Ringkasan: Surat dari Adinagara kepada Winter. Adinagara minta tolong agar teman dari anaknya yang dijadikan sebagai pencari/penangkap pencuri (karena dia juga sebagai pencuri), dapat dikeluarkan dari calon tentara dan kembali bersama anaknya lagi.
Ingkang sêrat. Sarta ingkang tabe akathah-kathah, Kangjêng Pangeran Arya Adinagara.
Dhumatênga ingkang saudara, tuwan juru basa Wintêr.
Sasampuning kadya punika wiyosipun. Kula nêdha pitulung pitakèn. Wontên satunggiling tiyang, rencangipun anak kula ing ngajêng sampun angakêni nate lampah jurjana,[1] sagah kula damêl ular-ular ngupadosi tiyang jurjana.
Ing wusana dèrèng antawis punapa, pun tiyang wau kesah, sarêng sakwêtawis dintên botên mantuk. Dipun upadosi pinanggih sampun malêbêt uwang panas. Dipun cukur dados[2] saradhadhu. Ingkang punika saudara, kula nêdha pitulung pratikêl prigêl adhanganing margi, sagêda mêdal sangking lêbêtipun saradhadhu, mantukipun dhatêng anak kula malih kadospundi.
Ingkang mugi saudara amangsulana sêrat dhatêng kula, sangêt-sangêt panêdha kula dhatêng saudara.
Kala sinêrat Jumungah kaping 24 wulan Mulud, ing taun Ehe ăngka 1772.
Ngalamat sêrat kaatur ingkang saudara, Kangjêng Tuwan van Dhêr Ham.
1 | durjana (dan di tempat lain). (kembali) durjana (dan di tempat lain). |
2 | kados. (kembali) kados. |