Javaansche Brieven, Roorda, 1845, #676 (Hlm. 304-400)

Pencarian Teks:

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; mengakomodasi variasi ejaan, termasuk [dj : j, tj : c, j : y, oe : u].

144.

Ikang tabe kathah-kathah Radèn Mas Ariya Prawirabrata, katur kang saudara Tuwan Gerike, sampuning kadya punika awiyosipun, kula ngaturi uninga dhatêng saudara yèn kala wingènipun kalih kala wingi, kula sakit batên sagêd mêdal, wondètên[1] sakit kula panas mawi kasrêpên. Ikang punika saudara mênawi parêng kula anyuwun urus-urus punika mênawi saudara parêng.

--- 305 ---

Sinêrat Akad ping 1 Sapar Jim ăngka[2] 1757.

__________

145.

Ikang tabe kathah-kathah, Radèn Mas Ariya Prawirabrata, katur ikang saudara Tuwan Gerike.

Sampuning kadya punika awiyosipun. Bejing-ejing[3] yèn kaparêng galihe saudara kula aturi pinarak dhatêng griya kula, dhatênga wanci jam satêngah sêdasa, ikang mawi anjênêngana wilujêngipun ikang sinuhun kangjêng susuhunan.

Sinêrat pêndhapa ping 11 Mulud Jim taun ăngka[4] 1757.

Radèn Mas Ariya Prawirabrata, Wêdana Bupati Ponaraga.

__________

146.

Sêrat saha ikang tabe kathah-kathah sangking kang saudara Radèn Mas Ariya Prawirabrata ikang palênggah Ponaraga, katur ikang saudara Tuwan Gerike. Sasampuning kadya punika awiyosipun. Kula ngaturi uninga dhumatêng saudara, yèn kula dipun tarimani bak ayu dalêm ikang sinuhun [sinuhu…]

--- 306 ---

[…n] wondètên asalipun maringakên wulan puniki, lêpatipun wulan[5] sangalas wulan[6] kalih likur, ikang punika kawuningana saudara.

Sinêrat Pamondhokan ping 7 Dimadilawal[7] Jimawal taun 1757.

__________

147.

Sêrat saha ingkang tabe akathah-kathah Tuwan Gherike, katur ingkang saudara Radèn Mas Ariya Prawirabrata.

Wiyosipun kula sampun anampèni sêratipun saudara ingkang katitimangsan kaping 7 Jumadilawal taun 1757, ingkang punika saudara asuka uninga dhumatêng kula, manawi badhe katarimani ingkang bok ayu ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Tanggal kaping 19 utawi kaping 22 wulan punika, inggih sakalangkung tarima kasih kula, ananging sadèrèngipun kula sampun kasukanan uninga dhumatêng Kangjêng Pangeran Adipati Purubaya, Kangjêng Pangeran Adipati Ngabèi. Manawi botên wontên tangaduripun, benjing Jumungah sontên kula badhe kapanggih kalihan saudara.

Ing wusananipun pamuji kula ing Gusti Allah, ingkang mugi

--- 307 ---

saudara amanggiha suka pirêna, saha wilujêng kasarasan ing salami-laminipun.

Ing dintên Rêbo kaping 7 Jumadilawal 1757.

__________

148.

Ingkang sêrat saha tabe akathah-kathah, Tuwan Gherike ing Surakarta Adiningrat. Dhumatênga Bapak Kyai Khasan Bêsari, pradikan agêng ing Têgalsari tanah Panaraga.

Sasampuning kadya punika awiyos. Kula angintunakên oranje sêtrop kathahipun kalih botol.

Kalihdening malih, kula mirêng kabar manawi ingkang garwa radèn ayu grêrah,[8] ingkang punika pamuji kula ing Gusti Allah, ingkang mugi ginanjara enggal sênggang grêrahipun radèn ayu wau.

Ing wusananipun tabe kula dhumatêng ingkang garwa radèn ayu, utawi dhumatêng ingkang putra wayah lan santana santri sadaya.

Surakarta kaping 14 Jumadilawal 1757.

__________

149.

Ikang tabe kathah-kathah, Radèn Mas Ariya Prawirabrata, katur kang saudara Tuwan Gerike.

Sampuning kadya punika awiyosipun. Kula midhangêt [midhangê…]

--- 308 ---

[…t] yèn ditên punika barangipun Tuwan Sepol badhe kalinglang,[9] ikang punika saudara panêdha kula mugi saudara amêndhêtêna sendhok parok kalihan gêlas sêtolup. Kaping tiga manderah, punika mênawi wontên. Mênggah rêrêgèn kula măngsa baronga[10] saudara kalih Radèn Bèi Wiryadipura, ikang punika mugi kapundhutna sangêt atur kula.

Sinêrat Pamondhokan ping 21 Jumadilawal Jimawal taun 1757.

__________

150.

Ingkang sêrat saha tabe akathah-kathah, saking Radèn Tumênggung Sastranagara, dhumatênga ingkang putra Tuwan Gerike. Sasampuning kadya punika wiyosipun. Sampun kula atampi sêratipun putra kula, kang kasêrat ing dintên Rêbo tanggal ping 11 Jumadilakir ăngka 1757. Saha sampun kula tupiksani sawiraosipun ing sêrat sadaya, sarèhning kula kula sampun atêtulung dhumatêng putra kula anêgêsi têmbung kawi, punika sakalangkung andadosakên ing suka pirênaning galihipun putra kula, sarta tarima kasihipun putra kula dhumatêng kula, kalihdening malih putra kula asuka sangkêlat biru tigang elo dhumatêng kula, punika panêdhanipun putra kula ingkang mugi katampenan [ka…]

--- 309 ---

[…tampenan] minăngka dados pratăndha ing prasobatanipun putra kula.

Ingkang punika inggih sampun kula tampèni, saha sakalangkung-langkung suka pirênanipun manah kula, ingkang mugi Gusti kang Maha Gung aparinga kanugrahan saha kawicêksanan, kawilujêngan ing salami-laminipun, kalih panêdha kula dhumatêng Gusti kang Maha Gung, sanalikanipun kula taksih gêsang mugi sampun kêmba-kêmba putra kula angangkên bapa ing kula, ananging badan kula ing sapuniki sakalangkung dening apês.

Sinêrat ing dintên Kêmis tanggal ping 13 Jumadilakir Jimawal 1757.

__________

151.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe akathah-kathah sangking ing Kangjêng Rahadèn Ngabdulah Adipati Danurêja, dhatênga ingkang saudara Tuwan Kolnèl Kalèrês, ajudhan sangking Litnan Jendral Dhêkok, kumêndhan suldhadhu kêng wontên tanah Baglèn, Toyamas sêdaya.

Sasampuning kadya sapunika awiyos. Saudara akintun tabe akathah-kathah dhatêng kula, saha amawi sêrat. Inggih sangêt trima kasih kula, saha sêrat inggih sampun dumugi dhatêng ing kula, sarta sampun kula tupiksani saraosing

--- 310 ---

sêrat sadaya, ungêling sêrat, kula inggih sampun mangêrtos. Ingkang punika kula lajêng anglampahakên utusan, anyaosakên sêratipun saudara dhatêng ratu kula ingkang sinuhun kangjêng sultan, ananging botên kêpanggih, kula badhe lumampah piyambak saklangkung pakèwêdipun ing margi. Punika panêdha kula dhatêng saudara, sênadyan botên kèndêla prang, naming wontêna parentahipun saudara dhatêng sarupinipun kêpala gêlondhong-gêlondhong tanah Baglèn kang kilèn. Sampun sami amrêpêki dhatêng ing ardi, ingkang supados kula sagêda lêstantun ing lampah kula, ênggèn kula ngupadosi ingkang sinuhun kangjêng sultan. Sawab yèn ngantosa lami botên kêpanggih ênggèn kula ngupadosi ingkang sinuhun kangjêng sultan, sakêlangkung sangêt karibêngan kula, mila kula gadhah panêdha dhatêng saudara mêkatên, supados enggala bêdhami ingkang sinuhun kangjêng sultan, kalayan ingkang saudara kangjêng tuwan gupêrnêmèn. Samangsa-mangsanipun kula sampun sagêd kêpanggih kêlayan ingkang sinuhun kangjêng sultan, kula enggal tumuntên amangsuli sêratipun adhi Ngabdulatip Alibasah Kêrta Pêngalasan. Ingkang punika yèn saudara sampun angadhangani ingkang dados panêdha kula, kèndêlipun kêpala gêlondhong botên mêrpêki rêdi, punapa dene botên angarubiru dhatêng ing lampah kula, tuwin dhatêng ing utusan kula, mugi wontêna sêratipun saudara, kacêpêngakên dhatêng kula.

--- 311 ---

Sinêrat ing dintên Jumungah tanggal ping 21 sasi Jumadilakir taun Jimawal ăngka 1757.

__________

152.

Punika khabar brandhal saking Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Litnan Guvrênur Jendral Dhêkok. Kawrat wontên ing sêratipun katitimangsan ping 18 Sèptèmbêr 1829, pratelanipun ing ngandhap punika.

Kala tanggal ping 18 Sèptèmbêr wau, Tuwan Kolonèl Solwin angrampid kraman ingkang wontên dhusun Sela, Pangeran Dipanagara inggih panuju wontên ing ngriku, ambêkta prajurit kêkapalan tigang atus.

Kraman kawon prangipun, dhusunipun kakêpang, prajurit dharat sarta prajurit kêkapalan tanglêd kalih kraman wontên ing dhusun ngriku.

Sakidulipun dhusun ngriku dhusun ing Pèdès cêlak Pasar Gamping, kathah kraman ingkang kapêjahan, sarta kraman sami lumajêng, kraman ingkang pêjah ing ngênggèn 54, sarêng panyabrangipun lèpèn Pragi pêjah malih tigang dasa, kraman sadaya ingkang pêjah watawis wontên saking 100, pun Tumênggung Prawiranata inggih pêjah, kapal ingkang kabandhang dhatêng prajurit Wêlandi langkung saking 30, sênjata 18, dhuwung mawi kandêlan jêne mawi intin[11] 32, ingkang kalih botên paton [pato…]

--- 312 ---

[…n][12] kathah pêngaosipun, tumbak 40, ingkang pitu kathah pêngaosipun, gêndera 3.

Warni dhuwung kêlewang sarta tumbak sanèsipun inggih kathah.

Sarêng panyabrangipun lèpèn Pragi, Pangeran Dipanêgara mèh botên sagêd uncat, kabujêng dhatêng usar satunggil ngantos cêlak sangêt, dipun pistul lêpat, kabujêng kalayan pêdhang botên katututan.

Pun Sênthot utawi Ali Basah Nataprawira, plajêngipun dharat kimawon. Awit dhawah saking kapalipun, pun Sênthot wau sarèhning tatu botên sagêd anututi kapalipun. Kapal sadandosanipun kabandhang dhatêng prajurit Wêlandi, akalihan pistul satunggil paringipun Tuwan Jendral Dhêkok.

__________

153.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe akathah-kathah, mijil sangking iklasing manah suci, sangking Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Purabaya, Litnan Kalonèl[13] namrê[14] pitu, sangking Prajurit usar Walandi, ingkang sinatriyagêng ing dalêm karaton nagari ing Surakarta Adiningrat, dhumatênga ingkang bapa Kajêng[15] Tuwan Rèdêr[16] Mèstêr Aebrêd Gerard Naus kalonèl kumasaris.

--- 313 ---

Ing dalêm karaton nagari ing Surakarta ing Nyayogyakarta, ingkang wontên loji ing Salatiga.

Sasampuning kadya punika awiyos bapa, kalayan paurmatan.[17] Kula asuka kurmat salamêt taun baru, dhumatêng bapa kajêng tuwan kalonèl kumasaris. Ingkang mugi sinungana wêwantuning sih kanugrahan dening Gusti Allah, ing kauntungan tuwin ing kaluhuran ing dalêm dunya puniki, saha tinarimaa lêstangtun[18] dados margining karaharjaning tanah Jawi, lulusa wilujêng sagarwa putra sêntana ing sapanginggilipun.

Sinêrat ing Surakarta tanggal ping 10 wulan Rêjêp ing taun Jimawal warsa 1757.

__________

154.

Punika ingkang sêrat pratăndha tulus miyos saking iklasing manah suci, sangking Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Purabaya, litnan kalonèl namrê pitu, sangking prajurit usar ing dalêm kajêng guprênêmèn Walandi, ingkang sinatriyagêng ing dalêm karaton nagari ing Surakarta Adiningrat. Saha ingkang tabe akathah-kathah, kaatura ingkang eyang Kangjêng Tuwan Ingkang Agêng Ingkang Wicaksana Hèndrik Mèrkus Dhêkok. Kumêndur sangking bintang agêng nagari Nèdrêlan, litnan jendral litnan guprênur kang amakili guprênur jendral nagari ing Nèdrêlan Indiya, ingkang mugi-mugi pinanjangêna ing yuswanipun. Sarta ginanjara [gi…]

--- 314 ---

[…nanjara] wilujêng ing pêparentahanipun satêtiyangipun sadaya, dening Gusti Allah, lêstangtun kawilujêngan ing saputra sêntana ing salami-lamènipun.

Ri sampuning kadya punika rêke wiyosipun, eyang ingkang agêng ingkang wicaksana litnan jendral litnan guprênur, kawula angaturi slamêt taun baru, ing panjênênganipun eyang Kajêng Tuwan Ingkang Agêng Ingkang Wicaksana Hèndrik Mèrkus Dhêkok. Ingkang mugi sinungana sih kanugrahan lêstangtun kawijayaning aprêrang mulyaning tanah Jawi, amargi sangking eyang kajêng tuwan ing kawicêksananipun, kalayan amagiha ingkang pintên-pintên kaurmatan saha kauntungan ing dalêm dunya puniki, punapa saèsthining manah kawrat ing dalêm sêrat sadaya.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat, ing dintên Sêlasa tanggal ping 10 wulan Rêjêp ing taun Jimawal, angkaning warsa 1757.

__________

155.

Ingkang sêrat saha ingkang urmat, tabe kawula akathah-kathah, sangking kangjêng pangeran adipati, ingkang putra Kangjêng Pangeran Adipati Pakualam sêpuh, panêgari ing Nyayogyakarta Adiningrat. Ingkang sampun pikantuk sihipun ing kangjêng guprênêmèn, ingkang mugi sumêngka konjuk ingkang eyang, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Hèndrik Mèrkus Dhêdhok[19] [Dhêdho…]

--- 315 ---

[…k] kumêndur sangking ing bintang agêng litnan jendral, litna[20] gurnadur jendral, ingkang nguwasani sagung prajurite kajêng raja ingkang maha agung ing Nèdrêlan. Ingkang sami wontên ing sêgantên utawi ing tanah Nèdrêlan Indiya sêdaya, sasampunipun kadya ikang sapunika awiyos, sarèhning kajêng kula badhe angatingalakên bungahipun manah kula, amargi karsanipun kangjêng eyang, sampun andhawahakên sih katrisnanipun dhatêng ing kawula, sarêng sasedanipun kangjêng rama kula Kajêng Pangeran Adipati Pakualam, kawula kakrêsakakên anggêntosi ing kalênggahanipun, sarta kaparingan nama Pangeran Adipati, amarêngi ing dintên Kêmis tanggal kaping 6 wulan Rêjêp ing taun Jimawal punika, mila kawula agadhah kapurunan anyaosi urmat sêrat dhumatêng ing kangjêng eyang, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Litnang[21] Gurnadur Jendral Dhêkok, supados anyaosi tarima kasih kawula ingkang akathah-kathah, ingkang mugi Gusti Allah aparinga pitulung supados kawula kuwawia ing salamènipun. Sumungkêma ing kangjêng guprênêmèn, sarta sagêda anglampahakên sabarang prêkawis ingkang sagêd andadosakên ing kasaenanipun ing kangjêng gupêrnêmèn. Punapadene pamuji kawula sagêda ing salamènipun anglulusakên lampah ingkang sae, supados sampun ngantos dados kalingsêmanipun kangjêng eyang, angsalipun amaringi êsih dhumatêng awak kawula, ing sawusananipun ingkang mugi pitadosa [pitado…]

--- 316 ---

[…sa] dhumatêng awak kawula, yèn kawula ing salamènipun agêsang, badhe emut ing sih kasaenanipun kangjêng eyang dhatêng ing kawula, sarta ingkang dhatêng putra sêntananipun rama kawula sêdaya, wondene malih panuwun kawula dhatêng ing Gusti Allah, ingkang awit kasaenanipun pênggalihipun kangjêng eyang ikang sagêd wêlas dhatêng tiyang ingkang sami angawula, ing salamènipun atêtulung dhatêng tiyang ingkang amanggih cilaka, sarta ingkang agung maklumipun dhatêng tiyang ingkang botên priksa ing lêrês. Ingkang mugi kapanjangna yusyanipun, sarta angsala sih kanugrahanipun ing Gusti Allah kang Maha Agung. Awit sumungkêmipun manah kawula, mila ingkang kawula sarêng sêrat punika kawula anyaosi pratăndha dhumatêng ing kangjêng eyang, awarni wangkingan satunggil, saksaput kajêngipun sampun mirantos. Sêdaya ingkang mugi kangjêng eyang anampènana sangking ingkang wayah saklangkung rumaos kawula dados kêkasihipun kangjêng eyang, wondene wangkingan wau punika, tilas yasanipun Rama kawula, Kangjêng Pangeran Adipati Pakualam piyambak.

Sinêrat ing Nyayogyakarta Adiningrat, ing dintên Kêmis tanggal kaping 12 wulan Rajêp ing taun Jimawal angkaning warsa 1757.

__________

--- 317 ---

156.

Pèngêt. Ingkang sêrat sarta ingkang tabe akathah-kathah, saking Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunana[22] Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping nêm. Ingkang akadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat. Dhumatênga ingkang Bapa Kajêng Tuwan Kolonèl Ridrê Ordrêmêstêr Ghaibrêt Gerard Naus kumisaris ing Surakarta Adiningrat. Sasampuning kadya punika awiyos, panjênêngan kula asuka uninga dhumatêng ijêngandika, yèn ing mangke bok ayu garwanipun kangmas Pangeran Adipati Ngabèi dhatêng ing jangji atilar dunya mantuk ing rahmatullah, amargi sakit trêre.[23] Wontêndening patilaripun kala ing dintên Sênèn wanci jam satêngah wolu enjing, tanggal kaping nêm bêlas, sasi Rêjêp ing taun Jimawal punika, kalayan malih tabe kula dhumatêng garwa jêngandika nipro, lan malih tabenipun garwa kula Bok Ratu Kancana, Bok Ratu Mas, Bok Ratu Anèm, dhatênga garwa jêngandika nipro.

