuKudaGugungIngkang kageIngkang brêraGugung
SemahDhudhaJakaRare kang dèrèng umur 15 taunGugungSemahRăndhaPrawanRare kang dèrèng umur 15 taunGugungJungBauJungBauJungBauRupiyahSèn
Gugung kang winalik607475571792429535008120621099719503361612752410512/2......512/2281210
61GoranggarèngSaba11...1...21......124.......................................
62Wagar151036423112532144...............1.........1.........sawêg kagarap tiyang sapunika.
63Sêmèn8122...615221016...............1.........1.........do. do.
64Krètèg.........................................................1...1.........bêra suwung
65Kêlèpèk.........................................................1...1.........do.
66Thithang.........................................................1...1.........do.
67Talun.........................................................1...1.........do.
68Jampong.........................................................1...1.........do.
69Gudhe.........................................................1...1.........do.
70Suru.........................................................1...1.........do.
71Karangkèringan............................................................2...2......do.
72Dhuyung......................................................2.........212...sabin kage tiyang Macêpat
73Nglamplak............................................................2...2......bêra suwung
74Randhualas......................................................2.........2......kagarap tiyang Macêpat sawêg sapunika.
75Plasa............................................................2...2......kêra[149] suwung
76Panambangan22...1...32...2158..................2.........218...
77Kêradenan33...1153...23813..................1.........13...
Gugung kumpul sêdaya636492621902479925188897220104320353361612752410551/282633/2284510

Kasêrat ngaji Kêmis tanggal kaping 1 Kagustus 1828
Bupati Magêtan Goranggarèng
Sasranêgara

--- 268 ---

120.

Pèngêt nuwala dalêm undhang-undhang, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Amangkunêgara, Ridêr Kolonèl Kumêndhan. Kagawaa marang salakune saudaraningsun Tuwan Kapitan Sakipêr, lan Tuwan Sambre, marang Pacitan. Besuk mulihe mêtu ing Panaraga, dhawuha marang sarupane bocah ingsun desa, Dêmang Pênglawe gunung kang kalêbu bawah ingsun limang èwu kabèh, saurute kang padha kadalanan marang saudaraningsun iku mau, mênawa kaampiran atawa kainêpan. Padha dibêcik pambaurêksane, sarta padha sira sêsuguha sakanane ing wong desa, lan saksukête aja nganti ana kêkurangane, dene yèn ana pênjaluke tundhan jaran atawa jagul, iya sira wènèhana aja nganti kasuwèn kang enggal, lan padha angatêrêna salakune ana ing dêdalan. Tutuga sakwêwêngkonane dhewe-dhewe, sapa kang nora mituhu nora anglakoni saunining nuwalaningsun undhang-undhang iki, amêsthi ingsun kang ambilaèni marang ing sira kang luwih abangêt.

Tinulis ing dina Rêbo tanggal ping sêlawe sasi Sura taun Ehe 1756.

__________

--- 269 ---

121.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe akathah-kathah Kangjêng Pangeran Ariya Mataram, ingkang ing mangke sawêg anglampahi ing ayahan, pacak baris wontên ing bètèng Pijenan, kaatura ingkang saudara Kangjêng Tuwan Ridrê Kulnèl Ibrêt Gerar Naus, residhèn ing Surakarta.

Sasampuning kadya ing sapunika wiyosipun, kula sampun anampèni ing sêratipun saudara kangjêng tuwan residhèn ingkang katitimangsan ing Surakarta kaping 31 Juli taun 1828, saha sampun kula tupiksani saraosing sêrat sêdaya ingkang mungal ing sêrat, saudara maringi uninga dhatêng ing kula. Manawi wontên tiyang Jawi awasta Bok Kêrtadrana griyanipun ing dhusun Trawas bawah Gêmampir, sohan dhatêng saudara kangjêng tuwan residhèn, sarta gadhah atur yèn piyambakipun kapocot gènipun dados babêkêl siti ing Trawas dhatêng pun Wiradiwirya dêmang ing Gêmampir. Sarta barang gadhahanipun sami kajarah karayah dhatêng pun Wiradiwirya Dêmang Gêmampir, ing mangke Bok Kêrtadrana wau, kakintunakên dhatêng ing kula, andikakakakên[150] mariksani ing prakawisipun, manawi sampun gèn kula mariksani, tumuntên kula anyaosana pratela dhatêng saudara kangjêng tuwan residhèn.

Ingkang punika inggih sampun, Bok Wiradrana kula pariksani [pariksa…]

--- 270 ---

[…ni] ingkang dados paturanipun. Botên ewah kados ingkang mungal ing sêratipun saudara, manawi piyambakipun kapocot sarta barang gadhahanipun tanêman ingkang wontên ing sabin dipun bêskup dipun pêndhêti dhatêng pun Wiradiwirya dêmang ing Gêmampir.

Sawêg aturipun Bok Kêrtadrana, barang gadhahanipun ingkang dipun pêndhêti dhatêng pun Dêmang Wiradiwirya:

Warni griya kalih rêgi ... 162 ½ wang.

Tanêman jagung tigang kothak spalih[151] rêgi ... 397 ½ wang.

Kacang sakothak sêpalih rêgi ... 222 wang.

Gudhe sakothak rêgi ... 106 wang.

Wah pajêging pemahan kalih sapasokan ... 56 wang.

Kantunan têbasan jagung ... 39 ½ ¼ wang.

Wah gènipun malihakên deresan kêlapa kalih dasa, sadintênipun mêdal ... 2 ½ wang.

Punika awit kala kapocotipun Bok Kêrtadrana kala ing wulan Ruwah tanggal kaping 15 dumugi ing wulan Sura punika tanggal kaping 25 ... 3180 wang.

Gadhahanipun Bok Kêrtadrana ingkang dipun pêndhêt ajêng dhatêng pun Dêmang Wiradiwirya, kadamêl reyalan nyêlawe bêntêt wang. Sdaya gunggung yatra ... 88 ringgit 13 wang.

... ½ ¼

Wondening pun Wiraduwirya[152] dêmang ing Gêmampir kula timbali sapisan botên dhatêng, sarêng kula timbali kaping kalih purun dhatêng,

--- 271 ---

kula pariksa aturipun, inggih angakêni manawi mocot dhatêng Bok Kêrtadrana, ananging ingkang dipun pocot anakipun, awit ingkang kadamêl bêkêl siti Trawas salupit anakipun, mila kapocot, awit anakipun Bok Kêrtadrana ingkang kadamêl bêkêl wau taksih alit, kala mêmpêngipun ing damêl prêng patra, Bok Krêtadrana katêdhanan tiyang ingkang dados suluring anakipun wau botên angladosi, awit anakipun dèrèng kangkat ing damêl, mila lajêng sitènipun ing Trawas salupit kagantung, sarêng siti sampun kagantung, Bok Kêrtadrana angladosi tiyang ingkang dados suluring anakipun, ananging pun Wiradiwirya botên ajêng tampi, ingkang mawi sampun kasèp, punika Bok Kêrtadrana wau lajêng kesah tilar bale griyanipun tanpa pamit kantos sapriki, wondening katêrka mêndhêti barang tanêmanipun Bok Kêrtadrana ingkang wontên têgil, pun Dêmang Wiradrawirya[153] inggih angakêni, ananging naming jagung tigang kothak, ingkang kathah-kathah botên angakêni.

Wondening kancanipun sami babêkêl Gêmampir tiyang têtiga, kula dangu, sami anêtêpakên yèn pun Wiradiwirya amocot tanpa prakawis, utawi pamêndhêtipun barang tanêmanipun Bok Kêrtadrana wau inggih sayêktos. Ingkang punika kula sumăngga ing saudara kangjêng tuwan residèn.[154]

--- 272 ---

Kasêrat ing barisan bètèng Pijenan kaping 26 Sura Ehe ăngka 1756.

__________

122.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe akathah-kathah Kangjêng Pangeran Ariya Mataram, ingkang ing mangke sawêg anglampahi ing ayahan jagi wontên ing bètèng Pijenan, kaatura ingkang saudara Kangjêng Tuwan Ridrê Kulnèl Naus, residhèn ing Surakarta.

