M. Ng. Suradikrama sudah menerima surat dari R.T. Puspanagara tentang tanah Garesan yang menjadi miliknya. Oleh karena M. Ng. Jagasetra dan Setrawijaya sudah tidak ada, dan kekuasaan sudah diambilalih oleh R.T. Puspanagara, maka hal tersebut supaya diperiksa di desa agar ketahuan siapa yang benar dan siapa yang salah, serta jangan dicampur aduk dengan masalah kembalinya tanah. Setelah ketahuan bahwa saya itu salah atau benar, maka saya akan puas dan akan melaksanakan tugas dengan baik.
Atur kula kalayan tabe saha pakurmatan akathah-kathah, Mas Ngabèi Suradikrama, abdi pinisêpuh ing kadospatèn kaprabon kaprangwadanan. Katur dhumatêng Tuwan Karêl Prèdrik Wintêr, saha juru basa ing kraton dalêm Surakarta Adiningrat.
Sasampuning kadya punika awiyos. Tuwan kula sampun anampèni sêrat, sangking rama ijêngandika Radèn Tumênggung Puspanagara, ingkang katitimangsan dintên Kêmis tanggal ping 10 wulan Sapar taun Dal 1767, suraos akathah-kathah, aprakawis pasitèn sakikil ing Garêsan ingkang wontên ing kula. Ingkang punika sarèhning Mas Ngabèi Jagasêtra, akalihan Sêtrawijaya sampun batên katingal. Sampun dipun sarirani radèn tumênggung piyambak. Kadospundi yèn kula adarbe atur wêwangsulan kathah-kathah, namung mugi kapariksaa ing dhusun kimawon. Dhatêng tiyang prapat mônca gangsalipun, supados wontêna ingkang badhe kadamêl angrampungi, sangking wit prakawis paprangan dhusun. Wontêna ingkang katingal lêpat utawi lêrês. Sampun katunggilakên kalihan pitêpang rukun mantuking siti.
Wondening bab pirukun mantuking siti, yèn sampun wau kapariksa dhusun. Kula kawêstanan lêpat utawi lêrês. Atas kula batên manah pakèwêd punapa-punapa, dhatêng kêrsanipun radèn tumênggung ingkang pantês kula lampahi.
Sinêrat ing dintên Sêtu tanggal ping 13 wulan Sapar taun Dal 1767.