Sinêrat ing dintên Sênèn tanggal ping 16 sasi Rêjêp taun Jimawal 1757.

__________

--- 318 ---

157.

Punika ingkang sêrat. Pratăndha tulus miyos saking iklasing manah ingkang guci[24] saking ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhun[25] Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping nêm, ingkang akadhaton nêgari ing Surakarta Adiningrat, ingkang andarbèni tah-talatah ing nuswa Jawi sadaya, kalayan ingkang kaurmatan saha ingkang tabe akathah-kathah dhumatênga ingkang eyang Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Burêh Grapdhi Bisdhêgisinyi, kumêndur saking bintang agêng ing nagari Nèdrêlan, lid saking ridrê sêkap nagari ing Plandêrên kalèn, minêstêr pan sêtat kumisaris jendral ing Nèdrêlan Indiya, ingkang mugi-mugi pinanjangêna ing yuswanipun, wilujêng sarta kasarasan ing salami-laminipun, panêgarinipun satêtiyangipun sadaya.

Ri sampuning kadya punika rêke wiyosipun. Eyang kangjêng tuwan ingkang wicaksana kumisaris jendral, akintun sêrat dhumatêng ing panjênêngan kula inggih sampun kula tampèni saha sampun kula tupiksani, ingkang kasêrat nêgari ing Batawiyah ping 23 wulan Janawari taun 1830. Sarèhning eyang kangjêng tuwan ingkang wicaksana asuka uninga dhumatêng ing panjênêngan kula, yèn kala tanggal ping 16 wulan Janawari punika, panjênênganipun eyang Kangjêng Tuwan Burêh [Bu…]

--- 319 ---

[…rêh] Grapdhi Bisdhêgisinyi, sampun amasrahakên ing panyêpêngipun parentah agêng ing Nèdrêlan Indiya, dhumatêng Eyang Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Litnan Jendral pan Dhêbos, ingkang sampun kaangkat dhumatêng kangjêng raja kang maha agung ing nagari Nèdrêlan, dados guvrênur jendral ing Nèdrêlan Indiya, wondening rawuhipun wontên nagari ing Batawiyah kangjêng tuwan guprênur jendral wau kala tanggal kaping 2 wulan Janawari punika, mênggah Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jendral pan Dhêbos punika, sampun kapitajêngan sangêt dhumatêng kangjêng raja kang maha agung, inggih amêsthi badhe amrêlokakên punapa ingkang andadosakên kaharjanipun panjênêngan kula, saha anyuprih ingkang kenging andadosakên kaindhakaning kawilujênganipun panjênêngan kula, botên sanès kados kala eyang Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Burêh Grapdhi Bisdhêgisinyi kumisaris jendral anyêpêng parentah, ingkang punika inggih sakalangkung tarima kula saha suka bungahipun ing manah kula, kalih ing sawatawis dintên punika eyang badhe atilar ing tanah Jawi mantuk dhumatêng ing nagari Nèdrêlan, ing sadèrèngipun eyang mangkat inggih sami andum wilujêng. Ingkang punika panjênêngan kula apitajêng ugi, sênajan eyang atêbiha kêlayan kula inggih botên pêgat èngêt dhumatêng panjênêngan kula, sarta badhe andadosakên suka pirênanipun ing galihipun eyang, yèn midhangêt ing kawilujênganipun panjênêngan kula. Ing wusananipun pamujinipun [pamu…]

--- 320 ---

[…jinipun] eyang dhumatêng ing Gusti Allah, mugi-mugi panjênêngak[26] kula karêksaa sanking[27] ing kasusahan, karibêdan salaminipun, kaparingana brêkah kang andadosakên sangsaya mindhak karaharjaning karaton kula, ingkang punika inggih sakalangkung tarima kasih kula ingkang akathah-kathah dhumatêng eyang kangjêng tuwan ingkang wicaksana kumisaris jendral, ingka punika inggih ugi kula amiturut punapa ingkang dados pamulangipun eyang kangjêng tuwan kumisaris jendral. Ing wusananipun mugi-mugi Gusti Allah aparinga pitulung, kula sagêda angicalakên ingkang dados karibêdan kasusahaning nagari, saha kula sagêda angindhakakên karaharjaning nagari ing salami-lamanipun.[28] Kalayan malih panjênêngan kula, saha garwa kula têtiga Bok Ratu Kêncanawungu, garwa kula Bok Ratu Mas, Bok Ratu Anèm akintun tabe akathah-kathah, saha ngaturi wilujênging margi enggala rawuh ing nagari Nèdrêlan, sampun ngantos kirang punapa-punapa, dhumatênga eyang kangjêng tuwan kumisaris jendral, punapa saèsthining manah kawrat ing dalêm sêrat.

Sinêrat nêgari ing Surakarta Adiningrat, ing dintên Sêtu tanggal ping 4 wulan Ruwah ing taun Jimawal, angkaning warsa 1757.

__________

--- 321 ---

158.

Kula putra ijêngandika Pangeran Ariya Adiwijaya, pramila kula anyaosi sêrat dhatêng bapak Kangjêng Tuwan Kurnèl Naus. Kala witipun Tuwan Risidhèn van Pre sawêg kala suwargi bapak gadhahanipun siti ing Gêbalèn, sarta saabdènipun sami katundhungan sadaya, punika dipun pundhut. Sarêng Kangjêng Tuwan Kurnèl Naus kasuwun malih dhatêng suwargi bapak kula, inggih lajêng kaparingakên ananging botên nyêpêng sêrat. Ingkang punika mênawi parêng kula suwun têtêpa dados gadhahan kula malih.

Sinêrat ing Surakrêta[29] Rêbo tanggal kaping 29, wulan Siyam taun Jimawal 1757.

__________

159.

Ingkang sêrat saha kang tabe kawula, pun Tumênggung Kêrtadirêja, konjuka kanjêng tuwan bêsar Kumasaris Kurnèl Nais, ingkang sampun angwasani kêrarton[30] kalih ing Surakarta Adiningrat, miwah kêrarton Ngatyogjakarta[31] Adiningrart.[32] Sampune tabe kawula wiyosipun, sarèhne sampun bakda pêrang, kawula anuwun têtêp kawula dados Tumênggung Sukawati, kados lampahan kawula lami. Kaping [Ka…]

--- 322 ---

[…ping] kalih panuwun kawula, kala têksih timur kanjêng sinuwun sultan dèrèng galih adil hukum, kagungan dalêm siti tanah Sukawati, wontêna kanjêng tuwan bêsar piyambak. Mila kawula anuwun sakpunika, sangking dene apês kawula, botên wande kawula kawêsiasat tanpa dosa malih, yèn kanjêng sinuwun sultan sampun galih, adil lêrês kang dados tata arjanipun nêgari, kawula sumăngga punapa kang dados kêrsanipun tuwan bêsar. Kaping tiga kawula nuwun barang gadhahan kawula ingkang sami kapêndhêt Radèn Tumênggung Sasrahdirona,[33] kawula damêl mêragati kagungan dalêm siti tanah Sukawati sakpunika sangêt risakipun. Kaping sêkawan kawula matur dhatêng Tuwan Risidèn[34] Magêlang, kawula dados sakitan wontên Kêmangkunêgaran. Kawul[35] katêdhan bayar sangking kantor sèkêt rupiyah sakwulanipun. Sangking Kanjêng Gusti Pangeran Dipati Anom Arya Prabu Mangkunêgara, ridêr kurnèl kumêndam, sawulanipun sèkêt rupiyah, cadhong kawula sakdintênipun sêkul sêdasa panjang, dhaharan gangsal lancaran. Wedang kinang lisah katêdhan, sakpunika kantun bayar kawula sangking kantor sèkêt rupiyah sangking Kêmangkunêgaran kabuwak.[36] Bayar kawula sèkêt rupiyah sangking kantor wau, kirang kawula ingokakên anak putu tiyang songa likur kirang, dhawahipun Risidèn Magêlang, kawula kalilan munjuk tuwan bêsar, anyuwun kakirangan kawula wau, yèn sampun kawula luwar sangking sakitan, katêtêpakên [katêtê…]

--- 323 ---

[…pakên] noma[37] tumênggung, kawula trima sumêrêpa sangking siti têdha kawula wau.

Sinêrat Magêlang dintên Rêbo Wage tanggal kaping gangsal, wulan Sawal taun Jimawal kang warsa 1757.

__________

160.

Iki Layang Undhang-undhang.

Manira Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Litnang[38] Jindral[39] Dhêkok, kumêndur sangking bintang agêng, litnang gurnadur jindral ing Nèdrêlan Indiya, aparing wêruh marang sawiji-wijining uwong, yèn kêpala kraman Pangeran Dipanêgara, wis têluk marang ing panjênêngan manira, yèn ingsun wis anrima sarta wis angapura marang kaluputane Pangeran Dipanêgara, lan ingsun anduwèni asih lan pawêlas miyang Pangeran Dipanêgara mau, lan ingsun wis angêbang bakal ingsun paringi pangan, sarta kaurmatan ing samurwate, ingsun wis andangu mungguh prakara ingkang dadi panuwune ing panjênêngan ingsun. Sêlagi ana kantor ing Magêlang, panuwune kudu anyêkêl ing agamane wayah ingsun ratu loro, ing Surakarta ing Ngayogyakarta, iku ingsun ora amarêngi, sabab panjênêngane wayah ingsun, sunan ing Surakarta, Sultan Ngayogyakarta, wus ingsun paringi pangwasa agawea paprintahan ing nagarane

--- 324 ---

dhewe-dhewe, anganggoa agamane wong Eslam, anglururia[40] kaya eyang-eyange kang dhingin-dhingin. Ingkang jumênêng wus kasêbut ratu utama ana ing nêgara Mêntaram, supaya andadèkna arja kartane ing nêgarane, mungguhing pênggalih ingsun iya wis pitaya mênyang panjênêngane wayah ingsun ratu loro, ing Surakarta ing Ngayogyakarta, dadi wis ora ana ingsun lilani angungkuli pangwasane wayah ingsun ratu loro iku mau, liyane pangwasane guprênêmèn. Ingsun ya wis aparing wêruh marang Pangeran Dipanêgara, nanging Pangeran Dipanêgara mau misih kêncêng panuwune ing panjênêngan ingsun. Ora kêna ingsun paringi wulang kaya kang wus dadi panggalih ingsun, kudu anamtokake kang dadi kêkarêpane dhewe, apa dene mungguh ingkang dadi panggalih ingsun. Sarèhning Pangeran Dipanêgara mau wis ora amiturut ing kêrsaningsun, yèn têtêpa ana nêgara Ngayogyakarta, ingsun galih andadèkake ing kasusahane ing panjênêngane wayah ingsun ratu loro ing Surakarta ing Ngayogyakarta, sawuse sampurna ing panggalih ingsun, tumuli ingsun angagêm ing kasantosane panjênêngan ingsun, ingkang wus dadi karsaningsun. Pangeran Dipanêgara ingsun lungakake sêka nêgara Ngayogyakarta, supaya andadèkna arja kartane nagara, iku padha kawruhana sarupaning wong gêdhe cilik lanang wadon kabèh, yèn lungane Pangeran Dipanêgara iku, ora awit ing sêngit ingsun, [ingsu…]

--- 325 ---

[…n,] ora awit ing pêngancam-ancam ingsun. Awit olèhe anduwa ing kêrsaningsun kang abênêr, ingkang sun kira dadi arja kartane nagara, aja sira angira-ira yèn ingsun kurang palimirma marang Pangeran Dipanêgara, apa ora wêruh sira Pangeran Dipanêgara, satêkane nêgara Magêlang sun paringi pangan akèh, sun paringi prabot bêcik, sun pinta ênggon kêpenak saha prajurite akèh, ing wusana ora miturut ingkang dadi kêrsaningsun kang abênêr, mulane sun lungakake sêka nêgara, karodene manèh aja ana kang ngira-ira, yèn ingsun aduwea kêrsa angèmbèt ing sakrupane wong gêdhe cilik kang wun[41] têluk ing panjênêngan ingsun. Sun lungakake kaya Pangeran Dipanêgara mau iku ora, sêlagine dhèwèke misih bêcik, lan misih piturut ing parentahe guvrênêmèn, lan rumăngsaa sira ing sêlagine sira anêmu ing kasusahan bangêt, kurang sandhang kurang pangan, apa ora wis ingsun apêparing marang sira, uwang pangan iku ora pisan-pisan. Yèn ingsun anggaliha eman, ing kagungan ingsun, ingkang ingsun paringakên marang sira, amuwung anuruti ing sih piwêlas ingsun marang sira kabèh, iku poma pacuwan, ora kêna ora ing sawijining uwong, angaku ora kêrungu ing saunine layang undhang-undhang iki.

__________

--- 326 ---

161.

Sangking Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Litnan Jendral Dhêkok dhumatêng Kangjêng Panêmbahan Buminata. Sasampuning kadya punika awiyos. Saudara sampun atampi pratelanipun Tuwan Kulnèl Naus, kumisaris sarta residhèn ing Surakarta, awit sangking kacêpêngipun kraman Pangeran Dipanagara, tanah Jawi ing sapunika sampun têntrêm pisan. Pamuji kula mênggah têntrêmipun punika mugi-mugi lulusa, ingkang nata tanah Jawi amanggiha karaharjan kados ingkang wau, andadosêna ing kawilujênganipun para ratu sarta para pangeran ing tanah Jawi sadaya. Ingkang punika asangêt ing tarima kasih kula dhumatêng saudara, sangking prayogining padamêlanipun.

Sarèhning nagari ing sapunika sampun trêntêrm,[42] ing mangke kula anggalih sudanipun wragadipun kangjêng guvrêmèn. Awit angantos ing sapunika taksih anglangkungi sangking kathah, mila kula anggalih angantukakên prajurit Madura sapanunggilanipun dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak, sarta kula inggih badhe angantukakên para abdinipun prajurit ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Punapa malih prajuritipun para pangeran. Ingkang punika panêdha kula dhumatêng saudara mugi apirêmbagana akalihan Tuwan Kulnèl Naus.

--- 327 ---

Sarta kalih Tuwan Litnan Kulnèl Lebrondhê Vèkselah, bab prakawis punika katataa kados kala ingkang wau-wau, sadèrèngipun pêrang, wondening Tuwan Litnan Kulnèl Lebron wau badhe dhatêng ing Surakarta.

Ing wusananipun pamuji kula, mugi-mugi saudara saputrawayahipun sadaya amanggiha ing karaharjan.

Sinêrat ing Magêlang tanggal kaping 8 wulan April taun 1830.

__________

162.

Sangking Kangjêng Tuwan Jendral Dhêkok dhumatêng ingkang wayah Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara. Sasampuning kadya awiyos. Kula sampun anampèni sêratipun wayah kula, sarta andadosakên ing suka pirênanipun manah kula, yèn wayah kula sakalangkung dening bingah, awit tanah Jawi ing sapunika sampun têntrêm pisan. Amargi sangking kula, ingkang punika kula asuka tarima kasih dhumatêng wayah kula, ing pamuji kula mugi Gusti Allah Kang Maha Kuwasa, ingkang akathah ing kasaenanipun dhumatêng kula ing sadayanipun, anglulusna ing têntrêmipun tanah Jawi.

Kula asuka tarima kasih dhumatêng wayah kula, sangking têmên-têmên ing padamêlanipun ing salaminipun wontên prêrang,[43] sarta [sar…]

--- 328 ---

[…ta] kapurunanipun kang abdi prajurit. Ingkang dipun tindhihi dhumatêng ingkang putra wayah, sami kathah ing pitulunganipun angantos kèndêling pêrang.

Sarèhning ing mangke nagari sampun têntrêm pisan, ingkang punika kula anggalih mênggah antukipun prajurit Madura sapanunggilanipun dhumatêng ing nagarinipun piyambak-piyambak, saha prajurit tuwin barisan ingkang kathah-kathah.

Wondening prajuritipun wayah kula inggih badhe kenging katimbalan mantuk, kakumpulakên dados satunggil kados kala dèrèng pêrang, mênggah ingkang punika panêdha kula, mugi wayah kula apirêmbagana akalihan Tuwan Kulnèl Naus, kumisaris sarta residhèn ing Surakarta, saha kalih Tuwan Litnan Kulnèl Lebrondhê Vèkselah, punika sampun kula dhawahi lumampah dhumatêng ing Surakarta.

Wusananipun wayah kula apitajênga ing sih trêsna kula ing salami-laminipun.

Sinêrat ing Magêlang ing dintên Kêmis tanggal kaping 8 wulan April taun 1830.

__________

163.

Punika sêrat tulus miyos sangking iklasing manah suci saha prasobatan asih trêsna, sangking Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana [Wi…]

--- 329 ---

[…caksana] Hèndrik Mèrkus Dhêkok, kumêndur sangking bintang agêng ing nagari Nèdrêlan, litnan jendral, litnan guvrênur jendral ing Nèdrêlan Indiya, dhumatêng ingkang wayah ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana, Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping nêm, kang akadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat. Mugi-mugi pinanjangêna yuswanipun dening Gusti Allah, wilujênga ing pêparentahanipun, saha kasarasan ing salami-laminipun.

Sasampuning kadya punika wiyosipun. Ingkang wau kula inggih sampun angaturi wilujêng kantun dhumatêng wayah kula ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Ananging mênggah saangkat kula sangking ing Magêlang kula kêdah angaturi malih ing wilujêng kantun, awêtawis sampun wontên gangsal taun laminipun gèn kula anampèni pratăndha katrêsnanipun wayah kula ingkang dhumatêng ing kula, mila sakêlangkung ing rumakêt kula, saha pamuji kula ing Gusti Allah botên pêgat-pêgat. Ingkang mugi-mugi wayah kula pinanjangêna ing yuswanipun, lamia saha karaharjan ing pêparentahanipun, ingkang sarta apitajênga gèn kula têmên-têmên amurih ing kawilujênganipun wayah kula.