Sasampuning kadya ing sapunika wiyosipun kula sampun anampèni sêratipun saudara kangjêng tuwan residhèn, ingkang katitimangsan ing Surakarta kaping 8 Agustus taun 1828. Saha sampun kula tupiksani saraosing sêrat sadaya. Dhawahipun saudara ingkang mungal ing sêrat, kula andikakakên nyêpêng dhatêng pun Wiraduwirya Dêmang ing Gêmampir, manawi sampun kacêpêng kapun[155] dhatêng ngarsanipun saudara.

Ingkang punika pun Dêmang Wiraduwirya Gêmampir inggih sampun kula cêpêng wontên ing barisan kula bètèng ing Pijenan, ing mangke pun Dêmang Wiradhuwirya[156] inggih lajêng kula kintunakên dhatêng saudara. Rampasanipun dhuwung satunggal sakandêlanipun jêne kapal satunggal sadandosanipun, sumăngga ing sakarsanapun[157] saudara.

--- 273 ---

Ing barisan bètèng Pijenan kaping 1 Sura Ehe ăngka 1756.

__________

123.

Sasampunipun pangabêkti kula ing sampeyan. Kula kautus rayi sampeyan Radèn Tumênggung Danukusuma, kakrêsakakên anyaosakên sêrat ing sampeyan. Dening rayi sampeyan Radèn Tumênggung Danukusuma, kaparingan nama Radèn Adipati Danurêja, kalih kauningana ing sampeyan, yèn sapunika kula nguwasani siti pun Rema sadaya, kula nuwun wangsulan sampeyan sêrat dhatêng kula, tuwin dhatêng rayi sampeyan Rahadèn Adipati Danurêja.

Ingkang pratendha[158] kula pun Santarêja.

__________

Pèngêt ingkang sêrat saha ingkang salam taklim. Kangjêng Rahadèn Ngabdullah Adipati Danurêja, pêpatih dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Ngabdul Khamid Khèrucakra Kabirul Mukminina Kalifatul Rasulullahi Hamêngkubuwana Senapati Ingalaga Sabillulah ing tanah Jawa, dhumatênga ingkang raka Mas Tumênggung Sindunêgara. Sasampuning kadya punika awiyos. Kakang Tumênggung Sindunêgara, kula suka pangèngêt palimirma dhatêng ing sampeyan. Mênggah raosing manah kula, ratu kula

--- 274 ---

ingkang sinuhun kangjêng sultan, ênggènipun kakêrsakakên dening Allahu Tangala, angratoni ing tanah Jawi, amangun luhure agama Islam. Kados saèstu angsal pitulunging Gusti Allahu Tangala karilan. Ingkang punika kakang Tumênggung Sindunêgara, mênggah kados sampeyan. Punapa inggih ugi sampun botên anggalih kaèngêtan, ing agami Islam, tuwin ing ratu kula, yèn ta sampeyan kêrsa anglih[159] kaèngêtan, agama Islam tuwin ing ratu kula ingkang sinuhun kangjêng sultan, kula kadugi ananggêl bilai sampeyan. Yèn saupami sampeyan wontên rikuhipun, sampeyan punapa botên kèngêtan. Kala rumiyin ing saklampah-lampahipun eyang suwargi, sabiyantu batin kalayan kangjêng sinuhun sultan suwargi kang sapisan, lair sabiyantu Kumpni.[160] Ingkang punika kakang, yèn sampeyan ambiyantoni ingkang dados rêmbag kula, kula nêdha tumuntênipun mênggah kayêktosan sampeyan. Mila sapunika kakang kula dugi nuntên wontên pitulunging Allah dhatêng ratu kula, kakang sampun ngantos kasèp.

Sinêrat ing Ganjuran, Jumungah ping 9 Mulud Ehe 1756.

__________

--- 275 ---

124.

Saha ingkang sêrat ingkang tabe akathah-kathah kojuk[161] ingkang rama, Kangjêng Tuwan Kololnèl[162] Nahis. Mila kula anyaosi sêrat ing sampeyan rama, kula nuwun sih idhakipun[163] bahyar[164] kula, sabab kula têdha sakrayat anak kula, batên samse. Ananging panuwun kula dhatêng kangjêng tuwan, sampun ngantos kathah-kathah kantunipun.

Ingkang kaping kalihipun malih kula anyuwunakên sihipun ing kangjêng tuwan wahyah[165] sampeyan anak kula, ingkang sampun dados abdi dalêm lurah samaputra, pun Wăngsakusuma, kula suwunakên kadosa anakipun adhimas Atdiwanata.[166] Mila sakpunika kangjêng tuwan anakipun adhimas Atdiwinata.[167] Dèrèng malêbêt panakawan dèrèng malêbêt samaputra, tumutên anak kula gadhah atur dipun suwun dados kancanipun samaputra, igih sampun kalampahan dados kancanipun samaputra, antahwis[168] gangsal ditên lajêng kaigahakên[169] nama bopati. Punika panuwun kula ingkang mugi wontêna sihipun kangjêng tuwan dhumatêng wayah sampeyan anak kula pun Wăngsakusuma. Wondening yèn sampun angsal sihipun kangjêng tuwan kalilana kalênggahanipun kagêntosan ing sêdhèrèkipun.

Ananging ingkang kula ajêng-ajêng sihipun kangjêng tuwan, wondening [wonde…]

--- 276 ---

[…ning] yèn wontên kalêpatan kula, kula anyuwun metak[170] ampun ingkêng kathah-kathah.

Sinrêrat ing ditên Slasa wulan Jumadilawal tanggal kaping 3 ing taun Ehe ăngka[171] 1756.

Kula Pangeran Ariya Pamot.

__________

125.

Punika ingkang sêrat saha ingkang tabe kaurmatan akathah-kathah, Pangeran Răngga Arya Prawiradiningrat, ingkang tatêngga kagungan dalêm mancanêgari Madiun kitha Kartaarja Pangongangan. Kaatur ingkang saudara Kangjêng Tuwan Ridêr Kolonèl Aibêrt Gêrar Naus, risidhèn Surakarta Adiningrat. Saha kumisaris ingkang nguwasani nêgari Ngayogyakarta Adiningrat.

Sasampunipun kadya sapunika awiyosipun. Sangking kumapurun kula ngaturi sêrat wali-wali, angrubêdi panggalih sampeyan, inggih sangking tuhu têmên kula ing kangjêng gupêrmèn utawi ing ratu, sangking bodho tiwas jrih kula tiyang wontên ngandhap. Lêpat tula[172] nuwun ngapuntên sampeyan ingkang kathah-kathah, sangking sakêlangkung susah ribêdipun manah kula, angsal kula anindakakên patêdhan sampeyan sêrat wangsulan, kasêrat Jawi utawi cara Wêlandi, kacap sègêl ing kangjêng gupêrmèn. Prakawis Radèn Tumênggung Sasranagara, Bupati [Bu…]

--- 277 ---

[…pati] Goranggarèng, yèn batên gadhah sawab ingkang pêrlu, lulusa anggadhahi lênggah siti karya 50 Magêtan, sangking pamanah kula batên kenging batên kula angèstokakên, inggal anindakakên sangking kêrsa sampeyan punika, jrih susah èwêdipun manah kula, wit timbalan dalêm ingkang sinuwun kangjêng sultan, ingkang sampun kawrat ing sêrat nuwala, siti 50 Magêtan kaparingakên dhatêng anakipun Radèn Tumênggung Cakradiwirya Bupati Goranggarèng, kang sampun tilar dunya, sêmantên ugi Radèn Tumênggung Sasranagara, inggih sampun kapatêdhan sêrat nuwala dalêm. Ngêmungakên siti karya 500 Goranggarèng kimawon. Saha nyanggi pajêg 500 kêton ing dalêm sataun. Parentahan ugi kados bupati kathah-kathah, wondening siti 50 Magêtan sapunika inggih têksih wontên anakipun Radèn Tumênggung Cakradiwirya, Bupati Goranggarèng, ingkang sampun tilar dunya wau, yèn kula gadhah cipta manah angandhapakên kêrsa sampeyan batên pisan-pisan gadhah cipta manah sapunika ugi kula damêl inggil. Ananging rèhning kula wontên bawahing ratu, utawi wontên bawah parentahipun saudara sampeyan Ki Lurah Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, Ngayogya, pramila sakalangkung jrih ribêd susahipun manah kula dene kula batên sagêd anglêgakakên galih sampeyan, mila asangêt-sangêt panuwun kula ing panjênêngan sampeyan. Mugi kalulusêna angsal sampeyan maringi sih palimirma kawilasan tulung, dhatêng kula

