Gambar nginggil: Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya pangarsaning komite pêkên dalu mêdhar sabda pambikakan
Gambar têngah para ingkang sami angèstrèni pambikakan pêkên dalu
Jèjèr kalih ing wingking, têngên, Radèn Ngabèi Mr. Prajawitana, kiwa, Radèn Mas Mr. Widada
Gambar ngandhap: sisih kiwa Tuwan Asistèn Residhèn Mr. J. F. A. Van Bruggen, têngah pangarsa komite Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, putri kalih punika putranipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, ingkang têngên, Radèn Ajêng Sri Hartati, kiwa Radèn Ajêng Sri Saraswati
--- 22 ---
Nginggil kiwa gapuraning pêkên dalu iring lèr kasawang saking lèr
Têngên, nginggil piyambak, gapuraning pêkên dalu iring lèr kasawang saking kidul
Ngandhap cakêt, gapura iring kidul kasawang saking kidul
Sanginggilipun ngandhap piyambak sêtanipun nirom ingkang nêdahakên dununging sèndhêr-sèndhêripun
Ngandhapipun malih sarta ngandhap piyambak, sêsawanganing toko-toko
Kiwa: toko-toko ingkang namanipun sampun kacêtha ing gambar
--- 23 ---
Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun, sakalihan pramèswari dalêm, amarêngakên lênggah ing griya up komite
Têngah ing pêkên dalu ugi mitongtonakên jogêd Manipuri, inggih ingkang nama jogèd Indhu, ingkang dipun tindakakên Radèn Ajêng Kustati Sri Hariti,[1] putranipun pangarsaning komite Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya
Ing ngandhap: gapuraning pêkên dalu ingkang iring kilèn, kasawang saking sangajênging surambi Masjid Agêng, kori ruji punika korining gapura masjid
--- 24 ---
Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, sakalihan pramèswari dalêm, saha para pandhèrèk, kaparêng anguningani sêtanipun S.E.M.
Jogèd Jêpang ingkang kapitongtonakên ing pêkên dalu
Sampeyan dalêm ingkang sinuhun, sakalihan pramèswari dalêm, anguningani sêtanipun băngsa Yapan
Têngah, bêksa Bali ingkang kapitongtonakên ing pêkên dalu
Ngandhap: têtingalanipun ing pêkên dalu, ugi mitongtonakên reyog saking Panaraga
--- 26 ---
Pasamuan lègêrdhah ing Surakarta nalika ing dintên Saptu kaping 22 April 1939.
Gambar nginggil kiwa: wujuding prajurit ingkang kaangsahakên ing ayuda, sinarêngan pambalêdhosing bom ingkang angêdalakên kukus ngumêndhêng angèbêki swasana
Ngandhapipun, prajurit ingkang ambêkta dêdamêling ayuda, mriyêm tuwin motor tèng sapanunggilanipun
Nginggil têngên, motor mabur kêkalangan anjagi wilujêngipun wadyabala dharatan
Ngandhapipun, para prajurit sami sêtatsi minăngka pungkasanipun pasamuan
Têngah: pasangipun prajurit golongan abrit anggèning nanggulangi panêmpuhing mêngsah
Têngên: Kangjêng Tuwan Guprênur K. J. A. Orie sakalihan nyonyah
Ngandhap: para luhur, putri-putri tuwin para tamu sanèsipun ingkang sami rawuh mirsani pasamuan lègêrdhah punika
--- 28 ---
Nginggil punika kawontênaning toko-toko ing pêkên dalu, kasawang saking nginggil. Ing pojok kiwa inggih ingkang dados pangarsaning komite wontênipun pêkên dalu, panjênêngan dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya
Ngandhap: tram ing pêkên dalu, ingkang ugi dados panariking para ingkang badhe nyatakakên nyumêrêpi, ing ngandhap punika wujuding tram wau