Wayah kula inggih botên kakilapan mênggah ing gêgalihan kula, sakalangkung sangking asih dhumatêng sawarninipun tiyang Jawi, sangsaya sangêt dhumatêng wayah kula, sarta dhumatêng para pangeran ing Surakarta. Kangjêng Guvrêmèn Nèdrêlan amêsthi badhe

--- 330 ---

botên supe dhumatêng wayah kula, utawi dhumatêng sawarnine pangeran sadaya, mila wayah kula manawi wontên ingkang dèrèng sumêrêp, tuwin wontên ingkang kakarsakakên, mugi kapangandikakna ingkang bêlaka dhumatêng kangjêng tuwan residhèn, sarta anêdhaa punapa dening amituruta ing pirêmbagipun, ingkang mawi kangjêng guprêmèn botên kagungan karsa liya sangking ingkang kenging andadosakên wilujêngipun wayah kula, sarta ing sadayanipun. Kangjêng tuwan kuvrênur[44] jendral sampun lami gènipun sumêrêp dhumatêng tiyang Jawi, ing mangke kangjêng tuwan wau adamêl kumisaris, kakrêsakakên amranata prakawisipun ing nagari kêkalih, mênggah ingkang sami kadamêl kumisaris wau ing bêbudinipun sami amurih ing karaharjanipun kimawon. Mila wayah kula dipun pitajêng dhumatêng ingkang kadamêl kumisaris wau punika. Ing wusananipun tabe kula dhumatêng garwanipun wayah kula têtiga, Kangjêng Ratu Kêncana, Kangjêng Ratu Mas, Kangjêng Ratu Anèm, sarta dhumatêng ingkang para paman tuwin sadhèrèk sadaya, pamuji kula mugi wayah kula sampun supe dhumatê[45] kula, sênajan pisah têbih mênawi Gusti Allah ngumpulakên malih.

Sinêr[46] ing Magêlang ping 15 Mèi 1830.

__________

--- 331 ---

164.

Sêrat sarta ingkang tabe akathah-kathah, sangking Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Hèndrik Mèrkus Dhêkok, kumêndur sangking bintang agêng ing nagari Nèdrêlan, litnan jendral, litnan guvrênur jendral ing Nèdrêlan Indiya, dhumatênga ingkang saudara Kangjêng Panêmbahan Buminata ing Surakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya punika awiyos. Kala dhatêng kula wontên nagari ing Surakarta, ingkang wingking piyambak, botên sagêd asring-asring aningali dhumatêng saudara, awit sangking saudara kapambêngan gêrah tingal. Punika sangêt andadosakên ing ngradatos kula. Sarèhning kula sapunika badhe mangkat dhumatêng Batawiyah, saha lajêng dhumatêng ing nagari Wêlani,[47] kula kêdah anglairakên sapisan malih mênggahing prasobatan kula akalihan saudara, sarta pamuji kula mugi-mugi saudara inggala adhangan ing gêrahipun tingal, sarta pinanjangêna ingkang yuswa kasarasan ing salami-laminipun. Amargi saudara punika sakalangkung sangking prêlu, ingatase putra wayahipun sadaya. Kula botên sagêd asuka pirêmbag malih dhumatêng saudara, ananging para tuwan kumisaris ing karaton kêkalih, sarta prasobat kula Tuwan Kulnèl Naus, punika amêsthi badhe asuka pirêmbag ingkang [ing…]

--- 332 ---

[…kang] sae dhumatêng saudara, awit dening kula tuwin sadayanipun kumisaris wau, sampun sami sumêrêp ingkang dados karsanipun kangjêng guvrêmèn. Amung amurih ikang andadosakên karaharjanipun tanah Jawi, saha para pangeran ing Surakarta sadaya.

Sinêrat ing Magêlang ping 15 Mèi 1830.

__________

165.

Sêrat sarta ingkang tabe akathah-kathah, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Hèndrik Mèrkus Dhêkok, kumêndur sangking bintang agêng ing Nèdrêlan, litnan jendral, litnan guprênur jendral ing Nèdrêlan Indiya, dhumatêng ingkang wayah Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Purabaya, litnan kulnèl sangking sêtaf.

Sasampuning kadya punika awiyos. Sanajan kula sampun asuka wilujêng kantun dhumatêng wayah kula kala wontên ing Kartasura ing sapunika kula kêdah suka malih ing wilujêng kantun. Sampun lami kula atêpangan kalih wayah kula, pamuji kula dhumatêng Gusti Kang Maha Agung, kang mugi-mugi wayah kula pinanjangêna ing yuswanipun, ing donya rawuh ing akerat.

Kula badhe mangkat dhumatêng nagari Walandi, nanging manah kula prasasat taksih kantun wontên ing tanah Jawi, sarta amêmujèkakên [amêmujè…]

--- 333 ---

[…kakên] karaharjanipun tanah Jawi, kangjêng tuwan ingkang wicaksana guvrênur jendral inggih asih trêsna dhumatêng para ratu saha pangeran ing tanah Jawi sadaya sampun sami kados kula, kangjêng tuwan kang wicaksana wau sampun adamêl kumisaris, supados anindakakên samukawis ingkang prayogi, ingkang punika wayah kula mugi dipun pitajênga dhumatêng para tuwan kumisaris wau, bilih wayah kula kagungan karsa mugi kalairêna dhumatêng tuwan kumisaris wau.

Ing wusananipun tabe kula dhumatêng Kangjêng Pangeran Adipati Angabèi saha wayah kula punapa malih Kangjêng Pangeran Adipati Ngabèi wau sami apitajênga ing sih trêsna kula.

Sinêrat ing Magêlang ping 15 Mèi 1830.

__________

166.

Pèngêt ingkang sarta ingkang tabe akathah-kathah sangking Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwona[48] kaping nêm, dhumatênga ingkang bapa Kangjêng Tuwan Komaris[49] Markus Kangjêng Tuwan Komasaris Nais.

Sampuning kadya punika panêdha dhatêng bapa tuwan komasaris kêkalih, rama Kangjêng Panêmbahan Buminata, kula suwun dhatênga nêgari Sêmawis ing dintên Sêtu, kalih bapa Tuwan Komasaris Nais inggih kula suwun dhatênga ing nêgari Sêmawis [Sê…]

--- 334 ---

[…mawis] ing dintên Sêtu. Kalih abdi kula wêdana kraton pun uwa Cakradipura kula suwun dhatênga nêgari Sêmawis sarênga garwa kula têtiga, sangêt panuwun kula dhumatêng bapa kangjêng tuwan komasaris kêkalih.

Titi. Sinêrat ing Salatiga ing dintên Kêmis Kliwon.

__________

167.

Pèngêt ingkang srêrat sarta ingkang tabe ingkang kathah-kathah sangking Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwona ingkang kaping nêm, ingkang dawêg angsal dêdukaning Allah sarta kangjêng guprêmèn. Dhumatênga ingkang Bapa Kangjêng Tuwan Komisaris Rat Pan Indiya Ridrê Mèrkus, sarta ingkang Bapa Kangjêng Tuwan Ridêr Kulnèl Ibrêt Gerarnais, residhèn saha kumisaris ing Surakarta, sasampuning kakadya[50] punika wiyosipun bapa kangjêng tuwan kumisaris kêkalih, kula ngaturi uninga dhumatêng bapa kangjêng tuwan kumisaris kêkalih, yèn ing dintên Sênèn punika wanci jam sadasa, Bapa Tuwan Residhèn Liklèr sarta Tuwan Kurnèl Sêteman, sami manggihi dhatêng kula, andhawahakên dhawuhipun kangjêng eyang Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupênur[51] Jendral Pan Dhêbos, yèn kula dipun timbali dhumatêng ing nêgari Batawiyah, unjuk kula inggih sêndika, mangke sontên jam sêkawan kula mangkat sangking Sêmawis numpak kapal asab. Aming panuwun kula dhatêng bapa kangjêng tuwan kumisaris [kumi…]

--- 335 ---

[…saris] kalih, putra kula Radèn Ajêng Mênthik kalih ibunipun. Nuntên jêngandika susulakên dhatêng ing Batawiyah, dene garwa kula Bok Ratu Kêncana, Bok Ratu Mas sarta sêlir kula sêdaya, yèn wontên ingkang purun nusul dhatêng kula inggih ijêngandika susulakên. Dene sêntana kula utawi abdi kula sêdaya yèn wontên ingkang badhe nusul dhatêng kula inggih jêngandika susulakên. Ing wusananipun kula saha garwa kula Bok Ratu Anèm sami akintun tabe sarta wilujêng kantun ingkang kathah-kathah, dhumatêng Bapa Kangjêng Tuwan Kumisaris Rat Pan Indiya Ridrê Mèrkus sarta dhatêng Bapa Kangjêng Tuwan Kumisarin[52] Nais sarta dhatêng garwa jêngandika nipro, putra jêngandika Nipro Bamêstêr.

Bojong ping 14 Juni 1830.

__________

168.

Punika sêrat tulus miyos sangking iklasing manah suci saha aprasobatan asih trêsna sangking Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Johanês van Dhênbos, kumêndur sangking bintang agêng ing nagari Nèdrêlan, ridrê, litnan jendral, guvrênur jendral ing Nèdrêlan Indiya, dhumatênga ingkang wayah Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Laga[53] Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping pitu, kang akadhaton nagari ing Surakarta Adiningrat. Mugi-mugi pinanjangêna yuswanipun [yu…]

--- 336 ---

[…swanipun] dening Gusti Allah, wilujênga ing pêparentahanipun, saha kasarasan ing salami-laminipun.

Sasampuning kadya punika wiyosipun. Kula asuka uninga dhumatêng wayah kula ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Kula sampun anampèni sêratipun wayah kula, ingkang katitimangsan tanggal kaping 7 wulan Sura taun Jhe ăngka 1758, ijêmanipun ing sêrat, wayah kula angaturi uninga dhumatêng kula, yèn sampun kajumênêngakên dados susuhunan dhumatêng para tuwan kumisaris ing Surakarta, tuwan rad van Indiya, sarta garwanipun wayah kula sampun kajungjung nama Ratu Kêncana, punika wayah kula anyuwun idin dhumatêng kula. Ingkang punika, mênggah wayah kula gènipun anjunjung nama ratu dhumatêng ingkang garwa, inggih andadosakên ing sênêng saha parêngipun manah kula. Kalihdening ing pamuji kula, ingkang mugi wayah kula ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sagêda angêrgèni ing kalênggahanipun, gènipun atampi sangking Kangjêng Guvrêmèn Nèdrêlan, ingkang supados ing tanah Jawi kang sampun amanggih têntrêm amargi sangking pitulungipun Gusti Allah, ing sasagêd-sagêd wayah kula amuriha têtêp ing têntrêmipun, kang sarta amuriha ingkang sagêd andadosakên kaindhakaning karaharjaning têtiyangipun sadaya, awit sangking punika margènipun ingkang anyantosakakên ing prasobatanipun wayah kula ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, dhumatêng Kangjêng Guvrêmèn Nèdrêlan. [Nèdrêla…]

--- 337 ---

[…n.] Sarta wayah kula andêdahakên ing katêmênan saha rumakêtipun dhumatêng kangjêng guvrêmèn. Amargi kangjêng guvrêmèn botên wontên ingkang kapurih malih, amung ingkang kenging andadosakên ing karaharjanipun wayah kula saabdinipun sadaya.

Mênggah ing pangajêng-ajêng kula, mugi wayah kula sampun pêgat-pêgat gènipun amupakat ing sabarang lampah kalihan para tuwan kumisaris kang sarta kalih tuwan rêsidhèn ing Surakarta, awit sangking punika sampun kula pitajêngi sangêt, amêsthi mrêlokakên ingkang sagêd andadosakên karaharjanipun nagari ing Surakarta Adiningrat.

Ing wusananipun kula akalihan garwa kula akintun tabe saha pamuji dhumatêng wayah kula, saha dhumatêng ingkang garwa Kangjêng Ratu Kancana.

Sinêrat nagari ing Batawi kaping 12 wulan Juli taun 1830.

__________

169.

Ikang sêrat saha atur tabe kaurmatan kula ingkang akathah-kathah Mas Kuda Jayènggati, abdi dalêm bêkêl tamtama ing Surakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, mênggah pun Kamidin punika, [pu…]

--- 338 ---

[…nika,] panuwun kula ingkang mugi sagêda mantuk tanggal kaping gangsal wêlas utawi kaping kalih dasa wulan Jumadilakir ngajêng punika, awit badhe kula imah-imahakên. Sakêlangkung sangêt panuwun kula ing sampeyan, sangêt andadosakên susah kula, utawi susahipun besan kula botên mantuka[54] wulan Jumadilakir, wondening benjing manawi sampun kalampahan imah-imah, kula sumanggakakên ingkang dados karsanipun tuwan.

Sinêrat ing Surakarta kaping 22 Rabingulakir ăngka 1758.

__________

170.

Ingkang sêrat saha atur tabe kaurmatan kul[55] ingkang akathah-kathah, pun Ranuwita ing Surakarta Adiningrat, kaatura ingkang panjênêngan Tuwan Gherike ingkang wontên ing Batawi, saha pamuji kula ing Gusti Allah, ingkang mugi panjênênganipun tuwan raharjaa, tuwin kasugêngan ing salami-laminipun, punapadene dumugia sakarsanipun gènipun angaos kawignyan wontên ing tanah Jawi.

Sasampuning kadya punika wiyosipun. Botên namung angaturakên ing kawilujêngan kula, kula angaturi uninga ing panjênêngan sampeyan, manawi anggèn kula imah-imah sampun kalampahan kala tanggal kaping 19 Rabingulakir [Rabingu…]

--- 339 ---

[…lakir] ăngka 1758 punika saha griya kula sampun ngalih wontên salêbêting cêpuri.

Kalihdening malih ingkang nunggil sêrat punika, ingkang satunggil sêrat saking bapakipun Mas Ranuwijaya, katur ing panjênêngan sampeyan, ingkang kêkalih sêrat kula dhatêng Mas Ranuwijaya kalihan pun Kamidin. Ing wusananipun, panuwun kula ing panjênêngan sampeyan, mugi-mugi sampun kagungan panggalih sêngit utawi kalêpatan dhumatêng kula, awit kula botên pisan-pisan sumêdya adamêl kalêpatan dhumatêng panjênênganipun tuwan, taksih sangêt mênggah trêsna kula, awit sampun kathah pitulung pêparingipun tuwan dhumatêng kula.

Surakarta ping 25 Rabingulakir 1758.

Ranoewito.

__________

171.

Ingkang sêrat saha tabe kaurmatan ingkang akathah-akathah, saking pun Ranuwita ing Surakarta, kaatura ingkang panjênêngan Tuwan Gherike ingkang wontên ing Batawiyah, saha ingkang sampun wênang anguningani sakathahing prakawis, ingkang anglêlana karsa ngimpuni ing kawignyan. Pamuji kula ing Gusti Allah, ingkang mugi-mugi sugêng raharjaa ing sapanjênganipun.[56]

--- 340 ---

Sasampuning kadya sapunika wiyosipun. Saking kamipurun kula nyuwun sih sampeyan. Benjing manawi tuwan kondur dhatêng Surakarta, kula nyuwun angsal-angsal tulupan ingkang wiyar lèngipun saha ingkang mawi sangkuh, akalihan nyuwun pèmès ingkang sae.

Ing wusananipun kula nyuwun maklum ingkang agung, sabab kula punika abdi kamipurun anyaosi sêrat nênuwun dhumatêng panjênênganipun tuwan.

Surakarta ping 14 Jumadilakir taun 1758.

Ra Noewito.

__________

172.

Punika sêrat kula pêthuk Mas Ngabèi Kêrtapraja, kaastaa Tuwan Gherikê, mila angasta sêrat kula pêthuk, awit sangking kula sampun anampèning[57] yatra kathahipun 120 rupiyah, ingkang satus rupiyah pêthak, ingkang kalih dasa rupiyah pêcah. Yatra satus kalih dasa rupiyah wau sumêrêp gajih kula, gèn kula amulang Tuwan Asistèn Residhèn Salomo Dhèdhêl. Titi.

Kala kula anampèni yatra wau, Rêbo ping 29 Sawal Jhe 1758.

__________

--- 341 ---

173.

Atur tabe saha kaurmatan, kula Mas Ngabèi Kêrtapraja, katura ing Tuwan Gherikê. Sasampuning kadya punika wiyosipun, kauningana ing sampeyan, kula kadhawahan saudara ijêngandika, Gusti Kangjêng Panêbahan[58] Buminata, anguningani prakawis dhusun, ingkang sarta amariksani sawêrnining padamêlan margi, angkat kula benjing-enjing, wanci jam ênêm enjing, asarêngan kalihan Tuwan Bim, sarta Mas Ngabèi Wirajaya. Wontên ing dhusun Sanggung apêpanggihan akalihan Mas Tumênggung Martanêgara, Radèn Ngabèi Sumawikrama, kang sarta sawarninipun tuwan-tuwan tukang margi, saha panèwu utawi dêmang rêdi dhusun. Mênggah pamit kula ing sampeyan, inggalipun kalih dintên, laminipun tigang distên[59] amasthi mantuk.

Bilih parêng kula nyambut kagungan sampeyan sarungan kêndhali, sokur parêng ing salapakipun, bilih botên parêng amung sarung kêndhali kimawon. Kalihdene kauningana asangêt karepotan sangu, wontêna amung gangsal rupiyah kimawon.

Sampun kirang pangapuntên ingkang akathah-kathah, sangking kalangipan kula.

--- 342 ---

Rabingulakir ping 5 Dal oka 1759.

Mas Rabèi[60] Kêrtapraja.

__________

174.

Kawula Nyonyah Tiyo Kim Myo angaturakên pratelanipun griya kawula, katur ing Kanjêng paretah[61] agêng. Mila kawula botên nyêpêng surat kampung nalikanipun wau, griya punika gadhahanipun bapa kawula, wasta Kyai Tiyo Tiyu, kasukakakên kaponakanipun wasta Kyai Tiyo Ci, tumuntên Kyai Tiyo Ci wau pêjah. Wondene griya wau lajêng kasukakakên anakipun jalêr wasta Babah Kitahi, sarêng sampun dados gadhahanipun Babah Kitahi, griya wau lajêng dipun gantosakên dhatêng Babah Kitahi, ingkang gantos tiyang Cina wasta Kyai Lam Tiyam. Griya 1 dipun gantos 31 rigit,[62] sarêng sampun kalêbêt gantosan 31 rigit, tumuntên Babah Kitahi wau atêpang wicantên kalihan kula, griya wau dipun kèn nêbus ing kawula sarta nêdha wêwah yatra 19 rigit dhatêng kawula, igih lajêng griya 1 wau kula têbus tigang dosa[63] langkung srigit,[64] sarta kula wêwahi 19 rigit. Griya 1 kalêbêt yatra 50 rigit, ikêng punika kawula sampun jaji tubas[65] rêsik, sampun sami trima tinarima. Griya sampun wajib dados gadhahan kawula, tumuntên kawula lapurakên [la…]

--- 343 ---

[…purakên] dhatêng kêpala kampung wasta Babah Cundhi. Wondene ingkang mriksani gèn kawula lapur sami tiyang Cina 1 wasta Kyai Liyêm King, 2 Kyai Tan Tiyam Ting, amung punika atur kawula.

Sinêrat ang[66] dintên Kêmis tanggal ping 3 Jumadilakir taun Dal ăngka 1759.