--- 278 ---

utawi dhatêng Radèn Tumênggung Sasranagara, mênawi dados dhanganipun galih sampeyan, mugi wontêna dhawah sampeyan dhatêng Ki Lurah Kangjêng Radèn Adipati Danurêja, kadosdening dhawah parentah sampeyan dhatêng kula, saupami batên wontên kêrsa sampeyan sapunika, batên wande ing têmbe Radèn Tumênggung Sasranagara manggih dadukanipun parentah, sawab angsalipun ngêladosi parentah kènthèr.[173] Mêrgi batên cêkap sangking awonipun siti, ingkang punika asangêt-sangêt panuwun kula ing panjênêngan sampeyan siti karya 50 Magêtan dadosa lênggahipun Radèn Tumênggung Sasranagara. Wondening kupiyanipun nuwala patêdhan dalêm kula inggih nyaosi ing panjênêngan sampeyan, asarêng sêrat kula punika.

Kasêrat Madiun tagal ping 7 Rajab Ehe 1756.

Kangjêng Pangeran Răngga Arya Prawiradiningrat.

__________

Pèngêt iki nuwalaningsun gthyangkang[174] Sinuhun Kajêng Sultan Hamêngkubuwana gthyangkang kaping lima Senapati Gthyangalaga[175] Ngabdurahman Sayidi[176] Panatagama Kalipatulah ingkang angrênggani kêdhaton Ngayogyakarta Adiningrat, sun gadhuhakên marang bocah ingsun, Si Sasranêgara, marmane bocah isun[177] Si Sasranêgara, sun gadhuhi nuwalaningsun, amarga têka kabêcikan sêca tuhune marang ing panjênêngan ingsun, [ing…]

--- 279 ---

[…sun,] ing mêngko ingsun junjung têka ing ngisor, sun sêngkakake ing aluhur, sarta sun kulawisuda, ingsun gawe bocah ingsun bopati măncanêgara, ana ing kagungan ingsun bumi kabopatèn ing Goranggarèng, cacah gawining[178] limang atus sapanunggalane kabèh, dene lêladène pajêg limang atus reyal ing dalêm sêtaun padha reyalan nyêlawe bêntêt uwang sareyale, sarta ana ing bawah lerehane bocah ingsun Si Pangeran Răngga Ariya Prawiradiningrat, lan ingsun lilani angago.[179] Apa sakanggo-anggoning bocah ingsun bopati măncanêgara jajar, anadene jênênge Si Sasranêgara, ingsun pundhut, ingsun paringi aran tumênggung, Tumênggung Sasradirja, iku mupakata marang sarupane, para niyakaningsun bopati mantri ing Ngayogyakarta kabèh, apadene para niyakaningsun bopati mantri ing măncanêgara kabèh, sapa wonge kang maido sarta ora mituhu marang ing timbalan ingsun kang wus kamot ing nuwala iki, amêsthi nêmu paukuman ingsun kang luwih abot, iku pacuwan poma.

Kala dhawuhing timbalan dalêm ing dintên Sênèn tanggal kaping 2 ing wulan Jumadilawal taun Ehe angkaning warsa 1756.

__________

--- 280 ---

126.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe kathah-kathah Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Amangkunêgara Ridêr Kolonèl Kumêndhan. Dhumatênga ingkang saudara Kangjêng Tuwan Kolonèl Ridêr Johan Wilip Ibrêt Gerar Nais saha risidhèn ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya sapunika awiyos. Saudara asuka uninga dhumatêng ing kula, yèn pun Trunayuda kakêrsakakên dados kêpala jagi bèntèng ing Jatosnèm. Kêrsanipun saudara abdi kula pun Cakrawijaya sagêda manut piturut dhatêng pun Trunayuda, anuntên kula dhawahakên kêrsanipun saudara dhatêng abdi kula pun Cakrawijaya, aturipun yèn kakêrsakakên dados wontên ngandhapipun kêpala pun Trunayuda nuwun mopo, yèn wontên kêrsanipun saudara kadamêl sami kadosdèntên kêpala pun Trunayuda, aturipun inggih sêndika anglampahi sakêrsanipun saudara, aturipun wau mênawi botên andadosakên parêngipun kêrsanipun saudara, gêgadhuhanipun siti rèh sêdaya kapundhut inggih sumăngga, namung têksih kalilana angladosakên ing sakdamêl-damêlipun siti dhusun ingkang kalêrês kagungan kula piyambak, cacah gangsal jung, ingkang punika aturipun abdi kula pun Cakrawijaya wau kula sumăngga kêrsanipun saudara.

--- 281 ---

Kasêrat Rêbo tanggal ping 9 Rêjêp ing taun Ehe 1756.

__________

Kawula abdi dalêm pun Cakrawijaya. Kadhawahan timbalan dalêm, kakêrsakakên manut piturut punapa ingkang dados rèhipun kêpala bètèng ing Jatosnèm, ingkang nami pun Trunayuda. Atur kawula gusti nuwun mopo. Yèn kakêrsakakên dados wontên ngandhapipun kêpala pun Trunayuda. Dèntên mênawi kakêrsakakên sami-sami, angladosakên ing sadamêl-damêlipun siti rèh dhatêng bètèng Jatosnèm inggih sêndika anglampahi ing sakêrsa-kêrsa dalêm. Dèntên atur kawula punika sêdaya, mênawi botên andadosakên sarêngipun ing kêrsa dalêm, têmah dados dêduka dalêm dhumatêng kawula. Kagungan dalêm siti rèh kapundhut sêdaya kawula inggih sumăngga. Namung kalilana kawula têksiha angladosakên ing sadamêl-damêlipun kagungan dalêm siti babok cacah gangsal jung. Têmên-têmnipun[180] atur kawula ing panjênêngan dalêm gusti. Ing ngandhap punika tăndha tangan kawula.

__________

--- 282 ---

127.

Kawula abdi dalêm pun Păncawijaya, sowan kula ing ngêrsa dalêm. Dipun utus dhatêng abdi dalêm pun Cakrawijaya, angunjuki uninga ing sampeyan dalêm kangjêng gusti.

Nalikanipun abdi dalêm pun Cakrawijaya katimbalan wontên ing ngêrsa dalêm, rèhipun siti sami karayut dhatêng pun Trunayuda sarta pun Trunayuda lajêng ananêm kêpala wontên ing dhusun Kayu Mas. Cacah siti kanêm sigar jung. Ingkang katanêm nami Ki Mêrtayuda. Ing sadhatêngipun abdi dalêm pun Cakrawijaya, sangking ing ngêrsa dalêm Ki Mêrtayuda wau, lajêng kesah sangking dhusun Kayu Mas, panunggilanipun gadhuhan kula siti rèh nami dhusun ing Pomah, cacah kalih jung. Bêkêlipun kalih, ingkang satunggil nami Ranawijaya, ingkang satunggil nami Ranasêntika. Sarêng Ki Mêrtayuda kesah sangking ing dhusun Kayu Mas, bêkêl dhusun ing Pomah, nami Ki Ranawijaya tumut kesah sami dhatêng panggenanipun Ki Trunayuda. Lajêng abdi dalêm pun Cakrawijaya anêtêpakên kêpala dhusun ing Kayu Mas ingkang lami. Sampun botên wontên mênggah prakawisipun. Botên antawis dintên, pun Trunayuda utusan ananêm kêpala dhatêng dhusun Pomah. Ingkang dipun utus kêpala nami Ki Kêrtamênggala. Pênunggilanipun kêpala sêkawan. Rencangipun wêtawis wontên tiyang satus, ingkang katanêm wau Ki Ranawijaya, [Ra…]

