Raden Mas Ariya Sumadiningrat kepada Kyai Lurah, 15 April 1824
JudulRingkasan: Pemberitahuan dari R.M.A. Sumadiningrat kepada kyai lurah, bahwa 1. R. Riya Tirtasari mendapat anugerah berubah bernama R. Riya Tirtadipura, 2. R. Riya Kertasari mendapat anugerah berganti nama R. Riya Kertadipura. Dan minta keterangan tentang kepastian Kyai Lurah sowan ke pagelaran atau tidak.
Kula nuwun kyai lurah: kula ngunjuki wuninga ing panjênêngan sampeyan.
Kula kalih raka jêngandika: kangmas Radèn Mas Ariya Sumadiningrat, badhe dhawahakên timbalan dalêm, dhawah ing panjênêngan sampeyan, wondene ingkang kula dhawahakên, punika pratelanipun.
Radèn Riya Tirtasari: kapatêdhan nama: Radèn Riya Tirtadipura.
Kalih Radèn Riya Kêrtasari: kapatêdhan nama Radèn Riya Kêrtadipura.
Punika kula nuwun dhawah sampeyan, mênggah
sowan sampeyan dhatêng pagêlaran, mênawi batên pinarak pagêlaran kula nuwun dhawah sampeyan, angsal kula dhawahakên.
15 April 1824.