__________

175.

Kang atabe akathah-kathah, sangking ingkang saudara, Rahadèn Mas Ariya Prawirabrata, sarta ingkang atabe Rahadèn Ayu Anggèr, mugi kaatur ingkang saudara Tuwan Hèrke.

Sasampuning kadya sapunika, awiyos saudara, batên namung kula anuwun kabar anggèn kula anuwun pitulung dhatêng saudara rumiyin kadosapundi, bab anggèn kula anuwun ngêmping blanja kula pènsiun ing kalih wulan. Mênawi dèrèng parêng, ingkang mugi wontêna sih pitulungipun saudara, mila sapunika, mênggah damêlipun sampun cêlak. Madilawal[67] ping 15 Dal oka 1757.

Prawirabrata.

__________

Ngalamat sêrat, mugi katur ingkang saudara Tuwan Hèrke.

__________

--- 344 ---

176.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe akathah-kathah, sangking ingkang saudara Radèn Mas Arya Prawirabrata, sarta ingkang rayi Kanjêng Rahadèn Ayu, sayagi[68] kaatur ingkang saudara Tuwan Gereke.[69]

Sasampuning kadya sakpunika awiyos, ingkang sarêng sêrat punika kula angitunakên[70] sêrat, ingkang badhe kaatur kanjêng tuwan residhèn, mênggah kaaturipun dhumatêng kanjêng tuwan, kula nyuwun pitulung dhatêng saudara ingkang supados wontêna adhanganipun ing panggalih saha kêrsanipun kanjêng tuwan residhèn, parêng aparing pitulung, dhatêng atur panuwun kula ngêmping bêlaja[71] wau.

Ingkang saupami wontên pakèwêdipun kêrsanipun kanjêng tuwan. Kula igih nyuwun pitulung dhatêng saudara Tuwan Gereke piyambak. Wondene panuwun kula pitulung dhatêng saudara wau, manawi saudara sampun parêng kula suwun kaparingna, sarêng bêlaja kula ing wulan punika, wondene bêja[72] kula ingkang kalih wulan wau, awit ing wulan Dhisèmbêr dumugi wulan Janawari, kula sumăngga sakêrsane saudara Tuwas[73] Gereke, milanipun sangêt agèn[74] kula nyuwun pitulung dhatêng saudara, sabab badhe tumutên kanggenipun badhe kula damêl mantu, ing wulan punika.

--- 345 ---

Sinêrat ing ditan[75] Sêlasa kaping 16 Jumadilakir, taun Dal ăngka[76] 1759.

__________

177.

Ingkang sêrat saha ingkang tabe kathah-kathah, sangking ingka saudara Rahadèn Mas Ariya Prawirabrata, saha ingkang tabe ingkang saudara Kanjêng Rahadèn Ayu Anggèr, kaatur ingkang saudara Tuwan Karêl Gereke.

Sasampunipun ingkang kadya sapunika awiyos. Kula ngaturi uninga dhatêng panjênênganipun saudara, yèn agèn kula nyuwun pitulung dhatêng saudara, angêmping bêlaja katuripun kanjêng tuwan residhèn sampun kaparingan kala i ditên Jumungah kaping 25 Nohpèmbêr,[77] kula katibalan[78] piyambak dhatêng kator,[79] kula namung kaparingan êmpingan sakwulan yatra 500 rupiyah, ingkang punika sakêlangkung trima kasih kula dhumatêng saudara, anaming têngksih[80] kathah kêkirangan kula, ingkang punika saudara, mênawi adhangan ing pênggalihipun saudara upami saudara kagungan, kula nyuwun pitulung nyambut dhumatêng saudara piyambak, bibaripun anggèn kula mantu, kula ngaturi kaparingona 500 rupiyah kimawon, namung sakpunika atur kula, sinêrat ing ditên Ngahad Kaliwon kaping 22 Jumadilakir taun Dal ăngka[81] 1759.

__________

--- 346 ---

178.

Têrang Gusti Kangjêng Panêbahan Buminata.

Atur kula ing panjênêngan sampeyan tuwan. Ingkang saupami botên tumuntên ing sih pitulungipun kangjêng tuwan residhèn. Kados sangêt kisruhipun ing bawah kalerehan kula rèh sêntana kasêpuhan ing Surakarta, awit saking karsaning para bêndara, sumêdya kados amiji ing salênggahipun piyambak-piyambak. Akarsa sami damêl rêdi piyambak. Yèn kalampahan ingkang mêkatên, kados sakalangkung èwêd kaêtrapakên damêlipun ing nêgari, punapadene anyakêti saking ribêting adat yèn wontên prakawis padhusunan.

Ingkang punika panuwun kula mugi lulusa ingkang sarta kawangun malih, dhawahipun kangjêng tuwan residhèn ingkang sampun kadhawahakên, ing sawarnining para pangeran botên kenging yèn amijèkêna siti dhusun. Bab mubarang lampah-lampah ing parêdèn. Ingkang asangêt-sangêt panuwun kula dhumatêng kangjêng tuwan wau, amung bawah kalerehan kula ingkang nama

--- 347 ---

rèh sêntana kasêpuhan sadaya, supados kula sampun amanggih kalêpatan ing nêgari, saha damêling gupêrmèn.

Mas Ngabèi Kêrtapraja, wadana gunung sêntana kasêpuhan ing Surakarta sadaya.

__________

179.

Kula dipun pangandikani ing saudara jêngandika, Gusti Kangjêng Panêmbêhan[82] Buminata, timbalanipun dhatêng kula.

Kêrtapraja olèhmu nyuwun pitulung mênyang Tuwan Ghereke bab awakmu, iku sing nêmên, supaya enggala olèh ing sih pitulunge kangjêng tuwan residhèn.

Yèn ora enggal ana pitulunge, bokmênawa kowe olèh kaluputan. Sabab kang sok amadulake pagawèhamu, didarani kèthèr, lêlungguhane yèn ana ing pasamuwan ing dhuwur, sanajan kowe têmên-têmên ora kèthèr sarta bêcik, yèn kakehan ing wêwadul mau, ora wurung dadi ala.

Ingkang punika tuwan kula samăngga ing sampeyan. Mênggah sih wêlas sampeyan dhumatêng kula, tumuntênipun sih wêlasipun kangjêng tuwan residhèn. Bab nama ing kalênggahan kula, supados kauningan ing sayêktosipun awon sae kula dhumatêng ing kangjêng tuwan residhèn.

--- 348 ---

Akad ping 25 Ruwah Dal 1759.

Mas Ngabèi Kêrtapraja kaliwon gunung sêntona[83] Kasêpuhan Surakarta.

__________

180.

Atur kula Mas Ngabèi Kêrtapraja, wadana gêgunung sêntona kasêpuhan ing Surakarta sadaya, kunjuk ing Kangjêng Tuwan Hèndrik Maghelavri, residhèn ing Surakarta Adiningrat.

Mila kula agadhah atur awit dening sampun anampèni pangandikanipun Tuwan Ghereke, kados ing ngandhap punika.

Mas Ngabèi Kêrtapraja, dhawahe kangjêng tuwan residhèn mênyang ing kula, ati dika dienak êmpun anduwèni sumêlang, yèn êmpun rampung gone anata bumi-bumi lêlungguhe putra sêntona, dika bakal ditimbali ing kangjêng tuwan residhèn, kang sarta kangjêng tuwan residhèn bakal mitulungi mênyang ing dika.

Ingkang punika jrih kula ing alit, mênawi kangjêng tuwan residhèn wontên kasupènipun.

Wondening pêparingipun panguwasa rèh, saudara dalêm Gusti Kangjêng Panêbahan Buminata, mênggah pratelanipun katur sarêng akalihan sêrat punika.

Aturan Kêmis kaping 7 Siyam Dal 1759.

__________

--- 349 ---

181.

Punika sêrat kula pratăndha Mas Ngabèi Ranuwita, kaastaa ing Tuwan Gherike. Mila Tuwan Gherike angasta sêrat kula pratăndha, dene kula anyambut yatra kathahipun sèkêt rupiyah pêthak. Yatra wau kula damêl tumbas waragad paraboting kamantrèn. Wondening jangji kula, ing samăngsa-mangsanipun Tuwan Gherike amundhut ing sêsambutan kula yatra sèkêt rupiyah wau, kula inggih anyaosi.

Sinêrat ing dintên Kêmis tanggal kaping sêlawe Dulkangidah ing taun Dal oka 1759, utawi tanggal kaping 26 April taun 1832.

Ranoewito.

__________

182.

Ingkang sêrat pratăndha, kula Mas Ngabèi Ranuwita, kaastaa ingkang panjênêngan Tuwan Gherike. Mila tuwan angasta sêrat kula pratăndha, dene kula sampun anampèni yatra êmpingan bêlonja ing kalih wulan kathahipun [kathahipu…]

--- 350 ---

[…n] tigang dasa rupiyah, êmpinganipun balonja kula ing wulan Juli saha wulan Ogustus.[84]

Kala kula anampèni yatra, Sênèn kaping 25 Sura taun 1760 utawi kaping Juni taun 1832.

Ranoewito.

__________

183.

Ingkang sêrat pêthuk Radèn Tumênggung Martanagara, kaastaa dhumatêng Tuwan Gherike, milanipun tuwan angasta sêrat kula pêthuk, dening kula sampun anampèni pitulungipun arta, kathahipun salawe rupiyah parentah, sumêrêp arta êmpingan paringan kula balănja saking kantor ing Surakarta, mênggah panyaur kula sabên wulan gangsal rupiyah, arta salawe rupiyah wau bodipun ing dalêm gangsal wulan. Titi.

Ing Surakarta tanggal ping 1 wulan Sêptèmbêr[85] taun 1832. Utawi wulan Rabiyulakir[86] tanggal ping 5 taun Be 1760.

Rahadèn Tumênggung Martanagara.

__________

--- 351 ---

184.

Pèngêt. Layang manira parentah Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat. Dhawuha marang ing pakênira Mas Tumênggung Mêrtanêgara karo Mas Tumênggung Mangunnêgara ing Kalathèn. Têlu dhawuha Mas Tumênggung Wiryanêgara ing Candhi Sèwu.

Liring layang manira parentah, manira aparing wêruh, yèn Tuwan Gherike pandhita, saksakabate tuwan-tuwan, bakal aningali Candhi Sèwu, angkate têka ing nêgara Surakarta, ing dina Sênèn tanggal ping 5 Mulud iki.

Kang iku parentah manira, pakênira padha agawea pasanggrahan ana ing Candhi Sèwu kang prayoga, sakira kang wus dadi adat dadi pakèndêlane tuwan bêsar kang mau-mau, sabab Tuwan Gerike pandhita saksakhabate mau, gone bakal sipêng ana ing pasanggrahan patang bêngi, lan besuk sajêrone sipêng patang bêngi iku, pakênira aja nganti kurang pambaurêksa pakênira, rina atawa wêngi, lan sasuguhe pisan. Dene yèn ana kang dadi karsane amêmundhut, enggal ladènana, lan apa kang dadi parentahe padha lakonana. Karo manèh mungguh banjure lumêbu marang nêgara ing Ngayogyakarta, Tuwan Gherike pandhita saksakabate mau, pakênira padha amataha kaliwon gunung, atawa panèwu gunung kang patut sarta pitaya, andhèrèkake [andhèrèka…]

--- 352 ---

[…ke] nganti satutuge nêgara ing Ngayogyakarta pisan. Lan aja kongsi kakurangan, lan prayayi mantri anom kang anggawa layang manira parentah iki, ora manira lilani mulih, ngiras mariksanana gon pakênira agawe pasanggrahan ana ing Candhi Sèwu, ngantènana sarawuhe Tuwan Gherike pandhita saksakabate kabèh, iku poma-poma dikalakon saunine layang manira parentah iki kabèh.

Dhawuhing parentah Surakarta Jumungah ping 2 Mulud taun Wawu ăngka 1761.

__________

185.

Pèngêt, layang manira piagêm Kangjêng Pangeran Ariya Balatèr, saha Litnan Kolonèl van Idhên Sêtap, kagadhuha marang ing pakênira, Mas Dêmang Kêrtadiwirya.

Marmane Mas Dêmang Kêrtadiwirya, manira gadhuhi layang manira piagêm, dene manira têtêpake ing kadêmangane, ana ing kagungan manira bumi desa ing Dhompyong sabawahe, satabone cacah sawah gawening wong 25 atawa nêm jang.[87]

Iku Mas Dêmang Kêrtadiwirya, pakênira ladèkna pajêge kèhe [kè…]

--- 353 ---

[…he] satus rong puluh anggris, ing dalêm sataun. Mati sabarang takêr turuning nagara, mêtua tatêngahan ping pindho sataun. Bakdaning garêbêg ing sasi Mulud sawidak anggris. Bakdaning garêbêg ing sasi Pasa sawidak anggris.

Yèn pakênira angladèkake pajêg, kasèp luwih ing sapuluh dina, kêna patrapan limalasan têka ing pajêg. Yèn luwih rong puluh dina, tikêl ing sapajêge, yèn kasèp têlung puluh dina, pakênira kêna paukuman pocot. Lan angladèkna pacumplênge, rupaa dhuwit kèhe patlikur uwang ing dalêm sataun. Pakênira ladèkna ing sabên-sabên bakda Garêbêg ing sasi Bêsar, lan ing sabên sasi Sapar ping sapuluh, pakênira malêbua marang nagara, sarta anggowoa dhuwit kèhe patang puluh uwang, sumurup lêladèn pakênira palawija, lan manira kawênangake yèn anganggo-anggoa, apa ing saanggon-anggoning mantri pamajêgan.

Kang iku Mas Dêmang Kêrtadiwirya, yèn wis ana rêjane kagungan manira bumi desa ing Dhompyong sabawahe mau, manira pundhut têtêping pajêg kaya kang uwis kalakon, satus rong puluh anggris satêngah taun.

Dene wêwalêr manira marang ing pakênira, Mas Dêmang Krêtadiwirya, aja wani-wani angèthèrake barang ing sêsanggan pakênira mau kabèh, atawa yèn alêledoa ing sabarang gawe, lan pakênira aja wani-wani anglakoni panggawe ala, ngabotohan lan ngadêgake ngabotohan.

--- 354 ---

Kandhêg kampiran ngingu angubungi, ing wong ala kang alaku durjana, lan sakèhe kang kalêbu panggawe ala, aja pakênira wani-wani anglakoni, têka kongsi wani anêrak ing wêwalêr manira iki mau kabèh, amêsthi pakênira anêmu bilai.

Dene pêpacak manira marang sarupaning wong bumi desa ing Dhompyong sabawahe kabèh kang kalêbu wawêngkone Mas Dêmang Kêrtadiwirya padha angèstokna saunining layang manira piagêm, kang manira gadhuhake marang Mas Dêmang Kêrtadiwirya iki, taha tan angèstokna, atanapi yèn amaidoa, amêsthi pakênira anêmu bilai kang luwih abangêt. Titi.

Dhawuh pangandika dalêm Sênèn ping 9 Jumadilawal ing taun Wawu ăngka[88] 1761.

__________

186.

Sasampuning tabe kula ingkang akathah-kathah saudara Tuwan Erêkê,[89] wiyosipun saudara nêdha dhatêng kula, sêrat pangandikanipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan. Kala têdhak ngabên-abên wontên ing pagêlaran. Sarêng lênggah wontên bangsal pangrawit, ingkang sinuhun angandika, Sasradiningrat, kêbone apa wis kacaosake, unjukipun [unjuki…]

--- 355 ---

[…pun] radèn adipati, kawula nuwun sampun, ingkang sinuhun andangu malih, apa wis tau diadu, unjukipun radèn adipati, kawula nuwun sampun. Nuntên têdhak ningali ngabên-abên. Sakonduripun saking ngabên-abên, nuntên lênggah wontên bangsal pangrawit malih, nuntên dhêdhawah pangandika dhatêng Radèn Adipati Sasradiningrat, padha kêpunga. Unjukipun radèn adipati, kawula nuwun sandika, nuntên ingkang sinuhun têdhak dhatêng panggongan, lajêng ngrampog. Sasampunipun kondur saking ngrampog nuntên lênggah wontên bangsal pangrawit malih, andangu dhatêng Radèn Adipati Sasradiningrat sapa sing ditêmpuh mau, unjukipun radèn adipati, kagungan dalêm sima ingkang rumiyin pêjah wontên barisipun abdi dalêm wadana agêng, kagungan dalêm sima ingkang kaping kalih, nêmpuh pêjah wontên barisipun abdi dalêm wadana Gladhak. Kagungan dalêm sima ingkang kaping tiga pêjah wontên barisipun abdi dalêm wadana Panumping, kagungan dalêm sima ingkang kaping sêkawan, pêjah wontên barisipun abdi dalêm wadana gêdhong kiwa, nuntên ingkang sinuhun andangu malih, Sasradiningrat, iki măngsa apa. Unjukipun radèn adipati, kawula nuwun măngsa dhêstha, têgêsipun măngsa sawêlas. Ingkang sinuhun andangu malih, bocahku desa lagi padha apa, unjukipun radèn adipati, abdi dalêm ingkang sami sabin toya jawah sawêg panèn. Abdi dalêm ingkang sami sabin toya lèpèn sawêg gêmadhung, ingkang sinuhun andangu malih, kali banyune [ba…]

--- 356 ---

[…nyune] kapriye, unjukipun radèn adipati, kagungan dalêm bênawi toyanipun alit. Lajêng kondur angêdhaton.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi.

Sinêrat ing dintên Kêmis tanggal ping 12 wulan Safar ing taun Jimakir angkaning warsa 1762.

__________

187.

Atur sêmbah kawula Radèn Tumênggung Singaranu, kalih Radèn Tumênggung Ranadirja, tiga Mas Riya Singasêntika, sakawan Mas Ngabèi Suradirja, ing Bayalali, kaatur Bêndara Kangjêng Rahadèn Adipati Sasra Adiningrat.

Wiyosipun, kawula sampun anampèni patêdhan dalêm sêrat gugat ingkang saking kangjêng tuwan asistèn risidhèn ing Salatiga, prakawis dursila ingkang angècu lurah dhusun ing Rêgunung, kathahipun tiyang dursila 16 iji, ingkang sami wontên bawah lerehan kawula ing Bayalali, saha sami kacathêtan namanipun tiyang utawi dhusun pagriyanipun, ing satampi kawula paring dalêm sêrat, lajêng kawula anglampahakên utusan upadosi.