--- 283 ---

[…nawijaya,] bêkêl ing Pomah lami. Ingkang tumut kesah dhatêng pun Mêrtayuda wau tumuntên Bêkêl Pomah ingkang satunggilipun Ranasêntika asuka pirsa dhatêng pun Cakrawijaya, yèn dhusun ing Pomah katanêman kêpala dhatêng Trunayuda. Ingkang katanêm pun Ranawijaya, sagah angayumi[181] siti kiwa têngênipun ing Pomah sêdaya. Lajêng pun Cakrawijaya lumampah dhatêng panggenan kula, ambêkta tiyang sêdasa. Sanjang-sanjang dhatêng kula yèn sitènipun katanêman kêpala dhatêng Trunayuda. Kula lajêng dipun jak dhatêng dhusun Pomah, sumêja dipun jak têtakèn yêktos botênipun, kula lajêng tumut, ambêkta rencang kêkalih. Dados tiyang kawan wêlas kalêbêt pun Cakrawijaya. Sarêng dumugi pinggir dhusun ing Pomah, lajêng dipun titiri sarta dipun sênjatani dhatêng utusanipun Trunayuda. Lajêng pun Cakrawijaya utawi kula sami ngêsuk dhatêng salêbêtipun padhusunan ing Pomah. Lajêng sami tanglêd. Wontên salêbêtipun ing dhusun Pomah kantos dumugi sajawining dhusun Pomah wau kantos wontên ingkang pêjah utawi ingkang tatu, inggih rencangipun Ki Trunayuda ingkang dipun utus wau. Kang pêjah satunggil kang tatu kalih. Wondèntên rencangipun Cakrawijaya inggih sami wilujêng. Lajêng bibaran, pun Cakrawijaya kalihan kula angsal bandhangan dhuwung kalih, sênjata kalih, bêstrong satunggil, kapal satunggil, sabibaripun tanglêd rencang kawula sami nusul wêtawis wontên tiyang kalih atus, lajêng kabêthêng jawah. Satêngahipun jawah pun Cakrawijaya utawi kula, [ku…]

--- 284 ---

[…la,] lajêng mantuk dhatêng Kêpasong. Sadhatêngipun ing Kêpasong sampun dalu. Kula lajêng dipun kèn sohan ing sampeyan dalêm, pun Cakrawijaya sagah badhe lapur dhatêng bètèng ing Jatosnèm.

__________

128.

Kawula abdi dalêm Amad dalêm Safingi ing kitha agêng Mêtawis. Katur ing Kangjêng Tuwan Komasaris Kurnèl Naès, ingkang pilênggah panêgari Surakarta Adiningrat. Ingkang rumiyin kawula anyaosakên sêmbah sungkêm kawula katur ing kangjêng tuwan. Sêsampunipun kadya sapunika, mila kawula agadhah atur kawrat ing sêrat, kawula nênuwun mênawi parêng ing kangjêng tuwan. Wontêndètên[182] ingkang kawula suwun kawula kalilana nuwun songsong ijêm. Wontêndene kawula sakănca mêdalêm sêdaya, paringan dalêm ingkang kina-kina songsong biru sêdaya, mila kawula agadhah pênuwun ing kangjêng tuwan, songsong ijêm, sawab kawula kêrsanipun saudara dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Natapraja, kawula kakêrsakakên anyêpêng parentah ngajêng, kadamêl sêpuh-sêpuhipun Amad dalêm sêdaya, ingkang punika kawula batên watên kêkaotan kawula lalênggah punapadèntên paring dalêm kaprabon, inggih têksih sami, mila kawula batên purun nuwun dhatêng saudara dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati

--- 285 ---

Natapraja, kawula têksah[183] èngêt ingkang ganjar gêsang kang ganjar palênggahan langkung saking agêng inggih kangjêng tuwan. Kawula batên sagêd malês ing kangjêng tuwan. Gasti[184] Allah ingkang malês ing kangjêng tuwan. Kawula ajêng nuwun dhatêng saudara dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Natapraja inggih mênawi angsal, mênawi batên angsal adatipun Jawi, kula sangêt isin kawula, wontêndètên kawula gèn kawula purun-purun anuwun ing kangjêng tuwan, pêjah gêsang kawula, kawula sumăngga ing kangjêng tuwan. Sakathah-kathahipun paturan kawula ingkang kawrat ing sêrat, mênawi watên ing kalêpatan kawula ingkang mugi watêna pangaputênipun[185] ing kangjêng tuwan.

Sinêrata[186] ing ditên Sêlasa, tanggal kaping 5 wulan Ruwah taun Ehe ăngka wêrsa[187] 1756.

__________

129.

Kawula pun Tumênggung Natawijaya, kawula asaos tabe akathah-kathah, sayogi kunjuk ing Kanjêng Tuwan Kolonèl Komasaris Nais, ingkang pilênggah panêgari dalêm ing Surakrêta Adiningrat.

Mila kawula kamipurun anyaosi srêrat konjuk [konju…]

--- 286 ---

[…k] ing kanjêng tuwan, kawula rumiyin kamipurun agadhah atur, nuwun nama mayor.

Sampun kunjuk dhumatêng saudara sampeyan, Kanjêng Tuwan Kolonèl Kokis. Ingkang punika sakêlangkung mênggah pêngajêng-ajêngipun manah kawula, ing timbalan sampeyan. Mila kawula asangêt panuwun kawula dhumatêng kanjêng tuwan. Ingkang mugi-mugi wontêna sih wilasanipun kanjêng tuwan dhatêng ing jasad kawula. Mila kawula kamipurun agadhah atur ingkang sakpunika, awit saking ribêdipun gèn kula angrèhakên kănca kawula prajurit ing Nataprajan sêdaya. Ingkang mawi kănca kawula prajurit wau punika, ingkang sami nyêpêng kănca kawula tumênggung sêdaya, kănca kawula tumênggung wau, awis ingkang purun nindhihi prajuritipun piyambak. Mila asangêt pênuwun kawula, supados sagêda kèringa parentah kawula dhatêng kănca kawula sêdaya, sagêda kawula gadhah parentah kêras amrih kêncêngipun ing lampah prêrang,[188] punapadene sêbarang parentahipun kanjêng tuwan-tuwan sêdaya. Lêpatipun atur kawula kêng mugi-mugi kawula nuwun pangapuntênipun kanjêng tuwan. Kasrêrat ing Grojogan, Jumungah Pon tanggal kaping 8 Ruwah ing taun Ehe nuju ăngka taun Jawi 1756.

__________

--- 287 ---

130.

Sêrat saha ingkang tabe akathah-kathah, Radèn Tumênggung Sasrakusuma, bupati nêgari dalêm Kartasana Bèrbêk kitha Toyamirah kojuk ing Kangjêng Tuwan Kurnèl Naus risidhèn ingkang palênggah ing loji agêng kantor nêgari dalêm ing Surakarta Adiningrat.

Sasampunipun kadya ingkêng punika wiyosipun kangjêng tuwan, rèhêning anak kawula pun Sasradipura sarencangipun sampun kalampahakên dhatêng ing Sêmawis, ingkang punika mugi sampun andadosakên rêngating pênggalihipun kangjêng tuwan. Ampun ingkang kathah-kathah, inggih sangking dening kamipurun-purun kawula, anuwunakên ampun dhatêng anak kawula pun Sasradipura sarencangipun. Punika mênawi parêng dhangan kêrsanipun kangjêng tuwan ingkêng agêng, pun Sasradipura sarencangipun wau, kawula suwun wilujêngipun. Pun Sasradipura kalilana kawula ingkang ananggêl. Ing dintên ingkang sampun kapêngkêr, utawi ing dintên ingkang dèrèng kalampahan, yèn ngantosa anglampahi brandhal, saèstu botên, sabab ing nalika bêdhahipun ing nêgari Rajêgtosan, piyambakipun Sasradipura, panuju sakit sangêt. Botên sagêd kesah-kesah sangking pagriyanipun piyambak. Mila anglangkungi gèn kawula angajêng-ajêng, mugi wontêna [wontê…]

--- 288 ---

[…na] pangapuntênipun kangjêng tuwan ingkang agêng, dhatêng anak kawula pun Sasradipura sarencangipun. Kasêrat ing Bèrbêk dintên Rêbo tanggal ping 11 wulan Sawal taun Ehe ăngka[189] 1756.

Radèn Tumênggung Sasrakusuma.

__________

131.

Ingkang sêrat sarta ingkang tabe akathah-kathah, Radèn Mas Ariya Prawirabrata, ingkang palênggah nêgari dalêm Pranaraga, dhumatênga ingkang saudara Tuwan Gerike ing nêgari Surakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya punika awiyosipun. Kula sampun nampèni pakitunipun[190] sêrat saudara ingkang katitimangsan Surakarta tanggal kaping 10 wulan Sawal taun Ehe ăngka[191] 1756, ingkang sêrta[192] sampun kula tupiksani saijêmanipun kula inggih sampun mangêrtos sadaya saungêlipun sêrat. Botên amêng saudara anêdha pitulung jagul abêkta barangipun saudara, inggih saklangkung tarima kasih, mênggah panêdhanipun jagul saudara, kula inggih sampun sadhiya jagul. Ananging Tuwan Balèdhrik sampun angsal jagul, dados jagul kula kawandèkakên. Dados kula abêktani kimawon kami sêpuh mantri sangunggil.[193]

--- 289 ---

Ingkang kaping kalih saudara mênawi parêng kula anuwun pitulung agur wontêna sangking kalih dhusin. Mênggah pêngaos punapa ingkang dados karsanipun saudara ingkang sampun kalampahan, yèn saudara parêng kabêkta asarêng salampahipun saudara. Ingkang kaping tiga tabenipun radèn ayu katura saudara.

Sinêrat Pranaraga ping 15 Sawal Ehe taun 1756.

__________

132.

Pèngêt nuwalaningsun undhang-undhang, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Amangkunêgara, Ridêr Kurnèl Kumêndham, kagawaa marang salakune saudaraningsun Tuwan Karêl Gerike marang ing Panaraga, dhawuha marang sarupane bocah ingsun kêpala Dêmang Pênglawe gêgunung, kang kalêbu bawah ingsun tanah Kaănggabayan lan tanah ing Kaduwang kabèh.

Liring nuwalaningsun undhang-undhang, ingsun aparing wêruh marang ing sira kabèh. Yèn salakune saudaraningsun iki, marang ing Panaraga, iku mênyange utawa mulihe, samangsane yèn mampir utawa nginêp ana ing desa-ngadesa kang kalêbu bawah ingsun kono, padha dibêcik pambaurêksanira, sarta sabojakramanira, sabisa-bisanira lan saksukête aja kangsi kêkurangan. Dene yèn ana pênjaluke tulung tundhan jaran utawa jagul, iya dienggal sira ladènana, [la…]

--- 290 ---

[…dènana,] aja kangsi kasuwèn, sarta atêrêna lakune ana ing dêdalan, têkana ing watêsira dhewe-dhewe.

Kang sapa ora anglakoni saunine kagunganingsun nuwala undhang-undhang iki, amêsthi padha sira ingsun ukum kang luwih dene abangêt.

Surakarta tanggal ping 16 Sawal taun Ehe ăngka 1756.

__________

133.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe kathah-kathah, ingkang kalayan pakurmatan. Ingkang mêdal manah têmên-têmên, Kangjêng Pangeran Mayor Ariya Cakradiningrat ing Kadhiri, katura ingkang saudara Kangjêng Tuwan Ridêr Kolnèl Ibrêt Gerar Naus saha residhèn ingkang panglênggah[194] nagari ing Surakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya ingkang punika wiyosipun, kula angaturi uninga ing kangjêng saudara, ingkang kala wau kula anyuwun pitulung dhêngên sobat akalihan Kangjêng Tuwan Kolnèl Bêrling ing Surapringga, Tuwan Kolnèl Bêrling, kula kèn dandosi gadhahan kula mariyêm kêkalih, rodha utawi sabêkakasipun pisan. Wondene mariyêm kula kêkalih wau inggih kalampahan kula kintunakên dhatêng ing Surapringga, inggih ugi dipun tampèni wau mariyêm kalihan Tuwan Kolnèl [Ko…]

--- 291 ---

[…lnèl] Bêrling. Sarêng dipun tingali kalihan Tuwan Kolnèl Bêrling, wau mariyêm kêkalih ing nglêbêt sampun sami risak. Tumuntên mariyêm kêkalih wau lajêng sami kawangsulakên dhumatêng ing kula.

Kathah-kathahipun atur kula ing kajêng saudara sampun wontên ing sêratipun Kajêng Tuwan Kolnèl Bêrling saha wau sêrat sampun kula kintunakên ing kangjêng saudara tunggil kalihan sêrat puniki. Wondene prakawis ingkang punika yèn botên kauningan ing kangjêng saudara, kula ragi wontên sumêlangipun ing manah kula. Wondene prakawis mariyêm ingkang sangking Surapringga wau, ingkang sampun kasêbut ing salêbêting sêratipun Kangjêng Tuwan Kolnèl Bêrling inggih ugi kula sampun kengkenan amêthuk dhatêng ing Surapringga. Wondene angkatipun sarêng kalihan sêrat ingkang kula aturakên ing kajêng saudara punika. Kalihdene malih nagari kabopatèn kula ing Kadhiri utawi ingkang cêlak akalihan ing Kadhiri, ing mangke botên wontên satunggilipun prakawis punapa-punapa, sadaya sami wilujêng, ing wusana atur tabenipun anak kula sadaya konjuka ing kangjêng saudara.

Sinêrat ing Kadhiri kaping 23 wulan Sawal ing taun 1756.

__________

--- 292 ---

Kapada Soedara Touan Panngerang

kekodhoekhan, die tana kaderie.-

Die sienie goua kasie bertaou Kapada Soedara, njing goua, soeda trima Soedara poenja doua mariem, en lagie goea soeda soeroe priksa ietoe mariem, tetapie ietoe mariem ada banja roesa die dalem, darie apa brankalie kaloe die pasang bole dapat segala tjilaka, Sebab ietoe goea kieriem kombalie, sama Soedara, lagie goea kasie bertaoe, sama Soedara njang goea nantie minta sama Toean General, biear goea bole kasie piendjam doea lain mariem sama rodanja, njang baay sekalie, kaloe toean General kasie permissie, nantie goea kierim, die Kaderie.-

Tertingal dengen sagala slamat

Soedara poenja Sobat

Beuclin

Sourabaya tagal 26 Maart 1829.

__________

--- 293 ---

134.

Sêrat ingkang tabe Rahadèn Tumênggung Bratawirya dhumêtêng[195] ingkang putra tuwan kolèktur, wiyosipun, anak tuwan aputusan saha amawi sêrat inggih sampun dhatêng ing kula saha sampun kula tupiksani saungêlipun ing sêrat, kula inggih sampun mangêrtos sadaya, anak tuwan agênga ngaputênipun[196] dhatêng ing tiyang alit aturipun tiyang alit, nuwun sumêne kêdhik, mila nuwun sumêne dhatêng ing kula, têsih sami angupados kambêngan. Ingkang kaping kalih anak tuwan kula rencangi dêdonga somugi[197] anak tuwan wilujênga ing salaminipun.

Sinêrat ping 16 Dulkangidah, Kehe[198] taun 1756.

__________

135.