Ingkang kaping kalih kawula angunjuki uninga ing panjênêngan dalêm, kala tanggal kaping 26 wulan Dhesèmbêr wiking[90] punika,

--- 357 ---

kawula tampi sêrat gugat saking Dêmang Tirtawijaya, tanah ing Tikir[91] anggènipun nyêpêng tiyang ngècu, ingkang ngècu lurah dhusun ing Rêgunung, anggadhahi pêngèmbèt dhatêng tiyang bawah kalerehan kawula, satunggal wasta Pak Cathis, lurah dhun[92] ing Kênthingan, kalih Sawijaya, lurah dhusun ing Karangwuni, tiga Kartajaya, lurah dhusun ing Gêdhong, sakawan Wirayuda lurah dhusun ing Dhêkah, kanthi rencangipun satunggal sami dhusun Dhêkah, lajêng sami kawula timbali, Pak Cathit, [93] Sawijaya, Kartajaya, sami dhatêng, Wirayuda Dhêkah klajêng[94] kesah saking bale griyanipun.

Ingkang kaping tiga, kala tanggal kaping 5 wulan Janawari puniki, kawula tampi sêrat saking kajêng tuwan asistèn risidhèn ing Salatiga, saha angintunakên tiyang dursila ingkang kalêbêt ing gugat wau, satunggal pun Wirayuda, kalih Patradăngsa, tiga Wanadăngsa, sami dhusun ing Dhêkah, batên mawi kabêsta, sami kanthi pêngirid tiyang kalih, satunggal wasta Camênggala, [95] kalih Wiramênggala, sami abdinipun tuwan asistèn risidhèn piyambak. Angirid dhatêng pun Wirayuda sapênugilanipun[96] dhatêng nagari Surakarta, kawula kadhawahan anglulusakên sampun ngantos angarubiru, kawula inggih anglulusakên lampahipun Sêcamênggala, kalih Wiramênggala, angirid dhatêng pun Wirayuda sapênunggilanipun. Ingkang punika pun Wirayuda sapênunggilanipun kairid kalih Camênggala, Wiramênggala mantuk dhatêng bale griyanipun. Sarêng antawis kalih dintên pun [pu…]

--- 358 ---

[…n] Wirayuda sapênunggilanipun kesah saking bale griyanipun. Kawula inggih sampun anyaosi sêrat dhatêng tuwan asistèn risidhèn ing Salatiga, amratelakakên kesahipun Wirayuda sapênunggalanipun.

Ingkang kaping sakawan, kala tanggal kaping 21 wulan Janawari punika, kawula tampi sêrat malih saking kajêng tuwan asistèn risidhèn ing Salatiga mawi kanthi sêrat cara Wlandi satunggal, katur kajêng tuwan risidhèn ing nagari Surakarta, sêrat cara Jawi ingkang dhatêng kawula punika, ijêmanipun pun Wirayuda, Prayadăngsa, Wanadăngsa, kawula dipun andikakakên angladosakên sarêng sêrat cara Wlandi ingkang katur kangjêng tuwan risidhèn ing nagari Surakarta, sarèhipun Wirayuda sapênunggilanipun sampun kesah saking bale griyanipun, sêrat cara Wlandi ingkang saking kangjêng tuwan asistèn risidhèn ing Salatiga, kawula wangsulakên.

Bayalali Kêmis kaping 23 wulan Siyam taun Jimakir ăngka[97] 1762.

__________

188.

Atur kawula Ni Trunadăngsa, semahipun Ki Trunadăngsa, babêkêl siti dhusun ing Kêmênjing, tanah ing Sokawatos karèh Mas Dêmang Păncawisatha ing Margasantên, tumut Mas Dêmang Păncalêksana ing Tasgunting, bawah dalêm ing kadospatèn [kado…]

--- 359 ---

[…spatèn] Kaprabon Kaprangwadanan. Kaatura dhumatêng ing parentah agêng, kangjêng tuwan mayor saha residhèn ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

Kawula anyuwun adil pariksa dhumatêng ing kangjêng tuwan.

Ingkang kawula suwunakên adil pariksa dhumatêng ing kangjêng tuwan, kala malêm Rêbo tanggal ping 10 wulan Ramêlan taun Alip ăngka[98] 1763 wanci bêdhug tiga kawula panuju tangi mêntas sami saur, griya kawula dipun kècu ing tiyang durjana antawis tiyang 30, dhatêngipun lajêng anêbah pakêr[99] kalihan anyênjata, dipun walês kalihan kaponakan kawula awasta Ki Mêrtajaya, tiyang durjana kècu sami lumêbêt kawula lumajêng kalihan semah kawula Ki Trunadăngsa, ambêkta sênjata kalih sabêt. Anêdha tulung sadhèrèkipun sêpuh awasta Ki Ănggamaya, anulungi bêkta sênjata, Ki Mêrtajaya wau inggih tumut kalihan tiyang sadhusun sami ngalêmpak, lajêng mêdal dhatêng sajawinipun ing dhusun. Badhe anyêgat wêdalipun ing kècu, tiyang durjana kècu wau lêbêtipun ing griya, lajêng sami amêndhêti ing barang gadhahan kula, wondèntên barang gadhahan kawula ingkang kenging kabêkta ing tiyang durjana wau, ing ngandhap punika pratelanipun.

Ingkang warni kandêlan jêne sami buton[100] kalih rêgi 50 reyal, dhuwung 1 dhapur sêmpana rêgi 25 reyal, mawi sêput jêne rêgi 6 reyal, mêndhak jêne rêgi-rêgi [rêgi-…]

--- 360 ---

[…rêgi] 5 reyal, kandêlan sêlaka rêgi 2 reyal, waos kalih dhapur dora mênggala 1, dhapur cakèl 1, waos kalih rêgi 2 reyal, kèncèng têmbaga 1 rêgi 4 reyal, cèrèt 1 rêgi sareyal, panjang piring 9 rêgi kalih reyal, tatah wadung pêthèl pacul rêgi 2 reyal, warni sinjang-sinjang wolos ijo wiyar 1 rêgi 8 reyal, cindhe ciyut abrit 1 rêgi 4 reyal, cindhe ijêm 1 rêgi 5 reyal, gêdhog 1 rêgi 2 reyal, gêdhog wungu 1 rêgi 3 reyal, wiyar bathik tiga, gadhong jarak 1, kêmbang kapas 1, jamblang 1, tiga rêgi 4 reyal, wiyar lurik sakawan, kêpyur 1, abrit 1, răndha sêmaya 1, têmênggungan 1, sakawan rêgi 4 reyal, ikêt kalih sidhangan 1, latarpêthak 1, kalih rêgi 3 reyal, rasukan tiga, sêmbagi 2, lurik tiga gangsal 1, tiga rêgi 4 reyal, sinjang ciyut walu, puluhwatu 4, wuni matêng 1, bathik 3, wolu rêgi 8 reyal, arit sura 1 rêgi sarupiyah, dadosan barang gadhahan kawula sadaya, ingkang kenging kabêkta ing tiyang durjana kècu wau apêngaos 145 reyal-reyal nyêlawe bêntêt wang.

Wah barang gadhahanipun rencang kawula awasta Ki Nitidrana, awarni waos 1 dhapur totog rêgi 5 reyal, [re…]

--- 361 ---

[…yal,] dhuwung dhapur jalak 1, kandêlan sêlaka mêndhak jêne rêgi 5 reyal, lamêng 1 rêgi 30 wang, arit 5, bêdho[101] 1, wadung 1, pêthèl 2, kêjèn 2, sadaya rêgi 2 reyal wolung wang, sinjang ciyut bathik 1 rêgi 20 wang, rasukan kalih rêgi sarupiyah, kathok 1, kêntèl 1 rêgi 8 wang, bantal tiga rêgi 1 reyal, wah gadhahanipun Ki Mêrtajaya warni pacul 1, arit, pêthèl 1, tatah satunggil, wadung 1, kêjèn, sadaya rêgi 3 reyal, wah gadhahanipun Ki Wirakêsa,[102] sinjang wiyar lurik galondhongan 1, rasukan 1 rêgi 30 wang, dados barang gadhahanipun tiyang têtiga wau apêngaos 20 reyal langkung 8 wang, sadaya kagunggung apêngaos 165 reyal nyêlawe bêntêt wang langkung 8 wang. Kawula lajêng angungêlakên gundhala titir, tiyang durjana kècu wau sami mundur, unduripun anggêrêgakên maesa dumugi sajawènipun ing dhun kapêthukakên dhatêng semah kawula Ki Trunadăngsa, kalih Ki Ănggamaya sakancanipun tiyang sadhusun wau, lajêng sami asênjatanan kalihan tiyang durjana kècu, maesa wau sami kauculakên, anak kawula jalêr awasta Ki Kramasêntika ing Nglalung atandang tulung, têksih sami atêtanglêdan ngantos byar enjing, prapat măncagangsal sami dhatêng atêtulung, tiyang durjana kècu lajêng sami bibar lumajêng, inggih sami kabujung dhatêng Ki Ănggamaya [Ăngga…]

--- 362 ---

[…maya] wau sakancanipun. Tiyang durjana kècu kathah ingkang anandhang tatu, ananging semah kawula Ki Trunadăngsa, inggih anandhang tatu kenging pisêr, sanginggilipun ing pusêr butul. Asambat pêjah dhatêng sadhèrèkipun sêpuh, Ki Ănggamaya wangsul sakancanipun, lajêng sami angrămpa dhatêng ing semah kawula wau kabêkta mantuk akalihan prapat măncagangsal sadaya inggih sami tumut. Sarêng dumugi ing griya semah kawula Ki Trunadăngsa wau dados pêjahipun. Kawula lajêng ambucal pisaid anêbut batên suka batên tarima, amartelakakên kadosdèntên atur kawula, ingkang sampun katur ing nginggil punika wau sêdaya, akalihan kawula uninga namanipun ing tiyang durjana kècu, utawi bale griyanipun 1 awasta Ki Brajamusthi, bêkêl ing Sêdhah bawah ing Surakarta, ing ngajêng tumut Ki Ngabèi Nalayuda, kalih Ki Ngabèi Jayuda, sami priyantun Kambêng, 2 Ki Sutamênggala, bêkêl ing Sêdhah Kilèn, inggih bawah ing Surakarta, ing ngajêng tumut Ki Ngabèi Tawêcana, inggih priyantun Kambêng, 3 Ki Kêrtamênggala, mondhok nunggil Ki Brajamusthi wau, 4 Ki Ranadăngsa ing Sarabaon. Pawong rencangipun Pak Cubluk bêkêl inggih a[103] Sarabaon. Kawula batên uninga lurahipun, ing nagari tumut ing Kapatihan, punika kănca kawula prapat măncagangsal sadaya inggih sami anampèni ing pisaid kawula.

Ingkang punika pramila kawula agadhah atur, anyuwun adil [a…]

--- 363 ---

[…dil] pariksa dhumatêng ing kangjêng tuwan. Kawula botên suka batên tari,[104] Ki Brajamusthi kalih Ki Sutamênggala, tiga Ki Kêrtamênggala, sakawan Ki Ranadăngsa, tiyang sakawan wau sami kawula suwun punapa ingkang dados ing paukumanipun. Utawi barang amal kawula wau, inggih sami kawula suwun mantukipun dhatêng ing kawula malih, mêdala saking panguwasanipun ing parentah agêng kangjêng tuwan. Namung punika atur kawula.

Kala katur wontên ing pasowan dalêm ing kadospatèn Kaprabon Kaprangwêdanan, ing taun Alip ăhka 1763.

__________

189.

Atur kawula Ni Trunadăngsa, semahipun Ki Trunadăngsa, babêkêl ing siti dhusun Kêmênjing, ingkang sampun dhatêng ing ajal. Griya kawula inggih ing Kêmênjing, karèh Mas Dêmang Păncawisatha, ing Margasantên, tanah Sokawatos, bawah dalêm ing kadipatèn Kaprabon Kaprangwadanan. Kaatura dhumatêng ing parentah agêng, kangjêng tuwan mayor saha residhèn ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat. Kawula anyuwun adil pariksa dhumatêng ing kangjêng tuwan.

Kala ing dintên Slasa tanggal ping 21 wulan Sawal taun Alip ăhka 1763.

--- 364 ---

Wanci sampunipun tiyang mêdamêl. Kawula kadhatêngan tiyang awasta Ki Brajamusthi, babêkêl ing siti dhusun Sêdhah Kambêng, tanah Sukawatos bawah ing Surakarta, ing ngajêng tumut Kyai Ngabèi Jayuda, kalih rayatipun Ki Brajamusthi ingkang sêpuh griya wontên ing dhusun Kajêngapak Kambêng, inggih tanah Sokawatos bawah ing Surakarta, ing ngajêng tumut Kyai Ngabèi Nalayuda, tiga awasta Ki Kêrtamênggala inggih ing Sêdhah, pawong recangipun[105] Ki Brajamusthi, tiga awasta Ki Sutamênggala babêkêl ing Sêdhah Kilèn, ing ngajêng tumut Kyai Ngabèi Kêtawêcana, ingkang 2 kawula botên sumêrêp namanipun.

Wondèntên tiyang têtiga wau ambêkta recang kathah, saha sadêdamêlipun ankawis[106] tiyang 50. Kawula batên uninga namanipun utawi bale griyanipun. Ki Brajamusthi sakancanipun wau, lajêng anganiaya anjarah angrayah, mêndhêti ing barang amal kawula, kalih amalipun kănca kawula tiyang sadhusun ing Kêmênjing wau, kalihan kalênggahan kawula kabêkêlan siti sakikil wau dipun braki, kănca rencang kawula tiyang sadhusun sami ajrih, batên kadugi anyabili amargi karoban ing mêngsah. Kawula sakănca kawula mlajêng anêdha tulung wontên prapat măncagangsal kawula 1 awasta Ki Jamara griyanipun ing dhusun Manggis. Anakipun jalêr Ki Sêtradrana bêkêl ing Manggis, inggih tanah Sokawatos, ing ngajêng andhèrèk Kangjêng Pangeran Mayor Ariya Surya Nataningrat. [Na…]

--- 365 ---

[…taningrat.] Ki Jamara wau sumêja têtulung lampahipun piyambak. Dumugi sajawining dhadhah dipun sênjata dhatêng Brajamusthi saking salêbêtipun ing dhadhah, kenging pisêr tatu sangigilipun[107] suku ingkang kiwa, pisêr tablas lajêng pêjah.

Wondèntên barang gadhahan kawula kalihan barang gadhahanipun kănca kawula tiyang sadhusun ingkang kenging kajarah karayah, ing ngandhap punika pratelanipun. Awarni pacul 11 rêgi 11 rupiyah pêthak, arit agêng alit 25 rêgi 6 rupiyah pêthak, Kuran 1 têngahan 1 rêgi 8 rupiyah pêthak, landheyan wêlagri slaka 1 rêgi 1 rupiyah pêthak, wadung 3 rêgi 3 rupiyah pêthak, pêthèl 6 rêgi 2 rupiyah pêthak, wos 40 dangan rêgi 6 rupiyah pêthak, bèbèk ayam 100 rêgi 8 rupiyah pêthak, pantun 12 amêt rêgi 120 rupiyah pêthak, arta dêmbagi 10 rupiyah pêthak, garu waluku 10 rêgi 4 rupiyah pêthak, kasur 1 bantal 10 rêgi 5 rupiyah pêthak, klasa 10 rêgi 3 rupiyah pêthak, gêbêr bagor 2 kêmbar rêgi 4 rupiyah pêthak, gambir 100, sata 25, tampang, gêndhis 10 tangkêp rêgi 4 rupiyah pêthak, griya 10 sapagêripun gragol rêgi 100 rupiyah pêthak. Gugung sadaya pêngaos 291 rupiyah pêthak kajawi [ka…]

--- 366 ---

[…jawi] kabêkêlan kawula sabin sakikil ingkang dipun brêki wau, wancènipun ing sabin sawêg ngajêngakên tanêm.

Ingkang punika pramila kawula agadhah atur, anyuwun adil pariksa dhumatêng ing kangjêng tuwan. Kawula batên suka batên tarima, barang gadhahan kawula wau sadaya kawula suwun, sak kalêgahan[108] kawula kabêkêlan wau kawula suwun mantukipun dhumatêng ing kawula malih, mijila saking panguwasanipun ing kangjêng tuwan, namung punika atur kawula.

Kala sinêrat wontên ing pasowan dalêm, ing kadipatèn Kaprabon Kaprangwadanan ing dintên Jumungah tanggal ping 24 wulan Sawal taun Alip ăhka 1763.

__________

190.

Atur tabe kula saha kaurmatan akathah-kathah, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat. Katur kangjêng tuwan residhèn mayor, residhèn ing Surakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya punika wiyosipun. Kula sampun anampèni sêrat kang katitimangsan kaping 14 wulan Marêt taun 1836. Ingkang mungêl ing sêrat, kangjêng tuwan residhèn sampun anampèni sêrat atur wangsulan kula, ingkang katitimangsan kaping 9 wulan Marêt punika, mênggah ijêmanipun siti pangrêmbe alit-alit, ingkang wontên ing Kapatihan, badhe

--- 367 ---

kasaosakên wangsul dhumatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, saha kula amratelakakên mênggah nama utawi pamêdalipun siti pangrêmbe wau, ingkang punika kangjêng tuwan residhèn inggih sampun amarêngi, yèn siti pangrêmbe wau kula saosakên wangsul, konjuk ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Kalihdene malih kangjêng tuwan residhèn mundhut pratelanipun, sakathahing siti dhusun kagunganipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan ingkang kala wau sami kacêpêngakên dhatêng ing kula, supados siti dhusun punika inggih kenginga kasaosakên dhumatêng ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Ingkang punika atur wangsulan kula ing kangjêng tuwan residhèn. Mênggah siti pangrêmbe alit-alit wau, inggih sampun kula saosakên panjênêngan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, dhawah dalêm inggih sampun parêng, ing sakpunika dêmang utawi babêkêlipun siti pangrêmbe wau sawêg sami kula timbali lumêbêt dhatêng nagari ing Surakarta, manawi sampun sami dhatêng inggih lajêng kula ladosakên dhatêng ing srimênganti, ingkang punika kauningana ing kangjêng tuwan residhèn.

Wontên dene kagungan dalêm siti pangrêmbe ingkang agêng-agêng, punika botên kula saosakên. Sabab ingkang wau sampun kula saosakên sapisan, dhawah dalêm batên kalilan, awit ingkang wau kala têksih kagadhuh para bêndara kathah kakiranganipun. Ing sabên-sabên wulan panjênêngan [pa…]

--- 368 ---

[…njênêngan] dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, asring nêmpur uwos utawi tumbas lingsah[109] sapanunggilanipun.

Sarêng kagungan dalêm siti pangrêmbe kaparingakên gadhuh wontên kula, ing sabên-sabên wulan botên nate kakirangan. Malah wontên langkungipun, namung kagungan dalêm siti pun laban, ingkang kapaosan Tuwan Sêtralên Dhorêp, punika asring kèthèr paosipun uwos. Ing taun wingking punika kuwalêdan paos uwos 1025 êtong, ing sapunika sawêg nicil 700 êtong.

Ingkang punika kauningana ing kangjêng tuwan residhèn, mênggah sêrat riningipun kagungan dalêm siti pangrêmbe ingkang agêng-agêng wau, kula aturakên sarêng kalihan sêrat atur kula punika, mênawi botên wontên pamundhutipun ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, punika wontên kajrihan kula, mênawi anyaosakên siti pangrêmbe ingkang agêng-agêng wau, ingkang punika kauningana ing kangjêng tuwan residhèn.

Kasêrat ing dintên Sênèn tanggal kaping 3 wulan Bêsar ing taun Alip ăngka 1763.

__________

191.

Angkang[110] sêrat sarta ingkang tabe akathah-kathah sangking Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping pitu, [pi…]

--- 369 ---

[…tu,] kumêndur sangking bintang leyo ing Nèdêrlan ingka akadhaton nêgari ing Surakarta Adiningrat. Dhumatênga ingkang bapa kangjêng tuwan risidhèn mayor, risidhèn ing Surakarta Adiningrat. Sasampuning kadya punika awiyos bapa kangjêng tuwan risidhèn. Angaturi sêrat dhumatêng kula, sampun kula tampèni, sarta sampun kula tupiksani sasuraosing sêrat sadaya, ingkang katitimangsan Surakarta ping 19 Marêt taun 1836. Wondening bapa angaturi uninga dhumatêng kula, yèn bapa anampèni sêrat sangking pêpatih kula Radèn Adipati Sasradiningrat. Ungêling sêrat angaturi uninga dhumatêng bapa, yèn pêpatih kula badhe anyaosakên siti dhusun pangrêmbe alit ingkang wontên ing Kapatihan. Konjuk dhumatêng kula, mênggah namaning dêmang lan babêkêlipun. Ingkang anyanggi paos yatra pasumping ing dalêm sataun utawi ingkang sami mêdal ladosan warni-warni, gunggung siti cacah karya 161 dados jung 40¼. Sampun kapratelakakên ing sêrat mugi kauningana dhumatêng bapa, saha bapa sampun amarêngi siti dhusun wau, kasaosna konjuk dhumatêng kula, ingkang sarta bapa adhêdhawah dhatêng pêpatih kula, adamêla sêrat pratelanipun sêkathahing siti dhusun kagungan kula, ingkang sami têksih wontên Kapatihan supados kenginga kasaosakên dhumatêng kula. Ingkang punika bapa kangjêng tuwan risidhèn, pêpatih kula wau ing mangke inggih sampun [sa…]

--- 370 ---

[…mpun] anyaosakên kagungan kula siti dhusun pangrêmbe alit, lajêng kula adhêdhawah anampènana siti dhusun sababêkêlipun dêmang, cacah siti sawêg 126½ jung. Aturipun pêpatih kula ing wingking anyaosakên malih, awit dèrèng dhatêng gènipun sami animbali, kauningana dhumatêng bapa, ingkang punika inggih sakalangkung suka pirênanipun ing galih kula, sarta asangêt tarima kasih kula, dhumatêng bapa kangjêng tuwan risidhèn.

Sinêrat nagari ing Surakarta Adiningrat ing dintên Sêlasa tanggal ping 3 wulan Sura ing taun Ehe angkaning warsa 1764.

__________

192.

Atur kawula Pak Sidin, babêkêl siti dhusun ing Milir, ngajêng tumut Bêndara Radèn Mayor Wignyawinata, nanging dipun têbasakên wontên Nyai Legoh, atur kawula katura ingkang parentah agêng, ingkang kawula aturakên, kawula nuwun adil kang têrus kukum, kala ing dintên Ngahad Paing tanggal kaping 22 wulan Ruwah taun Alip oka 1763.

Sarêng wanci jam sawêlas siyang, pun Dipayuda Pak Latrog, griyanipun ing Milir Wetan ngajêng tumut Bêndara Radèn Tumênggung Yasadipura, wêdana ing kadospatèn, 2 pun Kramawijaya, griyanipun ing Milir Kilèn, ngajêng tumut Mas Ngabèi [Ngabè…]

--- 371 ---

[…i] Rêsawijaya, panèwu kabayan ing gladhag ing Puspanagaran, 3 Dêmang Patrajaya, griyanipun ing dhusun Banjaran, ngajêng tumut Bêndara Radèn Mayor Padmawinata, tiyang 3 punika sami bêkta dêdamêl kathah, antawis 600 punika lajêng sami jarah rayah bale griya kawula, barang gadhahan kawula sami dipun pêndhêti, utawi barang gadhahanipun anak kawula, tuwin recang[111] kawula tiyang alit inggih sami dipun jarah dipun rayah barang amalipun sami dipun pêndhêti, pratelanipun ing tiyang ngandhap punika. 1 Pun Ranadipa, 2 pun Tajaya, 3 pun Singadrana, 4 pun Tadrana, 5 pun Tiyuda, tiyang gangsal punaka[112] inggih sami batên tarima, inggih sami nuwun adil kang têrus kukum. Sarèhning kawula dipun byuk ing kathah, kawula lumajêng nêdha tulung kănca prapat sarta kawula ngungêlakên titir, nutên[113] kănca prapat sami dhatêng têtulung dhatêng kawula, kawula dipun kèn mantuk dhatêng pagriyan kawula malih, kănca prapat sami dhèrèkakên. Dawêg ngancik ing capuri kawula ing dhusun Milir, nutên tiyang tiga sadêdamêlipun sami saroh[114] amuk. Kănca prapat sami lumajêng, kawula lajêng dhatêng Dlanggu, kawula pisaid dhatêng rêdi, utawi prapat. Nuntên kawula nuwun adil dhatêng rêdi agêng, Mas Ngabèi Jayasêmita Dlanggu, sabab gèn kawula dados bêkêl batên kèthèr kawula dipun pacot tanpa nalar, sarta kawula dipun jarah tanpa prakawis. Mas Ngabèi Jayasêmita batên kadugi ngadili, kawula dipun kèn dhatêng nagari, tumuntên kawula [kawu…]

--- 372 ---

[…la] dhatêng nagari, nuwun adil dhatêng lurah kawula Nyai Legoh, inggih batên purun ngadili nutên kawula nuwun adil dhatêng Bêndara Radèn Mayor Wignyawinata, inggih batên kêrsa ngadili, kawula sowan dhatêng Bêndara Radèn Riya Cakrawinata, inggih batên kêrsa ngadili, tumuntên kawula sohan dhatêng Bêndara Radèn Ngabèi Urawan. Kawula nuwun said ing pradata dalêm katur Bêndara Radèn Tumênggung Amongpraja, nutên kawula dipun paringi sêrat pisaid ing pradata dalêm. Tumuntên kawula dipun paringakên dhatêng Mas Roga[115] Yudadipraja, kawula nuwun lajêng gugat, Mas Răngga Yudadipraja batên kêrsa ngladosakên. Mila kawula nuwun pepe wontên ing kantor, saanak recang kawula sami tumut pepe wontên ing kantor.

Ingkang punika kawula batên tarima kawula nuwun adil kang têrus ing kukum ing kangjêng tuwan risidhèn. Kawula nuwun wangsulipun gèn kawula dados bêkêl wontên kagungan dalêm siti dhusun ing Milir sajung, utawi barang gadhahan kawula ngamal, ingkang sami dipun jarah dipun rayah tiyang tiga, kang sampun kasêbut ngajêng wau, kathahipun 984 reyalanipun sami 25 wang, kawula suwun wangsulipun dhatêng kawula malih sadaya, mênggah pratelanipun gadhahan kawula ingkang warni barang, utawi kirang langkungipun ing paturan kawula, sampun kamot wontên sêrat paring dalêm ingkang saking pradata dalêm, namung punika atur kawula.

--- 373 ---

Sinêrat Saptu kaping 21 Sura Ehe oka 1764.

__________

193.

Ingkang sêrat saha ingkang salam pandonga, Kyai Ngabèi Wiryapraceka, panèwu rêdi ing dhusun Tambakbaya, dhumatênga ingkang putra Radèn Ngabèi Jayapratignya, kaliwon rêdi ing dhusun Balowarti.

Sasampuning kadya punika awiyos, kalanipun anak ngabèi kapanggih kalihan kula wontên ing dhusun Randhujajar, anak ngabèi amratelakakên dhatêng kula, yèn anggantosakên siti dhusun ing Pamriyan, dhumatêng tiyang Cina Babah Kèbing, bandar apyun ing Masaran, kang sarta anak ngabèi anêmbung nyambut yatra, badhe kadamêl anêbus kathahipun kalih bêlah rupiyah pêthak, kula inggih sagah amitulungi, ing samăngsa Mas Kramatirta, dêmang ing Sambilêgi sampun anyaur sambutane dhatêng kula, sumêrêp panumbas gadhahan kula maesa kawan rakit.

Sarèhning Dêmang Kramatirta wau ing sapunika sampun nyaur sambutanipun, dados kula nêrang ingkang dados karsanipun anak ngabèi, punapa inggih èstu ênggènipun badhe nyambut yatra kalih bêlah rupiyah wau, bilih siyos mugi anak ngabèi utusan amurugi, sokur manawi sagêd pinarak piyambak dhatêng ing griya kula.

--- 374 ---

Kalihdening malih, kala rumiyin kula prasabên dhatêng anak ngabèi, yèn kula kapandungan kapal dhawuk satugil,[116] kang sarta anak ngabèi kula aturi atitipariksa dhatêng wawêngkonipun, manawi wontên tiyang ingkang kagenan[117] kapal kula wau, ananging ngantos ing sapunika kula dèrèng angsal pawartos saking anak ngabèi. Kala wingi kalerehan kula bêkêl ing Gadhingan apratela dhatêng kula, yèn gadhahan kula kapal ingkang ical kapandungan wau, wontên ing lurah siti dhusun ing Lèpèn Sat. Kalêbêt kalerehanipun anak ngabèi, pangangkênipun tumbas saking bêkêl ing Tanjung, inggih dados kalerehanipun anak ngabèi.

Ingkang punika panêdha kula, mugi wontêna karsanipun anak ngabèi atitipariksa dhatêng lurah siti dhusun ing Lèpèn Sat, sarta dhatêng bêkêl ing Tanjung wau, ing sakathah-kathahipun, kula amborongakên dhatêng anak ngabèi, ênggènipun amirukun prakawis wau, ing saprayoginipun.

Sinêrat ing dintên Kêmis tanggal kaping 17 wulan Ramêlan taun Jimawal 1765.

__________

194.

Sêrat sarta kang taklim Radèn Ngabèi Jayapratignya, kaliwon rêdi ing dhusun Balowarti dhumatênga ingkang rama

--- 375 ---

Kyai Ngabèi Wiryapraceka, panèwu rêdi u[118] dhusun Tambakbaya.

Sasampuning kadya punipuka[119] awiyos, kula sampun anampèni sêrat sampeyan, ingkang katitimangsan tanggal kaping 17 wulan Ramêlan taun Jimawal punika, sarta sampun kula tupiksani ijêmanipun sadaya, ingkang prakawis ênggèn kula anêdha pitulung nyanbut[120] yatra kalih bêlah rupiyah pêthak, badhe kadamêl anêbu[121] siti dhusun, ingkang wontên ing pagantosan inggih èstu.

Sarèhning kula ing sapunika sawêg kapambêngan ing padamêlan kathah, botên sagêd dhumatêng dalêm sampeyan, dados kula namung utusan rencang kula, awasta pun Nalatruna, kang ambêkta sêrat punika, kang sarta kula bêktani sêrat pratăndha kula, ingkang punika panêdha kula, yatra kalih bêlah rupiyah mugi kaparingna dhumatêng pun Nalatruna wau.

Kalihdening malih, kang awit saking panêdha sampeyan, kula sampun animbali lurah ing dhusun Lèpèn Sat akalihan bêkêl ing Tanjung, sarta lajêng kula pariksa, prakawis kagungan sampeyan kapal dhawuk ingkang ical kapandungan, kawastanan wontên ing lurah dhusun ing Lèpèn Sat wau. Aturipun lurah ing Lèpèn Sat, sayêktos tumbas kapal saking bêbêkêl ing Tanjung, warninipun bopong pancal, bêkêl ing Tanjung inggih angangkêni sade kapal warni makatên punika, dados sulaya kalih prasabên sampeyan dhatêng kula

--- 376 ---

kala rumiyin. Tumuntên kula utusan angyêktosakên dhatêng griyanipun lurah ing Lèpèn Sat, inggih saèstu botên wontên kapal dhawuk, gadhahanipun namung satunggil bopong pancal. Kang kapratelakakên ênggènipun tumbas saking bêkêl ing Tanjung wau.

Wusana kula angaturi uninga ing sampeyan, ing sasampunipun kula apêpariksa dhatêng lurah ing Lèmpèn[122] Sat kalihan bêkêl ing Tanjung, wontên kalerehan kula bêkêl ing dhusun Athik-athik agadhah atur dhatêng kula, yèn kagungan sampeyan kapal dhawuk ingkang ical wau, wontên dêmang ing Singèn Kidul, ing ngajêng andhèrèk Radèn Ngabèi Gunawicara, abdi dalêm kaliwon kaparak kiwa, ingkang punika kula sumăngga ing panggalih sampeyan.

Sinêrat ing dintên Ngahad tanggal kaping 20 wulan Ramêlan taun Jimawal 1765.

__________

195.

Pèngêt layang ingsun undhang-undhang, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping pitu, kumêndur saking bintang leyo ing Nèdêrlan, kang akadhaton nagara ing Surakarta Adiningrat, dhawuha marang sarupane kawulaningsun gêdhe cilik, kang kalêbu bawah ingsun ing Surakarta kabèh.

--- 377 ---

Lire layang ingsun undhang-undhang, ingsun paring wêruh marang ing sira kabèh, yèn panjênêngan ingsun tămpa aturan, ana sawijining wong Jawa, anganggo aran Pangeran Dipakusuma, iku angobong pose kangjêng guvrêmèn ing Tangkisan, jarane kèhè nênêm padha dipèki kabèh, sawise nuli lunga sakancane, watara ana wong rong atus, anggawa gêgaman tumbak bêdhil akèh, dene wartane kang nganggo aran Pangeran Dipakusuma sabature wong rong atus mau, padha andhok ana ing tanah Gunung Kidul.

Kang iku dhawuh ingsun marang ing sira kabèh, wong kang nganggo aran Pangeran Dipakusuma sabature, padha sira golèkana, yèn katêmu banjur sira cêkêla urip utawa mati aja kongsi luput, nuli sira ladèkna marang nagara ing Surakarta.

Dene kawulaningsun gêdhe cilik, kang padha wani-wani ambêbaluhi, utawa kandhêg kampiran, apadene sumurup panggonan kang didhoki, măngka ora angunjuki uninga, iku amêsthi katrap ing paukuman kisas.

Pacuhan-pacuhan sakèhe kawulaningsun, padha sira angèstokna ing saunine layang ingsun undhang-undhang iki, taha tan angèstokna, atanapi amaidoa, amêsthi kaplaksana dening nayakaningsun.

Dhawuhing pangandika dalêm ing Surakarta Adiningrat ing dintên [dintê…]

--- 378 ---

[…n] Kêmis tanggal ping 24 wulan Sura taun Jhe angkaning warsa 1766.

__________

196.

Iki layangku Ngabèi Băndayuda, tumêkaa marang kowe Kartisapele, bêkêl ing bumi desa Kadhalan.

Lire layang, aku awèh wêruh mênyang kowe, yèn besuk sasi Rabingulakir tanggal ping 14 ing ngarêp iki, aku duwe gawe, rabine anakku kang pambarêp, Mas Agus Liman, kang iku aku mundhut pasumbang mênyang kowe kang rupa dhuwit sapajêg, kêbo siji, bêras salawe dangan, krambil satus, iku kabèh lumêbua ing tanggal ping 10 sasi Rabingulakir mau, kang sarta kowe iya lumêbua, anggawa sikêp sapuluh, kang bakal angadêgake tarub lan andandani pandhapa, êndi kang sakira prêlu didandani.

Karodening manèh duwèkku bêlo kang ana ing kowe, yèn uwis rampas gawanên lumêbu pisan, barênga karo pêpundhutanaku pasumbang, kang wis kasêbut ing dhuwur mau.

Wêkasane, ing satêkane layangku iki, kowe mênyanga ing desa Salisiran, katêmua karo Mas Dêmang Jayawicara, tutura yèn dak kongkon anjaluk duwèkku tumbak, [tumba…]

--- 379 ---

[…k,] kang disilih, samăngsa wis kotampani, banjur kirimna mênyang aku tumuli, saupama ora ngandêl ing kowe, layangku iki duduhna.

Tinulis ing Surakarta tanggal ping 17 sasi Mulud taun Jhe 1766.

__________

197.

Sêrat sarta kang taklim Mas Ngabèi Sinduprawira ing Karangwidara, dhatênga ingkang rayi Mas Ngabèi Prawirataruna, ing Salêmbi.

Sasampuning kadya punika awiyos, sarèhning kala rumiyin kula sampun agadhah pitêmbung dhatêng pun adhi, prakawis kagungane kapal tumpakan dhawuk ingkang saking raka ijêngandika Radèn Ngabèi Kramajaya ing Palur, pun adhi sagah badhe utusan utawi suka sêrat dhatêng kula, tartamtune ingkang dados karsa, parêng akalihan botên, kula anglitoni[123] ing sapangaosipun, ngantos ing sapunika dèrèng wontên utusan, utawi sêrate pun adhi, mila kula ngèngêtakên dhatêng pun adhi, bokmanawi wontên kasupènipun.

Ingkang punika panêdha kula, mugi adhi asukaa wangsulan ijêman utawi kawrat ing sêrat, sarênga akalihan utusan [u…]

--- 380 ---

[…tusan] kula, kang ambêkta sêrat puniki, dene yèn sampun dados parênge adhi, mugi wontêna karsane mancêd ing pangaosipun.

Kalihdening malih, gadhahan kula waos ingkang kakarsakake dhatêng pun adhi, ing sapunika sampun kula bêktakakên dhatêng utusan kula, mênggah panumbas kula kala rumiyin kalih atus rupiyah pêthak, yèn èstu taksih kakarsakakên mênggahing pangaos, kula sumăngga kang dados karsanipun adhi, anêtêpi ing sapanumbas kula, utawi kirang ing sawatawis sampun botên dados panggalih kula, ananging kauningana dhatêng pun adhi, mênggah landheyanipun waos wau ênggèn kula nyambut dhatêng raka ijêngandika Mas Dêmang Ramadaya ing Juranglêbêt, yèn siyos kakarsakakên, mugi landheyan kawangsulna ing kula.