Sêrat saha ingkang tabe kathah-kathah, Rahadèn Ngabèi Ronapringga, ingkang dalêm wontên salêbêting pun panagari dalêm ing Ngrawi kitha Tulungagung, katur ingkang saudara, Tuwan Kolèktur Plèdrik ing Pranaragi. Sasampuning kadya sapunika, wiyosipun kula kang sampun atampi [ata…]

--- 294 ---

[…mpi] pakintunipun sêrat saudara, ingkang katitimangsan, Pranaraga tanggal 17 Mèi 1827, inggih sampun kula tupriksani,[199] sapaijêmanipun ing sêrat sêdaya, amungêl saudara, angajêngakên gadhahan kula kapal kore ingkêng wulu plangka, kêrsanipun saudara kalih bêlah ringgit inggih kula saosakên. Nangi[200] kula aosi satus sêwidak ringgit. Yèn saudara parêng, yatra wau kula tampèni wontên ing nêgari Surakêrta kimawon. Sawab kula badhe kautus dhatêng ing nêgari Ngayogja, angkat kula wulan kalih dasa, wulan Sêla punika.

Kasêrat Ngrawi, tanggal kaping 17 Sêla Ehe[201] wza[202] 1756.

__________

136.

Atur sêmbah kawula, abdi dalêm Kapitan Trunadipura, konjuk sangandhapipun ing Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Amangkunagara, Ridêr Kolonèl Kumêndham.

Kawula angunjuki uninga ing pênjênêngan dalêm, kala ing dintên Sêtu tanggal kaping kalih dasa, sêdara[203] dalêm Tuwan Rup akalihan Tuwan Sêtobrub, majêng dhatêng Kêdhungpring mêdal ing Jalasutra, bêkta saradhadhu sangking Ngayogja, têtindhihipun putra [pu…]

--- 295 ---

[…tra] dalêm Radèn Mas Kapitan Suryadipura, kalihan saragêni prang tandang satus. Kawula dikakakên mêdal ing Banyakan kalihan sêdara dalêm Tuwan Kumêndham Dhecas, bêkta abdi dalêm Truna kananthi[204] wolung dasa, usar songa, prajurit Mangunêgaran satus kalih dasa, sarêng wanci pukul pitu dumugi ing Kêdhungpring, lajêng kapêthukakên ing brandhal ngantos tanglêd. Brandhal plajêngipun mangetan, lajêng kapêthukakên dhatêng Tuwan Kapitan Rup, lajêng gepak malêbêt ing wana, kapalipun kacêpêng gêsang tiga, ingkang pêjah satunggil, ingkang wêrni kêstul sêrakit. Sarêng wanci pukul kalih wêlas siyang, sami mundur sipêng wontên dhusun ing Bawuran, sawetanipun ing Plèrèd. Kănca kawula ingkang kenging borang kêkalih, sarêng wanci pukul nêm enjing Tuwan Rup mantuk dhatêng Karongan. Usar ingkang tumut kawula wau kapundhut. Wondèntên kawula dikakakên mêdal ing Terong anjog ing Jalasutra, sarêng dumugi Kêdhungpring kapêthukakên ing brandhal malih, lajêng tanglêd sakêdhap lajêng buyar, ing Kêdhungpring lajêng kawula bêsmèni, sarêng dumugi Terong dhusun ing Pêsanggrahan inggih kawula bêsmèni sêdaya, dumugi kawula ing Karongan wanci pukul satêngah kalih siyang, kănca kawula sêdaya wilujêng, kalihan putra dalêm Radèn Mas Kapitan Suryadipura, lajêng dipun jagèkakên wontên ing Borongan, ambêkta pringkancanipun[205] ingkang sangking ing Ngayonja.[206]

__________

--- 296 ---

137.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe kathah-kathah ingkang kalayan pakurmatan ingkang mêdal manah têmên-têmên. Kangjêng Pangeran Mayor Ariya Cakradiningrat ing Kadhiri, katura ingkang saudara, Kangjêng Tuwan Ridrê Kolnèl Ibrêt Gerar Naus, saha residhèn ingkang palênggah nagari ing Surakarta Adiningrat.

Sasampuning ingkang kadya punika wiyosipun, kula sampun anampi,[207] saha anumpiksani,[208] paringipun sêrat saudara, ingkang katitèn ing Surakarta kaping 12 Mèi ing taun puniki, sarta punapa ingkang kasêbut wontên ing salêbêting sêrat, kula sampun mangartos saya,[209] wondene kangjêng saudara aparing uninga yèn ingkang bêkta sêratipun saudara, ingkang satunggil kapenakanipun kangjêng saudara, Tuwan Dhosèl, ingkang satunggil, Tuwan Buntèt. Wondene kêrsanipun kangjêng saudara, tuwan kêkalih wau, kakêrsakakên têpang prasobatan akalihan kula, ingkang punika sakathah-kathahipun têpang kula prasobatan dhatêng tuwan kêkalih wau, kang mugi saudara dangua piyambak. Tuwan kêkalih wau patêpang kula prasobatan. Wondening ciptaning manah kula, Tuwan Dhosèl wau sampun kula damêl sami ing sih trêsna kula akalihan putra kula

--- 297 ---

Tuwan Pit Naus. Ingkang kaping kalih kangjêng saudara paring uninga ing kula, yèn siti ing Balitar ingkang kilèn karya gangsal atus. Ing mangke katêbas ing kangjêng saudara, ingkang punika inggih sangêt trima kasih kula ing kangjêng saudara.

Punapa malih kangjêng saudara aparing pêkabaran, aprakawis kraman ing mangke sabên-sabên prang akalihan wadyabala prajurit ing gupêrmèn kawon. Ingkang punika inggih saklangkung-langkung andadosakên ing suka pirênaning manah kula.

Ing wusana ku[210] saklangkung-langkung pitadosa la[211] ing sih trêsnanipun kangjêng saudara ingkang dhumatêng ing kula. Sarta yèn botên kakirangyan[212] satunggiling prakawis, kula inggih ugi badhe pinanggih ing kangjêng saudara, ananging kula ing mangke dawêg ginanjar sakit mripat kula, tênapi botên patosa sangêt.

Sinêrat ing Kadhiri kaping 3 wulan Bêsar ing taun 1756.

__________

138.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe kaurmatan akathah-kathah, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat. Dhatênga ingkang saudara Tuwan Gherike, ingkang sawêg wontên kagungan dalêm măncanagari ing Pranaragi, saha pamuji kula ing Gusti Allahu [Allah…]

--- 298 ---

[…u] Tangala ingkang mugi pinanjangêna ingkang yuswa wilujênga kasarasan ing salami-laminipun.

Sasampuning kadya punika awiyos, kula sampun anampèni sêrat sangking saudara, ingkang katitimangsan ing Pranaragi tanggal kaping 4 Dulkangidah taun Ehe punika, ingkang mungêl ing sêrat, saudara ngaturi wuninga dhatêng ing kula, mênggah ing salampah-lampahipun saudara wontên ing margi, ngantos dumugi ing Pranaragi wilujêng botên wontên ingkang kakirangan. Mênggah pakurmatanipun Radèn Mas Ariya Prawirabrata sakancanipun utawi anggènipun têpang prasobatan saudara amêstani anglangkungi sangking prayogi, botên wontên kakiranganipun punapa-punapa, kaping kalih mênggah panggenanipun saudara ingkang nama pondhokan utawi ingkang kadhahar sadintênipun saudara amêstani sakêlangkung prayogi, saha andadosakên suka rênanipun ing galih, kasênênganipun saudara, wondening benjing saunduripun saudara, sangking kitha ing Pranaragi, badhe mondhok wontên ing Têgilsantun. Mênggah lami inggalipun saudara dèrèng sagêd andêdugi, mênggah pitêpangipun kalih Bagus Kasan Bêsari utawi bujakraminipun dhatêng saudara, kagalih botên sanès kados pakurmatan ingkang kasêbut ing ngajêng wau sadaya, kalihdene saudara nêdha maklum dhatêng ing kula, awit dening ngantos lami saudara botên suka wuninga dhatêng ing kula.

--- 299 ---

Ingkang punika saudara asuka wuninga dhatêng ing kula, sangking prakawis punika, sakêlangkung trima kasih kula dhatêng saudara, ingkang kaping kalih, sarèhning ngantos lami saudara botên suka wuninga akintun sêrat dhatêng kula, sampun dados susahipun saudara, sakathah-kathahipun kula inggih maklum.