Sinêrat ing Karangwidara ing dintên Ngahad tanggal kaping 6 wulan Jumadilakir taun Jhe angkaning warsa 1766.

__________

198.

Ingkang sêrat sarta ingkang salam taklim, saking ingkang rayi Mas Ngabèi Prawirataruna ing Salêmbi, dhumatênga ingkang raka Mas Ngabèi Sinduprawira, ing Karangwidara.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula sampun anampèni pêparing sampeyan sêrat, ingkang kabêkta abdi

--- 381 ---

sampeyan pun Singajaya, sarta sampun kula tupiksani sadaya, sampeyan andangu ingkang pinanggih ing pamanah kula, prakawis gadhahan kula kapal dhawuk, ingkang sampeyan karsakakên, mila kula ngantos lami botên utusan, utawi anyaosi sêrat ing sampeyan, awit kula kapambêngan sakit, ing mangke sampun wontên dhanganipun ing sawatawis.

Mênggah kapal kula dhawuk wau, ênggèn kula tumbas kala rumiyin kawan atus rupiyah pêthak, mênawi sampeyan karsa angantukakên ing pangaosipun samantên, kula inggih sampun parêng, wondening kagungan sampeyan waos, ingkang kabêkta pun Singajaya, sampun kula pariksa, pucukipun pugut sauwos, punika andadosakên cuwaning manah kula, dados botên èstu kula pêndhêt, ing mangke waos wau sampun kula wangsulakên, kabêkta ing abdi sampeyan pun Singajaya.

Prakawis kapal dhawuk wau, panyuwun kula, mugi wontêna karsa sampeyan amaringi wangsulan tumuntên, sabab ing dintên ngakad ngajêng punika kula badhe ngêdêgi damêl dhatêng ing Gêmampir, angantos sapêkêning pêngantèn.

Sinêrat ing Salêmbi, ing dintên Rêbo tanggal kaping 9 wulan Jumadilakir taun Jhe angkaning warsa 1766.

__________

--- 382 ---

199.

Atur tabe kula saha kaurmatan akathah-kathah, Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat. Katur kangjêng tuwan mayor, residhèn ing Surakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya punika wiyosipun. Kula sampun anampèni sêrat pêparingipun kajêng tuwan residhèn. Kang katitimangsan Surakarta kaping 4 wulan Sèptèmbêr taun 1838.

Ingkang mungêl ing sêrat kangjêng tuwan residhèn amaringi uninga dhatêng ing kula kala kaping 23 wulan Agustus ingkang sampun kapêngkêr, pak apyun ing Cêrma tanah ing Sokawati, awasta Babah Bacèn kapandungan. Wondening kalanipun kapandungan wau, panuju kapondhokan Cina kêkalih saking ing Purwadadi, bawah ing Sêmawis. Awasta Jangkung Sing, kalih Upiksan. Cina kêkalih punika sami ambêkta rencang tiyang Jawi têtiga, bêrah sakawan. Sasampuning kapandungan, rencangipun tamu Cina ingkang kêkalih kesah minggat. Punika adamêl ing kintên-kintên, yèn anglampahi kadursilan amandung.

Wondening ingkang ical kapandungan dadosan[124] awarni-warni kathah, ingkang sarta awarni yatra nêm atus rupiyah pêthak, gadhahanipun Cina tamu kêkalih wau kang katitipakên dhatêng

--- 383 ---

bandar apyun ing Cêrma. Punika pamundhutipun kajêng tuwan residhèn. Mugi kula andhawahna parentah, atitipariksa prakawis wau, sarta angupadosi rencang kêkalih ingkang minggat. Bilih sampun kajêng tuwan residhèn angajêng-ajêng wangsulan kula.

Ing wusana kangjêng tuwan residhèn midhangêt kabar mênggah Cina kêkalih wau, dhatêngipun wontên ing Cêrma, botên mawi ambêkta sêrat pas utawi botên lapur dhatêng pangagênging dhusun, punapadene ambêkta apyun kathahipun 3 utawi 4 kati.

Ingkang punaka atur wangsulan kula ing kangjêng tuwan residhèn. Kula sampun anglampahakên utusan panèwu jêksa pradata kalihan jêksa nagari, akanthi kaliwon rêdi dhusun ing Sokawinangun kalihan ing Ngamban, atitipariksa prakawis gènipun kapandungan pun Babah Bacèn, pak apyun siti dhusun ing Cêrma tanah ing Sokawati, mênggah aturipun têtiyang siti dhusun ing Cêrma, utawi aturipun tiyang măncasakawan măncagangsalipun, sadaya sampun sami kawrat wontên ing sêrat.

Ingkang kaping kalih, mênggah rencangipun tiyang Cina ingkang minggat kêkalih, inggih lajêng kula dhawahi ngupadosi, kapanggih sampun kacêpêng sadaya, ing sapunika kula simpin[125] wontên ing pirantos gunjara ing gladhag.

Wondening mênggah sêrat papriksanipun siti dhusun ing Cêrma, [Cêr…]

--- 384 ---

[…ma,] kalihan sêrat aturipun kaliwon rêdi dhusun, inggih kula aturakên ing kangjêng tuwan residhèn. Asarêng kalihan sêrat kula punika, ingkang mugi kapariksaa ingkang têrang, kula sumăngga panggihipun[126] kangjêng tuwan residhèn.

Kasêrat Surakarta ing dintên Kêmis kaping 22 wulan Rêjêp ing taun Jhe ăhka 1766.

__________

200.

Ingkang sêrat saha ingkang salam donga, saking Kyai Ngabèi Păncadrigama, ing Randhukuning, dhumatênga ingkang putra Radèn Ngabèi Jayasêmita, wadana rêdi ing Jurangparang.

Sasampuning kadya punika awiyos, kula angaturi uninga ing sampeyan, kala ing malêm Kêmis, tanggal kaping 23 ing wulan Rêjêp punika, kalerehan kula Bêkêl Wirakrama, ing dhusun Maja, kaical-icalan maesa sakawan gudèl, ingkang bule kêkalih lamus kêkalih, sarêng dipun upadosi, maesa bule ingkang satunggil pinanggih wontên ing pagriyanipun Lurah Jayadikrama ing dhusun Galonggong, kalêbêt bawah sampeyan, pun Wirakrama lajêng mratelakakên dhatêng Lurah Jayadikrama, yèn maesa wau gadhahanipun lajêng katêdha, ananging pun Jayadikrama botên suka, pangakênipun maesa ênggènipun tumbas dhatêng tiyang ing rêdi Wijil, awasta Gunalêksana, inggih kalêbêt bawah sampeyan [sampeya…]

--- 385 ---

[…n] panumbasipun kala tanggal kaping 20 ing wulan Rêjêp punika, ananging Lurah Jayadikrama kapurih andhatêngakên ingkang sade botên purun, malah babêkêl kula wau dipun gêntangi, kaêlokakên badhe ambarak maesa, babêkêl kula saking ajrihipun enggal lumajêng, apratela dhatêng kula.

Ingkang punika anak radèn ngabèi, mênggah pangangkênipun[127] kalerehan sampeyan lurah ing Galonggong, panumbasing maesa kala tanggal kaping 20 ing wulan Rêjêp punika, anelakakên ing doranipun, awit icalipun kala tanggal kaping 23 kang sarta sampun kasaidakên dhatêng măncapat măncagangsalipun, mila panêdha kula ing sanpeyan,[128] mugi karsaa atiti pariksa dhatêng lurah pun Jayadikrama wau, kadhawahana andhatêngakên pun Gunalêksana ing Rêdi Wijil, ingkang kawastanan sade maesa wau, yèn sampun têrang ing pamariksa sampeyan, kula aturi anggalih prayogipun[129] rampunging prakawis ingkang margi saking pirukun.

Sinêrat ing Randhukuning, ing dintên Jumungah, tanggal kaping 24 wulan Rêjêp taun Jhe angkaning warsa 1766.

__________

--- 386 ---

201.Ingkang sêrat sarta ingkang taklim, Radèn Ngabèi Jayasêmita, wadana rêdi ing Jurangparang, dhatênga ingkang Rama Kyai Ngabèi Păncadrigama, ing Randhukuning.

Sasampuning kadya punika awiyos, kula sampun anampèni sêrat sampeyan, ingkang katitimangsan tanggal kaping 24 wulan Rêjêp punika, kang sarta sawiraosing sêrat sampun kula tupiksani sadaya, sampeyan angaturi uninga, yèn kalerehan sameyan[130] bêkêl ing dhusun Maja, awasta Wirakrama, kaicalan maesa sakawan, sarêng kaupadosan, ingkang satunggal bule pinanggih wontên ing pagriyanipun lurah kalerehan kula ing dhusun Galonggong, awasta Jayadikrama, katêdha botên suka, malah pun Wirakrama wau dipun gêntangi, kaêlokakên badhe ambarak maesa, panêdha sampeyan, mugi kula atitipariksaa dhatêng pun Jayadikrama, sarta anggaliha rampunging prakawis ingkang margi saking pirukun.

Ingkang punika wangsulan kula, ing sadhatêngipun sêrat sampeyan, kula lajêng utusan animbali pun Jayadikrama ing Galonggong, kula pariksa, aturipun sayêktos kala tanggal kaping 20 ing wulan Rêjêp punika tumbas maesa bule satunggil, pangaos 25 reyal, ingkang sade [sa…]

--- 387 ---

[…de] kaum ing dhusun Karangturi, awasta Amad Tahar, kalêbêt bawah sampeyan, pangangkênipun ingkang akèn nyadèkakên inggih pun Wirakrama ing Maja wau, wondening kula botên gadhah kalerehan, ingkang nama Gunalêksana ing Rêdi Wijil.

Sarèhning ingkang sade maesa wau kalerehan sampeyan piyambak, kang sarta sampun anampèni yatra patumbasipun, kasêksèn dêmang ing dhusun Galonggong, pamanah kula sampun sah ing panumbasipun, kula sumăngga ingkang dados panggih[131] sampeyan, wondening aturipun bêkêl pun Wirakrama, yèn dipun gêtangi[132] dhatêng pun Jayadikrama, punika dora, awit pun Jayadikrama kula dangu botên rumaos kadhatêngan pun Wirakrama, kalih tăngga-têpalihipun inggih botên wontên sumêrêp sarta botên wontên mirêng gêntangan.

Sinêrat ing Jurangparang, ing dintên Ngahad tanggal kaping 26 wulan Rêjêp taun Jhe angkaning warsa 1766.

__________

202.

Ingkang salam pandonga Kyai Ngabèi Abradata, wadana rêdi ing dhusun Guwamiring, dhatênga kang putra Mas Ngabèi Jayapraceka, wadana rêdi ing Songlandhak.

Sahing salam pandonga awiyos, kula suka uninga dhatêng [dha…]

--- 388 ---

[…têng] anak ngabèi, kala ing dintên Rêbo tanggal kaping 18 wulan Ruwah taun Jhe puniki, kula utusan rencang kula Ki Driyasuta, ambêkta bêlo têtiga, badhe katur Radèn Tumênggung Nilaprabăngsa ing Lèpèn Wuluh, sadhatênge ing dhusun Kocak-kacik, kèndêl nêdha wontên ing warung, kang sarta amakani babêktane bêlo tiga wau, sadangune nêdha, ing wande ngriku wontên kawanuhan bêkêl ing dhusun Krawitan, anama Wirapaeka, kalêbêt kalerehanipun anak, apitakèn dhatêng rencang kula, badhe dhatêng pundi kang sarta bêlo têtiga wau punapa kasade, rencang kula inggih anyêrêpakên ing lampah-lampah, tumuntên bêkêl pun Wirapaeka ngadêg amurugi bêlo. Sarêng sampun kailing-ilingan, ingkang satunggil dhawuk luyung kacengklak, lajêng kaplajêngakên, katututan dhatêng rencang kula ngantos dumugi ing dhusun Krawitan, bêlo satunggil ingkang kaplajêngakên wau pinanggih sampun wontên ing kadhogan,[133] nanging buntutipun sampun kakêthok ngantos kajanggêlan, botên dangu Wirapaeka mêdal saking griya anyêpêng gandhèn, botên mawi saraba rencang kula kagandhèn gigiripun ngantos dhawah kumurêb, sakêdhap botên èngêt, dangu-dangu tangi lajêng lumampah mankuk[134] badhe pratela ing kula, dumugi ing warung kang dikèndêli wau, bêlo kêkalih ingkang katilar sampun botên wontên. Sanjangipun tiyang ing warung ngriku, sami kabêkta dhatêng kaum ing dhusun Krawitan wau, anama Ngaripin. Wondening

--- 389 ---

ingkang nênggani bêlo kêkalih wau, anakipun Driyasuta, lare sawêg sapangèn, punika dipun gêbagi dhatêng pun Ngaripin angantos sangêt.

Ingkang punika anak ngabèi, panêdha kula mugi wontêna karsane anak atitipariksa ing prakawis wau, ing pamanah kula, kalerehane si anak bêkêl tuwin kaum ing dhusun Krawitan wau, ewonipun tiyang ambradhat akanthi panganiaya, mila kula borongake ingkang dados panggalihe anak ngabèi ênggène amurih tumuntên rampung prakawis wau ing salêrês-lêrêse.

Wusana kauningana dhatêng anak ngabèi, bêlo têtiga kang kasêbut ing ngajêng wau kagungane Radèn Tumênggung Nilaprabăngsa, wontêne ing kula katitipakên, bilih botên pinanggih prayogining pirukun, botên sande dados prakawis katur ing parentah.

Sinêrat ing Guwamiring, ing dintên Jumungah tanggal kaping 20 wulan Ruwah taun Jhe angkaning warsa 1766.

__________

203.

Ingkang sêrat sarta ingkang taklim, Mas Ngabèi Jayapraceka, wadana rêdi ing Songlandhak, dhumatênga ingkang rama Kyai Ngabèi Abradata, wadana rêdi ing Guwamiring.

Sasampuning kadya punika awiyos, kula sampun anampèni [ana...]

--- 390 ---

[…mpèni] sêrat sampeyan, ingkang katitimangsan ing dintên Jumungah tanggal kaping 20 wulan Ruwah taun Jhe punika, punapa sawiraosing sêrat sampun kula tupiksani sadaya.

Ingkang punika, kula inggih sampun atitipariksa, prakawis bêlo têtiga, ingkang kaaturakên ing abdi sampeyan kapêndhêt dhatêng bêkêl akalihan kaum ing dhusun Krawitan, wondening kula botên gadhah siti dhusun ingkang nama ing Krawitan, tuwin bêkêl ingkang wasta Wirapaeka, punapadene kaum pun Ngaripin, wontên siti dhusun bawah kula, awasta ing Prawitan, bêkêlipun èstri, anama Bok Citrawilapa, ingkang jalêr sampun lami pêjah, mênggah kaumipun ing Prawitan wau, awasta Amad Tahir, sampun wontên kalih wulan punika sakit lempoh, kalihdening malih, sakiwa têngipun[135] dhusun ing Prawitan wau sampun sami kula pariksa botên wontên ingkang sumêrêp utawi mirêng prakawisipun bêlo têtiga wau, kang sarta Bok Citrawilapa inggih botên kadhatêngan rencang sampeyan pun Driyasuta, mila pamanah kula, bokmanawi sanèsipun bawah kula, ingkang mêndhêt bêktan bêlo wau.

Wusana kauningana ing sampeyan, kang awit saking aturipun kabayan kula, ing tanah rêdi kidul wontên siti dhusun, awasta ing Krawitan, bêkêlipun anama Wiryapaeka, lurahipun Tabon Mas Ngabèi Jayasudarga, abdi dalêm mantri

--- 391 ---

galadhag ing Ngayogyakarta, ingkang punika kula sumăngga ing panggalih sampeyan.

Sinêrat ing Songlandhak ing dintên Sênèn tanggal kaping 23 wulan Ruwah taun Jhe angkaning warsa 1766.

__________

204.

Ingkang sêrat saha ingkang sêmbah sungkêm putra sampeyan pun Sugandi, sayogi katur ing panjênêngan sampeyan rama Mas Ngabèi Nayamênggala, mantri kamisêpuh ing kadospatèn.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula angaturi uninga ing panjênêngan sampeyan, yèn lampah kula andhèrèk saudara sampeyan Tuwan Simun, wilujêng dumugi ing nagari Pangangsalan, kang sarta saking sawabing pandonga sampeyan, botên kirang punapa-punapa, wondening pamuji kula dhatêng sampeyan, akalihan dhatêng ibu, ingkang mugi-mugi têksiha ginanjar kasarasan kados kalanipun kula tilar.

Kalihdening malih kula angaturi uninga ing panjênêngan sampeyan, yèn kula ing sapunika kakarsakakên anguningani kêbon kopinipun saudara sampeyan Tuwan Simon, ing dhusun Kracikan, kaparingan balănja gangsal wêl[136] rupiyah pêthak, ing dalêm sawulan, kang sarta katumbasakên griya [gri…]

--- 392 ---

[…ya] satunggil, saha kagadhuhan kapal tumpakan kêkalih, mênggah ingon tuwin rumêksanipun inggih kaparingan kalih wêlas rupiyah sawulan. Wondening damêl kula sabên enjing amariksani sarta anjênêngi tiyang ingkang sami nyambut damêl wontên ing pakopèn. Wiwit jam pitu ngantos jam kalih wêlas, aliya saking punika, manawi măngsa ngundhuh, kula kapitajêngan ambêlanjani bêrahanipun ingkang sami ngundhuh kopi, ing sabên gangsal wêlas dintên kula mawi angaturakên etangipun wêdaling yatra bêrahan.

Mênggah Tuwan Simon wau, punapadene ingkang garwa sakalangkung prayogi panganggêpipun dhumatêng kula, ingkang sarta asring anuwèni dhatêng pagriyan kula ing dhusun Kracikan, têrkadhang nyare sadalu. Kala wulan ingkang sampun kalampahan kula sakit kasrêpên, kajampèkakên dhatêng dhukun Wêlandi, ingkang amaringi isaratipun inggih Tuwan Simon piyambak. Raosing manah kula sakalangkung kathah ênggèn kula kasambutan sae dhatêng saudara sampeyan, tuwin dhatêng ingkang garwa, saking sih gumatos saha saening pangrêngkuhipun dhumatêng kula.

Wusananipun kula anyaosi ingkang dados pamundhut sampeyan tigan pasiran, kathahipun kalih atus iji, akalihan ulam gêrèh kawan dasa iji, sampun sami kula bêktakakên dhatêng Cina pak apyun awasta Babah Ting Ko Wan.