Kasêrat ing Surakarta Kêmis kaping 9 Bêsar taun Ehe ăngka[213] 1756.

__________

139.

Punika sêrat ingkang tabe akathah-kathah Radèn Tumênggung Bratawirya ing Pranaragi, katur ingkang putra Tuwah[214] Harkah, kang sawêg adon[215] alêlana wotên[216] nêgari dalêm ing Pranaragi, ingkang mugi Gusti Allah agajara[217] ing kawilujênganipun ing salamèn-lamènipun, ingkang mugi amagiha[218] suka pirênanipun ing galih mugi pinajangna[219] ingkang uswa,[220] mugi kadhatêngana sakêrsa-kêrsanipun pênggalih ingkang wilujêng, kula angrencangi adêdonga wilujêngipun putra kula tuwan.

Sasampuning kadya sapunika wiyosipun, ibu jêngandika akitun[221] linting wangèn kathahipun kalih buntêl, katura putra kula tuwan.

--- 300 ---

Sinêrat ing pamondhokan ing Surakarta ping 11 wulan Bêsar Ehe taun 1756.

__________

140.

Punika sêrat sangking pun Tumênggung Sêcadiningrat, katura Kajêng Tuwan Kumêsaris[222] Kulnèl Nais ing Surakarta, mila kula kamipurun ngaturi sêrat, kula nuwun pitulung dhatêng kangjêng tuwan bab prakawis kasusahan kula angsal kula ngupados têdha, sampun sangêt susahipun, mila kula nuwun tulung prakawis siti kula ganjaran sangking kangjêng sultan raja, yèn marêngi karsane kangjêng gupêrmèn ingkang sampun rêsik kimawon kaparingna rumiyin, dene ingkang taksih ewad inggih taksiha kaasta kangjêng gupêrmèn, mila mêkatên siti kula kang cêlak ing nêgari sami suwêng sêdaya, sabinipun sami bêra, batên wotên ingkang ngocal, yèn wontên wêlasipun kangjêng gupêrmèn siti kaparingake punika badhe kula padosake tiyang sagêda rêja malih sitènipun kula ocal, kenginga kula damêl têdha kula, ingkang punika sangêt panuwun kula datêng kangjêng tuwan, kojukipun kangjêng gupêrmèn, sumăngga kangjêng tuwan.

Kasêrat ing dintên Sêtu, tanggal kaping 18 wulan Bêsar taun Ehe angkaning warsa 1756.

Sêcadiningrat.

__________

--- 301 ---

141.

Ikang sêrat saha ikang tabe kathah-kathah, Radèn Mas Ariya Prawirabrata, dhumatênga ikang saudara Tuwan Gerike.

Sasampuning kadya punika awiyosipun. Kula sampun nampèni pakitunipun sêrat saudara, ikang katitimangsan Rêbo kaping 23 Bêsar Ehe 1756, ikang sêrta kula tupiksani saijêmanipun sêrat, kula igih sampun mangêrtos sadaya, botên amêng sampun ningali gadhahan kula kapal kabincih, saudara agalih wontên katanggêlanipun mênawi katitihana saudara, mênawi katumpakana rencangipun saudara, kirang kurmatipun saudara dhatêng kula, wondèntên prasobatipun saudara dhatêng kula sampun margi sangking punika, dadosa prasobat salaminipun. Kula igih sangêt-sangêt tarima kasih kula, wondening kula igih samatên[223] malih asal kula gadhah prasobat dhatêng saudara, botên mawi taha-taha.

Wusananipun tabe kula, tabenipun radèn ayu.

Sinêrat Rêbo kaping 23 Bêsar Ehe taun 1756.

__________

--- 302 ---

142.

Kala ping 3 wulan Mèi punika utawi tanggal ping 29 wulan Sawal kang sampun kalampahan, wanci lingsir kilèn. Brandhal kathah anginggahi prajurit Wêlandi ingkang cêlak dhusun ing Sêpurang tanah Gowong. Prajurit Wêlandi angèndêlakên ajênging brandhal angantos sapambêdhil têbahipun.[224] Anuntên dipun mariyêm dhatêng prajurit Wêlandi sarta dipun rampid kalayan sênjata, brandhal lajêng bibar, ingkang pêjah tiyang 80 sarta tumênggung satunggil.

Pêlajêngipun ing brandhal kacêgatan ing Kolonomrê 11, lajêng tanglêd malih, brandhal ingkang pêjah tiyang 120 sarta tumênggung satunggil. Ingkang kabandhang dhatêng prajurit Wêlandi awarni kapal 30, gêndera 2, ingkang satunggil sutra abrit, ingkang satunggil biru mawi pêthak punapa dening sênjata, tumbak, dhuwung, sarta lamêng inggih kathah ingkang kabandhang ing prajurit Wêlandi. Wondening sêbutipun ing brandhal sêdaya sami anêdha apuntên.

__________

143.

Sêrat sarta ingkang tabe akathah-kathah, sangking Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Litnan Jendral Hèndrik Mèrkus Dhêkok [Dhê…]

--- 303 ---

[…kok,] kumêndur sangking bintang agêng ing Nèdêrlan, litwan[225] guvrênur jendral, kang anyenapatèni prajuritipun kangjêng raja ing nagari Wêlandi, dharatan miwah ing lautan, dhatêng ingkang wayah Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara, ridêr kulnèl saha kumêndhan.

Sasampuning kadya punika awiyos. Kula tampi pratelanipun Tuwan Kulnèl Kokhis kalih Tuwan Litnan Kulnèl Lebron. Prakawis pêrangipun ing dhusun Gêgêr kala tanggal kaping 17 wulan Juli, wontên tumênggung brandhal satunggil anama pun Jayamênggala pêjah, sarta brandhal alit-alit inggih kathah ingkang pêjah, punika prajuritipun wayah kula sakalangkung purun ing pêrangipun.

Mênggah pratelanipun Tuwan Litnan Kulnèl Lebron dhatêng kula, pangrampidipun prajurite wayah kula dhatêng ing mêngsah sampun sami kalih prajurit Wêlandi, wondening ingkang angrumiyini lumêbêt dhatêng bètènging mêngsah, abdinipun wayah kula sarean Suradênta, lajêng amêjahi pun Tumênggung Jayamênggala, ananging pun Suradênta wau sangking kêndêlipun ngantos dhumatêng ing pêjah, kalihdening malih ingkang sami kasêbut kêndêl satunggil litnan prajurit jagêr pun Suraprawira, kalih sarean Mêrtarana, katiga Kopral Drada.

Ingkang punika kula kêdah anglairakên ing suka pirênaning manah kula dhumatêng wayah kula, sangking prayogining tandangipun prajurite wayah kula, ingkang sarta pamuji kula amargi

--- 304 ---

gènipun sami angantêpi, kang mugi-mugi samia ginanjar ing Gusti Allah, saha nagari têntrêma tumuntên, supados tiyang agêng utawi tiyang alit ing tanah Jawi ingkang sami kula trêsnani kados anak kula piyambak, sami amanggiha karaharjan.

Kala kula wontên nagari ing Surakarta, asring-asring kapanggiha kalihan wayah kula, punika sakalangkung andadosakên suka pirênaning manah kula.

Ing wusananipun pamuji kula dhumatêng Gusti Allah, mugi-mugi wayah kula pinanjangêna yuswanipun, amanggiha wilujêng saputra wayahipun sadaya.

Sinêrat ing Magêlang tanggal kaping 23 wulan Juli taun 1829.

__________

 


Ibrêd. (kembali)
mêngsah. (kembali)
kapêngkêr (dan di tempat lain). (kembali)
Pringgakusuma (dan di tempat lain). (kembali)
enggalakên (dan di tempat lain). (kembali)
nyanggi. (kembali)
sêsanggèn. (kembali)
titimăngsa. (kembali)
sumăngga (dan di tempat lain). (kembali)
10 Pringgakusuma (dan di tempat lain). (kembali)
11 mundhut. (kembali)
12 enggalipun (dan di tempat lain). (kembali)
13 timbali (dan di tempat lain). (kembali)
14 punika. (kembali)
15 nginggil (dan di tempat lain). (kembali)
16 ingkêng (dan di tempat lain). (kembali)
17 sangking (dan di tempat lain). (kembali)
18 wontên (dan di tempat lain). (kembali)
19 saha. (kembali)
20 ing dobel. (kembali)
21 Inggih. (kembali)
22 sapintên. (kembali)
23 sarêng. (kembali)
24 angkat. (kembali)
25 loji. (kembali)
26 kawrat. (kembali)
27 anglajêngakên. (kembali)
28 malih. (kembali)
29 pragatan. (kembali)
30 ăngka (dan di tempat lain). (kembali)
31 inggih. (kembali)
32 sapunika. (kembali)
33 ingkêng. (kembali)
34 kakrêsakakên. (kembali)
35 sapunika. (kembali)
36 Ngahad. (kembali)
37 wontên. (kembali)
38 Kangmas. (kembali)
39 Pringgadilaga. (kembali)
40 Pangeran. (kembali)
41 midhangêt. (kembali)
42 karaharjan. (kembali)
43 kadya punika. (kembali)
44 amanggih. (kembali)
45 alit. (kembali)
46 saudara (dan di tempat lain). (kembali)
47 bapa. (kembali)
48 utawi. (kembali)
49 kumisaris. (kembali)
50 sêdaya (dan di tempat lain). (kembali)
51 dhatêng (dan di tempat lain). (kembali)
52 kêpanggih. (kembali)
53 nimbali. (kembali)
54 pambêngan. (kembali)
55 sawêtawis (dan di tempat lain). (kembali)
56 ananging. (kembali)
57 lingsêm (dan di tempat lain). (kembali)
58 panginggilipun. (kembali)
59 prayogi. (kembali)
60 mrayogèkakên. (kembali)
61 enggal (dan di tempat lain). (kembali)
62 enggala. (kembali)
63 kawrat. (kembali)
64 poma-poma. (kembali)
65 saha. (kembali)
66 kèngkèn. (kembali)
67 kapambêngan. (kembali)
68 sabungkus. (kembali)
69 jangkêp. (kembali)
70 amung (dan di tempat lain). (kembali)
71 sêtya (dan di tempat lain). (kembali)
72 utawi. (kembali)
73 kangjêng (dan di tempat lain). (kembali)
74 sapanunggilanipun(dan di tempat lain). (kembali)
75 kajawi. (kembali)
76 sêcang. (kembali)
77 Pangonganan. (kembali)
78 kalurugan. (kembali)
79 Surakarta. (kembali)
80 Bupati. (kembali)
81 Dulkangidah. (kembali)
82 115. (kembali)
83 Prawirasantika. (kembali)
84 pagêr. (kembali)
85 kenging (dan di tempat lain). (kembali)
86 lintring. (kembali)
87 Teks asli: pe[nNi[wn\. (kembali)
88 bokor. (kembali)
89 sendhok porok. (kembali)
90 uwêr. (kembali)
91 wolu. (kembali)
92 dandosanipun. (kembali)
93 sêrakit. (kembali)
94 mori. (kembali)
95 nyuwun. (kembali)
96 gunggung (dan di tempat lain. (kembali)
97 apitêmbung. (kembali)
98 kula. (kembali)
99 Sêtiwêr (dan di tempat lain). (kembali)
100 yêktos (dan di tempat lain). (kembali)
101 sawêg. (kembali)
102 gadhah. (kembali)
103 gampil. (kembali)
104 Tuwan. (kembali)
105 rupiyah. (kembali)
106 bukti (dan di tempat lain). (kembali)
107 wêruh. (kembali)
108 kengkenan (dan di tempat lain). (kembali)
109 lumampah (dan di tempat lain). (kembali)
110 Kelo (dan di tempat lain). (kembali)
111 maosi. (kembali)
112 têmên-têmên. (kembali)
113 Tuwan. (kembali)
114 Hop. (kembali)
115 potong. (kembali)
116 sêratipun. (kembali)
117 nêmbungakên. (kembali)
118 janji (dan di tempat lain). (kembali)
119 siti. (kembali)
120 wangsulanipun (dan di tempat lain). (kembali)
121 punapa. (kembali)
122 dhêlêg-dhêlêg. (kembali)
123 ngèngkèn. (kembali)
124 dhêlêg-dhêlêg. (kembali)
125 patumbasing. (kembali)
126 angkaning. (kembali)
127 Kelo (dan di tempat lain). (kembali)
128 siti. (kembali)
129 Wêdhi. (kembali)
130 wukire. (kembali)
131 Kolonèl. (kembali)
132 sarang. (kembali)
133 Ngrawi. (kembali)
134 lumêbêt. (kembali)
135 Selakarang. (kembali)
136 langkung. (kembali)
137 abdidalêm. (kembali)
138 dêmang. (kembali)
139 Ngrawi. (kembali)
140 residhèn. (kembali)
141 Magêtan. (kembali)
142 rêngating. (kembali)
143 sapanginggilipun. (kembali)
144 ngari (dan di tempat lain). (kembali)
145 Agustus. (kembali)
146 kangge (dan di tempat lain). (kembali)
147 macêpat. (kembali)
148 Magêtan. (kembali)
149 bêra. (kembali)
150 andikakakên. (kembali)
151 sêpalih. (kembali)
152 Wiradiwirya (dan di tempat lain). (kembali)
153 Wiradiwirya. (kembali)
154 residhèn. (kembali)
155 kakintun. (kembali)
156 Wiraduwirya. (kembali)
157 sakarsanipun. (kembali)
158 pratăndha. (kembali)
159 anggalih. (kembali)
160 Kumpêni. (kembali)
161 konjuk (dan di tempat lain). (kembali)
162 Kolonèl. (kembali)
163 indhakipun. (kembali)
164 bayar. (kembali)
165 wayah. (kembali)
166 Adiwinata. (kembali)
167 Adiwinata. (kembali)
168 antawis. (kembali)
169 kainggahakên. (kembali)
170 mentak. (kembali)
171 Teks asli: O+k. (kembali)
172 kula. (kembali)
173 kèthèr. (kembali)
174 Ingkang (dan di tempat lain). (kembali)
175 Ingalaga. (kembali)
176 Sayidin. (kembali)
177 ingsun. (kembali)
178 gawening. (kembali)
179 anganggo. (kembali)
180 Têmên-têmênipun. (kembali)
181 angayomi. (kembali)
182 Wontêndèntên (dan di tempat lain). (kembali)
183 têksih. (kembali)
184 Gusti. (kembali)
185 pangapuntênipun. (kembali)
186 Sinêrat. (kembali)
187 warsa. (kembali)
188 pêrang. (kembali)
189 Teks asli: O+k. (kembali)
190 pakintunipun (dan di tempat lain). (kembali)
191 Teks asli: O+@. (kembali)
192 sêrat. (kembali)
193 satunggil. (kembali)
194 palênggah. (kembali)
195 dhumatêng. (kembali)
196 ngapuntênipun. (kembali)
197 mugi. (kembali)
198 Ehe. (kembali)
199 tupiksani. (kembali)
200 Nanging. (kembali)
201 Teks asli: [4P+[a. (kembali)
202 ăngka. (kembali)
203 saudara (dan di tempat lain). (kembali)
204 kanthi. (kembali)
205 prikancanipun. (kembali)
206 Ngayogja. (kembali)
207 Teks asli: ...HnN[mPi. (kembali)
208 anupiksani. (kembali)
209 sadaya. (kembali)
210 kula. (kembali)
211 kula. (kembali)
212 kakirangan. (kembali)
213 Teks asli: O+k. (kembali)
214 Tuwan. (kembali)
215 andon. (kembali)
216 wontên (dan di tempat lain). (kembali)
217 angganjara. (kembali)
218 amanggiha. (kembali)
219 pinanjangna. (kembali)
220 yuswa. (kembali)
221 akintun. (kembali)
222 Kumisaris. (kembali)
223 samantên. (kembali)
224 têbihipun. (kembali)
225 litnan. (kembali)