--- 393 ---

Sinêrat ing dhusun Kracikan ing dintên Salasa, tanggal kaping 21 wulas[137] Ruwah taun Jhe angkaning warsa 1766.

__________

205.

Layang sarta pandongaku Mas Ngabèi Nayamênggala mantri kamisêpuh ing kadipatèn, marang ing kowe thole Sugandi ing Kracikan tanah Pakalongan.

Lire layang, aku wis anampani layangmu, kang titimangsan ing Kracikan, ing dina Salasa tanggal ping 21 sasi Ruwah taun Jhe iki, kang sarta wis dak pariksani saijoane layang kabèh, mungguh pakirimmu, rupa êndhog pasiran 200 iji, lan gêrèh 40 iji, kang iku bangêt panarimaku mênya[138] kowe.

Lan maninge, kowe ngaturi uninga mungguhing kaslamêtanamu, lan olèhmu diparingi pagaweyan marang Tuwan Simon. Arumêksa kagungane pakopèn, iya bangêt andadèkake bungahing atiku, lan bungahe ibumu, la[139] sadulurmu lanang wadon kabèh, pandongaku ing Gusti Allah, muga-muga kowe bisaa angladèni karsane Tuwan Simon, lulusa salamêt ing sapandhuwure, dene pituturku mênyang kowe thole, dimantêp lan tumêmên olèhmu anglakoni sabarang kang dadi gawe-gawemu,

--- 394 ---

iya iku lêlabuhan kang minăngka wêwinihing kabêgjan lan andadèkake salamêting awak.

Karo manèh bangêt bungahku, mungguh bêcike pangrêngkuhe Tuwan Simon lan garwane mênyang kowe, kang iku thole, kowe dibisa animbangi ing katrêsnane, ora ana liyane kang dadi pamalêsmu ing sih kajaba mung têmên tabêrimu. Yèn kowe bisa anglêgakake galihe, aja ngitung kangelan sabarang kang dadi wajibmu, amurih bêciking kadadeyane lakonana dhewe, aja amitayakake ing liyane, yèn kowe angèstokake sakèhing pituturku iku mau, amêsthi salamêt ing sapandhuwure.

Wusana aku awèh wêruh mênyang kowe, yèn ing sasi Bêsar ngarêp iki aku bakal angomah-omahake bok ayumu Si Sarijah olèh anake pamanamu Singadikrama, yèn kêna kang sarta parêng karsane Tuwan Simon, kowe dak undang mulih besuk ing sasi Dulkangidah tanggal ping 15. Kang iku thole, kowe pamita mênyang Tuwan Simon enggale olèhmu bakal ana ing kene satêngah sasi, lawase rong puluh wêngi.

Ing saungkure layang iki, aku ibumu apadene sadulur-sadulurmu lanang wadon iya padha ginanjar salamêt.

Tinulis ing Surakarta ing dina Sênèn tanggal ping 12 sasi Pasa taun Jhe angkaning warsa 1766.

__________

--- 395 ---

206.

Atur sêrat kawula Radèn Panji Jayasudirja, èstêr litnan prajurit plangkir kabawah Kangjêng Pangeran Arya Mataram, ingkang sayogi katur panjênênganipun kangjêng tuwan mayor residhèn kêraton dalêm ing Surakarta Adiningrat.

Sasampuning kadya sapunika, wiyosipun kawula akamipurun caos atur, mênawi parêng karsanipun kangjêng tuwan residhèn, kawula nyuwun pêndamêlan, pramila kawula nyuwun pêndamêlan dhumatêng kangjêng tuwan residhèn, sabap kawula sampun mundur anggèn kawula dados èstêr litnan Matawisan, wondene undur kawula wau sangking dene kirangipun ingkang kawula têdha, kawula kaparingan balănja ing sabên wulan 10 rupiyah prentah, batên cêkap kawula têdha saanak rabi kawula, dene ingkang kawula suwun pêndamêlan wau mênawi parêng karsanipun kangjêng tuwan, kawula nyuwun dados litnan, mênawi batên parêng panyuwun kawula dados litnan, kawula nyuwun pêndamêlanipun kangjêng guvrênêmèn, punapa ingkang kaparingakên dhumatêng kawula, kawula inggih anglampahi. Ingkang punika sakêlangkung-langkung ing panyuwun kawula dhumatêng kangjêng tuwan residhèn mayor.

--- 396 ---

Kasêrat ing kampung Urdênasan kaping 28 wulan Ramêlan ing taun Jhe ăngka 1766.

Radèn Panji Jayasudirja.

1766.

__________

207.

Atur kawula abdi dalêm Radèn Răngga Krêtawirya ing Sokawinangun, kalih Radèn Răngga Krêtasari ing Sumêngka, tiga Radèn Răngga Warsakusuma ing Ngamban, sakawan Radèn Ngabèi Jayadipraja ing Sragèn Manggis, saabdi dalêm kaliwon panèwu rêdi, bawah kasêpuhan kaneman tanah ing Sokawatos sadaya, katur ing parentah.

Ingkang kawula aturakên, kawula kaparingan sêrat dhawah ingkang kabêkta ing lampahipun abdi dalêm panèwu jaksa nagari jêksa pradata sakancanipun. Amun[140] têtiyang durjana 13 ingkang ngècu Cintên ing Jagaragi, Babah Tan Tiyau, ingkang punika kawula nuwun sampun abdi dalêm kawula sakănca sami amundhi dhawah dalêm, nyêpêng tiyang 13 wau, ingkang 9 sampun sami kesah saking bale griyanipun, ingkang 4 sampun sami kacêpêng, mênggah namanipun ing tiyang satunggil-tunggilipun utawi dhusunipun konjuk ing ngandhap punika.

--- 397 ---

1. Pun Cayuda tiyang alit ing Têguhan. Kacêpêngipun kala ing dintên Ngahad kaping 28 wulan Sawal taun Jhe punika, ing ngajêng dhèrèk ing Pangabean.

2. Pun Singamênggala ing Têmbara, punika sêpên botên wontên dhusun ing Têmbara, tiyang ingkang wasta pun Singamênggala wau babêkêl ing Gandhil bawah Kambêng, saha pun Singamênggala punika mogok ing dhawahipun prajaka dalêm, katimbalan botên purun badhe anglamêngi dhatêng utusan tiyang alit ing Têmbara, wasta pun Iratruna, ing sapunika inggih sampun kacêpêng pun Singamênggala wau, kala ing dintên Saptu kaping 4 wulan Dulkangidah taun Jhe punika, ing ngajêng tumut abdi dalêm Mas Ngabèi Brajawăngsa, kapaosan dhatêng Tuwan Jamsêkol ing Ngarum.

3. Pun Surasêntona babêkêl ing Sungkul, sampun kacêpêng kala ing dintên Sênèn kaping 6, wulan Dulkaidah taun Jhe punika, ing ngajêng dhèrèk ing Pringgakusuman.

4. Pun Malangjiwa babêl[141] ing Têrik, sampun kacêpêng kala ing dintên Jumungah kaping 10 wulan Dulkaidah taun Jhe punika, ing ngajêng tumut abdi dalêm Mas Ngabèi Brajawăngsa.

5. Pun Wiryasêntona babêkêl ing Jagan. Sampun kesah saanakrayatipun kala ing dintên Saptu kaping 27 wulan Sawal taun Jhe punika, kecahipun[142] botên nan[143] purugipun, ing ngajêng dhèrèk Suryabratan.

6. Pun Prayasêntona tiyang alit ing Jagan. Sampun [Sampu…]

--- 398 ---

[…n] kesah saanakrayatipun, kala ing dintên Sêptu kaping 27 wulan Sawal taun Jhe punika, kesahipun botên katênan[144] purugipun.

7. Pun Kêtadrana ing Jagan. Sampun kesah sarêng kalih pun Prayasêntona, pun Kêtadrana punika dèrèng pêpacak griya, têksih mondhok nunggil sagriya kalih pun Prayasantona, laminipun kalih wulan. Kesahipun botên katênan purugipun.

8. Pun Sayuda babêkêl ing Kathukan. Sampun kesah saanakrayatipun kala ing dintên Sêptu kaping 27 wulan Sawal taun Jhe punika, kesahipun botên katênan purugipun, ing ngajêng tumut abdi dalêm wajidan Mas Duta Pinilih.

9. Pun Săntajaya babêkêl ing Magêru, sampun kesah kala ing dintên Sêptu kaping 27 wulan Sawal taun Jhe punika, kesahipun botên katênan purugipun, ing ngajêng dhèrèk ing Yudawinatan.

10. Pun Jadăngsa ing Têmbara, sampun kesah saanakrayatipun. Kala ing wulan Siyam kaping 22 taun Jhe punika, kesahipun botên katênan purugipun, ing ngajêng dhèrèk ing Pringgakusuman.

11. Pun Nayamênggala ing Têrik. Sampun kesah kala ing wulan Rêjêp taun Jhe punika, pun Nayamênggala wau punika dèrèng pêpacak griya, taksih nunggil sagriya kalih pun [pu…]

--- 399 ---

[…n] Malangjiwa, kesahipun botên katênan purugipun.

12. Pun Mangundikrama, anakipun mantu pun Malangjiwa, sampun kesah kala ing wulan Rêjêp taun Jhe punika, pun Mangundikrama punika dèrèng pêpacak griya, sarêng botên sae kalih ingkang èstri, pun Mangundikrama wau lajêng mantuk dhatêng griyanipun bapakipun tăndhamantri ing Jamus. Kawula sidikakên dhatêng ing Jamus, pun Mangundikrama sampun kesah botên katênan purugipun.

13. Pun Brajatruna babêkêl ing Jatèn, sampun kesah saanakrayatipun kala ing dintên Sêptu kaping 27 wulan Sawal ing taun Jhe punika, kesahipun botên katênan purugipun. Ing ngajêng tumut abdi dalêm Radèn Ngabèi Rajamênggala, kapaosan dhatêng Tuwan Jamsêkol ing Ngarum.

Saha abdi dalêm kawula sakănca sadaya, sami anatabi bale griyanipun tiyang 13 wau punika sêpên. Botên wontên barangipun tiyang Cintên ing Jagaragi, ingkang kasêbut wontên ing cathêtan. Kawula nuwun namung bale griyanipun pun Singamênggala babêkêl ing Gandhil, punika wontên sênjata 1 pêdhang 1 dhuwung 1.

Saha abdi dalêm kawula sakănca sadaya, sami kadhawahan ingandikakakên dugèkakên ngupadosi ing tiyang durjana 9 ingkang sampun sami kesah wau punika, atur kawula [kawu…]

--- 400 ---

[…la] nuwun sêndika, ing samangsanipun kêpanggih kawula cêpêng, kawula aturakên ing parentah babêstan.

Katur ing dintên Ngahad kaping 12 wulan Dulkangidah ing taun Jhe ăngka[145] 1766.

__________

 


wondèntên (dan di tempat lain) (kembali)
wondèntên (dan di tempat lain)
Asli: O+k (kembali)
Asli: O+k
benjing-enjing (kembali)
benjing-enjing
Asli: O+@ (kembali)
Asli: O+@
tanggal (kembali)
tanggal
tanggal (kembali)
tanggal
Jumadilawal (kembali)
Jumadilawal
gêrah (dan di tempat lain) (kembali)
gêrah (dan di tempat lain)
kalilang (kembali)
kalilang
10 boronga (kembali)
boronga
11 intên (kembali)
intên
12 patos (kembali)
patos
13 Kolonèl (dan di tempat lain). (kembali)
Kolonèl (dan di tempat lain).
14 nomêr (dan di tempat lain) (kembali)
nomêr (dan di tempat lain)
15 Kangjêng (dan di tempat lain) (kembali)
Kangjêng (dan di tempat lain)
16 Ridêr (kembali)
Ridêr
17 pakurmatan (kembali)
pakurmatan
18 lêstantun (dan di tempat lain). (kembali)
lêstantun (dan di tempat lain).
19 Dhêkok (kembali)
Dhêkok
20 litnan (kembali)
litnan
21 Litnan (kembali)
Litnan
22 Susuhunan (kembali)
Susuhunan
23 têrèg (kembali)
têrèg
24 suci (kembali)
suci
25 Susuhunan (kembali)
Susuhunan
26 panjênêngan (kembali)
panjênêngan
27 sangking (kembali)
sangking
28 salami-laminipun (kembali)
salami-laminipun
29 Surakarta (kembali)
Surakarta
30 kêraton (dan di tempat lain) (kembali)
kêraton (dan di tempat lain)
31 Ngayogjakarta (kembali)
Ngayogjakarta
32 Adiningrat (kembali)
Adiningrat
33 Sasradirana (kembali)
Sasradirana
34 Residhèn (dan di tempat lain) (kembali)
Residhèn (dan di tempat lain)
35 Kawula (dan di tempat lain) (kembali)
Kawula (dan di tempat lain)
36 kasuwak (kembali)
kasuwak
37 nama (kembali)
nama
38 Litnan (dan di tempat lain) (kembali)
Litnan (dan di tempat lain)
39 Jendral (dan di tempat lain) (kembali)
Jendral (dan di tempat lain)
40 anglêluria (kembali)
anglêluria
41 wus (kembali)
wus
42 têntrêm (kembali)
têntrêm
43 pêrang (kembali)
pêrang
44 guvrênur (kembali)
guvrênur
45 dhumatêng (kembali)
dhumatêng
46 Sinêrat (kembali)
Sinêrat
47 Wêlandi (kembali)
Wêlandi
48 Pakubuwana (dan di tempat lain) (kembali)
Pakubuwana (dan di tempat lain)
49 Komasaris (kembali)
Komasaris
50 kadya (kembali)
kadya
51 Gupêrnur (kembali)
Gupêrnur
52 Kumisaris (kembali)
Kumisaris
53 Ngalaga (kembali)
Ngalaga
54 manawi botên mantuka (kembali)
manawi botên mantuka
55 kula (kembali)
kula
56 sapanjênênganipun (kembali)
sapanjênênganipun
57 anampèni (kembali)
anampèni
58 Panêmbahan (dan di tempat lain). (kembali)
Panêmbahan (dan di tempat lain).
59 dintên (kembali)
dintên
60 Ngabèi (kembali)
Ngabèi
61 parentah (kembali)
parentah
62 ringgit (dan di tempat lain) (kembali)
ringgit (dan di tempat lain)
63 dasa (kembali)
dasa
64 sringgit (kembali)
sringgit
65 tumbas (dan di tempat lain) (kembali)
tumbas (dan di tempat lain)
66 ing (kembali)
ing
67 Jumadilawal (kembali)
Jumadilawal
68 saha ugi (kembali)
saha ugi
69 Gerike (dan di tempat lain) (kembali)
Gerike (dan di tempat lain)
70 angintunakên (kembali)
angintunakên
71 bêlanja (dan di tempat lain) (kembali)
bêlanja (dan di tempat lain)
72 bêlanja (kembali)
bêlanja
73 Tuwan (kembali)
Tuwan
74 anggèn (kembali)
anggèn
75 dintên (kembali)
dintên
76 Asli: O+@+ (kembali)
Asli: O+@+
77 Nopèmbêr (kembali)
Nopèmbêr
78 katimbalan (kembali)
katimbalan
79 kantor (kembali)
kantor
80 têksih (kembali)
têksih
81 Asli: O+@+ (kembali)
Asli: O+@+
82 Panêmbahan (kembali)
Panêmbahan
83 sêntana (dan di tempat lain). (kembali)
sêntana (dan di tempat lain).
84 Agustus (kembali)
Agustus
85 Sèptèmbêr (kembali)
Sèptèmbêr
86 Rabingulakir (kembali)
Rabingulakir
87 jung (kembali)
jung
88 Asli: O+@ (kembali)
Asli: O+@
89 Gerikê (kembali)
Gerikê
90 wingking (kembali)
wingking
91 Tingkir (kembali)
Tingkir
92 dhusun (dan di tempat lain) (kembali)
dhusun (dan di tempat lain)
93 Cathis (kembali)
Cathis
94 lajêng (kembali)
lajêng
95 Sêcamênggala (dan di tempat lain) (kembali)
Sêcamênggala (dan di tempat lain)
96 sapanunggilanipun (kembali)
sapanunggilanipun
97 Asli: O+@ (kembali)
Asli: O+@
98 Asli: O+k (kembali)
Asli: O+k
99 pagêr (kembali)
pagêr
100 bunton (kembali)
bunton
101 bêndho (kembali)
bêndho
102 Wirakêrsa (kembali)
Wirakêrsa
103 ing (kembali)
ing
104 tarima (kembali)
tarima
105 rencangipun (dan di tempat lain) (kembali)
rencangipun (dan di tempat lain)
106 antawis (kembali)
antawis
107 sanginggilipun (kembali)
sanginggilipun
108 kalênggahan (kembali)
kalênggahan
109 lisah (kembali)
lisah
110 Ingkang (kembali)
Ingkang
111 rencang (dan di tempat lain) (kembali)
rencang (dan di tempat lain)
112 punika (dan di tempat lain) (kembali)
punika (dan di tempat lain)
113 nuntên (dan di tempat lain) (kembali)
nuntên (dan di tempat lain)
114 soroh (kembali)
soroh
115 Răngga (kembali)
Răngga
116 satunggil (kembali)
satunggil
117 kanggenan (kembali)
kanggenan
118 ing (kembali)
ing
119 punika (kembali)
punika
120 nyambut (kembali)
nyambut
121 anêbus (kembali)
anêbus
122 Lèpèn (kembali)
Lèpèn
123 anglintoni (kembali)
anglintoni
124 dandosan (kembali)
dandosan
125 simpên (kembali)
simpên
126 panggalihipun (kembali)
panggalihipun
127 pangakênipun (kembali)
pangakênipun
128 sampeyan (kembali)
sampeyan
129 prayoginipun (kembali)
prayoginipun
130 sampeyan (kembali)
sampeyan
131 pamanggih (kembali)
pamanggih
132 gêntangi (kembali)
gêntangi
133 gêdhogan (kembali)
gêdhogan
134 mantuk (kembali)
mantuk
135 têngênipun (kembali)
têngênipun
136 wêlas (kembali)
wêlas
137 wulan (kembali)
wulan
138 mênyang (kembali)
mênyang
139 lan (kembali)
lan
140 Amung (kembali)
Amung
141 babêkêl (kembali)
babêkêl
142 kesahipun (kembali)
kesahipun
143 kantênan (kembali)
kantênan
144 kantênan (dan di tempat lain) (kembali)
kantênan (dan di tempat lain)
145 Asli: O+@ (kembali)
Asli: O+@